Surah Al-Furqan
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
تَبٰرَكَ الَّذِيْ نَزَّلَ الْفُرْقَانَ عَلٰى عَبْدِهٖ لِيَكُوْنَ لِلْعٰلَمِيْنَ نَذِيْرًا ۙ١
Tabārakal-lażī nazzalal-furqāna ‘alā ‘abdihī liyakūna lil-‘ālamīna nażīrā(n).
[1]
Maha luhur (Suci Allah Pangeran) kang wis nurunake al-Furqan (al-QUran) kang mbedakake antarane barang kang bener lan barang kang keleru, didhawuhake marang kawulane (Muhammad), minangka kanggo pepeling an pengancam marang kabeh alam (jin lan manungsa).
ۨالَّذِيْ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَلَمْ يَتَّخِذْ وَلَدًا وَّلَمْ يَكُنْ لَّهٗ شَرِيْكٌ فِى الْمُلْكِ وَخَلَقَ كُلَّ شَيْءٍ فَقَدَّرَهٗ تَقْدِيْرًا٢
Allażī lahū mulkus-samāwāti wal-arḍi wa lam yattakhiż waladaw wa lam yakul lahū syarīkun fil-mulki wa khalaqa kulla syai'in fa qaddarahū taqdīrā(n).
[2]
Pangeran kang kagungan kratone langit lan bumi, sarta ora peputra, lan ora ana kang ngembari (nyekuthoni) jumeneng ratu, apadene Allah iku kang nitahake kabeh barang kang dumadi, nuli nindakake lelakone kaya papesthen kang wis tinemtokake.
وَاتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اٰلِهَةً لَّا يَخْلُقُوْنَ شَيْـًٔا وَّهُمْ يُخْلَقُوْنَ وَلَا يَمْلِكُوْنَ لِاَنْفُسِهِمْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًا وَّلَا يَمْلِكُوْنَ مَوْتًا وَّلَا حَيٰوةً وَّلَا نُشُوْرًا٣
Wattakhażū min dūnihī ālihatal lā yakhluqūna syai'aw wa hum yukhlaqūna wa lā yamlikūna li'anfusihim ḍarraw wa lā naf‘aw wa lā yamlikūna mautaw wa lā ḥayātaw wa lā nusyūrā(n).
[3]
Lan wong - wong kafir (musyrik) iku padha ngedegake (ngalap) Pangeran akeh liyane Alah, iya iku brahala kang ora bisa gawe apa - apa, malah dadine brahala mau sarana digawe dening manungsa. Lan ora bisa nulak bebaya kang bakal tumiba ing awake, apadene ora bisa aweh manga'at marang awake, lan ora bisa gawe urip lan gawe pati, lan ora bisa nangekake wong saka ing pati.
وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ هٰذَآ اِلَّآ اِفْكُ ِۨافْتَرٰىهُ وَاَعَانَهٗ عَلَيْهِ قَوْمٌ اٰخَرُوْنَۚ فَقَدْ جَاۤءُوْ ظُلْمًا وَّزُوْرًا ۚ٤
Wa qālal-lażīna kafarū in hāżā illā ifkuniftarāhu wa a‘ānahū ‘alaihi qaumun ākharūn(a), fa qad jā'ū ẓulmaw wa zūrā(n).
[4]
Lan wong - wong kafir mau padha celathu, "Qur'an iki ora liya mung gegorohan (pangamandaka). gaweyane (Muhammad) dhewe, sarta dibantu dening wong - wong liyane". (Pangendikane Allah), "Wong - wong kafir kang padha wani celathu mengkono mau, goroh (panganiaya) lan duraka".
وَقَالُوْٓا اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ اكْتَتَبَهَا فَهِيَ تُمْلٰى عَلَيْهِ بُكْرَةً وَّاَصِيْلًا٥
Wa qālū asāṭīrul-awwalīnaktatabahā fa hiya tumlā ‘alaihi bukrataw wa aṣīlā(n).
[5]
Lan wong - wong (kafir) mau padha celathu maneh, "Qur'an iku dedongengan kuna kang goroh. (Muhammad) akon nulisi cerita goroh mau, banjur diwacakake saben esuk lan sore, nganti Muhammad dadi apal".
قُلْ اَنْزَلَهُ الَّذِيْ يَعْلَمُ السِّرَّ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اِنَّهٗ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٦
Qul anzalahul-lażī ya‘lamus-sirra fis-samāwāti wal-arḍ(i), innahū kāna gafūrar raḥīmā(n).
[6]
(Muhammad) sira dhawuha, "Qur'an iku diturunake (didhawuhake) dening Allah kang nguningani barang kang winadi ing langit - langit lan bumi. Satemene Panjenengane Allah iku Maha Pangapura sarta maha asih".
وَقَالُوْا مَالِ هٰذَا الرَّسُوْلِ يَأْكُلُ الطَّعَامَ وَيَمْشِيْ فِى الْاَسْوَاقِۗ لَوْلَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِ مَلَكٌ فَيَكُوْنَ مَعَهٗ نَذِيْرًا ۙ٧
Wa qālū mā lihāżar-rasūli ya'kuluṭ-ṭa‘āma wa yamsyī fil-aswāq(i), lau lā unzila ‘alaihi malakun fa yakūna ma‘ahū nażīrā(n).
[7]
Lan wong - wong (kafir) mau padha ngucap, "Yagene wong kang ngaku utusane Allah iki teka mangan pepanganan lan lunga menyang pasar - pasar perlu angupa jiwa? padha wae karo aku? Yo gene ora dikandhani malaikat, supaya dadi kancane aweh pepeling (pangancam) manungsa sarta nekseni manawa temen dadi utusane Allah'.
اَوْ يُلْقٰىٓ اِلَيْهِ كَنْزٌ اَوْ تَكُوْنُ لَهٗ جَنَّةٌ يَّأْكُلُ مِنْهَاۗ وَقَالَ الظّٰلِمُوْنَ اِنْ تَتَّبِعُوْنَ اِلَّا رَجُلًا مَّسْحُوْرًا٨
Au yulqā ilaihi kanzun au takūnu lahū jannatuy ya'kulu minhā, wa qālaẓ-ẓālimūna in tattabi‘ūna illā rajulam masḥūrā(n).
[8]
Utawa amarga apa ora diparingi gedhong saka ing langit kang isi mas picis raja-brana, utawa sebab apa ora duwe palemahan (pakebonan) kang pemetune nyukupi pipangan (dadi ora susah menyang pasar). Wong - wong kafir padha ngucap marang wong mukmin, "Sira iku ora liya mung manut marang wong kang kena ing sihir".
اُنْظُرْ كَيْفَ ضَرَبُوْا لَكَ الْاَمْثَالَ فَضَلُّوْا فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ سَبِيْلًا ࣖ٩
Unẓur kaifa ḍarabū lakal-amṡāla fa ḍallū falā yastaṭī‘ūna sabīlā(n).
[9]
(Muhammad) mara sira andelenga wong kanfir anggone gawe upama (gegambaran) tumraping sira (ora paitis iya nekad wae). Awit saka iku wong - wong kafir iku padha kesasar, mulane padha ora pikantuk dalan marang keselametan.
تَبٰرَكَ الَّذِيْٓ اِنْ شَاۤءَ جَعَلَ لَكَ خَيْرًا مِّنْ ذٰلِكَ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۙ وَيَجْعَلْ لَّكَ قُصُوْرًا١٠
Tabārakal-lażī in syā'a ja‘ala laka khairam min żālika jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), wa yaj‘al laka quṣūrā(n).
[10]
Maha Luhur Pangeran kang menawa ana kepareng kersane andamel kanggo sira (Muhammad) kang luwih becik tinimbang kang diucapake dening wong kafir mau gedong isi mas picis raja-brana, palemahan kang pemetune nyukupi. Allah bakal maringi suwarga marang sira, kang ana bengawane mili ana sangisore wit - witan, sarta bakal maringi gedhong lan panggung pirang - pirang marang sira ana ing suwarga.
بَلْ كَذَّبُوْا بِالسَّاعَةِۙ وَاَعْتَدْنَا لِمَنْ كَذَّبَ بِالسَّاعَةِ سَعِيْرًا١١
Bal każżabū bis-sā‘ah(ti), wa a‘tadnā liman każżaba bis-sā‘ati sa‘īrā(n).
[11]
Wong - wong kafir mau malah padha maido bakal anane dina Qiyamat. Ingsun ngancam siksa neraka sa'ir marang wong kang or apercaya bakal anane dina Qiyamat.
اِذَا رَاَتْهُمْ مِّنْ مَّكَانٍۢ بَعِيْدٍ سَمِعُوْا لَهَا تَغَيُّظًا وَّزَفِيْرًا١٢
Iżā ra'athum mim makānim ba‘īdin sami‘ū lahā tagayyuẓaw wa zafīrā(n).
[12]
Menawa (Malaikat Zabaniyah) penjaga neraka iku sumurup wong - wong mau saka kadoha, wong - wong mau padha krungu gembrubug suwarane lan jeritan.
وَاِذَآ اُلْقُوْا مِنْهَا مَكَانًا ضَيِّقًا مُّقَرَّنِيْنَ دَعَوْا هُنَالِكَ ثُبُوْرًا ۗ١٣
Wa iżā ulqū minhā makānan ḍayyiqam muqarranīna da‘au hunālika ṡubūrā(n).
[13]
Lan nalikane wong - wong mau dicemplungake ing panggona kang ciyut ing neraka sarta padha dibelenggu lan dirante tangane lan gulune, ana ing kono padha sesambat, "Adhuh cilaka".
لَا تَدْعُوا الْيَوْمَ ثُبُوْرًا وَّاحِدًا وَّادْعُوْا ثُبُوْرًا كَثِيْرًا١٤
Lā tad‘ul-yauma ṡubūraw wāḥidaw wad‘ū ṡubūran kaṡīrā(n).
[14]
(Ing kono banjur ana malaikat kang mangsuli), "Ing dina iki kowe padha tumiba ing cilaka kang ora mung siji bae, cilakamu akeh lan tumpa - tumpa".
قُلْ اَذٰلِكَ خَيْرٌ اَمْ جَنَّةُ الْخُلْدِ الَّتِيْ وُعِدَ الْمُتَّقُوْنَۗ كَانَتْ لَهُمْ جَزَاۤءً وَّمَصِيْرًا١٥
Qul ażālika khairun am jannatul-khuldil-latī wu‘idal-muttaqūn(a), kānat lahum jazā'aw wa maṣīrā(n).
[15]
(Muhammad) sira dhawuha, "Apa neraka kang kaya mengkono iku luwih becik, apa luwih becik suwarga kang langgeng, kang dianggo ngebang - ngebang wong kang padha taqwa marang Allah? Allah wis nguningani menawa suwarga iku dadi ganjarane lan panggonane wong kang padha bekti ing Allah".
لَهُمْ فِيْهَا مَا يَشَاۤءُوْنَ خٰلِدِيْنَۗ كَانَ عَلٰى رَبِّكَ وَعْدًا مَّسْـُٔوْلًا١٦
Lahum fīhā mā yasyā'ūna khālidīn(a), kāna ‘alā rabbika wa‘dam mas'ūlā(n).
[16]
Para wong mukmin ana ing suwarga bakal katurutan apa kang dikarepake, sarta padha langgeng ana ing kono. Dene pangebang - ebange (janji) kang mengkono mau, mesthi dituhoni dening Allah, apadene tansah disuwun dening para wong mukmin.
وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ وَمَا يَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ فَيَقُوْلُ ءَاَنْتُمْ اَضْلَلْتُمْ عِبَادِيْ هٰٓؤُلَاۤءِ اَمْ هُمْ ضَلُّوا السَّبِيْلَ ۗ١٧
Wa yauma yaḥsyuruhum wa mā ya‘budūna min dūnillāhi fa yaqūlu a'antum aḍlaltum ‘ibādī hā'ulā'i am hum ḍallus-sabīl(a).
[17]
(Muhammad) sira nyritakna bab dina Qiyamat, nalikane Allah angempalake para wong kafir dalah barang - barang kang disembah dening wong - wong kafir mau (yaiku brahala). Allah banur andangu, "He brahala, apa sira kang nasarake kawulaningsun samono iku, utawa apa kawulaningsun padha nasar saka dalan kang bener?"
قَالُوْا سُبْحٰنَكَ مَا كَانَ يَنْۢبَغِيْ لَنَآ اَنْ نَّتَّخِذَ مِنْ دُوْنِكَ مِنْ اَوْلِيَاۤءَ وَلٰكِنْ مَّتَّعْتَهُمْ وَاٰبَاۤءَهُمْ حَتّٰى نَسُوا الذِّكْرَۚ وَكَانُوْا قَوْمًاۢ بُوْرًا١٨
Qālū subḥānaka mā kāna yambagī lanā an nattakhiża min dūnika min auliyā'a wa lākim matta‘tahum wa ābā'ahum ḥattā nasuż-żikr(a), wa kānū qaumam būrā(n).
[18]
Brahala - brahala banjur padha munjuk ing ALlah, "Maha suci Paduka, kawula boten pisan - pisan mangeran dhateng sanesipun panjenengan (kados pundi menawi kawula kamipuruna ngaken tiyang manembah dhumateng kawula)", nanging tiyang - tiyang kafir punika dalah para leluhuripun sami mboten perduli ngengeti anggenipun dados kawula Panjenengan, kalimput dening peparing Panjenengan kebingahan dhumateng pun kafir wau. Mila sapunika sami dados tiyang ingkang cilaka sanget.
فَقَدْ كَذَّبُوْكُمْ بِمَا تَقُوْلُوْنَۙ فَمَا تَسْتَطِيْعُوْنَ صَرْفًا وَّلَا نَصْرًاۚ وَمَنْ يَّظْلِمْ مِّنْكُمْ نُذِقْهُ عَذَابًا كَبِيْرًا١٩
Faqad każżabūkum bimā taqūlūn(a), famā tastaṭī‘ūna ṣarfaw wa lā naṣrā(n), wa may yaẓlim minkum nużiqhu ‘ażāban kabīrā(n).
[19]
Pangandikane Allah, "Brahala kang sira sembah iku padha ngelaki (ora ngakoni) aturira (ora rumangsa ngaku Pangeran), dadi ora bisa murungake siksa lan ora bisa nulungi marang sira". Dene kabeh, kang mangro tingal (nganiaya), mesthi Ingsun weruhake rasane siksa kang abot ana ing akherat.
وَمَآ اَرْسَلْنَا قَبْلَكَ مِنَ الْمُرْسَلِيْنَ اِلَّآ اِنَّهُمْ لَيَأْكُلُوْنَ الطَّعَامَ وَيَمْشُوْنَ فِى الْاَسْوَاقِۗ وَجَعَلْنَا بَعْضَكُمْ لِبَعْضٍ فِتْنَةً ۗ اَتَصْبِرُوْنَۚ وَكَانَ رَبُّكَ بَصِيْرًا ࣖ ۔٢٠
Wa mā arsalnā qablaka minal-mursalīna illā innahum laya'kulūnaṭ-ṭa‘āma wa yamsyūna fil aswāq(i), wa ja‘alnā ba‘ḍakum liba‘ḍin fitnah(tan), ataṣbirūn(a), wa kāna rabbuka baṣīrā(n).
[20]
Para Rasul ing jaman kuna sadurungira, kang padha Ingsun utus, kabeh mesthi padha mangan pepanganan sarta padha lumaku ana ing pasar - pasar. Dene sira iku siji - sijining wong padha Ingsun anggo nyoba marang liyane (kabegjane siji - sijining wong, nukulake kameren marang liyane). He Manungsa, apa sira padha teguh sabar nerima? Lan Pangeranmu anggatekake sakabehe.
۞ وَقَالَ الَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ لِقَاۤءَنَا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْنَا الْمَلٰۤىِٕكَةُ اَوْ نَرٰى رَبَّنَا ۗ لَقَدِ اسْتَكْبَرُوْا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ وَعَتَوْ عُتُوًّا كَبِيْرًا٢١
Wa qālal-lażīna lā yarjūna liqā'anā lau lā unzila ‘alainal-malā'ikata au narā rabbanā, laqadistakbarū fī anfusihim wa ‘atau ‘utuwwan kabīrā(n).
[21]
Lan wong - wong kang ora duwe pangarep - arep bakal sowan ing ngarsaningsun kanthi nggawa kebegjan (yaiku para wong kafir) padha celathu mengkene, "Ya gene aku ora dituruni utusan malaikat utawa diparingi weruh dzat Pangeranku klawan kasat-mata? (kang paring sumurup yen Muhammad iku utusane Allah temenan, dadi aku banjur percaya)". Wong - wong kafir mau padha gumedhe, ngluhur - luhurake awake dhewe lan padha kebangeten anggone nasar.
يَوْمَ يَرَوْنَ الْمَلٰۤىِٕكَةَ لَا بُشْرٰى يَوْمَىِٕذٍ لِّلْمُجْرِمِيْنَ وَيَقُوْلُوْنَ حِجْرًا مَّحْجُوْرًا٢٢
Yauma yaraunal-malā'ikata lā busyrā yauma'iżil lil-mujrimīna wa yaqūlūna ḥijram maḥjūrā(n).
[22]
(Muhammad) sira nyritakna bab dina Qiyamat, yaiku nalika wong - wong padha ndeleng malaikat padha nguwuh - uwuh, "Ing dina iki wong kafir lan wong duraka ora pisan - pisan duwe kebungahan. Malaikat mau nguwuh - uwuh maneh: Kabungahan iu ora diparingake marang wong kafir".
وَقَدِمْنَآ اِلٰى مَا عَمِلُوْا مِنْ عَمَلٍ فَجَعَلْنٰهُ هَبَاۤءً مَّنْثُوْرًا٢٣
Wa qadimnā ilā mā ‘amilū min ‘amalin fa ja‘alnāhu habā'am manṡūrā(n).
[23]
Keparenging kersaningsun, kabecikan kang wis ditindakake dening para wong kafir nalika ana ing donya, iku Ingsun dadekake endhog amun - amun kang mabul - mabul. Ora pisan - pisan migunani.
اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ يَوْمَىِٕذٍ خَيْرٌ مُّسْتَقَرًّا وَّاَحْسَنُ مَقِيْلًا٢٤
Aṣḥābul-jannati yauma'iżin khairum mustaqarraw wa aḥsanu maqīlā(n).
[24]
Ing dina QIyaat iu panggonan peleranan wong ing suwarga luwih dening becik, ngungkuli panggonane wong - wong kafir nalika ana ing donya.
وَيَوْمَ تَشَقَّقُ السَّمَاۤءُ بِالْغَمَامِ وَنُزِّلَ الْمَلٰۤىِٕكَةُ تَنْزِيْلًا٢٥
Wa yauma tasyaqqaqus-samā'u bil-gamāmi wa nuzzilal-malā'ikatu tanzīlā(n).
[25]
(Muhammad) sira nyritakna kahanane dina Qiyamat, nalikane langit pitu padha sigar dening mega kang ana ing sadhuwuring langit pitu, sarta para malaikat padha diturunake marang bumi.
اَلْمُلْكُ يَوْمَىِٕذِ ِۨالْحَقُّ لِلرَّحْمٰنِۗ وَكَانَ يَوْمًا عَلَى الْكٰفِرِيْنَ عَسِيْرًا٢٦
Al-mulku yauma'iżinil-ḥaqqu lir-raḥmān(i), wa kāna yauman ‘alal-kāfirīna ‘asīrā(n).
[26]
Ing dina Qiyamat iku kraton kang sejati tetela kagungane Allah kang Maha Murah (ora ana kang jejeri lan madhani jumeneng raja). Ing dina iku kabeh wong kafir padha sarwa rekasa.
وَيَوْمَ يَعَضُّ الظَّالِمُ عَلٰى يَدَيْهِ يَقُوْلُ يٰلَيْتَنِى اتَّخَذْتُ مَعَ الرَّسُوْلِ سَبِيْلًا٢٧
Wa yauma ya‘aḍḍuẓ-ẓālimu ‘alā yadaihi yaqūlu yā laitanittakhażtu ma‘ar-rasūli sabīlā(n).
[27]
Ing dina Qiyamt wong - wong kang nganiaya (musyrik) padha nyokoti rangane dhewe, saking banget getune, sarta padha ngucap, "Bok iya aku dhek ana ing donya biyen dhewek ing Rasulullah, nindakake dalan kang bener (yaiku agama Islam)".
يٰوَيْلَتٰى لَيْتَنِيْ لَمْ اَتَّخِذْ فُلَانًا خَلِيْلًا٢٨
Yā wailatā laitanī lam attakhiż fulānan khalīlā(n).
[28]
Adhuh cilaka temen aku, mbok iya biyen nalika aku ana ing donya ora memitran karo si Fulan lan Fulan.
لَقَدْ اَضَلَّنِيْ عَنِ الذِّكْرِ بَعْدَ اِذْ جَاۤءَنِيْۗ وَكَانَ الشَّيْطٰنُ لِلْاِنْسَانِ خَذُوْلًا٢٩
Laqad aḍallanī ‘aniż-żikri ba‘da iż jā'anī, wa kānasy-syaiṭānu lil-insāni khażūlā(n).
[29]
Mitraku si Fulan mau tetela nasarake marang aku. Aku wis didhawuhi surasane al-Qur'an dening Rasulullah, wusanane dibujuk diajak nyimpang saka dhawuhing al-Qur'an. (Pangandikane Allah), "Syetan (mitra kang knyasarake) iku banget anggone kipa - kipa (ora gelem nulung) lan nyelaki marang wong kafir kang disasarake".
وَقَالَ الرَّسُوْلُ يٰرَبِّ اِنَّ قَوْمِى اتَّخَذُوْا هٰذَا الْقُرْاٰنَ مَهْجُوْرًا٣٠
Wa qālar-rasūlu yā rabbi inna qaumittakhażū hāżal-qur'āna mahjūrā(n).
[30]
(Muhammad Rasulullah) munjuk, "Dhuh Pangeran kawula. Ummat kawula (tiyang turun Quraisy) sami nampik al-Qur'an punika". (boten dipun imanaken tuwin boten dipun amalaken).
وَكَذٰلِكَ جَعَلْنَا لِكُلِّ نَبِيٍّ عَدُوًّا مِّنَ الْمُجْرِمِيْنَۗ وَكَفٰى بِرَبِّكَ هَادِيًا وَّنَصِيْرًا٣١
Wa każālika ja‘alnā likulli nabiyyin ‘aduwwam minal-mujrimīn(a), wa kafā birabbika hādiyaw wa naṣīrā(n).
[31]
Mengkono uga para Nabi ing jaman biyen iya padha Ingsun anani mungsuh (satru) wong musyrik, ora beda sira (Muhammad) mulane diteteg atinira. Cukup sira percaya ing Pangeranira bakal paring pitedah lan paring pitulung marang sira.
وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْلَا نُزِّلَ عَلَيْهِ الْقُرْاٰنُ جُمْلَةً وَّاحِدَةً ۛ كَذٰلِكَ ۛ لِنُثَبِّتَ بِهٖ فُؤَادَكَ وَرَتَّلْنٰهُ تَرْتِيْلًا٣٢
Wa qālal-lażīna kafarū lau lā nuzzila ‘alaihil-qur'ānu jumlataw wāḥidatan - każālika - linuṡabbita bihī fu'ādaka wa rattalnāhu tartīlā(n).
[32]
Wong - wong kafir padha ngucap mengkene, "Ya gene al-Quran iku anggone diparingake marang (Muhammad) ora babar pisan (wujud buku wutuh), ora kaya kitab Taurat lan Injil?". Pangandikane Allah, "Wis mengkono kersaningsun, al-Qur'an iku Ingsun turunake saka sethithik sarta sranti, supaya atinira tetep lan mantep, lan gampang anggonira ngeling - ngeling lan ngapalake".
وَلَا يَأْتُوْنَكَ بِمَثَلٍ اِلَّا جِئْنٰكَ بِالْحَقِّ وَاَحْسَنَ تَفْسِيْرًا ۗ٣٣
Wa lā ya'tūnaka bimaṡalin illā ji'nāka bil-ḥaqqi wa aḥsana tafsīrā(n).
[33]
Lan wong - wong kafir mau ora pisan - pisan sowan marang sira (Muhammad) anggawa alesan (kanggo mbatalake kenabiyanira) kajaba Ingsun mesthi maringi wewaton marang sira kang luwih becik lan bener, kanggo ngalahake alesane wong kafir mau.
اَلَّذِيْنَ يُحْشَرُوْنَ عَلٰى وُجُوْهِهِمْ اِلٰى جَهَنَّمَۙ اُولٰۤىِٕكَ شَرٌّ مَّكَانًا وَّاَضَلُّ سَبِيْلًا ࣖ٣٤
Allażīna yuḥsyarūna ‘alā wujūhihim ilā jahannam(a), ulā'ika syarrum makānaw wa aḍallu sabīlā(n).
[34]
Kang ing besuk ana ing kaherat padha dijungkirake lan dilarak, radhine ngambah lemah, sabanjure dicemplungake ing neraka Jahannam. Wong kafir mau panggonane ala banget lan kesasar saka dalan kang bener.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ وَجَعَلْنَا مَعَهٗٓ اَخَاهُ هٰرُوْنَ وَزِيْرًا ۚ٣٥
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba wa ja‘alnā ma‘ahū akhāhu hārūna wazīrā(n).
[35]
Lan temen Ingsun wis maringi kitab (Taurat) marang Musa lan Harun sadulure, Ingsun dadekake pembantu bebarengan karo dheweke.
فَقُلْنَا اذْهَبَآ اِلَى الْقَوْمِ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۗ فَدَمَّرْنٰهُمْ تَدْمِيْرًا ۗ٣٦
Fa qulnażhabā ilal-qaumil-lażīna każżabū bi'āyātinā, fa dammarnāhum tadmīrā(n).
[36]
Dhawuh Ingsun (Marang Musa lan Harun), "Sira padha mangkata marang (tanah Qibthi) panggonane wong kang padha maido ayatingsun", (musa lan Harun padha ngestokake dhawuh, naning Fir'aun sabalane padha maido) mulane padha Ingsun sirnakake kabeh.
وَقَوْمَ نُوْحٍ لَّمَّا كَذَّبُوا الرُّسُلَ اَغْرَقْنٰهُمْ وَجَعَلْنٰهُمْ لِلنَّاسِ اٰيَةًۗ وَاَعْتَدْنَا لِلظّٰلِمِيْنَ عَذَابًا اَلِيْمًا ۚ٣٧
Wa qauma nūḥil lammā każżabur-rusula agraqnāhum wa ja‘alnāhum lin-nāsi āyah(tan), wa a‘tadnā liẓ-ẓālimīna ‘ażāban alīmā(n).
[37]
Lan sira nyritakna sejaraha para Ummate Nuh bareng wis tita lan cetha padha maido marang Rasul, banjur Ingsung sirnakake sarana Ingsun kelem> Para Ummate Nuh mau Ingsun dadekake bukti, kanggo lupiya marang para manungsa. Para Ummate Nuh padha duraka (nganiaya) mau padha Ingsun sedhiyani siksa kang nglarani.
وَعَادًا وَّثَمُوْدَا۟ وَاَصْحٰبَ الرَّسِّ وَقُرُوْنًاۢ بَيْنَ ذٰلِكَ كَثِيْرًا٣٨
Wa ‘ādaw wa ṡamūda wa aṣḥābar-rassi wa qurūnam baina żālika kaṡīrā(n).
[38]
Mengkono uga wong (Kaum) 'Aad lan Tsamud, apa dene As-habur-Rass, (tegese kaum kang duwe sumur) sarta wong akeh maneh antarane wong Tsamud lan ash-habur-rass iku uga padha Ingsun rusak.
وَكُلًّا ضَرَبْنَا لَهُ الْاَمْثَالَۖ وَكُلًّا تَبَّرْنَا تَتْبِيْرًا٣٩
Wa kullan ḍarabnā lahul-amṡāl(a), wa kullan tabbarnā tatbīrā(n).
[39]
Kabeh mau padha INgsun dadekake sarana gelari upama lupiya para wong kuna kang elok - elok. bareng wis tita padha wangkot. kabeh mau padha Ingsun rusak.
وَلَقَدْ اَتَوْا عَلَى الْقَرْيَةِ الَّتِيْٓ اُمْطِرَتْ مَطَرَ السَّوْءِۗ اَفَلَمْ يَكُوْنُوْا يَرَوْنَهَاۚ بَلْ كَانُوْا لَا يَرْجُوْنَ نُشُوْرًا٤٠
Wa laqad atau ‘alal-qaryatil-latī umṭirat maṭaras-sau'(i), afalam yakūnū yaraunahā, bal kānū lā yarjūna nusyūrā(n).
[40]
Wong - wong (kafir) wis akeh kang tekan ing negarane wong Tsamud, sarta wis padha nyumurupi patilasan para umate Luth biyen kang dirusak sarana diudani watu (sarta diawlik bumine). apa wong - wong mau (nalikane lumaku marang ing Syam) padha ora andeleng patilasane ? Naning sarehning padha kafir, ora wedi dina Qiyamat.
وَاِذَا رَاَوْكَ اِنْ يَّتَّخِذُوْنَكَ اِلَّا هُزُوًاۗ اَهٰذَا الَّذِيْ بَعَثَ اللّٰهُ رَسُوْلًا٤١
Wa iżā ra'auka iy yattakhiżūnaka illā huzuwā(n), ahāżal-lażī ba‘aṡallāhu rasūlā(n).
[41]
Wong - wong kafir mau menawa andeleng sira, ora liya mung padha anggeguyu kanthi pangucape, "Apa iki wong kang dipuji dening Allah dadi utusane?"
اِنْ كَادَ لَيُضِلُّنَا عَنْ اٰلِهَتِنَا لَوْلَآ اَنْ صَبَرْنَا عَلَيْهَاۗ وَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ حِيْنَ يَرَوْنَ الْعَذَابَ مَنْ اَضَلُّ سَبِيْلًا٤٢
In kāda layuḍillunā ‘an ālihatinā lau lā an ṣabarnā ‘alaihā, wa saufa ya‘lamūna ḥīna yaraunal-‘ażāba man aḍallu sabīlā(n).
[42]
"Meh bae aku kabeh kena disasarake (dening Muhammad), dikon mareni anggon kita manembah Pangeran brahala. Ajaha teguh - teguh ati kita sida kelulan katut". (pangandikane Allah), "Ing besuk yen wis padha andeleng siksa neraka, wong kafir iku lagi padha weruh sapa kang kesasar saka ing dalan marang keslametan".
اَرَءَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ اِلٰهَهٗ هَوٰىهُۗ اَفَاَنْتَ تَكُوْنُ عَلَيْهِ وَكِيْلًا ۙ٤٣
Ara'aita manittakhaża ilāhahū hawāh(u), afa anta takūnu ‘alaihi wakīlā(n).
[43]
(Muhammad) apa sira sumurup (kepriye panemunira) mungguh wong kang mangeran marang hawa nafsune (kekarepane dhewe)? Apa sira bisa rumeksa marang wong - wong mau, murih aja nganti kebanjur - banjur anggone mangeran marang hawa nafsune (Kekarepane) dhewe ? (mesthi ora bisa)
اَمْ تَحْسَبُ اَنَّ اَكْثَرَهُمْ يَسْمَعُوْنَ اَوْ يَعْقِلُوْنَۗ اِنْ هُمْ اِلَّا كَالْاَنْعَامِ بَلْ هُمْ اَضَلُّ سَبِيْلًا ࣖ٤٤
Am taḥsabu anna akṡarahum yasma‘ūna au ya‘qilūn(a), in hum illā kal-an‘āmi bal hum aḍallu sabīlā(n).
[44]
Lan apa sira gira yen won gmau akeh kang ngrungokake pituturira klawan mangerti utawa gelem mikir - mikir? (Tangeh yen mengkonoa). Wong mau ora liwat mung kaya raja-kaya, malah luwih dening nasar saka dalan marang keslametane.
اَلَمْ تَرَ اِلٰى رَبِّكَ كَيْفَ مَدَّ الظِّلَّۚ وَلَوْ شَاۤءَ لَجَعَلَهٗ سَاكِنًاۚ ثُمَّ جَعَلْنَا الشَّمْسَ عَلَيْهِ دَلِيْلًا ۙ٤٥
Alam tara ilā rabbika kaifa maddaẓ-ẓill(a), wa lau syā'a laja‘alahū sākinā(n), ṡumma ja‘alnasy-syamsa ‘alaihi dalīlā(n).
[45]
Apa sira ora sumerep (ndeleng) pendamelane Allah Pangeranira, anggone anggelar ayang - ayangan (eyub warata salumahing bumi, ing wayah bangun esuk nganti tekan mletheking srengenge). Lan upama kersane Pangeranira, eyub - eyub mau dilestarekake, mesthi kelakon). Pangandikane Allah, "Soroting srengenge Ingsun anggo paring pituduh kang mbedakake eyub lan panas".
ثُمَّ قَبَضْنٰهُ اِلَيْنَا قَبْضًا يَّسِيْرًا٤٦
Ṡumma qabaḍnā ilainā qabḍay yasīrā(n).
[46]
Ayang - ayangan mau nuli Ingsun pundut saka sethithik (sarana soroting srengenge).
وَهُوَ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الَّيْلَ لِبَاسًا وَّالنَّوْمَ سُبَاتًا وَّجَعَلَ النَّهَارَ نُشُوْرًا٤٧
Wa huwal-lażī ja‘ala lakumul-laila libāsaw wan-nauma subātaw wa ja‘alan-nahāra nusyūrā(n).
[47]
Panjenengane Allah iku nitahake wengi mugunani marang sira, akanggo aling - aling, dadi memper sandhangan, sarta nganakake turu kang ngepenakake awak, apadene nganakake awan, kanggo gumelare wong ngupa jiwa.
وَهُوَ الَّذِيْٓ اَرْسَلَ الرِّيَاحَ بُشْرًاۢ بَيْنَ يَدَيْ رَحْمَتِهٖۚ وَاَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً طَهُوْرًا ۙ٤٨
Wa huwal-lażī arsalar-riyāḥa busyram baina yadai raḥmatih(ī), wa anzalnā minas-samā'i mā'an ṭahūrā(n).
[48]
Panjenengane Allah iku kang ngutus (ngiditake) angin minangka bebungah marang para manungsa, dadi cecala tumurune rahmate Allah kang arupa banyu udan. (Pangandikane Allah), "Ingsung nurunake banyu udan saka ing langit kena digawe sesuci".
لِّنُحْيِ َۧ بِهٖ بَلْدَةً مَّيْتًا وَّنُسْقِيَهٗ مِمَّا خَلَقْنَآ اَنْعَامًا وَّاَنَاسِيَّ كَثِيْرًا٤٩
Linuḥyiya bihī baldatam maitaw wa nusqiyahū mimmā khalaqnā an‘āmaw wa anāsiyya kaṡīrā(n).
[49]
Banyu udan mau Ingsun anggo nguripake palemahan kang bera (mati), lan Ingsun anggo ngombeni titah Ingsun raja-kaya apa dene manungsa akeh.
وَلَقَدْ صَرَّفْنٰهُ بَيْنَهُمْ لِيَذَّكَّرُوْاۖ فَاَبٰىٓ اَكْثَرُ النَّاسِ اِلَّا كُفُوْرًا٥٠
Wa laqad ṣarrafnāhu bainahum liyażżakkarū, fa abā akṡarun-nāsi illā kufūrā(n).
[50]
Banyu udan mau Ingsun siramake ing palemahan pirang - pirang, supaya manungsa padha ngrasak - ngrasakake, sabanjure padha weruha benere wong kang diparingi kebungahan dening Allah, ewadene akeh bae manungsa kang padha wangkot, ora gelem ngrasak - ngrasake peparinge Allah kabungahan dening Allah, ewadene akeh bae manungsa kang padha wangkot, ora gelem ngarasak - ngrasakake peparinge Allah kabungahan mau digawe ilang.
وَلَوْ شِئْنَا لَبَعَثْنَا فِيْ كُلِّ قَرْيَةٍ نَّذِيْرًا ۖ٥١
Wa lau syi'nā laba‘aṡnā fī kulli qaryatin nażīrā(n).
[51]
Upama ana keparinging kersaningsun, temen Ingsun Utusan (juru pepeling) marang saben - saben negara.
فَلَا تُطِعِ الْكٰفِرِيْنَ وَجَاهِدْهُمْ بِهٖ جِهَادًا كَبِيْرًا٥٢
Falā tuṭi‘il-kāfirīna wa jāhidhum bihī jihādan kabīrā(n).
[52]
Mulane sira aja pisan - pisan manut marang wong - wong kafir, malah wong kafir iku sira padonana klawan padudon kang pratitis, miturut surasaning al-Quran.
۞ وَهُوَ الَّذِيْ مَرَجَ الْبَحْرَيْنِ هٰذَا عَذْبٌ فُرَاتٌ وَّهٰذَا مِلْحٌ اُجَاجٌۚ وَجَعَلَ بَيْنَهُمَا بَرْزَخًا وَّحِجْرًا مَّحْجُوْرًا٥٣
Wa huwal-lażī marajal-baḥraini hāżā ‘ażbun furātuw wa hāżā milḥun ujāj(un), wa ja‘ala bainahumā barzakhaw wa ḥijram maḥjūrā(n).
[53]
Iya panjenengane Allah iku kang (ngemorake segara loro sisihan, banyu tawa kang) nyegeri, lan banyu asin kang letih, sarta andokoki aling - aling antarane banyu segara loro mau kanthi kuwasane Allah. Dadi banyu tawa lan banyu asin mau ora bisa carub.
وَهُوَ الَّذِيْ خَلَقَ مِنَ الْمَاۤءِ بَشَرًا فَجَعَلَهٗ نَسَبًا وَّصِهْرًاۗ وَكَانَ رَبُّكَ قَدِيْرًا٥٤
Wa huwal-lażī khalaqa minal-mā'i basyaran fa ja‘alahū nasabaw wa ṣihrā(n), wa kāna rabbuka qadīrā(n).
[54]
Lan iya Panjenengan Allah iku kang gawe manungsa saka banyu (mani). Muulane manungsa mau dititahake duwe sanak lan duwe maratuwa. Panjenengane Allah iku Kuwasa, samu barang kang dikersakake mesthi dadi.
وَيَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَنْفَعُهُمْ وَلَا يَضُرُّهُمْۗ وَكَانَ الْكَافِرُ عَلٰى رَبِّهٖ ظَهِيْرًا٥٥
Wa ya‘budūna min dūnillāhi mā lā yanfa‘uhum wa lā yaḍurruhum, wa kānal-kāfiru ‘alā rabbihī ẓahīrā(n).
[55]
Lan wong - wong kafir padha manembah liyane Allah. Iya brahala kang menawa disembah ora bisa aweh piguna (mikolehi), utawa menawa ora disembah ora bisa mlarati, Wong kafir iku dadi kancane syetan anggone duraka.
وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا مُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًا٥٦
Wa mā arsalnāka illā mubasysyiraw wa nażīrā(n).
[56]
Lan Ingsun ora ngutus sira (Muhammad) kajaba supaya ambebungah lan aweh pepeling, aweh bebungah marang wong kang ngestokake prentah pikatuk ganjaran suwarga, sarta midana wong kafir bakal nandhang siksa ana ing neraka.
قُلْ مَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍ اِلَّا مَنْ شَاۤءَ اَنْ يَّتَّخِذَ اِلٰى رَبِّهٖ سَبِيْلًا٥٧
Qul mā as'alukum ‘alaihi min ajrin illā man syā'a ay yattakhiża ilā rabbihī sabīlā(n).
[57]
(Muhammad), sira dhawuha, "He wong kafir, anggoningsun ngundangake dhawuhe Allah iki, Ingsun ora anjaluk pituwas apa - apa. ewadene sing sapa kudu gawe dalan murih keparening Pangerane, sarana anggunakake bandha saka karepe dhewe, iya ora ana pekewuhe".
وَتَوَكَّلْ عَلَى الْحَيِّ الَّذِيْ لَا يَمُوْتُ وَسَبِّحْ بِحَمْدِهٖۗ وَكَفٰى بِهٖ بِذُنُوْبِ عِبَادِهٖ خَبِيْرًا ۚ٥٨
Wa tawakkal ‘alal-ḥayyil-lażī lā yamūtu wa sabbiḥ biḥamdih(ī), wa kafā bihī biżunūbi ‘ibādihī khabīrā(n).
[58]
(Muhammad) sira pasraha marang Allah kang kagungan sifat Sugeng ora kena seda, lan nyebuta Maha Suci marang ALlah, apadene memujiya mangalembana marang Panjenengane. Dene peprkara wangkote wong - wong kafir, wis cukup Allah piyambak anggone Waspada marang dosane para kawulane.
اَلَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِۚ اَلرَّحْمٰنُ فَسْـَٔلْ بِهٖ خَبِيْرًا٥٩
Allażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā fī sittati ayyāmin ṡummastawā ‘alal-‘arsy(i), ar-raḥmānu fas'al bihī khabīrā(n).
[59]
Panjenengane Allah iku kang nitahake langit bumi lan kabeh barang kang ana ing antarane langit lan bumi laawse nem masa rampung. Panjenengane Allah kang Maha Murah nuli murba wasesa ing Kratone. He manungsa mungguh kahanane Pangeran kang Maha murah iku sira takona marang Kang wasapada.
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ اسْجُدُوْا لِلرَّحْمٰنِ قَالُوْا وَمَا الرَّحْمٰنُ اَنَسْجُدُ لِمَا تَأْمُرُنَا وَزَادَهُمْ نُفُوْرًا ۩ ࣖ٦٠
Wa iżā qīla lahumusjudū lir-raḥmāni qālū wa mar-raḥmānu anasjudu limā ta'murunā wa zādahum nufūrā(n).
[60]
Wong - wong kafir iku menawa diprentahi, "Sira padha sujuda marang Pangeran kang Maha Murah", banjur padha mangsuli, "Pangeran ingkang Maha Murah punapa ta? Punapa kula sujud dhumateng brang dumeh panjenengan prentahaken? La mangsa puruna" . Dadi prentah mengkono mau tumrap wong kafir malah nambahi anggone wangkot, ora gelem percaya ing Allah.
تَبٰرَكَ الَّذِيْ جَعَلَ فِى السَّمَاۤءِ بُرُوْجًا وَّجَعَلَ فِيْهَا سِرٰجًا وَّقَمَرًا مُّنِيْرًا٦١
Tabārakal-lażī ja‘ala fis-samā'i burūjaw wa ja‘ala fīhā sirājaw wa qamaram munīrā(n).
[61]
Maha Luhur Allah Pangeran kang wis nitahake lintang - lintang (buruj 12 ana ing langit gegrombolan, lan Panjenengane wis ndamel srengene kang minangka damaring jagad, apadene rembulan kang uga madhangi jagad.
وَهُوَ الَّذِيْ جَعَلَ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ خِلْفَةً لِّمَنْ اَرَادَ اَنْ يَّذَّكَّرَ اَوْ اَرَادَ شُكُوْرًا٦٢
Wa huwal-lażī ja‘alal-laila wan-nahāra khilfatal liman arāda ay yażżakkara au arāda syukūrā(n).
[62]
Iya panjenengane Allah kang nitahake wengi lan rina gilir gumanti, minangka tandha yekti tumrap wong kang gelem golek pepeling, utawa gelem syukur (ing Allah).
وَعِبَادُ الرَّحْمٰنِ الَّذِيْنَ يَمْشُوْنَ عَلَى الْاَرْضِ هَوْنًا وَّاِذَا خَاطَبَهُمُ الْجٰهِلُوْنَ قَالُوْا سَلٰمًا٦٣
Wa ‘ibādur-raḥmānil-lażīna yamsyūna ‘alal-arḍi haunaw wa iżā khāṭabahumul-jāhilūna qālū salāmā(n).
[63]
Dene para kawulane Allah kang Maha murah, iya iku kang padha mlaku ana ing bumi kanthi jatmika lan andhan asor, lan menawa dicelathoni ala dening wong bodho, banjur sumahur klawan aris (salam).
وَالَّذِيْنَ يَبِيْتُوْنَ لِرَبِّهِمْ سُجَّدًا وَّقِيَامًا٦٤
Wal-lażīna yabītūna lirabbihim sujjadaw wa qiyāmā(n).
[64]
Lan kang padha sujud lan sembahyang ing wayah bengi (shalat tahajud).
وَالَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَا اصْرِفْ عَنَّا عَذَابَ جَهَنَّمَۖ اِنَّ عَذَابَهَا كَانَ غَرَامًا ۖ٦٥
Wal-lażīna yaqūlūna rabbanaṣrif ‘annā ‘ażāba jahannam(a), inna ‘ażābahā kāna garāmā(n).
[65]
Lan kang padha nyuwun ing Allah, unjuke, "Dhuh Pangeran kawula, mugi - mugi Panjenengan nebihaken siksa neraka jahanam saking kawula, awit siksa neraka jahanam punika tetep awon".
اِنَّهَا سَاۤءَتْ مُسْتَقَرًّا وَّمُقَامًا٦٦
Innahā sā'at mustaqarraw wa muqāmā(n).
[66]
Sarta neraka Jahanam punika awon - awoning panggenan. Lan dheweke wong - wong kang menawa nanjakake bandhane or aleluwihan lan ora bethithil, nanging ana ing antarane sifat loro mau.
وَالَّذِيْنَ اِذَآ اَنْفَقُوْا لَمْ يُسْرِفُوْا وَلَمْ يَقْتُرُوْا وَكَانَ بَيْنَ ذٰلِكَ قَوَامًا٦٧
Wal-lażīna iżā anfaqū lam yusrifū wa lam yaqturū wa kāna baina żālika qawāmā(n).
[67]
Lan kang ora mangro tingal (manembah) saliyane Allah, lan ora mateni jiwa kang diharamake dening Allah, kajaba anggone mateni mau nglungguhi bener sarta ora zina. Dene sing sapa nerak pepacuh mau, yekti bakal nemoni piwalesing dosane.
وَالَّذِيْنَ لَا يَدْعُوْنَ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ وَلَا يَقْتُلُوْنَ النَّفْسَ الَّتِيْ حَرَّمَ اللّٰهُ اِلَّا بِالْحَقِّ وَلَا يَزْنُوْنَۚ وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ يَلْقَ اَثَامًا ۙ٦٨
Wal-lażīna lā yad‘ūna ma‘allāhi ilāhan ākhara wa lā yaqtulūnan nafsal-latī ḥarramallāhu illā bil-ḥaqqi wa lā yaznūn(a), wa may yaf‘al żālika yalqa aṡāmā(n).
[68]
Besuk dina Qiyamat, siksane wong kang marngro tingal (musyrik) mau ditikelake sarta langgeng anaing sajeroning siksa tur diremehake.
يُّضٰعَفْ لَهُ الْعَذَابُ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَيَخْلُدْ فِيْهٖ مُهَانًا ۙ٦٩
Yuḍā‘af lahul-‘ażābu yaumal-qiyāmati wa yakhlud fīhī muhānā(n).
[69]
اِلَّا مَنْ تَابَ وَاٰمَنَ وَعَمِلَ عَمَلًا صَالِحًا فَاُولٰۤىِٕكَ يُبَدِّلُ اللّٰهُ سَيِّاٰتِهِمْ حَسَنٰتٍۗ وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٧٠
Illā man tāba wa āmana wa ‘amila ‘amalan ṣāliḥan fa ulā'ika yubaddilullāhu sayyi'ātihim ḥasanāt(in), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[70]
Kajaba wong kang wis tobat sarta banjur percaya ing Allah sarta nindakake tindak kang becik. Wong kang mengkono mau amale kang ala bakal diganti dening Allah kanti kebecikan. Panjenengane Allah iku Maha pangapura sarata Maha Asih.
وَمَنْ تَابَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَاِنَّهٗ يَتُوْبُ اِلَى اللّٰهِ مَتَابًا٧١
Wa man tāba wa ‘amila ṣāliḥan fa innahū yatūbu ilallāhi matābā(n).
[71]
Dene sing sapa tobat, sarta ketara konjem nindakake kabecikan, iku tetap wong kang bali marang ngarsane Allah, bakal pikantuk ganjaran suwarga.
وَالَّذِيْنَ لَا يَشْهَدُوْنَ الزُّوْرَۙ وَاِذَا مَرُّوْا بِاللَّغْوِ مَرُّوْا كِرَامًا٧٢
Wal-lażīna yasyhadūnaz-zūr(a), wa iżā marrū bil-lagwi marrū kirāmā(n).
[72]
Lan wong kang ora dadi saksi goroh (palsu), apadene menawa mrangguli caturan kang ala, ora gelem ngopeni kaya tindake wong mulya.
وَالَّذِيْنَ اِذَا ذُكِّرُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ لَمْ يَخِرُّوْا عَلَيْهَا صُمًّا وَّعُمْيَانًا٧٣
Wal-lażīna iżā żukkirū bi'āyāti rabbihim lam yakhirrū ‘alaihā ṣummaw wa ‘umyānā(n).
[73]
Lan wong kang nalika dipituturi (dielengake) kanthi ayat - ayate Pangerane, kabeh diopeni, ora ana kang kecer, ora persasat wong kang budeg lan wuta.
وَالَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا٧٤
Wal-lażīna yaqūlūna rabbanā hab lanā min azwājinā wa żurriyyātinā qurrata a‘yuniw waj‘alnā lil-muttaqīna imāmā(n).
[74]
Lan wong munjuk andedonga marang ALlah mengkene, "Dhuh Pangran kwula, mugi Panjenengan paring dhating kawula rabi kawula saha anak putu kawula sedaya dadosa sarana asrepipung paningal kawula (margi anggenipun ajrih ing Panjenengan kanthi netepi tindak kelakuwan ingkang sae) punapa dene kawula mugi Panjenengan dadosaken ngajengipun tiyang ingkang taqwa dhateng Panjenengan".
اُولٰۤىِٕكَ يُجْزَوْنَ الْغُرْفَةَ بِمَا صَبَرُوْا وَيُلَقَّوْنَ فِيْهَا تَحِيَّةً وَّسَلٰمًا ۙ٧٥
Ulā'ika yujzaunal-gurfata bimā ṣabarū wa yulaqqauna fīhā taḥiyyataw wa salāmā(n).
[75]
Ingkang mengkono mau bakal padha diganjar pangkat kang luruh ana ing suwarga, amarga anggone padha teguh atine. Wong - wong mau ana ing suwarga padh adibalekake dening Malaikat. Klawan jumurung selamet lan urip langgeng.
خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ حَسُنَتْ مُسْتَقَرًّا وَّمُقَامًا٧٦
Khālidīna fīhā, ḥasunat mustaqarraw wa muqāmā(n).
[76]
Anggone ana ing suwarga padha langgeng. Suwarga iku becik - beciking panggonan kang tetap.
قُلْ مَا يَعْبَؤُا بِكُمْ رَبِّيْ لَوْلَا دُعَاۤؤُكُمْۚ فَقَدْ كَذَّبْتُمْ فَسَوْفَ يَكُوْنُ لِزَامًا ࣖ٧٧
Qul mā ya‘ba'u bikum rabbī lau lā du‘ā'ukum, faqad każżabtum fa saufa yakūnu lizāmā(n).
[77]
(Muhammad) sira dhawuha marang para wong mau, "Upama kowe ora nyuwun ing Allah nalikane nampa keribedan, Allah ora perduli marang kowe". Kepriye anggone perduli, awit kowe kabeh wis maido marang Utusane Allah lan marang al-Qur'an. B esuk an aing akherat, siksane Allah iku tetep lestari tumrap wong kafir.