Surah Al-Fajr

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالْفَجْرِۙ١
Wal-fajr(i).
[1] Demi fajar.

وَلَيَالٍ عَشْرٍۙ٢
Wa layālin ‘asyr(in).
[2] Dhemi bengi tanggal sepuluh (ulan Dzul Hijjah). 891
891) Ana hang Ngomong iku tanggal 10 akhir ramadhan, ana hang ngomong iku tanggal 10 muharram termasuk dina asyura, ana hang ngomong iku tanggal 10 Dzulhijjah.

وَّالشَّفْعِ وَالْوَتْرِۙ٣
Wasy-syaf‘i wal-watr(i).
[3] Demi hang genep lan hang ganjil.

وَالَّيْلِ اِذَا يَسْرِۚ٤
Wal-laili iżā yasr(i).
[4] Demi bengi hang wis diliwati.

هَلْ فِيْ ذٰلِكَ قَسَمٌ لِّذِيْ حِجْرٍۗ٥
Hal fī żālika qasamul liżī ḥijr(in).
[5] Hang koyo iku ana sumpah (hang biso diterima) wong hang ono akale.

اَلَمْ تَرَ كَيْفَ فَعَلَ رَبُّكَ بِعَادٍۖ٦
Alam tara kaifa fa‘ala rabbuka bi‘ād(in).
[6] Sira (Muhammad)apa using ndeleng kelendi Gusti Alloh pengèran siro numpas kaum ‘Aad.

اِرَمَ ذَاتِ الْعِمَادِۖ٧
Irama żātil-‘imād(i).
[7] (Bangsa) Iram, hang duwe bangunan hang dhuwur. 892
892) Iraam ibukotanè kaum “Aad.

الَّتِيْ لَمْ يُخْلَقْ مِثْلُهَا فِى الْبِلَادِۖ٨
Allatī lam yukhlaq miṡluhā fil-bilād(i).
[8] Hang durung tau dibangun (kota) hang kaya iku, nang negeri liyanè.

وَثَمُوْدَ الَّذِيْنَ جَابُوا الصَّخْرَ بِالْوَادِۖ٩
Wa ṡamūdal-lażīna jābuṣ-ṣakhra bil-wād(i).
[9] Lan Bangsa Tsamud, hang bisa ngetoki watu nang jurang-jurang. 893
893) Lembah iki panggonane ana nang sebalah lore Jazirah Arab antara kota Madinah lan Syam, wong hang akèh motong-motong watu gunung dienggo bangun gedung-gedung umahe, ana maning hang mbolongi gunung dienggo berlindung.

وَفِرْعَوْنَ ذِى الْاَوْتَادِۖ١٠
Wa fir‘auna żil-autād(i).
[10] Lan Kaum Fir’aun kang duwè pathek pathek bangunan hang gedhi-gedhi

الَّذِيْنَ طَغَوْا فِى الْبِلَادِۖ١١
Allażīna ṭagau fil-bilād(i).
[11] Hang Sombong ana nang jeron negara.

فَاَكْثَرُوْا فِيْهَا الْفَسَادَۖ١٢
Fa akṡarū fīhal-fasād(a).
[12] Lan keliwat ngelakoni kerusakan nong jero negarane.

فَصَبَّ عَلَيْهِمْ رَبُّكَ سَوْطَ عَذَابٍۖ١٣
Fa ṣabba ‘alaihim rabbuka sauṭa ‘ażāb(in).
[13] Kerana Gusti Alloh nguwèni pecut rupa adzab

اِنَّ رَبَّكَ لَبِالْمِرْصَادِۗ١٤
Inna rabbaka labil-mirṣād(i).
[14] saktemene Gusti Alloh Pengèran sira iku ngawasi terus.

فَاَمَّا الْاِنْسَانُ اِذَا مَا ابْتَلٰىهُ رَبُّهٗ فَاَكْرَمَهٗ وَنَعَّمَهٗۙ فَيَقُوْلُ رَبِّيْٓ اَكْرَمَنِۗ١٥
Fa ammal-insānu iżā mabtalāhu rabbuhū fa akramahū wa na‘‘amah(ū), fa yaqūlu rabbī akraman(i).
[15] Kapan menungsa iku diwèni ujian kamulyaan lan kesenengan, wong iku ngomong “Pengeran nguwèni kemulyaan nang isun”.

وَاَمَّآ اِذَا مَا ابْتَلٰىهُ فَقَدَرَ عَلَيْهِ رِزْقَهٗ ەۙ فَيَقُوْلُ رَبِّيْٓ اَهَانَنِۚ١٦
Wa ammā iżā mabtalāhu fa qadara ‘alaihi rizqah(ū), fa yaqūlu rabbī ahānan(i).
[16] Tapi kapan diwèni ujian rezekine sithik, wong iku ngomong “Pengeran nginoaken isun”. 894
894) Maksudè Gusati Alloh nyalahaken nang wong-wong hang ngomong saktemene sugih iku kemulyan lan melarat iku ino, sugih lan melarat iku ujiane Gusti Gusati Alloh.

كَلَّا بَلْ لَّا تُكْرِمُوْنَ الْيَتِيْمَۙ١٧
Kallā bal lā tukrimūnal-yatīm(a).
[17] Sakjanè using, kapan sira welas nang lare atim. 895
895) Maksudè hing mulyakaken lare aitm iku hing nguwakaken hak-hake lare atim lan hing ngelakoni keapikan nang lare atim.

وَلَا تَحٰۤضُّوْنَ عَلٰى طَعَامِ الْمِسْكِيْنِۙ١٨
Wa lā taḥāḍḍūna ‘alā ṭa‘āmil-miskīn(i).
[18] Lan kapan sira ngajaki nguwèni mangan wong melarat.

وَتَأْكُلُوْنَ التُّرَاثَ اَكْلًا لَّمًّاۙ١٩
Wa ta'kulūnat-turāṡa aklal lammā(n).
[19] Lan sira sering mangan warisan hang dicampur antara hang halal lan hang haram.

وَّتُحِبُّوْنَ الْمَالَ حُبًّا جَمًّاۗ٢٠
Wa tuḥibbūnal-māla ḥubban jammā(n).
[20] Lan siro pada dhemen nang bondho.

كَلَّآ اِذَا دُكَّتِ الْاَرْضُ دَكًّا دَكًّاۙ٢١
Kallā iżā dukkatil-arḍu dakkan dakkā(n).
[21] Ojo ngelakoni hang gedigu kapan osing, ana lindu hang hing mari-mari.

وَّجَاۤءَ رَبُّكَ وَالْمَلَكُ صَفًّا صَفًّاۚ٢٢
Wa jā'a rabbuka wal-malaku ṣaffan ṣaffā(n).
[22] Lan teko Pengèranira, malaikat jèjèr-jèjèr.

وَجِايْۤءَ يَوْمَىِٕذٍۢ بِجَهَنَّمَۙ يَوْمَىِٕذٍ يَّتَذَكَّرُ الْاِنْسَانُ وَاَنّٰى لَهُ الذِّكْرٰىۗ٢٣
Wa jī'a yauma'iżim bijahannam(a), yauma'iżiy yatażakkarul-insānu wa annā lahuż-żikrā.
[23] Pas dino iku didelengaken nerako Jahannam. Lan pas dino iku menungso padha iling tapi wis hing ono gunanè

يَقُوْلُ يٰلَيْتَنِيْ قَدَّمْتُ لِحَيَاتِيْۚ٢٤
Yaqūlu yā laitanī qaddamtu liḥayātī.
[24] Dhèwèkè ngomong, “apik kapan hun bengèn ngerjakaken amal sholèh dienggo urip isun”.

فَيَوْمَىِٕذٍ لَّا يُعَذِّبُ عَذَابَهٗٓ اَحَدٌ ۙ٢٥
Fa yauma'iżil lā yu‘ażżibu ‘ażābahū aḥad(un).
[25] Pas dino iki hing ana wong bisa nguasani siksane Gusti Alloh. 896
896) Maksudè kerasè Adzabè Gusati Alloh Swt podo ambi keadilanè.

وَّلَا يُوْثِقُ وَثَاقَهٗٓ اَحَدٌ ۗ٢٦
Wa lā yūṡiqu waṡāqahū aḥad(un).
[26] Lan hing ono wong hang bisa nalèni kaya talènane Gusti Alloh.

يٰٓاَيَّتُهَا النَّفْسُ الْمُطْمَىِٕنَّةُۙ٢٧
Yā ayyatuhan-nafsul-muṭma'innah(tu).
[27] He, jiwa hang tentrem!

ارْجِعِيْٓ اِلٰى رَبِّكِ رَاضِيَةً مَّرْضِيَّةً ۚ٢٨
Irji‘ī ilā rabbiki rāḍiyatam marḍiyyah(tan).
[28] Baliko nang Gusti Alloh. Pengèraniro nganggo ati hang tenang lan diridhoi

فَادْخُلِيْ فِيْ عِبٰدِيْۙ٢٩
Fadkhuli fī ‘ibādī.
[29] Melbuwo golongane hamba-hamba Isun.

وَادْخُلِيْ جَنَّتِيْ ࣖࣖ٣٠
Wadkhulī jannatī.
[30] Lan melbuwo nang suwargae Isun.