Surah Al-Balad

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
لَآ اُقْسِمُ بِهٰذَا الْبَلَدِۙ١
Lā uqsimu bihāżal-balad(i).
[1] Isun bener-bener sumpah, demi negoro Mekkah iki.

وَاَنْتَ حِلٌّۢ بِهٰذَا الْبَلَدِۙ٢
Wa anta ḥillum bihāżal-balad(i).
[2] Siro (Muhammad) manggon nang negara Mekkah iki.

وَوَالِدٍ وَّمَا وَلَدَۙ٣
Wa wālidiw wa mā walad(a).
[3] Demi Apak (Adam) lan turunane (onoke).

لَقَدْ خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ فِيْ كَبَدٍۗ٤
Laqad khalaqnal-insāna fī kabad(in).
[4] Temenan Isun wis gawe menungso keadaane susah payah (kerepotan).

اَيَحْسَبُ اَنْ لَّنْ يَّقْدِرَ عَلَيْهِ اَحَدٌ ۘ٥
Ayaḥsabu allay yaqdira ‘alaihi aḥad(un).
[5] Apa menungso nyangka hing ono hang Nguasai nang awake?

يَقُوْلُ اَهْلَكْتُ مَالًا لُّبَدًاۗ٦
Yaqūlu ahlaktu mālal lubadā(n).
[6] Lan ngomong, “isun wis ngetokaken picis wakèh”.

اَيَحْسَبُ اَنْ لَّمْ يَرَهٗٓ اَحَدٌۗ٧
Ayaḥsabu allam yarahū aḥad(un).
[7] Apa menungso nyongko hing ono hang deleng nang awake?

اَلَمْ نَجْعَلْ لَّهٗ عَيْنَيْنِۙ٨
Alam naj‘al lahū ‘ainain(i).
[8] Apa Isun hing nguweni moto loro?

وَلِسَانًا وَّشَفَتَيْنِۙ٩
Wa lisānaw wa syafatain(i).
[9] Lan ilat, ambi lambe loro?

وَهَدَيْنٰهُ النَّجْدَيْنِۙ١٠
Wa hadaināhun-najdain(i).
[10] Lan Isun dudui dalan loro (apik lan elek) nang dhèwèke. 897
897) Hang dimaksud ambi rong dalan yoiku: dalan hang apik lan dalan hang elek.

فَلَا اقْتَحَمَ الْعَقَبَةَ ۖ١١
Falaqtaḥamal-‘aqabah(ta).
[11] Maka, kudune iyane hing usah nempuh dalan (keapikan) hang munggah lan angèl?

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الْعَقَبَةُ ۗ١٢
Wa mā adrāka mal-‘aqabah(tu).
[12] Apa rika weruh dalan hang munggah lan angel iku?

فَكُّ رَقَبَةٍۙ١٣
Fakku raqabah(tin).
[13] Yoiku (contone) bebasaken budak teko perbudakan.

اَوْ اِطْعَامٌ فِيْ يَوْمٍ ذِيْ مَسْغَبَةٍۙ١٤
Au iṭ‘āmun fī yaumin żī masgabah(tin).
[14] Utawa ngweni mangan waktu wong padha ellom.

يَّتِيْمًا ذَا مَقْرَبَةٍۙ١٥
Yatīman żā maqrabah(tin).
[15] Nang lare atim hang mage ono hubungan dulur.

اَوْ مِسْكِيْنًا ذَا مَتْرَبَةٍۗ١٦
Au miskīnan żā matrabah(tin).
[16] Utawa nang wong melarat lan fakir temenan.

ثُمَّ كَانَ مِنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ وَتَوَاصَوْا بِالْمَرْحَمَةِۗ١٧
Ṡumma kāna minal-lażīna āmanū wa tawāṣau biṣ-ṣabri wa tawāṣau bil-marḥamah(ti).
[17] Wong iku mau kudu melbu wong hang iman lan padha nguwèni pesen dienggo sabar lan welas-welasan.

اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْمَيْمَنَةِۗ١٨
Ulā'ika aṣḥābul-maimanah(ti).
[18] Wong hang gedigu iku (podo iman lan wis saling pesen-pesenan), masuk golangan tengen.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِنَا هُمْ اَصْحٰبُ الْمَشْـَٔمَةِۗ١٩
Wal-lażīna kafarū bi'āyātinā hum aṣḥābul-masy'amah(ti).
[19] Lan wong kafir hang hing percaya nang ayatayat isun, termasuk golongan kiri.

عَلَيْهِمْ نَارٌ مُّؤْصَدَةٌ ࣖ٢٠
‘Alaihim nārum mu'ṣadah(tun).
[20] Padha disiksa nang neraka hang dikunci rapet.