Surah Al-Humazah

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَيْلٌ لِّكُلِّ هُمَزَةٍ لُّمَزَةٍۙ١
Wailul likulli humazatil-lumazah(tin).
[1] Cilaka temen sarupane wong kang nacat lan nyatur ala (marang Muhammad).

ۨالَّذِيْ جَمَعَ مَالًا وَّعَدَّدَهٗۙ٢
Allażī jama‘a mālaw wa ‘addadah(ū).
[2] Kang nglumpukake bondho lan milang bandhane ginawe andel - andel (panulak bilai).

يَحْسَبُ اَنَّ مَالَهٗٓ اَخْلَدَهٗۚ٣
Yaḥsabu anna mālahū akhladah(ū).
[3] Ngira yen bandhane mau bisa nglanggengake awake (luput ing pati).

كَلَّا لَيُنْۢبَذَنَّ فِى الْحُطَمَةِۖ٤
Kallā layumbażanna fil-ḥuṭamah(ti).
[4] Luput panemune, wong mau bakal dicemplungake neraka Huthomah.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الْحُطَمَةُ ۗ٥
Wa mā adrāka mal-ḥuṭamah(tu).
[5] Sapa kang meruhake sira, apa kang kang jenenge Huthomah iku?

نَارُ اللّٰهِ الْمُوْقَدَةُۙ٦
Nārullāhil-mūqadah(tu).
[6] Huthomah iku neraka kagungane Allah kang diurubake.

الَّتِيْ تَطَّلِعُ عَلَى الْاَفْـِٕدَةِۗ٧
Allatī taṭṭali‘u ‘alal-af'idah(ti).
[7] Kan panase tekan ing ati.

اِنَّهَا عَلَيْهِمْ مُّؤْصَدَةٌۙ٨
Innahā ‘alaihim mu'ṣadah(tun).
[8] Neraka Huthomah kanggo nyiksa wongkang nyatur ala mau ngrukup marang dheweke.

فِيْ عَمَدٍ مُّمَدَّدَةٍ ࣖ٩
Fī ‘amadim mumaddadah(tin).
[9] Ing sajeroning pathok kang diedekake.