Surah Al-Kahf
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ عَلٰى عَبْدِهِ الْكِتٰبَ وَلَمْ يَجْعَلْ لَّهٗ عِوَجًا ۜ١
Al-ḥamdu lillāhil-lażī anzala ‘alā ‘abdihil-kitāba wa lam yaj‘al lahū ‘iwajā(n).
[1]
Kabeh puji pangalembana konjuk marang Allah kang wis nurunake Al-Quran marang kawulane (Muhammad) lan ing kono ora ndamel perkara kang nalisir (utawa suara kang cengah).
قَيِّمًا لِّيُنْذِرَ بَأْسًا شَدِيْدًا مِّنْ لَّدُنْهُ وَيُبَشِّرَ الْمُؤْمِنِيْنَ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصّٰلِحٰتِ اَنَّ لَهُمْ اَجْرًا حَسَنًاۙ٢
Qayyimal liyunżira ba'san syadīdam mil ladunhu wa yubasysyiral-mu'minīnal-lażīna ya‘malūnaṣ-ṣāliḥāti anna lahum ajran ḥasanā(n).
[2]
Hukuming al-Quran iku ngadili jejeg, kanggo memedeni (marang wong - wong kafir) siksa kang banget larane saka ngarsane pangeran sarta kanggo mbebungah marang wong - wong Mukmin kang padha tumindak becik, yen satemen dheweke padha duwe ganjarn kang becik.
مّٰكِثِيْنَ فِيْهِ اَبَدًاۙ٣
Mākiṡīna fīhi abadā(n).
[3]
Dheweke iku padha tetep ana ing ganjaran iku selawase.
وَّيُنْذِرَ الَّذِيْنَ قَالُوا اتَّخَذَ اللّٰهُ وَلَدًاۖ٤
Wa yunżiral-lażīna qāluttakhażallāhu waladā(n).
[4]
Lan kanggo memedheni klawan siksa marang wong kang pada ngucap: "Allah iku peputra".
مَّا لَهُمْ بِهٖ مِنْ عِلْمٍ وَّلَا لِاٰبَاۤىِٕهِمْۗ كَبُرَتْ كَلِمَةً تَخْرُجُ مِنْ اَفْوَاهِهِمْۗ اِنْ يَّقُوْلُوْنَ اِلَّا كَذِبًا٥
Mā lahum bihī min ‘ilmiw wa lā li'ābā'ihim, kaburat kalimatan takhruju min afwāhihim, iy yaqūlūna illā każibā(n).
[5]
Wong - wong kafir mau sarta para leluhure biyen, anggotane padha ngucap mengkono iku tetep tanpa kaweruh (ora adhedhasar pengertian sethithik -thitika). Gedhe temen keluputane wong kafir mau anggone kawetu saka lisane ngucap menawa Allah iku apeputra. Anggone ngucap mengono mau, ora liya muga goroh.
فَلَعَلَّكَ بَاخِعٌ نَّفْسَكَ عَلٰٓى اٰثَارِهِمْ اِنْ لَّمْ يُؤْمِنُوْا بِهٰذَا الْحَدِيْثِ اَسَفًا٦
Fa la‘allaka bākhi‘un nafsaka ‘alā āṡārihim illam yu'minū bihāżal-ḥadīṡi asafā(n).
[6]
Bokmenawa sira (Muhammad) ngrusak awakira dhewe, jalaran sira sedih anggetuni yen wong - wong mau ora padha gelem percaya marang (cerita) kang kasebut ing dalem al-Quran iku.
اِنَّا جَعَلْنَا مَا عَلَى الْاَرْضِ زِيْنَةً لَّهَا لِنَبْلُوَهُمْ اَيُّهُمْ اَحْسَنُ عَمَلًا٧
Innā ja‘alnā mā ‘alal-arḍi zīnatal lahā linabluwahum ayyuhum aḥsanu ‘amalā(n).
[7]
Satemene Ingsun nitahake barang kang ana ing bumi minangka kanggo nyoba marang wong - wong mau, endi lan sapa ing antarane dheweke kang luwih becik tindakane.
وَاِنَّا لَجٰعِلُوْنَ مَا عَلَيْهَا صَعِيْدًا جُرُزًاۗ٨
Wa innā lajā‘ilūna mā ‘alaihā ṣa‘īdan juruzā(n).
[8]
Lan satemen Ingsun kang bakal andamel rerenggan kang ana ing bumi mau dadi lemah kang rata ora ana thethukulane.
اَمْ حَسِبْتَ اَنَّ اَصْحٰبَ الْكَهْفِ وَالرَّقِيْمِ كَانُوْا مِنْ اٰيٰتِنَا عَجَبًا٩
Am ḥasibta anna aṣḥābal-kahfi war-raqīmi kānū min āyātinā ‘ajabā(n).
[9]
He Muhammad, apa sira ngira menawa Ashabul-Kahfi (kang ana ing guwa) lan kang duwe raqiem (ukiran catetan) iku sawenehe tanda yektiningsun kang nggumunake?1
اِذْ اَوَى الْفِتْيَةُ اِلَى الْكَهْفِ فَقَالُوْا رَبَّنَآ اٰتِنَا مِنْ لَّدُنْكَ رَحْمَةً وَّهَيِّئْ لَنَا مِنْ اَمْرِنَا رَشَدًا١٠
Iż awal-fityatu ilal-kahfi fa qālū rabbanā ātinā mil ladunka raḥmataw wa hayyi' lanā min amrinā rasyadā(n).
[10]
(Muhammad) sira nyritakna lelakone Ashabul Kahfi mengkene: "Nalika para nonoman iku padha ndelik ana ing guwa dheweke padha nyingkiri pada dipeksa nyembah brahala dening ratune, dheweke padha dedonga: 'Dhuh Pangeran kawula, mugi Panjenengan paring rahmat dhateng kawula saking ngarsa Panjenengan saha mugi Panjenengan damel sae urusan kawula, ingkang njalari kawula angsal Pitedah'".
فَضَرَبْنَا عَلٰٓى اٰذَانِهِمْ فِى الْكَهْفِ سِنِيْنَ عَدَدًاۙ١١
Faḍarabnā ‘alā āżānihim fil-kahfi sinīna ‘adadā(n).
[11]
WOng - wong mau banjur Ingsun turokake ana ing guwa (Kahfi) pirang - pirang tahun lawase.
ثُمَّ بَعَثْنٰهُمْ لِنَعْلَمَ اَيُّ الْحِزْبَيْنِ اَحْصٰى لِمَا لَبِثُوْٓا اَمَدًا ࣖ١٢
Ṡumma ba‘aṡnāhum lina‘lama ayyul-ḥizbaini aḥṣā limā labiṡū amadā(n).
[12]
Banjur padha Ingsun tangekake supaya Ingsun nguningani klawan gumelar, endi lan sapa kang luwih mangerti suwening mangsa manggon ana ing guwa saka antarane rong golongan kang padudon ing perkara bab iku.
نَحْنُ نَقُصُّ عَلَيْكَ نَبَاَهُمْ بِالْحَقِّۗ اِنَّهُمْ فِتْيَةٌ اٰمَنُوْا بِرَبِّهِمْ وَزِدْنٰهُمْ هُدًىۖ١٣
Naḥnu naquṣṣu ‘alaika naba'ahum bil-ḥaqq(i), innahum fityatun āmanū birabbihim wa zidnāhum hudā(n).
[13]
Ingsun nyeritakake marang sira Muhammad, cerita lelakone Ashabul Kahfi klawan sakbenere. satemen Ashabul Kahfi iku wong - wong (wong wolu klebu asune) kang percaya marang Allah Pangeran, lan wong - wong mau Ingsun wuwuhi pituduh bener.
وَّرَبَطْنَا عَلٰى قُلُوْبِهِمْ اِذْ قَامُوْا فَقَالُوْا رَبُّنَا رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ لَنْ نَّدْعُوَا۟ مِنْ دُوْنِهٖٓ اِلٰهًا لَّقَدْ قُلْنَآ اِذًا شَطَطًا١٤
Wa rabaṭnā ‘alā qulūbihim iż qāmū fa qālū rabbunā rabbus-samāwāti wal-arḍi lan nad‘uwa min dūnihī ilāhal laqad qulnā iżan syaṭaṭā(n).
[14]
Lan Ingsun ngukuhake (nguwatake) atine para Ashabul Kahfi anggone padha mantep ngrungkepi bener, nalika padha didangu ana ngarepe Ratune (kang aran: Dzaqiyanus), ature: "Pangeran kawula punika Allah Pangeranipun langit lan bumi. Kawula boten manembah Pangeran sanesipun Gusti Allah. (Upami kula ngakeni wintenipun Pangeran sanesipun Allah) yektos kula sampun ngucapaken gegorohan dhateng Allah".
هٰٓؤُلَاۤءِ قَوْمُنَا اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اٰلِهَةًۗ لَوْلَا يَأْتُوْنَ عَلَيْهِمْ بِسُلْطٰنٍۢ بَيِّنٍۗ فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًاۗ١٥
Hā'ulā'i qaumunattakhażū min dūnihī ālihah(tan), lau lā ya'tūna ‘alaihim bisulṭānim bayyin(in), faman aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każibā(n).
[15]
Para sedherek kula punika sami manembah Pangeran sanesipun Allah. Kenging punapa teka sami boten saged ngawontenaken tandha yekti ingkang terang lan gamblang. Kawuningan boten wonten tiyang ingkang langkung nganiaya (durhaka) tinimbang tiyang ingkang wicanten dora damel - damel, mastani menawi Allah punika wonten ingkang nyameni.
وَاِذِ اعْتَزَلْتُمُوْهُمْ وَمَا يَعْبُدُوْنَ اِلَّا اللّٰهَ فَأْوٗٓا اِلَى الْكَهْفِ يَنْشُرْ لَكُمْ رَبُّكُمْ مِّنْ رَّحْمَتِهٖ وَيُهَيِّئْ لَكُمْ مِّنْ اَمْرِكُمْ مِّرْفَقًا١٦
Wa iżi‘tazaltumūhum wa mā ya‘budūna illallāha fa'wū ilal-kahfi yansyur lakum rabbukum mir raḥmatihī wa yuhayyi' lakum min amrikum mirfaqā(n).
[16]
(Bareng wis padha mundur saka ngarsane sang nata, Ashabul Kahfi banjur padha caturan siji lan sijine): "Lan menawa sira wis oncat ninggalake wong - wong kafir mau dalah sesembahan saliyane Allah, prayogane ayo padha ngungsi lan dhelik marang guwa bae, ana ing kono Allah Pangeran mesti maringi rejeki marang kowe, lan paring gampang tekani samubarang kang mikolehi marang kowe"
۞ وَتَرَى الشَّمْسَ اِذَا طَلَعَتْ تَّزٰوَرُ عَنْ كَهْفِهِمْ ذَاتَ الْيَمِيْنِ وَاِذَا غَرَبَتْ تَّقْرِضُهُمْ ذَاتَ الشِّمَالِ وَهُمْ فِيْ فَجْوَةٍ مِّنْهُۗ ذٰلِكَ مِنْ اٰيٰتِ اللّٰهِ ۗمَنْ يَّهْدِ اللّٰهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِ وَمَنْ يُّضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهٗ وَلِيًّا مُّرْشِدًا ࣖ١٧
Wa tarasy-syamsa iżā ṭala‘at tazāwaru ‘an kahfihim żātal-yamīni wa iżā garabat taqriḍuhum żātasy-syimāli wa hum fī fajwatim minh(u), żālika min āyātillāh(i), may yahdillāhu fa huwal-muhtadi wa may yuḍlil falan tajida lahū waliyyam mursyidā(n).
[17]
Lan sira sumurup srengenge menawa mlethek, miring saka guwane ing sisih tengen, lan menawa surup ninggalake wong - wong mau ing sisih kiwa (isuk sore ora kesorotan srengenge). Ing mangka wong - wong mau ana ing panggonan kang amba. kang mengkono iku sanehe tandha yekti kekuwasaaning Allah. Sing sapa diparingi pitedah dening Allah, yekti dheweke iku pikantuk pitedah, lan sing sapa disasarake, yekti sira ora bisa pikantuk pitulung kang paring pitedah.
وَتَحْسَبُهُمْ اَيْقَاظًا وَّهُمْ رُقُوْدٌ ۖوَّنُقَلِّبُهُمْ ذَاتَ الْيَمِيْنِ وَذَاتَ الشِّمَالِ ۖوَكَلْبُهُمْ بَاسِطٌ ذِرَاعَيْهِ بِالْوَصِيْدِۗ لَوِ اطَّلَعْتَ عَلَيْهِمْ لَوَلَّيْتَ مِنْهُمْ فِرَارًا وَّلَمُلِئْتَ مِنْهُمْ رُعْبًا١٨
Wa taḥsabuhum aiqāẓaw wa hum ruqūd(un), wa nuqallibuhum żātal-yamīni wa żātasy-syimāl(i), wa kalbuhum bāsiṭun żirā‘aihi bil-waṣīd(i), lawiṭṭala‘ta ‘alaihim lawallaita minhum firāraw wa lamuli'ta minhum ru‘bā(n).
[18]
Lan sira ngira, yen Ashabul Kahfi mau padha melek, nanging sejatinye dheweke iku padha turu, lan maneh (ing dalem setahun sepisan) Ashabul Kahfi mau padha Ingsun walik (gelebak--ake) alihan ngiwa lan nengen, dene asune ngegarake tangane ana ing sangarape guwa. Upama sira ndeleng wong - wong Ashabul Kahfi mau, sira yekti padha giris lumayulan yekti sira wedi temenan marang dheweke.
وَكَذٰلِكَ بَعَثْنٰهُمْ لِيَتَسَاۤءَلُوْا بَيْنَهُمْۗ قَالَ قَاۤىِٕلٌ مِّنْهُمْ كَمْ لَبِثْتُمْۗ قَالُوْا لَبِثْنَا يَوْمًا اَوْ بَعْضَ يَوْمٍۗ قَالُوْا رَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِمَا لَبِثْتُمْۗ فَابْعَثُوْٓا اَحَدَكُمْ بِوَرِقِكُمْ هٰذِهٖٓ اِلَى الْمَدِيْنَةِ فَلْيَنْظُرْ اَيُّهَآ اَزْكٰى طَعَامًا فَلْيَأْتِكُمْ بِرِزْقٍ مِّنْهُ وَلْيَتَلَطَّفْ وَلَا يُشْعِرَنَّ بِكُمْ اَحَدًا١٩
Wa każālika ba‘aṡnāhum liyatasā'alū bainahum, qāla qā'ilum minhum kam labiṡtum, qālū labiṡnā yauman au ba‘ḍa yaum(in), qālū rabbukum a‘lamu bimā labiṡtum, fab‘aṡū aḥadakum biwariqikum hāżihī ilal-madīnati falyanẓur ayyuhā azkā ṭa‘āman falya'tikum birizqim minhu walyatalaṭṭaf wa lā yusy‘iranna bikum aḥadā(n).
[19]
Lan kaya mengkono uga sawise Ingsun nurokake para Ashabul Kahfi, banjur Ingsun tangekake, supaya padha tekon tinakon marang kancane. Saweneh para Ashabul Kahfi mau sawise pada tangi banjur ana kang takon marang kancane, "Sapira suwne sira manggon ana ing guwa iki?", wangsulane sing ditakoni, "Aku manggon ana ing kene sedina utawa setengah dina". Wusanawong - wong mau padha mufakat ngucap, "Pangeranira kang luwih ngudaneni sapira suwene sira manggon ana ing kene". Saiki sira kongkona salah sawijining kancanira anggawa dhuwit salaka menyeng kutho golek pangan endi kang luwih resik, nuli dheweke gawa rejeki marang sira saka panggonan mau, lan dheweke ana ing dalan sarta ing negara mau, kudu andhap asor, lan poma dipoma aja ana wongkang mengerti ing sira.
اِنَّهُمْ اِنْ يَّظْهَرُوْا عَلَيْكُمْ يَرْجُمُوْكُمْ اَوْ يُعِيْدُوْكُمْ فِيْ مِلَّتِهِمْ وَلَنْ تُفْلِحُوْٓا اِذًا اَبَدًا٢٠
Innahum iy yaẓharū ‘alaikum yarjumūkum au yu‘īdūkum fī millatihim wa lan tufliḥū iżan abadā(n).
[20]
Jalaran yen dheweke nganti padha weruh ing sira, yekti sira bakal diranjam utawa mbalekake sira marang agamane. Dene menawa sira kongsi bali marang agamane (kafi), yekti selawase sira ora bakal pikantuk kabegjan.
وَكَذٰلِكَ اَعْثَرْنَا عَلَيْهِمْ لِيَعْلَمُوْٓا اَنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّاَنَّ السَّاعَةَ لَا رَيْبَ فِيْهَاۚ اِذْ يَتَنَازَعُوْنَ بَيْنَهُمْ اَمْرَهُمْ فَقَالُوا ابْنُوْا عَلَيْهِمْ بُنْيَانًاۗ رَبُّهُمْ اَعْلَمُ بِهِمْۗ قَالَ الَّذِيْنَ غَلَبُوْا عَلٰٓى اَمْرِهِمْ لَنَتَّخِذَنَّ عَلَيْهِمْ مَّسْجِدًا٢١
Wa każālika a‘ṡarnā ‘alaihim liya‘lamū anna wa‘dallāhi ḥaqquw wa annas-sā‘ata lā raiba fīhā, iż yatanāza‘ūna bainahum amrahum fa qālubnū ‘alaihim bun-yānā(n), rabbuhum a‘lamu bihim, qālal-lażīna galabū ‘alā amrihim lanattakhiżanna ‘alaihim masjidā(n).
[21]
Mengkono uga Ingsun ngatonake kahanane wong - wong Ashabul Kahfi iku marang wong - wong mau, supaya wongkang padha durung percaya bakal tangine wong mati ing dina Qiyamat, pada sumurup yen tangine wong mati ing dina qiyamat kang wis didawuhake dening Allah iku ing tembe bakal kaleksanan, apa dene tekane dina Qiyamat iku wis ora perlu dimamang-mamangi maneh mesthi bakal kelakone. Nalika semana wong - wong ing mau lagi rame padha pasulayan perkara kang bakal tangine wong kang wis mati, banjur katungka pasulayan bab kahanane Ashabul Kahfi. Bareng ora bisa rampung dening panemuning wong - wong akeh banjur padha ngucap, "Sira padha ngedhegna gedung ana ing lawanging guwa. Pangerane wong - wong mau (Ashabul Kahfi) luwih ngudaneni kahanane dheweke". Wong - wong kang padha ngalahake perkarane padha ngucap, "Yekti ing lawange guwa iku tak bangun Masjid".
سَيَقُوْلُوْنَ ثَلٰثَةٌ رَّابِعُهُمْ كَلْبُهُمْۚ وَيَقُوْلُوْنَ خَمْسَةٌ سَادِسُهُمْ كَلْبُهُمْ رَجْمًاۢ بِالْغَيْبِۚ وَيَقُوْلُوْنَ سَبْعَةٌ وَّثَامِنُهُمْ كَلْبُهُمْ ۗقُلْ رَّبِّيْٓ اَعْلَمُ بِعِدَّتِهِمْ مَّا يَعْلَمُهُمْ اِلَّا قَلِيْلٌ ەۗ فَلَا تُمَارِ فِيْهِمْ اِلَّا مِرَاۤءً ظَاهِرًا ۖوَّلَا تَسْتَفْتِ فِيْهِمْ مِّنْهُمْ اَحَدًا ࣖ٢٢
Sayaqūlūna ṡalāṡatur rābi‘uhum kalbuhum, wa yaqūlūna khamsatun sādisuhum kalbuhum rajmam bil-gaib(i), wa yaqūlūna sab‘atuw wa ṡāminuhum kalbuhum, qur rabbī a‘lamu bi‘iddatihim mā ya‘lamuhum illā qalīl(un), falā tumāri fīhim illā mirā'an ẓāhirā(n), wa lā tastafti fīhim minhum aḥadā(n).
[22]
Sawenehe wong - wong kang pada padudon (wong - wong Nasrani ing jamane Nabi Muhammad) mau bakal ngucap, "Hai Ashabul Kahfi iku telu, papat sak asune". sawenehe meneh pada ngucap, "lima, enem sak asune". Pangucape mau mung kira - kira. Sawenehe maneh ana pangucap, "Pitu, wolu sak asune". (Muhammad) dhawuha, "Pangeraningsun sing luwih uninga cacahe ora ana kang sumurup cacahe kang sak benere kajaba mung setitik". Jalaran saksiku, poma dipoma sira kabeh aja pada padudon perkara akehe Ashabul Kahfi, kejaba perka kang ceta katon (keterangan saka al-Quran) lan poma dipoma sira aja pitakon salah sijining wong - wong mau saka cacahe Ashabul Kahfi.
وَلَا تَقُوْلَنَّ لِشَا۟يْءٍ اِنِّيْ فَاعِلٌ ذٰلِكَ غَدًاۙ٢٣
Wa lā taqūlanna lisyai'in innī fā‘ilun żālika gadā(n).
[23]
Lan poma dipoma sira (Muhammad) sak wise neja nglakoni sawijining perkara aja ngucap, "Sak temene ingsun arep nindakake perkara iku sesuk".
اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ ۖوَاذْكُرْ رَّبَّكَ اِذَا نَسِيْتَ وَقُلْ عَسٰٓى اَنْ يَّهْدِيَنِ رَبِّيْ لِاَقْرَبَ مِنْ هٰذَا رَشَدًا٢٤
Illā ay yasyā'allāh(u), ważkur rabbaka iżā nasīta wa qul ‘asā ay yahdiyani rabbī li'aqraba min hāżā rasyadā(n).
[24]
Kejaba nyebuta, "InsyaaAlah" (menawi dipun parengaken dening Allah). Lan menawa sira lali ilinga marang Pangeran ira sarta ngucapa, "Muga - muga Pangeran ingsun nudhake masang ilmu kang luwih cerak kebenarane tinimbang iki".
وَلَبِثُوْا فِيْ كَهْفِهِمْ ثَلٰثَ مِائَةٍ سِنِيْنَ وَازْدَادُوْا تِسْعًا٢٥
Wa labiṡū fī kahfihim ṡalāṡa mi'atin sinīna wazdādū tis‘ā(n).
[25]
Lan wong - wong Ashabul Kahfi mau manggon ing guwane lawase 300 tahun ditambah 9 tahun.
قُلِ اللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا لَبِثُوْا ۚ لَهٗ غَيْبُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اَبْصِرْ بِهٖ وَاَسْمِعْۗ مَا لَهُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ مِنْ وَّلِيٍّۗ وَلَا يُشْرِكُ فِيْ حُكْمِهٖٓ اَحَدًا٢٦
Qulillāhu a‘lamu bimā labiṡū, lahū gaibus-samāwāti wal-arḍ(i), abṣir bihī wa asmi‘, mā lahum min dūnihī miw waliyy(in), wa lā yusyriku fī ḥukmihī aḥadā(n).
[26]
(Muhammad) dawuha, "Allah iku kang luwih muningani suwene anggone padah manggon lan turu ana ing guwa. Kahanane bumi lan langit sak isine serta barang kang ghaib iku kabeh kagungane Allah. Allah iku iba sampurnane anggone mirsani barang kang maujud utawa midangetake barang kang kapireng. Wong - wong mau ora pada duwe penulung sak liyane Allah, lan ora ana siji-sijia kang nyekutoni panjenengane ana ing hukum ghaib".
وَاتْلُ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنْ كِتَابِ رَبِّكَۗ لَا مُبَدِّلَ لِكَلِمٰتِهٖۗ وَلَنْ تَجِدَ مِنْ دُوْنِهٖ مُلْتَحَدًا٢٧
Watlu mā ūḥiya ilaika min kitābi rabbik(a), lā mubaddila likalimātih(ī), wa lan tajida min dūnihī multaḥadā(n).
[27]
(Muhammad) sira maca al-Quran kitabe Allah Pangeran ira kang wis kawahyokake marang sira (sarta ngistokna surasane). Ora ana wong siji-sijia kang bisa ngowahi kalimat-kalimahe Allah (al-Quran) lan sira ora bakal oleh panggonan pangungsen marang sakliyane panjenengane Allah.
وَاصْبِرْ نَفْسَكَ مَعَ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَدٰوةِ وَالْعَشِيِّ يُرِيْدُوْنَ وَجْهَهٗ وَلَا تَعْدُ عَيْنٰكَ عَنْهُمْۚ تُرِيْدُ زِيْنَةَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۚ وَلَا تُطِعْ مَنْ اَغْفَلْنَا قَلْبَهٗ عَنْ ذِكْرِنَا وَاتَّبَعَ هَوٰىهُ وَكَانَ اَمْرُهٗ فُرُطًا٢٨
Waṣbir nafsaka ma‘al-lażīna yad‘ūna rabbahum bil-gadāti wal-‘asyiyyi yurīdūna wajhahū wa lā ta‘du ‘aināka ‘anhum, turīdu zīnatal-ḥayātid-dun-yā, wa lā tuṭi‘ man agfalnā qalbahū ‘an żikrinā wattaba‘a hawāhu wa kāna amruhū furuṭā(n).
[28]
(Muhammad) disabar atinira bebarengan karo wong - wong kang nindakake ngibadah (nyenyuwun) marang pangerane ing wayah esuk lan sore mung mligi ngarep - arep karidlaning pangerane. Lan sira aja mlengosake paningalira saka wong - wong mau jalaran sira ngarepake kaendahaning panguripan donya, lan poma dipoma sira aja manut marang wong kang ingsun lalekake atine saka iling marang ingsun lan deweke manut hawa nafsune, sumurupa wong kang mengkono mau kabeh perkarane bakal ilang tanpa guna.
وَقُلِ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكُمْۗ فَمَنْ شَاۤءَ فَلْيُؤْمِنْ وَّمَنْ شَاۤءَ فَلْيَكْفُرْۚ اِنَّآ اَعْتَدْنَا لِلظّٰلِمِيْنَ نَارًاۙ اَحَاطَ بِهِمْ سُرَادِقُهَاۗ وَاِنْ يَّسْتَغِيْثُوْا يُغَاثُوْا بِمَاۤءٍ كَالْمُهْلِ يَشْوِى الْوُجُوْهَۗ بِئْسَ الشَّرَابُۗ وَسَاۤءَتْ مُرْتَفَقًا٢٩
Wa qulil-ḥaqqu mir rabbikum, faman syā'a falyu'miw wa man syā'a falyakfur, innā a‘tadnā liẓ-ẓālimīna nārā(n), aḥāṭa bihim surādiquhā, wa iy yastagīṡū yugāṡū bimā'in kal-muhli yasywil-wujūh(a), bi'sasy-syarāb(u), wa sā'at murtafaqā(n).
[29]
(Muhammad) dawuha: "Perkara kang bener (Quran) iku terang saka Pangeranira. Sing sapa arep percaya iya becik percayaa dene sing arep kufur iya kufura". Neraka tumrap wong kang padha nganiaya, kang pagere ngliputi wong - wong mau, Lan menawa dheweke njaluk tulung jalaran banget ngelake, nganggo banyu kang kang kentel (jer-jeran timah) kang anggosongake rai. Ala - alane omben - omben lan ala - alane panggonan.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ اِنَّا لَا نُضِيْعُ اَجْرَ مَنْ اَحْسَنَ عَمَلًاۚ٣٠
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti innā lā nuḍī‘u ajra man aḥsana ‘amalā(n).
[30]
Sak temene wong - wong kang padha iman sarta nindakake kebecikan, yekti Ingsun ora ngilang- ngilangake ganjaran wong kang luwih becik amale.
اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ جَنّٰتُ عَدْنٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهِمُ الْاَنْهٰرُ يُحَلَّوْنَ فِيْهَا مِنْ اَسَاوِرَ مِنْ ذَهَبٍ وَّيَلْبَسُوْنَ ثِيَابًا خُضْرًا مِّنْ سُنْدُسٍ وَّاِسْتَبْرَقٍ مُّتَّكِـِٕيْنَ فِيْهَا عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِۗ نِعْمَ الثَّوَابُۗ وَحَسُنَتْ مُرْتَفَقًا ࣖ٣١
Ulā'ika lahum jannātu ‘adnin tajrī min taḥtihimul-anhāru yuḥallauna fīhā min asāwira min żahabiw wa yalbasūna ṡiyāban khuḍram min sundusiw wa istabraqim muttaki'īna fīhā ‘alal-arā'ik(i), ni‘maṡ-ṡawāb(u), wa ḥasunat murtafaqā(n).
[31]
Wong - wong iku padha anduweni swarga 'Adnin panggonan tetep sak lawase kang sak ngisore wong - wong mau ana bengawane mili. Ana ing kono dheweke padha nggon - nggoni gelang saka mas lan nganggo sandangan kang ijo saka sutra tipis lan kandel, dheweke pada seneng - seneng lelayangan ana ing kantil. Swarga iku becik - becike ganjaran lan becik - becike panggonane.
۞ وَاضْرِبْ لَهُمْ مَّثَلًا رَّجُلَيْنِ جَعَلْنَا لِاَحَدِهِمَا جَنَّتَيْنِ مِنْ اَعْنَابٍ وَّحَفَفْنٰهُمَا بِنَخْلٍ وَّجَعَلْنَا بَيْنَهُمَا زَرْعًاۗ٣٢
Waḍrib lahum maṡalar rajulaini ja‘alnā li'aḥadihimā jannataini min a‘nābiw wa ḥafafnāhumā binakhliw wa ja‘alnā bainahumā zar‘ā(n).
[32]
(Muhammad) sira nerangana marang wong - wong mau (kang mukmin lan kang kafir) sanepane wong lanang loro (kang siji kafir kang siji mukmin). Kang siji (kang kafir) ingsun paringi kebon anggur loro, kebon loro mau Ingsun ubengi wit kurma, sarta Ingsun wis andadekake sawah ana ing antarane kebon loro mau.
كِلْتَا الْجَنَّتَيْنِ اٰتَتْ اُكُلَهَا وَلَمْ تَظْلِمْ مِّنْهُ شَيْـًٔاۙ وَّفَجَّرْنَا خِلٰلَهُمَا نَهَرًاۙ٣٣
Kiltal-jannataini ātat ukulahā wa lam taẓlim minhu syai'ā(n), wa fajjarnā khilālahumā naharā(n).
[33]
Kebon loro iku saben tahun ngetokake woh - wohane ora kurang sak wiji apa, lan Ingsun ngilekake bengawan ana ing sela - selane kebon loro mau.
وَّكَانَ لَهٗ ثَمَرٌۚ فَقَالَ لِصَاحِبِهٖ وَهُوَ يُحَاوِرُهٗٓ اَنَا۠ اَكْثَرُ مِنْكَ مَالًا وَّاَعَزُّ نَفَرًا٣٤
Wa kāna lahū ṡamar(un), fa qāla liṣāḥibihī wa huwa yuḥāwiruhū ana akṡaru minka mālaw wa a‘azzu nafarā(n).
[34]
Lan anduweni mane uwoh (bandha) liyane. Dheweke banjur ngucap marang sedulure (kang mukmin) rerasanan, ngandelake anggone sugih: "Aku luwih akeh bandhane lan luwih gagah pembantune tinimbang sira."
وَدَخَلَ جَنَّتَهٗ وَهُوَ ظَالِمٌ لِّنَفْسِهٖۚ قَالَ مَآ اَظُنُّ اَنْ تَبِيْدَ هٰذِهٖٓ اَبَدًاۙ٣٥
Wa dakhala jannatahū wa huwa ẓālimul linafsih(ī), qāla mā aẓunnu an tabīda hāżihī abadā(n).
[35]
Lan dheweke banjur ngajak sedulure lumebu ngubengi kebone sarta dheweke gumedhe nganiaya awake dhewe (kanthi sifat kafir), pangucape: "Dak kira kebon iku ora bakal rusak salawase."
وَّمَآ اَظُنُّ السَّاعَةَ قَاۤىِٕمَةً وَّلَىِٕنْ رُّدِدْتُّ اِلٰى رَبِّيْ لَاَجِدَنَّ خَيْرًا مِّنْهَا مُنْقَلَبًا٣٦
Wa mā aẓunnus-sā‘ata qā'imataw wa la'ir rudittu ilā rabbī la'ajidanna khairam minhā munqalabā(n).
[36]
"Lan aku ora duwe pengira yen dina Qiyamat bakal kelakon, lan yakin menawa aku dibalekake sowan marang ngarsane Pangeranku (kaya pengiramu iku). Yekti aku bakal pikantuk panggonan bali kang luwih becik tinimbang kebon iki".
قَالَ لَهٗ صَاحِبُهٗ وَهُوَ يُحَاوِرُهٗٓ اَكَفَرْتَ بِالَّذِيْ خَلَقَكَ مِنْ تُرَابٍ ثُمَّ مِنْ نُّطْفَةٍ ثُمَّ سَوّٰىكَ رَجُلًاۗ٣٧
Qāla lahū ṣāḥibuhū wa huwa yuḥāwiruhū akafarta bil-lażī khalaqaka min turābin ṡumma min nuṭfatin ṡumma sawwāka rajulā(n).
[37]
Sadulure kang mukmin ngucap marang dheweke, ambantah, "ya gene kowe teko kafir, maido marang Pangeran kang wis nitahake ing sira kadadeyan saka lemah, sabanjure kedadeyan saka mani, nuli Panjengenane Allah nyampurnakake sira wujud wong lanang?"
لٰكِنَّا۠ هُوَ اللّٰهُ رَبِّيْ وَلَآ اُشْرِكُ بِرَبِّيْٓ اَحَدًا٣٨
Lākinna huwallāhu rabbī wa lā usyriku birabbī aḥadā(n).
[38]
"Nanging yen aku, ngakoni menawa Panjenengane Allah iku Pangeranku, sarta aku ora nyekuthokake sawiji - wiji marang Pangeranku".
وَلَوْلَآ اِذْ دَخَلْتَ جَنَّتَكَ قُلْتَ مَا شَاۤءَ اللّٰهُ ۙ لَا قُوَّةَ اِلَّا بِاللّٰهِ ۚاِنْ تَرَنِ اَنَا۠ اَقَلَّ مِنْكَ مَالًا وَّوَلَدًاۚ٣٩
Wa lau lā iż dakhalta jannataka qulta mā syā'allāh(u), lā quwwata illā billāh(i), in tarani ana aqalla minka mālaw wa waladā(n).
[39]
"Yagene naliko kowe mlebu ing palemahanmu (kebonmu), lan weruh yen aku iki kalah sugih bandha lan kalah sugih anak tinimbang kowe, kowe teka ora ngucap mengkene: "Kabegjanku kang semene iki saka kersane Allah, ora ana kekuwatan kajaba klawan pitulunganing Allah.""
فَعَسٰى رَبِّيْٓ اَنْ يُّؤْتِيَنِ خَيْرًا مِّنْ جَنَّتِكَ وَيُرْسِلَ عَلَيْهَا حُسْبَانًا مِّنَ السَّمَاۤءِ فَتُصْبِحَ صَعِيْدًا زَلَقًاۙ٤٠
Fa ‘asā rabbī ay yu'tiyani khairam min jannatika wa yursila ‘alaihā ḥusbānam minas-samā'i fa tuṣbiḥa ṣa‘īdan zalaqā(n).
[40]
Muga - muga wae Allah Pangeranku kersa maringi luwih becik tinimbang kebonira saiki, lan bisa uga Pangeran nurunake wewalak saka langit (kanggo ngrusak kebun iku), kebon iku banjur dadi gundhul, rata ora bisa thukul apa - apa.
اَوْ يُصْبِحَ مَاۤؤُهَا غَوْرًا فَلَنْ تَسْتَطِيْعَ لَهٗ طَلَبًا٤١
Au yuṣbiḥa mā'uhā gauran falan tastaṭī‘a lahū ṭalabā(n).
[41]
Utawa banyune kebon iku dadi asat, sira nuli ora bisa golek kanggo ngelebi kebonmu.
وَاُحِيْطَ بِثَمَرِهٖ فَاَصْبَحَ يُقَلِّبُ كَفَّيْهِ عَلٰى مَآ اَنْفَقَ فِيْهَا وَهِيَ خَاوِيَةٌ عَلٰى عُرُوْشِهَا وَيَقُوْلُ يٰلَيْتَنِيْ لَمْ اُشْرِكْ بِرَبِّيْٓ اَحَدًا٤٢
Wa uḥīṭa biṡamarihī fa aṣbaḥa yuqallibu kaffaihi ‘alā mā anfaqa fīhā wa hiya khāwiyatun ‘alā ‘urūsyihā wa yaqūlu yā laitanī lam usyrik birabbī aḥadā(n).
[42]
Lan kabeh woh - wohane sirna resik, dheweke banjur ngremet - ngremet tangane saka banget getune jalaran ora sethithik wragad kang diwetokake kanggo kebon iku, ing mangka kebon iku dadi rusak kabeh tratag-tratage, lan dheweke banjur ngucap. "Aduh, saupama aku ora nyekuthokake sawiji - wiji marang Pangeranku" (mesti ora ana kedadeyan kaya mengkene)
وَلَمْ تَكُنْ لَّهٗ فِئَةٌ يَّنْصُرُوْنَهٗ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَمَا كَانَ مُنْتَصِرًاۗ٤٣
Wa lam takul lahū fi'atuy yanṣurūnahū min dūnillāhi wa mā kāna muntaṣirā(n).
[43]
Ing kono wis kasep, ora ana golongan kang bisa nulungi marang dheweke kajaba mung Panjengenane Allah piyambak, dadi dheweke ora bisa pitulungan saka Allah.
هُنَالِكَ الْوَلَايَةُ لِلّٰهِ الْحَقِّۗ هُوَ خَيْرٌ ثَوَابًا وَّخَيْرٌ عُقْبًا ࣖ٤٤
Hunālikal-walāyatu lillāhil-ḥaqq(i), huwa khairun ṡawābaw wa khairun ‘uqbā(n).
[44]
Ana ing kahanan mengkono (dina Qiyamat) kekuasaan mung ana astane Allah Kang Haq. Panjengenane kang luwih becik piwalese (marang wong kang bekti) sarta luwih becik pungkasane.
وَاضْرِبْ لَهُمْ مَّثَلَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا كَمَاۤءٍ اَنْزَلْنٰهُ مِنَ السَّمَاۤءِ فَاخْتَلَطَ بِهٖ نَبَاتُ الْاَرْضِ فَاَصْبَحَ هَشِيْمًا تَذْرُوْهُ الرِّيٰحُ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ مُّقْتَدِرًا٤٥
Waḍrib lahum maṡalal-ḥayātid-dun-yā kamā'in anzalnāhu minas-samā'i fakhtalaṭa bihī nabātul-arḍi fa aṣbaḥa hasyīman tażrūhur-riyāḥ(u), wa kānallāhu ‘alā kulli syai'im muqtadirā(n).
[45]
(Muhammad) sira nerangna marang ummat ira, conto perumpamaan panguripan donya iku kaya dene banyu kang wis Ingsun turunake saka langit, kanthi anane banyu iku nuli metu tethukulan bumi kang campor karo saweneh liyane. Sawise ijo godhonge banjur dadi garing kabuncang angin. Dedane Allah iku kuwasa atas samu barang.
اَلْمَالُ وَالْبَنُوْنَ زِيْنَةُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۚ وَالْبٰقِيٰتُ الصّٰلِحٰتُ خَيْرٌ عِنْدَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَّخَيْرٌ اَمَلًا٤٦
Al-mālu wal-banūna zīnatul-ḥayātid-dun-yā, wal-bāqiyātuṣ-ṣāliḥātu khairun ‘inda rabbika ṡawābaw wa khairun amalā(n).
[46]
Bandha lan anak iku minangka dadi pepaes, panguripan donya, dene kabeh 'amal becik kang tetep, iku luwih becik piwalese mungguhing Pangeranira, lan becik kang diarep - arep dening manungsa.
وَيَوْمَ نُسَيِّرُ الْجِبَالَ وَتَرَى الْاَرْضَ بَارِزَةًۙ وَّحَشَرْنٰهُمْ فَلَمْ نُغَادِرْ مِنْهُمْ اَحَدًاۚ٤٧
Wa yauma nusayyirul-jibāla wa taral-arḍa bārizah(tan), wa ḥasyarnāhum falam nugādir minhum aḥadā(n).
[47]
(Muhammad) sira nyritakna ing dina Qiyamat, yaiku dinane Ingsun nglakokake gunung, lan sira bakal sumurp bumi iku gundhul (ora ana kekayone lan gununge, lan gedhong - gedhonge) sarta ana ing dina Qiyamat iku Ingsun ngumpulake kabeh titah ora ana siji - sijia wae kang Ingsun tinggalake.
وَعُرِضُوْا عَلٰى رَبِّكَ صَفًّاۗ لَقَدْ جِئْتُمُوْنَا كَمَا خَلَقْنٰكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍۢ ۖبَلْ زَعَمْتُمْ اَلَّنْ نَّجْعَلَ لَكُمْ مَّوْعِدًا٤٨
Wa ‘uriḍū ‘alā rabbika ṣaffā(n), laqad ji'tumūnā kamā khalaqnākum awwala marratim bal za‘amtum allan naj‘ala lakum mau‘idā(n).
[48]
Lan wong - wong mau padha disowanake marang Pangeranira kanthi baris lan jejer - jejer (lan bakal diputus perkarane pangandhikane), "He manungsa sayekti sira wus sowan marang ngarsaningsun kaya dene nalika Ingsun nitahake sira kabeh ing sekawit, (ora sandhang, ora anak, lan ora duwe apa - apa) malah menawa Ingsun ora gawe sawijine wektu perjanjian kanggo ngumpulake sira kabeh".
وَوُضِعَ الْكِتٰبُ فَتَرَى الْمُجْرِمِيْنَ مُشْفِقِيْنَ مِمَّا فِيْهِ وَيَقُوْلُوْنَ يٰوَيْلَتَنَا مَالِ هٰذَا الْكِتٰبِ لَا يُغَادِرُ صَغِيْرَةً وَّلَا كَبِيْرَةً اِلَّآ اَحْصٰىهَاۚ وَوَجَدُوْا مَا عَمِلُوْا حَاضِرًاۗ وَلَا يَظْلِمُ رَبُّكَ اَحَدًا ࣖ٤٩
Wa wuḍi‘al-kitābu fa taral-mujrimīna musyfiqīna mimmā fīhi wa yaqūlūna yā wailatanā mā lihāżal-kitābi lā yugādiru ṣagīrataw wa lā kabīratan illā aḥṣāhā, wa wajadū mā ‘amilū ḥaḍirā(n), wa lā yaẓlimu rabbuka aḥadā(n).
[49]
Lan sawise buku - buku catetan amal diadepake, temen sira sumurup wong - wong kang dosa pada wedi jalaran weruh catetan amale kang ala ana ing kitab iku, sarta dheweke pada ngucap, "Adhuh cilaka temen aku, ya gene catetan teka dosaku ora kang kliwatan, padha uga dosa gedhe utawa cilik padha kecatet, kabeh barang kang dilakoni pada ditulis kabeh. Dene pangeranira ora bakal nganiaya marang sawijining wong."
وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ كَانَ مِنَ الْجِنِّ فَفَسَقَ عَنْ اَمْرِ رَبِّهٖۗ اَفَتَتَّخِذُوْنَهٗ وَذُرِّيَّتَهٗٓ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِيْ وَهُمْ لَكُمْ عَدُوٌّۗ بِئْسَ لِلظّٰلِمِيْنَ بَدَلًا٥٠
Wa iż qulnā lil-malā'ikatisjudū li'ādama fa sajadū illā iblīs(a), kāna minal-jinni fa fasaqa ‘an amri rabbih(ī), afa tattakhiżūnahū wa żurriyyatahū auliyā'a min dūnī wa hum lakum ‘aduww(un), bi'sa liẓ-ẓālimīna badalā(n).
[50]
Lan sira (Muhammad) critakna nalika ingsung dhawuh marang Malaikat, "He para Malaikat sira kabeh pada sujuda marang Adam" ing kono para Malaikat banjur pada ngestokake dhawuhe kabeh pada sujud marang Adam, kajaba mung iblis kang mbangkakang ora gelem sujud, iblis iku kelebu golongane Jin dheweke banjur bangkang dhawuhe pangerane. He anak turune Adam apa sira padha alap iblis dadi panutan sak liyane Ingsun ing mangka dheweke iku dadi satrunira bebuyutan? Ala temen (ngabekti marang iblis) kang di enggo ganti saka ngabekti marang pangerane dening wong - wong kang nganiyaya iku.
۞ مَآ اَشْهَدْتُّهُمْ خَلْقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَلَا خَلْقَ اَنْفُسِهِمْۖ وَمَا كُنْتُ مُتَّخِذَ الْمُضِلِّيْنَ عَضُدًا٥١
Mā asyhattuhum khalqas-samāwāti wal-arḍi wa lā khalqa anfusihim, wa mā kuntu muttakhiżal-muḍillīna ‘aḍudā(n).
[51]
Ingsun ora nekaake dheweke iblis supaya nekseni anggone Ingsun nitahake langit , bumi, lan uga tumitahe awak - awake. Ingsun ora ngalap tukang nasarake (syetan) kadadekake kanca (kang Ingsun pundhuti tulang).
وَيَوْمَ يَقُوْلُ نَادُوْا شُرَكَاۤءِيَ الَّذِيْنَ زَعَمْتُمْ فَدَعَوْهُمْ فَلَمْ يَسْتَجِيْبُوْا لَهُمْ وَجَعَلْنَا بَيْنَهُمْ مَّوْبِقًا٥٢
Wa yauma yaqūlu nādū syurakā'iyal-lażīna za‘amtum fa da‘auhum falam yastajībū lahum wa ja‘alnā bainahum maubiqā(n).
[52]
(Muhammad) sira nyritakna bab dina Qiyamat yaiku nalika Allah ngendika marang wong kafir, "Mara undangen brahala - brahala kang pada sira naggep sekuthuning Ingsun iku." Wong - wong kafir mau banjur padha undang - undhang, nanging brahala - brahala mau padha ora mangsuli. Lan ingsun ndadekake jurang ana ing neraka antarane iblis kang dianggep seesembahan karo wong kafir mau.
وَرَاَ الْمُجْرِمُوْنَ النَّارَ فَظَنُّوْٓا اَنَّهُمْ مُّوَاقِعُوْهَا وَلَمْ يَجِدُوْا عَنْهَا مَصْرِفًا ࣖ٥٣
Wa ra'al-mujrimūnan nāra fa ẓannū annahum muwāqi‘ūhā wa lam yajidū ‘anhā maṣrifā(n).
[53]
Lan sakwuse owng - wong kang dosa padha sumurup neraka, dheweke lan mesthi padha dicemplungake ana ing kono, sarta dheweke ora bakal bisa oncat saka neraka.
وَلَقَدْ صَرَّفْنَا فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ لِلنَّاسِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ اَكْثَرَ شَيْءٍ جَدَلًا٥٤
Wa laqad ṣarrafnā fī hāżal-qur'āni lin-nāsi min kulli maṡal(in), wa kānal-insānu akṡara syai'in jadalā(n).
[54]
Lan Ingsun wis temen nerangake kabeh sanepa lan gegambaran ana ing Qur'an marang para manungsa, nanging para manungsa iku makhluk kang luwih akeh padune.
وَمَا مَنَعَ النَّاسَ اَنْ يُّؤْمِنُوْٓا اِذْ جَاۤءَهُمُ الْهُدٰى وَيَسْتَغْفِرُوْا رَبَّهُمْ اِلَّآ اَنْ تَأْتِيَهُمْ سُنَّةُ الْاَوَّلِيْنَ اَوْ يَأْتِيَهُمُ الْعَذَابُ قُبُلًا٥٥
Wa mā mana‘an-nāsa ay yu'minū iż jā'ahumul-hudā wa yastagfirū rabbahum illā an ta'tiyahum sunnatul-awwalīna au ya'tiyahumul-‘ażābu qubulā(n).
[55]
Lan ora ana kang bisa ngalang - ngalangi marang para manungsa menawa gelem percaya lan gelem nyuwun pangapura marang pangerana ung nalika dheweke ketekan pitutur , kejaba dheweke padha ngenteni dhisik tekane Sunnah Ingsun (nyiksa kaum - kaum) kang wis kepungkur, utawa padha ngenteni tekane siksa kang ana ngarepe.
وَمَا نُرْسِلُ الْمُرْسَلِيْنَ اِلَّا مُبَشِّرِيْنَ وَمُنْذِرِيْنَۚ وَيُجَادِلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِالْبَاطِلِ لِيُدْحِضُوْا بِهِ الْحَقَّ وَاتَّخَذُوْٓا اٰيٰتِيْ وَمَآ اُنْذِرُوْا هُزُوًا٥٦
Wa mā nursilul-mursalīna illā mubasysyirīna wa munżirīn(a), wa yujādilul-lażīna kafarū bil-bāṭili liyudḥiḍū bihil-ḥaqqa wattakhażū āyātī wa mā unżirū huzuwā(n).
[56]
Lan Ingsun ora ngutus para utusan kajaba gawe bebungah ngebang - bang ganjaran lan memedeni ngancam - ancam siksa, apa dene kanggo madoni marang wong - wong kafir marang anggone padha celathu ora bener (ora percaya marang para rasul) pamrihe arep nyirnakake kenabianing para Rosul kang nyata hak apa dene padha anggeguyu ayat Ingsun lan pengencam Ingsun siksa.
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ ذُكِّرَ بِاٰيٰتِ رَبِّهٖ فَاَعْرَضَ عَنْهَا وَنَسِيَ مَا قَدَّمَتْ يَدَاهُۗ اِنَّا جَعَلْنَا عَلٰى قُلُوْبِهِمْ اَكِنَّةً اَنْ يَّفْقَهُوْهُ وَفِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَقْرًاۗ وَاِنْ تَدْعُهُمْ اِلَى الْهُدٰى فَلَنْ يَّهْتَدُوْٓا اِذًا اَبَدًا٥٧
Wa man aẓlamu mimman żukkira bi'āyāti rabbihī fa a‘raḍa ‘anhā wa nasiya mā qaddamat yadāh(u), innā ja‘alnā ‘alā qulūbihim akinnatan ay yafqahūhu wa fī āżānihim waqrā(n), wa in tad‘uhum ilal-hudā falay yahtadū iżan abadā(n).
[57]
Lan sapa wong kang luwih nganiaya, ngungkuli wong - wong kang dielingake nganggo ayat - ayate Pangerane wusana padha mlengos saka ayat iku sarta padha lali ing dosa kang wis dilakoni. Saktemene Ingsun wis ndadekake tutup ana ing atine wong - wong mau supaya ora mangerti marang kebeneran, semono uga ana ing pangrungune abot ora bisa kanggo ngrungakake. Dene menawa wong - wong mau sira ajak marang pituduh, saklawase ora gelem nampa pituduh iku.
وَرَبُّكَ الْغَفُوْرُ ذُو الرَّحْمَةِۗ لَوْ يُؤَاخِذُهُمْ بِمَا كَسَبُوْا لَعَجَّلَ لَهُمُ الْعَذَابَۗ بَلْ لَّهُمْ مَّوْعِدٌ لَّنْ يَّجِدُوْا مِنْ دُوْنِهٖ مَوْىِٕلًا٥٨
Wa rabbukal-gafūru żur-raḥmah(ti), lau yu'ākhiżuhum bimā kasabū la‘ajjala lahumul-‘ażāb(a), bal lahum mau‘idul lay yajidū min dūnihī mau'ilā(n).
[58]
Denen Allah Pangeranira iku Maha Pangapura tur kagungan Rohmat, Saka upama panjenengane kersa jalaran dosa kang wis padha dilakoni, temen panjengengane ngenggalake siksa mau marang dheweke, nanging wis ana ketentuan kanggo dheweke anggone dipatrapi siksa kang dheweke padha ora oleh pangungsen saka liyane panjenengane.
وَتِلْكَ الْقُرٰٓى اَهْلَكْنٰهُمْ لَمَّا ظَلَمُوْا وَجَعَلْنَا لِمَهْلِكِهِمْ مَّوْعِدًا ࣖ٥٩
Wa tilkal-qurā ahlaknāhum lammā ẓalamū wa ja‘alnā limahlikihim mau‘idā(n).
[59]
Ln isine negara - negara iku Ingsun rusak nalika dheweke pinuju padha nganiaya. Dene mangsane anggone Ingsun ngrusak mau iya nganggo ketentuan kang Ingsun temtokake.
وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِفَتٰىهُ لَآ اَبْرَحُ حَتّٰٓى اَبْلُغَ مَجْمَعَ الْبَحْرَيْنِ اَوْ اَمْضِيَ حُقُبًا٦٠
Wa iż qāla mūsā lifatāhu lā abraḥu ḥattā abluga majma‘al-baḥraini au amḍiya ḥuqubā(n).
[60]
(He Muhammad) sira nyritakna lelakone nabi Musa lan nabi Hidir nalika semana nabi Musa paring pangandhika marang keluargane kang aran nabi Yusa', pangandikane, "Aku ora arep leren mlaku nganti aku tumeka ing pangginan kumpuling segara loro (segara Rum lan segara parsi, awit dhawuhe Allah aku bakal ketemu nabi Hidir ana ing kono) utawa aku nganti mlaku ngati pirang - pirang tahun lawase mesti tak lakoni"
فَلَمَّا بَلَغَا مَجْمَعَ بَيْنِهِمَا نَسِيَا حُوْتَهُمَا فَاتَّخَذَ سَبِيْلَهٗ فِى الْبَحْرِ سَرَبًا٦١
Falammā balagā majma‘a bainihimā nasiyā ḥūtahumā fattakhaża sabīlahū fil-baḥri sarabā(n).
[61]
Bareng sak karone (nabi Musa lan nabi Yusa') wis tumeka ing panggonan kumpuling segara loro mau, lali marang iwak kang wis disediakake kanggo dahare. Dene iwak iku nuli ngambah dalane nyemplung ing sak jroning segara. Dene segara kang dienggo liwat iwak mau, banyuni nisih, dadi bolong kaya lurung ora bisa pulih.
فَلَمَّا جَاوَزَا قَالَ لِفَتٰىهُ اٰتِنَا غَدَاۤءَنَاۖ لَقَدْ لَقِيْنَا مِنْ سَفَرِنَا هٰذَا نَصَبًا٦٢
Falammā jāwazā qāla lifatāhu ātinā gadā'anā laqad laqīnā min safarinā hāżā naṣabā(n).
[62]
Bareng lakune wong loro mau wis liwat panggonan ing tempuling segara loro mau, nabi Musa dawuh marang nabi Yusa'," Mara ladekna sanguku dhedhaharan, awit anggonku mlaku wis sayah lan luwe".
قَالَ اَرَاَيْتَ اِذْ اَوَيْنَآ اِلَى الصَّخْرَةِ فَاِنِّيْ نَسِيْتُ الْحُوْتَۖ وَمَآ اَنْسٰىنِيْهُ اِلَّا الشَّيْطٰنُ اَنْ اَذْكُرَهٗۚ وَاتَّخَذَ سَبِيْلَهٗ فِى الْبَحْرِ عَجَبًا٦٣
Qāla ara'aita iż awainā ilaṣ-ṣakhrati fa innī nasītul-ḥūt(a), wa mā ansānīhu illasy-syaiṭanu an ażkurah(ū), wattakhaża sabīlahū fil-baḥri ‘ajabā(n).
[63]
Nabi Yusa' matur punapa panjenengan mboten wuninga, nalika kula kendel wonten ing sela punika, yektos kula kesupen ulam wau, mboten wonten ingkang nyupekaken nerangaken perkawis ulam kajawi syetan, serta ulam wau sampun ngambah marginipun wonten ing seganten ingkang nggumunaken.
قَالَ ذٰلِكَ مَا كُنَّا نَبْغِۖ فَارْتَدَّا عَلٰٓى اٰثَارِهِمَا قَصَصًاۙ٦٤
Qāla żālika mā kunnā nabg(i), fartaddā ‘alā āṡārihimā qaṣaṣā(n).
[64]
Nabi Musa banjur ngendika, "Lahiku kang ingsun nggokeke." (awit dhawuhing Allah ing ngendi anggoning ilang iwak mau yaiku panggone nabi Hidir) sak karone banjur bali maneh nutur tilase.
فَوَجَدَا عَبْدًا مِّنْ عِبَادِنَآ اٰتَيْنٰهُ رَحْمَةً مِّنْ عِنْدِنَا وَعَلَّمْنٰهُ مِنْ لَّدُنَّا عِلْمًا٦٥
Fa wajadā ‘abdam min ‘ibādinā ātaināhu raḥmatam min ‘indinā wa ‘allamnāhu mil ladunnā ‘ilmā(n).
[65]
Bareng sak karone wis teko ing waktu tilas panggonan leren mau, ketemu karo sawijining kawulaningsun kang wis Ingsun paringi rohmat (nabi Hidir) sarta diparingi ngilmu.
قَالَ لَهٗ مُوْسٰى هَلْ اَتَّبِعُكَ عَلٰٓى اَنْ تُعَلِّمَنِ مِمَّا عُلِّمْتَ رُشْدًا٦٦
Qāla lahū mūsā hal attabi‘uka ‘alā an tu‘allimani mimmā ‘ullimta rusydā(n).
[66]
Nabi Musa banjur matur marang nabi Hidir, "Sowan kula ing panjenengan punika menawi kepareng badhe anderek dhateng panjenengan sarta mugi panjenengan mulang kawrung ingkang leres, ingkang sampun kaparingaken Allah dhateng panjenengan."
قَالَ اِنَّكَ لَنْ تَسْتَطِيْعَ مَعِيَ صَبْرًا٦٧
Qāla innaka lan tastaṭī‘a ma‘iya ṣabrā(n).
[67]
Nabi Hidir mangsuli, "Sakyektosipun panjengenan mboten saget sabar sasarengan kaliyan kula."
وَكَيْفَ تَصْبِرُ عَلٰى مَا لَمْ تُحِطْ بِهٖ خُبْرًا٦٨
Wa kaifa taṣbiru ‘alā mā lam tuḥiṭ bihī khubrā(n).
[68]
Kados pundi anggen panjenengan saget sabar mirsani patrap ingkang mboten leres tumrap sesarepan panjengan.
قَالَ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ صَابِرًا وَّلَآ اَعْصِيْ لَكَ اَمْرًا٦٩
Qāla satajidunī in syā'allāhu ṣābiraw wa lā a‘ṣī laka amrā(n).
[69]
Nabi Musa mangsuli, "Inggih cobi kula lampahi andherek panjenengan, InsyaaAllah panjenengan badhe sumerep menawi kula punika sabar mboten nyulayani dhawuh panjenengan."
قَالَ فَاِنِ اتَّبَعْتَنِيْ فَلَا تَسْـَٔلْنِيْ عَنْ شَيْءٍ حَتّٰٓى اُحْدِثَ لَكَ مِنْهُ ذِكْرًا ࣖ٧٠
Qāla fa inittaba‘tanī falā tas'alnī ‘an syai'in ḥattā uḥdiṡa laka minhu żikrā(n).
[70]
Nabi Hidir mangsuli, "Menawi panjenengan tumut kula sampun ngatos pitaken setunggaling perkawis ingkang kula lampahi, ngantos kula nerangaken piyambak dhateng panjenengan kanthi gamblang."
فَانْطَلَقَاۗ حَتّٰٓى اِذَا رَكِبَا فِى السَّفِيْنَةِ خَرَقَهَاۗ قَالَ اَخَرَقْتَهَا لِتُغْرِقَ اَهْلَهَاۚ لَقَدْ جِئْتَ شَيْـًٔا اِمْرًا٧١
Fanṭalaqā, ḥattā iżā rakibā fis-safīnati khara ahā, qāla akharaqtahā litugriqa ahlahā, laqad ji'ta syai'an imrā(n).
[71]
Sak karone (Musa lan Hidir) banjur tindak budhal. Bareng tumeka mangsane nunggang prahu, Nabi Hidir banjur mbolongi prau mau. Nabi Musa pitakon, "Kados pundi panjenengan teka ambolongi baita punika? Badhe ngeremaken titiyanipun? Tektos panjenengan sampun nglampahi perkawis ingkang dipun gething"
قَالَ اَلَمْ اَقُلْ اِنَّكَ لَنْ تَسْتَطِيْعَ مَعِيَ صَبْرًا٧٢
Qāla alam aqul innaka lan tastaṭī‘a ma‘iya ṣabrā(n).
[72]
Wangsulane nabi Hidir, "Punapa dereng kula aturaken, sakleresipun panjenengan mboten saget sabar sesarengan kaliyan kula?"
قَالَ لَا تُؤَاخِذْنِيْ بِمَا نَسِيْتُ وَلَا تُرْهِقْنِيْ مِنْ اَمْرِيْ عُسْرًا٧٣
Qāla lā tu'ākhiżnī bimā nasītu wa lā turhiqnī min amrī ‘usrā(n).
[73]
Nabi Musa mangsuli, "Panjengean sampun ndukai kula jalaran kula kesupen lan sampun andamel sekaos anggen kula ndherek panjenengan."
فَانْطَلَقَا ۗحَتّٰٓى اِذَا لَقِيَا غُلٰمًا فَقَتَلَهٗ ۙقَالَ اَقَتَلْتَ نَفْسًا زَكِيَّةً ۢبِغَيْرِ نَفْسٍۗ لَقَدْ جِئْتَ شَيْـًٔا نُّكْرًا ۔٧٤
Fanṭalaqā, ḥattā iżā laqiyā gulāman fa qatalah(ū), qāla aqatalta nafsan zakiyyatam bigairi nafs(in), laqad ji'ta syai'an nukrā(n).
[74]
Sak karone banjur padha tindak maneh. Bareng ketemu karo sawijining bocah lanang, bocah mau banjur dipateni deneng nabi hidir. Nabi Musa pitakon maneh, "Kados pundi mejahi jiwa ingkang suci tanpa dosa? Yektos panjenengan sampun nglampahi perkawis ingkang awon".
۞ قَالَ اَلَمْ اَقُلْ لَّكَ اِنَّكَ لَنْ تَسْتَطِيْعَ مَعِيَ صَبْرًا٧٥
Qāla alam aqul laka innaka lan tastaṭī‘a ma‘iya ṣabrā(n).
[75]
Nabi Hidir mangsuli, "Punapa kula dereng matur dhateng panjenengan, menawi boten saget sabar sesarengan kaliyan kula?"
قَالَ اِنْ سَاَلْتُكَ عَنْ شَيْءٍۢ بَعْدَهَا فَلَا تُصٰحِبْنِيْۚ قَدْ بَلَغْتَ مِنْ لَّدُنِّيْ عُذْرًا٧٦
Qāla in sa'altuka ‘an syai'im ba‘dahā falā tuṣāḥibnī, qad balagta mil ladunnī ‘użrā(n).
[76]
Nabi Musa matur, "Sesampunipun punika, menawi kula ngantos pitaken malih dhateng panjenengan satunggaling perkawis sesampunipun mejahi lare wau, kula sampun kadadosakaen rencang malih. Awit sampun tetela anggen panjenengan kula nderekaken wonten pekewetipun."
فَانْطَلَقَا ۗحَتّٰىٓ اِذَآ اَتَيَآ اَهْلَ قَرْيَةِ ِۨاسْتَطْعَمَآ اَهْلَهَا فَاَبَوْا اَنْ يُّضَيِّفُوْهُمَا فَوَجَدَا فِيْهَا جِدَارًا يُّرِيْدُ اَنْ يَّنْقَضَّ فَاَقَامَهٗ ۗقَالَ لَوْ شِئْتَ لَتَّخَذْتَ عَلَيْهِ اَجْرًا٧٧
Fanṭalaqā, ḥattā iżā atayā ahla qaryatinistaṭ‘amā ahlahā fa abau ay yuḍayyifūhumā fa wajadā fīhā jidāray yurīdu ay yaqaḍḍa fa aqāmah(ū), qāla lau syi'ta lattakhażta ‘alaihi ajrā(n).
[77]
Sakarone nuli padha tindak mangkat maneh.Bareng ing wayah sore tekan ing sawijining negara (ana ing kono padha krasa luwe), sakarone mundhut dhedhahawan marang wong pribumi, nanging ora ono kang gelem nyuguh marang sakarone. Sakarone nuli pirsa gedong kang wis dhoyong bae kari rubuhe, iku banjur di jejegake dening nabi Hidir, Nabi Musa banjur matur marang Nabi Hidir, "Menawi panjenengan saged mundhut pituwas (segahan) anggonipun anjejegaken tembok wau."
قَالَ هٰذَا فِرَاقُ بَيْنِيْ وَبَيْنِكَۚ سَاُنَبِّئُكَ بِتَأْوِيْلِ مَا لَمْ تَسْتَطِعْ عَّلَيْهِ صَبْرًا٧٨
Qāla hāżā firāqu bainī wa bainik(a), sa'unabbi'uka bita'wīli mā lam tastaṭī‘ ‘alaihi ṣabrā(n).
[78]
Nabi Hidir matur mangsuli, "Punika sampun wekdalipun pepisahan kula kaliyan panjenengan. Kula badhe nerangaken rumiyin dhateng panjenengan ing keteranganipun sedaya perkawis ingkang panjenengan mboten sage ngampah (sabar) wasana panjenengan lajeng maonni."
اَمَّا السَّفِيْنَةُ فَكَانَتْ لِمَسٰكِيْنَ يَعْمَلُوْنَ فِى الْبَحْرِ فَاَرَدْتُّ اَنْ اَعِيْبَهَاۗ وَكَانَ وَرَاۤءَهُمْ مَّلِكٌ يَّأْخُذُ كُلَّ سَفِيْنَةٍ غَصْبًا٧٩
Ammas-safīnatu fa kānat limasākīna ya‘malūna fil-baḥri fa arattu an a‘ībahā, wa kāna warā'ahum malikuy ya'khużu kulla safīnatin gaṣbā(n).
[79]
Dene bahita ingkang kula botol, punika gadhahanipun tiyang miskin ingkang sami nyambut damel wonten ing seganten mila kula botol, supados bahita wau cacat, jalaran ing sawingkingipun tetiyang punika mau winten Raja Kafir (perompak) ingkang badhe ngrampas sawarnining bahita ingkang tanpa cacad kanthi anjiyat (panganiaya).
وَاَمَّا الْغُلٰمُ فَكَانَ اَبَوَاهُ مُؤْمِنَيْنِ فَخَشِيْنَآ اَنْ يُّرْهِقَهُمَا طُغْيَانًا وَّكُفْرًا ۚ٨٠
Wa ammal-gulāmu fa kāna abawāhu mu'minaini fa khasyīnā ay yurhiqahumā ṭugyānaw wa kufrā(n).
[80]
Dene lare ingkang kula pejahi punika, tiyang sepuhipun kekalih tiyang mukmin (tur sakalangkung asih dhateng anakipun). Lare wau mila kula pejahi, kula kuwatos ing tembenipun, Awit menawi panjang umuripun, pinasthi dados tiyang kafir serta badhe ngajak - ngajak sarta njlomprongaken tiyang sepuhipun dados kafir.
فَاَرَدْنَآ اَنْ يُّبْدِلَهُمَا رَبُّهُمَا خَيْرًا مِّنْهُ زَكٰوةً وَّاَقْرَبَ رُحْمًا٨١
Fa aradnā ay yubdilahumā rabbuhumā khairam minhu zakātaw wa aqraba ruḥmā(n).
[81]
Kajeng kula, ing tembe, bapa biyungipun wau dipun paringana lintu dening Allah Pangeranipun, gadhah anak isteri ingkang prayogi, ngungkuli anakipun jaler ingkang sampun kula pejahi, manut miturut dhateng tiyang sepuhipun (emah -emah) angsal Nabi, aha badhe nurunaken para Nabi.
وَاَمَّا الْجِدَارُ فَكَانَ لِغُلٰمَيْنِ يَتِيْمَيْنِ فِى الْمَدِيْنَةِ وَكَانَ تَحْتَهٗ كَنْزٌ لَّهُمَا وَكَانَ اَبُوْهُمَا صَالِحًا ۚفَاَرَادَ رَبُّكَ اَنْ يَّبْلُغَآ اَشُدَّهُمَا وَيَسْتَخْرِجَا كَنْزَهُمَا رَحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَۚ وَمَا فَعَلْتُهٗ عَنْ اَمْرِيْۗ ذٰلِكَ تَأْوِيْلُ مَا لَمْ تَسْطِعْ عَّلَيْهِ صَبْرًاۗ ࣖ٨٢
Wa ammal-jidāru fa kāna ligulāmaini yatīmaini fil-madīnati wa kāna taḥtahū kanzul lahumā wa kāna abūhumā ṣāliḥā(n), fa arāda rabbuka ay yablugā asyuddahumā wa yastakhrijā kanzahumā raḥmatam mir rabbik(a), wa mā fa‘altuhū ‘an amrī, żālika ta'wīlu mā lam tasṭī‘ ‘alaihi ṣabrā(n).
[82]
Dene tembok gedong wau punika gadhahanipun lare yatim kekalih (ingkang satunggal nama Ashram, satunggalipun nama Sharim) sami wonten ing salebetipun kitho. Lan ing sangandapipun tembok wau wonten pendheman (mas lan selaka) gadhahanipun lare yatim kekalih wau. Dene bapakipun lare kekaleh wau tiyang sae. Menawi tembok kala wau kalajeng rebah, pendheman ingkang isi mas lan selaka wau tentu dipun panggih ing tiyang. Ing mngka kersanipun Allah Pangeran panjenengan, tuwuh saking welas asihipun, lare yatim kekalih wau, benjing menawi sampun dewasa, dipun sumerepaken dhateng bandha pendhemaning bapa kala wau, selajengipun dipun dhudhuk. Lan sedoya ingka sampun kula lampahi wau, sane saking pikajeng kula piyambak (nanging atas dhawuhipun Allah). Lan punkia wau keteranganipun sedaya perkawis ingkang panjenengan botem saged sabar wusana lajeng maonni.
وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنْ ذِى الْقَرْنَيْنِۗ قُلْ سَاَتْلُوْا عَلَيْكُمْ مِّنْهُ ذِكْرًا ۗ٨٣
Wa yas'alūnaka ‘an żil qarnain(i), qul sa'atlū ‘alaikum minhu żikrā(n).
[83]
(Muhammad) wong Yahudi padha takon marang sira cerita lakon Dzul Quren, sira dhawuha, "Iya bakal nyeritakake marang sira ceritane Dzul Qurnain klawan cetha."
اِنَّا مَكَّنَّا لَهٗ فِى الْاَرْضِ وَاٰتَيْنٰهُ مِنْ كُلِّ شَيْءٍ سَبَبًا ۙ٨٤
Innā makkannā lahū fil-arḍi wa ātaināhu min kulli syai'in sababā(n).
[84]
(Pangandikane Allah), "Satemene Ingsun (Allah) wis mangginake dheweke (Dzul Qurnain) ana ing bumi, lan Ingsun wis paring marang dheweke, kabeh perkara kang dadi sebab bisa tumeka marang kang dikarepake (ingsun paringi gagah perkasa, teguh mentale, perbawa, kekendelan, nganti saisining jagad ora ana kang ngalahake, lan ora ana kang wani nglawan, apa dene Ingsun pinterake marang pirang - pirang basa)"
فَاَتْبَعَ سَبَبًا٨٥
Fa atba‘a sababā(n).
[85]
Dheweke (Dzul Qurnain) nuli ngambah sawijining dalan.
حَتّٰىٓ اِذَا بَلَغَ مَغْرِبَ الشَّمْسِ وَجَدَهَا تَغْرُبُ فِيْ عَيْنٍ حَمِئَةٍ وَّوَجَدَ عِنْدَهَا قَوْمًا ەۗ قُلْنَا يٰذَا الْقَرْنَيْنِ اِمَّآ اَنْ تُعَذِّبَ وَاِمَّآ اَنْ تَتَّخِذَ فِيْهِمْ حُسْنًا٨٦
Ḥattā iżā balaga magribasy-syamsi wajadahā tagrubu fī ‘ainin ḥami'atiw wa wajada ‘indahā qaumā(n), qulnā yā żal-qarnaini immā an tu‘ażżiba wa immā an tattakhiża fīhim ḥusnā(n).
[86]
Lakune Dzul Qurnain bareng teka ing panggonan suruping srengenge weruh suruping srengenge mau, katone kaya nyemplung ing segara endhut ireng, ing pinggir segara mau dheweke weruh lan ketemu owng - wong kang isih padha kafir. Pangandikaningsun, "He Dzuk Qurnain, mara pilihen, sira ukum kaum iku, utawa sira ngalap kebecikan tumrap dheweke (sarana sira Islamake)."
قَالَ اَمَّا مَنْ ظَلَمَ فَسَوْفَ نُعَذِّبُهٗ ثُمَّ يُرَدُّ اِلٰى رَبِّهٖ فَيُعَذِّبُهٗ عَذَابًا نُّكْرًا٨٧
Qāla ammā man ẓalama fa saufa nu‘ażżibuhū ṡumma yuraddu ilā rabbihī fa yu‘ażżibuhū ‘ażāban nukrā(n).
[87]
Dzul QUrnain matur, "Dene tiyang ingkang aniaya (ingkang kuguh ngantepi anggeni kafir tentu kawula siksa wonten donya) sak sampunipun pejah wonten ing akherat dipun sowanaken wonten ing ngarsane pangeranipun lajeng dipun siksa kanthi siksa ingkang gegirisi."
وَاَمَّا مَنْ اٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَلَهٗ جَزَاۤءً ۨالْحُسْنٰىۚ وَسَنَقُوْلُ لَهٗ مِنْ اَمْرِنَا يُسْرًا ۗ٨٨
Wa ammā man āmana wa ‘amila ṣāliḥan fa lahū jazā'anil-ḥusnā, wa sanaqūlu lahū min amrinā yusrā(n).
[88]
Wondene tiyang ingkang purun iman ing Allah sarta nindakaken kesaenan, punika estu badhe pikantuk ganjaran ingkang sae, sarta kawula badhe nanduki tetembungan ingkang aris punapa denen peperintahan kawula dateng tetiyang wau langkung entheng lan gampil.
ثُمَّ اَتْبَعَ سَبَبًا٨٩
Ṡumma atba‘a sababā(n).
[89]
Dheweke (Dzul Qurnain) nuli ngambah sawijining dalan maneh (bali mangetan).
حَتّٰىٓ اِذَا بَلَغَ مَطْلِعَ الشَّمْسِ وَجَدَهَا تَطْلُعُ عَلٰى قَوْمٍ لَّمْ نَجْعَلْ لَّهُمْ مِّنْ دُوْنِهَا سِتْرًا ۙ٩٠
Ḥattā iżā balaga maṭli‘asy-syamsi wajadahā taṭlu‘u ‘alā qaumil lam naj‘al lahum min dūnihā sitrā(n).
[90]
Bareng tekan panggonan mletheke srengenge dheweke sumurup srengenge iku mleteke ana ing sak dhuwuring panggonane wong kang ora duwe omah kanggo ngeyup nulak panase srengenge (wong mau padha omah ana ing leng - leng).
كَذٰلِكَۗ وَقَدْ اَحَطْنَا بِمَا لَدَيْهِ خُبْرًا٩١
Każālik(a), wa qad aḥaṭnā bimā ladaihi khubrā(n).
[91]
Mengkono kedadeyane (Dzul Qurnain) wis bisa tumeka marang poncot kulon, semono uga, uga wis bisa tumeka ana ing poncot wetan, pangandikane Allah Ingsun wis muningani marang raja Dzul Qurnaen, sak suwene ingsun dadekake ratu lakune becik ngestokake prentahe Ingsun.
ثُمَّ اَتْبَعَ سَبَبًا٩٢
Ṡumma atba‘a sababā(n).
[92]
Dheweke raja Dzul Qurnain nuli ngambah sawijining dalan maneh (lakune mengalor)
حَتّٰىٓ اِذَا بَلَغَ بَيْنَ السَّدَّيْنِ وَجَدَ مِنْ دُوْنِهِمَا قَوْمًاۙ لَّا يَكَادُوْنَ يَفْقَهُوْنَ قَوْلًا٩٣
Ḥattā iżā balaga bainas-saddaini wajada min dūnihimā qaumal lā yakādūna yafqahūna qaulā(n).
[93]
Nganti nalikane wis teko antarane gunung loro dheweke nuli ketemu ana ing sak ngarepe gunung loro mau, sawijining suku bongsa kang meh ora mangerti cecaturan.
قَالُوْا يٰذَا الْقَرْنَيْنِ اِنَّ يَأْجُوْجَ وَمَأْجُوْجَ مُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِ فَهَلْ نَجْعَلُ لَكَ خَرْجًا عَلٰٓى اَنْ تَجْعَلَ بَيْنَنَا وَبَيْنَهُمْ سَدًّا٩٤
Qālū yā żal-qarnaini inna ya'jūja wa ma'jūja mufsidūna fil-arḍi fahal naj‘alu laka kharjan ‘alā an taj‘alā bainanā wa bainahum saddā(n).
[94]
Wong - wong mau pada matur, "Dhuh raja Dzul Qurnain, sakwijining redi punika wonten titahe pangeran, nama Ya'juj tuwin Ma'juj sakalangkung anggegirisi, menawi mlebet ing ngriki lajeng sami damel risak ing bumi (mangsa tiyang utawi sedaya barang ingkang wonten inggih telas dipun tedha) ingkang sang prabu punapa kepareng ngiasaaken benteng, supados Ya'juj lan Ma'juj boten saget mlebet ing mriki (menawi kelampahan mekaten kula inggih sagah nyaosi bebungah arta dhateng sang prabu)"
قَالَ مَا مَكَّنِّيْ فِيْهِ رَبِّيْ خَيْرٌ فَاَعِيْنُوْنِيْ بِقُوَّةٍ اَجْعَلْ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ رَدْمًا ۙ٩٥
Qāla mā makkannī fīhi rabbī fa a‘īnūnī biquwwatin aj‘al bainakum wa bainahum radmā(n).
[95]
Raja Dzul Qurnain maringi wangsulan, "Kabeh perkara kang wis diparengake marang aku (kasantosan lan sugih bandha) iku luwih becik (tinimbang aturira kang awujud kesaguhan). Jalaran saka iku sira padha ambantua marang aku kanthi kekuatan, aku bakal yasa benteng kang kuat ana ing antaranira lan antarane dheweke (Ya'juj lan Ma'juj)".
اٰتُوْنِيْ زُبَرَ الْحَدِيْدِۗ حَتّٰىٓ اِذَا سَاوٰى بَيْنَ الصَّدَفَيْنِ قَالَ انْفُخُوْا ۗحَتّٰىٓ اِذَا جَعَلَهٗ نَارًاۙ قَالَ اٰتُوْنِيْٓ اُفْرِغْ عَلَيْهِ قِطْرًا ۗ٩٦
Ātūnī zubaral-ḥadīd(i), ḥattā iżā sāwā bainaṣ-ṣadafaini qālanfukhū, ḥattā iżā ja‘alahū nārā(n), qāla ātūnī ufrig ‘alaihi qiṭrā(n).
[96]
Saiki kowe padha ngusungana wesi gedhe - gedhe iku nganti mepeti dalan antarane gunung loro mau. Sak wise kelakon raja Dzul Qurnain banjur ngedika, "Sira ngurupna geni." sak wise tumpukane dadi geni, raja Dzul Qurnain ngendhika maneh, "Saiki padha ngungana temboga.", Raja Dzul Qurnain banjur ngasokake tembaga mau minangka patrine wesi (ing kono banjur dadi benteng wesi).
فَمَا اسْطَاعُوْٓا اَنْ يَّظْهَرُوْهُ وَمَا اسْتَطَاعُوْا لَهٗ نَقْبًا٩٧
Famasṭā‘ū ay yaẓharūhu wa mastaṭā‘ū lahū naqbā(n).
[97]
Sak wise mengkono, Ya'jud lan Ma'juj padha ora bisa manek ing benteng mau, uga dheweke ora bisa brobos sak ngisore.
قَالَ هٰذَا رَحْمَةٌ مِّنْ رَّبِّيْۚ فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ رَبِّيْ جَعَلَهٗ دَكَّاۤءَۚ وَكَانَ وَعْدُ رَبِّيْ حَقًّا ۗ٩٨
Qāla hāżā raḥmatum mir rabbī, fa iżā jā'a wa‘du rabbī ja‘alahū dakkā'(a), wa kāna wa‘du rabbī ḥaqqā(n).
[98]
Raja Dzul Qurnain ngedhika maneh, "Sira padha sumurupa, mungguh adeking benteng iki dhumunung rahmate Pangeranku marang sira kabeh, Ing mbesuk manawa wis tekan janjine pangeranku benteng wesi iki kelebur kadadekake karata karo bumi. Dene janjine Pangeranku mesti bener."
۞ وَتَرَكْنَا بَعْضَهُمْ يَوْمَىِٕذٍ يَّمُوْجُ فِيْ بَعْضٍ وَّنُفِخَ فِى الصُّوْرِ فَجَمَعْنٰهُمْ جَمْعًا ۙ٩٩
Wa taraknā ba‘ḍahum yauma'iżiy yamūju fī ba‘ḍiw wa nufikha fiṣ-ṣūri fa jama‘nāhum jam‘ā(n).
[99]
(Pangandikane Allah), "Ing dina iku Ya'jud lan Ma'juj padha ingsun umbar mlebu ngeki jagat sarta banjur banjur suk - sukan saking dene akehe. Lan sak wise (Malaikat Israfil) ngunekake sloomprete kabeh wong kang wis mati banjur padha urip tangi saka kubure lan banjur padha diklmpukake."
وَّعَرَضْنَا جَهَنَّمَ يَوْمَىِٕذٍ لِّلْكٰفِرِيْنَ عَرْضًا ۙ١٠٠
Wa ‘araḍnā jahannama yauma'iżil lil-kāfirīna ‘arḍā(n).
[100]
Lan ing dina iku uga (dina Qiyamat) ingsun mbukakake neraka jahanam tumrap wong - wong kafir padha sumurup kanti nyata.
ۨالَّذِيْنَ كَانَتْ اَعْيُنُهُمْ فِيْ غِطَاۤءٍ عَنْ ذِكْرِيْ وَكَانُوْا لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ سَمْعًا ࣖ١٠١
Allażīna kānat a‘yunuhum fī giṭā'in ‘an żikrī wa kānū lā yastaṭī‘ūna sam‘ā(n).
[101]
Yaiku wong - wong kang mripate ketutupan saka pepeling ingsun (Qur'an), lan dheweke iku ora bisa krungu.
اَفَحَسِبَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنْ يَّتَّخِذُوْا عِبَادِيْ مِنْ دُوْنِيْٓ اَوْلِيَاۤءَ ۗاِنَّآ اَعْتَدْنَا جَهَنَّمَ لِلْكٰفِرِيْنَ نُزُلًا١٠٢
Afaḥasibal-lażīna kafarū ay yattakhiżū ‘ibādī min dūnī auliyā'(a), innā a‘tadnā jahannama lil-kāfirīna nuzulā(n).
[102]
Apa para wong kafir anggone ngalap kawulaningsun kadadekake pangeran sak liyaningsun iku ngira menawa gawe manfaat marang dheweke? Saktemene ingsun wis ngediakake neraka jahannam tumprap dheweke minangka ddi panggonane.
قُلْ هَلْ نُنَبِّئُكُمْ بِالْاَخْسَرِيْنَ اَعْمَالًا ۗ١٠٣
Qul hal nunabbi'ukum bil-akhsarīna a‘mālā(n).
[103]
(Muhammad) sira dhawuha, "Apa sira nyuwun dak wjangake kahanane wong - wong kang luwih kapitunan (ana ing akhirat)?"
اَلَّذِيْنَ ضَلَّ سَعْيُهُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَهُمْ يَحْسَبُوْنَ اَنَّهُمْ يُحْسِنُوْنَ صُنْعًا١٠٤
Al-lażīna ḍalla sa‘yuhum fil-ḥayātid-dun-yā wa hum yaḥsabūna annahum yuḥsinūna ṣun‘ā(n).
[104]
Yaiku wong - wong kang kesasar, miturut panemune owng mau mungguh penggawene kang dilakoni iku wis becik.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ وَلِقَاۤىِٕهٖ فَحَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فَلَا نُقِيْمُ لَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَزْنًا١٠٥
Ulā'ikal-lażīna kafarū bi'āyāti rabbihim wa liqā'ihī fa ḥabiṭat a‘māluhum falā nuqīma lahum yaumal-qiyāmati waznā(n).
[105]
Wong - wong mau kang kafir ing ayat - ayating pangerane sarta kafir marang bakal sowan ing ngarsaning Allah. Awit sangka iku kabeh amale dadi rusak. Ingsun ora bakal ngedekake timbangan ana ing dina Qiyamat tumrap wong - wong mau.
ذٰلِكَ جَزَاۤؤُهُمْ جَهَنَّمُ بِمَا كَفَرُوْا وَاتَّخَذُوْٓا اٰيٰتِيْ وَرُسُلِيْ هُزُوًا١٠٦
Żālika jazā'uhum jahannamu bimā kafarū wattakhażū āyātī wa rusulī huzuwā(n).
[106]
Mengkoo iku pawalese wong - wong mau yaiku neraka jahanam, jalaran anggone kafir nggeguyu ayatiningsun lan utusaningsun.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ كَانَتْ لَهُمْ جَنّٰتُ الْفِرْدَوْسِ نُزُلًا ۙ١٠٧
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti kānat lahum jannātul-firdausi nuzulā(n).
[107]
Saktemene wong - wong kang iman lan nindakake kebecikan, swarga firdaus dadi panggonan tetep tumrap dheweke.
خٰلِدِيْنَ فِيْهَا لَا يَبْغُوْنَ عَنْهَا حِوَلًا١٠٨
Khālidīna fīhā lā yabgūna ‘anhā ḥiwalā(n).
[108]
Wong - wong mau tetep langgeng ana ing kono, dheweke padha ora karep ngalih saka kono.
قُلْ لَّوْ كَانَ الْبَحْرُ مِدَادًا لِّكَلِمٰتِ رَبِّيْ لَنَفِدَ الْبَحْرُ قَبْلَ اَنْ تَنْفَدَ كَلِمٰتُ رَبِّيْ وَلَوْ جِئْنَا بِمِثْلِهٖ مَدَدًا١٠٩
Qul lau kānal-baḥru midādal likalimāti rabbī lanafidal-baḥru qabla an tanfada kalimāṭu rabbī wa lau ji'nā bimiṡlihī madadā(n).
[109]
(Muhammad) sira dhawuha, "Sak umpama banyu segara iku dienggo mangsi kanggo nulis dhawuh pangandikaning Allah pangeranku (lan hukum - hukume) yekti segara mau bakal asat sak durunge rampung penulise dhawuh pangandikane Allah pangeranku, senajan dak tekakake imbuh mangsi kaya segara iku maneh."
قُلْ اِنَّمَآ اَنَا۠ بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ يُوْحٰٓى اِلَيَّ اَنَّمَآ اِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌۚ فَمَنْ كَانَ يَرْجُوْا لِقَاۤءَ رَبِّهٖ فَلْيَعْمَلْ عَمَلًا صَالِحًا وَّلَا يُشْرِكْ بِعِبَادَةِ رَبِّهٖٓ اَحَدًا ࣖ١١٠
Qul innamā ana basyarum miṡlukum yūḥā ilayya annamā ilāhukum ilāhuw wāḥid(un), faman kāna yarjū liqā'a rabbihī falya‘mal ‘amalan ṣāliḥaw wa lā yusyrik bi‘ibādati rabbihī aḥadā(n).
[110]
(Muhammad) Sira dhawuha, "Saktemene ingsun iki uga manungsa kaya sira mung ingsun kaparingan wahyu kang nerangake sejatine pangeranira iku pangeran kang Maha Tunggal. Dene sing sapa ngarep - ngarep sowan marang ngarsane Allah pangerane, supaya nindakake kebecikan, lan aja nyekutokake anggone nyembah marang pangerane kanthi sesembahane liyane".