Surah Al-Anbiya
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِقْتَرَبَ لِلنَّاسِ حِسَابُهُمْ وَهُمْ فِيْ غَفْلَةٍ مُّعْرِضُوْنَ ۚ١
Iqtaraba lin-nāsi ḥisābuhum wa hum fī gaflatim mu‘riḍūn(a).
[1]
Saiki wis meh dina Qiyamat, anggone Allah nimbang ala beciking menungsa. Ewodene manungsa mau lali, padha mlengos saka ayatingsun.
مَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ ذِكْرٍ مِّنْ رَّبِّهِمْ مُّحْدَثٍ اِلَّا اسْتَمَعُوْهُ وَهُمْ يَلْعَبُوْنَ ۙ٢
Mā ya'tīhim min żikrim mir rabbihim muḥdaṡin illastama‘ūhu wa hum yal‘abūn(a).
[2]
Anggone ndawuhake pepeling marang para manungsa saka Pangeran (ora wutuh sa-kitab, nanging sathithik-sathithik) mulane wong kafir iya padha ngrungokake, nanging padha geguyu, dianggep dolanan.
لَاهِيَةً قُلُوْبُهُمْۗ وَاَسَرُّوا النَّجْوَىۖ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْاۖ هَلْ هٰذَآ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْۚ اَفَتَأْتُوْنَ السِّحْرَ وَاَنْتُمْ تُبْصِرُوْنَ٣
Lāhiyatan qulūbuhum, wa asarrun-najwal-lażīna ẓalamū, hal hāżā illā basyarum miṡlukum, afa ta'tūnas-siḥra wa antum tubṣirūn(a).
[3]
Atine wong mau padha lali marang Allah. Dene wong - wong kafir mau pdha pating klesik ngrasani: Moro padha pikiren (Muhammad) iki apa dudu manungsa padha karo sira? apa becik sira ngundang juru sihir, dadi sira banjur sumurup (yen keelokane Muhammad iku sihir uga?)
قٰلَ رَبِّيْ يَعْلَمُ الْقَوْلَ فِى السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۖ وَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٤
Qāla rabbī ya‘lamul-qaula fis-samā'i wal-arḍ(i), wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[4]
(Muhammad) ngendikaa, "Allah Pangeraningsun nguningani pangucape wong kang celathu ana ing langit lan bumi (lirih utawa seru). Dene Allah iku Maha midhanget tur Maha Priksa".
بَلْ قَالُوْٓا اَضْغَاثُ اَحْلَامٍۢ بَلِ افْتَرٰىهُ بَلْ هُوَ شَاعِرٌۚ فَلْيَأْتِنَا بِاٰيَةٍ كَمَآ اُرْسِلَ الْاَوَّلُوْنَ٥
Bal qālū aḍgāṡu aḥlāmim baliftarāhu bal huwa syā‘ir(un), falya'tinā bi'āyatin kamā ursilal-awwalūn(a).
[5]
Malah wong kafir mau padha ngucap, "Kang diucapake al-QUr'an iku satemene mung impen wae, (dikira wahyu saka Allah) malah iku gaweyane (Muhammad dhewe). Muhammad iku pancen pinter nganggit syi'ir. Ewadene menawa (Muhammad) ngaku temen, mara tekakna tandha yekti kebenerane, kaya para Rasul kang wis kepungkur".
مَآ اٰمَنَتْ قَبْلَهُمْ مِّنْ قَرْيَةٍ اَهْلَكْنٰهَاۚ اَفَهُمْ يُؤْمِنُوْنَ٦
Mā āmanat qablahum min qaryatin ahlaknāhā, afahum yu'minūn(a).
[6]
(Pangandikane Allah), "Ahli - ahli Negara sadurunge wong - wong kafir mau iya padha nyuwun tandha yekti kaelokan. Bareng wis Ingsun paringi, isih tetep padha ora gelem percaya, wusana banjur padha Ingsun tumpes (rusak). Saiki menawa Ingsun paringi tandha yekti, wong - wong kafir mau apa iya banjur padha percaya?"
وَمَآ اَرْسَلْنَا قَبْلَكَ اِلَّا رِجَالًا نُّوْحِيْٓ اِلَيْهِمْ فَسْـَٔلُوْٓا اَهْلَ الذِّكْرِ اِنْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ٧
Wa mā arsalnā qablaka illā rijālan nūḥī ilaihim fas'alū ahlaż-żikri in kuntum lā ta‘lamūn(a).
[7]
Lan Ingsun ora ngutus sadurungira (Muhammad), kajaba wong lanang kang Ingsun paringi wahyu. Awit saka iku menawa sira padha ora sumurup (ora mangerti) becik padha pitakon marang wong kang padha mangerti (ahli kitab).
وَمَا جَعَلْنٰهُمْ جَسَدًا لَّا يَأْكُلُوْنَ الطَّعَامَ وَمَا كَانُوْا خٰلِدِيْنَ٨
Wa mā ja‘alnāhum jasadal lā ya'kulūnaṭ-ṭa‘āma wa mā kānū khālidīn(a).
[8]
Lan para utusan iku, ora Ingsun titahake jasad kang ora dhahar dhedaharan, sara para Utusan iku dudu kang tetep langgeng ana ing donya.
ثُمَّ صَدَقْنٰهُمُ الْوَعْدَ فَاَنْجَيْنٰهُمْ وَمَنْ نَّشَاۤءُ وَاَهْلَكْنَا الْمُسْرِفِيْنَ٩
Ṡumma ṣadaqnāhumul-wa‘da fa anjaināhum wa man nasyā'u wa ahlaknal-musrifīn(a).
[9]
Ingsun banjur nuhoni janjiningsun marang para Rasul, sarta para wong Mukmin kang padha ta'at kang dadi keparenge kersaningsun, padha Ingsun paringi selamat. Lan Ingsun ngrusak wong - wong kang padha leluwihan.
لَقَدْ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكُمْ كِتٰبًا فِيْهِ ذِكْرُكُمْۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ ࣖ١٠
Laqad anzalnā ilaikum kitāban fīhi żikrukum, afalā ta‘qilūn(a).
[10]
(He para turune Quraesy) Yekti satemene Ingsun wis nurunake kitab marang sira kabeh mratelakake pengajaran. Ya gene sira padha ora mikir?
وَكَمْ قَصَمْنَا مِنْ قَرْيَةٍ كَانَتْ ظَالِمَةً وَّاَنْشَأْنَا بَعْدَهَا قَوْمًا اٰخَرِيْنَ١١
Wa kam qaṣamnā min qaryatin kānat ẓālimataw wa ansya'nā ba‘dahā qauman ākharīn(a).
[11]
Wis pira bae kehe anggoningsun numpas (ngrusak) wong ing sawijining negara kang padha kafir, sapungkure banjur Ingsun iseni penduduk liyane.
فَلَمَّآ اَحَسُّوْا بَأْسَنَآ اِذَا هُمْ مِّنْهَا يَرْكُضُوْنَ ۗ١٢
Falammā aḥassū ba'sanā iżā hum minhā yarkuḍūn(a).
[12]
Bareng wong - wong mau krasa bakal kapatrapan siksaningsun (kang bakal ngrusak marang dheweke) dumadakan padha melayu saka negarane.
لَا تَرْكُضُوْا وَارْجِعُوْٓا اِلٰى مَآ اُتْرِفْتُمْ فِيْهِ وَمَسٰكِنِكُمْ لَعَلَّكُمْ تُسْـَٔلُوْنَ١٣
Lā tarkuḍū warji‘ū ilā mā utriftum fīhi wa masākinikum la‘allakum tus'alūn(a).
[13]
"Sira aja padha mlayu, padha baliya marang omahmu lan raja brana kesenanganmu lan raja omahmu, supaya sira bisa menehi wong kang padha njejaluk".
قَالُوْا يٰوَيْلَنَآ اِنَّا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ١٤
Qālū yā wailanā innā kunnā ẓālimīn(a).
[14]
(Bareng wis rumangsa ora bisa ngoncati bebaya), banjur padha sesambat, "Adhuh cilaka temen, Aku iki wong kang nganiaya marang awake dhewe".
فَمَا زَالَتْ تِّلْكَ دَعْوٰىهُمْ حَتّٰى جَعَلْنٰهُمْ حَصِيْدًا خٰمِدِيْنَ١٥
Famā zālat tilka da‘wāhum ḥattā ja‘alnāhum ḥaṣīdan khāmidīn(a).
[15]
Sambate mengkono mau tanpa leren, nganti padha mati disiksa, sirna entek, kaya gaga kang dibabati mati.
وَمَا خَلَقْنَا السَّمَاۤءَ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا لٰعِبِيْنَ١٦
Wa mā khalaqnas-samā'a wal-arḍa wa mā bainahumā lā‘ibīn(a).
[16]
Lan Ingsun ora nitahake langit lan bumi kabeh kang ana ing antarane minongka kanggo dolanan.
لَوْ اَرَدْنَآ اَنْ نَّتَّخِذَ لَهْوًا لَّاتَّخَذْنٰهُ مِنْ لَّدُنَّآ ۖاِنْ كُنَّا فٰعِلِيْنَ١٧
Lau aradnā an nattakhiża lahwal lattakhażnāhum mil ladunnā, in kunnā fā‘ilīn(a).
[17]
Upama Ingsun kersaha mundhut garwa utawa peputra, mesthi Ingsun mundhut garwa (widhodhari) putra (malaikat) kang padha ana ing ngarsaningsun. Nanging kang mengkono iku mau ora.
بَلْ نَقْذِفُ بِالْحَقِّ عَلَى الْبَاطِلِ فَيَدْمَغُهٗ فَاِذَا هُوَ زَاهِقٌۗ وَلَكُمُ الْوَيْلُ مِمَّا تَصِفُوْنَ١٨
Bal naqżifu bil-ḥaqqi ‘alal-bāṭili fa yadmaguhū fa iżā huwa zāhiq(un), wa lakumul-wailu mimmā taṣifūn(a).
[18]
Ingsun ngempakake barang kang hak (yaiku Iman) kanggo nglawan barang kang luput (yaiku kafir), nganti mecahake endase mulane banjur sira larut. (He wong - wong kafir) sira bakal dipatrapi siksa kang abot, minongka piwalese anggonira padha ngarani (nyipati) menawa Allah iku kagungan putra.
وَلَهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَمَنْ عِنْدَهٗ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِهٖ وَلَا يَسْتَحْسِرُوْنَ ۚ١٩
Wa lahū man fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa man ‘indahū lā yastakbirūna ‘an ‘ibādatihī wa lā yastaḥsirūn(a).
[19]
Kabeh kang ana ing langit lan bumi iku kagungane Allah. Sing sapa kaparak ing Allah (kayata para malaikat) iku ora ana kang gumedhe. Anggone padha ngabekti ing Allah, tanpa sayah sarta bosen.
يُسَبِّحُوْنَ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ لَا يَفْتُرُوْنَ٢٠
Yusabbiḥūnal-laila wan-nahāra wa lā yafturūn(a).
[20]
Rina wengi padha memuji nyebut Maha Suci ing Allah tanpa leren.
اَمِ اتَّخَذُوْٓا اٰلِهَةً مِّنَ الْاَرْضِ هُمْ يُنْشِرُوْنَ٢١
Amittakhażū ālihatam minal-arḍi hum yunsyirūn(a).
[21]
Ya gene wong kafir teka padha Mangeran brahala isen - isening bumi, apa iku bisa nguripake wong mati?. (ora)
لَوْ كَانَ فِيْهِمَآ اٰلِهَةٌ اِلَّا اللّٰهُ لَفَسَدَتَاۚ فَسُبْحٰنَ اللّٰهِ رَبِّ الْعَرْشِ عَمَّا يَصِفُوْنَ٢٢
Lau kāna fīhimā ālihatun illallāhu lafasadatā, fa subḥānallāhi rabbil-‘arsyi ‘ammā yaṣifūn(a).
[22]
(Dikirak - kirakake) saumpama ing langit lan bumi iku ana Pangeran saliyane Allah, wis mesthi langit lan bumi loro - lorone pisan mesthi padha rusak. Maha Suci Allah Pangerane 'Arasy saka kabeh kang disifatake kaya kang diuca[ake dening wong - wong kafir (musyrik) iku.
لَا يُسْـَٔلُ عَمَّا يَفْعَلُ وَهُمْ يُسْـَٔلُوْنَ٢٣
Lā yus'alu ‘ammā yaf‘alu wa hum yus'alūn(a).
[23]
Kabeh barang kang ditindakake dening Allah, wong ora kena nyuwun pirsa, apa sebabe, nindakake kang mengkono? Nanging manungsa mesthi bakal didangu, sebab apa dheweke nindakake mengkono.
اَمِ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اٰلِهَةً ۗقُلْ هَاتُوْا بُرْهَانَكُمْۚ هٰذَا ذِكْرُ مَنْ مَّعِيَ وَذِكْرُ مَنْ قَبْلِيْۗ بَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَۙ الْحَقَّ فَهُمْ مُّعْرِضُوْنَ٢٤
Amittakhażū min dūnihī ālihah(tan), qul hātū burhānakum, hāżā żikru mam ma‘iya wa żikru man qablī, bal akṡaruhum lā ya‘lamūnal-ḥaqqa fahum mu‘riḍūn(a).
[24]
Ya gene wong - wong kafir padha mangeran saliyane Allah? (Muhammad) sira dhawuha, "Sira padha ngarani brahala iku Pangeran. Endi tandha yektinira. Kitab al-Qur'an iki panutane para Ummatingsun, lan uga panutane para Ummat sadurungingsun". Nanging wong - wong kafir iku akeh kang padha ora weruh ing bener, bisane mung tetap mlengos saka ndherek marang Rasul.
وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ مِنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا نُوْحِيْٓ اِلَيْهِ اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنَا۠ فَاعْبُدُوْنِ٢٥
Wa mā arsalnā min qablika mir rasūlin illā nūḥī ilaihi annahū lā ilāha illā ana fa‘budūn(i).
[25]
Lan Ingsun ora ngutus sawijining Utusan sadurungira (Muhammad) kajaba Ingsun paringi wahyu marang dheweke mengkene, "Satemene ora ana sesembahan kang haq, kajaba mung Ingsun pribadi. Awit saka iku sira manembaha marang Ingsun".
وَقَالُوا اتَّخَذَ الرَّحْمٰنُ وَلَدًا سُبْحٰنَهٗ ۗبَلْ عِبَادٌ مُّكْرَمُوْنَ ۙ٢٦
Wa qāluttakhażar-raḥmānu waladan subḥānah(ū), bal ‘ibādum mukramūn(a).
[26]
Wong - wong kafir mau padha ngucap mengkene, "Pangerane Kang Maha Welas iku kagungan putra (putri)." (Yaiku Malaikat). Sumurupa ALlah iku Maha SUci, (adoh banget yen peputra). Dene para malaikat iku kabeh kawulane Allah kang dimulyakake.
لَا يَسْبِقُوْنَهٗ بِالْقَوْلِ وَهُمْ بِاَمْرِهٖ يَعْمَلُوْنَ٢٧
Lā yasbiqūnahū bil-qauli wa hum bi'amrihī ya‘malūn(a).
[27]
Dheweke (para malaikat) mau ora ana kang wani nglancangi Allah klawan pengucap sarta nindakake semu barang kang didhawuhake Allah.
يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَلَا يَشْفَعُوْنَۙ اِلَّا لِمَنِ ارْتَضٰى وَهُمْ مِّنْ خَشْيَتِهٖ مُشْفِقُوْنَ٢٨
Ya‘lamū mā baina aidīhim wa mā khalfahum wa lā yasyfa‘ūna illā limanirtaḍā wa hum min khasy-yatihī musyfiqūn(a).
[28]
Panjenengan Allah nguningani kabeh barang kang wis lan bakal ditindakake dening para malaikat, sarta para malaikat mau padha ora wani munjuk ing Allah nyuwunake syafa'at, kejaba nyuwunake syafa'ate wong kang diridhani dening Allah (wong Islam). Dene para Malaikat mau padha konjem, jalaran saka wedine marang Allah.
۞ وَمَنْ يَّقُلْ مِنْهُمْ اِنِّيْٓ اِلٰهٌ مِّنْ دُوْنِهٖ فَذٰلِكَ نَجْزِيْهِ جَهَنَّمَۗ كَذٰلِكَ نَجْزِى الظّٰلِمِيْنَ ࣖ٢٩
Wa may yaqul minhum innī ilāhun min dūnihī fa żālika najzīhi jahannam(a), każālika najziẓ-ẓālimīn(a).
[29]
Lan sing sapa saka antarane makhluq ana kang ngucap, "Satemene Ingsun iku Pangeran saliyane panjenengane Allah", yekti dheweke bakal Ingsun wales klawan neraka Jahanam. Kaya mengkono uga Ingsun bakal males wong - wong kang padha nganiaya.
اَوَلَمْ يَرَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنَّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ كَانَتَا رَتْقًا فَفَتَقْنٰهُمَاۗ وَجَعَلْنَا مِنَ الْمَاۤءِ كُلَّ شَيْءٍ حَيٍّۗ اَفَلَا يُؤْمِنُوْنَ٣٠
Awalam yaral-lażīna kafarū annas-samāwāti wal-arḍa kānatā ratqan fa fataqnāhumā, wa ja‘alnā minal-mā'i kulla syai'in ḥayy(in), afalā yu'minūn(a).
[30]
Apa wong - wong kafir iku ora padha sumurup yen satemene langit lan bumi iku asale dhempet dadi siji nuli Ingsun pisahake? Lan Ingsun wis nitahake kabeh barang kang urip iku saka banyu. Apa dheweke ora gelem percaya?
وَجَعَلْنَا فِى الْاَرْضِ رَوَاسِيَ اَنْ تَمِيْدَ بِهِمْۖ وَجَعَلْنَا فِيْهَا فِجَاجًا سُبُلًا لَّعَلَّهُمْ يَهْتَدُوْنَ٣١
Wa ja‘alnā fil-arḍi rawāsiya an tamīda bihim, wa ja‘anā fīhā fijājan subulal la‘allahum yahtadūn(a).
[31]
Lan Ingsun wis ndokoki gunung - gunung pirang - pirang ana ing bumi, supaya bumi mau aja gonjang - ganjing, sara Ingsun dokoki dalan jembar pirang - pirang supaya wong kang lelungan padha sumurup (pikantuk pituduh) parane kang diseja.
وَجَعَلْنَا السَّمَاۤءَ سَقْفًا مَّحْفُوْظًاۚ وَهُمْ عَنْ اٰيٰتِهَا مُعْرِضُوْنَ٣٢
Wa ja‘alnas-samā'a saqfam maḥfūẓā(n), wa hum ‘an āyātihā mu‘riḍūn(a).
[32]
Lan langit iku Ingsun anggo payoning bumi, rineksa ora bisa rubuh. Nanging wong - wong kafir padha mlengos, ora percaya marang tandha-yekti kang anaing langit (kayata srengenge, rembulan lan sapanunggalane).
وَهُوَ الَّذِيْ خَلَقَ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَۗ كُلٌّ فِيْ فَلَكٍ يَّسْبَحُوْنَ٣٣
Wa huwal-lażī khalaqal-laila wan-nahāra wasy-syamsa wal-qamar(a), kullun fī falakiy yasbaḥūn(a).
[33]
Lan Panjenengane kang wis nitahake wengi, rina, srengenge lan rembulan. Kabeh padha lumaku mider - mider rikat ana ing dalane (cakrawala).
وَمَا جَعَلْنَا لِبَشَرٍ مِّنْ قَبْلِكَ الْخُلْدَۗ اَفَا۟ىِٕنْ مِّتَّ فَهُمُ الْخٰلِدُوْنَ٣٤
Wa mā ja‘alnā libasyarim min qablikal-khuld(a), afa'im mitta fahumul-khālidūn(a).
[34]
(Muhammad) Manungsa sadurungira ora ana kang Ingsun kersakake langgeng ana ing donya, ora kena ing pati. Ing tembe menawa sira wis lelayu (mati) manungsa liyane sira apa langgeng?
كُلُّ نَفْسٍ ذَاۤىِٕقَةُ الْمَوْتِۗ وَنَبْلُوْكُمْ بِالشَّرِّ وَالْخَيْرِ فِتْنَةً ۗوَاِلَيْنَا تُرْجَعُوْنَ٣٥
Kullu nafsin żā'iqatul-maut(i), wa nablūkum bisy-syarri wal-khairi fitnah(tan), wa ilainā turja‘ūn(a).
[35]
Sarupaning badan mesthi ngrasakake mati, lan Ingsun nyoba marang sira kabeh kanthi ala lan becik. Wusana ing tembe sira padha dibalekake sowan marang ngarsaningsun, tinimbang ala lan becike.
وَاِذَا رَاٰكَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ يَّتَّخِذُوْنَكَ اِلَّا هُزُوًاۗ اَهٰذَا الَّذِيْ يَذْكُرُ اٰلِهَتَكُمْۚ وَهُمْ بِذِكْرِ الرَّحْمٰنِ هُمْ كٰفِرُوْنَ٣٦
Wa iżā ra'ākal-lażīna kafarū iy yattakhiżūnaka illā huzuwā(n), ahāżal-lażī yażkuru ālihatakum, wa hum biżikrir-raḥmāni hum kāfirūn(a).
[36]
Menawa wong kafir iku ngeleng marang sira (Muhammad), ora ana maneh mung padha geguyu, pangucape marang kancane, "Apa iki wong kang nenacad marang Pangeranira?" Wong - wong kafir mau padha ngemohi marang anane Allah Kang Maha Welas.
خُلِقَ الْاِنْسَانُ مِنْ عَجَلٍۗ سَاُورِيْكُمْ اٰيٰتِيْ فَلَا تَسْتَعْجِلُوْنِ٣٧
Khuliqal-insānu min ‘ajal(in), sa'urīkum āyātī falā tasta‘jilūn(i).
[37]
Manungsa iku dititahake wewatak kesusu (ora srantan). (He manungsa) sira aja padha anggege tumempuhe siksaningsun, sadurunge mangsane. Ing tembe mangsa wurunga sira Ingsun weruhake siksaningsun.
وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٣٨
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[38]
Wong - wong kafir mau banjur padha ngucap, "(He wong Islam) lah mara besuk apa tekane siksa, menawa ucapanira iku temen?"
لَوْ يَعْلَمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا حِيْنَ لَا يَكُفُّوْنَ عَنْ وُّجُوْهِهِمُ النَّارَ وَلَا عَنْ ظُهُوْرِهِمْ وَلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ٣٩
Lau ya‘lamul-lażīna kafarū ḥīna lā yakuffūna ‘aw wujūhihimun nāra wa lā ‘an ẓuhūrihim wa lā hum yunṣarūn(a).
[39]
(Allah ngendika), Upama wong - wong kafir iku sumurup, ing besuk nalika neraka nungkebi marang dheweke, saka ngarep lan saka ing buri, ora kena diolak utawa disingkiri, sarta ora ana kang bisa tetulung marang awake, mesthi ora ngucap mengkono.
بَلْ تَأْتِيْهِمْ بَغْتَةً فَتَبْهَتُهُمْ فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ رَدَّهَا وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَ٤٠
Bal ta'tīhim bagtatan fa tabhatuhum falā yastaṭī‘ūna raddahā wa lā hum yunẓarūn(a).
[40]
Nangning tekane dina Qiyamat iku ngegetake, ndadekake bingung wong kafir. Rumangsa ora bisa nulak utawa nguncati siksane dina Qiyamat, lan ora kena semaya.
وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِّنْ قَبْلِكَ فَحَاقَ بِالَّذِيْنَ سَخِرُوْا مِنْهُمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ ࣖ٤١
Wa laqadistuhzi'a birusulim min qablika fa ḥāqa bil-lażīna sakhirū minhum mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[41]
(Muhammad), Para Rasul sadurungira uga padha bae digeguyu dening para Ummate. Dene patrapane anggone nggeguyu mau, banjur nempuh marang kang padha nggeguyu.
قُلْ مَنْ يَّكْلَؤُكُمْ بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ مِنَ الرَّحْمٰنِۗ بَلْ هُمْ عَنْ ذِكْرِ رَبِّهِمْ مُّعْرِضُوْنَ٤٢
Qul may yakla'ukum bil-laili wan-nahāri minar-raḥmān(i), bal hum ‘an żikrihim mu‘riḍūn(a).
[42]
(Muhammad) sira dhawuha, "Sapa kang ngreksa ing sira ana ing wayah wengi lan rina saka siksane Pangeran kang Maha Welas?", (Ora liya mung Allah pribadi). Nanging wong kafir padha mlengos saka pepelinge Pangeran (al-Qur'an).
اَمْ لَهُمْ اٰلِهَةٌ تَمْنَعُهُمْ مِّنْ دُوْنِنَاۗ لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ نَصْرَ اَنْفُسِهِمْ وَلَا هُمْ مِّنَّا يُصْحَبُوْنَ٤٣
Am lahum ālihatun tamna‘uhum min dūninā, lā yastaṭī‘ūna naṣra anfusihim wa lā hum minnā yuṣḥabūn(a).
[43]
Apa wong - wong kafir padha duwe Pangeran liyane Ingsun, kang bisa nulak saka siksaningsnu? (mesthi ora). Brahala Pangereane iku nulungi awake dhewe bae ora bisa. Dadi ora ana kang bisa nyelametake wong kafir mau saka siksaningsun.
بَلْ مَتَّعْنَا هٰٓؤُلَاۤءِ وَاٰبَاۤءَهُمْ حَتّٰى طَالَ عَلَيْهِمُ الْعُمُرُۗ اَفَلَا يَرَوْنَ اَنَّا نَأْتِى الْاَرْضَ نَنْقُصُهَا مِنْ اَطْرَافِهَاۗ اَفَهُمُ الْغٰلِبُوْنَ٤٤
Bal matta‘nā hā'ulā'i wa ābā'ahum ḥattā ṭāla ‘alaihimul-‘umur(u), afalā yarauna annā na'til-arḍa nanquṣuhā min aṭrāfihā, afahumul-gālibūn(a).
[44]
(Sumurupa) wong kafir lan para leluhure anggone padha sempulur (dawa umure) iku Ingsun kang maringi, nganti lawas uripe, tanpa ana sambekalane, tutug anggone duraka. Wong kafir mau apa ora padha weruh yen Ingsun kurangi bumine mau saka pinggir Apa wong - wong kafir bakal padha pikantuk kemenangan? (mesthi ora).
قُلْ اِنَّمَآ اُنْذِرُكُمْ بِالْوَحْيِۖ وَلَا يَسْمَعُ الصُّمُّ الدُّعَاۤءَ اِذَا مَا يُنْذَرُوْنَ٤٥
Qul innamā unżirukum bil-waḥy(i), wa lā yasma‘uṣ-ṣummud-du‘ā'a iżā mā yunżarūn(a).
[45]
(Muhammad) sria dhawuha, "Satemene Ingsun iku mung paring pepeling marang sira kanthi wahyu (al-Qur'an)". Lan won gkang pangajak, nalika wong - wong mau padha dielingake.
وَلَىِٕنْ مَّسَّتْهُمْ نَفْحَةٌ مِّنْ عَذَابِ رَبِّكَ لَيَقُوْلُنَّ يٰوَيْلَنَآ اِنَّا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٤٦
Wa la'im massathum nafḥatum min ‘ażābi rabbika layaqūlunna yā wailanā innā kunnā ẓālimīn(a).
[46]
Lan satemene menawa wong kafir mau kambah sethithik wae saka siksaning Pangeranira, yakti padha ngucap, "Adhuh cilaka temen, satemene kabeh padha nganiaya marang awake dhewe".
وَنَضَعُ الْمَوَازِيْنَ الْقِسْطَ لِيَوْمِ الْقِيٰمَةِ فَلَا تُظْلَمُ نَفْسٌ شَيْـًٔاۗ وَاِنْ كَانَ مِثْقَالَ حَبَّةٍ مِّنْ خَرْدَلٍ اَتَيْنَا بِهَاۗ وَكَفٰى بِنَا حٰسِبِيْنَ٤٧
Wa naḍa‘ul-mawāzīnal-qisṭa liyaumil-qiyāmati falā tuẓlamu nafsun syai'ā(n), wa in kāna miṡqāla ḥabbatim min khardalin atainā bihā, wa kafā binā ḥāsibīn(a).
[47]
Ing tembe Ingsun bakal nganakake traju timbangan kang ejjeg, kanggo nimbang ala lan becika (kanthi adil) kanggo wong - wong kang padha dikumpulake ing dina Qiyamat, ing kono ora ana sawijining badan kang dikaniaya sethithik - sethithika. Senajan ala utawa becik mau mung saboboting wiji sawi mesthi ingsun tekakake (ora bakal ilang). Dene kang waspada marang telitining panimbang iku cukup Ingsun pribadi.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ الْفُرْقَانَ وَضِيَاۤءً وَّذِكْرًا لِّلْمُتَّقِيْنَ ۙ٤٨
Wa laqad ātainā mūsā wa hārūnal-furqāna wa ḍiyā'aw wa żikral lil-muttaqīn(a).
[48]
Lan temen Ingsun wos maringi Kitab Taurat marang Musa lan Harun. Kitab mau misahake tindak kang bener lan kang luput. Lan kitab mau minangka dadi pepadhnag pepeling tumrap wong kang taqwa marang Allah.
الَّذِيْنَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَيْبِ وَهُمْ مِّنَ السَّاعَةِ مُشْفِقُوْنَ٤٩
Allażīna yakhsyauna rabbahum bil-gaibi wa hum minas-sā‘ati musyfiqūn(a).
[49]
Yaiku wong - wong kang konjem marang Pangerane klawan ghoib (ing pasepen), lan dheweke padha wedi lan was sumelang saka siksane dina Qiyamat.
وَهٰذَا ذِكْرٌ مُّبٰرَكٌ اَنْزَلْنٰهُۗ اَفَاَنْتُمْ لَهٗ مُنْكِرُوْنَ ࣖ٥٠
Wa hāżā żikrum mubārakun anzalnāh(u), afa antum lahū munkirūn(a).
[50]
Lan al-QUr'an iki pepeling tur akeh berkahe kang Ingsun turunake. Ya gene sira padha mungkir (maido) marang isine Qur'an?
۞ وَلَقَدْ اٰتَيْنَآ اِبْرٰهِيْمَ رُشْدَهٗ مِنْ قَبْلُ وَكُنَّا بِهٖ عٰلِمِيْنَ٥١
Wa laqad ātainā ibrāhīma rusydahū min qablu wa kunnā bihī ‘ālimīn(a).
[51]
Lan temen Ingsun wis paring pituduh (kapinteran) marang Ibrahim sadurunge Musa, sarta Ingsun nguningani menawa Ibrahim iku golongane won gkang pikantuk pituduh lan kenabiyan.
اِذْ قَالَ لِاَبِيْهِ وَقَوْمِهٖ مَا هٰذِهِ التَّمَاثِيْلُ الَّتِيْٓ اَنْتُمْ لَهَا عٰكِفُوْنَ٥٢
Iż qāla li'abīhi wa qaumihī mā hāżihit-tamāṡīlul-latī antum lahā ‘ākifūn(a).
[52]
Nalika semana Ibrahim tankon marang ramane lan para kaume, "Reca - reca punika sebab punapa tansah panjenengan sembah - sembah?"
قَالُوْا وَجَدْنَآ اٰبَاۤءَنَا لَهَا عٰبِدِيْنَ٥٣
Qālū wajadnā ābā'anā lahā ‘ābidīn(a).
[53]
Ramane serta para kaume padha mangsuli, "Kita kabeh wis padha nemu leluhur kita padha manembah marang reca - reca iki".
قَالَ لَقَدْ كُنْتُمْ اَنْتُمْ وَاٰبَاۤؤُكُمْ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٥٤
Qāla laqad kuntum antum wa ābā'ukum fī ḍalālim mubīn(in).
[54]
Ibrahim ngendika, "Menawi mekaten, panjenengan sarta para leluhur panjenengan tetela sami kesasar".
قَالُوْٓا اَجِئْتَنَا بِالْحَقِّ اَمْ اَنْتَ مِنَ اللّٰعِبِيْنَ٥٥
Qālū aji'tanā bil-ḥaqqi am anta minal-lā‘ibīn(a).
[55]
Keng ramane sarta kaume padha mangsuli, "He Ibrahim wangsulanmu mengkono iku temenan apa mung sembranan bae".
قَالَ بَلْ رَّبُّكُمْ رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ الَّذِيْ فَطَرَهُنَّۖ وَاَنَا۠ عَلٰى ذٰلِكُمْ مِّنَ الشّٰهِدِيْنَ٥٦
Qāla bar rabbukum rabbus-samāwāti wal-arḍil-lażī faṭarahunn(a), wa ana ‘alā żālikum minasy-syāhidīn(a).
[56]
Ibrahim mangsuli, "Sayektos, sejatosipun pangeran panjenengan punika pangeraning langit lan bumi, ingkang sampun nitahake sadaya wau. Wicanten kula mekaten punika sayektos, kula sumerap terang sarta wongten tandha yektinipun".
وَتَاللّٰهِ لَاَكِيْدَنَّ اَصْنَامَكُمْ بَعْدَ اَنْ تُوَلُّوْا مُدْبِرِيْنَ٥٧
Wa tallāhi la'akīdanna aṣnāmakum ba‘da an tuwallū mudbirīn(a).
[57]
Demi Allah, mangke sakpengker panjenengan saking mriki, brahala - brahala panjenengan puniksa sami kula pejahi.
فَجَعَلَهُمْ جُذٰذًا اِلَّا كَبِيْرًا لَّهُمْ لَعَلَّهُمْ اِلَيْهِ يَرْجِعُوْنَ٥٨
Fa ja‘alahum jużāżan illā kabīral lahum la‘allahum ilaihi yarji‘ūn(a).
[58]
Ibrahim nuli nggepuk brahala - brahala iku nganti remuk, kajaba brahala kang gedhe dewe, supaya wong - wong mau padha bali (takon) marang brahala kang gedhe dhewe iku, (Reca kang gedhe dhewe iku ora dikapak - kapak ake malah tangane dicekeli gegaman, kersane Ibrahim supaya wong akeh mau padha ambalika manut agamane Ibrahim).
قَالُوْا مَنْ فَعَلَ هٰذَا بِاٰلِهَتِنَآ اِنَّهٗ لَمِنَ الظّٰلِمِيْنَ٥٩
Qālū man fa‘ala hāżā bi'ālihatinā innahū laminaẓ-ẓālimīn(a).
[59]
Wong - wong mau banjur upyek pitakone, "Sapa kang ganggu gawe marang pangeran kita mengkene iki? Dheweke tetep wong kang duraka lan nganiaya".
قَالُوْا سَمِعْنَا فَتًى يَّذْكُرُهُمْ يُقَالُ لَهٗٓ اِبْرٰهِيْمُ ۗ٦٠
Qālū sami‘nā fatay yażkuruhum yuqālu lahū ibrāhīm(u).
[60]
Saweneh ana kang ngucap, "Sak temene aku krungu bocah nom - noman kang nyebut pangeran - pangeran iku, arane Ibrahim".
قَالُوْا فَأْتُوْا بِهٖ عَلٰٓى اَعْيُنِ النَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَشْهَدُوْنَ٦١
Qālū fa'tū bihī ‘alā a‘yunin-nāsi la‘allahum yasyhadūn(a).
[61]
Wong - wong mau padha ngucap, "Mara wong iku gawanen marang sak ngarepe wong akeh, supaya kabeh padha nyekseni".
قَالُوْٓا ءَاَنْتَ فَعَلْتَ هٰذَا بِاٰلِهَتِنَا يٰٓاِبْرٰهِيْمُ ۗ٦٢
Qālū a'anta fa‘alta hāżā bi'ālihatinā yā ibrāhīm(u).
[62]
Bareng Ibrahim wis teka wong - wong mau bajur padha pitakon, "Punapa panjenengan ingkang ganggu damel dhateng pangeran - pangeran ikita mekaten punika dhuh Ibrahim?"
قَالَ بَلْ فَعَلَهٗ كَبِيْرُهُمْ هٰذَا فَسْـَٔلُوْهُمْ اِنْ كَانُوْا يَنْطِقُوْنَ٦٣
Qāla bal fa‘alahū kabīruhum hāżā fas'alūhum in kānū yanṭiqūn(a).
[63]
Ibrahim mangsuli, "Kinten kula ingkang ganggu damel inggih brahala ingkang ageng piyambak punika, jalaran piyambakipun ingkang nyepeng gegaman, cobi kula aturi nakeni menawi sanget wicanten".
فَرَجَعُوْٓا اِلٰٓى اَنْفُسِهِمْ فَقَالُوْٓا اِنَّكُمْ اَنْتُمُ الظّٰلِمُوْنَ ۙ٦٤
Fa raja‘ū ilā anfusihim fa qālū innakum antumuẓ-ẓālimūn(a).
[64]
Wong akeh mau saksiwe padha mikir - mikir, banjur padha nutuh arang awake dhewe, pangucape marang kancane, "Saktemene sira sing padha nganiaya marang awakmu dhewe yoiku padha manembah marang brahala".
ثُمَّ نُكِسُوْا عَلٰى رُءُوْسِهِمْۚ لَقَدْ عَلِمْتَ مَا هٰٓؤُلَاۤءِ يَنْطِقُوْنَ٦٥
Ṡumma nukisū ‘alā ru'ūsihim, laqad ‘alimta mā hā'ulā'i yanṭiqūn(a).
[65]
Wong - wong mau nuli padha nungkulake sirahe (bali marang kekafirane sakwise ngakoni kedzalimane), yaiku padha ngucap, "Sakyektosipun panjenengan Ibrahim, sampun mangertos bilih brahala punika mboten saget wicanten, (kados pundi teka kula kapurih taken dhateng para brahala - brahala punika?)"
قَالَ اَفَتَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَنْفَعُكُمْ شَيْـًٔا وَّلَا يَضُرُّكُمْ ۗ٦٦
Qāla afata‘budūna min dūnillāhi mā lā yanfa‘ukum syai'aw wa lā yaḍurrukum.
[66]
Ibrahim banjur mangsuli dhuh para kaum, punopo sebabipun panjenengan sami manembah sanesipun Allah inggih punika brahala ingkang mboten saget manfaati tuwin mbiten saget mlarati punapa - punapa dhateng panjenengan.
اُفٍّ لَّكُمْ وَلِمَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗاَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٦٧
Uffil lakum wa limā ta‘budūna min dūnillāh(i), afalā ta‘qilūn(a).
[67]
Cilaka penjenengan sadaya lan punapa ingkang panjenengan sembah sanesipun ALlah punapa panjenengan mboten gadhah akal?
قَالُوْا حَرِّقُوْهُ وَانْصُرُوْٓا اٰلِهَتَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ فٰعِلِيْنَ٦٨
Qālū ḥarriqūhu wanṣurū ālihatakum in kuntum fā‘ilīn(a).
[68]
Wong - wong mau banjur padha ngucap (nalika sing dadi raja jenenge Namrud), "Obongen Ibrahim, lan sira padha nulungna marang pangeran - pangeran nira, menawa sira padha rep tumindak gawe".
قُلْنَا يٰنَارُ كُوْنِيْ بَرْدًا وَّسَلٰمًا عَلٰٓى اِبْرٰهِيْمَ ۙ٦٩
Qulnā yā nāru kūnī bardaw wa salāman ‘alā ibrāhīm(a).
[69]
Ing kono Ibrahim banjur diobong, ingsun Allah dhaweuh marang geni, "He genia sira dadia adem lan keslametan tetep marang Ibrahim".
وَاَرَادُوْا بِهٖ كَيْدًا فَجَعَلْنٰهُمُ الْاَخْسَرِيْنَ ۚ٧٠
Wa arādū bihī kaidan fa ja‘alnāhumul-akhsarīn(a).
[70]
Wong - wong mau karepe nedya maeka marang Ibrahim, nanging wong - wong iku Ingsun dadekake wong kang rugi (luput pangarep - arepe).
وَنَجَّيْنٰهُ وَلُوْطًا اِلَى الْاَرْضِ الَّتِيْ بٰرَكْنَا فِيْهَا لِلْعٰلَمِيْنَ٧١
Wa najjaināhu wa lūṭan ilal-arḍil-latī bāraknā fīhā lil-‘ālamīn(a).
[71]
Lan Ingsun wis nylametake marang Ibrahim lan Luth banjur padha ngalih marang bumi kang ingsun berkahi, loh-jinawi ngungkuli bumi sakjagat kabeh (yaiku bumi tanah Syam).
وَوَهَبْنَا لَهٗٓ اِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ نَافِلَةً ۗوَكُلًّا جَعَلْنَا صٰلِحِيْنَ٧٢
Wa wahabnā lahū isḥāqa wa ya‘qūba nāfilah(tan), wa kullan ja‘alnā ṣāliḥīn(a).
[72]
Lan Ingsun wis paring putra marang Ibrahim yaiku Ishak kang banjur peputra Ya'kub dadi luwih saka panyuwune Ibrahim. Kabeh iu padha ingsun dadekake wong kang becik (sholeh).
وَجَعَلْنٰهُمْ اَىِٕمَّةً يَّهْدُوْنَ بِاَمْرِنَا وَاَوْحَيْنَآ اِلَيْهِمْ فِعْلَ الْخَيْرٰتِ وَاِقَامَ الصَّلٰوةِ وَاِيْتَاۤءَ الزَّكٰوةِۚ وَكَانُوْا لَنَا عٰبِدِيْنَ ۙ٧٣
Wa ja‘alnāhum a'immatay yahdūna bi'amrinā wa auḥainā ilaihim fi‘lal-khairāti wa iqāmaṣ-ṣalāti wa ītā'az-zakāh(ti), wa kānū lanā ‘ābidīn(a).
[73]
Lan Ingsun wis dadekake marang dheweke dhadhi pangarep (panutan), kang nuduhake para menungsa marang agamaningsun klawan dhawuhingsun, sarta dhawuhi penggawe becik, nglakoni shalat serta bayar zakat, lan kabeh mau padha manembah marang ingsun.
وَلُوْطًا اٰتَيْنٰهُ حُكْمًا وَّعِلْمًا وَّنَجَّيْنٰهُ مِنَ الْقَرْيَةِ الَّتِيْ كَانَتْ تَّعْمَلُ الْخَبٰۤىِٕثَ ۗاِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمَ سَوْءٍ فٰسِقِيْنَۙ٧٤
Wa lūṭan ātaināhu ḥumkaw wa ‘ilmaw wa najjaināhu minal-qaryatil-latī kānat ta‘malul-khabā'iṡ(a), innahum kānū qauma sau'in fāsiqīn(a).
[74]
Lan Luth wis Ingsun paringi kawicaksanan lan kaweruh, sarta Ingsun paringi slamet saka penduduke negara kang tumindak ala mrang dheweke (negara sakdum) saktemene wong - wong iku kaum kang ala tur durhaka. (Kaume Nabi Luth iku padha cumbana padha wong lanang).
وَاَدْخَلْنٰهُ فِيْ رَحْمَتِنَاۗ اِنَّهٗ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ ࣖ٧٥
Wa adkhalnāhu fī raḥmatinā, innahū minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[75]
Lan Ingsun wis nglebokake Luth dadi ewone wong kang oleh Rahmatingsun. (Slamet sangka ummate kang tumindak ala). Saktemene Luth iku golongane wong kang becik.
وَنُوْحًا اِذْ نَادٰى مِنْ قَبْلُ فَاسْتَجَبْنَا لَهٗ فَنَجَّيْنٰهُ وَاَهْلَهٗ مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيْمِ ۚ٧٦
Wa nūḥan iż nādā min qablu fastajabnā lahū fa najjaināhu wa ahlahū minal-karbil-‘aẓīm(i).
[76]
(Muhammad) nyirtakna sejarahe Nuh, sakdurunge Ibrahim, nalikane nyuwun tumpesing para ummate. Ingsun wis marengake panyuwune. Nuh lan kaume padha ingsun paringi slamet sangka kasusahan sing gedhe (banji tofan).
وَنَصَرْنٰهُ مِنَ الْقَوْمِ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمَ سَوْءٍ فَاَغْرَقْنٰهُمْ اَجْمَعِيْنَ٧٧
Wa naṣarnāhu minal-qaumil-lażīna każżabū bi'āyātinā, innahum kānū qauma sau'in fa agraqnāhum ajma‘īn(a).
[77]
Lan Ingsun wis paring pitulungan marang Nuh, slamet saka pialane para umate kang padha nggorohake ayatingsun. Saktemene wong - wong mau padha dadi wong kang ala awit saka iku banjur ingsun sirnakake, tumpes kabeh kerem ing banjir tofan.
وَدَاوٗدَ وَسُلَيْمٰنَ اِذْ يَحْكُمٰنِ فِى الْحَرْثِ اِذْ نَفَشَتْ فِيْهِ غَنَمُ الْقَوْمِۚ وَكُنَّا لِحُكْمِهِمْ شٰهِدِيْنَ ۖ٧٨
Wa dāwūda wa sulaimāna iż yaḥkumāni fil-ḥarṡi iż nafasyat fīhi ganamul-qaum(i), wa kunnā liḥukmihim syāhidīn(a).
[78]
(Muhammad) nyritakna sejarahe Dawud lan SUlaiman (kang wis kamulyakake kanthi kawicaksanan), yaiku nalikane dheweke padha mutusi perkara tanduraning kaum kang dirusak dening wedhuse golongan liyane. Lan Ingsun nyekseni hukum kang diputusake dening dheweke. (kang duwe tanduran ora trime, putusane Dawud, wedhus dadi dabeke wongkang duwe tanduran. Dene putusane Sulaiman wing kang duwe wedhus anandurana minangka kanggo gantine tanduran kang dirusak dening wedhusi nganti pulih kaya sak durunge dirusak. Dene pemetuni wedhus wujut poal lan sak panunggalane dadia darbeke wong kang duwe tanduran mau. Naning ing tembe tanduran mau wis pulih wedhus dalah pemetune bali marang kang duwe wedhus, Dawud manut kaya putusane Sulaiman mau. Ingsun nguningani putusane Dawud lan Sulaiman mau).
فَفَهَّمْنٰهَا سُلَيْمٰنَۚ وَكُلًّا اٰتَيْنَا حُكْمًا وَّعِلْمًاۖ وَّسَخَّرْنَا مَعَ دَاوٗدَ الْجِبَالَ يُسَبِّحْنَ وَالطَّيْرَۗ وَكُنَّا فٰعِلِيْنَ٧٩
Fa fahhamnāhā sulaimān(a), wa kullan ātainā ḥukmaw wa ‘ilmā(n), wa sakhkharnā ma‘a dāwūdal-jibāla yusabbiḥna waṭ-ṭair(a), wa kunnā fā‘ilīn(a).
[79]
Sulaiman ingsun paringi kawicaksanan weruh marang bebenering hukum (perkara). Dene Sulaiman lan Dawud Ingsun paringi kawicaksanan lan kapinteran. (Lan Ingsun junjung ing pangkat Nabi). Lan Ingsun anyungkemake sakehing gunung lan manuk, padha melu memuji lan maha sucekake ing Allah bebarengan karo Dawud. Ingsun nindakake kang mengkono iku.
وَعَلَّمْنٰهُ صَنْعَةَ لَبُوْسٍ لَّكُمْ لِتُحْصِنَكُمْ مِّنْۢ بَأْسِكُمْۚ فَهَلْ اَنْتُمْ شٰكِرُوْنَ٨٠
Wa ‘allamnāhu ṣan‘ata labūsil lakum lituḥṣinakum mim ba'sikum, fahal antum syākirūn(a).
[80]
Lan Ingsun wis mulan gmarang Dawud mau kawitane wong kang gawe klambi kere (klambi wesi), kanggo ngreksa (njaga) awakira saka bebayaning perang. Awit kang mengkono iku mau, apa sira padha syukur ing Allah?
وَلِسُلَيْمٰنَ الرِّيْحَ عَاصِفَةً تَجْرِيْ بِاَمْرِهٖٓ اِلَى الْاَرْضِ الَّتِيْ بٰرَكْنَا فِيْهَاۗ وَكُنَّا بِكُلِّ شَيْءٍ عٰلِمِيْنَ٨١
Wa lisulaimānar-rīḥa ‘āṣifatan tajrī bi'amrihī ilal-arḍil-latī bāraknā fīhā, wa kunnā bikulli syai'in ‘ālimīn(a).
[81]
Lan maneh Ingsun nyungkemake angin prahara marang Sulaiman, lumaku ngidid marang bumi ing Syam kang Ingsun berkahi saka prentahe Sulaiman. Ingsun iku nguningani kabeh barang.
وَمِنَ الشَّيٰطِيْنِ مَنْ يَّغُوْصُوْنَ لَهٗ وَيَعْمَلُوْنَ عَمَلًا دُوْنَ ذٰلِكَۚ وَكُنَّا لَهُمْ حٰفِظِيْنَ ۙ٨٢
Wa minasy-syayāṭīna may yagūṣūna lahū wa ya‘malūna ‘amalan dūna żālik(a), wa kunnā lahum ḥāfiẓīn(a).
[82]
(Lan Ingsun uga nyungkemake para syetan marang Sulaiman), Sawenehing syetan mau ana kang diprentah slulub ing segara, anjupuki mutiara pirang - pirang, lan ana kang diperintah nindakake penggaweyan liya - liyane. Lan Ingsun ngreksa marang para syetan mau, dadi padha ora bisa ambubrah garapane kang wis ditindakake.
۞ وَاَيُّوْبَ اِذْ نَادٰى رَبَّهٗٓ اَنِّيْ مَسَّنِيَ الضُّرُّ وَاَنْتَ اَرْحَمُ الرّٰحِمِيْنَ ۚ٨٣
Wa ayyūba iż nādā rabbahū annī massaniyaḍ-ḍurru wa anta arḥamur-rāḥimīn(a).
[83]
(Muhammad, sira nyritakna sejarahe Ayyub) nalika munjuk ing Allah Pangerane, "Dhuh Allah, kawula punika nandha sesakit. Panjenengan punika langkung dening Asih, ngungkuli tiyang ingkang Asih".
فَاسْتَجَبْنَا لَهٗ فَكَشَفْنَا مَا بِهٖ مِنْ ضُرٍّ وَّاٰتَيْنٰهُ اَهْلَهٗ وَمِثْلَهُمْ مَّعَهُمْ رَحْمَةً مِّنْ عِنْدِنَا وَذِكْرٰى لِلْعٰبِدِيْنَ ۚ٨٤
Fastajabnā lahū fa kasyafnā mā bihī min ḍurriw wa ātaināhu ahlahū wa miṡlahum ma‘ahum raḥmatam min ‘indinā wa żikrā lil-‘ābidīn(a).
[84]
Ingsun nuli nerangake penyuwune Ayyub mau. Mulane kabeh lelarane Ingsun paringi waras. Anak - anake kang wis mati pada Ingsun uripake (lan Ingsun balekake keluargane Ayub marang piyambake), lan Ingsun paringi tikel maneh. Iku tumanja sih (rahmat) saka ngarsaningsun lan dadiya pepeling tumrap wongkang kumawula marang Allah.
وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِدْرِيْسَ وَذَا الْكِفْلِۗ كُلٌّ مِّنَ الصّٰبِرِيْنَ ۙ٨٥
Wa ismā‘īla wa idrīsa wa żal-kifl(i), kullum minaṣ-ṣābirīn(a).
[85]
(Muhammad, sira nyritakna) sejarahe Isma'il, Idris lan Dzul kifli. Kabeh mau kalebu golongane wong kang sabar (teguh) atine anggone padha ngabekti marang Allah.
وَاَدْخَلْنٰهُمْ فِيْ رَحْمَتِنَاۗ اِنَّهُمْ مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ٨٦
Wa adkhalnāhum fī raḥmatinā, innahum minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[86]
Lan Ingsun wis nglebokake dadi golongae wong kang pikanthuk rahmatingsun (pangkat Nabi). Jalaran satemene dheweke iku golongane wong - wong kang padha becik.
وَذَا النُّوْنِ اِذْ ذَّهَبَ مُغَاضِبًا فَظَنَّ اَنْ لَّنْ نَّقْدِرَ عَلَيْهِ فَنَادٰى فِى الظُّلُمٰتِ اَنْ لَّآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنْتَ سُبْحٰنَكَ اِنِّيْ كُنْتُ مِنَ الظّٰلِمِيْنَ ۚ٨٧
Wa żan-nūni iż żahaba mugāḍiban fa ẓanna allan naqdira ‘alaihi fa nādā fiẓ-ẓulumāti allā ilāha illā anta subḥānaka innī kuntu minaẓ-ẓālimīn(a).
[87]
(Muhammad, sira nyritakna) sejarahe Yunus kang jejuluk Dzun-nun tegese duwe iwak Nun. (Mulane jejuluk mengkono, awit Yunus mau diuntal ing iwak Nun), Nalikane Yunus mutung, lolos anglungani para ummate, awit tansah dipaido. Panjenengane ora bakal Ingsun patrapi. (Lungane nunggang prahu ing segara, banjur diuntal iwak nun) Yunus munjuk ing ALlah (ana ing sajeroning wetengen iwak), "Dhuh Allah Pangeran kawula. Saestu boten wonten sesembahan klayan leres, kajawi namung Panjenengan. Panjenengan punika Maha Suci. Kawula punika nganiaya dhateng badan kula piyambak".
فَاسْتَجَبْنَا لَهٗۙ وَنَجَّيْنٰهُ مِنَ الْغَمِّۗ وَكَذٰلِكَ نُـْۨجِى الْمُؤْمِنِيْنَ٨٨
Fastajabnā lahū wa najjaināhu minal-gamm(i), wa każālika nunjil-mu'minīn(a).
[88]
Panyuwune Yunus mau Ingsun parengake, dheweke banjur diwetokake dening iwak saka wetenge. Ing kono dheweke Ingsun luwarake saka bebaya gedhe. Mengkono uga para wong Mukmin, iya Ingsun luwari saka kesusahane.
وَزَكَرِيَّآ اِذْ نَادٰى رَبَّهٗ رَبِّ لَا تَذَرْنِيْ فَرْدًا وَّاَنْتَ خَيْرُ الْوٰرِثِيْنَ ۚ٨٩
Wa zakariyyā iż nādā rabbahū rabbi lā tażarnī fardaw wa anta khairul-wāriṡīn(a).
[89]
(Muhammad), nyritakna sejarahe Zakariya, nalika munjuk ing Allah Pangerane, "Dhuh Allah, kawula mugi sampun panjenengan kendelaken kemawon, piyambakan tanpa anak, Panjenengan mesthi langgeng, dados waris kawula, ingkang prayogi sanget".
فَاسْتَجَبْنَا لَهٗ ۖوَوَهَبْنَا لَهٗ يَحْيٰى وَاَصْلَحْنَا لَهٗ زَوْجَهٗۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا يُسٰرِعُوْنَ فِى الْخَيْرٰتِ وَيَدْعُوْنَنَا رَغَبًا وَّرَهَبًاۗ وَكَانُوْا لَنَا خٰشِعِيْنَ٩٠
Fastajabnā lah(ū), wa wahabnā lahū yaḥyā wa aṣlaḥnā lahū zaujah(ū), innahum kānū yusāri‘ūna fil-khairāti wa yad‘ūnanā ragabaw wa rahabā(n), wa kānū lanā khāsyi‘īn(a).
[90]
Nuli Ingsun mirengake panyuwune (Zakariya) mau, Ingsun paringi putra lanang, jeneng Yahya. Rabine kang maune gabug, Ingsun dandani rahine. Satemene para Nabi kang wis kasebut mau kabeh padha gegancangan anggone nglakoni penggawe becik, padha ngestokake prentah Ingsun kanthi rasa wedi lan asih, sarta padha andhap asor (konjem) marang Ingsun.
وَالَّتِيْٓ اَحْصَنَتْ فَرْجَهَا فَنَفَخْنَا فِيْهَا مِنْ رُّوْحِنَا وَجَعَلْنٰهَا وَابْنَهَآ اٰيَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ٩١
Wal-latī aḥṣanat farjahā fa nafakhnā fīhā mir rūḥinā wa ja‘alnāhā wabnahā āyatal lil-‘ālamīn(a).
[91]
(Muhammad) sira nyritakna puteri (Maryam) kang tuhu ngati - ati anggone rumeksa marang kehormatane, mulane banjur Ingsun panjingi roh saka peparing Ingsun pribadi (dadhi ngandut 'Isa as). Dheweke lan putrane mau Ingsun anggo pangeram - eram, minangka tandha yekti wong sajagat, supaya padha sumurupa sampurnaning kuwasaningsun.
اِنَّ هٰذِهٖٓ اُمَّتُكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةًۖ وَّاَنَا۠ رَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْنِ٩٢
Inna hāżihī ummatukum ummataw wāḥidah(tan), wa ana rabbukum fa‘budūn(i).
[92]
Satemene Agama (Islam) iki agamanira kang sawiji (kang wajib dikukuhi sarta kang sarujuk dadi Ummat sawiji). Lan Ingsun Pangeranira, awit saka iku sira padha manembaha marang Ingsun.
وَتَقَطَّعُوْٓا اَمْرَهُمْ بَيْنَهُمْۗ كُلٌّ اِلَيْنَا رٰجِعُوْنَ ࣖ٩٣
Wa taqaṭṭa‘ū amrahum bainahum, kullun ilainā rāji‘ūn(a).
[93]
Lan dheweke wis padha padudon ana ing agamanae (dadi pirang - pirang golongan) nanging saben - saben golongan bakal bali sowan marang ngarsaningsun.
فَمَنْ يَّعْمَلْ مِنَ الصّٰلِحٰتِ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَا كُفْرَانَ لِسَعْيِهٖۚ وَاِنَّا لَهٗ كٰتِبُوْنَ٩٤
Famay ya‘mal minaṣ-ṣāliḥāti wa huwa mu'minun falā kufrāna lisa‘yih(ī), wa innā lahū kātibūn(a).
[94]
Sing sapa nindakake kabecikan sarta dheweke Iman, kabeh kabecikane ora bakal muspra. Satemene Ingsun nulisi kabeh 'amal, ora ana kang kecer.
وَحَرٰمٌ عَلٰى قَرْيَةٍ اَهْلَكْنٰهَآ اَنَّهُمْ لَا يَرْجِعُوْنَ٩٥
Wa ḥarāmun ‘alā qaryatin ahlaknāhā, innahum lā yarji‘ūn(a).
[95]
Temenan ora bakal kelakon tumrap kaum (penduduk) sawijinig negara kang wis Ingsun rusak, dheweke iku bakal padha bali (tobat) marang Ingsun.
حَتّٰىٓ اِذَا فُتِحَتْ يَأْجُوْجُ وَمَأْجُوْجُ وَهُمْ مِّنْ كُلِّ حَدَبٍ يَّنْسِلُوْنَ٩٦
Ḥattā iżā futiḥat ya'jūju wa ma'jūju wa hum min kulli ḥadabiy yansilūn(a).
[96]
Sahingga menawa betenge Ya'juj lan Ma'juj wis dibukak, lan dheweke padha rerikatan metu saka saben - saben panggonan kang dhuwur.
وَاقْتَرَبَ الْوَعْدُ الْحَقُّ فَاِذَا هِيَ شَاخِصَةٌ اَبْصَارُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ يٰوَيْلَنَا قَدْ كُنَّا فِيْ غَفْلَةٍ مِّنْ هٰذَا بَلْ كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٩٧
Waqtarabal-wa‘dul-ḥaqqu fa iżā hiya syākhiṣatun abṣārul-lażīna kafarū, yā wailanā qad kunnā fī gaflatim min hāżā bal kunnā ẓālimīn(a).
[97]
Lan yekti wis cedhak tumibane janji kang bener (Qiyamat), dumadakan pendelenge wong - wong kafir padha mendelik sarta padha ngucap, "Dhuh cilaka yekti kita wis nglirwakake dina iki, malah padha nganiaya".
اِنَّكُمْ وَمَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ حَصَبُ جَهَنَّمَۗ اَنْتُمْ لَهَا وٰرِدُوْنَ٩٨
Innakum wa mā ta‘budūna min dūnillāhi ḥaṣabu jahannam(a), antum lahā wāridūn(a).
[98]
Satemene sira lan kabeh kang sira sembah saliyane Allah, padha dadi urub - urubing neraka jahannam. Sira kabeh bakal padha mlebu ana ing kono.
لَوْ كَانَ هٰٓؤُلَاۤءِ اٰلِهَةً مَّا وَرَدُوْهَاۗ وَكُلٌّ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٩٩
Lau kāna hā'ulā'i ālihatam mā waradūhā, wa kullun fīhā khālidūn(a).
[99]
Saumpama brahala - brahala iku dadi Pangeran kang sejati, yekti dheweke (lan kang padha manembah) ora mblebu ing neraka jahanam, lan kabeh (kang disembah lan kang manembah) padha langgeng ana ing neraka kono.
لَهُمْ فِيْهَا زَفِيْرٌ وَّهُمْ فِيْهَا لَا يَسْمَعُوْنَ١٠٠
Lahum fīhā zafīruw wa hum fīhā lā yasma‘ūn(a).
[100]
Para wong kafir mau ana ing neraka padha sesambat ngaru - ara lan menggeh - menggeh, sarta ora krungu apa - apa, kajaba mung gumrubuging geni.
اِنَّ الَّذِيْنَ سَبَقَتْ لَهُمْ مِّنَّا الْحُسْنٰىٓۙ اُولٰۤىِٕكَ عَنْهَا مُبْعَدُوْنَ ۙ١٠١
Innal-lażīna sabaqat lahum minnal-ḥusnā, ulā'ika ‘anhā mub‘adūn(a).
[101]
Satemene wong - wong kang luwih dhisik wis pikantuk putusan kabecikan saka ngarsaningsun, yekti dheweke iku padha didohake saka neraka.
لَا يَسْمَعُوْنَ حَسِيْسَهَاۚ وَهُمْ فِيْ مَا اشْتَهَتْ اَنْفُسُهُمْ خٰلِدُوْنَ ۚ١٠٢
Lā yasma‘ūna ḥasīsahā, wa hum fīmasytahat anfusuhum khālidūn(a).
[102]
Dheweke padha ora krungu gumrubuging suwarnaning neraka, sara dheweke padha langgen ana ing (ni'mat) kang disenengi dening nafsune.
لَا يَحْزُنُهُمُ الْفَزَعُ الْاَكْبَرُ وَتَتَلَقّٰىهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُۗ هٰذَا يَوْمُكُمُ الَّذِيْ كُنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ١٠٣
Lā yaḥzunuhumul-faza‘ul-akbaru wa tatalaqqāhumul-malā'ikah(tu), hāżā yaumukumul-lażī kuntum tū‘adūn(a).
[103]
Wong mukmin mau padha ora nemu kesusahan dening perkara gedhe kang memedeni, sarta nalika padha metu saka qubur, diacarani dening para malaikat, tembunge, "Sapunika mangsanipun keleksanan janjinipun Allah badhe ngganjar dhateng panjenengan".
يَوْمَ نَطْوِى السَّمَاۤءَ كَطَيِّ السِّجِلِّ لِلْكُتُبِۗ كَمَا بَدَأْنَآ اَوَّلَ خَلْقٍ نُّعِيْدُهٗۗ وَعْدًا عَلَيْنَاۗ اِنَّا كُنَّا فٰعِلِيْنَ١٠٤
Yauma naṭwis-samā'a kaṭayyis-sijilli lil-kutib(i), kamā bada'nā awwala khalqin nu‘īduh(ū), wa‘dan ‘alainā, innā kunnā fā‘ilīn(a).
[104]
Ing dina iku Ingsun anggulung langit kaya tetulisan (lembaran) kertas kang digulung. Kabeh wong padha Ingsun balekake kaya nalika ana ing guwa garbaning biyung. Kang mengkono iku wis dadi janjiningsun, ing dina iku Ingsun leksanani.
وَلَقَدْ كَتَبْنَا فِى الزَّبُوْرِ مِنْۢ بَعْدِ الذِّكْرِ اَنَّ الْاَرْضَ يَرِثُهَا عِبَادِيَ الصّٰلِحُوْنَ١٠٥
Wa laqad katabnā fiz-zabūri mim ba‘diż-żikri annal-arḍa yariṡuhā ‘ibādiyaṣ-ṣāliḥūn(a).
[105]
Lan yekti Ingsun wis nulis ana ing kitab Zabur, sakwise Ingsun tulisi (ana ing Lauhil Mahfudz), "Menawa kang duweni hak nampa waris pusakane bumi iki, mung kawulaningsun kang padha sholeh".
اِنَّ فِيْ هٰذَا لَبَلٰغًا لِّقَوْمٍ عٰبِدِيْنَ ۗ١٠٦
Inna fī hāżā labalāgal liqaumin ‘ābidīn(a).
[106]
Saktemene apa kang disebutake ing dalem surat iki tumrap wong kang ngabekti wis cukup kanggo lantaran lakone sedyane.
وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ١٠٧
Wa mā arsalnāka illā raḥmatal lil-‘ālamīn(a).
[107]
(Muhammad) Ingsun ora ngutus marang sira kajaba dadi rahmad marang alam kabeh.
قُلْ اِنَّمَا يُوْحٰىٓ اِلَيَّ اَنَّمَآ اِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌۚ فَهَلْ اَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ١٠٨
Qul innamā yūḥā ilayya annamā ilāhukum ilāhuw wāḥid(un), fahal antum muslimūn(a).
[108]
(Muhammad) sira dhawuha saktemene kang didhawuhake marang Ingsun yaiku, "Pangeranmu iku Pangeran kang tunggal, apa sira gelem sumarah marang panjenengane?"
فَاِنْ تَوَلَّوْا فَقُلْ اٰذَنْتُكُمْ عَلٰى سَوَاۤءٍۗ وَاِنْ اَدْرِيْٓ اَقَرِيْبٌ اَمْ بَعِيْدٌ مَّا تُوْعَدُوْنَ١٠٩
Fa in tawallau fa qul āżantukum ‘alā sawā'(in), wa in adrī aqarībun am ba‘īdum mā tū‘adūn(a).
[109]
Menawa wong - wong mau mlengos (ora gelem Islam) (Muhammad) sira dhawuha, "Ingsun wis aweh weruh marang sira (ing barang kang wis didawuhake). Lan Ingsun ora mangerti apa wis cedak utawa isih adoh tumibane siksa sing dijanjekkake"
اِنَّهٗ يَعْلَمُ الْجَهْرَ مِنَ الْقَوْلِ وَيَعْلَمُ مَا تَكْتُمُوْنَ١١٠
Innahū ya‘lamul-jahra minal-qauli wa ya‘lamu mā taktumūn(a).
[110]
Saktemene panjenengane iku nguningani pangucap kang ngedeng lan nguningani kang sira umpetake.
وَاِنْ اَدْرِيْ لَعَلَّهٗ فِتْنَةٌ لَّكُمْ وَمَتَاعٌ اِلٰى حِيْنٍ١١١
Wa in adrī la‘allahū fitnatul lakum wa matā‘un ilā ḥīn(in).
[111]
Lan Ingsun ora mangerti, apa bab kuwi (anggone diakherake siksane) dadi tumrap sira utawa dadi kesenengan nganti tumeka titi mangsane.
قٰلَ رَبِّ احْكُمْ بِالْحَقِّۗ وَرَبُّنَا الرَّحْمٰنُ الْمُسْتَعَانُ عَلٰى مَا تَصِفُوْنَ ࣖ١١٢
Qāla rabbiḥkum bil-ḥaqq(i), wa rabbunar-raḥmānul-musta‘ānu ‘alā mā taṣifūn(a).
[112]
(Muhammad) munjuk ing Allah, "Dhuh Allah Pangeran kawula! Mugi panjenengan ngadilana pasulayan kawula kalayan tiyang ingkang sami maiben kalayan sakleresipun". Allah pangeran kula ingkang maha welas, disuwuni pitulung ing ngatase perkara kang padha sira sifati.