Surah Al-Insyirah

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلَمْ نَشْرَحْ لَكَ صَدْرَكَۙ١
Alam nasyraḥ laka ṣadrak(a).
[1] (Muhammad) Apa Isun sing wis jembaraken (madhangaken) ati siro?

وَوَضَعْنَا عَنْكَ وِزْرَكَۙ٢
Wa waḍa‘nā ‘anka wizrak(a).
[2] Lan wis nganthengaken beban siro?

الَّذِيْٓ اَنْقَضَ ظَهْرَكَۙ٣
Allażī anqaḍa ẓahrak(a).
[3] Kang ngabotaken boyok siro. 903
903) Hang dimaksud beban nang kene, yaiku susahe Nabi Muhammad SAW. kanggo nyampekaken wahyune.

وَرَفَعْنَا لَكَ ذِكْرَكَۗ٤
Wa rafa‘nā laka żikrak(a).
[4] Lan wis isun junjung sebutan (aran) siro. 904
904) Duwurna Arane Nabi maksude duwurna derajate aran Nabi lan anutna arane Nabi ambi Asmane Gusti Alloh nang kalimat Syahadat, dadine taat nang Nabi berarti taat nang Gusti Alloh.

فَاِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًاۙ٥
Fa'inna ma‘al-‘usri yusrā(n).
[5] Temenan sakwise hang angèl iku ono hang gampang.

اِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًاۗ٦
Inna ma‘al-‘usri yusrā(n).
[6] Nyata temenan sakwise hang angel iku ono hang gampang.

فَاِذَا فَرَغْتَ فَانْصَبْۙ٧
Fa iżā faragta fanṣab.
[7] Sakwise nyelesèkaken urusan siji, kerjakno temenonon urusan liyanè. 905
905) Sebgaian Ahli tafsir jelasaken: kapan rika, Muhammad wis mari Dakwahe, lanjutno ibadahe, kapan wis mari urusan dunyane lanjutno urusan alkhirare kapan wis mari sembahyang lanjutno do’ane.

وَاِلٰى رَبِّكَ فَارْغَبْ ࣖ٨
Wa ilā rabbika fargab.
[8] Lan mung nang Pengèran sira, kudune (tempat) sira ngarep-ngarep.