Surah Al-A’la

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سَبِّحِ اسْمَ رَبِّكَ الْاَعْلَىۙ١
Sabbiḥisma rabbikal-a‘lā.
[1] Nyebuta Maha Suci asmane Gusti Alloh Pengeran siro Hang Maha Luhur.

الَّذِيْ خَلَقَ فَسَوّٰىۖ٢
Allażī khalaqa fasawwā.
[2] Kang wis gawe siro lan nyempurnakaken.

وَالَّذِيْ قَدَّرَ فَهَدٰىۖ٣
Wal-lażī qaddara fahadā.
[3] Hang wis nentukaken ukuran lan nguwani petunjuk

وَالَّذِيْٓ اَخْرَجَ الْمَرْعٰىۖ٤
Wal-lażī akhrajal-mar‘ā.
[4] Lan hang nguripi suket suket.

فَجَعَلَهٗ غُثَاۤءً اَحْوٰىۖ٥
Fa ja‘alahū guṡā'an aḥwā.
[5] Lan gawe suket iku dadi garing warnane cemeng.

سَنُقْرِئُكَ فَلَا تَنْسٰىٓ ۖ٦
Sanuqri'uka falā tansā.
[6] Isun macakaken Al-Qur’an nang siro (Muhammad) wakne hing lali.

اِلَّا مَا شَاۤءَ اللّٰهُ ۗاِنَّهٗ يَعْلَمُ الْجَهْرَ وَمَا يَخْفٰىۗ٧
Illā mā syā'allāh(u), innahū ya‘lamul-jahra wa mā yakhfā.
[7] Kecuali Gusti Alloh ngarepaken, satemene Gusti Alloh Ngeweruhi hang katon lan hang Sengidan

وَنُيَسِّرُكَ لِلْيُسْرٰىۖ٨
Wa nuyassiruka lil-yusrā.
[8] Lan Isun ngewèni siro dalan hang gampang. 890
890) Maksude dalan hang gawa nang kesenengan donya lan akhirat

فَذَكِّرْ اِنْ نَّفَعَتِ الذِّكْرٰىۗ٩
Fa żakkir in nafa‘atiż-żikrā.
[9] Mulane wnènana pengenget, saktemene pengenget iku ana manfaate.

سَيَذَّكَّرُ مَنْ يَّخْشٰىۙ١٠
Sayażżakkaru may yakhsyā.
[10] Sapa hang wedi nang Gusti Alloh, oleh pelajaran.

وَيَتَجَنَّبُهَا الْاَشْقَىۙ١١
Wa yatajannabuhal-asyqā.
[11] Wong hang cilaka (kafir) mesti ngedohi.

الَّذِيْ يَصْلَى النَّارَ الْكُبْرٰىۚ١٢
Allażī yaṣlan-nāral-kubrā.
[12] Yaiku hang arep nyemplung geni gedhik.

ثُمَّ لَا يَمُوْتُ فِيْهَا وَلَا يَحْيٰىۗ١٣
Ṡumma lā yamūtu fīhā wa lā yaḥyā.
[13] Ono nang kana hing mati lan hing urip.

قَدْ اَفْلَحَ مَنْ تَزَكّٰىۙ١٤
Qad aflaḥa man tazakkā.
[14] Saktemene untung wong hang gelem bersihaken awake (iman).

وَذَكَرَ اسْمَ رَبِّهٖ فَصَلّٰىۗ١٥
Wa żakarasma rabbihī fa ṣallā.
[15] Wong hang inget nang Gusti Alloh Pengerane lan nglakoni sembayang.

بَلْ تُؤْثِرُوْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَاۖ١٦
Bal tu'ṡirūnal-ḥayātad-dun-yā.
[16] Tapi siro kabeh (wong-wong kafir) milih penguripan donya.

وَالْاٰخِرَةُ خَيْرٌ وَّاَبْقٰىۗ١٧
Wal-ākhiratu khairuw wa abqā.
[17] Penguripan nang akhirat lebih apik lan langgeng

اِنَّ هٰذَا لَفِى الصُّحُفِ الْاُوْلٰىۙ١٨
Inna hāżā lafiṣ-ṣuḥufil-ūlā.
[18] Saktemene iki wis ana nang kitab-kitab bengèn.

صُحُفِ اِبْرٰهِيْمَ وَمُوْسٰى ࣖ١٩
Ṣuḥufi ibrāhīma wa mūsā.
[19] Kitabe Nabi Ibrohim lan Kitabe Nabi Musa.