Surah Al-Insyiqaq
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا السَّمَاۤءُ انْشَقَّتْۙ١
Iżas-samā'unsyaqqat.
[1]
Tetkalane langit iku pecah.
وَاَذِنَتْ لِرَبِّهَا وَحُقَّتْۙ٢
Wa ażinat lirabbihā wa ḥuqqat.
[2]
Lan patuh nang Pengèrane, mulo benere langit kudu patuh.
وَاِذَا الْاَرْضُ مُدَّتْۙ٣
Wa iẓal-arḍu muddat.
[3]
Lan tetkalane bumi diratakaken.
وَاَلْقَتْ مَا فِيْهَا وَتَخَلَّتْۙ٤
Wa alqat mā fīhā wa takhallat.
[4]
Lan ngetokaken isine sampek kothong.
وَاَذِنَتْ لِرَبِّهَا وَحُقَّتْۗ٥
Wa ażinat lirabbihā wa ḥuqqat.
[5]
Lan patuh nang Pengèranee, mulo benere langit kudu patuh. ( pas waktu iku menungso ngerti akibat kelakuane).
يٰٓاَيُّهَا الْاِنْسَانُ اِنَّكَ كَادِحٌ اِلٰى رَبِّكَ كَدْحًا فَمُلٰقِيْهِۚ٦
Yā ayyuhal-insānu innaka kādiḥun ilā rabbika kadḥan fa mulāqīh(i).
[6]
He menungso! Saktemene siro wes megawe temenanan nang Pengèrane siro, sira pasti ketemu ambi Gusti Alloh. 884
884) Maksude, Menungso iki asline urip nang donya dienggu nuju nang Gsuti Alloh, Yanè arep nemoni Gusti Alloh dienggo nerimo balesan kelakuanè apik utawa èlèk.
فَاَمَّا مَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ بِيَمِيْنِهٖۙ٧
Fa ammā man ūtiya kitābahū biyamīnih(ī).
[7]
Wong hang diweni buku catetan amale teko arah tengene.
فَسَوْفَ يُحَاسَبُ حِسَابًا يَّسِيْرًاۙ٨
Fa saufa yuḥāsabu ḥisābay yasīrā(n).
[8]
Mulane diperiksa nganggo pemeriksaan hang èntèng.
وَّيَنْقَلِبُ اِلٰٓى اَهْلِهٖ مَسْرُوْرًاۗ٩
Wa yanqalibu ilā ahlihī masrūrā(n).
[9]
Lan mbalèk nang kancane ono suwarga, ambi seneng-seneng.
وَاَمَّا مَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ وَرَاۤءَ ظَهْرِهٖۙ١٠
Wa ammā man ūtiya kitābahū warā'a ẓahrih(ī).
[10]
Wong hang diwèni buku catetan amale teko arah kiwone (yoiku wong kafir).
فَسَوْفَ يَدْعُوْا ثُبُوْرًاۙ١١
Fa saufa yad‘ū ṡubūrā(n).
[11]
Mulane wong iku berik-berik: celoko isun.
وَّيَصْلٰى سَعِيْرًاۗ١٢
Wa yaṣlā sa‘īrā(n).
[12]
Lan dicemplungaken ning neraka Sa’ir.
اِنَّهٗ كَانَ فِيْٓ اَهْلِهٖ مَسْرُوْرًاۗ١٣
Innahū kāna fī ahlihī masrūrā(n).
[13]
Saktemene yane bengèn (nang donya) padha seneng-seneng ambi kancane (hang kafir).
اِنَّهٗ ظَنَّ اَنْ لَّنْ يَّحُوْرَ ۛ١٤
Innahū ẓanna allay yaḥūr(a).
[14]
Saktemene perasane wong kafir, yane hing arep mbalik nang Gusti Alloh.
بَلٰىۛ اِنَّ رَبَّهٗ كَانَ بِهٖ بَصِيْرًاۗ١٥
Balā, inna rabbahū kāna bihī baṣīrā(n).
[15]
Hang bener, saktemene Pengèrane selalu ndeleng nang wong (kafir).
فَلَآ اُقْسِمُ بِالشَّفَقِۙ١٦
Falā uqsimu bisy-syafaq(i).
[16]
Isun sumpah, “Demi mega abang”.
وَالَّيْلِ وَمَا وَسَقَۙ١٧
Wal-laili wa mā wasaq(a).
[17]
Demi bengi, lan perkara hang ngemuli.
وَالْقَمَرِ اِذَا اتَّسَقَۙ١٨
Wal-qamari iżattasaq(a).
[18]
Lan demi ulan tekalane purnama..
لَتَرْكَبُنَّ طَبَقًا عَنْ طَبَقٍۗ١٩
Latarkabunna ṭabaqan ‘an ṭabaq(in).
[19]
Saktemene sira mesthi nglakoni templikan (nang urip sira). 885
885) Hang dimaksud tingkat dhemi tingkat iku teka setètès mani sampek lahiran, terus teka masa kanak-kanak, remaja lan dèwasa, teka urip terus mati lanjut ditangèkaken teka kuburan.
فَمَا لَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَۙ٢٠
Famā lahum lā yu'minūn(a).
[20]
Abuwo yane hing gelem Percaya nang Gusti Alloh?.
وَاِذَا قُرِئَ عَلَيْهِمُ الْقُرْاٰنُ لَا يَسْجُدُوْنَ ۗ ۩٢١
Wa iżā quri'a ‘alaihimul-qur'ānu lā yasjudūn(a).
[21]
Tekalane diwacakaken Al-Qur’an pado hing gelem sujud.
بَلِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُكَذِّبُوْنَۖ٢٢
Balil-lażīna kafarū yukażżibūn(a).
[22]
Wong kafir malah podo gorohaken Al- Qur’an.
وَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا يُوْعُوْنَۖ٢٣
Wallāhu a‘lamu bimā yū‘ūn(a).
[23]
Padahal Gusti Alloh weruh hang ana nang jero atine.
فَبَشِّرْهُمْ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍۙ٢٤
Fa basysyirhum bi‘ażābin alīm(in).
[24]
Kabarno nang wong kafir, kapan arep disiksa nganggo siksaan hang nemen.
اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ اَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُوْنٍ ࣖ٢٥
Illal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum ajrun gairu mamnūn(in).
[25]
Kejaba wong hang iman (Mukmin) lan ngelakoni perkoro hang apik, podo diganjar suwarga saklawase hing pedhot-pedhot.