Surah Al-Hajj

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمْۚ اِنَّ زَلْزَلَةَ السَّاعَةِ شَيْءٌ عَظِيْمٌ١
Yā ayyuhan-nāsuttaqū rabbakum, inna zalzalatas-sā‘ati syai'un ‘aẓīm(un).
[1] He para manungsa. Sira padha bektia ing Allah Pangeranira, jalaran satemene lindhu gedhe ngarepake dina Qiyamat iku perkara gedhe kang gegirisi.

يَوْمَ تَرَوْنَهَا تَذْهَلُ كُلُّ مُرْضِعَةٍ عَمَّآ اَرْضَعَتْ وَتَضَعُ كُلُّ ذَاتِ حَمْلٍ حَمْلَهَا وَتَرَى النَّاسَ سُكٰرٰى وَمَا هُمْ بِسُكٰرٰى وَلٰكِنَّ عَذَابَ اللّٰهِ شَدِيْدٌ٢
Yauma taraunahā tażhalu kullu murḍi‘atin ‘ammā arḍa‘at wa taḍa‘u kullu żāti ḥamlin ḥamlahā wa taran-nāsa sukārā wa mā hum bisukārā wa lākinna ‘ażāballāhi syadīd(un).
[2] Nalikane sira andeleng lindhu mau. Ing dina iku kabeh wong kang nusoni padha lali marang susone, lan wong wadon kang padha bobot padha gogorok bobotane, lan sira padha andeleng polahing manungsa padha kaya wong mendem saking dening bingunge, nanging satemene ora mendem. Mung bae siksane Allah iku dhasar abot temenan.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُّجَادِلُ فِى اللّٰهِ بِغَيْرِ عِلْمٍ وَّيَتَّبِعُ كُلَّ شَيْطٰنٍ مَّرِيْدٍۙ٣
Wa minan-nāsi may yujādilu fillāhi bigairi ‘ilmiw wa yattabi‘u kulla syaiṭānim marīd(in).
[3] Lan sawenehing manungsa ana kang madoni Nabi Muhammad ing perkara agama tanpa pengerten, lan dheweke manut syetan kang kelantur - lantur sasare.

كُتِبَ عَلَيْهِ اَنَّهٗ مَنْ تَوَلَّاهُ فَاَنَّهٗ يُضِلُّهٗ وَيَهْدِيْهِ اِلٰى عَذَابِ السَّعِيْرِ٤
Kutiba ‘alaihi annahū man tawallāhu fa annahū yuḍilluhū wa yahdīhi ilā ‘ażābis-sa‘īr(i).
[4] Wis pinasthi syetan iku dadi godha. Sing sapa manut syetan mesthi nasarake marang wong kang manut; lan dituduhake dalan anjog marang siksa neraka kang mulad - mulad.

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنْ كُنْتُمْ فِيْ رَيْبٍ مِّنَ الْبَعْثِ فَاِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ تُرَابٍ ثُمَّ مِنْ نُّطْفَةٍ ثُمَّ مِنْ عَلَقَةٍ ثُمَّ مِنْ مُّضْغَةٍ مُّخَلَّقَةٍ وَّغَيْرِ مُخَلَّقَةٍ لِّنُبَيِّنَ لَكُمْۗ وَنُقِرُّ فِى الْاَرْحَامِ مَا نَشَاۤءُ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى ثُمَّ نُخْرِجُكُمْ طِفْلًا ثُمَّ لِتَبْلُغُوْٓا اَشُدَّكُمْۚ وَمِنْكُمْ مَّنْ يُّتَوَفّٰى وَمِنْكُمْ مَّنْ يُّرَدُّ اِلٰٓى اَرْذَلِ الْعُمُرِ لِكَيْلَا يَعْلَمَ مِنْۢ بَعْدِ عِلْمٍ شَيْـًٔاۗ وَتَرَى الْاَرْضَ هَامِدَةً فَاِذَآ اَنْزَلْنَا عَلَيْهَا الْمَاۤءَ اهْتَزَّتْ وَرَبَتْ وَاَنْۢبَتَتْ مِنْ كُلِّ زَوْجٍۢ بَهِيْجٍ٥
Yā ayyuhan-nāsu in kuntum fī raibim minal-ba‘ṡi fa innā khalaqnākum min turābin ṡumma min nuṭfatin ṡumma min ‘alaqatin ṡumma mim muḍgatim mukhallaqatiw wa gairi mukhallaqatil linubayyina lakum, wa nuqirru fil-arḥāmi mā nasyā'u ilā ajalim musamman ṡumma nukhrijukum ṭiflan ṡumma litablugū asyuddakum, wa minkum may yutawaffā wa minkum may yuraddu ilā arżalil-‘umuri likailā ya‘lama ba‘da ‘ilmin syai'ā(n), wa taral-arḍa hāmidatan fa iżā anzalnā ‘alaihal-mā'ahtazzat wa rabat wa ambatat min kulli zaujim bahīj(in).
[5] He para manungsa. Menawa sira mamang perkara bakal tangine wong kang wis mati, sira mikira. Ingsun wis gawe leluhurira Nabi Adam saka ing lemah, saiki Ingsun nitahake awakira saka mani. Banjur dadi gethi kenthel, banjur Ingsun dadekake daging ganep wujud bayi lan ora ganep. Supaya sira terangake marang kasampurnaning kuwasaningsun. Lesan mau kang ingsun kersakake, lestari dadi manungsa Ingsun lerenake ing guwagarbane tekan mangsa lahir. Sira banjur Ingsun wetokake dadi bayi, nuli Ingsun paringi urip nganti tekan wayah mempeng. Sawenehe manungsa ana kang mati sadurunge dhewasa, lan ana kang dadwa ngumure nganti pikun, (iku kersaningsun) nganti sipikun mau laliya barang kang maune wis disumurupi. Lan maneh sira andeleng bumi iku ngenthak - enthak tanpa thethukulan. Bareng wis Ingsun turuni banyu udan, banjur ngarejet (obah) thukul thethukulan warna - warni kang mbungahake para manungsa (kang becik - becik).

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْحَقُّ وَاَنَّهٗ يُحْيِ الْمَوْتٰى وَاَنَّهٗ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ۙ٦
Żālika bi'annallāha huwal-ḥaqqu wa annahū yuḥyil-mautā wa annahū ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[6] Kabeh kang wis kasebut mau, iku tandhayekti menawa satemene Pangeran Allah iku ana temenan, sarta kuwasa nguripake wong kang wis padha mati. Lan satemene Panjenengane Allah iku nguwasani marang kabeh barang.

وَّاَنَّ السَّاعَةَ اٰتِيَةٌ لَّا رَيْبَ فِيْهَاۙ وَاَنَّ اللّٰهَ يَبْعَثُ مَنْ فِى الْقُبُوْرِ٧
Wa annas-sā‘ata ātiyatul lā raiba fīhā, wa annallāha yab‘aṡu man fil-qubūr(i).
[7] (Lan supaya sira sumurupa) satemene dina QIyamat iku mesthi kaleksanan, ora mamang-mamang maneh. Lan satemene ALlah iu bakal nangekake sapa bae kang ana ing kubur.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُّجَادِلُ فِى اللّٰهِ بِغَيْرِ عِلْمٍ وَّلَا هُدًى وَّلَا كِتٰبٍ مُّنِيْرٍ ۙ٨
Wa minan-nāsi may yujādilu fillāhi bigairi ‘ilmiw wa lā hudaw wa lā kitābim munīr(in).
[8] Lan sawenehe manungsa ana kang madoni bab sifat lan kahanane Allah, kanthi tanpa waton ilmu, pituduhing Alha, apa maneh tanpa wewaton kitabing Allah kang madhangake ati.

ثَانِيَ عِطْفِهٖ لِيُضِلَّ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗ لَهٗ فِى الدُّنْيَا خِزْيٌ وَّنُذِيْقُهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ عَذَابَ الْحَرِيْقِ٩
Ṡāniya ‘iṭfihī liyuḍilla ‘an sabīlillāh(i), lahū fid-dun-yā khizyuw wa nużīquhū yaumal-qiyāmati ‘ażābal-ḥarīq(i).
[9] DHeweke padha ewa, nenglengkae gulune, pamrihe supaya wong - wong liyane padha kesasar saka dalane ALlah (agamane Allah). Wong kang mengkono iku ana ing donya mesthi nandhang siksa. Dene besuk ana ing akhirat bakal ngerasake (ngincipi) siksa neraka kang nggosongake.

ذٰلِكَ بِمَا قَدَّمَتْ يَدٰكَ وَاَنَّ اللّٰهَ لَيْسَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِ ࣖ١٠
Żālika bimā qaddamat yadāka wa annallāha laisa biẓallāmil lil-‘abīd(i).
[10] (He wong kafir) mulane sira Ingsun siksa ana ing donya lan ing akhirat, amarga saka tindakira kang wis sira tindakake klawan tanganira dhewe. Satemene Allah ora pisan - pisan nganiaya marang para kawulane.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّعْبُدُ اللّٰهَ عَلٰى حَرْفٍۚ فَاِنْ اَصَابَهٗ خَيْرُ ِۨاطْمَئَنَّ بِهٖۚ وَاِنْ اَصَابَتْهُ فِتْنَةُ ِۨانْقَلَبَ عَلٰى وَجْهِهٖۗ خَسِرَ الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةَۗ ذٰلِكَ هُوَ الْخُسْرَانُ الْمُبِيْنُ١١
Wa minan-nāsi may ya‘budullāha ‘alā ḥarf(in), fa in aṣābahū khairuniṭma'anna bih(ī), wa in aṣābathu fitnatuninqalaba ‘alā wajhih(ī), khasirad-dun-yā wal-ākhirah(ta), żālika huwal-khusrānul-mubīn(u).
[11] Lan sawenehe manungsa ana kang manembah ing Alah kanthi minggrang - minggring, atine mamang. Dadi manawa nemu kabecikan, atine iya tentrem, nanging menawa kesandung ing reribet, banjur ,balik dadi kafir. Wong kang mengkono mau kapitunan ana ing donya lan ing Akhirat. Iya mengkono iku kapitunan kang nyata.

يَدْعُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَضُرُّهٗ وَمَا لَا يَنْفَعُهٗۗ ذٰلِكَ هُوَ الضَّلٰلُ الْبَعِيْدُ ۚ١٢
Yad‘ū min dūnillāhi mā lā yaḍurruhū wa mā lā yanfa‘uh(ū), żālika huwaḍ-ḍalālul-ba‘īd(u).
[12] Wong - wong mau manembah marang saliyane Allah, yaiku brahala, kang menawa ora disembah ora bisa gawe kemlaratan apa dene menawa disembah iya ora bisa gawe manfaat. Iya kaya mengkono iku kang aran kesasar kang adoh banget.

يَدْعُوْا لَمَنْ ضَرُّهٗٓ اَقْرَبُ مِنْ نَّفْعِهٖۗ لَبِئْسَ الْمَوْلٰى وَلَبِئْسَ الْعَشِيْرُ١٣
Yad‘ū laman ḍarruhū aqrabu min naf‘ih(ī), labi'sal-maulā wa labi'sal-‘asyīr(u).
[13] Manembah brahala kang akeh lerege dadi kemlaratan tinimbang daddi paedah. Barang kang dianggep pangeran lan kanca, dikira bakal tetulung ing karibedan, iku kang ala dhewe iya brahala.

اِنَّ اللّٰهَ يُدْخِلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۗ اِنَّ اللّٰهَ يَفْعَلُ مَا يُرِيْدُ١٤
Innallāha yudkhilul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), innallāha yaf‘alu mā yurīd(u).
[14] Satemene Allah ing tembe bakal nglebokake wong - wong mukmin lan kang padha nindakake kebecika, padha dilebokake ing suwarga, kang ana bengawane mili ana sangisare wit - witan. Satemene Allah iku nindakake samubarang kang dadi kersane.

مَنْ كَانَ يَظُنُّ اَنْ لَّنْ يَّنْصُرَهُ اللّٰهُ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ فَلْيَمْدُدْ بِسَبَبٍ اِلَى السَّمَاۤءِ ثُمَّ لْيَقْطَعْ فَلْيَنْظُرْ هَلْ يُذْهِبَنَّ كَيْدُهٗ مَا يَغِيْظُ١٥
Man kāna yaẓunnu allay yanṣurahullāhu fid-dun-yā wal-ākhirati falyamdud bisababin ilas-samā'i ṡummalyaqṭa‘ falyanẓur hal yużhibanna kaiduhū mā yagīẓ(u).
[15] Sing sapa duwe pangira, yen Nabi Muhammad ora ditulungi dening ALlah ana ing donya lan akhirat, mara dheweke ngulurna tali marang (sampai) langit. nuli mlaku lewat tali mau marang langit, banjur supaya andelenga apa pangrekane iku bisa ngilangake barang kang jengkelake atine.

وَكَذٰلِكَ اَنْزَلْنٰهُ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍۙ وَّاَنَّ اللّٰهَ يَهْدِيْ مَنْ يُّرِيْدُ١٦
Wa każālika anzalnāhu āyātim bayyināt(in), wa annallāha yahdī may yurīd(u).
[16] Lan kaya mengkono Ingsun nurunake al-Qur'an iki, dadi tandha yekti. Lan satemene Allah iku nuduhake marang wong kang dadi keparenging kersane.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَادُوْا وَالصَّابِـِٕيْنَ وَالنَّصٰرٰى وَالْمَجُوْسَ وَالَّذِيْنَ اَشْرَكُوْٓا ۖاِنَّ اللّٰهَ يَفْصِلُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ١٧
Innal-lażīna āmanū wal-lażīna hādū waṣ-ṣābi'īna wan-naṣārā wal-majūsa wal-lażīna asyrakū, innallāha yafṣilu bainahum yaumal-qiyāmah(ti), innallāha ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[17] Satemene wong - wong kang padha iman, wong - wong Yahudi, wong - wong Shabiin, (wong kang ora duwe cecekelan agama utowo wong - wong kang manut agama - agamane leluhure), wong - wong Nasrani, wong - wong majusi lan wong - wong kang nyekutokake Pangerane (musyrik), satemene Allah bakal ngukumi antarane wong - wong mau kabeh ana ing dina Qiyamat. Satemene Allah iku nyekseni (mirsani) ing kabeh barang.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ يَسْجُدُ لَهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَمَنْ فِى الْاَرْضِ وَالشَّمْسُ وَالْقَمَرُ وَالنُّجُوْمُ وَالْجِبَالُ وَالشَّجَرُ وَالدَّوَاۤبُّ وَكَثِيْرٌ مِّنَ النَّاسِۗ وَكَثِيْرٌ حَقَّ عَلَيْهِ الْعَذَابُۗ وَمَنْ يُّهِنِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ مُّكْرِمٍۗ اِنَّ اللّٰهَ يَفْعَلُ مَا يَشَاۤءُ ۩ۗ١٨
Alam tara annallāha yasjudu lahū man fis-samāwāti wa man fil-arḍi wasy-syamsu wal-qamaru wan-nujūmu wal-jibālu wasy-syajaru wad-dawābbu wa kaṡīrum minan-nās(i), wa kaṡīrun ḥaqqa ‘alaihil-‘ażāb(u), wa may yuhinillāhu famā lahū mim mukrim(in), innallāha yaf‘alu mā yasyā'(u).
[18] Apa sira durung sumurup, menawa satemene Allah iku kang disujudi dening kabeh kang ana ing langet lan bumi, srengenge, rembulan, lintang - lintang, gungung - gunung, wit - witan, kewan - kewan lan akeh - akehe manungsa, Lan akeh uga manungsa kang kabener pikantk putusan siksa. (Amarga anggone kafir ora gelem sujud ing Allah). Sing sapa diasorake dening Allah digaduhi ati atos, iku ora bakal pikantuk kamulyan. Satemene Allah iku nindakake apa kang dikersakake.

۞ هٰذَانِ خَصْمٰنِ اخْتَصَمُوْا فِيْ رَبِّهِمْ فَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا قُطِّعَتْ لَهُمْ ثِيَابٌ مِّنْ نَّارٍۗ يُصَبُّ مِنْ فَوْقِ رُءُوْسِهِمُ الْحَمِيْمُ ۚ١٩
Hāżāni khaṣmānikhtaṣamū fī rabbihim fal-lażīna kafarū quṭṭi‘at lahum ṡiyābum min nār(in), yuṣabbu min fauqi ru'ūsihimul-ḥamīm(u).
[19] Iki ana wong rong golongan kang padha bebantahan (yaiku kaum muslimin, Yahudi, lan Nasrani) padha ngaku bener agamane dhewe - dhewe. (Dene putusane Allah) wong kafir padha dienggoni sandangan geni, sarta sirahe padha digrujuk ing wedang panas saka ing duwure.

يُصْهَرُ بِهٖ مَا فِيْ بُطُوْنِهِمْ وَالْجُلُوْدُ ۗ٢٠
Yuṣharu bihī mā fī buṭūnihim wal-julūd(u).
[20] Wedang panas mau ngejurake jerowane para wong kafir lan matengake kulite.

وَلَهُمْ مَّقَامِعُ مِنْ حَدِيْدٍ٢١
Wa lahum maqāmi‘u min ḥadīd(in).
[21] Lan disediakake kanggo gebug sirahe wong - wong mau pirang - pirang godo wesi.

كُلَّمَآ اَرَادُوْٓا اَنْ يَّخْرُجُوْا مِنْهَا مِنْ غَمٍّ اُعِيْدُوْا فِيْهَا وَذُوْقُوْا عَذَابَ الْحَرِيْقِ ࣖ٢٢
Kullamā arādū ay yakhrujū minhā min gammin u‘īdū fīhā, wa żūqū ‘ażābal-ḥarīq(i).
[22] Wong - wong kafir mau saben arep metu saka neraka, nedya ngoncati kasusahan, banjur dibalekake maneh marang telenging neraka sarta didhawuhake, "Mara rasakna siksa kang nggosongake"/

اِنَّ اللّٰهَ يُدْخِلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ يُحَلَّوْنَ فِيْهَا مِنْ اَسَاوِرَ مِنْ ذَهَبٍ وَّلُؤْلُؤًاۗ وَلِبَاسُهُمْ فِيْهَا حَرِيْرٌ٢٣
Innallāha yudkhilul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru yuḥallauna fīhā min asāwira min żahabiw wa lu'lu'ā(n), wa libāsuhum fīhā ḥarīr(un).
[23] Satemene Allah bakal nglebokake wong - wong kang iman lan wong kang nindakake kebecikan marang suwarga kang ngisorake ana bengawan mili, ana ing kono wong - wong mau dipaesi klawan gelan gemas lan mutiara. Lan panggonane wong - wong mau ana ing kono arupa sutra.

وَهُدُوْٓا اِلَى الطَّيِّبِ مِنَ الْقَوْلِۚ وَهُدُوْٓا اِلٰى صِرَاطِ الْحَمِيْدِ٢٤
Wa hudū ilaṭ-ṭayyibi minal-qaul(i), wa hudū ilā ṣirāṭil-ḥamīd(i).
[24] Lan maneh wong - wong mau ana ing donya dituduhake marang ucapan kang becik, (yaiku ucapan, "Laa Ilaaha Illal-laah", Muhammadur Rasulullaah) lan dituduhake marang dalan kang pinuji. (Yaiku Agama Islam)

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَيَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَالْمَسْجِدِ الْحَرَامِ الَّذِيْ جَعَلْنٰهُ لِلنَّاسِ سَوَاۤءً ۨالْعَاكِفُ فِيْهِ وَالْبَادِۗ وَمَنْ يُّرِدْ فِيْهِ بِاِلْحَادٍۢ بِظُلْمٍ نُّذِقْهُ مِنْ عَذَابٍ اَلِيْمٍ ࣖ٢٥
Innal-lażīna kafarū wa yaṣuddūna ‘an sabīlillāhi wal-masjidil-ḥarāmil-lażī ja‘alnāhu lin-nāsi sawā'anil-‘ākifu fīhi wal-bād(i), wa may yurid fīhi bi'ilḥādim biẓulmin nużiqhu min ‘ażābin alīm(in).
[25] Satemene wong - wong kafir padha ngalang - ngalangi para manungsa saka dalane (agamane) Allah lan saka Masjidil Haram kang wis Ingsun dadekake qiblat kanggo salate para manungsa, padha uga wong kang wis muqim utawa wong kang neneka. Lan sing sapa nedya nindakake larangan klawan nganiaya ana ing Masjidil Haram iku yekti Ingsun bakal aweh rasa marang dheweke kelawan siksa kang lara.

وَاِذْ بَوَّأْنَا لِاِبْرٰهِيْمَ مَكَانَ الْبَيْتِ اَنْ لَّا تُشْرِكْ بِيْ شَيْـًٔا وَّطَهِّرْ بَيْتِيَ لِلطَّاۤىِٕفِيْنَ وَالْقَاۤىِٕمِيْنَ وَالرُّكَّعِ السُّجُوْدِ٢٦
Wa iż bawwa'nā li'ibrāhīma makānal-baiti allā tusyrik bī syai'aw wa ṭahhir baitiya liṭ-ṭā'ifīna wal-qā'imīna war-rukka‘is-sujūd(i).
[26] (Muhammad) sira nyritakna nalika Ingsun dhawuh marang Nabi Ibrahim, nemtokake sawijining panggonan kang kudu dibangun (didegi) Ka'bah. Pangandikaningsun, "He Ibrahim, sira aja mangro tingal (musyrik) Sunngkemira marang Ingsun aja pisan - pisan kaworan marang liyane. Lan sira nucekna Ka'bah padalemaningsun kanggo wong kang padha Thawaf (ngubengi ka'bah) lan para wong kang muqim lan wongkang padha sholat, ruku' lan sujud."

وَاَذِّنْ فِى النَّاسِ بِالْحَجِّ يَأْتُوْكَ رِجَالًا وَّعَلٰى كُلِّ ضَامِرٍ يَّأْتِيْنَ مِنْ كُلِّ فَجٍّ عَمِيْقٍ ۙ٢٧
Wa ażżin fin-nāsi bil-ḥajji ya'tūka rijālaw wa ‘alā kulli ḍāmiriy ya'tīna min kulli fajjin ‘amīq(in).
[27] (Ibrahim) sira ngundangana para manungsa, supaya padha nglakoni ngibadah Haji marang ka'bah padaleman kagungan Ingsun. Wong kang tampa undangan mesthi ngestokake, padha teka ing panggonanira klawan mlaku dharat, dene kang adoh panggonane padha nunggang unta. Dheweke padha teka saka sadengah dadalan kang adoh.

لِّيَشْهَدُوْا مَنَافِعَ لَهُمْ وَيَذْكُرُوا اسْمَ اللّٰهِ فِيْٓ اَيَّامٍ مَّعْلُوْمٰتٍ عَلٰى مَا رَزَقَهُمْ مِّنْۢ بَهِيْمَةِ الْاَنْعَامِۚ فَكُلُوْا مِنْهَا وَاَطْعِمُوا الْبَاۤىِٕسَ الْفَقِيْرَ ۖ٢٨
Liyasyhadū manāfi‘a lahum wa yażkurusmallāhi fī ayyāmim ma‘lūmātin ‘alā mā razaqahum mim bahīmatil-an‘ām(i), fa kulū minhā wa aṭ‘imul-bā'isal-faqīr(a).
[28] Anggone padha teka mau supaya nyekseni (lan ngopeni) barang kang akeh kemanfaatane tumrap wong - wong mau (upamane nglakoni ngibadah Haji sinambi dagang), lan supaya padha nyebut asmane Allah ana ing dina kang katemtokake apa kang wis kaparengake dening Allah marang wong - wong mau, yaiku kewan raj-kaya. He manungsa mara padha mangana kewan raja-kaya mau, lan uga menehana pangan marang wong - wong kang kesusahan sarta fakir.

ثُمَّ لْيَقْضُوْا تَفَثَهُمْ وَلْيُوْفُوْا نُذُوْرَهُمْ وَلْيَطَّوَّفُوْا بِالْبَيْتِ الْعَتِيْقِ٢٩
Ṡummal yaqḍū tafaṡafahum wal yūfū nużūrahum wal yaṭṭawwafū bil-baitil-‘atīq(i).
[29] Banjur padha ngilangana lan ngresikana rereget (cukur lan ngethoki kuku lan liya - liyane), lan padha nuhoni nadzar - nadzarira, lan padha nindakna thowaf ngubengi ka'bah ana ing dalem kang kuno (ka'bah).

ذٰلِكَ وَمَنْ يُّعَظِّمْ حُرُمٰتِ اللّٰهِ فَهُوَ خَيْرٌ لَّهٗ عِنْدَ رَبِّهٖۗ وَاُحِلَّتْ لَكُمُ الْاَنْعَامُ اِلَّا مَا يُتْلٰى عَلَيْكُمْ فَاجْتَنِبُوا الرِّجْسَ مِنَ الْاَوْثَانِ وَاجْتَنِبُوْا قَوْلَ الزُّوْرِ ۙ٣٠
Żālika wa may yu‘aẓẓim ḥurumātillāhi fa huwa khairul lahū ‘inda rabbih(ī), wa uḥillat lakumul-an‘āmu illā mā yutlā ‘alaikum fajtanibur-rijsa minal-auṡāni wajtanibū qaulaz-zūr(i).
[30] Wis mengkono kaparenging kersaningsun. Dene sing sapa ngegungake (ngestokake) angger - anggering Allah, iku tumrap ing dheweke luwih becik mungguhing Allah Pangerane. Sira padha diparengake mangan iwake raja-kaya kang mawa dibeleh, kajaba kang wis dilarang. Jalaran saka iku, sira ngedohana kekotoran, yaiku manembah brahala - brahala, lan sira ngedohana ucapan kang batal (golongan roh).

حُنَفَاۤءَ لِلّٰهِ غَيْرَ مُشْرِكِيْنَ بِهٖۗ وَمَنْ يُّشْرِكْ بِاللّٰهِ فَكَاَنَّمَا خَرَّ مِنَ السَّمَاۤءِ فَتَخْطَفُهُ الطَّيْرُ اَوْ تَهْوِيْ بِهِ الرِّيْحُ فِيْ مَكَانٍ سَحِيْقٍ٣١
Ḥunafā'a lillāhi gaira musyrikīna bih(ī), wa may yusyrik billāhi fa ka'annamā kharra minas-samā'i fa takhṭafuhuṭ-ṭairu au tahwī bihir-rīḥu fī makānin saḥīq(in).
[31] Temen mligi sumungkem ing Allah ora mangro-tingal. Sing sapa mangro-tingal nyekuthokake Allah klawan liyane iku prasasat tiba saka langit, banjur disamber manuk utawa kabur angin, wusana tiba ing panggonan kang adoh banget (ora kena diarep - arep slamete).

ذٰلِكَ وَمَنْ يُّعَظِّمْ شَعَاۤىِٕرَ اللّٰهِ فَاِنَّهَا مِنْ تَقْوَى الْقُلُوْبِ٣٢
Żālika wa may yu‘aẓẓim sya‘ā'irallāhi fa innahā min taqwal-qulūb(i).
[32] Satemene iya pancen mengkono. (Kang kasebut saka ngedohi kabeh kotoran lan pangucap batal, goroh, lan printah kang diwajibake marang dheweke). Lan sing sapa kang ngegungake syi'ar - syi'ar (upacara) agamane Allah, satemene kang mengkono iku klebu golongan ati kang taqwa.

لَكُمْ فِيْهَا مَنَافِعُ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى ثُمَّ مَحِلُّهَآ اِلَى الْبَيْتِ الْعَتِيْقِ ࣖ٣٣
Lakum fīhā manāfi‘u ilā ajalim musamman ṡumma maḥilluhā ilal-baitil-‘atīq(i).
[33] Kewan mau manfa'ati marang sira pirang - pirang perkara, nganti tumeka wektune dibeleh. Sawise tekan wektune, panyebelehe wajib dilaksanani ana ing Mekkah, panggonane Ka'bah padaleman kagungane Allah kang kuna (Baitul 'atiq).

وَلِكُلِّ اُمَّةٍ جَعَلْنَا مَنْسَكًا لِّيَذْكُرُوا اسْمَ اللّٰهِ عَلٰى مَا رَزَقَهُمْ مِّنْۢ بَهِيْمَةِ الْاَنْعَامِۗ فَاِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ فَلَهٗٓ اَسْلِمُوْاۗ وَبَشِّرِ الْمُخْبِتِيْنَ ۙ٣٤
Wa likulli ummatin ja‘alnā mansakal liyażkurusmallāhi ‘alā mā razaqahum mim bahīmatil-an‘ām(i), fa ilāhukum ilāhuw wāḥidun fa lahū aslimū, wa basysyiril-mukhbitīn(a).
[34] Kabeh ummat zaman kuna kang padha Iman marang Allah, padha Ingsun parengake caos al-Qur'an, lan Ingsun dhawuhi nyebut Asmane Allah nalika nyembeleh raja kaya peparinging Allah. Lan sira bebungaha wong kang padha sumungkem ngestokake prentahing Allah, bakal pikantuk ganjaran suwarga.

الَّذِيْنَ اِذَا ذُكِرَ اللّٰهُ وَجِلَتْ قُلُوْبُهُمْ وَالصّٰبِرِيْنَ عَلٰى مَآ اَصَابَهُمْ وَالْمُقِيْمِى الصَّلٰوةِۙ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ٣٥
Allażīna iżā żukirallāhu wajilat qulūbuhum waṣ-ṣābirīna ‘alā mā aṣābahum wal-muqīmiṣ-ṣalāh(ti), wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[35] Yaiku wong kang atine konjem nalika nyebut Asmane Allah utawa ana wong nyebut asmane Allah mengkono uga wong kang padha teguh (sabar) atine anggone nandhang kemlaratan, lan wongkang padha tetep anggone nglakoni sholat, lang wong kang padha nanjakake rejeki peparingingsun.

وَالْبُدْنَ جَعَلْنٰهَا لَكُمْ مِّنْ شَعَاۤىِٕرِ اللّٰهِ لَكُمْ فِيْهَا خَيْرٌۖ فَاذْكُرُوا اسْمَ اللّٰهِ عَلَيْهَا صَوَاۤفَّۚ فَاِذَا وَجَبَتْ جُنُوْبُهَا فَكُلُوْا مِنْهَا وَاَطْعِمُوا الْقَانِعَ وَالْمُعْتَرَّۗ كَذٰلِكَ سَخَّرْنٰهَا لَكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٣٦
Wal-budna ja‘alnāhā lakum min sya‘ā'irillāhi lakum fīhā khair(un), fażkurusmallāhi ‘alaihā ṣawāff(a), fa iżā wajabat junūbuhā fa kulū minhā wa aṭ‘imul-qāni‘a wal-mu‘tarr(a), każālika sakhkharnāhā lakum la‘allakum tasykurūn(a).
[36] Lan unta sarta kebo sapi iku Ingsun parengake kanggo Qur'ban, dadi tanda syi'are agama Islam, agamane Allah, tumrap sira ana kang manfa'ati, ing akhirat pikantuk ganjaran, mulane nalika sira mbeleh khewan mau dijengkengake. SIra nyebuta Asmane Allah. Sawise mbeleh diparingake mangan iwake, lan uga menehana wong miskin kangora gelem njaluk lan kang njaluk. Kewan kang semono gagah perkosane mau Ingsun sungkemake manut sakarepira, supaya sira gelem syukur ing Allah.

لَنْ يَّنَالَ اللّٰهَ لُحُوْمُهَا وَلَا دِمَاۤؤُهَا وَلٰكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْۗ كَذٰلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ ۗ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِيْنَ٣٧
Lay yanālallāha luḥūmuhā wa lā dimā'uhā wa lākiy yanāluhut-taqwā minkum, każālika sakhkharahā lakum litukabbirullāha ‘alā mā hadākum, wa basysyiril-muḥsinīn(a).
[37] Daginging kewan kang giwane Qurban lan getihe, iku ora konjuk ing Allah. Dene kang konjuk ing Allah iku penggawe becik klawan gemolonging ati kanthi bektimu (taqwa) ing Allah. mengkono uga Allah ngungkemake unta lan kebo sapi kang gagah perkosane sumana marang sira, supaya sira nyebut Maha Agung marang Allah, awit Allah wis paring pitedah marang sira gama kang bener. Lan bebungaha wong kang padha nglakoni penggawe becik, percaya menawa Allah iku mung sawiji bebungahan bakal pikantuk ganjaran suwarga.

۞ اِنَّ اللّٰهَ يُدَافِعُ عَنِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ كُلَّ خَوَّانٍ كَفُوْرٍ ࣖ٣٨
Innallāha yudāfi‘u ‘anil-lażīna āmanū, innallāha lā yuḥibbu kulla khawwānin kafūr(in).
[38] Satemene Allah iku anjaga (pangreka dayane wong - wong musyrik) saka wong - wong kang iman. Satemene Allah ora rena marang wong - wong kang cidra, lan kufur (marang ni'mate).

اُذِنَ لِلَّذِيْنَ يُقَاتَلُوْنَ بِاَنَّهُمْ ظُلِمُوْاۗ وَاِنَّ اللّٰهَ عَلٰى نَصْرِهِمْ لَقَدِيْرٌ ۙ٣٩
Użina lil-lażīna yuqātalūna bi'annahum ẓulimū, wa innallāha ‘alā naṣrihim laqadīr(un).
[39] Wong - wong mukmin kang padha sumadya mengsah maju perang wis diparengake dening Allah, marga padha dikaniaya wong - wong kafir. Satemene Allah iku kuwasa paring pitulungan marang wong - wong kang padha iman.

ۨالَّذِيْنَ اُخْرِجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ بِغَيْرِ حَقٍّ اِلَّآ اَنْ يَّقُوْلُوْا رَبُّنَا اللّٰهُ ۗوَلَوْلَا دَفْعُ اللّٰهِ النَّاسَ بَعْضَهُمْ بِبَعْضٍ لَّهُدِّمَتْ صَوَامِعُ وَبِيَعٌ وَّصَلَوٰتٌ وَّمَسٰجِدُ يُذْكَرُ فِيْهَا اسْمُ اللّٰهِ كَثِيْرًاۗ وَلَيَنْصُرَنَّ اللّٰهُ مَنْ يَّنْصُرُهٗۗ اِنَّ اللّٰهَ لَقَوِيٌّ عَزِيْزٌ٤٠
Allażīna ukhrijū min diyārihim bigairi ḥaqqin illā ay yaqūlū rabbunallāh(u), wa lau lā daf‘ullāhin-nāsa ba‘ḍahum biba‘ḍil lahuddimat ṣawāmi‘u wa biya‘uw wa ṣalawātuw wa masājidu yużkaru fīhasmullāhi kaṡīrā(n), wa layanṣurannallāhu may yanṣuruh(ū), innallāha laqawiyyun ‘azīz(un).
[40] Yaiku wong mukmin kang padha ditundhung para wong kafir saka omahe kanthi ora bener, mung jalaran anggone padha ngucap, "Pangeran kita iku Allah". Lan saupama ora ana pangayomaning Allah marang manungsa, sarta santosane wong mukmin anggone ngayomi wong kafir mesthi nglebur - ngleburake, pamujane pandhita lan greja - grejane wong Nashara lang panggonan sembahyangane wong Yahudi apa dene Masjid - masjide wong Islam kang tansah dienggo nyebut asmane Allah ana ing kono, mesthi padha dijugrugi kabeh. Nanging Allah mesthi paring pitulungan wong kang labuh marang Panjenengenang. Satemene Allah iku Maha Santosa lan Maha Gagah.

اَلَّذِيْنَ اِنْ مَّكَّنّٰهُمْ فِى الْاَرْضِ اَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتَوُا الزَّكٰوةَ وَاَمَرُوْا بِالْمَعْرُوْفِ وَنَهَوْا عَنِ الْمُنْكَرِۗ وَلِلّٰهِ عَاقِبَةُ الْاُمُوْرِ٤١
Allażīna im makkannāhum fil-arḍi aqāmuṣ-ṣalāta wa ātawuz-zakāta wa amarū bil-ma‘rūfi wa nahau ‘anil-munkar(i), wa lillāhi ‘āqibatul-umūr(i).
[41] Wong kang labuh (mitulungi) ing Allah iku kabeh owng kang menawa Ingsun tulungi, Ingsun panggonanke ana ing bumi, sempulur tumindake ana ing bumi, banjur padha nglakoni shalat lan mbayar zakat, lan ajak - ajak nglakoni penggawe becik, apa dene nyegah nglakoni penggawe ala. KAbeh perkara iku putusane ana ing astane Allah.

وَاِنْ يُّكَذِّبُوْكَ فَقَدْ كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوْحٍ وَّعَادٌ وَّثَمُوْدُ ۙ٤٢
Wa iy yukażżibūka faqad każżabat qablahum qaumu nūḥiw wa ‘āduw wa ṡamūd(u).
[42] (Muhammad) Dene wong kafir yen padha nggorohake ing sira, aja kaget, awit para ummat kuna sadurunge wong kafir iku uga maido rasule, kayata para ummate Nuh, kaum 'Ad lan Tsamud.

وَقَوْمُ اِبْرٰهِيْمَ وَقَوْمُ لُوْطٍ ۙ٤٣
Wa qaumu ibrāhīma wa qaumu lūṭ(in).
[43] Lan kaume Ibrahim lan kaume Luth.

وَّاَصْحٰبُ مَدْيَنَۚ وَكُذِّبَ مُوْسٰى فَاَمْلَيْتُ لِلْكٰفِرِيْنَ ثُمَّ اَخَذْتُهُمْۚ فَكَيْفَ كَانَ نَكِيْرِ٤٤
Wa aṣḥābu madyan(a), wa kużżiba mūsā fa amlaitu lil-kāfirīna ṡumma akhażtuhum, fa kaifa kāna nakīr(i).
[44] Lan wong ing negara Madyan. Musa uga dipaido ing para ummate. Dene anggoningsun nyiksa, iku Ingsun srantekake. Bareng wis cetha, banjur padha Ingsun siksa. Awit saka iku mara delenga lan rasakna hiba banget dukaningsun.

فَكَاَيِّنْ مِّنْ قَرْيَةٍ اَهْلَكْنٰهَا وَهِيَ ظَالِمَةٌ فَهِيَ خَاوِيَةٌ عَلٰى عُرُوْشِهَاۖ وَبِئْرٍ مُّعَطَّلَةٍ وَّقَصْرٍ مَّشِيْدٍ٤٥
Fa ka'ayyim min qaryatin ahlaknāhā wa hiya ẓālimatun fa hiya khāwiyatun ‘alā ‘urūsyihā, wa bi'rim mu‘aṭṭalatiw wa qaṣrim masyīd(in).
[45] Wis pira bahe kehe wong sawijining negara kang Ingsun tumpes marga saka dosane, padha sirna kebrukan omahe, lan pira bae sumur kang ora diambah ing wong marga wonge padha mati Ingsun tumpes, lan pira bae kehe gedong dhuwur - duwur kang suwung, marga wonge padha mati Ingsun tumpes?

اَفَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَتَكُوْنَ لَهُمْ قُلُوْبٌ يَّعْقِلُوْنَ بِهَآ اَوْ اٰذَانٌ يَّسْمَعُوْنَ بِهَاۚ فَاِنَّهَا لَا تَعْمَى الْاَبْصَارُ وَلٰكِنْ تَعْمَى الْقُلُوْبُ الَّتِيْ فِى الصُّدُوْرِ٤٦
Afalam yasīrū fil-arḍi fa takūna lahum qulūbuy ya‘qilūna bihā au āżānuy yasma‘ūna bihā, fa innahā lā ta‘mal-abṣāru wa lākin ta‘mal-qulūbul-latī fiṣ-ṣudūr(i).
[46] Ya gene wong - wong kafir ora mlaku ana ing bumi, banjur kedunungan ati kang bisa ngerti, utawa pangurungu kang bisa ngrungokake (cerita lelakone wong kuna kang duwe patilasan mau). Dadi satemene dudu kang wuta mripate, balik sing wuta iku mripate kang ana ing sajroning atine.

وَيَسْتَعْجِلُوْنَكَ بِالْعَذَابِ وَلَنْ يُّخْلِفَ اللّٰهُ وَعْدَهٗۗ وَاِنَّ يَوْمًا عِنْدَ رَبِّكَ كَاَلْفِ سَنَةٍ مِّمَّا تَعُدُّوْنَ٤٧
Wa yasta‘jilūnaka bil-‘ażābi wa lay yukhlifallāhu wa‘dah(ū), wa inna yauman ‘inda rabbika ka'alfi sanatim mimmā ta‘uddūn(a).
[47] Lan wong - wong kafir mau padha nyuwun marang sira (muhammad) supaya age - age (enggal - enggal) keturunan siksa ing mangka ALlah ora bakal nyulayani janjine. Lan satemene sedina (kang dijanjekake kanggo nyiksa) ana ing ngarsane Pangeranira iku dirasakake dening wong - wong iku kaya sewu tahun kang padha sira etung.

وَكَاَيِّنْ مِّنْ قَرْيَةٍ اَمْلَيْتُ لَهَا وَهِيَ ظَالِمَةٌ ثُمَّ اَخَذْتُهَاۚ وَاِلَيَّ الْمَصِيْرُ ࣖ٤٨
Wa ka'ayyim min qaryatin amlaitu lahā wa hiya ẓālimatun ṡumma akhażtuhā, wa ilayyal-maṣīr(u).
[48] Lan maneh pira bae kehe wong negara kang padha duraka, sarta patrapane siksane Ingsun srantekake sawatara lawase. Bareng wis tekan wektune, banjur Ingsun turuni siksa, lan mung marang Ingsun piyambak panggonan bali.

قُلْ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّمَآ اَنَا۠ لَكُمْ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ ۚ٤٩
Qul yā ayyuhan-nāsu innamā ana lakum nażīrum mubīn(un).
[49] (Muhammad) sira dhawuha, "He oara manungsa saktemene Ingsun iki dadi guru pepiling kang nyata tumrap sira kabeh, (kelawan tembung kang sira mangeteni)".

فَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌ٥٠
Fal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum magfiratuw wa rizqun karīm(un).
[50] 50. Dene wong - wong kang padha iman lan nindakake kebecikan, dheweke iku bakal pikantuk pangapura lan rejeki kang mulya.

وَالَّذِيْنَ سَعَوْا فِيْٓ اٰيٰتِنَا مُعٰجِزِيْنَ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ٥١
Wal-lażīna sa‘au fī āyātinā mu‘ājizīna ulā'ika aṣḥābul-jaḥīm(i).
[51] Dene wong kang sumedya batalake a yat - ayate ingsun kanthi duwe pangira bisa ngapesake Ingsun, wong - wong mau bakal padha oleh neraka jahim.

وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ مِنْ رَّسُوْلٍ وَّلَا نَبِيٍّ اِلَّآ اِذَا تَمَنّٰىٓ اَلْقَى الشَّيْطٰنُ فِيْٓ اُمْنِيَّتِهٖۚ فَيَنْسَخُ اللّٰهُ مَا يُلْقِى الشَّيْطٰنُ ثُمَّ يُحْكِمُ اللّٰهُ اٰيٰتِهٖۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ ۙ٥٢
Wa mā arsalnā min qablika mir rasūliw wa lā nabiyyin illā iżā tamannā alqasy-syaiṭānu fī umniyyatih(ī), fa yansakhullāhu mā yulqisy-syaiṭānu ṡumma yuḥkimullāhu āyātih(ī), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[52] (Muhammad) Ingsun ora ngutus sakdurungira sakwijining utusan lan nabi ora beda karo kahananira saiki, menawa rasul mau maca dhawuhing Allah kanthi pangarep - pangarep diestokake ing kono syetan banjur ngenggokake surasane dhawuh kang diwaca kaya kang dadi karepe atine kang didhawuhi. Nanging ALlah nuli enggal - enggal batalake kang ditibakake dening syetan iku (aweh surasa kang luput mau), nuli Allah netepake ayat - ayate kelawan sakbenere. Dene ALlah iku maha Ngudaneni tur Maha Wicaksana.

لِّيَجْعَلَ مَا يُلْقِى الشَّيْطٰنُ فِتْنَةً لِّلَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ وَّالْقَاسِيَةِ قُلُوْبُهُمْۗ وَاِنَّ الظّٰلِمِيْنَ لَفِيْ شِقَاقٍۢ بَعِيْدٍ ۙ٥٣
Liyaj‘ala mā yulqisy-syaiṭānu fitnatal lil-lażīna fī qulūbihim maraḍuw wal-qāsiyati qulūbuhum, wa innaẓ-ẓālimīna lafī syiqāqim ba‘īd(in).
[53] Kersane Allah dadekake barang kang ditibakake (kang diowahi) dening syetan mau iku dadi coba, anjlomprongake marang wong kang atine ana lelarane, mamang marang (dhawuhe Allah lan musyrik), apadene wong kang padha atos atine. Saktemene wong - wong kang padha nganiaya (kafir) iku ana pasulayan kang adoh.

وَّلِيَعْلَمَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ اَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ فَيُؤْمِنُوْا بِهٖ فَتُخْبِتَ لَهٗ قُلُوْبُهُمْۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَهَادِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٥٤
Wa liya‘lamal-lażīna ūtul-‘ilma annahul-ḥaqqu mir rabbika fa yu'minū bihī fa tukhbita lahū qulūbuhum, wa innallāha lahādil-lażīna āmanū ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[54] LAn maneh kersane Allah, wong - wong kang padha paringan ilmu agama iku padha sumurupa yen sak temene al-Qur'an iku nyata dhawuh terang saka Allah Pangeranira, dadi banjur padha mantep atine anggone padha iman. Lan saktmene Allah iku nuduhake wong - wong kang padha iman dalan kang bener.

وَلَا يَزَالُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فِيْ مِرْيَةٍ مِّنْهُ حَتّٰى تَأْتِيَهُمُ السَّاعَةُ بَغْتَةً اَوْ يَأْتِيَهُمْ عَذَابُ يَوْمٍ عَقِيْمٍ٥٥
Wa lā yazālul-lażīna kafarū fī miryatim minhu ḥattā ta'tiyahumus-sā‘atu bagtatan au ya'tiyahum ‘ażābu yaumin ‘aqīm(in).
[55] Lan wong - wong kafir tansha padha mamang marang al-QUr'an lan marang agama Islam nganti tekan mangsane mati kang ngegetake, utawa katekan siksane dina kang ora ana becike.

اَلْمُلْكُ يَوْمَىِٕذٍ لِّلّٰهِ ۗيَحْكُمُ بَيْنَهُمْۗ فَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فِيْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِ٥٦
Al-mulku yauma'iżil lillāh(i), yaḥkumu bainahum, fal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fī jannātin na‘īm(i).
[56] Ing dina Qiyamat, krajaan iku mung kagungane Allah pribadi, panjenengane ngukumi perkarane para wong - wong mukmin lang wong - wong kafir. Dene wong kang mukmin lan nindakake kebecikan, (panjenengane bakal ngenggonake) ana ing suwarga panggonan kenikmatan.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا فَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ ࣖ٥٧
Wal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā fa ulā'ika lahum ‘ażābum muhīn(un).
[57] Dene wong kang padha kafir lan padha anggorohake ayat - ayatingsun iku bakal kapatrapan siksa kang asor.

وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ثُمَّ قُتِلُوْٓا اَوْ مَاتُوْا لَيَرْزُقَنَّهُمُ اللّٰهُ رِزْقًا حَسَنًاۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَهُوَ خَيْرُ الرّٰزِقِيْنَ٥٨
Wal-lażīna hājarū fī sabīlillāhi ṡumma qutilū au mātū layarzuqannahumullāhu rizqan ḥasanā(n), wa innallāha lahuwa khairur-rāziqīn(a).
[58] Dene wong - wong kang padha pindah perlu nglabuhi agamane Allah bajur dipateni utawa mati, Allah mesthi bakal paring rejeki marang dheweke kanthi rejeki kang becik (ana ing suwarga). Lan satemene Allah iku becik - becike dzat kang paring rejeki.

لَيُدْخِلَنَّهُمْ مُّدْخَلًا يَّرْضَوْنَهٗۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَعَلِيْمٌ حَلِيْمٌ٥٩
Layudkhilannahum mudkhalay yarḍaunah(ū), wa innallāha la‘alīmun ḥalīm(un).
[59] Lan temen panjenengane bakal nglebokake wong - wong mau ana ing panggonan kang nyenengake atine. Lan saktemene Allah iku maha Ngudaneni tur Maha Aris.

۞ ذٰلِكَ وَمَنْ عَاقَبَ بِمِثْلِ مَا عُوْقِبَ بِهٖ ثُمَّ بُغِيَ عَلَيْهِ لَيَنْصُرَنَّهُ اللّٰهُ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَعَفُوٌّ غَفُوْرٌ٦٠
Żālika wa man ‘āqaba bimiṡli mā ‘ūqiba bihī ṡumma bugiya ‘alaihi layanṣurannahullāh(u), innallāha la‘afuwwun gafūr(un).
[60] KAng mengkono iku (yaiku anggone Allah mutusi perkara kau mukmin lan kaum kafir ana ing akherat). Lan sapa kang males kanthi piwales kang dipatrapake marang dheweke, banjur dianiaya, temen Allah bakal paring pitulungan marang dheweke (kang dikaniaya). Saktemene ALlah iku maha ngapura tur maha pangaksama.

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ يُوْلِجُ الَّيْلَ فِى النَّهَارِ وَيُوْلِجُ النَّهَارَ فِى الَّيْلِ وَاَنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌۢ بَصِيْرٌ٦١
Żālika bi'annallāha yūlijul-laila fin-nahāri wa yūlijun-nahāra fil-laili wa annallāha samī‘um baṣīr(un).
[61] Kang mengkono iku (pitulungane Allah) jalaran saktemene ALlah kuwasa nglebokake wengi marang rina lan nglebokake rina marang wengi, lan saktemene Allah iku maha Midhanget tur Maha pirsa.

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْحَقُّ وَاَنَّ مَا يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ هُوَ الْبَاطِلُ وَاَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْعَلِيُّ الْكَبِيْرُ٦٢
Żālika bi'annallāha huwal-ḥaqqu wa anna mā yad‘ūna min dūnihī huwal-bāṭilu wa annallāha huwal-‘aliyyul-kabīr(u).
[62] Kang mengkono iku (kuwasaning Allah) jalaran saktemene ALlah iku hak lan saktemene kang disembah sak liyane Allah iku batal. LAN saktemene ALlah iku pangeran kang Maha Luhur tur Maha Agung.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۖ فَتُصْبِحُ الْاَرْضُ مُخْضَرَّةًۗ اِنَّ اللّٰهَ لَطِيْفٌ خَبِيْرٌ ۚ٦٣
Alam tara annallāha anzala minas-samā'i mā'ā(n), fa tuṣbiḥul-arḍu mukhḍarrah(tan), innallāha laṭīfun khabīr(un).
[63] Apa sira durung sumurp, menawa saktemene ALlah wis nurunake banyu saka langit, banjur bumi iku dadi ijo subur? saktemene Allah iku maha Alus tur maha Waspada.

لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَهُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ ࣖ٦٤
Lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa innallāha lahuwal-ganiyyul-ḥamīd(u).
[64] Kabeh barang kang ana langit lan bumi iku kagungane Allah lan saktemene Allah iku pangean kang maha sugih tur maha pinuji.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ سَخَّرَ لَكُمْ مَّا فِى الْاَرْضِ وَالْفُلْكَ تَجْرِيْ فِى الْبَحْرِ بِاَمْرِهٖۗ وَيُمْسِكُ السَّمَاۤءَ اَنْ تَقَعَ عَلَى الْاَرْضِ اِلَّا بِاِذْنِهٖۗ اِنَّ اللّٰهَ بِالنَّاسِ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ٦٥
Alam tara annallāha sakhkhara lakum mā fil-arḍi wal-fulka tajrī fil-baḥri bi'amrih(ī), wa yumsikus-samā'a an taqa‘a ‘alal-arḍi illā bi'iżnih(ī), innallāha bin-nāsi lara'ūfur raḥīm(un).
[65] Apa sira ora sumur yen ALlah iku ngenengake samu barang kang ana ing bumi iki marang sira, lan perahu kang malku wira - wiri ana ing segara kanthi prentahe ALlah? Mengkono uga Allah ngukuhi langit, supaya aja ngrubuhi bumi, kajaba klawan kepaarenging Allah, Saktemene Allah iku welas marang para manungsa.

وَهُوَ الَّذِيْٓ اَحْيَاكُمْ ۖ ثُمَّ يُمِيْتُكُمْ ثُمَّ يُحْيِيْكُمْۗ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَكَفُوْرٌ٦٦
Wa huwal-lażī aḥyākum, ṡumma yumītukum ṡumma yuḥyīkum, innal-insāna lakafūr(un).
[66] ALlah iku kang nguripake marang sira kabeh. Panjenengane banjur mateni kabeh nuli nguripake maneh. Saktemene manungsa iku banget anggone kafir (ora gelem syukur marang nikmat peparing Allah).

لِكُلِّ اُمَّةٍ جَعَلْنَا مَنْسَكًا هُمْ نَاسِكُوْهُ فَلَا يُنَازِعُنَّكَ فِى الْاَمْرِ وَادْعُ اِلٰى رَبِّكَۗ اِنَّكَ لَعَلٰى هُدًى مُّسْتَقِيْمٍ٦٧
Likulli ummatin ja‘alnā mansakan hum nāsikūhu falā yunāzi‘unnaka fil-amri wad‘u ilā rabbik(a), innaka la‘alā hudam mustaqīm(in).
[67] Kabeh ummat padha Ingsun pernata kanthi syari'at, kabeh padha Ingsun kersakake nglakoni syari'ate dhewe - dhewe. Mulane para ummat (ahli kitab) kang saiki isih urip, aja padha madoni marang sira (Muhammad), lan ajak - ajaka nglakoni syari'at agamanira, ngestokake prentahe Pangeranira. Saktemene sira iku yekti ana ing pituduh (agama) kang bener.

وَاِنْ جَادَلُوْكَ فَقُلِ اللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ٦٨
Wa in jādalūka fa qulillāhu a‘lamu bimā ta‘malūn(a).
[68] Dene menawa wong - wong mau meksa madoni marang sira ing bab agama, dhawuha, "Allah iku luwih nguningani ing kabeh barang kang sira tindakake".

اَللّٰهُ يَحْكُمُ بَيْنَكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَ٦٩
Allāhu yaḥkumu bainakum yaumal-qiyāmati fīmā kuntum fīhi takhtalifūn(a).
[69] (He wong mukmin lan wong kafir) besuk dina Qiyamat Allah bakal ngukumi ing perkara kang sira sulayakake.

اَلَمْ تَعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا فِى السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۗ اِنَّ ذٰلِكَ فِيْ كِتٰبٍۗ اِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌ٧٠
Alam ta‘lam annallāha ya‘lamu mā fis-samā'i wal-arḍ(i), inna żālika fī kitāb(in), inna żālika ‘alallāhi yasīr(un).
[70] Apa sira durung sumurup, yen saktemene Allah iku nguningani barang kang ana ing langit lan bumi? Saktemene kabeh iku wis ditulis ana ing kitab (Lauh Mahfudz). Saktemene mengkono mungguhe ALlah barang kang mayar.

وَيَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهٖ سُلْطٰنًا وَّمَا لَيْسَ لَهُمْ بِهٖ عِلْمٌ ۗوَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ نَّصِيْرٍ٧١
Wa ya‘budūna min dūnillāhi mā lam yunazzil bihī sulṭānaw wa mā laisa lahum bihī ‘ilm(un), wa mā liẓ-ẓālimīna min naṣīr(in).
[71] Lan wong - wong mau padha manembah sesembahan sakliyane ALlah yaiku brahala, kang Allah ora andhawuhake tandha yektine menawa iku pangeran; wong - wong mau uga ora sumurup tandha yektine. Wong - wong kang padha aniaya marang awake dhewe (musyrik) ora ana kang mitulungi.

وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا بَيِّنٰتٍ تَعْرِفُ فِيْ وُجُوْهِ الَّذِيْنَ كَفَرُوا الْمُنْكَرَۗ يَكَادُوْنَ يَسْطُوْنَ بِالَّذِيْنَ يَتْلُوْنَ عَلَيْهِمْ اٰيٰتِنَاۗ قُلْ اَفَاُنَبِّئُكُمْ بِشَرٍّ مِّنْ ذٰلِكُمْۗ اَلنَّارُۗ وَعَدَهَا اللّٰهُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ ࣖ٧٢
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyinātin ta‘rifu fī wujūhil-lażīna kafarul-munkar(a), yakādūna yasṭūna bil-lażīna yatlūna ‘alaihim āyātinā, qul afa unabbi'ukum bisyarrim min żālikum, an-nār(u), wa‘adahallāhul-lażīna kafarū, wa bi'sal-maṣīr(u).
[72] Menawa diwacakake ayat - ayatingsun kanthi cetha, sira bajur sumurup menawa bathine nampik keterangan ana ing polatan raine, kaya dene arep nandukake mara tangan marang wong kang macakake ayat - ayat mau. (Muhammad) sira dhawuha, "Apa sira gelem tak wenehi weruh kang luwih ala katimbang kang sira gethingi? yaiku neraka, kang wis dicawisake dening ALlah tumrap wong - wong kang kafir. Lan iku ala - alane panggonan bali".

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ ضُرِبَ مَثَلٌ فَاسْتَمِعُوْا لَهٗ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ لَنْ يَّخْلُقُوْا ذُبَابًا وَّلَوِ اجْتَمَعُوْا لَهٗ ۗوَاِنْ يَّسْلُبْهُمُ الذُّبَابُ شَيْـًٔا لَّا يَسْتَنْقِذُوْهُ مِنْهُۗ ضَعُفَ الطَّالِبُ وَالْمَطْلُوْبُ٧٣
Yā ayyuhan-nāsu ḍuriba maṡalum fastami‘ū lah(ū), innal-lażīna tad‘ūna min dūnillāhi lay yakhluqū żubābaw wa lawijtama‘ū lah(ū), wa iy yaslubhumuż-żubābu syai'al lā yastanqiżūhu minh(u), ḍa‘ufaṭ-ṭālibu wal-maṭlūb(u).
[73] He para manungsa sira wis diterangake sawijining conto awit sangka iku padha sira rungokna, yaiku, Saktemene kang sira sembah sakliyane Allah iku ora kuwasa gawe laler senadyan dheweke padha ngumpul anggone gawe laler. Dene yen ana laler ngrubung marang sajene, brahala mau ora bisa anggisah. Saiki cetha laler sing ngrubung sajen, sarta brahala kang ora bisa anggusah laler mau, loro - lorone padha apes.

مَا قَدَرُوا اللّٰهَ حَقَّ قَدْرِهٖۗ اِنَّ اللّٰهَ لَقَوِيٌّ عَزِيْزٌ٧٤
Wa mā qadarullāha ḥaqqa qadrih(ī), innallāha laqawiyyun ‘azīz(un).
[74] Wong - wong kafir iku ora padha weruh keagungane ALlah kang sajatine, saktemene ALlah iku maha sentosa lan maha mulya.

اَللّٰهُ يَصْطَفِيْ مِنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ رُسُلًا وَّمِنَ النَّاسِۗ اِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌۢ بَصِيْرٌ ۚ٧٥
Allāhu yaṣṭafī minal-malā'ikati rusulaw wa minan-nās(i), innallāha samī‘um baṣīr(un).
[75] Panjenengane ALlah wis milih pirang - pirang utusan saka para malaikat lan saka manungsa. Saktemene ALlah iku maha midhanget tur maha priksa.

يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْۗ وَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ٧٦
Ya‘lamu mā baina aidīhim wa mā khalfahum, wa ilallāhi turja‘ul-umūr(u).
[76] Panjenengane ALlah iku nguningani kabeh kang ana sakngarepe wong - wong mau lan ing sakburine. (barang kang kalakon lan barang kang durung kelakon). Lan mung marang panjenengane Allah piyambak kabeh perkara iku bakal dibalekake.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا ارْكَعُوْا وَاسْجُدُوْا وَاعْبُدُوْا رَبَّكُمْ وَافْعَلُوا الْخَيْرَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ ۚ۩٧٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanurka‘ū wasjudū wa‘budū rabbakum waf‘alul-khaira la‘allakum tufliḥūn(a).
[77] He wong kang padha iman, sira kabeh padha duruka lan sujuda lan manembaha marang Allah pangeranira sarta padha nindakna panggawe ebcik supaya sira padha pikantuk kabekjan.

وَجَاهِدُوْا فِى اللّٰهِ حَقَّ جِهَادِهٖۗ هُوَ اجْتَبٰىكُمْ وَمَا جَعَلَ عَلَيْكُمْ فِى الدِّيْنِ مِنْ حَرَجٍۗ مِلَّةَ اَبِيْكُمْ اِبْرٰهِيْمَۗ هُوَ سَمّٰىكُمُ الْمُسْلِمِيْنَ ەۙ مِنْ قَبْلُ وَفِيْ هٰذَا لِيَكُوْنَ الرَّسُوْلُ شَهِيْدًا عَلَيْكُمْ وَتَكُوْنُوْا شُهَدَاۤءَ عَلَى النَّاسِۖ فَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَاعْتَصِمُوْا بِاللّٰهِ ۗهُوَ مَوْلٰىكُمْۚ فَنِعْمَ الْمَوْلٰى وَنِعْمَ النَّصِيْرُ ࣖ ۔٧٨
Wa jāhidū fillāhi ḥaqqa jihādih(ī), huwajtabākum wa mā ja‘ala ‘alaikum fid-dīni min ḥaraj(in), millata abīkum ibrāhīm(a), huwa sammākumul-muslimīn(a), min qablu wa fī hāżā liyakūnar-rasūlu syahīdan ‘alaikum wa takūnū syuhadā'a ‘alan-nās(i), fa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta wa‘taṣimū billāh(i), huwa maulākum, fa ni‘mal-maulā wa ni‘man-naṣīr(u).
[78] Lan sira padha mangsaha perang luhurake agamane Allah (ngrungkepi agamane Allah) kelawan temen. Panjenengane ALlah wis milih marang sira kabeh (kanggo ngluhurake agamane lan nampa pitulungane). Lan panjenengane Allah ora gawe kerupekan tumrap sira hing bab - bab agama, yaiku agamane ramanira Ibrahim. Panjenengane Allah wis paring jeneng marang sira kabeh (muslimin wong - wong islam) sakdurunge diturunake al-Qur'an lan uga ana ing dalem al-Qur'an ikisupaya utusan iku dadi saksi marang sira kabeh (anggone wis andhawuhake marang sira) lan sira dadi saksi tumrap para manungsa (anggone sira didhawuhi utusan). Awit sak aiku sira kabeh padha nindakake sholat lan bayar zakat sarta padha kukuh anggone nyekel agamane Allah. Panjenengane ALlah iku pangeran kang nguasani marang sira (bendharanira) ya Panjenengane iku becik - beciking bendhara lan becik - becike kang paring pitulungan.