Surah At-Takasur

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْهٰىكُمُ التَّكَاثُرُۙ١
Alhākumut-takāṡur(u).
[1] Sumugih iku nglalekake anggonira ngabekti ing Allah.

حَتّٰى زُرْتُمُ الْمَقَابِرَۗ٢
Ḥattā zurtumul-maqābir(a).
[2] Nganti tekan anggonira ngalih marang kubur.

كَلَّا سَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ٣
Kallā saufa ta‘lamūn(a).
[3] Anggonira sumugih iku luput, ing tembe sira mesthi weruh nyatane.

ثُمَّ كَلَّا سَوْفَ تَعْلَمُوْنَ٤
Ṡumma kallā saufa ta‘lamūn(a).
[4] Luput temenan panemu ira, ing tembe sira weruh temenan nyatane.

كَلَّا لَوْ تَعْلَمُوْنَ عِلْمَ الْيَقِيْنِۗ٥
Kallā lau ta‘lamūna ‘ilmal-yaqīn(i).
[5] Temen, menawa sira weruh ilmu kang nyata mesthi ora lali ngabekti ing Allah.

لَتَرَوُنَّ الْجَحِيْمَۙ٦
Latarawunnal-jaḥīm(a).
[6] Ing tembe sira mesthi andeleng neraka jahim.

ثُمَّ لَتَرَوُنَّهَا عَيْنَ الْيَقِيْنِۙ٧
Ṡumma latarawunnahā ‘ainal-yaqīn(i).
[7] Handeleng kelawan kasat mata.

ثُمَّ لَتُسْـَٔلُنَّ يَوْمَىِٕذٍ عَنِ النَّعِيْمِ ࣖ٨
Ṡumma latus'alunna yauma'iżin ‘anin-na‘īm(i).
[8] Sira banjur didangu sarupaning kabungahan paparinging Allah nalika ing donya, ya gene ora padha syukur?