Surah At-Takwir

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا الشَّمْسُ كُوِّرَتْۖ١
Iżasy-syamsu kuwwirat.
[1] (Pas dino kiamat) tetkalane serngèngè dilempit.

وَاِذَا النُّجُوْمُ انْكَدَرَتْۖ٢
Wa iżan-nujūmunkadarat.
[2] Lan tetkalane lintang padha ketebluk

وَاِذَا الْجِبَالُ سُيِّرَتْۖ٣
Wa iżal-jibālu suyyirat.
[3] Lan tetkalane gunung-gunung diancuraken

وَاِذَا الْعِشَارُ عُطِّلَتْۖ٤
Wa iżal-‘isyāru ‘uṭṭilat.
[4] Lan tetkalane unta meteng podo ditinggal

وَاِذَا الْوُحُوْشُ حُشِرَتْۖ٥
Wa iżal-wuḥūsy ḥusyirat.
[5] Lan tetkalane hewan liar podo dikumpulaken

وَاِذَا الْبِحَارُ سُجِّرَتْۖ٦
Wa iżal-biḥāru sujjirat.
[6] Lan tetkalane segara dipanasi.

وَاِذَا النُّفُوْسُ زُوِّجَتْۖ٧
Wa iżan-nufūsu zuwwijat.
[7] Lan tetkalane nyawa dibalekaken nang ragane.

وَاِذَا الْمَوْءٗدَةُ سُىِٕلَتْۖ٨
Wa iżal-mau'ūdatu su'ilat.
[8] Lan tetkalane bayi-bayi wadon kang dipendhem urip-urip padha ditakoni.

بِاَيِّ ذَنْۢبٍ قُتِلَتْۚ٩
Bi'ayyi żambin qutilat.
[9] Kerono duso paran bayi-bayi dipateni?.

وَاِذَا الصُّحُفُ نُشِرَتْۖ١٠
Wa iżaṣ-ṣuḥufu nusyirat.
[10] Lan tetkalane buku cathetan amal dibuka.

وَاِذَا السَّمَاۤءُ كُشِطَتْۖ١١
Wa iżas-samā'u kusyiṭat.
[11] Lan tetkalane langit di ilangaken.

وَاِذَا الْجَحِيْمُ سُعِّرَتْۖ١٢
Wa iżal-jaḥīmu su‘‘irat.
[12] Lan tetkalane neraka jahim diurubaken

وَاِذَا الْجَنَّةُ اُزْلِفَتْۖ١٣
Wa iżal-jannatu uzlifat.
[13] Lan tetkalane surga diparekaken.

عَلِمَتْ نَفْسٌ مَّآ اَحْضَرَتْۗ١٤
‘Alimat nafsum mā aḥḍarat.
[14] Mulane tiap wong padha faham hang dikerjakaken.

فَلَآ اُقْسِمُ بِالْخُنَّسِۙ١٥
Falā uqsimu bil-khunnas(i).
[15] Isun sumpah, dhemi lintang - lintang.

الْجَوَارِ الْكُنَّسِۙ١٦
Al-jawāril-kunnas(i).
[16] Kang muncul lan ilang.

وَالَّيْلِ اِذَا عَسْعَسَۙ١٧
Wal-laili iżā ‘as‘as(a).
[17] Demi bengi tetkalane ngarepaken peteng.

وَالصُّبْحِ اِذَا تَنَفَّسَۙ١٨
Waṣ-ṣubḥi iżā tanaffas(a).
[18] Demi shubuh tetkalane fajare mulai ilang .

اِنَّهٗ لَقَوْلُ رَسُوْلٍ كَرِيْمٍۙ١٩
Innahū laqaulu rasūlin karīm(in).
[19] Saktemene Al-Qur’an iku dawuhe Gusti Alloh hang digawa liwat makhluq hang mulya (Jibril).

ذِيْ قُوَّةٍ عِنْدَ ذِى الْعَرْشِ مَكِيْنٍۙ٢٠
Żī quwwatin ‘inda żil-‘arsyi makīn(in).
[20] Hang duwe kekuatan, derajat hang duwur nang ngersane Gusti Alloh Hang duwèni ‘Arsy

مُّطَاعٍ ثَمَّ اَمِيْنٍۗ٢١
Muṭā‘in ṡamma amīn(in).
[21] Hang kudu ditaati (nang alame Malaikat) lan dipercaya.

وَمَا صَاحِبُكُمْ بِمَجْنُوْنٍۚ٢٢
Wa mā ṣāḥibukum bimajnūn(in).
[22] Lan kancan siro iku (Muhammad), duduk wong gendeng.

وَلَقَدْ رَاٰهُ بِالْاُفُقِ الْمُبِيْنِۚ٢٣
Wa laqad ra'āhu bil-ufuqil-mubīn(i).
[23] Lan Saktemene Nabi Muhammad deleng rupane Jibril sikile nang langit kang wètan.

وَمَا هُوَ عَلَى الْغَيْبِ بِضَنِيْنٍۚ٢٤
Wa mā huwa ‘alal-gaibi biḍanīn(in).
[24] Lan yane (Muhammad) hing termasuk wong hang melid jelasaken barang ghaib.

وَمَا هُوَ بِقَوْلِ شَيْطٰنٍ رَّجِيْمٍۚ٢٥
Wa mā huwa biqauli syaiṭānir rajīm(in).
[25] Al-Qur’an iku dudu omongane setan hang laknat.

فَاَيْنَ تَذْهَبُوْنَۗ٢٦
Fa aina tażhabūn(a).
[26] Lan arep nang endi siro melayu? 879
879) Maksude Sak wise diterangaken Al-Qur’an iku bener-bener teka Gusti Alloh lan nang jerone isine pelajar an lan petunjuk hang bimbing menungsa nang dalan hang kenceng, ditakokaken nang wong-wong kafir, dalan endi maning hang arep diliwati?

اِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعٰلَمِيْنَۙ٢٧
In huwa illā żikrul lil-‘ālamīn(a).
[27] Al-Qur’an iku dienggo peringatan wong alam kabèh.

لِمَنْ شَاۤءَ مِنْكُمْ اَنْ يَّسْتَقِيْمَۗ٢٨
Liman syā'a minkum ay yastaqīm(a).
[28] Yaiku dienggo siro hang gelem ngelakoni dalan hang bener.

وَمَا تَشَاۤءُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ٢٩
Wa mā tasyā'ūna illā ay yasyā'allāhu rabbul-‘ālamīn(a).
[29] Lan siro hing bisa ngelakoni dalan iku mau kecuali kerono Kersane Gusti Alloh Hang nguasai alam kabeh.