Surah Al-Lail

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالَّيْلِ اِذَا يَغْشٰىۙ١
Wal-laili iżā yagsyā.
[1] Demi wengi tetkalane nutupi bedug kambi petenge.

وَالنَّهَارِ اِذَا تَجَلّٰىۙ٢
Wan-nahāri iżā tajallā.
[2] Lan bedug tetkalane terang.

وَمَا خَلَقَ الذَّكَرَ وَالْاُنْثٰىٓ ۙ٣
Wa mā khalaqaż-żakara wal-unṡā.
[3] Lan penciptaane wong lanang lan wadon.

اِنَّ سَعْيَكُمْ لَشَتّٰىۗ٤
Inna sa‘yakum lasyattā.
[4] Saktemene usahane siro iku beda-beda.

فَاَمَّا مَنْ اَعْطٰى وَاتَّقٰىۙ٥
Fa ammā man a‘ṭā wattaqā.
[5] Sapa wong hang ngetokaken picise nang dalane Gusti Alloh lan taqwa.

وَصَدَّقَ بِالْحُسْنٰىۙ٦
Wa ṣaddaqa bil-ḥusnā.
[6] Lan beneraken ganjaran hang paling apik (suwarga).

فَسَنُيَسِّرُهٗ لِلْيُسْرٰىۗ٧
Fa sanuyassiruhū lil-yusrā.
[7] Isun arep nyiapaken dalan hang gampang.

وَاَمَّا مَنْۢ بَخِلَ وَاسْتَغْنٰىۙ٨
Wa ammā man bakhila wastagnā.
[8] Sopo wong hang melid lan rumangso hing butuh (Gusti Alloh). 899
899) Hang dimaksud ambi ngerasa cukup : yaiku hing butuh pitulunge Gusti Alloh. lan hing Takwa nang Gusti Alloh.

وَكَذَّبَ بِالْحُسْنٰىۙ٩
Wa każżaba bil-ḥusnā.
[9] Lan hing percaya ambi ganjaran hang apik.

فَسَنُيَسِّرُهٗ لِلْعُسْرٰىۗ١٠
Fa sanuyassiruhū lil-‘usrā.
[10] Hun siapaken dalan hang angèl.

وَمَا يُغْنِيْ عَنْهُ مَالُهٗٓ اِذَا تَرَدّٰىٓۙ١١
Wa mā yugnī ‘anhu māluhū iżā taraddā.
[11] Bondhone hing ana manfaate kapan dhèwèke wis hing ono.

اِنَّ عَلَيْنَا لَلْهُدٰىۖ١٢
Inna ‘alainā lal-hudā.
[12] saktemene kewajibane Isun nguwani petunjuk.

وَاِنَّ لَنَا لَلْاٰخِرَةَ وَالْاُوْلٰىۗ١٣
Wa inna lanā lal-ākhirata wal-ūlā.
[13] Lan saktemene akherat lan donya iku Isun hang duwe.

فَاَنْذَرْتُكُمْ نَارًا تَلَظّٰىۚ١٤
Fa anżartukum nāran talaẓẓā.
[14] Mulane Isun ngengetaken nang siro kabeh, geni hang murub.

لَا يَصْلٰىهَآ اِلَّا الْاَشْقَىۙ١٥
Lā yaṣlāhā illal-asyqā.
[15] Hing ana hang melbu mrunu, kejobo wong hang keliwat tambenge.

الَّذِيْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰىۗ١٦
Allażī każżaba wa tawallā.
[16] Hang gorohaken (perkara hang bener) lan mlèngos teka iman.

وَسَيُجَنَّبُهَا الْاَتْقَىۙ١٧
Wa sayujannabuhal-atqā.
[17] Lan arep diedohaken wong hang taqwa teka neraka iku.

الَّذِيْ يُؤْتِيْ مَالَهٗ يَتَزَكّٰىۚ١٨
Allażī yu'tī mālahū yatazakkā.
[18] Kang nguwakaken bandhane, dienggo nyuciaken awake.

وَمَا لِاَحَدٍ عِنْدَهٗ مِنْ نِّعْمَةٍ تُجْزٰىٓۙ١٩
Wa mā li'aḥadin ‘indahū min ni‘matin tujzā.
[19] Padahal, hing ana siji wong hang nguwèni kenikmatan hang kudu dibalesi.

اِلَّا ابْتِغَاۤءَ وَجْهِ رَبِّهِ الْاَعْلٰىۚ٢٠
Illabtigā'a wajhi rabbihil-a‘lā.
[20] Yane nguweni kerono tulus (golek ridlane Gusti Gusti Alloh).

وَلَسَوْفَ يَرْضٰى ࣖ٢١
Wa lasaufa yarḍā.
[21] Lan yane mesthi bakal oleh kepuasan.