Surah Al-Mu’minun

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قَدْ اَفْلَحَ الْمُؤْمِنُوْنَ ۙ١
Qad aflaḥal-mu'minūn(a).
[1] Para wong mukmin iku padha pikantuk beja temenan.

الَّذِيْنَ هُمْ فِيْ صَلَاتِهِمْ خٰشِعُوْنَ٢
Allażīna hum fī ṣalātihim khāsyi‘ūn(a).
[2] Yaiku wong kang khusu' (konjem) anggone padha sholat.

وَالَّذِيْنَ هُمْ عَنِ اللَّغْوِ مُعْرِضُوْنَ ۙ٣
Wal-lażīna hum ‘anil-lagwi mu‘riḍūn(a).
[3] Lan kang nyingkiri samubarang kang ora maedahi ing bab agama utawa bab donya.

وَالَّذِيْنَ هُمْ لِلزَّكٰوةِ فٰعِلُوْنَ ۙ٤
Wal-lażīna hum liz-zakāti fā‘ilūn(a).
[4] Lan kang padha mbayar zakat.

وَالَّذِيْنَ هُمْ لِفُرُوْجِهِمْ حٰفِظُوْنَ ۙ٥
Wal-lażīna hum lifurūjihim ḥāfiẓūn(a).
[5] Lan kang padha rumeksa kehormatane (ora dianggo nglakoni kang ora dililani dening syara'/zina).

اِلَّا عَلٰٓى اَزْوَاجِهِمْ اَوْ مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُمْ فَاِنَّهُمْ غَيْرُ مَلُوْمِيْنَۚ٦
Illā ‘alā azwājihim au mā malakat aimānuhum fa innahum gairu malūmīn(a).
[6] Kajaba mung marang bojone dhewe utawa amat (wong wadon kawula tukon kang dimiliki dening tangan tengene) darbeke dhewe. Dheweke iku ora padha dicacad.

فَمَنِ ابْتَغٰى وَرَاۤءَ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْعَادُوْنَ ۚ٧
Famanibtagā warā'a żālika fa ulā'ika humul-‘ādūn(a).
[7] Dene sing sapa nggoleki saliyane kang dihalalake (bojone dhewe utawa amate), iku dheweke temen wong kang ngliwati wates (nerak watese hukume Allah).

وَالَّذِيْنَ هُمْ لِاَمٰنٰتِهِمْ وَعَهْدِهِمْ رَاعُوْنَ ۙ٨
Wal-lażīna hum li'amānātihim wa ‘ahdihim rā‘ūn(a).
[8] Lan dheweke kang padha ngati - ati ngreksa nuhoni titipan (kapercaya) sarta janjine (marang Allah utawa marang sepadhaning manungsa).

وَالَّذِيْنَ هُمْ عَلٰى صَلَوٰتِهِمْ يُحَافِظُوْنَ ۘ٩
Wal-lażīna hum ‘alā ṣalawātihim yuḥāfiẓūn(a).
[9] Lan dheweke padha tetep ajeg (ngreksa) anggone shalat (ana ing waktune).

اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْوٰرِثُوْنَ ۙ١٠
Ulā'ika humul-wāriṡūn(a).
[10] Para wong mukmin kang padha netepi kaya kang kasebut mau kabeh, iku tetep dadi ahli waris (kang oleh waris suwarga).

الَّذِيْنَ يَرِثُوْنَ الْفِرْدَوْسَۗ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ١١
Allażīna yariṡūnal-firdaus(a), hum fīhā khālidūn(a).
[11] Yaiku kang pikantuk suwarga Firdaus, lan padha langgeng ana ing kono.

وَلَقَدْ خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنْ سُلٰلَةٍ مِّنْ طِيْنٍ ۚ١٢
Wa laqad khalaqnal-insāna min sulālatim min ṭīn(in).
[12] Demi satemene Ingsun wis nitahake manungsa (Adam) saka sarining lemah.

ثُمَّ جَعَلْنٰهُ نُطْفَةً فِيْ قَرَارٍ مَّكِيْنٍ ۖ١٣
Ṡumma ja‘alnāhu nuṭfatan fī qarārim makīn(in).
[13] Ingsun banjur nitahake turuning manungsa saka mani, ana pranakane wong wadon kang rineksa.

ثُمَّ خَلَقْنَا النُّطْفَةَ عَلَقَةً فَخَلَقْنَا الْعَلَقَةَ مُضْغَةً فَخَلَقْنَا الْمُضْغَةَ عِظٰمًا فَكَسَوْنَا الْعِظٰمَ لَحْمًا ثُمَّ اَنْشَأْنٰهُ خَلْقًا اٰخَرَۗ فَتَبَارَكَ اللّٰهُ اَحْسَنُ الْخٰلِقِيْنَۗ١٤
Ṡumma khalaqnan-nuṭfata ‘alaqatan fa khalaqnal-‘alaqata muḍgatan fa khalaqnal-muḍgata ‘iẓāman fa kasaunal-‘iẓāma laḥmā(n), ṡumma ansya'nāhu khalqan ākhar(a), fa tabārakallāhu aḥsanul-khāliqīn(a).
[14] Mani mau banjur Ingsun dadekake getih kenthel. Getih kenthel mau banjur Ingsun dadekake daging kempel. Daging kempel mau banjur Ingsun dadekake balung, balung iku banjur Ingsun buntel dafing, banjur Ingsun titahake makhluq liya (bayi), urip sarana Ingsun leboni ruh (nyawa). Maha Luhur Allah. Allah iku kang nitahake kalayan sampurna.

ثُمَّ اِنَّكُمْ بَعْدَ ذٰلِكَ لَمَيِّتُوْنَ ۗ١٥
Ṡumma innakum ba‘da żālika lamayyitūn(a).
[15] Sawise sira dadi manungsa, ing tembe mesthi padha mati.

ثُمَّ اِنَّكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ تُبْعَثُوْنَ١٦
Ṡumma innakum yaumal-qiyāmati tub‘aṡūn(a).
[16] Sawise padha mati, ing besuk Qiyamat, mesthi bakal ditangekake saka ing pati, urip maneh.

وَلَقَدْ خَلَقْنَا فَوْقَكُمْ سَبْعَ طَرَاۤىِٕقَۖ وَمَا كُنَّا عَنِ الْخَلْقِ غٰفِلِيْنَ١٧
Wa laqad khalaqnā fauqakum sab‘a ṭarā'iq(a), wa mā kunnā ‘anil-khalqi gāfilīn(a).
[17] Lan Ingsun wis nitahake pitung langit ana ing sadhuwurira, lan Ingsun ora supe rumeksa kawulaningsun kang ana ing ngisor (langit Ingsun kukuhi) ora bisa ngrubuhi kang ana ing ngisor.

وَاَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۢ بِقَدَرٍ فَاَسْكَنّٰهُ فِى الْاَرْضِۖ وَاِنَّا عَلٰى ذَهَابٍۢ بِهٖ لَقٰدِرُوْنَ ۚ١٨
Wa anzalnā minas-samā'i mā'am biqadarin fa askannāhu fil-arḍ(i), wa innā ‘alā żahābim bihī laqādirūn(a).
[18] Lan Ingsun wis nurunake banyu udan saka ing langit, sacukupe kabutuhane manungsa, banjur mili utawa disesep ing bumi. Lan satemene Ingsun uga kuwasa ngilangake banyu iku.

فَاَنْشَأْنَا لَكُمْ بِهٖ جَنّٰتٍ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّاَعْنَابٍۘ لَكُمْ فِيْهَا فَوَاكِهُ كَثِيْرَةٌ وَّمِنْهَا تَأْكُلُوْنَ ۙ١٩
Fa ansya'nā lakum bihī jannātim min nakhīliw wa a‘nāb(in), lakum fīhā fawākihu kaṡīratuw wa minhā ta'kulūn(a).
[19] Banyu udan mau banjur Ingsun anggo nukulake wit - witan isen - isening pakebonan pirang - pirang kayata: kurma lan anggur lan liya - liyane. Sira padha bisa ngundhuh lan mangan woh - wohan pirang - pirang kang werna - werna ana ing pakebonan mau.

وَشَجَرَةً تَخْرُجُ مِنْ طُوْرِ سَيْنَاۤءَ تَنْۢبُتُ بِالدُّهْنِ وَصِبْغٍ لِّلْاٰكِلِيْنَ٢٠
Wa syajaratan takhruju min ṭūri sainā'a tambutu bid-duhni wa ṣibgil lil-ākilīn(a).
[20] Lan Ingsun uga nukulake wit zaitun, kang thukul ana ing gunung Thur-Sina, kang ngetokake lengo kanggo lawuh tumrap wong kang mangan (kena digawe mulas minangka rerengganing panggonan).

وَاِنَّ لَكُمْ فِى الْاَنْعَامِ لَعِبْرَةًۗ نُسْقِيْكُمْ مِّمَّا فِيْ بُطُوْنِهَا وَلَكُمْ فِيْهَا مَنَافِعُ كَثِيْرَةٌ وَّمِنْهَا تَأْكُلُوْنَ ۙ٢١
Wa inna lakum fil-an‘āmi la‘ibrah(tan), nusqīkum mimmā fī buṭūnihā wa lakum fīhā manāfi‘u kaṡīratuw wa minhā ta'kulūn(a).
[21] Lan satemene raja kaya iku piwulang ('ibarat) tumrap sira kabeh. Ingsun paring pangomben (powan) sira kabeh saka barang kang ana ing wetenge, lan raja kaya iku akeh maneh kemanfa'atane tumrap sira, lan sawenehe ana kang sira pangan.

وَعَلَيْهَا وَعَلَى الْفُلْكِ تُحْمَلُوْنَ ࣖ٢٢
Wa ‘alaihā wa ‘alal-fulki tuḥmalūn(a).
[22] Raja-kaya mau ana ing dharatan, ora beda karo perahu ana ing segara, kabeh padha kena sira tunggangi lan sira momoti gegawanira.

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖ فَقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ٢٣
Wa laqad arsalnā nūḥan ilā qaumihī fa qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), afalā tattaqūn(a).
[23] Lan temen Ingsun wis ngutus Nuh, Ingsun kersakake mulang para kaume. Nuh banjur paring pangandika, "He para Ummatingsun. Sira padha manembaha marang ALlah, jalaran sira kabeh ora duwe pangeran kang wajib disembah kajaba mung Panjenengane piyambak. Apa sira ora padha wedi marang siksane menawa sira manembah saliyane Panjenengane?"

فَقَالَ الْمَلَؤُا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ مَا هٰذَآ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْۙ يُرِيْدُ اَنْ يَّتَفَضَّلَ عَلَيْكُمْۗ وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَاَنْزَلَ مَلٰۤىِٕكَةً ۖمَّا سَمِعْنَا بِهٰذَا فِيْٓ اٰبَاۤىِٕنَا الْاَوَّلِيْنَ ۚ٢٤
Fa qālal-mala'ul-lażīna kafarū min qaumihī mā hāżā illā basyarum miṡlukum, yurīdu ay yatafaḍḍala ‘alaikum, wa lau syā'allāhu la'anzala malā'ikah(tan), mā sami‘nā bihāżā fī ābā'inal-awwalīn(a).
[24] Para panggedhene wong kafir saka kaume Nuh banjur celathu mengkene, "Nuh iku apa dudu manungsa kaya aku lan kowe kabeh? Aku teka ora krungu wulangane para leluhur kita, kang kaya wulangane Nuh iku. Dadi tetela Nuh lumaku diarani wong linuwih, ngungkuli aku lan kowe kabeh. Upama Allah iku temen ngersakake Utusan andhawuhi manungsa, mesthi ngutus malaikat, mangsa ngutusa wong kang kaya mengkono".

اِنْ هُوَ اِلَّا رَجُلٌۢ بِهٖ جِنَّةٌ فَتَرَبَّصُوْا بِهٖ حَتّٰى حِيْنٍ٢٥
In huwa illā rajulum bihī jinnatun fa tarabbaṣū bihī ḥattā ḥīn(in).
[25] "Ora liya panemuku, Nuh iku wong lanang kang owah akale, mula prayoga padha disrantekake bae nganti tekan matine utawa kapriye bakal wekasane".

قَالَ رَبِّ انْصُرْنِيْ بِمَا كَذَّبُوْنِ٢٦
Qāla rabbinṣurnī bimā każżabūn(i).
[26] Nuh banjur munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, sarehning para ummat kawula sampun cetha gorohake dhateng kawula, Panjenengan mugi paringpitulungan dhateng kawula".

فَاَوْحَيْنَآ اِلَيْهِ اَنِ اصْنَعِ الْفُلْكَ بِاَعْيُنِنَا وَوَحْيِنَا فَاِذَا جَاۤءَ اَمْرُنَا وَفَارَ التَّنُّوْرُۙ فَاسْلُكْ فِيْهَا مِنْ كُلٍّ زَوْجَيْنِ اثْنَيْنِ وَاَهْلَكَ اِلَّا مَنْ سَبَقَ عَلَيْهِ الْقَوْلُ مِنْهُمْۚ وَلَا تُخَاطِبْنِيْ فِى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْاۚ اِنَّهُمْ مُّغْرَقُوْنَ٢٧
Fa auḥainā ilaihi aniṣna‘il-fulka bi'a‘yuninā wa waḥyinā fa iżā jā'a amrunā wafārat-tannūr(u), fasluk fīhā min kullin zaujainiṡnaini wa ahlaka illā man sabaqa ‘alaihil-qaulu minhum, wa lā tukhāṭibnī fil-lażīna ẓalamū, innahum mugraqūn(a).
[27] Ingsun banjur paring wahyu marang Nuh, "(Ummat ira iku bakal Ingsun kerem). Saiki sira gaweya perahu, kelawan Ingsun jenengi, mituruta kaya dhawuh Ingsun. Ing tembe manawa ana banyu mumpal - mumpal saka ing pawon, iku tandha yen siksaningsun wiwit nekani. Ingkono sira banjur munggaha ing prahu, dalah keluwarganira kabeh, lan anggawaha wawarnaning kewan sajodo - jodo bakal kanggo wiji, (kajaba rabinira kang kafir sarta anakira kan'an iku wis kabanjur) Ingsun pasti rusak dening kinelem, lan sira aja nyuwunake selamete wong kang padha kafir, kabeh iku wis Ingsun temtokake rumpes dening kinelem".

فَاِذَا اسْتَوَيْتَ اَنْتَ وَمَنْ مَّعَكَ عَلَى الْفُلْكِ فَقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ نَجّٰىنَا مِنَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٢٨
Fa iżastawaita anta wa mam ma‘aka ‘alal-fulki fa qulil-ḥamdu lillāhil-lażī najjānā minal-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[28] Menawa sira sak ahlinira wis padha munggah prahu, sira nyebuta Asmaningsun menkene, "Sedaya puji punika kunjuk ing Allah, ingkang sampun paring wilujeng dhumateng kawula ahli kawula, kalis saking siksa ingkang numpes para tiyang ingkang sami nganiayaa (kafir)".

وَقُلْ رَّبِّ اَنْزِلْنِيْ مُنْزَلًا مُّبٰرَكًا وَّاَنْتَ خَيْرُ الْمُنْزِلِيْنَ٢٩
Wa qur rabbi anzilnī munzalam mubārakaw wa anta khairul-munzilīn(a).
[29] Ing tembe menawa sira wis mudhun saka prahu, munjuka mengkene, "Dhuh Pangeran kawula, mugi - mugi panjenengan paring panggenan dhateng kawula panggenan ingkang prayogi tur pinaringan berkah. panjenengan punika ingkang kuwasa piyambak paringpanggenan ingkang prayogi lan sae".

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ وَّاِنْ كُنَّا لَمُبْتَلِيْنَ٣٠
Inna fī żālika la'āyātiw wa in kunnā lamubtalīn(a).
[30] Saktemene kang mengkono iku (kabeh kang wis Ingsun dhawuhake marang Nuh lan kaume) iku dadi tandha yekti kekuwasaaningsun. Lan saktemene Ingsun kang nurunake bilahi (kang banget gedhene marang kaume Nuh).

ثُمَّ اَنْشَأْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ قَرْنًا اٰخَرِيْنَ ۚ٣١
Ṡumma ansya'nā mim ba‘dihim qarnan ākharīn(a).
[31] Sawise wong - wong mau padha dirusak, Ingsun nuli nitahake kaum (ummat) liyane, (yaiku wong 'Aad, ummate Hud)

فَاَرْسَلْنَا فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْهُمْ اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ ࣖ٣٢
Fa arsalnā fīhim rasūlam minhum ani‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), afalā tattaqūn(a).
[32] Ingsun banjur ngutus nabi (Hud), klebu kaum 'Aad, iku Ingsun ngutus andhawuhi para wong 'Aad, mengkene, "Sira padha manembah marang Allah, awit sira ora duwe Pangeran saliyane Allah. Menawa sira nglirwakake pitutur iki apa sira ora wedi marang siksane Allah?"

وَقَالَ الْمَلَاُ مِنْ قَوْمِهِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِلِقَاۤءِ الْاٰخِرَةِ وَاَتْرَفْنٰهُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۙ مَا هٰذَآ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْۙ يَأْكُلُ مِمَّا تَأْكُلُوْنَ مِنْهُ وَيَشْرَبُ مِمَّا تَشْرَبُوْنَ٣٣
Wa qālal-mala'u min qaumihil-lażīna kafarū wa każżabū biliqā'il-ākhirati wa atrafnāhum fil-ḥayātid-dun-yā, mā hāżā illā basyarum miṡlukum, ya'kulu mimmā ta'kulūna minhu wa yasyrabu mimmā tasyrabūn(a).
[33] Panggedhe wong - wong 'Aad kang padha kafir lan anggorohake kelawan ketemu karo dina akhir, (anggone bakal ditangekake maneh sakwise mati), lan dheweke wis Ingsun paringi kenikmatan ana ing panguripan donya, padha ngucap mangkene, "Nabi Hud iki sapata, ora iya manungsa kaya aku lan kowe kabeh, uga mangan panganan kang padha sira pangan sarta padha ngombe saka barang kang padha sira ombe".

وَلَىِٕنْ اَطَعْتُمْ بَشَرًا مِّثْلَكُمْ اِنَّكُمْ اِذًا لَّخٰسِرُوْنَ ۙ٣٤
Wa la'in aṭa‘tum basyaram miṡlakum innakum iżal lakhāsirūn(a).
[34] Menawa sira padha tanpa budi, mung manut pituture wong sak padhamu wae, sira yekti dadi wong kang kapitunan.

اَيَعِدُكُمْ اَنَّكُمْ اِذَا مِتُّمْ وَكُنْتُمْ تُرَابًا وَّعِظَامًا اَنَّكُمْ مُّخْرَجُوْنَ ۖ٣٥
Aya‘idukum annakum iżā mittum wa kuntum turābaw wa ‘iẓāman annakum mukhrajūn(a).
[35] Apa Hud janji marang sira, menaaw sira mati, ing mangka sira wis dadi lemah lan balung saktemene sira bakal diuripake maneh?

۞ هَيْهَاتَ هَيْهَاتَ لِمَا تُوْعَدُوْنَ ۖ٣٦
Haihāta haihāta limā tū‘adūn(a).
[36] Adoh temen, adoh temen, apa kang dijanjikake marang sira kabeh iku.

اِنْ هِيَ اِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا نَمُوْتُ وَنَحْيَا وَمَا نَحْنُ بِمَبْعُوْثِيْنَ ۖ٣٧
In hiya illā ḥayātunad-dun-yā namūtu wa naḥyā wa mā naḥnu bimab‘ūṡīn(a).
[37] Urip ingsun iki ora ana maneh kajaba urip ana ing donya, ing tembe bakal mati, sakwise mati, ora pisan - pisan aku kabeh bakal ditangekake.

اِنْ هُوَ اِلَّا رَجُلُ ِۨافْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا وَّمَا نَحْنُ لَهٗ بِمُؤْمِنِيْنَ٣٨
In huwa illā rajuluniftarā ‘alallāhi każibaw wa mā naḥnu lahū bimu'minīn(a).
[38] Panemuku Hud ngaku Rosul iku saktemene ora liya mung wong lanang pinter gawe - gawe, ngucapake gegorohan diakokake terang dhawuhe Allah. Aku kabeh ora ngandel.

قَالَ رَبِّ انْصُرْنِيْ بِمَا كَذَّبُوْنِ٣٩
Qāla rabbinṣurnī bimā każżabūn(i).
[39] Hud munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, sarehning para ummat kawula sampun cetha sami maiben dhateng kula mugi Panjenengan kersa paring pitulungan dhateng kawula".

قَالَ عَمَّا قَلِيْلٍ لَّيُصْبِحُنَّ نٰدِمِيْنَ ۚ٤٠
Qāla ‘ammā qalīlil layuṣbiḥunna nādimīn(a).
[40] Allah paring pangandika, "Sedhela engkas wong kafir iku bakal getun, keduwung anggone padha maido dhawuhingsun".

فَاَخَذَتْهُمُ الصَّيْحَةُ بِالْحَقِّ فَجَعَلْنٰهُمْ غُثَاۤءًۚ فَبُعْدًا لِّلْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٤١
Fa akhażathumuṣ-ṣaiḥatu bil-ḥaqqi fa ja'alahum guṡā'ā(n), fa bu‘dal lil-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[41] Wong - wong kafir mau banjur tumpes dening jeritane malaikat Jibril kelawan temen - temen, wong mau nuli Ingsun gawe kaya woh garing (kaya kang digawe banjir). Wong - wong kafir iku tangeh pikantuk rohmate Allah.

ثُمَّ اَنْشَأْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ قُرُوْنًا اٰخَرِيْنَ ۗ٤٢
Ṡumma ansya'nā mim ba‘dihim qurūnan ākharīn(a).
[42] Sak pungkure wong - wong 'Aad kang padha tumpes, Ingsun banjur nitahake gantine. (kayata ummate Nabi Shalih, Ibrahim, Luth lan ummate Nabi Su'aib).

مَا تَسْبِقُ مِنْ اُمَّةٍ اَجَلَهَا وَمَا يَسْتَأْخِرُوْنَ ۗ٤٣
Mā tasbiqu min ummatin ajalahā wa mā yasta'khirūn(a).
[43] Ora ana sawijining ummat kang bisa andhisiki ajale lan ora bisa ngundurake.

ثُمَّ اَرْسَلْنَا رُسُلَنَا تَتْرَاۗ كُلَّمَا جَاۤءَ اُمَّةً رَّسُوْلُهَا كَذَّبُوْهُ فَاَتْبَعْنَا بَعْضَهُمْ بَعْضًا وَّجَعَلْنٰهُمْ اَحَادِيْثَۚ فَبُعْدًا لِّقَوْمٍ لَّا يُؤْمِنُوْنَ٤٤
Ṡumma arsalnā rusulanā tatrā, kullamā jā'a ummatar rasūluhā każżabūhu fa atba‘nā ba‘ḍahum ba‘ḍaw wa ja‘alnāhum aḥādīṡ(a), fa bu‘dal liqaumil lā yu'minūn(a).
[44] Sakwise iku, Ingsun banjur ngutus para rosul gilir-gumanti. Saben ana rosul nerangake marang ummate, para ummat mau padha anggorohake marang rasule. Mulane para ummat mau iya banjur Ingsun rusak (kaya ummat kang wis dhisik) sarta sejarahe Ingsun dadekake tuladan minangka pepenget marang ummat kang kari, wong kang ora iman padha adoh saka rohmate Allah.

ثُمَّ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى وَاَخَاهُ هٰرُوْنَ ەۙ بِاٰيٰتِنَا وَسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۙ٤٥
Ṡumma arsalnā mūsā wa akhāhu hārūn(a), bi'āyātinā wa sulṭānim mubīn(in).
[45] Ingsun banjur ngutus Musa lan sedulure aran Harun kanthi tandha yekti lan keterangan kang nyata.

اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ فَاسْتَكْبَرُوْا وَكَانُوْا قَوْمًا عَالِيْنَ ۚ٤٦
Ilā fir‘auna wa mala'ihī fastakbarū wa kānū qauman ‘ālīn(a).
[46] Rawuh marang Fir'aun dalah para punggawane. Nanging dheweke iku padha nggumedhe sarta kumalungkung.

فَقَالُوْٓا اَنُؤْمِنُ لِبَشَرَيْنِ مِثْلِنَا وَقَوْمُهُمَا لَنَا عٰبِدُوْنَ ۚ٤٧
Fa qālū anu'minu libasyaraini miṡlinā wa qaumuhumā lanā ‘ābidūn(a).
[47] Fir'aun sak punggawane padha ngucap, "Ya gene aku gelem percaya marang wong loro kang padha wae karo aku, tur kaume (yaiku wong bani Israil) padha kumawula marang aku?".

فَكَذَّبُوْهُمَا فَكَانُوْا مِنَ الْمُهْلَكِيْنَ٤٨
Fa każżabūhumā fa kānū minal-muhlakīn(a).
[48] Fir'aun dalah punggawane padha anggorohake Musa lan Harun, dheweke padha tumpes dirusak dening Allah (katungkeban ing segara Qulzum).

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ لَعَلَّهُمْ يَهْتَدُوْنَ٤٩
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba la‘allahum yahtadūn(a).
[49] Lan temen Ingsun wos paring kitab Taurat marang Musa, supaya wong - wong bani Israil padha pikantuk pituduh bener sarta ngestokake surasane kitab Taurat.

وَجَعَلْنَا ابْنَ مَرْيَمَ وَاُمَّهٗٓ اٰيَةً وَّاٰوَيْنٰهُمَآ اِلٰى رَبْوَةٍ ذَاتِ قَرَارٍ وَّمَعِيْنٍ ࣖ٥٠
Wa ja‘alnabna maryama wa ummahū āyataw wa āwaināhumā ilā rabwatin żāti qarāriw wa ma‘īn(in).
[50] Lan Ingsun wis dadekake ('Isa) putrane Maryam sarta ibune minangka tandha yekti kuasaningsun. Lan sak klorone wis Ingsun panggonake ana ing panggonan kang dhuwur (yaiku Baitul Muqaddas) kang palemahane rata tur gemah ripah loh jinawi lan ana kaline kang mili banyu.

يٰٓاَيُّهَا الرُّسُلُ كُلُوْا مِنَ الطَّيِّبٰتِ وَاعْمَلُوْا صَالِحًاۗ اِنِّيْ بِمَا تَعْمَلُوْنَ عَلِيْمٌ ۗ٥١
Yā ayyuhar-rusulu kulū minaṭ-ṭayyibāti wa‘malū ṣāliḥā(n), innī bimā ta‘malūna ‘alīm(un).
[51] He para utusan sira padha mangana saka panganan kang becik - becik (halal), lan padha nindakna kabecikan, saktemene Ingsun iku maha Ngudaneni marang barang kang padha sira tindakake.

وَاِنَّ هٰذِهٖٓ اُمَّتُكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّاَنَا۠ رَبُّكُمْ فَاتَّقُوْنِ٥٢
Wa inna hāżihī ummatukum ummataw wāḥidataw wa ana rabbukum fattaqūn(i).
[52] Sumurupa saktemene agama Islam iku agama lan syareatira kang siji (Islam). Lan Ingsun iku Pangeran ira kabeh, jalaran sangka sira padha bektia marang Ingsun (padha taqwa).

فَتَقَطَّعُوْٓا اَمْرَهُمْ بَيْنَهُمْ زُبُرًاۗ كُلُّ حِزْبٍۢ بِمَا لَدَيْهِمْ فَرِحُوْنَ٥٣
Fa taqaṭṭa‘ū amrahum bainahum zuburā(n), kullu ḥizbim bimā ladaihim fariḥūn(a).
[53] Ewo dene menungsa banjur beda - beda agamane, dadi pirang - pirang golongan; siji - sijine golongan padha kenceng ngrungkepi panemune dhewe - dhewe padha nduwe pangira menawa agama kang dirungkepi iku wis bener.

فَذَرْهُمْ فِيْ غَمْرَتِهِمْ حَتّٰى حِيْنٍ٥٤
Fa żarhum fī gamratihim ḥattā ḥīn(in).
[54] Wong mengkono mau tinggalen ing kesasarane lan kekafirane (karoben padha mek-mekan kaya wong wuta) nganti tekan mangsane (dheweke padha mati).

اَيَحْسَبُوْنَ اَنَّمَا نُمِدُّهُمْ بِهٖ مِنْ مَّالٍ وَّبَنِيْنَ ۙ٥٥
Ayaḥsabūna annamā numidduhum bihī mim māliw wabanīn(a).
[55] Wong - wong kafir mau apa duwe pangira, menawa saktemene kabeh kang wis Ingsun paringake ana ing donya saka banda lan anak (kadadekake kenikmatan).

نُسَارِعُ لَهُمْ فِى الْخَيْرٰتِۗ بَلْ لَّا يَشْعُرُوْنَ٥٦
Nusāri‘u lahum fil-khairāt(i), bal lā yasy‘urūn(a).
[56] Kang Ingsun enggal - enggal paringake minangka ganjarane wng - wong anggone padha tumindak becik? Saktemene dheweke padha ora sumurup menawa iku panglulu.

اِنَّ الَّذِيْنَ هُمْ مِّنْ خَشْيَةِ رَبِّهِمْ مُّشْفِقُوْنَ ۙ٥٧
Innal-lażīna hum min khasy-yati rabbihim musyfiqūn(a).
[57] Saktemene wong - wong kang padha wedi siksane Allah nganti padha konjem saking dening bektine marang pangerane.

وَالَّذِيْنَ هُمْ بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ يُؤْمِنُوْنَ ۙ٥٨
Wal-lażīna hum bi'āyāti rabbihim yu'minūn(a).
[58] Lan kang padha iman ngandel marang ayate Allah pangerane.

وَالَّذِيْنَ هُمْ بِرَبِّهِمْ لَا يُشْرِكُوْنَ ۙ٥٩
Wal-lażīna hum birabbihim lā yusyrikūn(a).
[59] Lan ora nyekuthokake marang Pangerane.

وَالَّذِيْنَ يُؤْتُوْنَ مَآ اٰتَوْا وَّقُلُوْبُهُمْ وَجِلَةٌ اَنَّهُمْ اِلٰى رَبِّهِمْ رٰجِعُوْنَ ۙ٦٠
Wal-lażīna yu'tūna mā ātaw wa qulūbuhum wajilatun annahum ilā rabbihim rāji‘ūn(a).
[60] Lan wong - wong kang padha menehake barang kang wis diparingake marang dheweke (saka zakat lan shodaqoh), sarta atine wedi mbok menawa kebecikane ora dianggep dening Allah amarga wong Mukmin mau padha rumangsa ing tembe bakal padha bali marang Pangerane.

اُولٰۤىِٕكَ يُسَارِعُوْنَ فِى الْخَيْرٰتِ وَهُمْ لَهَا سٰبِقُوْنَ٦١
Ulā'ika yusāri‘ūna fil-khairāti wa hum lahā sābiqūn(a).
[61] Wong kang mengkono iku padha balapan lan sregep nindakake kebecikan, lan padha dhisik - dhisikan anggone nindakake kebecikan.

وَلَا نُكَلِّفُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَاۖ وَلَدَيْنَا كِتٰبٌ يَّنْطِقُ بِالْحَقِّ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٦٢
Wa lā nukallifu nafsan illā wus‘ahā, wa ladainā kitābuy yanṭiqu bil-ḥaqqi wa hum lā yuẓlamūn(a).
[62] Lan Ingsun ora merdi marang sawijining awak, kajaba sak kuwasane, (nglakoni barang kang rekasa). Ingsun kagungan kitab kang nerangake kelawan temen. para wong Mukmin ora bakal dianiaya.

بَلْ قُلُوْبُهُمْ فِيْ غَمْرَةٍ مِّنْ هٰذَا وَلَهُمْ اَعْمَالٌ مِّنْ دُوْنِ ذٰلِكَ هُمْ لَهَا عٰمِلُوْنَ٦٣
Bal qulūbuhum fī gamratim min hāżā wa lahum a‘mālum min dūni żālika hum lahā ‘āmilūn(a).
[63] Nanging atine wong kafir padha kelimput ora nindakake isine al-Qur'an, padha duwe tindak ala (ora kaya tindakke wong - wong mukmin kang kasebut mau) padha andodro anggone tindak ala mau, mulane padha disiksa.

حَتّٰىٓ اِذَآ اَخَذْنَا مُتْرَفِيْهِمْ بِالْعَذَابِ اِذَا هُمْ يَجْـَٔرُوْنَ ۗ٦٤
Ḥattā iżā akhażnā mutrafīhim bil-‘ażābi iżā hum yaj'arūn(a).
[64] Bareng wis tekan mangsane Ingsun banjur matrapi siksa marang para panggedhene wong kafir mau, ing kono banjur padha sesambat.

لَا تَجْـَٔرُوا الْيَوْمَۖ اِنَّكُمْ مِّنَّا لَا تُنْصَرُوْنَ٦٥
Lā taj'arul-yaum(a), innakum minnā lā tunṣarūn(a).
[65] Wong kafir nuli didhawuhi, "He wong kafir ing dina iki sira aja sesambat, awit sira ora bakal pikantuk pitulungan".

قَدْ كَانَتْ اٰيٰتِيْ تُتْلٰى عَلَيْكُمْ فَكُنْتُمْ عَلٰٓى اَعْقَابِكُمْ تَنْكِصُوْنَ ۙ٦٦
Qad kānat āyātī tutlā ‘alaikum fa kuntum ‘alā a‘qābikum tankiṣūn(a).
[66] Awit saktemene sira wis diwacakake ayat - ayatingsun, nanging sira padha mlengos bali marang agamanira kang dhisik.

مُسْتَكْبِرِيْنَۙ بِهٖ سٰمِرًا تَهْجُرُوْنَ٦٧
Mustakbirīn(a), bihī sāmiran tahjurūn(a).
[67] Padha nggumedhe klawan ngaku - aku (anduweni Baitullah), sarta sira padha mlengos soko al-Quran, rame - rame (ngala - ala al-QUr'an ana sak kiwa tengene Baitullah).

اَفَلَمْ يَدَّبَّرُوا الْقَوْلَ اَمْ جَاۤءَهُمْ مَّا لَمْ يَأْتِ اٰبَاۤءَهُمُ الْاَوَّلِيْنَ ۖ٦٨
Afalam yaddabbarul-qaula am jā'ahum mā lam ya'ti ābā'ahumul-awwalīn(a).
[68] Yagene wong kafir mau ora gelem niti priksa (mikir) dhawuhing al-Qur'an, apa padha rumangsa didhawuhi barang kang durung didhawuhake Allah marang leluhure biyen?

اَمْ لَمْ يَعْرِفُوْا رَسُوْلَهُمْ فَهُمْ لَهٗ مُنْكِرُوْنَ ۖ٦٩
Am lam ya‘rifū rasūlahum fahum lahū munkirūn(a).
[69] Apa wong kafir mau ora weruh marang Rasule, (nabi Muhammad) banjur dheweke padha mungkiri marang utusane iku.

اَمْ يَقُوْلُوْنَ بِهٖ جِنَّةٌ ۗ بَلْ جَاۤءَهُمْ بِالْحَقِّ وَاَكْثَرُهُمْ لِلْحَقِّ كٰرِهُوْنَ٧٠
Am yaqūlūna bihī jinnah(tun), bal jā'ahum bil-ḥaqqi wa akṡaruhum lil-ḥaqqi kārihūn(a).
[70] Utawa apa dheweke padha ngarani menawa utusan (Muhammad) kang owah akale ? Saktemene utusan mau wis rawuh marang wong - wong iku kanthi ndhawuhake agama kang bener. Nanging akeh - akehe wong iku padha gething marang kang bener.

وَلَوِ اتَّبَعَ الْحَقُّ اَهْوَاۤءَهُمْ لَفَسَدَتِ السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُ وَمَنْ فِيْهِنَّۗ بَلْ اَتَيْنٰهُمْ بِذِكْرِهِمْ فَهُمْ عَنْ ذِكْرِهِمْ مُّعْرِضُوْنَ ۗ٧١
Wa lawittaba‘al-ḥaqqu ahwā'ahum lafasadatis-samāwātu wal-arḍu wa man fīhinn(a), bal ataināhum biżikrihim fahum ‘an żikrihim mu‘riḍūn(a).
[71] Lan sak upama kebeneran (al-Qur'an) iku manut marang hawa nafsune wong - wong mau (anggone musyrik nganakake pangeran sak liyane Allah, ngarani Allah iku peputra lan sepadhane) mesthi langit bumi sak isine kabeh iku padha rusak. Saktemene Ingsun wis dhawuhake al-QUr'an iki marang wong - wong mau nanging dheweke padha mlengos saka pepilinge.

اَمْ تَسْـَٔلُهُمْ خَرْجًا فَخَرَاجُ رَبِّكَ خَيْرٌ ۖوَّهُوَ خَيْرُ الرّٰزِقِيْنَ٧٢
Am tas'aluhum kharjan fa kharāju rabbika khair(un), wa huwa khairur-rāziqīn(a).
[72] Utawa apa anggonira andhawuhake al-Qur'an iki sira nganggo anjaluk pituwas marang wong kafir, sumurupa ganjaran pangeranira iku luweih becik. Dene Allah iku becik - becike dzat kang paring rejeki (paring ganjaran).

وَاِنَّكَ لَتَدْعُوْهُمْ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٧٣
Wa innaka latad‘ūhum ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[73] Lan saktemene sira (Muhammad) iku temen ajak - ajak ing wong - wong mau marang dalan kang bener (agama Islam).

وَاِنَّ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ عَنِ الصِّرَاطِ لَنٰكِبُوْنَ٧٤
Wa innal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati ‘aniṣ-ṣirāṭi lanākibūn(a).
[74] Lan saktemene wong - wong kang ora percaya marang akherat iku nyimpang saka agama kang bener.

۞ وَلَوْ رَحِمْنٰهُمْ وَكَشَفْنَا مَا بِهِمْ مِّنْ ضُرٍّ لَّلَجُّوْا فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ٧٥
Wa lau raḥimnāhum wa kasyafnā mā bihim min ḍurril lalajjū fī ṭugyānihim ya‘mahūn(a).
[75] Lan upama wong - wong kafir iku Ignsun paringi rahmat lan Ingsun ilangake kesusahane (anggone nandang pailan) mesthi sangsaya ndodro anggone nasar, bali kaya mau - maune.

وَلَقَدْ اَخَذْنٰهُمْ بِالْعَذَابِ فَمَا اسْتَكَانُوْا لِرَبِّهِمْ وَمَا يَتَضَرَّعُوْنَ٧٦
Wa laqad akhażnāhum bil-‘ażābi famastakānū lirabbihim wa mā yataḍarra‘ūn(a).
[76] Lan yekti saktemene Ingsun wis nurunake siksa marang wong - wong mau (wujud pailan) nanging dheweke meksa ora gelem sumungkem (andhap asor) marang pangerane lan ora gelem mareni anggone nasar (ora gelem ndendepe).

حَتّٰىٓ اِذَا فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَابًا ذَا عَذَابٍ شَدِيْدٍ اِذَا هُمْ فِيْهِ مُبْلِسُوْنَ ࣖ٧٧
Ḥattā iżā fataḥnā ‘alaihim bāban żā ‘ażābin syadīdin iżā hum fīhi mublisūn(a).
[77] Nganti padha Ingsun bukaki lawange siksa kang banget abote (yaiku mati ana ing perang Badar), ing kono padha kasip ora bisa ngarep - arep kabecikan.

وَهُوَ الَّذِيْٓ اَنْشَاَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْاَبْصَارَ وَالْاَفْـِٕدَةَۗ قَلِيْلًا مَّا تَشْكُرُوْنَ٧٨
Wa huwal-lażī yuḥyī wa yumītu wa lahukhtilāful-laili wan-nahār(i), afalā ta‘qilūn(a).
[78] Lan panjenengane iku kang wis gawe pengrungu, pandeleng lan ati kanggo sira kabeh nanging sethithik banget sira kang padha syukur.

وَهُوَ الَّذِيْ ذَرَاَكُمْ فِى الْاَرْضِ وَاِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٧٩
Bal qālū miṡla mā qālal-awwalūn(a).
[79] Lan panjenengane iku kang wis gawe pengrungu, pandeleng lan ati kanggo sira kabeh nanging sethithik banget sira kang padha syukur.

وَهُوَ الَّذِيْ يُحْيٖ وَيُمِيْتُ وَلَهُ اخْتِلَافُ الَّيْلِ وَالنَّهَارِۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٨٠
Qālū a'iżā mitnā wa kunnā turābaw wa ‘iẓāman a'innā lamab‘ūṡūn(a).
[80] Lan panjenengane iku kang gawe urip gawe pati, lan mung panjenengane piyambak kang nguasani bedane wengi lan rina, apa sira padha ora mikir.

بَلْ قَالُوْا مِثْلَ مَا قَالَ الْاَوَّلُوْنَ٨١
Laqad wu‘idnā naḥnu wa ābā'unā hāżā min qablu in hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[81] Nanging wong - wong kafir mau padha ngucap kaya pengucape wong kafir jaman biyen.

قَالُوْٓا ءَاِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَّعِظَامًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَ٨٢
Qālū a'iżā mitnā wa kunnā turābaw wa ‘iẓāman a'innā lamab‘ūṡūn(a).
[82] Wong - wong kafir biyen padha ngucap mengkene, "Besuk menawa aku wis mati sarta wis dadi lemah lan dadi balung apa iya aku kabeh padha bakal ditangekake (diuripake maneh)".

لَقَدْ وُعِدْنَا نَحْنُ وَاٰبَاۤؤُنَا هٰذَا مِنْ قَبْلُ اِنْ هٰذَآ اِلَّآ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ٨٣
Laqad wu‘idnā naḥnu wa ābā'unā hāżā min qablu in hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[83] Saktemene bab bakal tangine wong kang wis mati iku aku iya wis didhawuhi (Muhammad), para leluhur biyen iya padha didhawuhi dening Rosule dhewe - dhewe. Nanging panemuku kang kaya mengkono ora liya mung gawe - gawene wong jaman biyen, ora bakal ana nyatane.

قُلْ لِّمَنِ الْاَرْضُ وَمَنْ فِيْهَآ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٨٤
Qul limanil-arḍu wa man fīhā in kuntum ta‘lamūn(a).
[84] (Muhammad) sira dhawuha, "KAgungane sapa bumi dalah sak isine kabeh iki yen nyata sira sumurp (marang kang kagungan)?"

سَيَقُوْلُوْنَ لِلّٰهِ ۗقُلْ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ٨٥
Sayaqūlūna lillāh(i), qul afalā tażakkarūn(a).
[85] Wong - wong kafir mau bakal padha mangsuli, "KAgungane Allah". Yen wis mangsuli mengkono sira dhawuha maneh, "Yo gene kowe padha ora mangerti menawa Pangeran kang kuasa nganakake menungsa iku uga kuasa nguripake wong kang wus mati?"

قُلْ مَنْ رَّبُّ السَّمٰوٰتِ السَّبْعِ وَرَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيْمِ٨٦
Qul mar rabbus-samāwātis-sab‘i wa rabbul-‘arsyil-‘aẓīm(i).
[86] (Muhammad) sira dhawuha, "Sapa Pangerane pitung langit lan Pangeraning Arsy?"

سَيَقُوْلُوْنَ لِلّٰهِ ۗقُلْ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ٨٧
Sayaqūlūna lillāh(i), qul afalā tattaqūn(a).
[87] Wong - wong kafir mesthi padha mangsuli, "Kabeh iku kagungane Allah". Yen wis mangsuli mengkono sira banjur dhawuha, "Yogene kowe padha ora wedi manembah sakliyane Allah?"

قُلْ مَنْۢ بِيَدِهٖ مَلَكُوْتُ كُلِّ شَيْءٍ وَّهُوَ يُجِيْرُ وَلَا يُجَارُ عَلَيْهِ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٨٨
Qul mam biyadihī malakūtu kulli syai'iw wa huwa yujīru wa lā yujāru ‘alaihi in kuntum ta‘lamūn(a).
[88] (Muhammad) sira nuli dhawuha maneh mara sapa kang kagungan ngasta pusarane kabeh barang kang dumadi, tur kuasa rumeksa marang barang mau, apa dene ora ana kang bisa ngalang - alangi kersani tumrap kabeh barang kang dumadi mau, apa sira padha sumurup?

سَيَقُوْلُوْنَ لِلّٰهِ ۗقُلْ فَاَنّٰى تُسْحَرُوْنَ٨٩
Sayaqūlūna lillāh(i), qul fa annā tusḥarūn(a).
[89] Wong - wong kafir mau mesthi padha mangsuli, "Kabeh iku kagungane Allah". Yen wis mangsuli mengkono sira dhawuha, "Kepriye kowe padha ora gelem sumungkem ngabekti marang Allah, barang wis terang bener teka kok arani luput?"

بَلْ اَتَيْنٰهُمْ بِالْحَقِّ وَاِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ٩٠
Bal ataināhum bil-ḥaqqi wa innahum lakāżibūn(a).
[90] (Muhammad) Ingsun wis andhawuhake barang kang hak marang wong kafir (yaiku anggone ngarani ALlah peputra iku mukhal lan anggone padha musyrik iku luput). Saktemene pengucape wong - wong kafir iku padha goroh.

مَا اتَّخَذَ اللّٰهُ مِنْ وَّلَدٍ وَّمَا كَانَ مَعَهٗ مِنْ اِلٰهٍ اِذًا لَّذَهَبَ كُلُّ اِلٰهٍۢ بِمَا خَلَقَ وَلَعَلَا بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍۗ سُبْحٰنَ اللّٰهِ عَمَّا يَصِفُوْنَ ۙ٩١
Mattakhażallāhu miw waladiw wa mā kāna ma‘ahū min ilāhin iżal lażahaba kullu ilāhim bimā khalaqa wa la‘alā ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍ(in), subḥānallāhi ‘ammā yaṣifūn(a).
[91] Kang hak, Allah iku ora peputra, lan ora ana barang kang melu jumeneng pangeran, mesthi siji - sijine pangeran mau kudu ngalahake marang pangerane (kabeh iku ora ana nyatane). Allah iku maha suci saka sesipatan kang diucapake wong - wong kafir mau.

عٰلِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ ࣖ٩٢
‘Ālimil-gaibi wasy-syahādati fa ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[92] Allah iku nguningani barang kang ghaib lan barang kang kasat mata. Maha luhur Allah saka barang kang disekutokake dening wong kafir mau.

قُلْ رَّبِّ اِمَّا تُرِيَنِّيْ مَا يُوْعَدُوْنَ ۙ٩٣
Qur rabbi immā turiyannī mā yū‘adūn(a).
[93] (Muhammad) sira munjukka marang Ingsun mengkene, "Dhuh Panjenengan badhe maringi sumerap dhumateng kawula, anggen panjenengan ngleksanani siksa dhateng tiyang kafir ingkang sampun panjenengan janjekaken".

رَبِّ فَلَا تَجْعَلْنِيْ فِى الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٩٤
Rabbi falā taj‘alnī fil-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[94] "Dhuh Pangeran kawula mugi panjenengan mugi sampun ngatuttaken kawula kasarengake tumut risak para tiyang kafir wau".

وَاِنَّا عَلٰٓى اَنْ نُّرِيَكَ مَا نَعِدُهُمْ لَقٰدِرُوْنَ٩٥
Wa innā ‘alā an nuriyaka mā na‘iduhum laqādirūn(a).
[95] (Muhammad) saktemen Ingsun kuasa nuduhake marang sira ing siksa kang wis Ingsun janjekake marang wong - wong mau.

اِدْفَعْ بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ السَّيِّئَةَۗ نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَصِفُوْنَ٩٦
Idfa‘ bil-latī hiya aḥsanus-sayyi'ah(ta), naḥnu a‘lamu bimā yaṣifūn(a).
[96] (Muhammad) sira nulaka tindak ala kelawan tindak kang luwih becik. Ingsun luwih ngudaneni marang barang kang diucapake dening wong - wong kafir mau (ucapan goroh).

وَقُلْ رَّبِّ اَعُوْذُ بِكَ مِنْ هَمَزٰتِ الشَّيٰطِيْنِ ۙ٩٧
Wa qur rabbi a‘ūżu bika min hamazātisy-syayāṭīn(i).
[97] (Muhammad) sira munjukka mengkene, "Dhuh Pangeran kawula, Kawula nyuwun reksa dhumateng panjenengan saking panggodaning syetan - syetan".

وَاَعُوْذُ بِكَ رَبِّ اَنْ يَّحْضُرُوْنِ٩٨
Wa a‘ūżu bika rabbi ay yaḥḍurūn(i).
[98] "Dhuh pangeran, kawula nyuwun reksa sampun ngantos kedhatengan syetan wau".

حَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءَ اَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ رَبِّ ارْجِعُوْنِ ۙ٩٩
Ḥattā iżā jā'a aḥadahumul-mautu qāla rabbirji‘ūn(i).
[99] Wong - wong kafir mau anggone padha musyrik kebacut nganti tekan matine, ing kono banjur ngunjuk ing Allah, "Dhuh pangeran kawula, mugi panjenengan mangsulaken dhateng donya malih".

لَعَلِّيْٓ اَعْمَلُ صَالِحًا فِيْمَا تَرَكْتُ كَلَّا ۗاِنَّهَا كَلِمَةٌ هُوَ قَاۤىِٕلُهَاۗ وَمِنْ وَّرَاۤىِٕهِمْ بَرْزَخٌ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ١٠٠
La‘allī a‘malu ṣāliḥan fīmā taraktu kallā, innahā kalimatun huwa qā'iluhā, wa miw warā'ihim barzakhun ilā yaumi yub‘aṡūn(a).
[100] "Supados kawula saget (maos syahadat) nindakaken kesaenan wonten ing donya. Ing perkawis ingkang kawula tilar". (Pangandikane Allah), "Ora pisan - pisan bisabali", saktemene penyuwune iku mung gunem kang diucapake kang ora ana gunane, lan ing sakburine ana aling - aling kang ngalang - alangi wong - wong mau bali marang donya, nganti dinane ditangekake saka pati.

فَاِذَا نُفِخَ فِى الصُّوْرِ فَلَآ اَنْسَابَ بَيْنَهُمْ يَوْمَىِٕذٍ وَّلَا يَتَسَاۤءَلُوْنَ١٠١
Fa iżā nufikha fiṣ-ṣūri falā ansāba bainahum yauma'iżiw wa lā yatasā'alūn(a).
[101] Ing besuk menawa slomprete (malaikat Israfil) wis diunekake (dina Qiyamat) dina iku ora ana maneh hambek kumaluhur ing bab nasabe lan ora ana maneh sing takon - tinakon.

فَمَنْ ثَقُلَتْ مَوَازِيْنُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ١٠٢
Faman ṡaqulat mawāzīnuhū fa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[102] Sing sapa kang abot timbangane (kabecikan) won g- wong iku kang pikantuk kabegjan.

وَمَنْ خَفَّتْ مَوَازِيْنُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فِيْ جَهَنَّمَ خٰلِدُوْنَ ۚ١٠٣
Wa man khaffat mawāzīnuhū fa ulā'ikal-lażīna khasirū anfusahum fī jahannama khālidūn(a).
[103] Dene wong kang entheng timbangane, wong - wong mau kang padha kapitunan akawe dhewe bakal langgeng ana ing neraka jahannam.

تَلْفَحُ وُجُوْهَهُمُ النَّارُ وَهُمْ فِيْهَا كٰلِحُوْنَ١٠٤
Talfaḥu wujūhahumun-nāru wa hum fīhā kāliḥūn(a).
[104] Rahine padha gosong dening geni, wong - wong kafir mau ana ing neraka padha mrengut (mringis).

اَلَمْ تَكُنْ اٰيٰتِيْ تُتْلٰى عَلَيْكُمْ فَكُنْتُمْ بِهَا تُكَذِّبُوْنَ١٠٥
Alam takun āyātī tutlā ‘alaikum fa kuntum bihā tukażżibūn(a).
[105] Wong - wong kafir mau banjur padha tampa dhawuh, "Nalika sira ana ing donya apa ora wis diwacakake ayat - ayat ingsun, dhek samana sira padha anggorohake".

قَالُوْا رَبَّنَا غَلَبَتْ عَلَيْنَا شِقْوَتُنَا وَكُنَّا قَوْمًا ضَاۤلِّيْنَ١٠٦
Qālū rabbanā galabat ‘alainā syiqwatunā wa kunnā qauman ḍāllīn(a).
[106] Wong - wong kafir mau bajur padha ngunjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, anggen kula maiben punika jalaran sampun kalindhih dhateng cilaka ingkang tuwuh saking awonipun lampah kawula, mila dados tiyang kesasar".

رَبَّنَآ اَخْرِجْنَا مِنْهَا فَاِنْ عُدْنَا فَاِنَّا ظٰلِمُوْنَ١٠٧
Rabbanā akhrijnā minhā fa in ‘udnā fa innā ẓālimūn(a).
[107] "Dhuh Pangeran, kawula mugi panjenengan entasaken saking neraka. Menawi ngantos sami purun wangsul kafir malih kaula tetep nganiaya dhateng badan kula piyambak".

قَالَ اخْسَـُٔوْا فِيْهَا وَلَا تُكَلِّمُوْنِ١٠٨
Qālakhsa'ū fīhā wa lā tukallimūn(i).
[108] Allah paring pangendika, "Sira kabeh dadiya asor ana ing neraka, lan aja kakeyan atur marang Ingsun (nyuwun dientasake saka neraka)".

اِنَّهٗ كَانَ فَرِيْقٌ مِّنْ عِبَادِيْ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَآ اٰمَنَّا فَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا وَاَنْتَ خَيْرُ الرّٰحِمِيْنَ ۚ١٠٩
Innahū kāna farīqum min ‘ibādī yaqūlūna rabbanā āmannā fagfir lanā warḥamnā wa anta khairur-rāḥimīn(a).
[109] Sak temene ana kawulaingsun sak watara yaiku wong mukmin kang padha munjuk marang Ingsun mengkene, "Dhuh pangeran, kawula punika iman dhateng panjenengan mugi - mugi panjenengan kersa paring pangapunten dhateng kalepatan, saha mugi angngrentahna sih dumateng kawula. Inggih Panjenengan punika sae - sae ning dzat ingkang paring rahmat".

فَاتَّخَذْتُمُوْهُمْ سِخْرِيًّا حَتّٰىٓ اَنْسَوْكُمْ ذِكْرِيْ وَكُنْتُمْ مِّنْهُمْ تَضْحَكُوْنَ١١٠
Fattakhażtumūhum sikhriyyan ḥattā ansaukum żikrī wa kuntum minhum taḍḥakūn(a).
[110] (He wong kafir) kawulaningsun kang padha munjuk mengkono mau banjur padha sira anggo bulang - bulang lan sira nggeguyu nganti kelimput lali marang Ingsun.

اِنِّيْ جَزَيْتُهُمُ الْيَوْمَ بِمَا صَبَرُوْٓاۙ اَنَّهُمْ هُمُ الْفَاۤىِٕزُوْنَ١١١
Innī jazaituhumul-yauma bimā ṣabarū, annahum humul-fā'izūn(a).
[111] Saktemene dina iki, Ingsun angganjar wong - wong mukmin kelawan suwarga jalaran anggone sabar lan teguh atine. Saktemene dheweke wong mukimin iku wong - wong kangpadha pikantuk kabegjan.

قٰلَ كَمْ لَبِثْتُمْ فِى الْاَرْضِ عَدَدَ سِنِيْنَ١١٢
Qāla kam labiṡtum fil-arḍi ‘adada sinīn(a).
[112] ALla andangu marang wong kafir, "He wong kafir, pirang tahun lawase sira manggon ana ing bumi?"

قَالُوْا لَبِثْنَا يَوْمًا اَوْ بَعْضَ يَوْمٍ فَسْـَٔلِ الْعَاۤدِّيْنَ١١٣
Qālū labiṡnā yauman au baḍa yaumin fas'alil-‘āddīn(a).
[113] (Wong - wong kafir mau) banjur padha matur, "Anggen kawula wonten ing donya rumiyin namung sedinten utawi setengah dinten. SUmangga andangua dhumateng Malaikat ingkang nyatheti ngamaling manungsa".

قٰلَ اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا قَلِيْلًا لَّوْ اَنَّكُمْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ١١٤
Qāla il labiṡtum illā qalīlal lau annakum kuntum ta‘lamūn(a).
[114] Allah ngendika, "Menawa sira padha weruh lan mangerti, anggonira ana ing donya biyen, mung sedhela banget, menawa sira weruh".

اَفَحَسِبْتُمْ اَنَّمَا خَلَقْنٰكُمْ عَبَثًا وَّاَنَّكُمْ اِلَيْنَا لَا تُرْجَعُوْنَ١١٥
Afa ḥasibtum annamā khalaqnākum ‘abaṡaw wa annakum ilainā lā turja‘ūn(a).
[115] "Apa sira duwe pengira, menawa anggoningsun nitahake sira iku mung dedolanan, tanpa guna, lan saktemene sira ora disowanake marang ngasaningsun?"

فَتَعٰلَى اللّٰهُ الْمَلِكُ الْحَقُّۚ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ رَبُّ الْعَرْشِ الْكَرِيْمِ١١٦
Fa ta‘ālallāhul-malikul-ḥaqq(u), lā ilāha illā huw(a), rabbul-‘arsyil-karīm(i).
[116] Maha luhur Allah. Raja kang sejati (haq), ora ana Pangeran kang wajib disembah kejaba Panjenengane piyambak, Pangeran Arasy kang mulya.

وَمَنْ يَّدْعُ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ لَا بُرْهَانَ لَهٗ بِهٖۙ فَاِنَّمَا حِسَابُهٗ عِنْدَ رَبِّهٖۗ اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الْكٰفِرُوْنَ١١٧
Wa may yad‘u ma‘allāhi ilāhan ākhara lā burhāna lahū bih(ī), fa innamā ḥisābuhū ‘inda rabbih(ī), innahū lā yufliḥul-kāfirūn(a).
[117] Dene wong kang manembah marang pangeran liya bebarengan manembah marang Allah, etmen dheweke ora duweni tandha yekti lan keterangan marang kepengeranane sesembahan liyane iku, saktemene piwalese wong - wong mau mung gumantung marang Pangerane. Saktemene wong - wong kafir iku ora pikatuk kabegjan.

وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرّٰحِمِيْنَ ࣖ١١٨
Wa qur rabbigfir warḥam wa anta khairur-rāḥimīn(a).
[118] (Muhammad) sira munjuka marang Pangeranira, "Dhuh Pangeran kawula, mugi - mugi Panjenengan kersa paring pangapunten tuwin kersa paring rahmat dhateng para kawula ingkang mukmin. Dne Panjenengan punika sae - saening Pangeran ingkang paring rahmat (sempurna Piyambak)"