Surah Ad-Duha

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالضُّحٰىۙ١
Waḍ-ḍuḥā.
[1] Demi waktu isuk.

وَالَّيْلِ اِذَا سَجٰىۙ٢
Wal-laili iżā sajā.
[2] Lan demi bengi tetkalane sepi.

مَا وَدَّعَكَ رَبُّكَ وَمَا قَلٰىۗ٣
Mā wadda‘aka rabbuka wa mā qalā.
[3] Pengeran siro hing ninggalaken siro lan hing ngamuk nang siro. 900
900) Maksude pas mudune wahyu nang Nabi Muhammad SAW dienggo sementara waktu, wong-wong kafir ngomong, “Pengerane Muhammad wis ninggalaken lan bangkel kambi Muhammad, akhire mudun ayat iki dienggo bantah omongane wong kafir iku.

وَلَلْاٰخِرَةُ خَيْرٌ لَّكَ مِنَ الْاُوْلٰىۗ٤
Wa lal-ākhiratu khairul laka minal-ūlā.
[4] Lan hang akhir (akherat) iku lebih apik kanggo siro ketimbang hang awal (donya). 901
901) Maksude: Akhir perjuangane Nabi Muhammad iku oleh kemenangan hang awale ngalami kangelan-kangelan

وَلَسَوْفَ يُعْطِيْكَ رَبُّكَ فَتَرْضٰىۗ٥
Wa lasaufa yu‘ṭīka rabbuka fa tarḍā.
[5] Lan Pengeran siro nguwèni keenakan nang siro, supoyo siro lego.

اَلَمْ يَجِدْكَ يَتِيْمًا فَاٰوٰىۖ٦
Alam yajidka yatīman fa āwā.
[6] Using tah Gusti Alloh nemu siro iku dadi lare atim, mari iku ngelindungi siro?.

وَوَجَدَكَ ضَاۤلًّا فَهَدٰىۖ٧
Wa wajadaka ḍāllan fa hadā.
[7] Gusti Alloh nemu siro iku bingung, mari iku didudui dalan (petunjuk). 902
902) Hang dimaksud bingung nang kene dienggo oleh kebeneran hang hing biso difikir ambi akal sehat, terus Gusti Alloh nurunaken wahyu nang Nabi.

وَوَجَدَكَ عَاۤىِٕلًا فَاَغْنٰىۗ٨
Wa wajadaka ‘ā'ilan fa agnā.
[8] Gusti Alloh nemu siro iku melarat, mari iku diweni kecukupan.

فَاَمَّا الْيَتِيْمَ فَلَا تَقْهَرْۗ٩
Fa ammal-yatīma falā taqhar.
[9] Mulane nang lare atim iku aja nganingaya.

وَاَمَّا السَّاۤىِٕلَ فَلَا تَنْهَرْ١٠
Wa ammas-sā'ila falā tanhar.
[10] Lan kapan ono wong jaluk-jaluk, aja siro elokaken.

وَاَمَّا بِنِعْمَةِ رَبِّكَ فَحَدِّثْ ࣖ١١
Wa ammā bini‘mati rabbika fa ḥaddiṡ.
[11] Lan nang nikmate Gusti Alloh ojo lali Syukur.