Surah Al-`Alaq
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِقْرَأْ بِاسْمِ رَبِّكَ الَّذِيْ خَلَقَۚ١
Iqra' bismi rabbikal-lażī khalaq(a).
[1]
Moco’o siro (Muhammad) ambi nyebut arane Pangèran siro Hang wis Nyiptakaken.
خَلَقَ الْاِنْسَانَ مِنْ عَلَقٍۚ٢
Khalaqal-insāna min ‘alaq(in).
[2]
Hang wis nyiptakaken teka getih kenthel.
اِقْرَأْ وَرَبُّكَ الْاَكْرَمُۙ٣
Iqra' wa rabbukal-akram(u).
[3]
Woconen, lan Pangèran siro iku Hang Maha Mulya.
الَّذِيْ عَلَّمَ بِالْقَلَمِۙ٤
Allażī ‘allama bil-qalam(i).
[4]
Kang ngajari (carane nulis) nganggo kalam. 908
908) Maksude: Alloh Swt. ngajari menungso nulis lan moco.
عَلَّمَ الْاِنْسَانَ مَا لَمْ يَعْلَمْۗ٥
‘Allamal-insāna mā lam ya‘lam.
[5]
Kang ngajari nang menungso, barang hang maune durung weruh.
كَلَّآ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَيَطْغٰىٓ ۙ٦
Kallā innal-insāna layaṭgā.
[6]
Siro kudu weruh, saktemene menungso keliwat tambenge.
اَنْ رَّاٰهُ اسْتَغْنٰىۗ٧
Ar ra'āhustagnā.
[7]
Kerasa rumangsa awake wis cukup (hing butuh).
اِنَّ اِلٰى رَبِّكَ الرُّجْعٰىۗ٨
Inna ilā rabbikar-ruj‘ā.
[8]
Saktemene mung nang Gusti Alloh kabèh Mbalik.
اَرَاَيْتَ الَّذِيْ يَنْهٰىۙ٩
Ara'aital-lażī yanhā.
[9]
Kelendi pendapat siro kanggo wong hang nyegah?
عَبْدًا اِذَا صَلّٰىۗ١٠
‘Abdan iżā ṣallā.
[10]
Salah sijine wong pas ngelakoni sembayang. 909
909) Hang dimaksud ambi ngelarang yaiku: Abu Jahal ngelarang Rasulullah, tapi usahane Abu Jahal wurung kerana deleng malaikat hang garai wedi, jare Nabi Muhammad kapan Abu jahal nekat ngelarang, moko arep dibinasakaken ambi Malaikat.
اَرَاَيْتَ اِنْ كَانَ عَلَى الْهُدٰىٓۙ١١
Ara'aita in kāna ‘alal-hudā.
[11]
Kelendi pendapat siro, pas nemoni hang tukang nyegah (Nabi Muhammad) iku bener?
اَوْ اَمَرَ بِالتَّقْوٰىۗ١٢
Au amara bit-taqwā.
[12]
Utawa ajak-ajak Takwa nang Gusti Alloh ?
اَرَاَيْتَ اِنْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰىۗ١٣
Ara'aita in każżaba wa tawallā.
[13]
Kelendi pendapat siro, pas nemoni hang tukang nyegah (Nabi Muhammad) iku ngapusi?
اَلَمْ يَعْلَمْ بِاَنَّ اللّٰهَ يَرٰىۗ١٤
Alam ya‘lam bi'annallāha yarā.
[14]
Apa yane weruh saktemene Gusti Alloh iku deleng nang sekabehane kelakuane menungso?
كَلَّا لَىِٕنْ لَّمْ يَنْتَهِ ەۙ لَنَسْفَعًاۢ بِالنَّاصِيَةِۙ١٥
Kallā la'il lam yantah(i), lanasfa‘am bin-nāṣiyah(ti).
[15]
Siro kudu weruh , saktemene pas yane (Abu Jahal) hing mandek ngelakoni (hang gedigu) isun tarik mbun-mbunane? 910
910) Maksude ngelebokaken nang jero neraka lan narik endase
نَاصِيَةٍ كَاذِبَةٍ خَاطِئَةٍۚ١٦
Nāṣiyatin kāżibatin khāṭi'ah(tin).
[16]
Yaiku mbun-mbunane wong hang ngapusi lan duraka
فَلْيَدْعُ نَادِيَهٗۙ١٧
Falyad‘u nādiyah(ū).
[17]
Kapan wis gedigu, yane nyeluk golongane (kanggo nulungi).
سَنَدْعُ الزَّبَانِيَةَۙ١٨
Sanad‘uz-zabāniyah(ta).
[18]
Kèsuk Isun nyeluk malaekat Zabaniah. 911
911) Malaikat Zabaniyah Malaikat hang nyiksa menungso nang jerone neraka.
كَلَّاۗ لَا تُطِعْهُ وَاسْجُدْ وَاقْتَرِبْ ۩ ࣖ١٩
Kallā, lā tuṭi‘hu wasjud waqtarib.
[19]
Ojo siro manut dhèwèke, serta sujudo (sembayang) lan mareko nang Gusti Alloh.