Surah Ta Ha

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
طٰهٰ ۚ١
Ṭāhā.
[1] Thaa Haa

مَآ اَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْقُرْاٰنَ لِتَشْقٰٓى ۙ٢
Mā anzalnā ‘alaikal-qur'āna litasyqā.
[2] Ingsun ora nurunake kitab Al-Quran marang sira (Muhammad) supaya dadi rekasa

اِلَّا تَذْكِرَةً لِّمَنْ يَّخْشٰى ۙ٣
Illā tażkiratal limay yakhsyā.
[3] Nanging Ingsun nurunake kitab al-Quran supaya dadi pepenget marang wong kang bekti marang Allah

تَنْزِيْلًا مِّمَّنْ خَلَقَ الْاَرْضَ وَالسَّمٰوٰتِ الْعُلٰى ۗ٤
Tanzīlam mimman khalaqal-arḍa was-samāwātil-‘ulā.
[4] Kitab al-Quran iku tumurn saka ngarsane Allah, pangera kang nitahake bumi lan langit kang duwur

اَلرَّحْمٰنُ عَلَى الْعَرْشِ اسْتَوٰى٥
Ar- raḥmānu ‘alal-‘arsyistawā.
[5] Panjenengane Pangeran kang Maha murah iku mrintah anindakake murba wasesa ana ing 'Arsy

لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا وَمَا تَحْتَ الثَّرٰى٦
Lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍi wa mā bainahumā wa mā taḥtaṡ-ṡarā.
[6] Allah iku kagungan kabeh ana ing langit - langit lan bumi, lan kabeh kang ana antarane bumi lan langit, sarta barang kang ana ing sangisore bumi.

وَاِنْ تَجْهَرْ بِالْقَوْلِ فَاِنَّهٗ يَعْلَمُ السِّرَّ وَاَخْفٰى٧
Wa in tajhar bil-qauli fa innahū ya‘lamus-sirra wa akhfā.
[7] Lan menawa sira nyerukake pangucapira, temen panjenengane Allah iku ngawuningani kang disidhem lan kang dibatin

اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ لَهُ الْاَسْمَاۤءُ الْحُسْنٰى٨
Allāhu lā ilāha illā huw(a), lahul-asmā'ul-ḥusnā.
[8] Panjenengane Allah, ora ana Pangeran kajaba mung panjenengane piyambak. Panjenengane kagungan asma kang becik.

وَهَلْ اَتٰىكَ حَدِيْثُ مُوْسٰى ۘ٩
Wa hal atāka ḥadīṡu mūsā.
[9] (Muhammad) apa sira wis sumurup ceritane Nabi Musa?

اِذْ رَاٰ نَارًا فَقَالَ لِاَهْلِهِ امْكُثُوْٓا اِنِّيْٓ اٰنَسْتُ نَارًا لَّعَلِّيْٓ اٰتِيْكُمْ مِّنْهَا بِقَبَسٍ اَوْ اَجِدُ عَلَى النَّارِ هُدًى١٠
Iż ra'ā nāran fa qāla li'ahlihimkuṡū innī ānastu nāral la‘allī ātīkum minhā biqabasin au ajidu ‘alan-nāri hudā(n).
[10] Nalika dheweke nabi .usa sumurup geni, banjur ngendika marang ahline, "Sira padha lerena ana ing kene dhisik, geni kae tak paranane, tak nyumet obor, banjur tak bali mrene, utawa bokmenawa ing kana aku ketemu wong kang nuduhake dalan".

فَلَمَّآ اَتٰىهَا نُوْدِيَ يٰمُوْسٰٓى ۙ١١
Falammā atāhā nūdiya yā mūsā.
[11] Bareng nabi Musa wis tekan panggonane geni, ditimbali dening Allah. Pangandikane,"He Musa"

اِنِّيْٓ اَنَا۠ رَبُّكَ فَاخْلَعْ نَعْلَيْكَۚ اِنَّكَ بِالْوَادِ الْمُقَدَّسِ طُوًى ۗ١٢
Innī ana rabbuka fakhla‘ na‘laika innaka bil-wādil-muqaddasi ṭuwā(n).
[12] Saktemene ingsun iki pangeranira. Mara copoten trumpahira, jalaran saktemene sira saiki ana ing jurang suci kang aran jurang Thuwaa.

وَاَنَا اخْتَرْتُكَ فَاسْتَمِعْ لِمَا يُوْحٰى١٣
Wa anakhtartuka fastami‘ limā yūḥā.
[13] Lan Ingsun wis milih sira, ingsun junjung dadi utusaningsun, lan ingsun parengake imbal pangandika lan Ingsun. Sira ngestokakna (ngrungokna) apa kang wis kawacakake marang sira.

اِنَّنِيْٓ اَنَا اللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنَا۠ فَاعْبُدْنِيْۙ وَاَقِمِ الصَّلٰوةَ لِذِكْرِيْ١٤
Innanī anallāhu lā ilāha illā ana fa‘budnī, wa aqimiṣ-ṣalāta liżikrī.
[14] Saktemene Ingsun iki Allah, ora ana Pangeran kajaba Ingsun. Jalaran saka iku sira manembaha marang Ingsun, sarta nindakake shalat klawan eling marang Ingsun.

اِنَّ السَّاعَةَ اٰتِيَةٌ اَكَادُ اُخْفِيْهَا لِتُجْزٰى كُلُّ نَفْسٍۢ بِمَا تَسْعٰى١٥
Innas-sā‘ata ātiyatun akādu ukhfīhā litujzā kullu nafsim bimā tas‘ā.
[15] Saktemene bakal tekane dina Qiyamat iku mesthi kaleksanan, meh - meh Ingsun gawe dadi tekane Qiyamat iku kanggo males sakabehing badan apa kang wis ditindakake (ala lan becik).

فَلَا يَصُدَّنَّكَ عَنْهَا مَنْ لَّا يُؤْمِنُ بِهَا وَاتَّبَعَ هَوٰىهُ فَتَرْدٰى١٦
Falā yaṣuddannaka ‘anhā mal lā yu'minu bihā wattaba‘a hawāhu fa tardā.
[16] Awit saka iku, sira aja nganti kelu (dienggokake) marang wong kang ora percaya marang bakal kelakone dina qiyamat sarta nuruti karepe hawa napsu. Manawa sira kelu mesthi bakal rusak.

وَمَا تِلْكَ بِيَمِيْنِكَ يٰمُوْسٰى١٧
Wa mā tilka biyamīnika yā mūsā.
[17] Lan apa kang sira cekel ana ing tanganira tengen iku, Musa?

قَالَ هِيَ عَصَايَۚ اَتَوَكَّؤُا عَلَيْهَا وَاَهُشُّ بِهَا عَلٰى غَنَمِيْ وَلِيَ فِيْهَا مَاٰرِبُ اُخْرٰى١٨
Qāla hiya ‘aṣāy(a), atwakka'u ‘alaihā wa ahusysyu bihā ‘alā ganamī wa liya fīhā ma'āribu ukhrā.
[18] Nabi Musa munjuk, "Punika teken kawula. Kawula angge teteken, sarta kawula angge nggegepyok ron - ronan kangge pakanipun menda kawula, saha kangge sanes - sanesipun.

قَالَ اَلْقِهَا يٰمُوْسٰى١٩
Qāla alqihā yā mūsā.
[19] Panjenengane Allah paring dhawuh, "He, Musa, mara uncalna tekenira iku".

فَاَلْقٰىهَا فَاِذَا هِيَ حَيَّةٌ تَسْعٰى٢٠
Fa alqāhā fa iżā hiya ḥayyatun tas‘ā.
[20] Nabi Musa banjur nguncalake teken mau. Dumadakan teken iku dadi ula gede kang mlaku (nlosor).

قَالَ خُذْهَا وَلَا تَخَفْۗ سَنُعِيْدُهَا سِيْرَتَهَا الْاُوْلٰى٢١
Qāla khużhā wa lā takhaf, sanu‘īduhā sīratahal-ūlā.
[21] Allah paring pangandika, "Mara ula iku jupuken, aja wedi. Ingsun bakal balekake ula iku marang kahanane sekawit, dadi teken maneh".

وَاضْمُمْ يَدَكَ اِلٰى جَنَاحِكَ تَخْرُجْ بَيْضَاۤءَ مِنْ غَيْرِ سُوْۤءٍ اٰيَةً اُخْرٰىۙ٢٢
Waḍmum yadaka ilā janāḥika takhruj baiḍā'a min gairi sū'in āyatan ukhrā.
[22] "Lan mara tanganira (epek - epekira) kempitna ana ing caklaanira yekti bakal malih dadi putih mencorong tanpa cacat (dudu putih belang). Iku dadi tanda yekti siji maneh kang mratandhani menawa sira dadi utusaningsun".

لِنُرِيَكَ مِنْ اٰيٰتِنَا الْكُبْرٰى ۚ٢٣
Linuriyaka min āyātinal-kubrā.
[23] (Kejaba tanda yekti loro iku) sira Ingsun tuduhake tondaha yektiningsun kang luwih gedhe.

اِذْهَبْ اِلٰى فِرْعَوْنَ اِنَّهٗ طَغٰى ࣖ٢٤
Iżhab ilā fir‘auna innahū ṭagā.
[24] Saiki sira mangkata, ingsun utus ketemu Fir'aun. Satemene dheweke iku banget lacute.

قَالَ رَبِّ اشْرَحْ لِيْ صَدْرِيْ ۙ٢٥
Qāla rabbisyraḥ lī ṣadrī.
[25] Nabi Musa munjuk, "Dhu Pangeran pepundhen kawula, mugi panjenengan paring pepadhang manah (anjemberaken dhadha) kawula".

وَيَسِّرْ لِيْٓ اَمْرِيْ ۙ٢٦
Wa yassir lī amrī.
[26] Saha mugi panjenengan paring gampil anggen kawula nglampahi ajakan kawula.

وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِّنْ لِّسَانِيْ ۙ٢٧
Waḥlul ‘uqdatam mil lisānī.
[27] Saha mugi mantunaken cidaliput ilat kawula.

يَفْقَهُوْا قَوْلِيْ ۖ٢٨
Yafqahū qaulī.
[28] Supados Fir'aun dalah para kaumipun sami mangertos wicantenan kawula.

وَاجْعَلْ لِّيْ وَزِيْرًا مِّنْ اَهْلِيْ ۙ٢٩
Waj‘al lī wazīram min ahlī.
[29] Saha kawula mugi kaparingan pembantu ingkang klebet ahli kawula.

هٰرُوْنَ اَخِى ۙ٣٠
Hārūna akhī.
[30] Inggih punika Harun, sedherek kawula kaliyan piyambakipun.

اشْدُدْ بِهٖٓ اَزْرِيْ ۙ٣١
Usydud bihī azrī.
[31] Saha mugi panjenengan ngiyataken geger kawula kaliyan piyambakipun.

وَاَشْرِكْهُ فِيْٓ اَمْرِيْ ۙ٣٢
Wa asyrik-hu fī amrī.
[32] Saha mugi nyarengaken Harun ambantu kawula wonten ing padamelan kawula punika.

كَيْ نُسَبِّحَكَ كَثِيْرًا ۙ٣٣
Kai nusabbiḥaka kaṡīrā(n).
[33] Supados kita kekalih sami ngathah - ngathahaken anggen kula maha nucekaken Panjenengan.

وَّنَذْكُرَكَ كَثِيْرًا ۗ٣٤
Wa nażkuraka kaṡīrā(n).
[34] Punapa malih ngathah - ngathahaken anggen kita enget dhateng panjenengan.

اِنَّكَ كُنْتَ بِنَا بَصِيْرًا٣٥
Innaka kunta binā baṣīrā(n).
[35] Saestunipun Panjenengan punika ngawuningani dhateng kita sedaya.

قَالَ قَدْ اُوْتِيْتَ سُؤْلَكَ يٰمُوْسٰى٣٦
Qāla qad ūtīta su'laka yā mūsā.
[36] Allah paring pangandika, "He Musa, temen Ingsun wis gnabulake apa sing dadi panyuwunira".

وَلَقَدْ مَنَنَّا عَلَيْكَ مَرَّةً اُخْرٰىٓ ۙ٣٧
Wa laqad manannā ‘alaika marratan ukhrā.
[37] (Liyane iki) temen Ingsun wis paring kanugrahan sepisan maneh marang sira sadurunge iki.

اِذْ اَوْحَيْنَآ اِلٰٓى اُمِّكَ مَا يُوْحٰىٓ ۙ٣٨
Iż auḥainā ilā ummika mā yūḥā.
[38] Yaiku nalika Ingsun paring wahyu (ilham) marang ibunira, kaya kan gwis Ingsun dhawuhake mengkene:

اَنِ اقْذِفِيْهِ فِى التَّابُوْتِ فَاقْذِفِيْهِ فِى الْيَمِّ فَلْيُلْقِهِ الْيَمُّ بِالسَّاحِلِ يَأْخُذْهُ عَدُوٌّ لِّيْ وَعَدُوٌّ لَّهٗ ۗوَاَلْقَيْتُ عَلَيْكَ مَحَبَّةً مِّنِّيْ ەۚ وَلِتُصْنَعَ عَلٰى عَيْنِيْ ۘ٣٩
Aniqżifīhi fit-tābūti faqżifīhi fil-yammi falyulqihil-yammu bis-sāḥili ya'khużhu ‘aduwwul lī wa ‘aduwwul lah(ū), wa alqaitu ‘alaika maḥabbatam minnī, wa lituṣna‘a ‘alā ‘ainī.
[39] (Sarehne sira kuwatir mbok menawa anakira dipateni Fir'aun), anakira iku sira wadhahana ing peti, nuli kentirna (cemplungna) ana ing bengawan (Nil). Bengawan nil bakal minggerake peti mau marang pinggir anakira bakal ditemu (dijupuk) dening mungsuh Ingsun lan mungsuh ira (yaiku Fir'aun). Lan Ingsun paring asih marang sira (Musa), supaya sira, kinasih lan supaya diopeni kanthi pikantuk penjagaan.

اِذْ تَمْشِيْٓ اُخْتُكَ فَتَقُوْلُ هَلْ اَدُلُّكُمْ عَلٰى مَنْ يَّكْفُلُهٗ ۗفَرَجَعْنٰكَ اِلٰٓى اُمِّكَ كَيْ تَقَرَّ عَيْنُهَا وَلَا تَحْزَنَ ەۗ وَقَتَلْتَ نَفْسًا فَنَجَّيْنٰكَ مِنَ الْغَمِّ وَفَتَنّٰكَ فُتُوْنًا ەۗ فَلَبِثْتَ سِنِيْنَ فِيْٓ اَهْلِ مَدْيَنَ ەۙ ثُمَّ جِئْتَ عَلٰى قَدَرٍ يّٰمُوْسٰى٤٠
Iż tamsyī ukhtuka fa taqūlu hal adullukum ‘alā may yakfuluh(ū), fa raja‘nāka ilā ummika kai taqarra ‘ainuhā wa lā taḥzan(a), wa qatalta nafsan fa najjaināka minal-gammi wa fatannāka futūnā(n), fa labiṡta sinīna fī ahli madyan(a), ṡumma ji'ta ‘alā qadariy yā mūsā.
[40] Dheksamana sedulurira wadon (Maryam) lumaku perlu ngodhol marang sira. Bareng sira ditemu dening para abdining Fir'aun, dheweke banjur celathu marang kang nemu, "Punapa panjenengan kersa kula tedahi tiyang ingkang saget ngopeni lan nyesepi bayi punika?" (wong kang nemu bayi mau banjur setuju, Maryam banjur ngundang ibune). Ingsun nuli mbalekake sira marang ibunira supaya atine seneng sarta ora sedhih. Lan sira wis mateni sawijining wong (Qibthi), sira Ingsun paringi selamet saka kesusahan jalaran anggonira mateni iku. Lan Ingsun maringi pirang - pirang coba mawarna - mawarna (lan uga Ingsun paringi selamet), sira nuli manggon ana ing ahli Madyan (dalane nabi Syu'aib) pirang - pirang tahun (kurang luwih 10 tahun) (sarta ngrabeni putrane), sira banjur bali maneh sawise tumeka mongsa kang wis Ingsun temtokake marang sira.

وَاصْطَنَعْتُكَ لِنَفْسِيْۚ٤١
Wasṭana‘tuka linafsī.
[41] Ln sira wis Ingsun pilih supaya nampa wahyu lan risalah saka ngarsaningsun.

اِذْهَبْ اَنْتَ وَاَخُوْكَ بِاٰيٰتِيْ وَلَا تَنِيَا فِيْ ذِكْرِيْۚ٤٢
Iżhab anta wa akhūka bi'āyātī wa lā taniyā fī żikrī.
[42] Sira karo sedulurira (Harun) padha mangkata, perlu ngundangake dhawuhingsun marang manungsa kabeh, kanthi ngampil ayat ingsun. Lan sira sakloron aja kendhat - kendhat eling ngundhangake dhawuhingsun.

اِذْهَبَآ اِلٰى فِرْعَوْنَ اِنَّهٗ طَغٰىۚ٤٣
Iżhabā ilā fir‘auna innahū ṭagā.
[43] Sira sakloron padha mangkata nemoni raja Fir'aun, jalaran dheweke iku banget lacute.

فَقُوْلَا لَهٗ قَوْلًا لَّيِّنًا لَّعَلَّهٗ يَتَذَكَّرُ اَوْ يَخْشٰى٤٤
Fa qūlā lahū qaulal layyinal la‘allahū yatażakkaru au yakhsyā.
[44] Sira sakloron padha dhawuhna raja Fir'aun kanthi aris (andhap asor), muga - muga dheweke gelem nampa pepeling utawa wedi marang Ingsun.

قَالَا رَبَّنَآ اِنَّنَا نَخَافُ اَنْ يَّفْرُطَ عَلَيْنَآ اَوْ اَنْ يَّطْغٰى٤٥
Qālā rabbanā innanā nakhāfu ay yafruṭa ‘alainā au ay yaṭgā.
[45] Sak karone padha munjuk, "Dhuh Allah Pangeran kawula, sayektosipun kawula punika kuwatos mbokmenawi Fir'aun lajeng misakit utawi mejahi dhateng kawula, utawi mbokmenawi sang saya sanget anggenipun siya - siya dhateng kawula".

قَالَ لَا تَخَافَآ اِنَّنِيْ مَعَكُمَآ اَسْمَعُ وَاَرٰى٤٦
Qāla lā takhāfā innanī ma‘akumā asma‘u wa arā.
[46] Allah paring pangandika, "Sira aja padha kuwatir, saktemene Ingsun anjangkung marang sira, ingsun mireng aturira lan mirsani marang sak solah tingkahira".

فَأْتِيٰهُ فَقُوْلَآ اِنَّا رَسُوْلَا رَبِّكَ فَاَرْسِلْ مَعَنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ەۙ وَلَا تُعَذِّبْهُمْۗ قَدْ جِئْنٰكَ بِاٰيَةٍ مِّنْ رَّبِّكَ ۗوَالسَّلٰمُ عَلٰى مَنِ اتَّبَعَ الْهُدٰى٤٧
Fa'tiyāhu fa qūlā innā rasūlā rabbika fa arsil ma‘anā banī isrā'īl(a), wa lā tu‘ażżibhum, qad ji'nāka bi'āyatim mir rabbik(a), was-salāmu ‘alā manittaba‘al-hudā.
[47] Sira sak kloron tekoa marang Fir'aun sarta dhawuha mengkene: kula kekalih punika utusanipun Allah pangeran panjenengan, jalaran saking punika tiyang - tiyang bani Israil sarta kula mugi kalepasna saking pandamelan sarta sampun panjenengan siksa. Sayektosipun kula dhateng panjenengan punika ambekta tandha yekti saking pangeran panjenengan. Lan kawilujengan tetep dhateng tiyang ingkang manut pitedah.

اِنَّا قَدْ اُوْحِيَ اِلَيْنَآ اَنَّ الْعَذَابَ عَلٰى مَنْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰى٤٨
Innā qad ūḥiya ilainā annal-‘ażāba ‘alā man każżaba wa tawallā.
[48] Sayektosipun kula sami kaparing wahyu, bilih siksa punika kaptrapaken dhateng tiyang ingkang anggorohaken para utusan tuwin mlengos.

قَالَ فَمَنْ رَّبُّكُمَا يٰمُوْسٰى٤٩
Qāla famar rabbukumā yā mūsā.
[49] Fir'aun banjur pitakon, "He Musa lan Harun sapa pangeranira iku?"

قَالَ رَبُّنَا الَّذِيْٓ اَعْطٰى كُلَّ شَيْءٍ خَلْقَهٗ ثُمَّ هَدٰى٥٠
Qāla rabbunal-lażī a‘ṭā kulla syai'in khalqahū ṡumma hadā.
[50] Musa mangsuli, "Dene pangeran kula inggih punika Allah ingkang sampun paring sadoya kabetahanipun para titah. Saklajengipun panjenenganipun paring pitedah marginipun kawilujengan".

قَالَ فَمَا بَالُ الْقُرُوْنِ الْاُوْلٰى٥١
Qāla famā bālul-qurūnil-ūlā.
[51] Fir'aun pitakon maneh, "Kepriye kahanane ummat kang wis kapungkur?"

قَالَ عِلْمُهَا عِنْدَ رَبِّيْ فِيْ كِتٰبٍۚ لَا يَضِلُّ رَبِّيْ وَلَا يَنْسَىۖ٥٢
Qāla ‘ilmuhā ‘inda rabbī fī kitāb(in), lā yaḍillu rabbī wa lā yansā.
[52] Musa banjur mangsuli, "Ingkang wuninga lelampahanipun para ummat ingkang sampun kapengker punika namung Allah pangeran kawula, perkawis punika sampun kaserat wonten Lauhil Mahfudz. pangeran kula boten badhe klento lan boten kesupen".

الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ مَهْدًا وَّسَلَكَ لَكُمْ فِيْهَا سُبُلًا وَّاَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۗ فَاَخْرَجْنَا بِهٖٓ اَزْوَاجًا مِّنْ نَّبَاتٍ شَتّٰى٥٣
Al-lażī ja‘ala lakumul-arḍa mahdaw wa salaka lakum fīhā subulaw wa anzala minas-samā'i mā'ā(n), fa akhrajnā bihī azwājam min nabātin syattā.
[53] (Panjenengane pangeran) kang wis nitahake bumi iki jumereng kanggo sira kabeh, sarta panjenengane wis ndadekake pirang - pirang dalan ana ing bumi kanggo sira kabeh, sarta panjenengane nurunake banyu saka ing langit. Ingsun nuli ngetokkake sarwane thethukulan kang beda - beda rupane.

كُلُوْا وَارْعَوْا اَنْعَامَكُمْ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى النُّهٰى ࣖ٥٤
Kulū war‘au an‘āmakum, inna fī żālika la'āyātil li'ulin-nuhā.
[54] (He para manungsa) sira padha mangana thethukulane bumi lan padha angona raja kayanira. Saktemene kang mengkono iku temen dadi tonda yekti tumrap wong kang duwe akal.

۞ مِنْهَا خَلَقْنٰكُمْ وَفِيْهَا نُعِيْدُكُمْ وَمِنْهَا نُخْرِجُكُمْ تَارَةً اُخْرٰى٥٥
Minhā khalaqnākum wa fīhā nu‘īdukum wa minhā nukhrijukum tāratan ukhrā.
[55] Sira padha ingsun titahake saka ing bumi, lan bakal ingsun balkake ana ing bumi maneh, sakbanjure sira bakal ingsun wetokake sangka bumi sapisan maneh.

وَلَقَدْ اَرَيْنٰهُ اٰيٰتِنَا كُلَّهَا فَكَذَّبَ وَاَبٰى٥٦
Wa laqad araināhu āyātinā kullahā fa każżaba wa abā.
[56] Lan temen ingsun wis meruhake kabeh ayat - ayat Ingsun marang Fir'aun nanging dheweke malah anggorohake lan ora gelem nampa.

قَالَ اَجِئْتَنَا لِتُخْرِجَنَا مِنْ اَرْضِنَا بِسِحْرِكَ يٰمُوْسٰى٥٧
Qāla aji'tanā litukhrijanā min arḍinā bisiḥrika yā mūsā.
[57] Fir'aun banjur ngucap, "he Musa paa tekamu iki tegel nundhung aku sak kukuban saka ing bumi negaraku kene (negara Mesir sarana sihirmu iku?)"

فَلَنَأْتِيَنَّكَ بِسِحْرٍ مِّثْلِهٖ فَاجْعَلْ بَيْنَنَا وَبَيْنَكَ مَوْعِدًا لَّا نُخْلِفُهٗ نَحْنُ وَلَآ اَنْتَ مَكَانًا سُوًى٥٨
Fa lana'tiyannaka bisiḥrim miṡlihī faj‘al bainanā wa bainaka mau‘idal lā nukhlifuhū naḥnu wa lā anta makānan suwā(n).
[58] Temen aku bakal nekakake sihir marang sira kanggo nandingi. Jalaran saka iku mara gawea perjanjian ora kena disulayani dening aku lan sira ana ing panggonan kang adil.

قَالَ مَوْعِدُكُمْ يَوْمُ الزِّيْنَةِ وَاَنْ يُّحْشَرَ النَّاسُ ضُحًى٥٩
Qāla mau‘idukum yaumuz-zīnati wa ay yuḥsyaran-nāsu ḍuḥā(n).
[59] Musa mangsuli, "Panjenengan temtokaken benjing dinten ageng kemawon mangsanipun tiyang sami mangangge pameran, ing mriku para tiyang sami dipun klempakakke ing wanci injing".

فَتَوَلّٰى فِرْعَوْنُ فَجَمَعَ كَيْدَهٗ ثُمَّ اَتٰى٦٠
Fa tawallā fir‘aunu fa jama‘a kaidahū ṡumma atā.
[60] Fir'aun nuli mlengos dhawuh nglumpukake juru sihir, sakwise nglumpuk banjur diirit marang panggonan kang ditemtokake, ing dina kang wis ditemtokake. Ana ing kono tempok karo Musa.

قَالَ لَهُمْ مُّوْسٰى وَيْلَكُمْ لَا تَفْتَرُوْا عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا فَيُسْحِتَكُمْ بِعَذَابٍۚ وَقَدْ خَابَ مَنِ افْتَرٰى٦١
Qāla lahum mūsā wailakum lā taftarū ‘alallāhi każiban fa yusḥitakum bi‘ażab(in), wa qad khāba maniftarā.
[61] Musa banjur celathu marang wong - wong sihir mau, "He para juru sihir, cilaka temen kowe, aja wani - wani gawe celathu goroh ngarani tandha yektine Allah iku sihir. Allah bakal numpes kowe kabeh kanthi siksa, lan wong kang gawe - gawe iku bakal nandhang kapitunan".

فَتَنَازَعُوْٓا اَمْرَهُمْ بَيْنَهُمْ وَاَسَرُّوا النَّجْوٰى٦٢
Fa tanāza‘ū amrahum bainahum wa asarrun-najwā.
[62] Para juru sihir mau banjur padha kumpul rerembugan padha papadhon (ana kang ngarani Mukjizat nabi Musa iku sihir lan ana ing ngarani dudu sihir) sarta padha nyidhemake anggone padha rerembugan.

قَالُوْٓا اِنْ هٰذٰنِ لَسَاحِرٰنِ يُرِيْدَانِ اَنْ يُّخْرِجٰكُمْ مِّنْ اَرْضِكُمْ بِسِحْرِهِمَا وَيَذْهَبَا بِطَرِيْقَتِكُمُ الْمُثْلٰى٦٣
Qālū in hāżāni lasāḥirāni yurīdāni ay yukhrijākum min arḍikum bisiḥrihimā wa yażhabā biṭarīqatikumul-muṡlā.
[63] Para juru sihir mau banjur padha ngucap, "Saktemene wong loro iku (Musa lan Harun) yekti juru sihir kang arep nundung sira saka bumi-nira kanthi ilmu sihire. Lan arep ngilangake dedalane agamanira kang pancen utama".

فَاَجْمِعُوْا كَيْدَكُمْ ثُمَّ ائْتُوْا صَفًّاۚ وَقَدْ اَفْلَحَ الْيَوْمَ مَنِ اسْتَعْلٰى٦٤
Fa ajmi‘ū kaidakum ṡumma'tū ṣaffā(n), wa qad aflaḥal-yauma manista‘lā.
[64] Jalaran saka iku digolong anggonmu padha ngetokake keluwihanmu ing ilmu sihir, nuli padha majua kanthi saktata barisan. Ing dina iku sing sapa sihire unggul lan menang mesthi beja.

قَالُوْا يٰمُوْسٰٓى اِمَّآ اَنْ تُلْقِيَ وَاِمَّآ اَنْ نَّكُوْنَ اَوَّلَ مَنْ اَلْقٰى٦٥
Qālū yā mūsā immā an tulqiya wa immā an nakūna awwala man alqā.
[65] Para juru sihir banjur celathu, "He nabi Musa punapa panjenengan nguncalaken teken rumiyin punapa kula ingkang rumiyin nguncalaken teken lan tampar kula?"

قَالَ بَلْ اَلْقُوْاۚ فَاِذَا حِبَالُهُمْ وَعِصِيُّهُمْ يُخَيَّلُ اِلَيْهِ مِنْ سِحْرِهِمْ اَنَّهَا تَسْعٰى٦٦
Qāla bal alqū, fa iżā ḥibāluhum wa ‘iṣiyyuhum yukhayyalu ilaihi min siḥrihim annahā tas‘ā.
[66] Musa banur mangsuli, "Sira nguncalaken dhisik" (para juru sihir padha nguncalake teken lan tampare) sak naliko iku sihire para juru sihir tumama marang nabi Musa, tampar lan teken katon padha dadi ula, padha mlaku pating talesep.

فَاَوْجَسَ فِيْ نَفْسِهٖ خِيْفَةً مُّوْسٰى٦٧
Fa aujasa fī nafsihī khīfatam mūsā.
[67] Musa krasa wedi ana ing sakjroneng atine.

قُلْنَا لَا تَخَفْ اِنَّكَ اَنْتَ الْاَعْلٰى٦٨
Qulnā lā takhaf innaka antal-a‘lā.
[68] (Pangandikane Allah), "Ingsun dhawuh marang Musa, Sira aja wedi lan kuwati, jalaran saktemene sira kang bakal luwih unggul lan menang"

وَاَلْقِ مَا فِيْ يَمِيْنِكَ تَلْقَفْ مَا صَنَعُوْاۗ اِنَّمَا صَنَعُوْا كَيْدُ سٰحِرٍۗ وَلَا يُفْلِحُ السَّاحِرُ حَيْثُ اَتٰى٦٩
Wa alqi mā fī yamīnika talqaf mā ṣana‘ū, innamā ṣana‘ū kaidu sāḥir(in), wa lā yufliḥus-sāḥiru ḥaiṡu atā.
[69] Lan teken kang ana tangan tengenira iku sira uncalna (mesthi dadi ula gedhe) banjur nguntali ulane para juru sihir mau, awit ula mau dudu ula temenan, mung pangreka dayane juru sihir bae. Lan para juru sihir iku ana ing endi - endi panggonan ora bakal beja lan menang.

فَاُلْقِيَ السَّحَرَةُ سُجَّدًا قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِرَبِّ هٰرُوْنَ وَمُوْسٰى٧٠
Fa ulqiyas-saḥaratu sujjadan qālū āmannā birabbi hārūna wa mūsā.
[70] (Sakwise tekene Musa diuncalake lan nguntal kabeh ulane para juru sihir mau) para juru sihir mau tumuli padha njungkel sujud ing Allah. Bareng wis tangi banjur padha matur, "Kula sami pitados dhateng pangeranipun Harun lan Musa".

قَالَ اٰمَنْتُمْ لَهٗ قَبْلَ اَنْ اٰذَنَ لَكُمْۗ اِنَّهٗ لَكَبِيْرُكُمُ الَّذِيْ عَلَّمَكُمُ السِّحْرَۚ فَلَاُقَطِّعَنَّ اَيْدِيَكُمْ وَاَرْجُلَكُمْ مِّنْ خِلَافٍ وَّلَاُصَلِّبَنَّكُمْ فِيْ جُذُوْعِ النَّخْلِۖ وَلَتَعْلَمُنَّ اَيُّنَآ اَشَدُّ عَذَابًا وَّاَبْقٰى٧١
Qāla āmantum lahū qabla an āżana lakum, innahū lakabīrukumul-lażī ‘allamakumus-siḥr(a), fa la'uqaṭṭi‘anna aidiyakum wa arjulakum min khilāfiw wa la'uṣallibannakum fī jużū‘in-nakhl(i), wa lata‘lamunna ayyunā asyaddu ‘ażābaw wa abqā.
[71] (Fir'aun banget nepsune marang juru sihire) pengucape, "Ya gene kowe durung oleh palilahku teka banjur percaya marang Musa. Yen mengkono Musa iku penggedhemu kang mulang sirih marang kowe. Lah ya rasakna, kowe mesthi bakal tan junjang, tak kethok tanganmu tengen lan sikilmu kiwa, lan bakal tak penthang ana wit kurma. Ing kono kowe bakal sumur sapa kang siksane luwih abot lan langgeng".

قَالُوْا لَنْ نُّؤْثِرَكَ عَلٰى مَا جَاۤءَنَا مِنَ الْبَيِّنٰتِ وَالَّذِيْ فَطَرَنَا فَاقْضِ مَآ اَنْتَ قَاضٍۗ اِنَّمَا تَقْضِيْ هٰذِهِ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا ۗ٧٢
Qālū lan nu'ṡiraka ‘alā mā jā'anā minal-bayyināti wal-lażī faṭaranā faqḍi mā anta qāḍ(in), innamā taqḍī hāżihil-ḥayātad-dun-yā.
[72] Para juru sihir banjur padha matur, "Kula sami boten badhe milih panjenengan, maiben tandha yekti ingkang sampun kula sumerapi kanthi terang punika babar pisan bote. Dene pangancam panjengan dhateng kula kathah - kathah inggih sumangga panjenengan tindakaken. Demi Allah ingkang sampun angawontenaken kula, anggen panjenengan badhe misakit dhateng kula punika namung tumrap wonten ing donya kemawon".

اِنَّآ اٰمَنَّا بِرَبِّنَا لِيَغْفِرَ لَنَا خَطٰيٰنَا وَمَآ اَكْرَهْتَنَا عَلَيْهِ مِنَ السِّحْرِۗ وَاللّٰهُ خَيْرٌ وَّاَبْقٰى٧٣
Innā āmannā birabbinā liyagfira lanā khaṭāyānā wa mā akrahtanā ‘alaihi minas-siḥr(i), wallāhu khairuw wa abqā.
[73] Sak estunipun kita punika iman dhateng Allah Pangeran kula, supados Allah paring pangapunten kalepatan kula sadaya langkung-langkung malih anggen kula purun panjenengan peksa sinau sarta nindakake sihir. Dene ganjaranipun ALlah punika langkung sae ngungkuli ganjaran panjenengan saha langgeng.

اِنَّهٗ مَنْ يَّأْتِ رَبَّهٗ مُجْرِمًا فَاِنَّ لَهٗ جَهَنَّمَ ۗ لَا يَمُوْتُ فِيْهَا وَلَا يَحْيٰى٧٤
Innahū may ya'ti rabbahū mujriman fa inna lahū jahannam(a), lā yamūtu fīhā wa lā yaḥyā.
[74] Saktemene wong kang padha sowan (mati) marang pangerane kalayan dosa (kafir) iku bakal pikantuk (kaptrapan neraka jahanam). Ana ing kono dheweke iku ora mati lan ora urip.

وَمَنْ يَّأْتِهٖ مُؤْمِنًا قَدْ عَمِلَ الصّٰلِحٰتِ فَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمُ الدَّرَجٰتُ الْعُلٰى ۙ٧٥
Wa may ya'tihī mu'minan qad ‘amilaṣ-ṣāliḥāti fa ulā'ika lahumud-darajātul-‘ulā.
[75] Dene wong kang sowan marang ngarsane pangerane kalayan percaya (iman) lan wis nindakake laku becik, iku dheweke bakal pikantuk pangkat kang luhur (ana ing suwarga).

جَنّٰتُ عَدْنٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۗوَذٰلِكَ جَزَاۤءُ مَنْ تَزَكّٰى ࣖ٧٦
Jannātu ‘adnin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, wa żālika jazā'u man tazakkā.
[76] Yaiku suwarga 'Adn panggonan langgeng, kang sangisore ana bengawane mili, ana ing kono wong - wong mau padha langgeng. Mengkono iku ganjarane wong kang suci saka dosa.

وَلَقَدْ اَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰٓى اَنْ اَسْرِ بِعِبَادِيْ فَاضْرِبْ لَهُمْ طَرِيْقًا فِى الْبَحْرِ يَبَسًاۙ لَّا تَخٰفُ دَرَكًا وَّلَا تَخْشٰى٧٧
Wa laqad auḥainā ilā mūsā an asri bi‘ibādī faḍrib lahum ṭarīqan fil-baḥri yabasā(n), lā takhāfu darakaw wa lā takhsyā.
[77] (Pangandikane Allah), "Lan temen Ingsun wis paring wahyu marang Musa, 'He Musa lungoa (lumakua) ing wayah bengi (saka ing tanah Mesir) bareng karo kawulaningsun (bani Israil). tekenira sira sabetna ing segara, mesthi banjur piyak, dalan gedhe, asat tur resik. Sira lumaku ing kona tanpa kuwatir kecandhak Fir'aun, lan ora kuwatir kerem ing segara'"

فَاَتْبَعَهُمْ فِرْعَوْنُ بِجُنُوْدِهٖ فَغَشِيَهُمْ مِّنَ الْيَمِّ مَا غَشِيَهُمْ ۗ٧٨
Fa atba‘ahum fir‘aunu bijunūdihī fa gasyiyahum minal-yammi mā gasyiyahum.
[78] Musa sarta sapendhereke nuli diburu (disusul) dening Fir'aun sawadya balane, (miturut cerita cacahe 700.000 lan dipenggedheni dening Opsir wadyabala kang tangguh padha melu mlebu ing segara) banjur padha tumpes tinungkep ing banyu segara.

وَاَضَلَّ فِرْعَوْنُ قَوْمَهٗ وَمَا هَدٰى٧٩
Wa aḍalla fir‘aunu qaumahū wa mā hadā.
[79] Fir'aun mau tetep nasarake para kaume kabeh padha mati kafir, padha ora pikantuk pituduh.

يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ قَدْ اَنْجَيْنٰكُمْ مِّنْ عَدُوِّكُمْ وَوٰعَدْنٰكُمْ جَانِبَ الطُّوْرِ الْاَيْمَنَ وَنَزَّلْنَا عَلَيْكُمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوٰى٨٠
Yā banī isrā'īla qad anjainākum min ‘aduwwikum wa wā‘adnākum jānibaṭ-ṭūril-aimana wa nazzalnā ‘alaikumul-mannā was-salwā.
[80] (Pangandikane Allah), "He wong Bani Israil. Temen Ingsun wis paring selamet marang sira ucul saka satrunira Fir'aun, lan Ingsun wis janji marang sira supaya sira teka marang gegering gunung sisih tengen (Tursina), sarta nalika ana ing ara - ara teh, sira Ingsun paringi pangan rupa manna lan salwa".

كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْۙ وَلَا تَطْغَوْا فِيْهِ فَيَحِلَّ عَلَيْكُمْ غَضَبِيْۚ وَمَنْ يَّحْلِلْ عَلَيْهِ غَضَبِيْ فَقَدْ هَوٰى٨١
Kulū min ṭayyibāti mā razaqnākum, wa lā taṭgau fīhi fa yaḥilla ‘alaikum gaḍabī, wa may yaḥlil ‘alaihi gaḍabī faqad hawā.
[81] (Dhawuh Ingsun), "Sira padha mangana peparingingsun rejeki kang becik - becik, lan poma dipoma sira aja padha ngluwihi wates, mundhak kena bebenduningsun. Lan sapa kang kena ing bebenduningsun, mesthi kacemplung ing neraka".

وَاِنِّيْ لَغَفَّارٌ لِّمَنْ تَابَ وَاٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا ثُمَّ اهْتَدٰى٨٢
Wa innī lagaffārul liman tāba wa āmana wa ‘amila ṣāliḥan ṡummahtadā.
[82] Satemene Ingsun iku Maha Pangapura marang wong kang gelem tobat, lan iman sarta nindakake kebecikan, lestari netepi pituduh bener nganti tumeka ing waktune mati.

۞ وَمَآ اَعْجَلَكَ عَنْ قَوْمِكَ يٰمُوْسٰى٨٣
Wa mā a‘jalaka ‘an qaumika yā mūsā.
[83] He Musa, sebab apa sira teka kesusu anggonira seba marang Ingsun, nganti ngelancangi para kaumira?

قَالَ هُمْ اُولَاۤءِ عَلٰٓى اَثَرِيْ وَعَجِلْتُ اِلَيْكَ رَبِّ لِتَرْضٰى٨٤
Qāla hum ulā'i ‘alā aṡarī wa ‘ajiltu ilaika rabbi litarḍā.
[84] Nabi Musa matur, "Tetiyang wau wonten ing wingking kawula mboten tebih, persasat sareng kemawon kaliyan kawula. Dhuh Pangeran kawula. WOndene anggen kawula kesesa kedhangkalan mareg ing panjenengan punika supados paringa karidhaan panjenengan dhateng kawula".

قَالَ فَاِنَّا قَدْ فَتَنَّا قَوْمَكَ مِنْۢ بَعْدِكَ وَاَضَلَّهُمُ السَّامِرِيُّ٨٥
Qāla fa innā qad fatannā qaumaka mim ba‘dika wa aḍallahumus-sāmiriyy(u).
[85] Allah paring pangandika, "Sapungkurira, para kaumira padha Ingsun paringi coba, padha disasarake dening wong golongan Samiri (padha diajak manembah pedhet mas)"

فَرَجَعَ مُوْسٰٓى اِلٰى قَوْمِهٖ غَضْبَانَ اَسِفًا ەۚ قَالَ يٰقَوْمِ اَلَمْ يَعِدْكُمْ رَبُّكُمْ وَعْدًا حَسَنًا ەۗ اَفَطَالَ عَلَيْكُمُ الْعَهْدُ اَمْ اَرَدْتُّمْ اَنْ يَّحِلَّ عَلَيْكُمْ غَضَبٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ فَاَخْلَفْتُمْ مَّوْعِدِيْ٨٦
Fa raja‘a mūsā ilā qaumihī gaḍbāna asifā(n), qāla yā qaumi alam ya‘idkum rabbukum wa‘dan ḥasanā(n), afaṭāla ‘alaikumul-‘ahdu am arattum ay yaḥilla ‘alaikum gaḍabum mir rabbikum fa akhlaftum mau‘idī.
[86] Nabi Musa (bareng wis patang puluh dina anggone ana ing gunung lan wis diparingi kitab Taurat) banjur bali marang panggonane para kaume (wong Bani Israil) Musa ngendika, "he para kaumku. Pangeranmu apa ora wis paring perjanjian becik marang kowe (kowe bakal diparingi kitab Taurat) lan apa kesuwen anggonmu padha ngenteni tekaningsun (saka ing gunung anggawa kitab Taurat kang wis dijanjekake dening Allah) utawa apa sira pancen njarag supaya kena bebenduning Allah Pangeranira, (dene sira teka manembah pedhet mas) nyidrani perjanjianira marang ingsun?"

قَالُوْا مَآ اَخْلَفْنَا مَوْعِدَكَ بِمَلْكِنَا وَلٰكِنَّا حُمِّلْنَآ اَوْزَارًا مِّنْ زِيْنَةِ الْقَوْمِ فَقَذَفْنٰهَا فَكَذٰلِكَ اَلْقَى السَّامِرِيُّ ۙ٨٧
Qālū mā akhlafnā mau‘idaka bimalkinā wa lākinnā ḥummilnā auzāram min zīnatil-qaumi fa qażafnāhā fa każālika alqas-sāmiriyy(u).
[87] Para kaume Musa, (yaiku para kaum Bani Israil) banjur padha matur, "Anggen kita nyidrani perjanjian kita dhateng panjenengan punika boten saking kajeng kula piyambak, lugunipun makaten: nalika kesah kita saking Mesir punika rumiyin, sami mbekta rajabrana gadahanipun tiyang mesir. Sarehning barang punika sanes leresipun dados gadhahan kita, saking pembujuking tiyang golongan Samiri".

فَاَخْرَجَ لَهُمْ عِجْلًا جَسَدًا لَّهٗ خُوَارٌ فَقَالُوْا هٰذَآ اِلٰهُكُمْ وَاِلٰهُ مُوْسٰى ەۙ فَنَسِيَ ۗ٨٨
Fa akhraja lahum ‘ijlan jasadal lahū khuwārun fa qālū hāżā ilāhukum wa ilāhu mūsā, fa nasiy(a).
[88] Rajabrana wau dipun klempakaken, lajeng dipun cithak dados pedhet mas, ingkang mawa daging lan ruh, tur saget nyuwanten pangucapipun (tiyang Samiri), "Iki Pangeranmu lan Pangerane Musa uga, dheweke kelalen".

اَفَلَا يَرَوْنَ اَلَّا يَرْجِعُ اِلَيْهِمْ قَوْلًا ەۙ وَّلَا يَمْلِكُ لَهُمْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًا ࣖ٨٩
Afalā yarauna allā yarji‘u ilaihim qaulā(n), wa lā yamliku lahum ḍarraw wa lā naf‘ā(n).
[89] Wong kang padha manembah pedhet mas mau apa ora duwe panemu menawa pedhet mas ikuora bisa mangsuli pitakon apa - apa, lan ora bisa agawe kemlaratan, apa dene piguno marang dheweke.

وَلَقَدْ قَالَ لَهُمْ هٰرُوْنُ مِنْ قَبْلُ يٰقَوْمِ اِنَّمَا فُتِنْتُمْ بِهٖۚ وَاِنَّ رَبَّكُمُ الرَّحْمٰنُ فَاتَّبِعُوْنِيْ وَاَطِيْعُوْٓا اَمْرِيْ٩٠
Wa laqad qāla lahum hārūnu min qablu yā qaumi innamā futintum bih(ī), wa inna rabbakumur-raḥmānu fattabi‘ūnī wa aṭī‘ū amrī.
[90] Sadurunge iku, Harus wis paring pituru mengkene, "He para kaumku. Satemene sira iku padha kena coba pedhet mas. lan satemene pangeranira iku Allah Kang Maha Welas. Awit saka iku sira padha manuta marang agamaningsun lan manuta marang dhawuhingsun".

قَالُوْا لَنْ نَّبْرَحَ عَلَيْهِ عٰكِفِيْنَ حَتّٰى يَرْجِعَ اِلَيْنَا مُوْسٰى٩١
Qālū lan nabraḥa ‘alaihi ‘ākifīna ḥattā yarji‘a ilainā mūsā.
[91] Wong - wong bani Israil padha mangsuli, "Inggih kajengipun. Kula boten badhe kendel anggen kula manembah pedhet mas, kantenipun benjing menawi Musa sampun kondur" (punapa duka, punapa lajeng tumut manembah pedhet mas).

قَالَ يٰهٰرُوْنُ مَا مَنَعَكَ اِذْ رَاَيْتَهُمْ ضَلُّوْٓا ۙ٩٢
Qāla yā hārūnu mā mana‘aka iż ra'aitahum ḍallū.
[92] Musa banjur pitaken, "Dhuh Kang mas harun punapa ingkang angalang-alangi nalika panjenengan sumerep tiyang - tiyang Bani Israil sami sasar (manembah pedhet mas)".

اَلَّا تَتَّبِعَنِۗ اَفَعَصَيْتَ اَمْرِيْ٩٣
Allā tattabi‘an(i), afa ‘aṣaita amrī.
[93] Panjenengan boten enggal - enggal manut kula (nerangaken kemsyurikanipun tiyang - tiyang bani Israil). Punapa pancen panjenengan jarag sengaja nyulayani piweling kula?

قَالَ يَبْنَؤُمَّ لَا تَأْخُذْ بِلِحْيَتِيْ وَلَا بِرَأْسِيْۚ اِنِّيْ خَشِيْتُ اَنْ تَقُوْلَ فَرَّقْتَ بَيْنَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ وَلَمْ تَرْقُبْ قَوْلِيْ٩٤
Qāla yabna'umma lā ta'khuż biliḥyatī wa lā bira'sī, innī khasyītu an taqūla farraqta baina banī isrā'īla wa lam tarqub qaulī.
[94] Harun mangsuli, "Dhuh putrane sibu. Sira aja nyekeli jenggot lan sirahku. Satemene Ingsun kuwatir yen sira ngucap mengkene, "Dhuh kangma Harun, Satemene sira wis misahake kaum Bani Israil, lan sira ora ngreksa marang ucapaningsun"".

قَالَ فَمَا خَطْبُكَ يٰسَامِرِيُّ٩٥
Qāla famā khaṭbuka yā sāmiriyy(u).
[95] Musa takon, "Apa kang nyebabake sira manembah pedhet iku he Samiri?"

قَالَ بَصُرْتُ بِمَا لَمْ يَبْصُرُوْا بِهٖ فَقَبَضْتُ قَبْضَةً مِّنْ اَثَرِ الرَّسُوْلِ فَنَبَذْتُهَا وَكَذٰلِكَ سَوَّلَتْ لِيْ نَفْسِيْ٩٦
Qāla baṣurtu bimā lam yabṣurū bihī fa qabaḍtu qabḍatam min aṡarir-rasūli fa nabażtuhā wa każālika sawwalat lī nafsī.
[96] Samiri matur, "Kawula sumerep satunggaling perkawis ingkang boten dipun sumerepi dening tetiyang kathah (Bani Israil). Kawula lajeng ngepel siti sakepel saking tapakipun utusan (malaikat Jibril), lajeng kawula lebetaken dhateng cangkemipun pedhet (wekdal punika lajeng saget nyuwanten kados lembu sayektos) Lan kados makaten punika nafsu kawula sampun memaesi kawula tumindak makaten punika".

قَالَ فَاذْهَبْ فَاِنَّ لَكَ فِى الْحَيٰوةِ اَنْ تَقُوْلَ لَا مِسَاسَۖ وَاِنَّ لَكَ مَوْعِدًا لَّنْ تُخْلَفَهٗۚ وَانْظُرْ اِلٰٓى اِلٰهِكَ الَّذِيْ ظَلْتَ عَلَيْهِ عَاكِفًا ۗ لَنُحَرِّقَنَّهٗ ثُمَّ لَنَنْسِفَنَّهٗ فِى الْيَمِّ نَسْفًا٩٧
Qāla fażhab fa inna laka fil-ḥayāti an taqūla lā misās(a), wa inna laka mau‘idal lan tukhlafah(ū), wanẓur ilā ilāhikal-lażī ẓalta ‘alaihi ‘ākifā(n), lanuḥarriqannahū ṡumma lanansifannahū fil-yammi nasfā(n).
[97] Musa banjur dhawuh, "He Samiri. Sira lungaa (aja mrene maneh salawase urip). Satemene kanggo piwalesira ana ing panguripan donya sira ngucap, "Ora gepok senggol" (sira aja awor marang para manungsa lan sira ora kena dicampuri dening sapa bae). Lan sayekti sira duwe mangsa (bakal kapatrapan siksa kang luwih abot ana ing akherat), kang ora bisa sira sulayani. Lan delengen Pangeranira kang salawase sira sembah, yekti bakal ingsun obong, sarta awune bakal ingsun sawurake ana ing segara".

اِنَّمَآ اِلٰهُكُمُ اللّٰهُ الَّذِيْ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ وَسِعَ كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًا٩٨
Innamā ilāhukumullāhul-lażī lā ilāha illā huw(a), wasi‘a kulla syai'in ‘ilmā(n).
[98] Satemene Pangeranira kabeh iku Allah, kang ora ana sesembahan kang bener kajaba mung Panjenengane piyambak, kang kawruhing Allah iku jembar banget anglimputi kabeh perkara.

كَذٰلِكَ نَقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ مَا قَدْ سَبَقَۚ وَقَدْ اٰتَيْنٰكَ مِنْ لَّدُنَّا ذِكْرًا ۚ٩٩
Każālika naquṣṣu ‘alaika min ambā'i mā sabaq(a), wa qad ātaināka mil ladunnā żikrā(n).
[99] Kaya mengkono anggoningsun nyritakake lelakone Ummat ing zaman kuna marang sira (Muhammad). Lan tmen Ingsun wis paring marang sira pitutur (Qur'an) saka ngarsaningsun.

مَنْ اَعْرَضَ عَنْهُ فَاِنَّهٗ يَحْمِلُ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وِزْرًا١٠٠
Man a‘raḍa ‘anhu fa innahū yaḥmilu yaumal-qiyāmati wizrā(n).
[100] Sing sapa mlengso, ora percaya marang al-Qur'an, temen dheweke iku besuk ing dina Qiyamat bakal nggendhong dosa.

خٰلِدِيْنَ فِيْهِ ۗوَسَاۤءَ لَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ حِمْلًاۙ١٠١
Khālidīna fīh(i), wa sā'a lahum yaumal-qiyāmati ḥimlā(n).
[101] Anggone padha nandang siksa patrapaning dosa mau langgeng. Lan ala teman anggone padha nggendhong dosa besuk dina Qiyamat.

يَّوْمَ يُنْفَخُ فِى الصُّوْرِ وَنَحْشُرُ الْمُجْرِمِيْنَ يَوْمَىِٕذٍ زُرْقًا ۖ١٠٢
Yauma yunfakhu fiṣ-ṣūri wa naḥsyurul-mujrimīna yauma'iżin zurqā(n).
[102] Iya iku ana ing dina nalika slomprette Malaikat Israfil kang isi sakehing nyawa disebul. Ing dina iku Ingsun nglumpukake wong - wong kang padha dosa, mripate pada wuta.

يَّتَخَافَتُوْنَ بَيْنَهُمْ اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا عَشْرًا١٠٣
Yatakhāfatūna bainahum il labiṡtum illā ‘asyrā(n).
[103] Dheweke padha pating klesik crita marang kancane, "Anggonmu ana ing donya biyen, kira - kira apa mung 10 tahun lawase?"

نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَقُوْلُوْنَ اِذْ يَقُوْلُ اَمْثَلُهُمْ طَرِيْقَةً اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا يَوْمًا ࣖ١٠٤
Naḥnu a‘lamu bimā yaqūlūna iż yaqūlu amṡaluhum ṭarīqatan il labiṡtum illā yaumā(n).
[104] Ingsun luwih ngudanenn ing kabeh kang padha diucapake nalika wong kang luwih pinter dhewe mangsuli, "Anggonira padha ana ing donya iku kira - kira mung sedina"

وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْجِبَالِ فَقُلْ يَنْسِفُهَا رَبِّيْ نَسْفًا ۙ١٠٥
Wa yas'alūnaka ‘anil-jibāli fa qul yansifuhā rabbī nasfā(n).
[105] Muhammad, dheweke padha pitakon marang sira saka kahanane gunung - gunung besuk ing dina Qiyamat, sira dhawuha, "Besuk dina Qiyamat, gunung - gunung iku padha dibedholi dening Pangeranku, bakal diawur - awurake dening Pangranku kadadekake lebu kang mawur".

فَيَذَرُهَا قَاعًا صَفْصَفًا ۙ١٠٦
Fa yażaruhā qā‘an ṣafṣafā(n).
[106] Ing kono bumi banjur warata ngethak - ngenthak.

لَّا تَرٰى فِيْهَا عِوَجًا وَّلَآ اَمْتًا ۗ١٠٧
Lā tarā fīhā ‘iwajaw wa lā amtā(n).
[107] Sira ora sumurup ana ing bumi kono ana kang mendhak - mendhukul.

يَوْمَىِٕذٍ يَّتَّبِعُوْنَ الدَّاعِيَ لَا عِوَجَ لَهٗ ۚوَخَشَعَتِ الْاَصْوَاتُ لِلرَّحْمٰنِ فَلَا تَسْمَعُ اِلَّا هَمْسًا١٠٨
Yauma'iżiy yattabi‘ūnad-dā‘iya lā ‘iwaja lah(ū), wa khasya‘atil-aṣwātu lir-raḥmāni falā tasma‘u illā hamsā(n).
[108] Ana ing dina iku, kabeh wae pada manut marang panguwuhe (pangajake) Malaikat Israil (kabeh padha didhawuhi nglumpuk sowan ing ngarsane Pangeran) ora ana kang nyleweng. Suwora - suwora padha meneng, konjem karana wedi marang pangeran kang Maha Welas. Kowe ora krungu suwara apa - apa, kajaba mung suwara kleset - kleset.

يَوْمَىِٕذٍ لَّا تَنْفَعُ الشَّفَاعَةُ اِلَّا مَنْ اَذِنَ لَهُ الرَّحْمٰنُ وَرَضِيَ لَهٗ قَوْلًا١٠٩
Yauma'iżil lā tanfa‘usy-syafā‘atu illā man ażina lahur-raḥmānu wa raḍiya lahū qaulā(n).
[109] Ing dina iku ora ana syafa'at (pitulung) kang migunani, kajaba syafa'ate wong kang pikantuk idzine Pangeran kang Maha Welas, sarta kang ngucapake pangucap kang njalari oleh syafa'at (yaiku pangucap: Laa Ilaaha Illallah, Muhammadaur Rasulullah).

يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَلَا يُحِيْطُوْنَ بِهٖ عِلْمًا١١٠
Ya‘lamu mā baina aidīhim wa mā khalfahum wa lā yuḥīṭūna bihī ‘ilmā(n).
[110] Panjenengane ngudaneni kabeh kahanane para kawulane, padha uga kang wis kelakon lan kang durung kelakon. Lan ilmune wong - wong iku ora bisa nglimputi marang perkara kang kalimputan dening ilmune Allah.

۞ وَعَنَتِ الْوُجُوْهُ لِلْحَيِّ الْقَيُّوْمِۗ وَقَدْ خَابَ مَنْ حَمَلَ ظُلْمًا١١١
Wa ‘anatil-wujūhu lil-ḥayyil-qayyūm(i), wa qad khāba man ḥamala ẓulmā(n).
[111] Lan kabeh rahi padha konjem sujud marang Pangeran Kang Sugeng lan kang Jumeleng pribadi. Lan yekti kapitunan wong kang padha mikul dosa (besuk dina Qiyamat).

وَمَنْ يَّعْمَلْ مِنَ الصّٰلِحٰتِ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَا يَخٰفُ ظُلْمًا وَّلَا هَضْمًا١١٢
Wa may ya‘mal minaṣ-ṣāliḥāti wa huwa mu'minun falā yakhāfu ẓulmaw wa lā haḍmā(n).
[112] Dene wong kang nindakake kebecikan sarta dheweke iki iman, ora kuwatir yen ta dikaniaya (klawan ditambah alane) lan ora sumelang (kanthi dikurangi kebecikane).

وَكَذٰلِكَ اَنْزَلْنٰهُ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا وَّصَرَّفْنَا فِيْهِ مِنَ الْوَعِيْدِ لَعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ اَوْ يُحْدِثُ لَهُمْ ذِكْرًا١١٣
Wa każālika anzalnāhu qur'ānan ‘arabiyyaw wa ṣarrafnā fīhi minal-wa‘īdi la‘allahum yattaqūna au yuḥdiṡu lahum żikrā(n).
[113] Lan mengkono iku Ingsun wis nurunake kitab al-Qur'an kanthi basa Arab, lan Ingsun nerangake ancaman ana ing kitab al-Qur'an iku. Muga - muga wong - wong mau padha wedi marang Allah utawa dadi pepeling marang dheweke.

فَتَعٰلَى اللّٰهُ الْمَلِكُ الْحَقُّۚ وَلَا تَعْجَلْ بِالْقُرْاٰنِ مِنْ قَبْلِ اَنْ يُّقْضٰٓى اِلَيْكَ وَحْيُهٗ ۖوَقُلْ رَّبِّ زِدْنِيْ عِلْمًا١١٤
Fa ta‘ālallāhul-malikul-ḥaqq(u), wa lā ta‘jal bil-qur'āni min qabli ay yuqḍā ilaika waḥyuh(ū), wa qur rabbi zidnī ‘ilmā(n).
[114] Panjenengane Allah Raja kang sejati iku Maha Luhur. (Muhammad), sira aja age-age ndhawuhake Qur'an, yen durung nampani saka Malaikat Jibril klawan lahir kang nganti terang tegese. Lan sira nyenyuwuna marang Allah mengkene, "Dhuh Pangeran kawula. Mugi panjenengan kersa nambahi kawruh dhumateng kawula".

وَلَقَدْ عَهِدْنَآ اِلٰٓى اٰدَمَ مِنْ قَبْلُ فَنَسِيَ وَلَمْ نَجِدْ لَهٗ عَزْمًا ࣖ١١٥
Wa laqad ‘ahidnā ilā ādama min qablu fa nasiya wa lam najid lahū ‘azmā(n).
[115] Lan sadurunge kedadeyan wong- wong mau ngudari perjanjian, yekti Ingsun luwih dhisik wus paring perjanjian marang Nabi Adam yaiku Ingsun larangi ora kena cedhak - cedhak, (luwih maneh mangan woh Khuldi) dheweke nuli lali marang janjine, lan Ingsun ora nemu dheweke iku duwe kesabaran.

وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَ اَبٰى ۗ١١٦
Wa iż qulnā lil-malā'ikatisjudū li'ādama fa sajadū illā iblīsa abā.
[116] (Muhammad)sira nyaritakna nalika Ingsun dhawuh marang para Malaikat kabeh, "Sira padha sujuda marang Nabi Adam". Ing kono kabeh Malaikat padha sujud marang Nabi Adam, kajaba mung Iblis. dheweke bangkang ora gelem sujud marang Nabi Adam.

فَقُلْنَا يٰٓاٰدَمُ اِنَّ هٰذَا عَدُوٌّ لَّكَ وَلِزَوْجِكَ فَلَا يُخْرِجَنَّكُمَا مِنَ الْجَنَّةِ فَتَشْقٰى١١٧
Fa qulnā yā ādamu inna hāżā ‘aduwwul laka wa lizaujika falā yukhrijannakumā minal-jannati fa tasyqā.
[117] Ingsun nuli ngendeika, "He Adam, satemene Iblis iki satrunira lan satrune rabinira. Jalaran saka iku sira wong sakloron, ngati - ngati aja nganti Iblis bisa ngetokake sira sakloron saka suwarga, jalaran ing mengkono sira mundhak cilaka".

اِنَّ لَكَ اَلَّا تَجُوْعَ فِيْهَا وَلَا تَعْرٰى ۙ١١٨
Inna laka allā tajū‘a fīhā wa lā ta‘rā.
[118] Yekti sira ana ing suwarga kono (wis kapenak) ora nate keluwen lan ora kawudan.

وَاَنَّكَ لَا تَظْمَؤُا فِيْهَا وَلَا تَضْحٰى١١٩
Wa annaka lā taẓma'u fīhā wa lā taḍḥā.
[119] Lan satemene sira ana ing suwarga kono ora ngelak lan ora kena panasing srengenge.

فَوَسْوَسَ اِلَيْهِ الشَّيْطٰنُ قَالَ يٰٓاٰدَمُ هَلْ اَدُلُّكَ عَلٰى شَجَرَةِ الْخُلْدِ وَمُلْكٍ لَّا يَبْلٰى١٢٠
Fa waswasa ilaihisy-syaiṭānu qāla yā ādamu hal adulluka ‘alā syajaratil-khuldi wa mulkil lā yablā.
[120] Ing kono syetan banjur anggoda marang Adam, ature: "Dhuh Adam. Punapa panjenengan kersa kula tedhahaken wit langgeng sarta kraton ingkang boten saged risak? (menawi panjenengan dhahar woh wit wau panjenengan langgeng wonten ing suwarga boten pejah)".

فَاَكَلَا مِنْهَا فَبَدَتْ لَهُمَا سَوْءٰتُهُمَا وَطَفِقَا يَخْصِفٰنِ عَلَيْهِمَا مِنْ وَّرَقِ الْجَنَّةِۚ وَعَصٰىٓ اٰدَمُ رَبَّهٗ فَغَوٰى ۖ١٢١
Fa akalā minhā fa badat lahumā sau'ātuhumā wa ṭafiqā yakhṣifāni ‘alaihimā miw waraqil-jannah(ti), wa ‘aṣā ādamu rabbahū fa gawā.
[121] Adam sakloron karo garwane banjur padha mangan woh mau, sanalika banjur rumangsa wuda, katon kawirangane, nuli padha nganggu tutp (awer - awer) ron-ronan suwarga. Marga saka iku Adam kadukan ing Allah, lan luput pangarep - arepe.

ثُمَّ اجْتَبٰىهُ رَبُّهٗ فَتَابَ عَلَيْهِ وَهَدٰى١٢٢
Ṡummajtabāhu rabbuhū fa tāba ‘alaihi wa hadā.
[122] Sawise kadukan banur kapilih maneh dening Allah Pangerane, sarta diapura kaluputane, lan dituduhake dalan bener.

قَالَ اهْبِطَا مِنْهَا جَمِيْعًاۢ بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ ۚفَاِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ مِّنِّيْ هُدًى ەۙ فَمَنِ اتَّبَعَ هُدَايَ فَلَا يَضِلُّ وَلَا يَشْقٰى١٢٣
Qālahbiṭā minhā jamī‘am ba‘ḍukum liba‘ḍin ‘aduww(un), fa immā ya'tiyannakum minnī hudā(n), fa manittaba‘a hudāya falā yaḍillu wa lā yasyqā.
[123] Panjenengane Allah paring pangandika, "Sira sakloron padha mudhuna saka suwarga. Sira saturun - turunira dadi satrune iblis saturun - turune. Ing mengkono menawa ana pituduh saka ngarsaningsun, sing sapa manut pituduh Ingsun, yekti dheweke ora bakal kesasar lan cilaka".

وَمَنْ اَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِيْ فَاِنَّ لَهٗ مَعِيْشَةً ضَنْكًا وَّنَحْشُرُهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اَعْمٰى١٢٤
Wa man a‘raḍa ‘an żikrī fa inna lahū ma‘īsyatan ḍankaw wa naḥsyuruhū yaumal-qiyāmati a‘mā.
[124] Dene sing sapa mlengos saka pepeling Ingsun (kitab al-Qur'an) yekti dheweke bakal nduweni panguripan kang rupeg. Ign besuk dina Qiyamat, wong mau Ingsun kelumpukake nanging mripate wuta.

قَالَ رَبِّ لِمَ حَشَرْتَنِيْٓ اَعْمٰى وَقَدْ كُنْتُ بَصِيْرًا١٢٥
Qāla rabbi lima ḥasyartanī a‘mā wa qad kuntu baṣīrā(n).
[125] Wong mau munjuk ing Allah, "Dhuh pangeran kawula, Kados pundi panjenengan nglempakaken kawula kanthi mripat wuta, ing mangka rumiyinipun kawula punika melek awas boten wuta?"

قَالَ كَذٰلِكَ اَتَتْكَ اٰيٰتُنَا فَنَسِيْتَهَاۚ وَكَذٰلِكَ الْيَوْمَ تُنْسٰى١٢٦
Qāla każālika atatka āyātunā fa nasītahā, wa każālikal-yauma tunsā.
[126] Panjenengane ALlah ngendika, "Iya mengkono kersaningsun. Awit nalika ana ing donya, sira wis ketekan ayat - ayatingsun, nanging sira lirwakake. mula ing dina iki sira uga dilalekake (ana ing neraka)".

وَكَذٰلِكَ نَجْزِيْ مَنْ اَسْرَفَ وَلَمْ يُؤْمِنْۢ بِاٰيٰتِ رَبِّهٖۗ وَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَشَدُّ وَاَبْقٰى١٢٧
Wa każālika najzī man asrafa wa lam yu'mim bi'āyāti rabbih(ī), wa la‘ażābul-ākhirati asyaddu wa abqā.
[127] Lan mengkono iku Ingsun paring piwales marang wong kang ngluwihi wates lan ora percaya (Iman) marang ayat - ayatte Pangerane. Yekti siksa ing akherat iku luwih banget lan luwih langgeng.

اَفَلَمْ يَهْدِ لَهُمْ كَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنَ الْقُرُوْنِ يَمْشُوْنَ فِيْ مَسٰكِنِهِمْۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى النُّهٰى ࣖ١٢٨
Afalam yahdi lahum kam ahlaknā qablahum minal-qurūni yamsyūna fī masākinihim, inna fī żālika la'āyātil li'ulin nuhā.
[128] Apa Qur'an durung nedahake, wis kaping pira Ingsun ngrusak sadurunge wong-wong mau saka ummat kang wis kuna kang negarane sok diliwati dening wong-wong mau? Satemene kang mengkono mau iku temen dadi tandha yekti tumrap wong kang duwe akal.

وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ لَكَانَ لِزَامًا وَّاَجَلٌ مُّسَمًّى ۗ١٢٩
Wa lau lā kalimatun sabaqat mir rabbika lakāna lizāmaw wa ajalum musammā(n).
[129] Lan saupama luwih dhisik ora wis diputusake saka ngarsane Pangeranira (yaiku ngakhirake siksa) lan ora ditetepake mangsane kang kasebut (ing dina Qiyamat), yekti siksa ikukapatrapake marang dheweke ana ing donya iki.

فَاصْبِرْ عَلٰى مَا يَقُوْلُوْنَ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ قَبْلَ طُلُوْعِ الشَّمْسِ وَقَبْلَ غُرُوْبِهَا ۚوَمِنْ اٰنَاۤئِ الَّيْلِ فَسَبِّحْ وَاَطْرَافَ النَّهَارِ لَعَلَّكَ تَرْضٰى١٣٠
Faṣbir ‘alā mā yaqūlūna wa sabbiḥ biḥamdi rabbika qabla ṭulū‘isy-syamsi wa qabla gurūbihā, wa min ānā'il-laili fa sabbiḥ wa aṭrāfan-nahāri la‘allaka tarḍā.
[130] Mulane (sira Muhammad) sabar krungu pangucape wong - wong kafir lan Maha Sucekna Allah sarta shalata klawan ngunjukake puji marang Pangeranira sadurunge mlethek srengenge lan sadurunge surupe (yaiku Shalat Shubuh lan 'Ashar) lan ing wayah wengi (Maghrib lan Isya), uga shalata ing wayah awan (Dzuhur), supaya sira nampa paringe Pangran ganjaran marang sira.

وَلَا تَمُدَّنَّ عَيْنَيْكَ اِلٰى مَا مَتَّعْنَا بِهٖٓ اَزْوَاجًا مِّنْهُمْ زَهْرَةَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ەۙ لِنَفْتِنَهُمْ فِيْهِ ۗوَرِزْقُ رَبِّكَ خَيْرٌ وَّاَبْقٰى١٣١
Wa lā tamuddanna ‘ainaika ilā mā matta‘nā bihī azwājam minhum zahratal-ḥayātid-dun-yā, linaftinahum fīh(i), wa rizqu rabbika khairuw wa abqā.
[131] Lan maneh mripatira loro aja andeleng marang peparingingsun kabungahan ing donya marang wong-wong kafir warna-warna. Sumurupa, kabeh mau minangka kanggo nyoba marang wong-wong kafir. Dene rejekine Allah kang wujud suwarga iku luwih becik sarta langgeng, ngungkuli peparing Ingsun marang wong-wong kafir mau.

وَأْمُرْ اَهْلَكَ بِالصَّلٰوةِ وَاصْطَبِرْ عَلَيْهَاۗ لَا نَسْـَٔلُكَ رِزْقًاۗ نَحْنُ نَرْزُقُكَۗ وَالْعَاقِبَةُ لِلتَّقْوٰى١٣٢
Wa'mur ahlaka biṣ-ṣalāti waṣṭabir ‘alaihā, lā nas'aluka rizqā(n), naḥnu narzuquk(a), wal-‘āqibatu lit-taqwā.
[132] Lan sira prentaha marang ummatira supaya padha shalat, kanthi mantep (tlaten). Ingsun ora mundhut rejeki marang sira, nanging Ingsun kang paring rejeki. Dene wekasan kang becik utawa ganjaran suwarga, iku kaparingake marang wong kang bekti marang Panjenengane Allah.

وَقَالُوْا لَوْلَا يَأْتِيْنَا بِاٰيَةٍ مِّنْ رَّبِّهٖۗ اَوَلَمْ تَأْتِهِمْ بَيِّنَةُ مَا فِى الصُّحُفِ الْاُوْلٰى١٣٣
Wa qālū lau lā ya'tīnā bi'āyatim mir rabbih(ī), awalam ta'tihim bayyinatu mā fiṣ-ṣuḥufil-ūlā.
[133] Lan wong - wong kafir (musyrik) padha ngucap mengkene, "geneya (Muhammad) ora nekakake tandha yekti marang Ingsun saka Pangerane?" Apa wong-wong mau durung ketekan keterangan-keterangan kang ana ing kitab kang dhisik (Taurat)?

وَلَوْ اَنَّآ اَهْلَكْنٰهُمْ بِعَذَابٍ مِّنْ قَبْلِهٖ لَقَالُوْا رَبَّنَا لَوْلَآ اَرْسَلْتَ اِلَيْنَا رَسُوْلًا فَنَتَّبِعَ اٰيٰتِكَ مِنْ قَبْلِ اَنْ نَّذِلَّ وَنَخْزٰى١٣٤
Wa lau annā ahlaknāhum bi‘ażābim min qablihī laqālū rabbanā lau lā arsalta ilainā rasūlan fa nattabi‘a āyātika min qabli an nażilla wa nakhzā.
[134] Lan saupama Ingsun ngrusak (numpes) wong kafir iku kanthi siksa, tanpa ngutus Rasul dhisik, lan tanpa nurunake al-Qur'an, wong kafir mau besuk ing dina Qiyamat, mesthi sesambat mengkene, "Dhuh Pangeran kawula. Awit saking punapa Panjenengan mboten kersa ngutus Rasul, ingkang nerang - nerangaken dhumateng kawula. Upami Panjenengan ngutus Rasul kawula temtu ngestokaken dhawuh lan prentah Panjenengan, saderengipun kawula dipun remehaken lan dipun siksa wonten ing neraka jahanam".

قُلْ كُلٌّ مُّتَرَبِّصٌ فَتَرَبَّصُوْاۚ فَسَتَعْلَمُوْنَ مَنْ اَصْحٰبُ الصِّرَاطِ السَّوِيِّ وَمَنِ اهْتَدٰى ࣖ ۔١٣٥
Qul kullum mutarabbiṣun fa tarabbaṣū, fa sata‘lamūna man aṣḥābuṣ-ṣirāṭis-sawiyyi wa manihtadā.
[135] (Muhammad) sira dhawuha, "Kabeh (aku lan kowe) iki padha ngenteni (giliranne zaman). Jalaran saka iku sira padha ngentenana, yekti sira bakal sumurp, sapa kang nduweni dalan kang bener lan sapa kang pikantuk pitedah".