Surah Az-Zalzalah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا زُلْزِلَتِ الْاَرْضُ زِلْزَالَهَاۙ١
Iżā zulzilatil-arḍu zilzālahā.
[1]
Tetkalane ono lindhu gedhi, bumi di gonjang-ganjing kanthi dahsyat.
وَاَخْرَجَتِ الْاَرْضُ اَثْقَالَهَاۙ٢
Wa akhrajatil-arḍu aṡqālahā.
[2]
Bumi ngetokaken isine (momotane).
وَقَالَ الْاِنْسَانُ مَا لَهَاۚ٣
Wa qālal-insānu mā lahā.
[3]
Menungso takon-takonan: “Apuwo bumi dadi gedigi?”.
يَوْمَىِٕذٍ تُحَدِّثُ اَخْبَارَهَاۙ٤
Yauma'iżin tuḥaddiṡu akhbārahā.
[4]
Pas dino iku bumi nyeritakaken kabare.
بِاَنَّ رَبَّكَ اَوْحٰى لَهَاۗ٥
Bi'anna rabbaka auḥā lahā.
[5]
Kerono Pengèran sira perintah (hang gedigu iku) nang bumi.
يَوْمَىِٕذٍ يَّصْدُرُ النَّاسُ اَشْتَاتًا ەۙ لِّيُرَوْا اَعْمَالَهُمْۗ٦
Yauma'iżiy yaṣdurun-nāsu asytātā(n), liyurau a‘mālahum.
[6]
Pas dino iku menungso padha metu dhèwèk-dhèwèk teka kubure hang keadaane macem-macem, wakne dikatokaken nang iyane (balesan) kelakuane. 914
914) Maksude : ono hang wajahè putih lan ono wajahe hang cemeng lan liyan liyane.
فَمَنْ يَّعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًا يَّرَهٗۚ٧
Famay ya‘mal miṡqāla żarratin khairay yarah(ū).
[7]
Sapa wonge hang ngelakoni keapikan sak abote dzarrah (wijine lobak) pasti ono balesane.
وَمَنْ يَّعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَّرَهٗ ࣖ٨
Wa may ya‘mal miṡqāla żarratin syarray yarah(ū).
[8]
Sapa wonge hang ngelakoni keèlèan sak abote dzarrah (wijine lobak) pasti ono balesane pisan.