Surah Al-Isra`
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سُبْحٰنَ الَّذِيْٓ اَسْرٰى بِعَبْدِهٖ لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اِلَى الْمَسْجِدِ الْاَقْصَا الَّذِيْ بٰرَكْنَا حَوْلَهٗ لِنُرِيَهٗ مِنْ اٰيٰتِنَاۗ اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ١
Subḥānal-lażī asrā bi‘abdihī lailam minal-masjidil ḥarāmi ilal-masjidil-aqṣal-lażī bāraknā ḥaulahū linuriyahū min āyātinā, innahū huwas-samī‘ul-baṣīr(u).
[1]
Maha suci Allah, kang wis nimbali Muhammad kawulane, lumaku ing wayah wengi, saka Masjidil-Haram ing negara mekkah, marang masjidil Aqsha (kang uga aran baitul muqaddas/baitul maqdis, ing tanah palestina), kang tanah sakiwa-tengene baitul muqaddas mau Ingsun berkahi, (sarana Ingsun wenehi kali pirang-pirang pating sreweh, sarta bumine Ingsun gawe loh jinawi, sarta kathah para nabi kang di utus wonten daerah baitul muqaddas wau), mulane Muhammad Ingsun timbali, bakal Ingsun kersakake munggah marang langit, sarta Ingsun paringi priksa ayat kaelokan Kawusaningsun. Satemene Allah iku Dzat kang Midhanget tur Periksa.
وَاٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ وَجَعَلْنٰهُ هُدًى لِّبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اَلَّا تَتَّخِذُوْا مِنْ دُوْنِيْ وَكِيْلًاۗ٢
Wa ātainā mūsal-kitāba wa ja‘alnāhu hudal libanī isrā'īla allā tattakhiżū min dūnī wakīlā(n).
[2]
Lan maneh Ingsun wis maringi kitab Taurat marang Musa, Dheweke Ingsun dadekake wong kang nuduhake dalan bener marang wong Bani Israil, supaya wong Bani Israil aja padha mangeran marang saliyane Ingsun.
ذُرِّيَّةَ مَنْ حَمَلْنَا مَعَ نُوْحٍۗ اِنَّهٗ كَانَ عَبْدًا شَكُوْرًا٣
Żurriyyata man ḥamalnā ma‘a nūḥ(in), innahū kāna ‘abdan syakūrā(n).
[3]
He turune wong kang padha tunggangake perahu bareng karo Nuh biyen, sumurupa, menawa Nuh iku wajining kawulaningsun kang gelem ngaturake syukur marang peparingingsun.
وَقَضَيْنَآ اِلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ فِى الْكِتٰبِ لَتُفْسِدُنَّ فِى الْاَرْضِ مَرَّتَيْنِ وَلَتَعْلُنَّ عُلُوًّا كَبِيْرًا٤
Wa qaḍainā ilā banī isrā'īla fil-kitābi latufsidunna fil-arḍi marrataini wa lata‘lunna ‘uluwwan kabīrā(n).
[4]
Lan Ingsun paring wahyu marang wong Bani Israil, kasebut ing kitab, Ingsun paringi pirsa manawa ing tembe para wong Bani Isrial mau padha balela ing Allah, gawe kerusakan ana ing bumi, sarana duraka, nganti rambah kaping pindho, lan padha gumedhe kumaluhur banget.
فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ اُوْلٰىهُمَا بَعَثْنَا عَلَيْكُمْ عِبَادًا لَّنَآ اُولِيْ بَأْسٍ شَدِيْدٍ فَجَاسُوْا خِلٰلَ الدِّيَارِۗ وَكَانَ وَعْدًا مَّفْعُوْلًا٥
Fa iżā jā'a wa‘du ūlāhumā ba‘aṡnā ‘alaikum ‘ibādal lanā ulī ba'sin syadīdin fa jāsū khilālad-diyār(i), wa kāna wa‘dam maf‘ūlā(n).
[5]
Bareng wis kelakon pepesthen kang sapisan, (yaiku wong Bani Israil padha balela ing Allah kang sepisan), wong Bani Israil banjur Ingsun tekani mungsuh kawulaningsun kang gagah perkosa tanpa lawan ing perang, (yaiku raja Jalut sawadya balane), iku padha dioyak-oyak ing negara lan ing padesan, bakal dipateni utawa diboyong. Kang mengkono iku wis ditemtokake dening Allah kang mesthi tumindak lan kelakon.
ثُمَّ رَدَدْنَا لَكُمُ الْكَرَّةَ عَلَيْهِمْ وَاَمْدَدْنٰكُمْ بِاَمْوَالٍ وَّبَنِيْنَ وَجَعَلْنٰكُمْ اَكْثَرَ نَفِيْرًا٦
Ṡumma radadnā lakumul-karrata ‘alaihim wa amdadnākum bi'amwāliw wa banīna wa ja‘alnākum akṡara nafīrā(n).
[6]
Wong bani Israil sawise keplayu anggone perang, (banjur padha tobat ing Allah). Ingkono banjur Ingsun balekake Kratone, sarta padha diparingi sugih bandha lan anak, lan Ingsun dadekake bebrayan luwih dening akeh.
اِنْ اَحْسَنْتُمْ اَحْسَنْتُمْ لِاَنْفُسِكُمْ ۗوَاِنْ اَسَأْتُمْ فَلَهَاۗ فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ الْاٰخِرَةِ لِيَسٗۤـُٔوْا وُجُوْهَكُمْ وَلِيَدْخُلُوا الْمَسْجِدَ كَمَا دَخَلُوْهُ اَوَّلَ مَرَّةٍ وَّلِيُتَبِّرُوْا مَا عَلَوْا تَتْبِيْرًا٧
In aḥsantum aḥsantum li'anfusikum, wa in asa'tum fa lahā, fa iżā jā'a wa‘dul-ākhirati liyasū'ū wujūhakum wa liyadkhulal-masjida kamā dakhalūhu awwala marratiw wa liyutabbirū mā ‘alau tatbīrā(n).
[7]
(Pangandikane Allah marang wong Bani Israil), "Menawa sira nindakake panggawe becik, iya mung kanggo awakira dhewe lan lamun sira agawe ala, iya mitunani marang jiwanira." Bareng janji (siksa) kang pungkasan (kapindho) wis teka, Ingsun nuli ngutus musuh-musuhira (raja Parsi lan Rum) supaya nginakake (ngalahake) marang sira (Bani Israil), lan uga supaya wong-wong padha mlebu ing Masjid (Baitul Maqdis lan wewengkone) kaya anggone wis padha mlebu ngobrak-ngabrik dhek biyen (kang sapisan). Mengkono uga mungsuhira supaya (ora leren-leren) ngrusak sira kabeh selagine dheweke isih nyekel kekuasaan.
عَسٰى رَبُّكُمْ اَنْ يَّرْحَمَكُمْۚ وَاِنْ عُدْتُّمْ عُدْنَاۘ وَجَعَلْنَا جَهَنَّمَ لِلْكٰفِرِيْنَ حَصِيْرًا٨
‘Asā rabbukum ay yarḥamakum, wa in ‘uttum ‘udnā, wa ja‘alnā jahannama lil-kāfirīna ḥaṣīrā(n).
[8]
(He wong Bani Israil, sawise sira gawe kerusakan ana ing bumi kang kapindho iki, menawa sira banjur tobat temenan) muga-muga Pangeranira paring (pangapura) lan rahmat marang sira kabeh. Dene menawa sira bali (gawe kerusakan ana ing bumi maneh), Ingsun mesthi uga bali paring siksa ing sira. Lan Ingsun ndamel Jahannam iku kanggo pakundjarane wong-wong kafir.
اِنَّ هٰذَا الْقُرْاٰنَ يَهْدِيْ لِلَّتِيْ هِيَ اَقْوَمُ وَيُبَشِّرُ الْمُؤْمِنِيْنَ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصّٰلِحٰتِ اَنَّ لَهُمْ اَجْرًا كَبِيْرًاۙ٩
Inna hāżal-qur'āna yahdī lil-latī hiya aqwamu wa yubasysyirul-mu'minīnal-lażīna ya‘malūnaṣ-ṣāliḥāti anna lahum ajran kabīrā(n).
[9]
Satemene Qur'an iku nuduhake marang dalan kang luwih bener lan dadi bebungah tumrap wong-wong kang padha mukmin, yaiku wong-wong kang nindakake kabecikan, satemen dheweke iku bakal kaparingan ganjarang kang gedhe (yaiku suwarga).
وَّاَنَّ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ اَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا ࣖ١٠
Wa annal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati a‘tadnā lahum ‘ażāban alīmā(n).
[10]
Lan satemene wong-wong kang ora percaya ing akherat iku, Ingsun cawisi siksa kang nglarani.
وَيَدْعُ الْاِنْسَانُ بِالشَّرِّ دُعَاۤءَهٗ بِالْخَيْرِۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ عَجُوْلًا١١
Wa yad‘ul-insānu bisy-syarri du‘ā'ahū bil-khair(i), wa kānal-insānu ‘ajūlā(n).
[11]
Manungsa iku (menawa pinuju susah atine utawa pinuju nepsu) banjur nyuwun ala marang Allah (tumrap awake dhewe utawa bandhane) padha bae karo yen (pinuju lega lan bungah atine banjur padha nyuwun kebecikan marang Allah). Kang mengkono iku jalaran kahanane manungsa iku pancen dhemen kesusu (tanpa mikir kapriye bakal wekasane).
وَجَعَلْنَا الَّيْلَ وَالنَّهَارَ اٰيَتَيْنِ فَمَحَوْنَآ اٰيَةَ الَّيْلِ وَجَعَلْنَآ اٰيَةَ النَّهَارِ مُبْصِرَةً لِّتَبْتَغُوْا فَضْلًا مِّنْ رَّبِّكُمْ وَلِتَعْلَمُوْا عَدَدَ السِّنِيْنَ وَالْحِسَابَۗ وَكُلَّ شَيْءٍ فَصَّلْنٰهُ تَفْصِيْلًا١٢
Wa ja‘alnal-laila wan-nahāra āyataini fa maḥaunā āyatal-laili wa ja‘alnā āyatan-nahāri mubṣiratal litabtagū faḍlam mir rabbikum wa lita‘lamū ‘adadas-sinīna wal-ḥisāb(a), wa kulla syai'in faṣṣalnāhu tafṣīlā(n).
[12]
Lan Ingsun ndadekake wengi lan rina minagka kanggo tandha yekti (kang nuduhake kuwasaningsun). Ingsun nuli ndadekake peteng iku tandha wengi lan tandha awan iku padhang supaya sira kabeh padha ngupaya kanugrahan saka ngarsane Pangeranira kabeh, lan sira supaya sumurup wilangane tahun lan etungane dina lan sasi. Lan kabeh perkara (agama sarta penguripan donyanira) yekti wis Ingsun pratelakake kanthi gamblang.
وَكُلَّ اِنْسَانٍ اَلْزَمْنٰهُ طٰۤىِٕرَهٗ فِيْ عُنُقِهٖۗ وَنُخْرِجُ لَهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ كِتٰبًا يَّلْقٰىهُ مَنْشُوْرًا١٣
Wa kulla insānin alzamnāhu ṭā'irahū fī ‘unuqih(ī), wa nukhriju lahū yaumal-qiyāmati kitābay yalqāhu mansyūrā(n).
[13]
Lan kabeh manungsa iku wis Ingsun gantungake kabeh amale (tetulisane ala lan becik) dhewe-dhwe ana ing gulune, lan Ingsun bakal ngetokae catetan amale ana in dina Qiyamat, dipasrahake marang dheweke tur wis kebukak.
اِقْرَأْ كِتٰبَكَۗ كَفٰى بِنَفْسِكَ الْيَوْمَ عَلَيْكَ حَسِيْبًاۗ١٤
Iqra' kitābak(a), kafā binafsikal-yauma ‘alaika ḥasībā(n).
[14]
(Ingsun banjur ngendika), "Wacanen kitabira (tulisan catetan amal ala lan becik ira iku) kang ngisab (ngitung lan nyekseni) sira ing dina iki, cukup awakira dhewe".
مَنِ اهْتَدٰى فَاِنَّمَا يَهْتَدِيْ لِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ ضَلَّ فَاِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيْهَاۗ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِّزْرَ اُخْرٰىۗ وَمَا كُنَّا مُعَذِّبِيْنَ حَتّٰى نَبْعَثَ رَسُوْلًا١٥
Manihtadā fa innamā yahtadī linafsih(ī), wa man ḍalla fa innamā yaḍillu ‘alaihā, wa lā taziru wāziratuw wizra ukhrā, wa mā kunnā mu‘ażżibīna ḥattā nab‘aṡa rasūlā(n).
[15]
Sing sapa kang pikantuk pituduh bener, satemene anggone pikantuk pituduh iku migunani tumrap awake dhewe. Dene sing sapa kesasar, satemene sasare mau iya mung tumrap awake dhewe uga. Dene wong kang dosa iku ora bakal mikul dosane liyan. Lan Ingsun ora nyiksa sawijining kaum, kajaba yen Ingsun wis ngutus Utusan marang kaum mau (kang mangka Utusan mau ora diestokake dhawuhe).
وَاِذَآ اَرَدْنَآ اَنْ نُّهْلِكَ قَرْيَةً اَمَرْنَا مُتْرَفِيْهَا فَفَسَقُوْا فِيْهَا فَحَقَّ عَلَيْهَا الْقَوْلُ فَدَمَّرْنٰهَا تَدْمِيْرًا١٦
Wa iżā aradnā an nuhlika qaryatan amarnā mutrafīhā fa fasaqū fīhā fa ḥaqqa ‘alaihal-qaulu fa dammarnāhā tadmīrā(n).
[16]
Menawa Ingsun wis kersa ngrusak sawijining negara, sakawite Ingsun paring dhawuh marang wong ing negara mau dalah para penggedene, wusana wong wong mau padha tumindak duraka, mopo marang prentah Ingsun, ing kono banjur tetep wajib tibaning putusan (kudu ngrusak negara iku, sarta Igsun rusak babar pisan).
وَكَمْ اَهْلَكْنَا مِنَ الْقُرُوْنِ مِنْۢ بَعْدِ نُوْحٍۗ وَكَفٰى بِرَبِّكَ بِذُنُوْبِ عِبَادِهٖ خَبِيْرًاۢ بَصِيْرًا١٧
Wa kam ahlaknā minal-qurūni mim ba‘di nūḥ(in), wa kafā birabbika biżunūbi ‘ibādihī khabīram baṣīrā(n).
[17]
Lan wis pira kehe sawenehe ummat kang Insun rusak sawise Nuh. Satemene wis cukup Pangeranira kang Maha Waspada sarta maha Ngudaneni ing dosa-dosane para kawulane.
مَنْ كَانَ يُرِيْدُ الْعَاجِلَةَ عَجَّلْنَا لَهٗ فِيْهَا مَا نَشَاۤءُ لِمَنْ نُّرِيْدُ ثُمَّ جَعَلْنَا لَهٗ جَهَنَّمَۚ يَصْلٰىهَا مَذْمُوْمًا مَّدْحُوْرًا١٨
Man kāna yurīdul-‘ājilata ‘ajjalnā lahū fīhā mā nasyā'u liman nurīdu ṡumma ja‘alnā lahū jahannam(a), yaṣlāhā mażmūmam madḥūrā(n).
[18]
Sing sapa nyuwun ganjaran (dikenceng) ana ing donya, yekti Ingsun maringi miturut kersaningsun marang wong-wong kang Ingsun kersakake. Dene besuk ana ing akherat, Ingsun wis ndadekake neraka Jahannam dadi cawisane dheweke, lan dheweke banjur mlebu ana ing kono klawan diasorake lan didohake saka rahmate Allah.
وَمَنْ اَرَادَ الْاٰخِرَةَ وَسَعٰى لَهَا سَعْيَهَا وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَاُولٰۤىِٕكَ كَانَ سَعْيُهُمْ مَّشْكُوْرًا١٩
Wa man arādal-ākhirata wa sa‘ā lahā sa‘yahā wa huwa mu'minun fa ulā'ika kāna sa‘yuhum masykūrā(n).
[19]
Dene sing sapa nyuwun ganjaran an ing akherat, lan dheweke iku nindakake pengawiyan kang tumuju lan mikolehe ana akherat, tur percaya marang Allah, wong-wong kang mengkono mau kang lakune bakal diterima dening Allah.
كُلًّا نُّمِدُّ هٰٓؤُلَاۤءِ وَهٰٓؤُلَاۤءِ مِنْ عَطَاۤءِ رَبِّكَ ۗوَمَا كَانَ عَطَاۤءُ رَبِّكَ مَحْظُوْرًا٢٠
Kullan numiddu hā'ulā'i wa hā'ulā'i min ‘aṭā'i rabbik(a), wa mā kāna ‘aṭā'u rabbika maḥẓūrā(n).
[20]
Kabeh golongan loro (yaiku wong kang padha nyuwun ganjaran ana ing donya lan wong kang nyuwun ganjaran ana ing akherat) mau, kabeh padha Ingsun paringi penyuwunan saka peparinge Allah Pangeranira. Lan peparinge pangeranira iku ora dipepet.
اُنْظُرْ كَيْفَ فَضَّلْنَا بَعْضَهُمْ عَلٰى بَعْضٍۗ وَلَلْاٰخِرَةُ اَكْبَرُ دَرَجٰتٍ وَّاَكْبَرُ تَفْضِيْلًا٢١
Unẓur kaifa faḍḍalnā ba‘ḍahum ‘alā ba‘ḍ(in), wa lal-ākhiratu akbaru darajātiw wa akbaru tafḍīlā(n).
[21]
Sira ndelenga, kepriye anggon Ingsun ngluwihake anggon Ingsun peparing marang sawanehing manungsa, ngungkuli tinimbang liyane. Dene peparing Ingsun ana ing akherat iku luwih gedhe drajate lan luwih gedhe kautamane (tinimbang donya).
لَا تَجْعَلْ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ فَتَقْعُدَ مَذْمُوْمًا مَّخْذُوْلًا ࣖ٢٢
Lā taj‘al ma‘allāhi ilāhan ākhara fa taq‘uda mażmūmam makhżūlā(n).
[22]
Sira aja ngadekake Pangeran saliyane Allah, sebab yen mengkono sira mesti dadi wong kang cinacad tur ina (ora pikantuk pitulung saka Allah).
۞ وَقَضٰى رَبُّكَ اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّآ اِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسٰنًاۗ اِمَّا يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ الْكِبَرَ اَحَدُهُمَآ اَوْ كِلٰهُمَا فَلَا تَقُلْ لَّهُمَآ اُفٍّ وَّلَا تَنْهَرْهُمَا وَقُلْ لَّهُمَا قَوْلًا كَرِيْمًا٢٣
Wa qaḍā rabbuka allā ta‘budū illā iyyāhu wa bil-wālidaini iḥsānā(n), immā yabluganna ‘indakal-kibara aḥaduhumā au kilāhumā falā taqul lahumā uffiw wa lā tanhar humā wa qul lahumā qaulan karīmā(n).
[23]
Lan Pangeranira uga wus dhawuh marang sira, (Pangandikane), "He manungsa, sira aja padha manembah kajaba marang Allah, lan majibake mbeciki lan ngabekti marang wong tuwa loro, luwih-luwih maneh menawa sira menangi anggone pikun wong tuwanira loro utawa salah sijine, sira aja ngucap "hus" lan sira aja nyulayani (sereng) marang kekarepe wong tuwa kang ora luput, sarta ngucap marang wong tuwamu loro kanti ucapan kang mulya (lan ngaresepake)".
وَاخْفِضْ لَهُمَا جَنَاحَ الذُّلِّ مِنَ الرَّحْمَةِ وَقُلْ رَّبِّ ارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيٰنِيْ صَغِيْرًاۗ٢٤
Wakhfiḍ lahumā janāḥaż-żulli minar-raḥmati wa qur rabbirḥamhumā kamā rabbayānī ṣagīrā(n).
[24]
Lan sira kudu di-andhap asor sarta tata krama (ngerpepeh) marang wong tuwanira loro, kang nuduhake rasa katresnan marang wong tuwamu mau. Lan sira nyenyuwuna ing Allah minangka kanggo bektimu marang wong tuwanira, "Dhuh pangeran kawula, mugi Panjenengan paring rahmat dhatng tiyang sepuh kekalih kawula, kados anggenipun sami anggula-wendhah dhateng kawula nalika taksih alit".
رَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِمَا فِيْ نُفُوْسِكُمْ ۗاِنْ تَكُوْنُوْا صٰلِحِيْنَ فَاِنَّهٗ كَانَ لِلْاَوَّابِيْنَ غَفُوْرًا٢٥
Rabbukum a‘lamu bimā fī nufūsikum, in takūnū ṣāliḥīna fa innahū kāna lil-awwābīna gafūrā(n).
[25]
Allah Pangeranira mesthi luwih nguningani kabeh barang kang ana ing batinira. Menawa sira iku padha tumindak becik, satemene Panjenengane iku Maha Pangapura marang wong-wong kang padha bali tobat.
وَاٰتِ ذَا الْقُرْبٰى حَقَّهٗ وَالْمِسْكِيْنَ وَابْنَ السَّبِيْلِ وَلَا تُبَذِّرْ تَبْذِيْرًا٢٦
Wa āti żal-qurbā ḥaqqahū wal-miskīna wabnas-sabīli wa lā tubażżir tabżīrā(n).
[26]
Lan sira menehna sing dadi haqe keluarga, wong miskin, lan wong kang pinuju lelungan (ibnu sabil), lan poma dipoma sira aja ngebreh mbeborosan (nanjakake bandhanira ana ing tindak ma'syiat).
اِنَّ الْمُبَذِّرِيْنَ كَانُوْٓا اِخْوَانَ الشَّيٰطِيْنِ ۗوَكَانَ الشَّيْطٰنُ لِرَبِّهٖ كَفُوْرًا٢٧
Innal-mubażżirīna kānū ikhwānasy-syayāṭīn(i), wa kānasy-syaiṭānu lirabbihī kafūrā(n).
[27]
Satemene wong kang ngebreh (mbeborosan) iku dadi sedulure syetan. Ing mangka kahanane syetan iku kafir marang Pangeranira.
وَاِمَّا تُعْرِضَنَّ عَنْهُمُ ابْتِغَاۤءَ رَحْمَةٍ مِّنْ رَّبِّكَ تَرْجُوْهَا فَقُلْ لَّهُمْ قَوْلًا مَّيْسُوْرًا٢٨
Wa immā tu‘riḍanna ‘anhumubtigā'a raḥmatim mir rabbika tarjūhā faqul lahum qaulam maisūrā(n).
[28]
Lan menawa sira (Muhammad) nulak wongkang kudu diwenehi mau jalaran perlu arep golek luwih dhisik kanugrahan kang sira arep-arep saka Pangeranira, iku sira mangsulana kanthi pangucap kang becik.
وَلَا تَجْعَلْ يَدَكَ مَغْلُوْلَةً اِلٰى عُنُقِكَ وَلَا تَبْسُطْهَا كُلَّ الْبَسْطِ فَتَقْعُدَ مَلُوْمًا مَّحْسُوْرًا٢٩
Wa lā taj‘al yadaka maglūlatan ilā ‘unuqika wa lā tabsuṭhā kullal-basṭi fa taq‘uda malūmam maḥsūrā(n).
[29]
Lan sira aja ndadekake tanganira kablenggu ana ing gulunira (medhit) lan aja ngegarake banget-banget (aja keloman banget). Jalaran ing mengko sira dadi asor lan papa.
اِنَّ رَبَّكَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُ ۗاِنَّهٗ كَانَ بِعِبَادِهٖ خَبِيْرًاۢ بَصِيْرًا ࣖ٣٠
Inna rabbaka yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdir(u), innahū kāna bi‘ibādihī khabīram baṣīrā(n).
[30]
Satemene Pangeranira iku njembarakae lan ngurpegake rejemi marang wong kang dadi kepareng kersane. Satemene Panjenengane iku Maha Waspada lan Maha Ngudaneni marang para kawulane.
وَلَا تَقْتُلُوْٓا اَوْلَادَكُمْ خَشْيَةَ اِمْلَاقٍۗ نَحْنُ نَرْزُقُهُمْ وَاِيَّاكُمْۗ اِنَّ قَتْلَهُمْ كَانَ خِطْـًٔا كَبِيْرًا٣١
Wa lā taqtulū aulādakum khasy-yata imlāq(in), naḥnu narzuquhum wa iyyākum, inna qatlahum kāna khiṭ'an kabīrā(n).
[31]
Lan poma dipoma sira kabeh aja padha mateni anak-anakira, jalaran kuwatir mlarat. Ingsun kang paring rejeki marang dheweke lan paring rejeki marang sira kabeh. Satemene mateni anak-anak iku dosa kang gedhe.
وَلَا تَقْرَبُوا الزِّنٰىٓ اِنَّهٗ كَانَ فَاحِشَةً ۗوَسَاۤءَ سَبِيْلًا٣٢
Wa lā taqrabuz-zinā innahū kāna fāḥisyah(tan), wa sā'a sabīlā(n).
[32]
Lan sira kabeh aja pisan-pisan nyeraki laku zina, Satemene zina iku jember lan dalan kang luwih ala.
وَلَا تَقْتُلُوا النَّفْسَ الَّتِيْ حَرَّمَ اللّٰهُ اِلَّا بِالْحَقِّۗ وَمَنْ قُتِلَ مَظْلُوْمًا فَقَدْ جَعَلْنَا لِوَلِيِّهٖ سُلْطٰنًا فَلَا يُسْرِفْ فِّى الْقَتْلِۗ اِنَّهٗ كَانَ مَنْصُوْرًا٣٣
Wa lā taqtulun-nafsal-latī ḥarramallāhu illā bil-ḥaqq(i), wa man qutila maẓlūman faqad ja‘alnā liwaliyyihī sulṭānan falā yusrif fil-qatl(i), innahū kāna manṣūrā(n).
[33]
Lan sira kabeh aja padha mateni awak kang diharamake (diajeni lan dimulyakake) dening Allah (menawa dipateni) kajaba nganggo dalan kang bener. Lan sing sapa kang dipateni kanthi dikaniaya, satemene wong kang dadi waline wis Ingsun paringi wewenang marang wongkang mateni (arep males pati, denda utawa arep angapira iya kena). Poma dipoma waline mau aja keladuk anggone males pati. Satemene wongkang mati dikaniaya iku ditulungi.
وَلَا تَقْرَبُوْا مَالَ الْيَتِيْمِ اِلَّا بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ حَتّٰى يَبْلُغَ اَشُدَّهٗۖ وَاَوْفُوْا بِالْعَهْدِۖ اِنَّ الْعَهْدَ كَانَ مَسْـُٔوْلًا٣٤
Wa lā taqrabū mālal-yatīmi illā bil-latī hiya aḥsanu ḥattā yabluga asyuddah(ū), wa aufū bil-‘ahd(i), innal-‘ahda kāna mas'ūlā(n).
[34]
Lan sira kabeh aja padha cerak-cerak (aja padha wani-wani nganggo) marnag bandhane bocah yatim, kajaba kanthi dalan amrih becik, nganti tumeka mangsane dewasa (baligh). Lan sira padha netepana janji, jalaran satemene janji iku bakal ditagih.
وَاَوْفُوا الْكَيْلَ اِذَا كِلْتُمْ وَزِنُوْا بِالْقِسْطَاسِ الْمُسْتَقِيْمِۗ ذٰلِكَ خَيْرٌ وَّاَحْسَنُ تَأْوِيْلًا٣٥
Wa auful-kaila iżā kiltum wa zinū bil-qisṭāsil-mustaqīm(i), żālika khairuw wa aḥsanu ta'wīlā(n).
[35]
Lan sira padha nyampurnakna (ganepna) takeran menawa sira naker, sarta nimbanga kanthi timbangan kang jejeg (adil). Kang mengkono iku luwih becik lan becik-becike pungkasan (akherat).
وَلَا تَقْفُ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌ ۗاِنَّ السَّمْعَ وَالْبَصَرَ وَالْفُؤَادَ كُلُّ اُولٰۤىِٕكَ كَانَ عَنْهُ مَسْـُٔوْلًا٣٦
Wa lā taqfu mā laisa laka bihī ‘ilm(un), innas-sam‘a wal-baṣara wal-fu'āda kullu ulā'ika kāna ‘anhu mas'ūlā(n).
[36]
Lan sira aja pisan-pisan manut apa bae kang durung sira sumurupi 'ilmune, jalaran satemene pangrungu, pandeleng lan ati iku kabeh bakal diperiksa kahanane.
وَلَا تَمْشِ فِى الْاَرْضِ مَرَحًاۚ اِنَّكَ لَنْ تَخْرِقَ الْاَرْضَ وَلَنْ تَبْلُغَ الْجِبَالَ طُوْلًا٣٧
Wa lā tamsyi fil-arḍi marahā(n), innaka lan takhriqal-arḍa wa lan tablugal-jibāla ṭūlā(n).
[37]
Lan sira aja lumaku ana ing bumi gembelengan (gumedhe). Satemene sira ora bakal bisa mbotolake bumi, apadene dedekira ora madhani gunung.
كُلُّ ذٰلِكَ كَانَ سَيِّئُهٗ عِنْدَ رَبِّكَ مَكْرُوْهًا٣٨
Kullu żālika kāna sayyi'uhū ‘inda rabbika makrūhā(n).
[38]
Alane kabeh kang dicegah mau, banget ora direnani ana ing ngersane Pangeranira, (dne kang becik, dialembana).
ذٰلِكَ مِمَّآ اَوْحٰٓى اِلَيْكَ رَبُّكَ مِنَ الْحِكْمَةِۗ وَلَا تَجْعَلْ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ فَتُلْقٰى فِيْ جَهَنَّمَ مَلُوْمًا مَّدْحُوْرًا٣٩
Żālika mimmā auḥā ilaika rabbuka minal-ḥikmah(ti), wa lā taj‘al ma‘allāhi ilāhan ākhara fa tulqā fī jahannama malūmam madḥūrā(n).
[39]
Kabeh (dhawuh lan larangan) mau, sebageyan kang wis diwahyokake Pangeranira marang sira saka hukum kang mengku kawicaksanan, lan sira aja ndadekake Pangeran saliyane Allah, Sebab mengko sira bakal dilebokake ana ing Jahannam kanthi cinacad sarta didohake (saka rahmat).
اَفَاَصْفٰىكُمْ رَبُّكُمْ بِالْبَنِيْنَ وَاتَّخَذَ مِنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنَاثًاۗ اِنَّكُمْ لَتَقُوْلُوْنَ قَوْلًا عَظِيْمًا ࣖ٤٠
Afa aṣfākum rabbukum bil-banīna wattakhaża minal-malā'ikati ināṡā(n), innakum lataqūlūna qaulan ‘aẓīmā(n).
[40]
(He wong kafir) Apa nyata kaya ucapanira menawa Allah Pangeranira iku nemtokake marang sira mung duwe anak lanang bae, dene Panjenengane Allah piyambak mung peputra puteri, yaiku para Malaikat. Yen mengkono temen sira wis ngucapake omongan kang gedhe (dosane).
وَلَقَدْ صَرَّفْنَا فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ لِيَذَّكَّرُوْاۗ وَمَا يَزِيْدُهُمْ اِلَّا نُفُوْرًا٤١
Wa laqad ṣarrafnā fī hāżal-qur'āni liyażżakkarū, wa mā yazīduhum illā nufūrā(n).
[41]
Lan satemene Ingsun wis nerangake ana ing al-Qur'an iki (ancaman-ancaman perjanjian-perjanjian) supaya wong-wong mau padha eling, ananging keterangan-keterangan mau ora muwuhi apa-apa marang wong-wong mau, kajaba malah dadi tambah adoh (saka pitutur bener).
قُلْ لَّوْ كَانَ مَعَهٗ ٓ اٰلِهَةٌ كَمَا يَقُوْلُوْنَ اِذًا لَّابْتَغَوْا اِلٰى ذِى الْعَرْشِ سَبِيْلًا٤٢
Qul lau kāna ma‘ahū ālihatun kamā yaqūlūna iżal labtagau ilā żil-‘arsyi sabīlā(n).
[42]
He Muhammad, sira dhawuha, "Seumpama ana Pangeran liya kang ngancani Allah, kaya kang diucapake dening wong-wong mau, yen mengkono Pangeran-Pangeran mau temen padha golek dalan menyang Pangeran kang kagungan 'Arasy (Allah)".
سُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يَقُوْلُوْنَ عُلُوًّا كَبِيْرًا٤٣
Subḥānahū wa ta‘ālā ‘ammā yaqūlūna ‘uluwwan kabīrā(n).
[43]
Maha suci Panjenengan Allah sarta Maha Luhur saka kabeh kang diucapake dening wong-wong mau (wong-wong musyrik), sarta Maha Luhur lan Agung temenan.
تُسَبِّحُ لَهُ السَّمٰوٰتُ السَّبْعُ وَالْاَرْضُ وَمَنْ فِيْهِنَّۗ وَاِنْ مِّنْ شَيْءٍ اِلَّا يُسَبِّحُ بِحَمْدِهٖ وَلٰكِنْ لَّا تَفْقَهُوْنَ تَسْبِيْحَهُمْۗ اِنَّهٗ كَانَ حَلِيْمًا غَفُوْرًا٤٤
Tusabbiḥu lahus-samāwātus-sab‘u wal-arḍu wa man fīhinn(a), wa im min syai'in illā yusabbiḥu biḥamdihī wa lākil lā tafqahūna tasbīḥahum, innahū kāna ḥalīman gafūrā(n).
[44]
Langit pitu lan bumi pitu dalah saisine kabeh padha Maha Sucekake marang Panjenengane Allah. Ora ana barang dumadi kabeh padha Maha sucekake marang Panjenengane Allah klawan tembunge dhewe-dhewe, nanging sira ora padha mengerti anggone padha Maha Nucekake sarta Memuji. Satemene Panjenengane iku Pangeran Kang Maha Asih tur Kang Maha Pangapura.
وَاِذَا قَرَأْتَ الْقُرْاٰنَ جَعَلْنَا بَيْنَكَ وَبَيْنَ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ حِجَابًا مَّسْتُوْرًاۙ٤٥
Wa iżā qara'tal-qur'āna ja‘alnā bainaka wa bainal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati ḥijābam mastūrā(n).
[45]
Lan nalika sira maca al-Qur'an, Ingsun ndadekake ing antaranira lan antarane wong kang ora padha percaya anane akherat aling-aling kang nutupi (atine wong-wong mau nganggo ngerteni lan ngalam manfa'at al-Qur'an).
وَّجَعَلْنَا عَلٰى قُلُوْبِهِمْ اَكِنَّةً اَنْ يَّفْقَهُوْهُ وَفِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَقْرًاۗ وَاِذَا ذَكَرْتَ رَبَّكَ فِى الْقُرْاٰنِ وَحْدَهٗ وَلَّوْا عَلٰٓى اَدْبَارِهِمْ نُفُوْرًا٤٦
Wa ja‘alnā ‘alā qulūbihim akinnatan ay yafqahūhu wa fī āżānihim waqrā(n), wa iżā żakarta rabbaka fil-qur'āni waḥdahū wallau ‘alā adbārihim nufūrā(n).
[46]
Lan Ingsun ndadekake tutup ana ing atine wong-wong mau supaya padha ora mangerti al-Qur'an, semono uga ana ing kupinge, Ingsun abotake supaya ora bisa krungu al-Qur'an. Lan menawa sira nyebut Pangeranira piyambak ana ing al-Qur'an mau, dheweke banjur padha mlengos ngungkurake lan ngedoh.
نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَسْتَمِعُوْنَ بِهٖٓ اِذْ يَسْتَمِعُوْنَ اِلَيْكَ وَاِذْ هُمْ نَجْوٰٓى اِذْ يَقُوْلُ الظّٰلِمُوْنَ اِنْ تَتَّبِعُوْنَ اِلَّا رَجُلًا مَّسْحُوْرًا٤٧
Naḥnu a‘lamu bimā yastami‘ūna bihī iż yastami‘ūna ilaika wa iż hum najwā iż yaqūluẓ-ẓālimūna in tattabi‘ūna illā rajulam masḥūrā(n).
[47]
Ingsun luwih ngudaneni ing apa wong-wong kang ora percaya ngrungokake al-Qur'an nalikane sira maca, Lan Ingsun luwih ngudaneni nalika padha bisik-bisik ngrasani sira, yaiku nalika wong-wong kang nganiaya padha ngucapa, "Ora ana liya kang sira turut iku kajaba wong lanang kang kena sihir".
اُنْظُرْ كَيْفَ ضَرَبُوْا لَكَ الْاَمْثَالَ فَضَلُّوْا فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ سَبِيْلًا٤٨
Unẓur kaifa ḍarabū lakal-amṡāla fa ḍallū falā yastaṭī‘ūna sabīlā(n).
[48]
Ndelenga, kapriye wong-wong mau anggone wis gawe upama kanggo sira (sira dipadhakake wong kang kena sihir), tumuli wong mau padha kesasar saka dalan kang bener, dheweke padha ora bisa oleh dalan kang bener.
وَقَالُوْٓا ءَاِذَا كُنَّا عِظَامًا وَّرُفَاتًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَ خَلْقًا جَدِيْدًا٤٩
Wa qālū a'iżā kunnā ‘iẓāmaw wa rufātan a'innā lamab‘ūṡūna khalqan jadīdā(n).
[49]
Lan wong-wong (kafir) mau padha ngucap, "Besuk yen aku wis mati, wis dadi balung lan lemah, apa iya bakal ditangekake saka pati, banjur dadi titah anyar?"
۞ قُلْ كُوْنُوْا حِجَارَةً اَوْ حَدِيْدًاۙ٥٠
Qul kūnū ḥijāratan au ḥadīdā(n).
[50]
Dhawuha, "Sira padha dadiya watu utawa wesi".
اَوْ خَلْقًا مِّمَّا يَكْبُرُ فِيْ صُدُوْرِكُمْ ۚفَسَيَقُوْلُوْنَ مَنْ يُّعِيْدُنَاۗ قُلِ الَّذِيْ فَطَرَكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍۗ فَسَيُنْغِضُوْنَ اِلَيْكَ رُءُوْسَهُمْ وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هُوَۗ قُلْ عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنَ قَرِيْبًا٥١
Au khalqam mimmā yakburu fī ṣudūrikum, fa sayaqūlūna may yu‘īdunā, qulil-lażī faṭarakum awwala marrah(tin), fa sayun-giḍūna ilaika ru'ūsahum wa yaqūlūna matā huw(a), qul ‘asā ay yakūna qarībā(n).
[51]
Utawa dadi titah kang gedhe miturut rasaning atimu (mesthi bakal ditangekake uga sawise mati). Wong-wong mau bakal padha ngucap, "Sapa sing bakal mbalekake aku urip maneh?" Sira dhawuha (Muhammad): Pangeran kang wis nitahake sira sekawit biyen. wong-wong mau bakal nggedek-gedekake sirahe marang sira, sarta ngucap maneh, "besuk kapan iku?", sira dhawuha, "Muga-muga bae wis cedhak".
يَوْمَ يَدْعُوْكُمْ فَتَسْتَجِيْبُوْنَ بِحَمْدِهٖ وَتَظُنُّوْنَ اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا قَلِيْلًا ࣖ٥٢
Yauma yad‘ūkum fa tastajībūna biḥamdihī wa taẓunnūna il labiṡtum illā qalīlā(n).
[52]
Yaiku ana ing dinane sira kabeh tinimbalan. Ingkono sira banjur padha ngestokake dhawuh klawan muji ing Allah. Lan sira duwe pangira menawa urip ana ing donya lan ana ing kubur iku mung sedhela.
وَقُلْ لِّعِبَادِيْ يَقُوْلُوا الَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُۗ اِنَّ الشَّيْطٰنَ يَنْزَغُ بَيْنَهُمْۗ اِنَّ الشَّيْطٰنَ كَانَ لِلْاِنْسَانِ عَدُوًّا مُّبِيْنًا٥٣
Wa qul li‘ibādī yaqūlul-latī hiya aḥsan(u), innasy-syaiṭāna yanzagu bainahum, innasy-syaiṭāna kāna lil-insāni ‘aduwwam mubīnā(n).
[53]
Lan (Muhammad) dhawuha marang kawulaningsun kang padha Iman kang padha mangsuli marang wong-wong kafir klawan kang luwih becik: "Satemene syetan iku nyebar wiji gegethingan ana ing antarane wong-wong mau (kafir) menawa sira (wong-wong mukmin) ngucap kasar, Satemene setan iku nyata dadi mungsuhing manungsa".
رَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِكُمْ اِنْ يَّشَأْ يَرْحَمْكُمْ اَوْ اِنْ يَّشَأْ يُعَذِّبْكُمْۗ وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ عَلَيْهِمْ وَكِيْلًا٥٤
Rabbukum a‘lamu bikum, iy yasya' yarḥamkum au iy yasya' yu‘ażżibkum, wa mā arsalnāka ‘alaihim wakīlā(n).
[54]
Allah Pangeranira iku luwih ngudaneni ing sira kabeh, Manawa dadi kaparenging kersane, mesthi paring rahmat marang sira kabeh, utawa menawa kersa, Panjenengane nyiksa sira kabeh. Lan Ingsun ora ngutus sira dadi wakil kang ngurus perkarane wong-wong mau.
وَرَبُّكَ اَعْلَمُ بِمَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَلَقَدْ فَضَّلْنَا بَعْضَ النَّبِيّٖنَ عَلٰى بَعْضٍ وَّاٰتَيْنَا دَاوٗدَ زَبُوْرًا٥٥
Wa rabbuka a‘lamu biman fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa laqad faḍḍalnā ba‘ḍan nabiyyīna ‘alā ba‘ḍiw wa ātainā dāwūda zabūrā(n).
[55]
Lan Pangeranira kang luwih ngudaneni wong-wong kang ana ing langit lan bumi, lan temen Ingsun wis ngluwihake sewenehe Nabi ngungkuli sawenehe. Serta Ingsun wis paringkitab zabur marang Dawud.
قُلِ ادْعُوا الَّذِيْنَ زَعَمْتُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ فَلَا يَمْلِكُوْنَ كَشْفَ الضُّرِّ عَنْكُمْ وَلَا تَحْوِيْلًا٥٦
Qulid‘ul-lażīna za‘amtum min dūnihī falā yamlikūna kasyfaḍ-ḍurri ‘ankum wa lā taḥwīlā(n).
[56]
Dhawuha (sira Muhammad marang wong-wong kafir), "Sira njaluka pitulung marang brahala-brahala kang sira anggep dadi Pangeran saliyane Allah". Yekti ora bakal padha bisa ngilangake wong liya.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ يَبْتَغُوْنَ اِلٰى رَبِّهِمُ الْوَسِيْلَةَ اَيُّهُمْ اَقْرَبُ وَيَرْجُوْنَ رَحْمَتَهٗ وَيَخَافُوْنَ عَذَابَهٗۗ اِنَّ عَذَابَ رَبِّكَ كَانَ مَحْذُوْرًا٥٧
Ulā'ikal-lażīna yad‘ūna yabtagūna ilā rabbihimul-wasīlata ayyuhum aqrabu wa yarjūna raḥmatahū wa yakhāfūna ‘ażābah(ū), inna ‘ażāba rabbika kāna maḥżūrā(n).
[57]
KAng dianggep Pangeran dening wong-wong mau, kabeh padha ngupaya lantaran supaya kacerak marang Pangerane. Endi kang luwih cerak marang Pangerane (ora leren-leren golek lantaran supaya tambah kacerak) lan dheweke iku (kang dianggep Pangeran) salawe uga ngarep-ngarep rahmate Allah lan wedi ing siksane. Satemene siksane Pangeranira iku kudu luwih diwedeni.
وَاِنْ مِّنْ قَرْيَةٍ اِلَّا نَحْنُ مُهْلِكُوْهَا قَبْلَ يَوْمِ الْقِيٰمَةِ اَوْ مُعَذِّبُوْهَا عَذَابًا شَدِيْدًاۗ كَانَ ذٰلِكَ فىِ الْكِتٰبِ مَسْطُوْرًا٥٨
Wa im min qaryatin illā naḥnu muhlikūhā qabla yaumil-qiyāmati au mu‘ażżibūhā ‘ażāban syadīdā(n), kāna żālika fil-kitābi masṭūrā(n).
[58]
Lan ora ana sawijining negara (senadyan wong kang tumindak ala utawa becik), kajaba Ingsun kang ngrusak ahli-ahline sadurunge Qiyamat (wong kang ngabekti Allah padha Ingsun pundhut kelawan mati mukmin, dene wong kafir padha Ingsun rusak klawan turuning siksa kang abot). Kahanan kang mengkono iku (ngrusak lan nyiksa mau) wis ditulis ana ing Kitab (Lauhil Mahfudz).
وَمَا مَنَعَنَآ اَنْ نُّرْسِلَ بِالْاٰيٰتِ اِلَّآ اَنْ كَذَّبَ بِهَا الْاَوَّلُوْنَۗ وَاٰتَيْنَا ثَمُوْدَ النَّاقَةَ مُبْصِرَةً فَظَلَمُوْا بِهَاۗ وَمَا نُرْسِلُ بِالْاٰيٰتِ اِلَّا تَخْوِيْفًا٥٩
Wa mā mana‘anā an nursila bil-āyāti illā an każżaba bihal-awwalūn(a), wa ātainā ṡamūdan-nāqata mubṣiratan fa ẓalamū bihā, wa mā nursilu bil-āyāti illā takhwīfā(n).
[59]
Lan ora ana barang kang murungake anggoningsun nurunake tanda yekti (kang disuwun dening wong-wong mau) kajaba sebab wong dhek biyen wis nate kelakon padha nggorohake tandha yekti mau. Lan Ingsun wis maringi marang kaum Tsamud (kaume nabi Shaleh) sawijining Unta wadon kang cetha dadi tanda yekti kebenerane kenabiyane Nabi Shalih, nanging wong-wong mau banjur padha nganiaya (nyembeleh). Ingsun ora nurunake tanda yakti iku kajaba mung kanggo pepeling supaya padha wedi (siksa akherat).
وَاِذْ قُلْنَا لَكَ اِنَّ رَبَّكَ اَحَاطَ بِالنَّاسِۗ وَمَا جَعَلْنَا الرُّءْيَا الَّتِيْٓ اَرَيْنٰكَ اِلَّا فِتْنَةً لِّلنَّاسِ وَالشَّجَرَةَ الْمَلْعُوْنَةَ فِى الْقُرْاٰنِ ۗ وَنُخَوِّفُهُمْۙ فَمَا يَزِيْدُهُمْ اِلَّا طُغْيَانًا كَبِيْرًا ࣖ٦٠
Wa iż qulnā laka inna rabbaka aḥāṭa bin-nās(i), wa mā ja‘alnar-ru'yal-latī araināka illā fitnatal lin-nāsi wasy-syajaratal mal‘ūnata fil-qur'ān(i), wa nukhawwifuhum, famā yazīduhum illā ṭugyānan kabīrā(n).
[60]
(Muhammad) sira nyritakna nalika Ingsun dhawuh marang sira, "Satemene Kuwasa lan Waspadane Pangeranira iku nglimputi para manungsa, Lan Ingsun ora ndadekake kabeh kang dikatonake marang sira ana ing wengine Mi'raj, kajaba dadi coba tumra para manungsa, sarta Ingsun ora nyritakake kayu Zaqum kang dila'nat ana ing Qur'an, kajaba dadi pituduh (coba) uga. Lan Ingsun medeni wong-wong mau nanging ora nambahi apa-apa kejaba saya tambah lacut temenan".
وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ قَالَ ءَاَسْجُدُ لِمَنْ خَلَقْتَ طِيْنًاۚ٦١
Wa iż qulnā lil-malā'ikatisjudū li'ādama fa sajadū illā iblīs(a), qāla a'asjudu liman khalaqta ṭīnā(n).
[61]
Lan nalikane Ingsun dhawuh marang para Malaikat, "Sira padha sujuda marang Adam", para Malaikat mau banjur padha ngestokake dhawuh, padha sujud marang Nabi Adam, kejaba mung Iblis, matur marang Allah, "Punapa kawula kedah sujud dhateng tuyang ingkang Panjenengan titahaken saking siti?".
قَالَ اَرَاَيْتَكَ هٰذَا الَّذِيْ كَرَّمْتَ عَلَيَّ لَىِٕنْ اَخَّرْتَنِ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ لَاَحْتَنِكَنَّ ذُرِّيَّتَهٗٓ اِلَّا قَلِيْلًا٦٢
Qāla ara'aitaka hāżal-lażī karramta ‘alayya la'in akhkhartani ilā yaumil-qiyāmati la'aḥtanikanna żurriyyatahū illā qalīlā(n).
[62]
Iblis matur maneh, "Mugi Oanjenengan paring sumerep dhateng kawula (awit saking punapa) tiyang punika Panjenengan paringi kamulyan langkung saking kawula (ingkang mangka kawula punika kadadosan saking latu). Saleresipun menawi Panjenengan kersa paring wekdal dateng kawula ngantus dinten Qiyamat, tamtu kawula telasaken anak turunipun (supados kesasar) kajawi namung sekedhik ingkang kantun (ingkang Panjenengan reksa)".
قَالَ اذْهَبْ فَمَنْ تَبِعَكَ مِنْهُمْ فَاِنَّ جَهَنَّمَ جَزَاۤؤُكُمْ جَزَاۤءً مَّوْفُوْرًا٦٣
Qālażhab faman tabi‘aka minhum fa inna jahannama jazā'ukum jazā'am maufūrā(n).
[63]
Pangandikane Allah marang Iblis, "He Iblis, sira enggal lungaa! (Sira Ingsun srantekake tume dina Qiyamat)". Sabanjure sapa bae, manut sira (Iblis) saka anak turune Adam, satenene Jahanam iku dadi piwalesira kabeh, piwales kang sampurna.
وَاسْتَفْزِزْ مَنِ اسْتَطَعْتَ مِنْهُمْ بِصَوْتِكَ وَاَجْلِبْ عَلَيْهِمْ بِخَيْلِكَ وَرَجِلِكَ وَشَارِكْهُمْ فِى الْاَمْوَالِ وَالْاَوْلَادِ وَعِدْهُمْۗ وَمَا يَعِدُهُمُ الشَّيْطٰنُ اِلَّا غُرُوْرًا٦٤
Wastafziz manistaṭa‘ta minhum biṣautika wa ajlib ‘alaihim bikhailika wa rajilika wa syārikūhum fil-amwāli wal-aulādi wa ‘idhum, wa mā ya‘iduhumusy-syaiṭānu illā gurūrā(n).
[64]
Lan sira ambujuka sapa bae kang bisa sira godha klawan suwaranira saka anak turune Adam, lan undangen kanca-kancanira kang manungggang lan lumaku, lan sira campura klawan dheweke ana ing bandha lan anak (bantunen ana ing dalan haram) lan sira gaweya perjanjian marang dheweke. ora ana liya janjine setan marang dheweke mung pengreka daya (cidra).
اِنَّ عِبَادِيْ لَيْسَ لَكَ عَلَيْهِمْ سُلْطٰنٌۗ وَكَفٰى بِرَبِّكَ وَكِيْلًا٦٥
Inna ‘ibādī laisa laka ‘alaihim sulṭān(un), wa kafā birabbika wakīlā(n).
[65]
(Satemene sira (Iblis)) Ora duwe wewenang(kuasa) meksa kawula nigsung (kang padha iman) lan cukup Pangeranira iku pinasrahan (kabeh perkara).
رَبُّكُمُ الَّذِيْ يُزْجِيْ لَكُمُ الْفُلْكَ فِى الْبَحْرِ لِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖۗ اِنَّهٗ كَانَ بِكُمْ رَحِيْمًا٦٦
Rabbukumul-lażī yuzjī lakumul-fulka fil-baḥri litabtagū min faḍlih(ī), innahū kāna bikum raḥīmā(n).
[66]
(He manungsa) Pangeranira iku kang nglakokake prahu ana ing segara, supaya sira ngupaya kanugrahane. Satemene Panjenengane iku Maha Asih marang sira kabeh.
وَاِذَا مَسَّكُمُ الضُّرُّ فِى الْبَحْرِ ضَلَّ مَنْ تَدْعُوْنَ اِلَّآ اِيَّاهُۚ فَلَمَّا نَجّٰىكُمْ اِلَى الْبَرِّ اَعْرَضْتُمْۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ كَفُوْرًا٦٧
Wa iżā massakumuḍ-ḍurru fil-baḥri ḍalla man tad‘ūna illā iyyāh(u), falammā najjākum ilal-barri a‘raḍtum, wa kānal-insānu kafūrā(n).
[67]
Lan menawa sira kekenan kesusahan ana ing satengahing segara (kuwatir kerem), banjur tanpa guna brahala-brahala kang sira suwun-suwuni, kajaba mung nyuwun marang Panjenengane Allah piyambak. Bareng sira wis diselametake dening Panjenengane Allah bisa tekan ing daratan, sira banjur mlengos. Lan manungsa iku ora gelem syukur marang nikmate Allah.
اَفَاَمِنْتُمْ اَنْ يَّخْسِفَ بِكُمْ جَانِبَ الْبَرِّ اَوْ يُرْسِلَ عَلَيْكُمْ حَاصِبًا ثُمَّ لَا تَجِدُوْا لَكُمْ وَكِيْلًا ۙ٦٨
Afa amintum ay yakhsifa bikum jānibal-barri au yursila ‘alaikum ḥaṣiban ṡumma lā tajidū lakum wakīlā(n).
[68]
Apa sira duwe keyakinan bisa aman, menawa Ingsun ngamblesake sira ana ing sanding daratan, utawa Ingsun ngudani watu saka langit marang sira, sira banjur ora bisa pikantuk pitulungan.
اَمْ اَمِنْتُمْ اَنْ يُّعِيْدَكُمْ فِيْهِ تَارَةً اُخْرٰى فَيُرْسِلَ عَلَيْكُمْ قَاصِفًا مِّنَ الرِّيْحِ فَيُغْرِقَكُمْ بِمَا كَفَرْتُمْۙ ثُمَّ لَا تَجِدُوْا لَكُمْ عَلَيْنَا بِهٖ تَبِيْعًا٦٩
Am amintum ay yu‘īdakum fīhi tāratan ukhrā fa yursila ‘alaikum qāṣifam minar-rīḥi fa yugriqakum bimā kafartum, ṡumma lā tajidū lakum ‘alainā bihī tabī‘ā(n).
[69]
Utawa apa sira duwe keyakinan bisa aman, yen Panjenengane bakal mbalekake sira kabeh marang segara maneh, ingkono Panjenengane banjur ngutus angin gedhe sarta ngeremake sira jalaran kekafiranira (ora gelem syukur). Nuli sira ora bisa pikantuk wong kang ngaru-biru Ingsun jalaran arep nulungi sira?
۞ وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِيْٓ اٰدَمَ وَحَمَلْنٰهُمْ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْنٰهُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ وَفَضَّلْنٰهُمْ عَلٰى كَثِيْرٍ مِّمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيْلًا ࣖ٧٠
Wa laqad karramnā banī ādama wa ḥamalnāhum fil-barri wal-baḥri wa razaqnāhum minaṭ-ṭayyibāti wa faḍḍalnāhum ‘alā kaṡīrim mimman khalaqnā tafḍīlā(n).
[70]
Lan temen Ingsun wis mulyakake anak turune Adam, lan Ingsun wis paring tetumpakan ana ing daratan lan segara, lan Ingsun paringi rejeki kang becik sarta wis Ingsun luwihake ngungkuli para makhluk kang wis Ingsun titahake.
يَوْمَ نَدْعُوْا كُلَّ اُنَاسٍۢ بِاِمَامِهِمْۚ فَمَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ بِيَمِيْنِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ يَقْرَءُوْنَ كِتٰبَهُمْ وَلَا يُظْلَمُوْنَ فَتِيْلًا٧١
Yauma nad‘ū kulla unāsim bi'imāmihim, faman ūtiya katābahū biyamīnihī fa ulā'ika yaqra'ūna kitābahum wa lā yuẓlamūna fatīlā(n).
[71]
(He Muhammad, sira nyritakna) ana ing dinane kabeh manungsa Ingsun timbale dalah para Pemimpin-pemimpine (ing dina Qiyamat), sing sapa diparingi kitab catetan amale saka sisih tengen, wong-wong kang mengkono iku kang pikantuk kabegjan bisa maca kitabe sarta dheweke ora padha dikaniaya sethitik-thithika.
وَمَنْ كَانَ فِيْ هٰذِهٖٓ اَعْمٰى فَهُوَ فِى الْاٰخِرَةِ اَعْمٰى وَاَضَلُّ سَبِيْلًا٧٢
Wa man kāna fī hāżihī a‘mā fa huwa fil-ākhirati a‘mā wa aḍallu sabīlā(n).
[72]
Dene sing sapa wuta atine ana ing donya iki, ana ing akherat besuk iya wuta lan luwih sasar dalane.
وَاِنْ كَادُوْا لَيَفْتِنُوْنَكَ عَنِ الَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ لِتَفْتَرِيَ عَلَيْنَا غَيْرَهٗۖ وَاِذًا لَّاتَّخَذُوْكَ خَلِيْلًا٧٣
Wa in kādū layaftinūnaka ‘anil-lażī auḥainā ilaika litaftariya ‘alainā gairah(ū), wa iżal lattakhażūka khalīlā(n).
[73]
Lan meh-meh wong kafir mau gawe fitnah marang sira (Muhammad) supaya sira mlengos saka dhawuh kang Ingsun dhawuhake marang sira, supaya sira gawe-gawe ngucapake kang beda karo dhawuhingsun, diakokake saka ngarsaningsun. Menawa sira nganti tumindak mengkono (manut karepe wong-wong mau) mesthi dheweke padha gelem ngalap kekasih marang sira.
وَلَوْلَآ اَنْ ثَبَّتْنٰكَ لَقَدْ كِدْتَّ تَرْكَنُ اِلَيْهِمْ شَيْـًٔا قَلِيْلًا ۙ٧٤
Wa lau lā an ṡabbatnāka laqad kitta tarkanu ilaihim syai'an qalīlā(n).
[74]
Lan saumpama sira ora Ingsun paringi teguh tetap atinira (nyekel dalan kang haq) meh-meh bae sira neja arep kapelu sethithik marang dheweke.
اِذًا لَّاَذَقْنٰكَ ضِعْفَ الْحَيٰوةِ وَضِعْفَ الْمَمَاتِ ثُمَّ لَا تَجِدُ لَكَ عَلَيْنَا نَصِيْرًا٧٥
Iżal-la'ażaqnāka ḍi‘fal-ḥayāti wa ḍi‘fal-mamāti ṡumma lā tajidu laka ‘alainā naṣīrā(n).
[75]
Menawa sira kelu yaiku nindakake penjaluke wong-wong mau (yaiku brahala-brahala aja dipecahi), mesthi Ingsun ngicipake ing sira supaya ngrasakake siksa donya kanthi tikel-matikel, mengkono uga siksa mati, sira banjur ora pikantuk kang mitulungi (nulak siksaningsun).
وَاِنْ كَادُوْا لَيَسْتَفِزُّوْنَكَ مِنَ الْاَرْضِ لِيُخْرِجُوْكَ مِنْهَا وَاِذًا لَّا يَلْبَثُوْنَ خِلٰفَكَ اِلَّا قَلِيْلًا٧٦
Wa in kādū layastafizzūnaka minal-arḍi liyukhrijūka minhā wa iżal lā yalbaṡūna khilāfaka illā qalīlā(n).
[76]
Lan satemene dheweke (wong-wong Yahudi) meh bae nundhung sira (Muhammad) saka bumi Madinah, amrih sira metu saka kono. Lan menawa dheweke nundhung sira, temen dheweke ora padha bisa tetap manggon ing kono sapungkurira kejaba ana ing wektu sedhela bae (banjur padha dirusak).
سُنَّةَ مَنْ قَدْ اَرْسَلْنَا قَبْلَكَ مِنْ رُّسُلِنَا وَلَا تَجِدُ لِسُنَّتِنَا تَحْوِيْلًا ࣖ٧٧
Sunnata man qad arsalnā qablaka mir rusulinā wa lā tajidu lisunnatinā taḥwīlā(n).
[77]
(Koyo mengkono iku uga) lelakone para Utusaningsun sadurungira (yaiku saben-saben negara kang wis ditinggalake dening Utusane, banjur enggal dirusak klawan ahline). Lan sira pra nemu owah-owahan ana ing dalan Ingsun.
اَقِمِ الصَّلٰوةَ لِدُلُوْكِ الشَّمْسِ اِلٰى غَسَقِ الَّيْلِ وَقُرْاٰنَ الْفَجْرِۗ اِنَّ قُرْاٰنَ الْفَجْرِ كَانَ مَشْهُوْدًا٧٨
Aqimiṣ-ṣalāta lidulūkisy-syamsi ilā gasaqil-laili wa qur'ānal-fajr(i), inna qur'ānal-fajri kāna masyhūdā(n).
[78]
Lan saira ngedegna shalat (mitutur syarat rukune kang sampurna) ana ing sawise lingsir srengenge lan sawise wiwit wengi, lan ngedegna shalat fajar. Satemene shalat fajar iku disekseni (dening malaikat rina lan malaikat wengi).
وَمِنَ الَّيْلِ فَتَهَجَّدْ بِهٖ نَافِلَةً لَّكَۖ عَسٰٓى اَنْ يَّبْعَثَكَ رَبُّكَ مَقَامًا مَّحْمُوْدًا٧٩
Wa minal-laili fa tahajjad bihī nāfilatal lak(a), ‘asā ay yab‘aṡaka rabbuka maqāmam maḥmūdā(n).
[79]
Lan ana ing wektu wengi sira nindakna shalat tahajud kang dadi kautamaan tumrap sira, Muga-muga Pangeranira nangekake sira sarta mapanake ana ing panggonan kang pinuji.
وَقُلْ رَّبِّ اَدْخِلْنِيْ مُدْخَلَ صِدْقٍ وَّاَخْرِجْنِيْ مُخْرَجَ صِدْقٍ وَّاجْعَلْ لِّيْ مِنْ لَّدُنْكَ سُلْطٰنًا نَّصِيْرًا٨٠
Wa qur rabbi adkhilnī mudkhala ṣidqiw wa akhrijnī mukhraja ṣidqiw waj‘al lī mil ladunka sulṭānan naṣīrā(n).
[80]
Lan sira (Muhammad) nyenyuwuna, "Dhuh Pangeran kawula, mugi-mugi Panjenengan nglebetaken kawula ing panggenan mlebet ingkang dipun ridhani, lan mugi-mugi ngedalake kawula ing panggenan medal ingkang dipun ridhani, lan Panjenengan mugi paring dhateng kawula keterangan saking ngarsa Panjenengan ingkang saged nulungi (ing nalika ngrungkebi tuwin ngluhuraken agami panjenengan)".
وَقُلْ جَاۤءَ الْحَقُّ وَزَهَقَ الْبَاطِلُ ۖاِنَّ الْبَاطِلَ كَانَ زَهُوْقًا٨١
Wa qul jā'al-ḥaqqu wa zahaqal-bāṭil(u), innal-bāṭila kāna zahūqā(n).
[81]
Lan sira dhawuha, "Saiki wis teka barang kang hak, lan rusak barang kang bathal. Satemene barang bathal iku mesthi lebur lan sirna".
وَنُنَزِّلُ مِنَ الْقُرْاٰنِ مَا هُوَ شِفَاۤءٌ وَّرَحْمَةٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَۙ وَلَا يَزِيْدُ الظّٰلِمِيْنَ اِلَّا خَسَارًا٨٢
Wa nunazzilu minal-qur'āni mā huwa syifā'uw wa raḥmatul lil-mu'minīn(a), wa lā yazīduẓ-ẓālimīna illā khasārā(n).
[82]
Lan Ingsun nurunake al-Qur'an keterangan-leterangan, kakng marasake (dadekake waras saka kekliruan) sarta dadi rahmat tumrap wong-wong kang iman. Lan al-Qur'an mau ora nambahi marang wong-wong kang nganiaya, kajaba mung kapitunan.
وَاِذَآ اَنْعَمْنَا عَلَى الْاِنْسَانِ اَعْرَضَ وَنَاٰ بِجَانِبِهٖۚ وَاِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ كَانَ يَـُٔوْسًا٨٣
Wa iżā an‘amnā ‘alal-insāni a‘raḍa wa na'ā bijānibih(ī), wa iżā massahusy-syarru kāna ya'ūsā(n).
[83]
Lan menawa Ingsun paring kenikmatan marang manungsa, dheweke padha mlengos ora eling marang Ingsun, sarta ngedohake awake (saka seneng marang Ingsun). Lan menawa dheweke padha ketaman ala, banjur padha mutung (nglokro) saka rahmate Allah.
قُلْ كُلٌّ يَّعْمَلُ عَلٰى شَاكِلَتِهٖۗ فَرَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِمَنْ هُوَ اَهْدٰى سَبِيْلًا ࣖ٨٤
Qul kulluy ya‘malu ‘alā syākilatih(ī), fa rabbukum a‘lamu biman huwa ahdā sabīlā(n).
[84]
Sira dhawuha, kabeh padha nindakake miturut keresikane rohe, lan Pangeranira iku luwih ngudanenei marang wong kang luwih pikantuk pituduh dalane Allah.
وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الرُّوْحِۗ قُلِ الرُّوْحُ مِنْ اَمْرِ رَبِّيْ وَمَآ اُوْتِيْتُمْ مِّنَ الْعِلْمِ اِلَّا قَلِيْلًا٨٥
Wa yas'alūnaka ‘anir-rūḥ(i), qulir-rūḥu min amri rabbī wa mā ūtītum minal-‘ilmi illā qalīlā(n).
[85]
Lan dheweke (wong yahudi) padha pitakon marang sira bab perkara roh, sira dhawuha, "Roh iku ewoning perkara kang magepokan Allah Pangeran Ingsun. Lan sira kabeh iku ora diparingi pangertian (ilmu) kajaba mung sethithik".
وَلَىِٕنْ شِئْنَا لَنَذْهَبَنَّ بِالَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ ثُمَّ لَا تَجِدُ لَكَ بِهٖ عَلَيْنَا وَكِيْلًاۙ٨٦
Wa la'in syi'nā lanażhabanna bil-lażī auḥainā ilaika ṡumma lā tajidu laka bihī ‘alainā wakīlā(n).
[86]
Menawa dadi keparingeing kersaningsun, yekti Ingsun ngilangake kang wis Ingsun wahyokake (turunake) marang sira saka atinira. Yen wis mengkono sira banjur ora bisa pikantuk kang dipasrahi ambalekake wahyu mau saka ngarsaningsun.
اِلَّا رَحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَۗ اِنَّ فَضْلَهٗ كَانَ عَلَيْكَ كَبِيْرًا٨٧
Illā raḥmatam mir rabbik(a), inna faḍalahū kāna ‘alaika kabīrā(n).
[87]
Kajaba kanthi rahmating Pangeranira. Satemene kanugrahan Pangeranira iku gedhe tumrap sira.
قُلْ لَّىِٕنِ اجْتَمَعَتِ الْاِنْسُ وَالْجِنُّ عَلٰٓى اَنْ يَّأْتُوْا بِمِثْلِ هٰذَا الْقُرْاٰنِ لَا يَأْتُوْنَ بِمِثْلِهٖ وَلَوْ كَانَ بَعْضُهُمْ لِبَعْضٍ ظَهِيْرًا٨٨
Qul la'inijtama‘atil-insu wal-jinnu ‘alā ay ya'tū bimiṡli hāżal-qur'āni lā ya'tūna bimiṡlihī wa lau kāna ba‘ḍuhum liba‘ḍin ẓahīrā(n).
[88]
Sira dhawuha, "Saumpama manungsa lan jin iku kumpul, arep saka kahe anggitan kaya al-Qur'an iki, ora bakal bisa kelakon nekakake kang padha karo al-Qur'an iki, senajan sawenehe padha nulungi marang sawenehe".
وَلَقَدْ صَرَّفْنَا لِلنَّاسِ فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍۖ فَاَبٰىٓ اَكْثَرُ النَّاسِ اِلَّا كُفُوْرًا٨٩
Wa laqad ṣarrafnā lin-nāsi fī hāżal-qur'āni min kulli maṡal(in), fa abā akṡarun-nāsi illā kufūrā(n).
[89]
Yekti Ingsun wis bola-bali nerangake ana ing al-Qur'an iki marang para manungsa saka kabeh sanepa, nanging akeh-akehe padha ora gelem nerima, malah banget anggone kufur (mungkir).
وَقَالُوْا لَنْ نُّؤْمِنَ لَكَ حَتّٰى تَفْجُرَ لَنَا مِنَ الْاَرْضِ يَنْۢبُوْعًاۙ٩٠
Wa qālū lan nu'mina laka ḥattā tafjura lanā minal-arḍi yambū‘ā(n).
[90]
Lan wong-wong kafir padha ngucap, "Kula boten badhe pitados dhateng panjenengan Muhammad, kajawi menawi panjenengan sampun mancuraken toya saking bumi kangge kita sadaya".
اَوْ تَكُوْنَ لَكَ جَنَّةٌ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّعِنَبٍ فَتُفَجِّرَ الْاَنْهٰرَ خِلٰلَهَا تَفْجِيْرًاۙ٩١
Au takūna laka jannatum min nakhīliw wa ‘inabin fa tufajjiral-anhāra khilālahā tafjīrā(n).
[91]
Utawi panjenengan kagungan kebon kurma utawi anggor lajeng panjenengan mancuraken lepen-lepen wonten ing sela-selaning kebon wau.
اَوْ تُسْقِطَ السَّمَاۤءَ كَمَا زَعَمْتَ عَلَيْنَا كِسَفًا اَوْ تَأْتِيَ بِاللّٰهِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةِ قَبِيْلًاۙ٩٢
Au tusqiṭas-samā'a kamā za‘amta ‘alainā kisafan au ta'tiya billāhi wal-malā'ikati qabīlā(n).
[92]
Utawi menawi panjenengan ndawuhaken langit dhateng kita secuwil kemawon kados ingkang sampun panjenengan ngedikaaken, utawai panjenengan rawuhaken Allah sarta Malaikat ingkang nyekseni kaleresaning pangandika panjenengan.
اَوْ يَكُوْنَ لَكَ بَيْتٌ مِّنْ زُخْرُفٍ اَوْ تَرْقٰى فِى السَّمَاۤءِ ۗوَلَنْ نُّؤْمِنَ لِرُقِيِّكَ حَتّٰى تُنَزِّلَ عَلَيْنَا كِتٰبًا نَّقْرَؤُهٗۗ قُلْ سُبْحَانَ رَبِّيْ هَلْ كُنْتُ اِلَّا بَشَرًا رَّسُوْلًا ࣖ٩٣
Au yakūna laka baitum min zukhrufin au tarqā fis-samā'(i), wa lan nu'mina liruqiyyika ḥattā tunazzila ‘alainā kitāban naqra'uh(ū), qul subḥāna rabbī hal kuntu illā basyarar rasūlā(n).
[93]
Utawi menawi panjenengan kagungan griya ingkang kadamel saking emas, utawi menawi panjenengan minggah dhateng ing langit, sarta kita boten pitados anggen panjenengan minggah punika kajawi menawi panjenengan nurunaken kitab dhateng kita ingkang badhe kita waos. Muhammad, sira dhawuha, "Maha suci Pangeraningsun. Ora ana liya ingsung iki kajaba mung manungsa kang kautus".
وَمَا مَنَعَ النَّاسَ اَنْ يُّؤْمِنُوْٓا اِذْ جَاۤءَهُمُ الْهُدٰٓى اِلَّآ اَنْ قَالُوْٓا اَبَعَثَ اللّٰهُ بَشَرًا رَّسُوْلًا٩٤
Wa mā mana‘an-nāsa ay yu'minū iż jā'ahumul-hudā illā an qālū aba‘aṡallāhu basyarar rasūlā(n).
[94]
Lan ora ana kang ngalang-ngalangi para manungsa arep percaya nalika wong-wong katekan pituduh, kajaba padha ngucap, "Apa Allah ngangkat manungsa dadi utusan?"
قُلْ لَّوْ كَانَ فِى الْاَرْضِ مَلٰۤىِٕكَةٌ يَّمْشُوْنَ مُطْمَىِٕنِّيْنَ لَنَزَّلْنَا عَلَيْهِمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ مَلَكًا رَّسُوْلًا٩٥
Qul lau kāna fil-arḍi malā'ikatuy yamsyūna muṭma'innīna lanazzalnā ‘alaihim minas-samā'i malakar rasūlā(n).
[95]
Sira dhawuha, "Saumpama ing bumi iki ana Malaikat-malaikat kang padha mlaku dadi isen-isening bumi, temen ingsun nurunake Malaikat saka langit dadi utusan tumrap dheweke".
قُلْ كَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًاۢ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْۗ اِنَّهٗ كَانَ بِعِبَادِهٖ خَبِيْرًاۢ بَصِيْرًا٩٦
Qul kafā billāhi syahīdam bainī wa bainakum, innahū kāna bi‘ibādihī khabīram baṣīrā(n).
[96]
Sira dhawuha, "Allah wis cukup dadi saksi antaraningsun lan antaranira kabeh (kabeneraningsun dadi utusan marang sira kabeh). Satemene Allah iku Maha Welas tur Maha Ngudaneni kabeh kahanane para kawula".
وَمَنْ يَّهْدِ اللّٰهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِۚ وَمَنْ يُّضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُمْ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِهٖۗ وَنَحْشُرُهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ عَلٰى وُجُوْهِهِمْ عُمْيًا وَّبُكْمًا وَّصُمًّاۗ مَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُۗ كُلَّمَا خَبَتْ زِدْنٰهُمْ سَعِيْرًا٩٧
Wa may yahdillāhu fa huwal-muhtad(i), wa may yuḍlil falan tajida lahum auliyā'a min dūnih(ī), wa naḥsyuruhum yaumal-qiyāmati ‘alā wujūhihim ‘umyaw wa bukmaw wa ṣummā(n), ma'wāhum jahannam(u), kullamā khabat zidnāhum sa‘īrā(n).
[97]
Lan sapa wong kang kaparingan pitedah dalan bener dening Allah, yekti dheweke pikantuk pitedah, lan sapa wonge disasarake, yekti sira Muhammad ora bisa pikantuk pitulung kang bisa nulungi dheweke saliyane Allah. Lan Ingsun bakal ngumpulake wong-wong mau besok ana ing dina Qiyamat, padha mlaku nganggo rahi-rahine kanthi wuta, bisa lan budheg. Dene panggonane wong-wong mau yaiku neraka Jahannam, saben-saben suda urube (jalaran kulite wis dadi awu) banjur Ingsun tambah mulad-mulade (Ingsun ganti kulit anyar, kareben dadi pakane geni neraka).
ذٰلِكَ جَزَاۤؤُهُمْ بِاَنَّهُمْ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِنَا وَقَالُوْٓا ءَاِذَا كُنَّا عِظَامًا وَّرُفَاتًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَ خَلْقًا جَدِيْدًا٩٨
Żālika jazā'uhum bi'annahum kafarū bi'āyātinā wa qālū a'iżā kunnā ‘iẓāmaw wa rufātan a'innā lamab‘ūṡūna khalqan jadīdā(n).
[98]
Kang menkono iku piwalese wong-wong kafir mau, jalaran anggone dheweke padha kafir (maido) marang ayat-ayatingsun. Lan wong-wong mau padha ngucap, "Apa menawa aku wis dadi balung lemah, apa bener aku bakal ditangekake dadi makhluk anyar?"
۞ اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّ اللّٰهَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ قَادِرٌ عَلٰٓى اَنْ يَّخْلُقَ مِثْلَهُمْ وَجَعَلَ لَهُمْ اَجَلًا لَّا رَيْبَ فِيْهِۗ فَاَبَى الظّٰلِمُوْنَ اِلَّا كُفُوْرًا٩٩
Awalam yarau annallāhal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa qādirun ‘alā ay yakhluqa miṡlahum wa ja‘ala lahum ajalal lā raiba fīh(i), fa abaẓ-ẓālimūna illā kufūrā(n).
[99]
Apa wong-wong iku ora padha sumurup menawa Allah kang wis nitahake langit-langit lan bumi iku, temen kuasa nitahake kaya dheweke (kang semono cilike?). Lan panjenengane ndamel wektu kang ora dimamangake maneh kanggo dheweke (mati utawa Qiyamat), nanging wong-wong kang dzalim banjur ora gelem, kajaba malah saya tambah kufure.
قُلْ لَّوْ اَنْتُمْ تَمْلِكُوْنَ خَزَاۤىِٕنَ رَحْمَةِ رَبِّيْٓ اِذًا لَّاَمْسَكْتُمْ خَشْيَةَ الْاِنْفَاقِۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ قَتُوْرًا ࣖ١٠٠
Qul lau antum tamlikūna khazā'ina raḥmati rabbī iżal la'amsaktum khasy-yatal-infāq(i), wa kānal-insānu qatūrā(n).
[100]
Dhawuha, "Upama sira kabeh padha nduweni gedong-gedong kanggo nyimpen rakhmate Pangeran Ingsun, yekti sira medhit, jalaran wedi mlarat, lan asal watake manungsa iku kumet".
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسٰى تِسْعَ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍ فَسْـَٔلْ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اِذْ جَاۤءَهُمْ فَقَالَ لَهٗ فِرْعَوْنُ اِنِّيْ لَاَظُنُّكَ يٰمُوْسٰى مَسْحُوْرًا١٠١
Wa laqad ātainā mūsā tis‘a āyātim bayyinātin fas'al banī isrā'īla iż jā'ahum fa qāla lahū fir‘aunu innī la'aẓunnuka yā mūsā masḥūrā(n).
[101]
Lan temen Ingsun wis paring marang Musa sangang ayat (mukjizat) kang terang lan gamblang. Sira ndangua marang wong-wong bani Israil, kepriye lakone Fir'aun nalika ditekani Nabi Musa. Fir'aun madoni marang Nabi Musa, "He Musa, panemuku, sira iku wong kang kena sihir".
قَالَ لَقَدْ عَلِمْتَ مَآ اَنْزَلَ هٰٓؤُلَاۤءِ اِلَّا رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ بَصَاۤىِٕرَۚ وَاِنِّيْ لَاَظُنُّكَ يٰفِرْعَوْنُ مَثْبُوْرًا١٠٢
Qāla laqad ‘alimta mā anzala hā'ulā'i illā rabbus-samāwāti wal-arḍi baṣā'ir(a), wa innī la'aẓunnuka yā fir‘aunu maṡbūrā(n).
[102]
Nabi Musa mangsuli marang Fir'aun, "Sayektos panjenengan (Fir'aun) sampun sumerep menawi boten wonten ingkang nurunaken tandha yekti (mukjizat), kajawi Pangeraning langit lan bumi, supados dados ketrangan ingkang cetho. Lan miturut pamanggih kula, panjenengan punika Fir'aun, tiyang ingkang sampun dipun tebihaken saking rahmat".
فَاَرَادَ اَنْ يَّسْتَفِزَّهُمْ مِّنَ الْاَرْضِ فَاَغْرَقْنٰهُ وَمَنْ مَّعَهٗ جَمِيْعًاۙ١٠٣
Fa arāda ay yastafizzahum minal arḍi fa agraqnāhu wa mam ma‘ahū jamī‘ā(n).
[103]
Fir'aun banjur duwe karep nundhung (numpes) Nabi Musa lan wong-wong Bani Israil saka bum (Mesir), awit saka Ingsun banjur ngeremake Fir'aun sarta wong kang dadi pendhereke kabeh.
وَّقُلْنَا مِنْۢ بَعْدِهٖ لِبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اسْكُنُوا الْاَرْضَ فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ الْاٰخِرَةِ جِئْنَا بِكُمْ لَفِيْفًاۗ١٠٤
Wa qulnā mim ba‘dihī libanī isrā'īlaskunul-arḍa fa iżā jā'a wa‘dul-ākhirati ji'nā bikum lafīfā(n).
[104]
Sapungkure Fir'aun, Ingsun banjur paring pangandika marang wong Bani Israil, "Sira padha tetap manggona ana ing bumi iki, menawa wis teka janji kang akhir, Ingsun mesthi nekakae sira kabeh".
وَبِالْحَقِّ اَنْزَلْنٰهُ وَبِالْحَقِّ نَزَلَۗ وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا مُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًاۘ١٠٥
Wa bil-ḥaqqi anzalnāhu wa bil-ḥaqqi nazal(a), wa mā arsalnāka illā mubasysyiraw wa nażīrā(n).
[105]
Lan Ungsun nurunake al-Qur'an iku klawan bener sarta tumurune uga klawan bener. Lan Ingsun ora ngutus sira Muhammmad kajaba ambebungah lan meden-medeni.
وَقُرْاٰنًا فَرَقْنٰهُ لِتَقْرَاَهٗ عَلَى النَّاسِ عَلٰى مُكْثٍ وَّنَزَّلْنٰهُ تَنْزِيْلًا١٠٦
Wa qur'ānan faraqnāhu litaqra'ahū ‘alan-nāsi ‘alā mukṡiw wa nazzalnāhu tanzīlā(n).
[106]
Lan Ingsun mijangake lan njlentrehake al-Qur'an, supaya sira waca lan sira dhawuha marang para manungsa klawan sarenti lan lumintu. Lan al-Qur'an iku Ingsun turunake saka sethithik.
قُلْ اٰمِنُوْا بِهٖٓ اَوْ لَا تُؤْمِنُوْاۗ اِنَّ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ مِنْ قَبْلِهٖٓ اِذَا يُتْلٰى عَلَيْهِمْ يَخِرُّوْنَ لِلْاَذْقَانِ سُجَّدًاۙ١٠٧
Qul āminū bihī au lā tu'minū, innal-lażīna ūtul-‘ilma min qablihī iżā yutlā ‘alaihim yakhirrūna lil-ażqāni sujjadā(n).
[107]
Sira dhawuha, "Sira (menawa begja) padha gelema percaya marang al-Qur'an, utawa (yen sira nemahi cilaka) aja percaya marang al-Qur'an. Satemene wong-wong kang wis diparingi ilmu sadurunge tumurune al-Qur'an menawa al-Qur'an iku diwacakake marang dheweke, banjur padha sumungkem bathuke padha disujudake, sujud marang Allah".
وَّيَقُوْلُوْنَ سُبْحٰنَ رَبِّنَآ اِنْ كَانَ وَعْدُ رَبِّنَا لَمَفْعُوْلًا١٠٨
Wa yaqūlūna subḥāna rabbinā in kāna wa‘du rabbinā lamaf‘ūlā(n).
[108]
Lan wong-wong mau padha matur, Maha Suci Pangeran kawula, sayektos janjinipun Pangean kawula punika mesthi kelampahan.
وَيَخِرُّوْنَ لِلْاَذْقَانِ يَبْكُوْنَ وَيَزِيْدُهُمْ خُشُوْعًا ۩١٠٩
Wa yakhirrūna lil-ażqāni yabkūna wa yazīduhum khusyū‘ā(n).
[109]
Lan wong-wong mau padha sumungkem bathuke klawan nangins, sarta al-Qur'an iku muwuhi tumungkule lan konejeme marang Allah.
قُلِ ادْعُوا اللّٰهَ اَوِ ادْعُوا الرَّحْمٰنَۗ اَيًّا مَّا تَدْعُوْا فَلَهُ الْاَسْمَاۤءُ الْحُسْنٰىۚ وَلَا تَجْهَرْ بِصَلَاتِكَ وَلَا تُخَافِتْ بِهَا وَابْتَغِ بَيْنَ ذٰلِكَ سَبِيْلًا١١٠
Qulid‘ullāha awid‘ur-raḥmān(a), ayyam mā tad‘ū fa lahul-asmā'ul-ḥusnā, wa lā tajhar biṣalātika wa lā tukhāfit bihā wabtagi baina żālika sabīlā(n).
[110]
Sira dhawuha, "Sira padha nyenyuwun ing Allah, utawa nganggo sebutan Pangeran kang Maha Welas (Ya Rahman), endi asma loro kang sira sebut. Satemene kabeh asma Allah kang becik (Asmaul Husna) iku kagungane Allah". Lan sira aja nyerokake wacanira ana ing salatira, uga aja nglirihake, lan pilihen antarane seru sarta lirih iku.
وَقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ لَمْ يَتَّخِذْ وَلَدًا وَّلَمْ يَكُنْ لَّهٗ شَرِيْكٌ فِى الْمُلْكِ وَلَمْ يَكُنْ لَّهٗ وَلِيٌّ مِّنَ الذُّلِّ وَكَبِّرْهُ تَكْبِيْرًا ࣖ١١١
Wa qulil-ḥamdu lillāhil-lażī lam yattakhiż waladaw wa lam yakul lahū syarīkun fil-mulki wa lam yakul lahū waliyyum minaż-żulli wa kabbirhu takbīrā(n).
[111]
Sira munjuka, "Sakatahing puji konjuk dhumateng Allah, Pangean ingkang boten peputra sarta boten wonten ingkang nyekuthoni wonten ing Kratonipun, punapa dene boten mbetahake pitulung jalaran saking kasoran". Lan sira angngagungna marang Asma dalem Pangeranira kanthi temen-temen.