Surah Al-Ikhlas

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قُلْ هُوَ اللّٰهُ اَحَدٌۚ١
Qul huwallāhu aḥad(un).
[1] Dhawuha, "Allah iku mung siji".

اَللّٰهُ الصَّمَدُۚ٢
Allāhuṣ-ṣamad(u).
[2] Allah iku kang disuwuni barang kabutuhan.

لَمْ يَلِدْ وَلَمْ يُوْلَدْۙ٣
Lam yalid wa lam yūlad.
[3] Ora peputra lan ora pinutrakake.

وَلَمْ يَكُنْ لَّهٗ كُفُوًا اَحَدٌ ࣖ٤
Wa lam yakul lahū kufuwan aḥad(un).
[4] Lan ora ana sawiji kang madhani.