Surah Maryam
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
كۤهٰيٰعۤصۤ ۚ١
Kāf hā yā ‘aīn ṣād.
[1]
Kaaf Haa Yaa 'Aiin Shaad.
ذِكْرُ رَحْمَتِ رَبِّكَ عَبْدَهٗ زَكَرِيَّا ۚ٢
Żikru raḥmati rabbika ‘abdahū zakariyyā.
[2]
(Dene kang sira waca iki Muhammad), nyaritakake rahmate Pangeranira kang kaparingake marang kawulane, yaiku Nabi Zakariya.
اِذْ نَادٰى رَبَّهٗ نِدَاۤءً خَفِيًّا٣
Iż nādā rabbahū nidā'an khafiyyā(n).
[3]
Nalika dheweke (Zkariya) ngedonga mrang Pangerane kalawan pandonga kang disidemake.
قَالَ رَبِّ اِنِّيْ وَهَنَ الْعَظْمُ مِنِّيْ وَاشْتَعَلَ الرَّأْسُ شَيْبًا وَّلَمْ اَكُنْۢ بِدُعَاۤىِٕكَ رَبِّ شَقِيًّا٤
Qāla rabbi innī wahanal-‘aẓmu minnī wasyta‘alar-ra'su syaibaw wa lam akum bidu‘ā'ika rabbi syaqiyyā(n).
[4]
Unjkke, "Dhuh Pangeran kwula, kawula punika sampun sepuh, balung kula sampun ringkih, sira kula sampun mabluk uwanipun, namung senajana makaten kawula boten cilaka kalayan ndodonga Panjenengan punika dhuh Pangeran kawula".
وَاِنِّيْ خِفْتُ الْمَوَالِيَ مِنْ وَّرَاۤءِيْ وَكَانَتِ امْرَاَتِيْ عَاقِرًا فَهَبْ لِيْ مِنْ لَّدُنْكَ وَلِيًّا ۙ٥
Wa innī khiftul-mawāliya miw warā'ī wa kānatimra'atī ‘āqiran fahab lī mil ladunka waliyyā(n).
[5]
Sarta saestunipun kawula kuwatos dhateng ahli waris kawula (ajrih boten leres anggenipun nyepeng khilafah) sapengker kawula, ing mangka simah kawula punika gabug. Jalaran saking punika, muga Panjenengan paring dhateng kawula sesulih (anak ingkang karidhan) saking ngarsa Panjenengan.
يَّرِثُنِيْ وَيَرِثُ مِنْ اٰلِ يَعْقُوْبَ وَاجْعَلْهُ رَبِّ رَضِيًّا٦
Yariṡunī wa yariṡu min āli ya‘qūba waj‘alhu rabbi raḍiyyā(n).
[6]
Anak kala wau ingkang badhe nampi warisan saking kawula tuwin saking kulawarga Ya'qub, sarta mugi Panjenengan dadosaken lare ingkang pikantuk karidhan Panjenengan, dhuh Pangeran kwula.
يٰزَكَرِيَّآ اِنَّا نُبَشِّرُكَ بِغُلٰمِ ِۨاسْمُهٗ يَحْيٰىۙ لَمْ نَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ قَبْلُ سَمِيًّا٧
Yā zakariyyā innā nubasysyiruka bigulāminismuhū yaḥyā, lam naj‘al lahū min qablu samiyyā(n).
[7]
(Dhawuhe Allah), "He Zakariya, satemene Ingsun paring pawarta bungah marang sira bakal keparingan anak aran Yahya. Sadurunge iku, ora ana wong siji - sijiya kang Ingsun paringi jeneng kaya mangkono".
قَالَ رَبِّ اَنّٰى يَكُوْنُ لِيْ غُلٰمٌ وَّكَانَتِ امْرَاَتِيْ عَاقِرًا وَّقَدْ بَلَغْتُ مِنَ الْكِبَرِ عِتِيًّا٨
Qāla rabbi annā yakūnu lī gulāmuw wa kānatimra'atī ‘āqiraw wa qad balagtu minal-kibari ‘itiyyā(n).
[8]
Nabi Zakariya munjuk, "Dhuh Pangeran kawula. Kados pundi kawula badhe gadhah anak, ing mangka semah kawula punika gabug, tuwin kawula sampun sepuh banget".
قَالَ كَذٰلِكَۗ قَالَ رَبُّكَ هُوَ عَلَيَّ هَيِّنٌ وَّقَدْ خَلَقْتُكَ مِنْ قَبْلُ وَلَمْ تَكُ شَيْـًٔا٩
Qāla każālik(a), qāla rabbuka huwa ‘alayya hayyinuw wa qad khalaqtuka min qablu wa lam taku syai'ā(n).
[9]
Allah paring pangandika minangka wangsulan marang Nabi Zakariya, "Mula bener mengkono. Pangeranmu wis dhawuh, "Perkara iku gampang utumrap Ingsun, lan satemene Ingsun wis nitahake sira sadurunge Yahya, sarta sira uga durung dadi apa - apa (Pangeranmu iya kuwasa)"".
قَالَ رَبِّ اجْعَلْ لِّيْٓ اٰيَةً ۗقَالَ اٰيَتُكَ اَلَّا تُكَلِّمَ النَّاسَ ثَلٰثَ لَيَالٍ سَوِيًّا١٠
Qāla rabbij‘al lī āyah(tan), qāla āyatuka allā tukalliman-nāsa ṡalāṡa layālin sawiyyā(n).
[10]
Nabi Zakariya matur, "Dhuh Pangeran kawula, mugi panjenengan paring tetenger dhateng kawula". Pangandikane Allah, "Iya, tandha yekti sira bakal duwe anak lanang mengkene: sajrone telung dina telung bengi, sira aja caturan karo manungsa, tur kowe ora lara apa - apa (ora bisu)".
فَخَرَجَ عَلٰى قَوْمِهٖ مِنَ الْمِحْرَابِ فَاَوْحٰٓى اِلَيْهِمْ اَنْ سَبِّحُوْا بُكْرَةً وَّعَشِيًّا١١
Fa kharaja ‘alā qaumihī minal-miḥrābi fa auḥā ilaihim an sabbiḥū bukrataw wa ‘asyiyyā(n).
[11]
Nabi Zakariya banjur metu saka ing Pangimaman (mikhrab, panggonan anggone munajat), ketemu para kaume. Sarehning ora pareng guneman, mula mung aweh isyarat marang para kaume, "Sira kabeh padha shalata (Maha sucekake marang Allah) saben isuk lan sore".
يٰيَحْيٰى خُذِ الْكِتٰبَ بِقُوَّةٍ ۗوَاٰتَيْنٰهُ الْحُكْمَ صَبِيًّاۙ١٢
Yā yaḥyā khużil-kitāba biquwwah(tin), wa ātaināhul-ḥukma ṣabiyyā(n).
[12]
(Ringkese Nabi Zakariya duwe anak lanang sarta banjur dijenengake Yahya). Yahya mau Ingsun junjung dadi Nabi, Ingsun paringi kawicaksana, tur isih bocah. Pangandikaningsun, "He yahya, saiki sira nyekela ('amalna) kitab Taurat klawan temen - temen".
وَّحَنَانًا مِّنْ لَّدُنَّا وَزَكٰوةً ۗوَكَانَ تَقِيًّا ۙ١٣
Wa ḥanānam mil ladunnā wa zakāh(tan), wa kāna taqiyyā(n).
[13]
Lan maneh Nabi Yahya mau Ingsun paringi bebuden welasan marang sepapadhaning manungsa sarta resikan (uga atine), lan dheweje iku wong kang taqwa (wedi, ngabekti) marang Pangerane.
وَّبَرًّاۢ بِوَالِدَيْهِ وَلَمْ يَكُنْ جَبَّارًا عَصِيًّا١٤
Wa barram biwālidaihi wa lam yakun jabbāran ‘aṣiyyā(n).
[14]
Lan samono uga bekti marang wong tuwane loro, apa maneh dheweke iku ora duwe sifat gumedhe sarta ora duraka.
وَسَلٰمٌ عَلَيْهِ يَوْمَ وُلِدَ وَيَوْمَ يَمُوْتُ وَيَوْمَ يُبْعَثُ حَيًّا ࣖ١٥
Wa salāmun ‘alaihi yauma wulida wa yauma yamūtu wa yauma yub‘aṡu ḥayyā(n).
[15]
Nabi yahya mau Ingsun paringi selamet saka sakehing ribet wiwit nalika metu saka ing guwa-garbane keng ibu, lan nalika tumekane janji (sedane) sarta besuk nalikane Ingsun uripake, tangi saka ing pati.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ مَرْيَمَۘ اِذِ انْتَبَذَتْ مِنْ اَهْلِهَا مَكَانًا شَرْقِيًّا ۙ١٦
Ważkur fil-kitābi maryam(a), iżintabażat min ahlihā makānan syarqiyyā(n).
[16]
He Muhammad, sira nyritakna lelakone Maryam ana ing kitab (al-Qur'an), nalika dheweke (Maryam) dhelik anenepi (sumungkir) ana ing panggonan sawetane Baitul Muqaddas saka para kawulawargane.
فَاتَّخَذَتْ مِنْ دُوْنِهِمْ حِجَابًاۗ فَاَرْسَلْنَآ اِلَيْهَا رُوْحَنَا فَتَمَثَّلَ لَهَا بَشَرًا سَوِيًّا١٧
Fattakhażat min dūnihim ḥijābā(n), fa arsalnā ilaihā rūḥanā fa tamaṡṡala lahā basyaran sawiyyā(n).
[17]
Dheweke (Maryam) mau nuli gawe aling - aling, dienggo ngaling - alingi para kawulawargane. Ingsun nuli ngutus Malaikat Jibril supaya nemoni Maryam, sarta tekane Jibril iku nyaru arupa manungsa kang sampurna.
قَالَتْ اِنِّيْٓ اَعُوْذُ بِالرَّحْمٰنِ مِنْكَ اِنْ كُنْتَ تَقِيًّا١٨
Qālat innī a‘ūżu bir-raḥmāni minka in kunta taqiyyā(n).
[18]
Maryam banjur matur marang Malaikat Jibril, "Sayektosipun kula nyuwun reksa dhateng Ingkang Maha Welas saking panjenengan, menawi panjenengan bekti dhateng Panjenenganipun Allah, sampun ngantos kenging paggodha jalaran panjenengan".
قَالَ اِنَّمَآ اَنَا۠ رَسُوْلُ رَبِّكِۖ لِاَهَبَ لَكِ غُلٰمًا زَكِيًّا١٩
Qāla innamā ana rasūlu rabbik(a), li'ahaba laki gulāman zakiyyā(n).
[19]
(Malaikat Jibril mangsuli), "Sajatosipun kula punika satunggaling Utusanipun Pangeran Panjenengan, supados kula paring satunggaling putra jaler dhateng panjenengan ingkang suci".
قَالَتْ اَنّٰى يَكُوْنُ لِيْ غُلٰمٌ وَّلَمْ يَمْسَسْنِيْ بَشَرٌ وَّلَمْ اَكُ بَغِيًّا٢٠
Qālat annā yakūnu lī gulāmuw wa lam yamsasnī basyaruw wa lam aku bagiyyā(n).
[20]
Maryam mangsuli matur, "Kados pundi sagedipun kaleksanan kula badhe gadhah anak, ing mangka boten wonten manungsa (bojo) ingkang anggepok kaliyan kula, sarta kula punika sanes tiyang isteri awon".
قَالَ كَذٰلِكِۚ قَالَ رَبُّكِ هُوَ عَلَيَّ هَيِّنٌۚ وَلِنَجْعَلَهٗٓ اٰيَةً لِّلنَّاسِ وَرَحْمَةً مِّنَّاۚ وَكَانَ اَمْرًا مَّقْضِيًّا٢١
Qāla każālik(a), qāla rabbuka huwa ‘alayya hayyin(un), wa linaj‘alahū āyatal lin-nāsi wa raḥmatam minnā, wa kāna amram maqḍiyyā(n).
[21]
(Malaikat Jibril) paring wangsulan, "Leres, mila mekaten, nanging Pangeran panjenengan sampun paring dhawuh, "Perkara anggoningsun maringi anak lanang marang maryam tanpa bapa, iku ingatase Ingsun gampang bae. KLang Ingsun damel kang koyo mangkono iku supaya dadi tandha yekti kuwasaningsun marang para manungsa dadi rakhmat saka ngarsaningsun. Lan perkara nitahake 'Isa iku perkara kang wis diputusake"".
۞ فَحَمَلَتْهُ فَانْتَبَذَتْ بِهٖ مَكَانًا قَصِيًّا٢٢
Fa ḥamalathu fantabażat bihī makānan qaṣiyyā(n).
[22]
(Malaikat Jibril banjur ndamoni Maryam), sanalika Maryam banjur bobot, sarta sawse mbobot iku, dheweke nuli nyingkir marang panggonan kang adoh.
فَاَجَاۤءَهَا الْمَخَاضُ اِلٰى جِذْعِ النَّخْلَةِۚ قَالَتْ يٰلَيْتَنِيْ مِتُّ قَبْلَ هٰذَا وَكُنْتُ نَسْيًا مَّنْسِيًّا٢٣
Fa ajā'ahal-makhāḍu ilā jiz‘in nakhlah(ti), qālat yā laitanī mittu qabla hāżā wa kuntu nas-yam mansiyyā(n).
[23]
Bareng wis tekan wancine nglahirake jabang bayi, Maryam nglarani, nuli lunga menyang sangisore wit kurma sarta banjur celathu, "Adhuh, bok ya aku mati sadurunge nglakoni lara lan wirang kang mengkene iku sarta muga - muga kahananku dilalekake lan ora disebut - sebut".
فَنَادٰىهَا مِنْ تَحْتِهَآ اَلَّا تَحْزَنِيْ قَدْ جَعَلَ رَبُّكِ تَحْتَكِ سَرِيًّا٢٤
Fa nādāhā min taḥtihā allā taḥzanī qad ja‘ala rabbuki taḥtaki sariyyā(n).
[24]
Malaikat Jibril banjur mangsuli nguwuh - nguwuh ana ngisore Maryam, "He Maryam, panjenengan sampun sisah. Allah Pangeran panjenengan sapunika angawontenaken lepen ingkang mili wonten ngandhap panjenengan punika".
وَهُزِّيْٓ اِلَيْكِ بِجِذْعِ النَّخْلَةِ تُسٰقِطْ عَلَيْكِ رُطَبًا جَنِيًّا ۖ٢٥
Wa huzzī ilaiki bijiz‘in-nakhlati tusāqiṭ ‘alaiki ruṭaban janiyyā(n).
[25]
Lan ugi angoyagna wit kurma ingkang panjenengan sendheni punika. Saking kersanipun Allah wit kurma ingkang sampun garing punika samangke dados ijem seger sarta medal wohipun sanalika kangge panjenengan.
فَكُلِيْ وَاشْرَبِيْ وَقَرِّيْ عَيْنًا ۚفَاِمَّا تَرَيِنَّ مِنَ الْبَشَرِ اَحَدًاۙ فَقُوْلِيْٓ اِنِّيْ نَذَرْتُ لِلرَّحْمٰنِ صَوْمًا فَلَنْ اُكَلِّمَ الْيَوْمَ اِنْسِيًّا ۚ٢٦
Fa kulī wasyrabī wa qarrī ‘ainā(n), fa immā tarayinna minal-basyari aḥadā(n), fa qūlī innī nażartu lir-raḥmāni ṣauman falan ukallimal-yauma insiyyā(n).
[26]
Samangke panjenengan kula aturi dhahar lan ngunjuk, sarta dipun tentremaken panggalih panjenengan. Menawi panjenengan kepanggih kaliyan tetiyang ingkang pitaken, supados kajawab, "Satemene Ingsun wis nadzar marang Pangeran Kang Maha Welas kalawan pasa, dina iki aku ora bakal guneman karo manungsa".
فَاَتَتْ بِهٖ قَوْمَهَا تَحْمِلُهٗ ۗقَالُوْا يٰمَرْيَمُ لَقَدْ جِئْتِ شَيْـًٔا فَرِيًّا٢٧
Fa atat bihī qaumahā taḥmiluh(ū), qālū yā maryamu laqad ji'ti syai'an fariyyā(n).
[27]
Maryam baeng wis rancag, waras lan resik, banjur bali marang panggonane para kaume kanthi mbopong putrane. Para kaume banjur padha nyruwe, pangucape, " He Maryam, yekti sira nglakone penggawe kang ngeram - eramake kang ora disenengi (yaiku peputra tanpa bapa)".
يٰٓاُخْتَ هٰرُوْنَ مَا كَانَ اَبُوْكِ امْرَاَ سَوْءٍ وَّمَا كَانَتْ اُمُّكِ بَغِيًّا ۖ٢٨
Yā ukhta hārūna kāna abūkimra'a sau'iw wa mā kānat ummuki bagiyyā(n).
[28]
He sedulure Harun (He wong wadon kang suci prasasat Nabi Harun)Ramamu kyai Imron iku dudu wong ala lan ibumu dudu wong wadon serong.
فَاَشَارَتْ اِلَيْهِۗ قَالُوْا كَيْفَ نُكَلِّمُ مَنْ كَانَ فِى الْمَهْدِ صَبِيًّا٢٩
Fa asyārat ilaīh(i), qālū kaifa nukallimu man kāna fil-mahdi ṣabiyyā(n).
[29]
Siti Maryam nuli aweh isarah (sasmita) supaya padha takon marang bayi mau. Kaume nuli padha takon kapriye anggoningsun ngajak catur bayi kang ana ing bandulan?
قَالَ اِنِّيْ عَبْدُ اللّٰهِ ۗاٰتٰىنِيَ الْكِتٰبَ وَجَعَلَنِيْ نَبِيًّا ۙ٣٠
Qāla innī ‘abdullāh(i), ātāniyal-kitāba wa ja‘alanī nabiyyā(n).
[30]
Ing kono bayi (Isa) mau banjur mangsuli, "Saktemene ingsun iki kawulane Allah, ing tembe panjenengane Allah bakal maringi kitab (Injil) marang ingsun, sarta panjenengane bakal ngangkat ingsun kadadekake Nabi".
وَّجَعَلَنِيْ مُبٰرَكًا اَيْنَ مَا كُنْتُۖ وَاَوْصٰنِيْ بِالصَّلٰوةِ وَالزَّكٰوةِ مَا دُمْتُ حَيًّا ۖ٣١
Wa ja‘alanī mubārakan aina mā kunt(u), wa auṣānī biṣ-ṣalāti waz-zakāti mā dumtu ḥayyā(n).
[31]
Lan ana ing ngendi wae panggonanku, Allah bakal amberkahi marang Ingsun maedahi marang manungsa, sarta aku wis didhawuhi sak jeroningsun isih urip kudu nindakake shalat lan aweh zakat.
وَّبَرًّاۢ بِوَالِدَتِيْ وَلَمْ يَجْعَلْنِيْ جَبَّارًا شَقِيًّا٣٢
Wa barram biwālidatī wa lam yaj‘alnī jabbāran syaqiyyā(n).
[32]
"Sarta Ingsun wis didhawuhi supaya bekti marang ibuningsun, Sarta panjenengane ora ngersakake ingsun wong kang gumedhe lan duraka".
وَالسَّلٰمُ عَلَيَّ يَوْمَ وُلِدْتُّ وَيَوْمَ اَمُوْتُ وَيَوْمَ اُبْعَثُ حَيًّا٣٣
Was-salāmu ‘alayya yauma wulittu wa yauma amūtu wa yauma ub‘aṡu ḥayyā(n).
[33]
"Sarta ingsun diparingi keslametan ing dina ingsun dilahirake, lan ing dina ingsun mati sarta ing dina ingsun katangekake maneh".
ذٰلِكَ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ ۚقَوْلَ الْحَقِّ الَّذِيْ فِيْهِ يَمْتَرُوْنَ٣٤
Żālika ‘īsabnu maryam(a), qaulal-ḥaqqil-lażī fīhi yamtarūn(a).
[34]
Kang wis mengucap mangkono mau yaiku Isa putrane Maryam, kanti pangucap kang dianggep padudon deniing wong - wong mau. (Yaiku bab kahanane Isa).
مَا كَانَ لِلّٰهِ اَنْ يَّتَّخِذَ مِنْ وَّلَدٍ سُبْحٰنَهٗ ۗاِذَا قَضٰٓى اَمْرًا فَاِنَّمَا يَقُوْلُ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ ۗ٣٥
Mā kāna lillāhi ay yattakhiża miw waladin subḥānah(ū), iżā qaḍā amran fa innamā yaqūlu lahū kun fa yakūn(u).
[35]
Ora pisan - pisan Allah mundhut putra, Maha Suci Allah sangka peputra. Dene menawa panjenengane ngersakake nitahake sawijining perkara, panjenengane dhawuh, "Kun" anaa sira, ing kono barang mau banjur ana.
وَاِنَّ اللّٰهَ رَبِّيْ وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْهُ ۗهٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٣٦
Wa innallāha rabbī wa rabbukum fa‘budūh(u), hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[36]
Lan saktemene panjenengane Allah Pangeraningsun lan Pangeranira. Awit saka iku sira padha manembaha marang panjenengane. Ya iki dalan kang bener.
فَاخْتَلَفَ الْاَحْزَابُ مِنْۢ بَيْنِهِمْۚ فَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ مَّشْهَدِ يَوْمٍ عَظِيْمٍ٣٧
Fakhtalafal-aḥzābu mim bainihim, fa wailul lil-lażīna kafarū mim masyhadi yaumin ‘aẓīm(in).
[37]
(Bareng Isa ngandiko mangkono) para manungsa (golongan nasrani) banjur pada sulaya panemune (Dadi telung golongan). Dene siksa neraka kang banget larane iku disediakake kanggo wong kang mungkir (kafir) anggone nekseni dina kang banget gedhene (dina Qiyamat).
اَسْمِعْ بِهِمْ وَاَبْصِرْۙ يَوْمَ يَأْتُوْنَنَا لٰكِنِ الظّٰلِمُوْنَ الْيَوْمَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٣٨
Asmi‘ bihim wa abṣir, yauma ya'tūnanā lākiniẓ-ẓālimūnal-yauma fī ḍalālim mubīn(in).
[38]
Anggumunake wong - wong mau, dene wus padha krungu sarta wis padha sumurup tanda yekti, padha ora percaya anane dina Qiyamat yaiku dina dheweke padha disowanake marang ngarsaningsun nanging wong - wong kang aniaya (kafir) ana ing dina iku tetep ana ing sasar kang nyata.
وَاَنْذِرْهُمْ يَوْمَ الْحَسْرَةِ اِذْ قُضِيَ الْاَمْرُۘ وَهُمْ فِيْ غَفْلَةٍ وَّهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ٣٩
Wa anżirhum yaumal-ḥasrati iż quḍiyal-amr(u), wa hum fī gaflatiw wa hum lā yu'minūn(a).
[39]
(Muhammad) sira ngelingna wong - wong kafir mau ing dina Hasraah (dina nalangsa dina Qiyamat) yaiku nalika kabeh perkara diputus dening Allah lan wong - wong mau ana ing donya padha lali ora padha percaya marang Allah.
اِنَّا نَحْنُ نَرِثُ الْاَرْضَ وَمَنْ عَلَيْهَا وَاِلَيْنَا يُرْجَعُوْنَ ࣖ٤٠
Innā naḥnu nariṡul-arḍa wa man ‘alaihā wa ilainā yurja‘ūn(a).
[40]
Saktemene Ingusn bakal nampa warise bumi (dalah wong sak isine bumi kabeh) lan mung marang ngarsaningsun piyambak wong - wong mau bakal disowanake.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ اِبْرٰهِيْمَ ەۗ اِنَّهٗ كَانَ صِدِّيْقًا نَّبِيًّا٤١
Ważkur fil-kitābi ibrāhīm(a), innahū kāna ṣiddīqan nabiyyā(n).
[41]
Muhammad sira nyritakna critane Ibrahim ana ing sajroning al-Qur'an. Saktemene Ibrahim iku wong kang temen lan dadi nabi.
اِذْ قَالَ لِاَبِيْهِ يٰٓاَبَتِ لِمَ تَعْبُدُ مَا لَا يَسْمَعُ وَلَا يُبْصِرُ وَلَا يُغْنِيْ عَنْكَ شَيْـًٔا٤٢
Iż qāla li'abīhi yā abati lima ta‘budu mā lā yasma‘u wa lā yubṣiru wa lā yugnī ‘anka syai'ā(n).
[42]
Yaiku critane Ibrahim nalika matur marang bapakne, "Dhuh rama kenging punapa panjenengan teka manembah brahala ingkang mboten mireng lan mirsani, sarta mboten saget ngalang - alangi siksane Allah saking panjenengan".
يٰٓاَبَتِ اِنِّيْ قَدْ جَاۤءَنِيْ مِنَ الْعِلْمِ مَا لَمْ يَأْتِكَ فَاتَّبِعْنِيْٓ اَهْدِكَ صِرَاطًا سَوِيًّا٤٣
Yā abati innī qad jā'anī minal-‘ilmi mā lam ya'tika fattabi‘nī ahdika ṣirāṭan sawiyyā(n).
[43]
"Dhuh rama sajatosipun kula sampun kaparingan ngilmu (kabatisan sarta syariat) ingkang dereng nate kaparingaken dateng panjenengan. Awit saking punika mugi - mugi panjenengan manut ing kula, kula badhe nedahaken margi ingkang leres".
يٰٓاَبَتِ لَا تَعْبُدِ الشَّيْطٰنَۗ اِنَّ الشَّيْطٰنَ كَانَ لِلرَّحْمٰنِ عَصِيًّا٤٤
Yā abati lā ta‘budisy-syaiṭān(a), innasy-syaiṭāna kāna lir-raḥmāni ‘aṣiyyā(n).
[44]
"Dhuh rama, panjenengan sampun pisan - pisan manembah dhateng syetan, jalaran sejatosipun syetan punika duraka dhateng Pangeran ingkang Maha Welas".
يٰٓاَبَتِ اِنِّيْٓ اَخَافُ اَنْ يَّمَسَّكَ عَذَابٌ مِّنَ الرَّحْمٰنِ فَتَكُوْنَ لِلشَّيْطٰنِ وَلِيًّا٤٥
Yā abati innī akhāfu ay yamassaka ‘ażābum minar-raḥmāni fa takūna lisy-syaiṭāni waliyyā(n).
[45]
"Dhuh rama sejatosipun kula ajrih menawi panjenengan kapatrapan siksa saking pangeran kang Maha Welas, lajeng panjenengan dados kekasih saking Pangeran kang maha Welas, lajeng panjenengan dados kekasihipun syetan".
قَالَ اَرَاغِبٌ اَنْتَ عَنْ اٰلِهَتِيْ يٰٓاِبْرٰهِيْمُ ۚ لَىِٕنْ لَّمْ تَنْتَهِ لَاَرْجُمَنَّكَ وَاهْجُرْنِيْ مَلِيًّا٤٦
Qāla arāgibun anta ‘an ālihatī yā ibrāhīm(u), la'illam tantahi la'arjumannaka wahjurnī maliyyā(n).
[46]
Ramane Ibrahim mangsuli, "He Ibrahim, yogene gething marang brahala sesembahanku. Menawa kowe ora gelem mareni, yekti Ingsun ranjam, lan nyingkira saka aku saklawase urip".
قَالَ سَلٰمٌ عَلَيْكَۚ سَاَسْتَغْفِرُ لَكَ رَبِّيْۗ اِنَّهٗ كَانَ بِيْ حَفِيًّا٤٧
Qāla salāmun ‘alaik(a), sa'astagfiru laka rabbī, innahū kāna bī ḥafiyyā(n).
[47]
Ibrahim banjur matur maneh, "Kawilujengan mugi tetep ing panjenegan. (Panjenengan badhe kula suwunaken ing Allah pangeran kula mugi - mugi panjenegan dipun tedahna dhateng agami Islam) saha kula badhe nyuwunaken pangapunten dhateng pangeran kula kangge panjenengan, sejatosipun panjenengane Allah sae (welas asih) dhateng kula".
وَاَعْتَزِلُكُمْ وَمَا تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَاَدْعُوْا رَبِّيْۖ عَسٰٓى اَلَّآ اَكُوْنَ بِدُعَاۤءِ رَبِّيْ شَقِيًّا٤٨
Wa a‘tazilukum wa mā tad‘ūna min dūnillāhi wa ad‘ū rabbī, ‘asā allā akūna bidu‘ā'i rabbī syaqiyyā(n).
[48]
(Ibrahim ngendika marang kaume:) "Lan ingsun bakal sumingkir saka sira kabeh lan saka barang kang padha sira sembah sakliyane Allah, lan ingsun bakal manembah marang Pangeraningsun, muga - muga kanthi panembah ingsun marang pangeran iku, ingsun ora dadi wong kang cilaka".
فَلَمَّا اعْتَزَلَهُمْ وَمَا يَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۙوَهَبْنَا لَهٗٓ اِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَۗ وَكُلًّا جَعَلْنَا نَبِيًّا٤٩
Falamma‘tazalahum wa mā ya‘budūna min dūnillāh(i), wahabnā lahū isḥāqa wa ya‘qūb(a), wa kullan ja‘alnā nabiyyā(n).
[49]
Bareng Ibrahim wis sumingkir sangka wong - wong mau lan saka sesembahan sak liyane Allah, dheweke nuli ingsun paringi anak, yaiku ishaq lan Ya'kub, sarta sak klorone iku ingsun angkat dadi nabi.
وَوَهَبْنَا لَهُمْ مِّنْ رَّحْمَتِنَا وَجَعَلْنَا لَهُمْ لِسَانَ صِدْقٍ عَلِيًّا ࣖ٥٠
Wa wahabnā lahum mir raḥmatinā wa ja‘alnā lahum lisāna ṣidqin ‘aliyyā(n).
[50]
Lan ingsun paring marang dheweke (marang putra wayahe Ibrahim) saka rohmat ingsun, sarta ingsun dadekake dadi wong - wong kang pinuji lan becik sarta diluhurake (ana ing antarane ahli agama).
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ مُوْسٰٓىۖ اِنَّهٗ كَانَ مُخْلَصًا وَّكَانَ رَسُوْلًا نَّبِيًّا٥١
Ważkur fil-kitābi mūsā, innahū kāna mukhlaṣaw wa kāna rasūlan nabiyyā(n).
[51]
(Muhammad) nyritakna critane Musa ana ing kitab Qur'an. Saktemene dheweke iku sawijining wong kang tulus lan resik ati, lan dheweke iku dadi rosul lan dadi nabi.
وَنَادَيْنٰهُ مِنْ جَانِبِ الطُّوْرِ الْاَيْمَنِ وَقَرَّبْنٰهُ نَجِيًّا٥٢
Wa nādaināhu min jānibiṭ-ṭūril-aimani wa qarrabnāhu najiyyā(n).
[52]
Lan ingsun nimbali dheweke Musa saka gunung Tursina (gunung Sinai) kang ana ing sisih tengen (nalika Musa mlaku saka Madyan) sarta ingsun cedhakake, ingsun paringake timbal pangandika karo Ingsun.
وَوَهَبْنَا لَهٗ مِنْ رَّحْمَتِنَآ اَخَاهُ هٰرُوْنَ نَبِيًّا٥٣
Wa wahabnā lahū mir raḥmatinā akhāhu hārūna nabiyyā(n).
[53]
Lan ingsun wis paring marang Musa saka asih ingsun (minangka dadi pembantune), yaiku sedulure Harun uga kadadekake nabi.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ اِسْمٰعِيْلَ ۖاِنَّهٗ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلًا نَّبِيًّا ۚ٥٤
Ważkur fil-kitābi ismā‘īl(a), innahū kāna ṣādiqal-wa‘di wa kāna rasūlan nabiyyā(n).
[54]
(Muhammad) nyritakna critane 'Ismail ana ing kitab Qur'an. Saktemene dheweke iku wong kang setia tuhu ing janji, lan dheweke iku dadi Rosul lan dadi Nabi.
وَكَانَ يَأْمُرُ اَهْلَهٗ بِالصَّلٰوةِ وَالزَّكٰوةِۖ وَكَانَ عِنْدَ رَبِّهٖ مَرْضِيًّا٥٥
Wa kāna ya'muru ahlahū biṣ-ṣalāti waz-zakāh(ti), wa kāna ‘inda rabbihī marḍiyyā(n).
[55]
Lan Ismail dhawuh marang para ahline supaya padha nindakake sholat lan ngetokake zakat, lan dheweke iku diriloi ana ing ngersane Pangeran.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ اِدْرِيْسَۖ اِنَّهٗ كَانَ صِدِّيْقًا نَّبِيًّا ۙ٥٦
Ważkur fil-kitābi idrīs(a), innahū kāna ṣādiqan nabiyyā(n).
[56]
Muhammad nyritakna critane Idris ana ing kitab al-Qur'an. Saktemene dheweke iku sawijining wong kang temen dadi nabi.
وَّرَفَعْنٰهُ مَكَانًا عَلِيًّا٥٧
Wa rafa‘nāhu makānan ‘aliyyā(n).
[57]
Lan Ingsun wis ngluhurake dheweke (Idris) ana ing panggonan kang mulya.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ مِّنَ النَّبِيّٖنَ مِنْ ذُرِّيَّةِ اٰدَمَ وَمِمَّنْ حَمَلْنَا مَعَ نُوْحٍۖ وَّمِنْ ذُرِّيَّةِ اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْرَاۤءِيْلَ ۖوَمِمَّنْ هَدَيْنَا وَاجْتَبَيْنَاۗ اِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُ الرَّحْمٰنِ خَرُّوْا سُجَّدًا وَّبُكِيًّا ۩٥٨
Ulā'ikal-lażīna an‘amallāhu ‘alaihim minan-nabiyyīna min żurriyyati ādama wa mimman ḥamalnā ma‘a nūḥ(in), wa min żurriyyati ibrāhīma wa isrā'īl(a), wa mimman hadainā wajtabainā, iżā tutlā ‘alaihim āyātur-raḥmāni kharrū sujjadaw wa bukiyyā(n).
[58]
Kabeh para nabi kang wis kasebut mau kang wis diparingi kanikmatan dening Allah saka golongane nabi - nabi, saka anak turune Adam lan anak turune wong - wong kang ingsun tunggangake prau bareng karo Nuh, lan saka anak turune Ibrahim lan Israil (Ya'kub) lan saka anak turune wong kang wis ingsun paringi pituduh sarta ingsu pilih. Menawa dheweke iku diwacakake ayat - ayate Pangeran kang Maha Welas, wong - wong mau pada sungkem sujud sarta nangis jalaran saka konjeme.
۞ فَخَلَفَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ خَلْفٌ اَضَاعُوا الصَّلٰوةَ وَاتَّبَعُوا الشَّهَوٰتِ فَسَوْفَ يَلْقَوْنَ غَيًّا ۙ٥٩
Fa khalafa mim ba‘dihim khalfun aḍā‘uṣ-ṣalāta wattaba‘usy-syahawāti fa saufa yalqauna gayyā(n).
[59]
Sak pungkure para nabi lan kaum - kaum kang padha becik tumuli ketungka para kaum (Yahudi) kang padha ninggalake sholat sarta mung manut marang kasenengane dhewe. Yekti dheweke bakal padha nemoni piwales jalaran kalacutane.
اِلَّا مَنْ تَابَ وَاٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَاُولٰۤىِٕكَ يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ وَلَا يُظْلَمُوْنَ شَيْـًٔا ۙ٦٠
Illā man tāba wa āmana wa ‘amila ṣāliḥan fa ulā'ika yadkhulūnal-jannata wa lā yuẓlamūna syai'ā(n).
[60]
Kajaba wong kang banjur padha tobat lan percaya sarta nindakake kabecikan, wong kang mengkono mau ing tembe bakal mlebu suwarga lan ora dikaniaya sethithik - thithika.
جَنّٰتِ عَدْنِ ِۨالَّتِيْ وَعَدَ الرَّحْمٰنُ عِبَادَهٗ بِالْغَيْبِۗ اِنَّهٗ كَانَ وَعْدُهٗ مَأْتِيًّا٦١
Jannāti ‘adninil-latī wa‘adar-raḥmānu ‘ibādahū bil-gaib(i), innahū kāna wa‘duhū ma'tiyyā(n).
[61]
Yaiku swarga 'Adn panggonan tetep langgeng kang wis dijanjekake dening Pangeran Kang Maha Welas marang kawulane kanthi ghoib. Saktemene janjine Allah iku mesthi teka.
لَا يَسْمَعُوْنَ فِيْهَا لَغْوًا اِلَّا سَلٰمًاۗ وَلَهُمْ رِزْقُهُمْ فِيْهَا بُكْرَةً وَّعَشِيًّا٦٢
Lā yasma‘ūna fīhā lagwan illā salāmā(n), wa lahum rizquhum fīhā bukrataw wa ‘asyiyyā(n).
[62]
Wong - wong mu'min kang ana ing suwarga ora padha krungu suwara lacut (kang ora nyenengake) kajaba mung keslametan, lan ana ing kono bakal kaparingan rejeki saben esuk lan sore.
تِلْكَ الْجَنَّةُ الَّتِيْ نُوْرِثُ مِنْ عِبَادِنَا مَنْ كَانَ تَقِيًّا٦٣
Tilkal-jannatul-latī nūriṡu min ‘ibādinā man kāna taqiyyā(n).
[63]
Swarga iku ingsun warisake (cawisake) marang kawulaningsung kang wedi marang Allah.
وَمَا نَتَنَزَّلُ اِلَّا بِاَمْرِ رَبِّكَۚ لَهٗ مَا بَيْنَ اَيْدِيْنَا وَمَا خَلْفَنَا وَمَا بَيْنَ ذٰلِكَ وَمَا كَانَ رَبُّكَ نَسِيًّا ۚ٦٤
Wa mā natanazzalu illā bi'amri rabbik(a), lahū mā baina aidīnā wa mā khalfanā wa mā baina żālika wa mā kāna rabbuka nasiyyā(n).
[64]
(Malaikat Jibril matur marang Nabi Muhammad), "Anggen kula tumurun dhateng ing donya sowan ing panjenengan punika, mboten sanes saking dhawuhing pangeran panjenengan. Allah punika ngawuningani (kagungan) sedaya barang ingkang badhe kelampahan (ingkang wonten ngajeng kula) lan ingkang sampun kelampahan (ingkang wonten wingking kula) sarta ingkang wonten ing antawasipin punika. Dene Pangeran panjenengan punika mboten badhe nyupekaken dhateng kawulaningpun".
رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا فَاعْبُدْهُ وَاصْطَبِرْ لِعِبَادَتِهٖۗ هَلْ تَعْلَمُ لَهٗ سَمِيًّا ࣖ٦٥
Rabbus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā fa‘budhu waṣṭabir li‘ibādatih(ī), hal ta‘lamu lahū samiyyā(n).
[65]
Inggin panjenenganipun punika Pangeraning langit lan bumi sarta sedaya ingkang wonten saantawisipun. awit saking punika panjenengan mugi manembah dhateng Panjenenganipun lan mugi dipun sabarna (mantepna) anggen panjenengan ngibadah dhateng Allah. Punapa panjenengan pirsa bilih sanesipun Allah ngangge nama Allah?
وَيَقُوْلُ الْاِنْسَانُ ءَاِذَا مَا مِتُّ لَسَوْفَ اُخْرَجُ حَيًّا٦٦
Wa yaqūlul-insānu a'iżā mā mittu lasaufa ukhraju ḥayyā(n).
[66]
(Allah) ngendika, "(Muhammad) wong kafir kang ora percaya bakal tangi saka kubur padha ngucap, "Punapa menawi kula sampun pejah, yektos badhe dipun wedalaken malih?""
اَوَلَا يَذْكُرُ الْاِنْسَانُ اَنَّا خَلَقْنٰهُ مِنْ قَبْلُ وَلَمْ يَكُ شَيْـًٔا٦٧
Awalā yażkurul-insānu annā khalaqnāhu min qablu wa lam yaku syai'ā(n).
[67]
Apa para manungsa (kafir) mau ora eling (ora rumangsa, menawa ingsun wis nitahake dheweke sekawit, lan dheweke iku asale dudu apa - apa).
فَوَرَبِّكَ لَنَحْشُرَنَّهُمْ وَالشَّيٰطِيْنَ ثُمَّ لَنُحْضِرَنَّهُمْ حَوْلَ جَهَنَّمَ جِثِيًّا٦٨
Fa wa rabbika lanaḥsyurannahum wasy-syayāṭīna ṡumma lanuḥḍirannahum ḥaula jahannama jiṡiyyā(n).
[68]
Demi pangeranira (Muhammad) temen ingsun bakal nangekake (ngumpulake) wong - wong kafir mau lan para syetan - syetane. Ingsun banjur nekakake kabeh wong - wong mau ana ing sakkiwa tengen neraka jahannam kanthi padha mbrangkang.
ثُمَّ لَنَنْزِعَنَّ مِنْ كُلِّ شِيْعَةٍ اَيُّهُمْ اَشَدُّ عَلَى الرَّحْمٰنِ عِتِيًّا ۚ٦٩
Ṡumma lananzi‘anna min kulli syī‘atin ayyuhum asyaddu ‘alar-raḥmāni ‘itiyyā(n).
[69]
Ingsun banjur milih sangka saben - saben golongan, endi kang luwih gedhe dosane marang pangeran kang Maha welas.
ثُمَّ لَنَحْنُ اَعْلَمُ بِالَّذِيْنَ هُمْ اَوْلٰى بِهَا صِلِيًّا٧٠
Ṡumma lanaḥnu a‘lamu bil-lażīna hum aulā bihā ṣiliyyā(n).
[70]
Ingsun banjur luwih mungingani marang wong - wong kang luwih banget lan patut dicemplungake ana neraka jahanam.
وَاِنْ مِّنْكُمْ اِلَّا وَارِدُهَا ۚ كَانَ عَلٰى رَبِّكَ حَتْمًا مَّقْضِيًّا ۚ٧١
Wa im minkum illā wāriduhā, kāna ‘alā rabbika ḥatmam maqḍiyyā(n).
[71]
Lan oara ana siji - sijia sangka sira (kang duwe dosa), kajaba teka marang neraka jahanam. Dene anggone ditekake marang neraka jahanam iku minangka ukuman kang wis katemtokake dening pangeranira.
ثُمَّ نُنَجِّى الَّذِيْنَ اتَّقَوْا وَّنَذَرُ الظّٰلِمِيْنَ فِيْهَا جِثِيًّا٧٢
Ṡumma nunajjil-lażīnattaqau wa nażaruẓ-ẓālimīna fīhā jiṡiyyā(n).
[72]
(Skawise teka ing neraka) ingsun banjur nylametake wong - wong kang padha taqwa sarta ingsun ninggalake wong - wong kang padha aniaya langgeng ana ing neraka jahannam.
وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا بَيِّنٰتٍ قَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓاۙ اَيُّ الْفَرِيْقَيْنِ خَيْرٌ مَّقَامًا وَّاَحْسَنُ نَدِيًّا٧٣
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyinātin qālal-lażīna kafarū lil-lażīna āmanū, ayyul-farīqaini khairum maqāmaw wa aḥsanu nadiyyā(n).
[73]
Lan nalika para manungsa iku padha diwacakake ayat - ayatingsung kang cetha, wong - wong kafir padha ngucap marang wong kang iman, "Endi antarane rong golongan (ahli agama) iki kang luwih pangkate lan luwih becik panggonane?"
وَكَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنْ قَرْنٍ هُمْ اَحْسَنُ اَثَاثًا وَّرِءْيًا٧٤
Wa kam ahlaknā qablahum min qarnin hum aḥsanu aṡāṡaw wa ri'yā(n).
[74]
(Pangandikane Allah mangkene), Biyen sak durunge wong kafir iku, pira wae kehe wong kang ingsun tumpes kanthi siksa, tur padha sugih bandha, omahe becik - becik ujude lan tandange bregas - bregas, dideleng andemenakake.
قُلْ مَنْ كَانَ فِى الضَّلٰلَةِ فَلْيَمْدُدْ لَهُ الرَّحْمٰنُ مَدًّا ەۚ حَتّٰىٓ اِذَا رَاَوْا مَا يُوْعَدُوْنَ اِمَّا الْعَذَابَ وَاِمَّا السَّاعَةَ ۗفَسَيَعْلَمُوْنَ مَنْ هُوَ شَرٌّ مَّكَانًا وَّاَضْعَفُ جُنْدًا٧٥
Qul man kāna fiḍ-ḍalālati falyamdud lahur-raḥmānu maddā(n), ḥattā iżā ra'au mā yū‘adūna immal-‘ażāba wa immas-sā‘ata fa saya‘lamūna man huwa syarrum makānaw wa aḍ‘afu jundā(n).
[75]
(Muhammad)dhawuha marang wong - wong kafir, "Sing sapa ana ing sakjeroning sasar yekti pangeran kang maha welas andawake umure (karoben suwe anggone sasar) nganti menawa padha weruh kang dijanjekake marang dheweke padha uga bab siksa utawa dina Qiyamat, yekti dheweke padha mangerti sapa kang luwih ala panggonane lan luwih apes balane".
وَيَزِيْدُ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اهْتَدَوْا هُدًىۗ وَالْبٰقِيٰتُ الصّٰلِحٰتُ خَيْرٌ عِنْدَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَّخَيْرٌ مَّرَدًّا٧٦
Wa yazīdullāhul-lażīnahtadau hudā(n), wal-bāqiyātuṣ-ṣāliḥātu khairun ‘inda rabbika ṡawābaw wa khairum maraddā(n).
[76]
Lan panjenengane ALlah bakal nambahi pitedah marang wong - wong kang padha nampa pituduh. Dene kabeh amal kebecikan iku mungguhe pangeranira luwih becik ganjarane lan luwih becik wekasane.
اَفَرَاَيْتَ الَّذِيْ كَفَرَ بِاٰيٰتِنَا وَقَالَ لَاُوْتَيَنَّ مَالًا وَّوَلَدًا ۗ٧٧
Afa ra'aital-lażī kafara bi'āyātinā wa qāla la'ūtayanna mālaw wa waladā(n).
[77]
(Muhammad) nerangna critane wong kang kafir marang ayat - ayate ingsun, lan dheweke padha ngucap, "Yekti menawa perkara kang disebut - sebut dening Muhammad ing kaherat iku bener temen ing kono aku bakal kaparingan bandha lan anak".
اَطَّلَعَ الْغَيْبَ اَمِ اتَّخَذَ عِنْدَ الرَّحْمٰنِ عَهْدًا ۙ٧٨
Aṭṭala‘al-gaiba amittakhaża ‘indar-raḥmāni ‘ahdā(n).
[78]
Apa dheweke wis sumurup perkara ghoib, utawa dheweke wis gawe perjanjian marang pangeran kang maha welas?
كَلَّا ۗسَنَكْتُبُ مَا يَقُوْلُ وَنَمُدُّ لَهٗ مِنَ الْعَذَابِ مَدًّا ۙ٧٩
Kallā, sanaktubu mā yaqūlu wa namuddu lahū minal-‘ażābi maddā(n).
[79]
Babar pisa ora, Ingsun bakal nulis apa kang diucapake (ing tembe ingsun kanggo melehake) sarta ingsun bakal nambahi siksa marang dheweke.
وَّنَرِثُهٗ مَا يَقُوْلُ وَيَأْتِيْنَا فَرْدًا٨٠
Wa nariṡuhū mā yaqūlu wa ya'tīnā fardā(n).
[80]
Lan ingsun bakal maris apa kang diucapake dening dheweke lan bakal sowan marang ngarsaningsun ijen (tanpa anak tanpa bondha tanpa kanca).
وَاتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اٰلِهَةً لِّيَكُوْنُوْا لَهُمْ عِزًّا ۙ٨١
Wattakhażū min dūnillāhi ālihatal liyakūnū lahum ‘izzā(n).
[81]
Lan wong - wong kafir mau padha ngalap pangeran sakliyane ALlah kang pamrihe supaya ngalang - alangi dheweke saka siksa.
كَلَّا ۗسَيَكْفُرُوْنَ بِعِبَادَتِهِمْ وَيَكُوْنُوْنَ عَلَيْهِمْ ضِدًّا ࣖ٨٢
Kallā, sayakfurūna bi‘ibādatihim wa yakūnūna ‘alaihim ḍiddā(n).
[82]
Babar pisa ora bisa. Brahala sembahan iku bakal mungkiri ing pangibadahe wong - wong musyrik mau, lan ana ing akherat bakal dadi satru.
اَلَمْ تَرَ اَنَّآ اَرْسَلْنَا الشَّيٰطِيْنَ عَلَى الْكٰفِرِيْنَ تَؤُزُّهُمْ اَزًّا ۙ٨٣
Alam tara annā arsalnasy-syayāṭīna ‘alal-kāfirīna ta'uzzuhum azzā(n).
[83]
Apa sira durung sumuru, menawa saktemen ingsun wis ngutus syetan - syetan marang wong kang padha kafir kang perlune godha lan anjlomprongake marang wong - wong kafir mau.
فَلَا تَعْجَلْ عَلَيْهِمْۗ اِنَّمَا نَعُدُّ لَهُمْ عَدًّا ۗ٨٤
Falā ta‘jal ‘alaihim, innamā na‘uddu lahum ‘addā(n).
[84]
Awit saka iku sira aja nyuwun enggal - enggal dheweke kapatrapan siksa satemene wis ngetung - etung marang wong - wong mau (nganti tumeka mangsa kang katemtokake kanggo nyiksa).
يَوْمَ نَحْشُرُ الْمُتَّقِيْنَ اِلَى الرَّحْمٰنِ وَفْدًا٨٥
Yauma naḥsyurul-muttaqīna ilar-raḥmāni wafdā(n).
[85]
(He Muhammad) sira nyritakna bab dina QIyamat yaiku dinane ingsun ngumpulake wong - wong kang padha taqwa padha sowan marang ngarsaning pangeran kang maha welas.
وَنَسُوْقُ الْمُجْرِمِيْنَ اِلٰى جَهَنَّمَ وِرْدًا ۘ٨٦
Wa nasūqul-mujrimīna ilā jahannama wirdā(n).
[86]
Lan ingsun giring wong - wong kang padha dosa mau marang neraka jahanam kanthi mlaku darat lan banget ngelake.
لَا يَمْلِكُوْنَ الشَّفَاعَةَ اِلَّا مَنِ اتَّخَذَ عِنْدَ الرَّحْمٰنِ عَهْدًا ۘ٨٧
Lā yamlikūnasy-syafā‘ata illā manittakhaża ‘indar-raḥmāni ‘ahdā(n).
[87]
Ing dina iku wong mau padha ora duweni pitulungan, kajaba wong kang duwe perjanjian ana ing ngersane pangeran kang maha welas.
وَقَالُوا اتَّخَذَ الرَّحْمٰنُ وَلَدًا ۗ٨٨
Wa qāluttakhażar-raḥmānu waladā(n).
[88]
Lan wong - wong kafir mau pdha ngucap, "Allah kang maha murah iku peputra".
لَقَدْ جِئْتُمْ شَيْـًٔا اِدًّا ۙ٨٩
Laqad ji'tum syai'an iddā(n).
[89]
Yekti saktemene sira kabeh wis nekakake perkara kang kotor temenan.
تَكَادُ السَّمٰوٰتُ يَتَفَطَّرْنَ مِنْهُ وَتَنْشَقُّ الْاَرْضُ وَتَخِرُّ الْجِبَالُ هَدًّا ۙ٩٠
Takādus-samāwātu yatafaṭṭarna minhu wa tansyaqqul-arḍu wa takhirrul-jibālu haddā(n).
[90]
Meh bae pangucapmu iku ngigarake langit lan abengkahake bumi sarta angrubuhake gunung saka dedukaning Allah.
اَنْ دَعَوْا لِلرَّحْمٰنِ وَلَدًا ۚ٩١
An da‘au lir-raḥmāni waladā(n).
[91]
AMarga dheweke padha ngarani menawa Pangeran kang Maha murah iku peputra.
وَمَا يَنْۢبَغِيْ لِلرَّحْمٰنِ اَنْ يَّتَّخِذَ وَلَدًا ۗ٩٢
Wa mā yambagī lir-raḥmāni ay yattakhiża waladā(n).
[92]
Ora pantes babar pisan menawa pangeran kang maha welas iku mundhut putra.
اِنْ كُلُّ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ اِلَّآ اٰتِى الرَّحْمٰنِ عَبْدًا ۗ٩٣
In kullu man fis-samāwāti wal-arḍi illā ātir-raḥmāni ‘abdā(n).
[93]
Ora ana barang kang kumelit ana ing langit lan bumi, kajaba padha siwan marang ngarsaning Pangeran kang maha welas nganti temen - temen ngaku anggone dadi kawula.
لَقَدْ اَحْصٰىهُمْ وَعَدَّهُمْ عَدًّا ۗ٩٤
Laqad aḥṣāhum wa ‘addahum ‘addā(n).
[94]
Saktemene panjenengane wis nguningani cacahe manungsa kabeh, sarta wis ngetung marang siji - sijine wong sarta ala becike.
وَكُلُّهُمْ اٰتِيْهِ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فَرْدًا٩٥
Wa kulluhum ātīhi yaumal-qiyāmati fardā(n).
[95]
Mbesuk ing dina Qiyamat kabeh wong padha sowan marang ngarsaning Allah ijen tanpa bandha tanpa anak tanpa kanca.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ سَيَجْعَلُ لَهُمُ الرَّحْمٰنُ وُدًّا٩٦
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti sayaj‘alu lahumur-raḥmānu wuddā(n).
[96]
(Pangandikaning Allah) saktemene wong - wong kang padha iman lan nindakake kebecikan yekti pangeran kang Maha welas bakal andadekake wong - wong mau kang kinasih.
فَاِنَّمَا يَسَّرْنٰهُ بِلِسَانِكَ لِتُبَشِّرَ بِهِ الْمُتَّقِيْنَ وَتُنْذِرَ بِهٖ قَوْمًا لُّدًّا٩٧
Fa innamā yassarnāhu bilisānika litubasysyira bihil-muttaqīna wa tunżira bihī qaumal luddā(n).
[97]
Saktemene ingsun wis gampangake kitab al-Qur'an iki kawoca dening lisanira, supaya sira bebungah marang won g- wong kang taqwa kanthi kitab al-Qur'an marang wong - wong kang banget anggone madoni iya kanthi al-Qur'an iki.
وَكَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنْ قَرْنٍۗ هَلْ تُحِسُّ مِنْهُمْ مِّنْ اَحَدٍ اَوْ تَسْمَعُ لَهُمْ رِكْزًا ࣖ٩٨
Wa kam ahlaknā qablahum min qarn(in), hal tuḥissu minhum min aḥadin au tasma‘u lahum rikzā(n).
[98]
Lan wis pira kehe anggoningsun ngrusak kaum - kaum sakdurungira saka umat - umat kang kepungkur. Apa sira isih nemu salah sijining wong - wong mau, utawa apa sira krungu suwara lamat - lamat sakwise dirusak, wong - wong mau?