Surah Al-`Adiyat

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالْعٰدِيٰتِ ضَبْحًاۙ١
Wal-‘ādiyāti ḍabḥā(n).
[1] Demi jaran kang nyander ana peperangan nganggo nyuwara.

فَالْمُوْرِيٰتِ قَدْحًاۙ٢
Fal-mūriyāti qadḥā(n).
[2] Dhemi jaran kang rikat nyandere nganti watu kang disandung metu genine.

فَالْمُغِيْرٰتِ صُبْحًاۙ٣
Fal-mugīrāti ṣubḥā(n).
[3] Dhemi jaran kang dianggo handingkik seteru ing wayah bangun.

فَاَثَرْنَ بِهٖ نَقْعًاۙ٤
Fa'aṡarna bihī naq‘ā(n).
[4] Wusana ing panggonan kono peteng dening bleduk.

فَوَسَطْنَ بِهٖ جَمْعًاۙ٥
Fawasaṭna bihī jam‘ā(n).
[5] Saking petenge, kang andingkik ora weruh dalan tekan tengahe mungsuh.

اِنَّ الْاِنْسَانَ لِرَبِّهٖ لَكَنُوْدٌ ۚ٦
Innal-insāna lirabbihī lakanūd(un).
[6] Satemene manungsa (kafir) ora kadunungan panarima marang kabecikkaning Pangeran.

وَاِنَّهٗ عَلٰى ذٰلِكَ لَشَهِيْدٌۚ٧
Wa innahū ‘alā żālika lasyahīd(un).
[7] Manungsa mau knekseni awake dhewe anggone ora kadunungan bondha banget.

وَاِنَّهٗ لِحُبِّ الْخَيْرِ لَشَدِيْدٌ ۗ٨
Wa innahū liḥubbil-khairi lasyadīd(un).
[8] Manungsa mau anggone dhemen bondha banget.

۞ اَفَلَا يَعْلَمُ اِذَا بُعْثِرَ مَا فِى الْقُبُوْرِۙ٩
Afalā ya‘lamu iżā bu‘ṡira mā fil-qubūr(i).
[9] Apa dheweke ora weruh semangsane apa kang ana kubur ditangekake?

وَحُصِّلَ مَا فِى الصُّدُوْرِۙ١٠
Wa ḥuṣṣila mā fiṣ-ṣudūr(i).
[10] Lan diwelehake halane kang diumpetake ana sajeroning ati.

اِنَّ رَبَّهُمْ بِهِمْ يَوْمَىِٕذٍ لَّخَبِيْرٌ ࣖ١١
Inna rabbahum bihim yauma'iżil lakhabīr(un).
[11] Ing dina iku Allah Pangerane waspada banget (marang hala beciking manungsa).