Surah Al-Fatihah

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ١
Bismillāhir-raḥmānir-raḥīm(i).
[1] Awit ingkang asma Allah kang Maha Murah tur kang Maha Asih.

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ٢
Al-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[2] Kabeh puji iku kagungane Allah kang mangerani 'alam kabeh.

الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِۙ٣
Ar-raḥmānir-raḥīm(i).
[3] Kang Maha Murah tur kang Maha Asih.

مٰلِكِ يَوْمِ الدِّيْنِۗ٤
Māliki yaumid-dīn(i).
[4] Kang ngratoni ing dina Agama1.

اِيَّاكَ نَعْبُدُ وَاِيَّاكَ نَسْتَعِيْنُۗ٥
Iyyāka na‘budu wa iyyāka nasta‘īn(u),
[5] Namung dhumateng Padhuka kawula manembah, lan namung dhumateng Padhuka kawula nyuwun pitulungan.

اِهْدِنَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيْمَۙ٦
Ihdinaṣ-ṣirāṭal-mustaqīm(a).
[6] Dhuh Allah, mugi nedahna margi leres2 dumateng kawula.

صِرَاطَ الَّذِيْنَ اَنْعَمْتَ عَلَيْهِمْ ەۙ غَيْرِ الْمَغْضُوْبِ عَلَيْهِمْ وَلَا الضَّاۤلِّيْنَ ࣖ٧
Ṣirāṭal-lażīna an‘amta ‘alaihim, gairil-magḍūbi ‘alaihim wa laḍ-ḍāllīn(a).
[7] (Inggih punika) marginipun para tiyang ingkang sami padhuka paringi nikmat3 dede (marginipun) tiyang ingkang sami kesasar. (Mugi-mugi Panjenengan nyembadhani panyuwun kawula).