Surah Al-Tatfif

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَيْلٌ لِّلْمُطَفِّفِيْنَۙ١
Wailul lil-muṭaffifīn(a).
[1] Celaka temenan wong hang ngelakoni curang nang timbangan. 880
880) Hang dimaksud nang kènè wong hang curang, yaiku wong hang curang nang takeran lan timbangan

الَّذِيْنَ اِذَا اكْتَالُوْا عَلَى النَّاسِ يَسْتَوْفُوْنَۖ٢
Allażīna iżaktālū ‘alan-nāsi yastaufūn(a).
[2] (Yaiku) wong-wong hang pas nerima takeran teka wong liya, iyane jaluk dicukupi.

وَاِذَا كَالُوْهُمْ اَوْ وَّزَنُوْهُمْ يُخْسِرُوْنَۗ٣
Wa iżā kālūhum au wazanūhum yukhsirūn(a).
[3] Lan tetkalane iyane naker utawa nimbang kanggo wong liya, iyane kurangi.

اَلَا يَظُنُّ اُولٰۤىِٕكَ اَنَّهُمْ مَّبْعُوْثُوْنَۙ٤
Alā yaẓunnu ulā'ika annahum mab‘ūṡūn(a).
[4] Apa hing weruh wong-wong iku, besok arep ditangèkaken?

لِيَوْمٍ عَظِيْمٍۙ٥
Liyaumin ‘aẓīm(in).
[5] Tepak dino hang gedhi (kiamat).

يَّوْمَ يَقُوْمُ النَّاسُ لِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَۗ٦
Yauma yaqūmun-nāsu lirabbil-‘ālamīn(a).
[6] Dinane manungsa ngadeg nang Pengèrane wong alam kabeh.

كَلَّآ اِنَّ كِتٰبَ الْفُجَّارِ لَفِيْ سِجِّيْنٍۗ٧
Kallā inna kitābal-fujjāri lafī sijjīn(in).
[7] Temenan, ojo ngelakoni curang, saktemene catetane wong duraka ono nang Sijjīn. 881
881)Sijjīn: arane kitab hang isine catetan amal wong-wong hang duraka.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا سِجِّيْنٌۗ٨
Wa mā adrāka mā sijjīn(un).
[8] Opo sira paran weruh Sijjīn iku?

كِتٰبٌ مَّرْقُوْمٌۗ٩
Kitābum marqūm(un).
[9] Yoiku Buku hang ditulis.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَۙ١٠
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[10] Celoko temenan pas dino iku kanggo wongwong hang ngapusi.

الَّذِيْنَ يُكَذِّبُوْنَ بِيَوْمِ الدِّيْنِۗ١١
Allażīna yukażżibūna biyaumid-dīn(i).
[11] Yaiku wong-wong hang hing percaya dinone walesan (kiamat).

وَمَا يُكَذِّبُ بِهٖٓ اِلَّا كُلُّ مُعْتَدٍ اَثِيْمٍۙ١٢
Wa mā yukażżibu bihī illā kullu mu‘tadin aṡīm(in).
[12] Hing ono hang gorohaken dino kiamat kejaba wong hang keliwat tambenge lan sering ngelakoni dusa.

اِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِ اٰيٰتُنَا قَالَ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَۗ١٣
Iżā tutlā ‘alaihi āyātunā qāla asāṭīrul-awwalīn(a).
[13] Lan tetkalane diwacakaken ayat-ayat isun, yane ngomong kadhung iku ceritane wongwong zaman bengèn.

كَلَّا بَلْ ۜرَانَ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ مَّا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ١٤
Kallā bal…rāna ‘alā qulūbihim mā kānū yaksibūn(a).
[14] Ojo gedigu, saktemene hang dilakoni wongwong kafir iku nutup atine dhèwèk.

كَلَّآ اِنَّهُمْ عَنْ رَّبِّهِمْ يَوْمَىِٕذٍ لَّمَحْجُوْبُوْنَۗ١٥
Kallā innahum ‘ar rabbihim yauma'iżil lamaḥjūbūn(a).
[15] Sekali-kali Using, 882 saktemene wong-wong kafir pas dina iku bener-bener ketutup teka (kawelasane) pengèran.
882) Maksude, sekali-kali using kaya paran hang wong-wong iku omongaken, yaiku, “saktemene wong-wong iku parek ambi Gusti Alloh”.

ثُمَّ اِنَّهُمْ لَصَالُوا الْجَحِيْمِۗ١٦
Ṡumma innahum laṣālul-jaḥīm(i).
[16] Saktemene wong-wong kafir iku benerbener melbu nerako.

ثُمَّ يُقَالُ هٰذَا الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تُكَذِّبُوْنَۗ١٧
Ṡumma yuqālu hāżal-lażī kuntum bihī tukażżibūn(a).
[17] Sakwise diomongaken nang wong-wong kafir iku, “iki sikso hang bengèn siro gorohaken”.

كَلَّآ اِنَّ كِتٰبَ الْاَبْرَارِ لَفِيْ عِلِّيِّيْنَۗ١٨
Kallā inna kitābal-abrāri lafī ‘illiyyīn(a).
[18] Saktemene wong-wong hang taat iku disimpen nang Illiyyīn. 883
883) ‘Illiyyīn iku aran kitab hang isine catetan amal wong-wong hang bakti nang Gusti Alloh

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا عِلِّيُّوْنَۗ١٩
Wa mā adrāka mā ‘illiyyūn(a).
[19] Apa siro weruh paran iku Illiyyīn?

كِتٰبٌ مَّرْقُوْمٌۙ٢٠
Kitābum marqūm(un).
[20] Kitab hang ketulis.

يَّشْهَدُهُ الْمُقَرَّبُوْنَۗ٢١
Yasyhaduhul-muqarrabūn(a).
[21] Hang disaksekaken Malaikat hang diparekaken nang Gusti Alloh.

اِنَّ الْاَبْرَارَ لَفِيْ نَعِيْمٍۙ٢٢
Innal-abrāra lafī na‘īm(in).
[22] Saktemene wong hang taat iku mesti oleh kenikmatan hang gedik (surga).

عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِ يَنْظُرُوْنَۙ٢٣
‘Alal-arā'iki yanẓurūn(a).
[23] Wong hang taat iku lungguh nang duwure dipan-dipan ambi bisa nyawang-nyawang.

تَعْرِفُ فِيْ وُجُوْهِهِمْ نَضْرَةَ النَّعِيْمِۚ٢٤
Ta‘rifu fī wujūhihim naḍratan na‘īm(i).
[24] Sira bisa weruh teka raine wong-wong hang taat, kesenengan hang akeh kenikmatan.

يُسْقَوْنَ مِنْ رَّحِيْقٍ مَّخْتُوْمٍۙ٢٥
Yusqauna mir raḥīqim makhtūm(in).
[25] Wong hang taat diweni ombenan teko arak hang murni lan mage segelan.

خِتٰمُهٗ مِسْكٌ ۗوَفِيْ ذٰلِكَ فَلْيَتَنَافَسِ الْمُتَنٰفِسُوْنَۗ٢٦
Khitāmuhū misk(un), wa fī żālika falyatanāfasil-mutanāfisūn(a).
[26] Segelane teka kesturi, mulane wong-wong padha cepet-cepetan.

وَمِزَاجُهٗ مِنْ تَسْنِيْمٍۙ٢٧
Wa mizājuhū min tasnīm(in).
[27] Lan campurane arak murni mau teka Tasnim.

عَيْنًا يَّشْرَبُ بِهَا الْمُقَرَّبُوْنَۗ٢٨
‘Ainay yasyrabu bihal-muqarrabūn(a).
[28] Yaiku sumber banyu hang diombe ambi wong hang parek (Nang Alloh).

اِنَّ الَّذِيْنَ اَجْرَمُوْا كَانُوْا مِنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يَضْحَكُوْنَۖ٢٩
Innal-lażīna ajramū kānū minal-lażīna āmanū yaḍḥakūn(a).
[29] Saktemene wong hang dusa iku wong hang ngenyèk wong-wong hang iman nang Gusti Alloh.

وَاِذَا مَرُّوْا بِهِمْ يَتَغَامَزُوْنَۖ٣٠
Wa iżā marrū bihim yatagāmazūn(a).
[30] Lan tetkalane wong hang podo iman papasan nang ngarepe wong akeh dusane, padha ngedip motone.

وَاِذَا انْقَلَبُوْٓا اِلٰٓى اَهْلِهِمُ انْقَلَبُوْا فَكِهِيْنَۖ٣١
Wa iżanqalabū ilā ahlihimunqalabū fakihīn(a).
[31] Lan tetkalane mbalik nang golongane, mbalik ambi seneng-seneng.

وَاِذَا رَاَوْهُمْ قَالُوْٓا اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ لَضَاۤلُّوْنَۙ٣٢
Wa iżā ra'auhum qālū inna hā'ulā'i laḍāllūn(a).
[32] Lan tetkalane ketemu (wong mukmin), wong-wong iku ngomong kapan wong mu’min iku wong hang kesasar.

وَمَآ اُرْسِلُوْا عَلَيْهِمْ حٰفِظِيْنَۗ٣٣
Wa mā ursilū ‘alaihim ḥāfiẓīn(a).
[33] Padahal wong hang ngelakoni duso iku hing dikonkon kanggo jaga wong-wong mu’min.

فَالْيَوْمَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنَ الْكُفَّارِ يَضْحَكُوْنَۙ٣٤
Fal-yaumal-lażīna āmanū minal kuffāri yaḍḥakūn(a).
[34] Pas dina iki wong-wong hang taat padha ngguyu wong-wong kafir.

عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِ يَنْظُرُوْنَۗ٣٥
‘Alal-arā'iki yanẓurūn(a).
[35] Lungguh nang duwure dipan ambi bisa nyawang.

هَلْ ثُوِّبَ الْكُفَّارُ مَا كَانُوْا يَفْعَلُوْنَ ࣖ٣٦
Hal ṡuwwibal-kuffāru mā kānū yaf‘alūn(a).
[36] Saktemene wong kafir oleh balesan ambi hang padha dikerjakaken bengen.