Surah Al-Qari`ah

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْقَارِعَةُۙ١
Al-qāri‘ah(tu).
[1] Dina qiyamat iku gegirisi.

مَا الْقَارِعَةُ ۚ٢
Mal-qāri‘ah(tu).
[2] Saiba anggone gegirisi dina qiyamat iku?

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الْقَارِعَةُ ۗ٣
Wa mā adrāka mal-qāri‘ah(tu).
[3] Kapriye anggone gegirisi dina qiyamat iku?

يَوْمَ يَكُوْنُ النَّاسُ كَالْفَرَاشِ الْمَبْثُوْثِۙ٤
Yauma yakūnun-nāsu kal-farāsyil-mabṡūṡ(i).
[4] Ing dina iku manungsa padha pating belulung kaya anak walang sumebar.

وَتَكُوْنُ الْجِبَالُ كَالْعِهْنِ الْمَنْفُوْشِۗ٥
Wa takūnul-jibālu kal-‘ihnil-manfūsy(i).
[5] Gunung pating panculat kaya wulu sedhus buyar.

فَاَمَّا مَنْ ثَقُلَتْ مَوَازِيْنُهٗۙ٦
Fa ammā man ṡaqulat mawāzīnuh(ū).
[6] Siang sapa becike ditimbang bobote ngungkule halane;

فَهُوَ فِيْ عِيْشَةٍ رَّاضِيَةٍۗ٧
Fa huwa fī ‘īsyatir rāḍiyah(tin).
[7] Wong iku dienggonake ing suwarga andadekake bungahe.

وَاَمَّا مَنْ خَفَّتْ مَوَازِيْنُهٗۙ٨
Wa ammā man khaffat mawāzīnuh(ū).
[8] Dene sing sapa wonge bobote becike entheng (kalah abot bobote alane).

فَاُمُّهٗ هَاوِيَةٌ ۗ٩
Fa ummuhū hāwiyah(tun).
[9] Panggonane bakal ana ing jurang jero (neraka Hawiyah).

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا هِيَهْۗ١٠
Wa mā adrāka mā hiyah.
[10] Sapa kang meruhake sira, neraka Hawiyah iku apa?

نَارٌ حَامِيَةٌ ࣖ١١
Nārun ḥāmiyah(tun).
[11] Neraka kang banget panase.