Surah Al-Kausar

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِنَّآ اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗ١
Innā a‘ṭainākal-kauṡar(a).
[1] Sayekti Ingsun wus aweh kabecikan kaliwat akeh marang sira.

فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ٢
Faṣalli lirabbika wanḥar.
[2] Mulane shalata marang Pangeranira sarta nyembeliha kurban.

اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْاَبْتَرُ ࣖ٣
Inna syāni'aka huwal-abtar(u).
[3] Sayekti mungsuhira (wong kang sengit) iku wong pedhot becike.