Surah `Abasa

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
عَبَسَ وَتَوَلّٰىٓۙ١
‘Abasa wa tawallā.
[1] Yane (Muhammad) mrengut lan mlèngos.

اَنْ جَاۤءَهُ الْاَعْمٰىۗ٢
An jā'ahul-a‘mā.
[2] Kerono ketemon wong hang picek (aran Abdullah bin Ummi Maktum). 873
873) Nurut riwayat, pas siji wektu Rasulullah nerimo lan omong-omongan kambi pimpinane suku Qurasy supaya wongwong iku biso melbu Islam. Pas iku teka Ibnu Ummi Maktum sahabat hang picek kepingin mocokaken ayat nang yane, ayat-ayat Al-Qur’an hang wis diedunaken kambi Gusti Alloh, tapi Rasulullah SAW mrengut lan mlèngos teka wajahe Ibnu Ummi Maktum hang picek iku. Terus Gusti Alloh ngedunaken surat iki kanggo teguran sikape Rasulullah nang Ibnu Ummi Maktum.

وَمَا يُدْرِيْكَ لَعَلَّهٗ يَزَّكّٰىٓۙ٣
Wa mā yudrīka la‘allahū yazzakkā.
[3] Paran hang ngeweruhaken sira (nang karepe wong picek mau), mugo-mugo dadi suci atine.

اَوْ يَذَّكَّرُ فَتَنْفَعَهُ الذِّكْرٰىۗ٤
Au yażżakkaru fatanfa‘ahuż-żikrā.
[4] Utawa nganggep muruk mau manfaati.

اَمَّا مَنِ اسْتَغْنٰىۙ٥
Ammā manistagnā.
[5] Yane wong hang sugèh pècès. 874
874) Yaiku para penggede Quraisy hang diarepaken Nabi Muhammad bisa melbu Islam.

فَاَنْتَ لَهٗ تَصَدّٰىۗ٦
Fa anta lahū taṣaddā.
[6] Sira ngelayani wong mau.

وَمَا عَلَيْكَ اَلَّا يَزَّكّٰىۗ٧
Wa mā ‘alaika allā yazzakkā.
[7] Padahal hing ono lok-lokan, kapan yane hing bersihaken awake (iman).

وَاَمَّا مَنْ جَاۤءَكَ يَسْعٰىۙ٨
Wa ammā man jā'aka yas‘ā.
[8] Lan wong hang teka nang sira cepet-cepetan pengen oleh wurukan teka sira.

وَهُوَ يَخْشٰىۙ٩
Wa huwa yakhsyā.
[9] Padahal yane wedi nang Gusti Gusti Alloh .

فَاَنْتَ عَنْهُ تَلَهّٰىۚ١٠
Fa anta ‘anhu talahhā.
[10] Sira hing ngelegakno.

كَلَّآ اِنَّهَا تَذْكِرَةٌ ۚ١١
Kallā innahā tażkirah(tun).
[11] Ojo gedigu, saktemene ajaran Gusti Alloh iku dienggo pengenget.

فَمَنْ شَاۤءَ ذَكَرَهٗ ۘ١٢
Faman syā'a żakarah(ū).
[12] Sopo hang karep, pasti Yane perhatian

فِيْ صُحُفٍ مُّكَرَّمَةٍۙ١٣
Fī ṣuḥufim mukarrmah(tin).
[13] Hang disebut nang jerone Kitab hang mulya (Al-Qur’an). 875
875) Maksude kitab-kitab hang diedunaken nang para Nabi hang asale teka Luhul Mahfudz

مَّرْفُوْعَةٍ مُّطَهَّرَةٍ ۢ ۙ١٤
Marfū‘atim muṭahharah(tin).
[14] Hang diluhuraken lan hang disucekaken

بِاَيْدِيْ سَفَرَةٍۙ١٥
Bi'aidī safarah(tin).
[15] Nang tangane juru tulis ( Malaikat ) .

كِرَامٍۢ بَرَرَةٍۗ١٦
Kirāmim bararah(tin).
[16] Hang Mulyo lan hang ngabukti.

قُتِلَ الْاِنْسَانُ مَآ اَكْفَرَهٗۗ١٧
Qutilal-insānu mā akfarah(ū).
[17] Celokolah menungsa iku! Kerono kenemenen kafire.

مِنْ اَيِّ شَيْءٍ خَلَقَهٗۗ١٨
Min ayyi syai'in khalaqah(ū).
[18] Teka laran Gusti Alloh dadekaken?

مِنْ نُّطْفَةٍۗ خَلَقَهٗ فَقَدَّرَهٗۗ١٩
Min nuṭfah(tin), khalaqahū fa qaddarah(ū).
[19] Teka pecuh, Gusti Alloh dadekaken lan nentokaken nasib awake dhèwèk. 876
876) Hang dimaksud kambi nentokaken yaiku nentokaken fase-fase kedadiane, umure, rezekine lan nasibe.

ثُمَّ السَّبِيْلَ يَسَّرَهٗۙ٢٠
Ṡummas-sabīla yassarah(ū).
[20] Seteruse Gusti Alloh Gampangaken dalan lahire. 877
877) Gampangno dalan maksude gampangno lairan utowo nguwèni persediaan nang yane dienggo ngelakoni dalan hang bener lan dalan hang nyasar.

ثُمَّ اَمَاتَهٗ فَاَقْبَرَهٗۙ٢١
Ṡumma amātahū fa aqbarah(ū).
[21] Sak wise dadi menungsa, Gusti Alloh matèni lan dipendhem.

ثُمَّ اِذَا شَاۤءَ اَنْشَرَهٗۗ٢٢
Ṡumma iżā syā'a ansyarah(ū).
[22] Nawi Gusti Alloh Nhgarepaken nguripaken wong hang wis mati mau, maka urip temenan.

كَلَّا لَمَّا يَقْضِ مَآ اَمَرَهٗۗ٢٣
Kallā lammā yaqḍi mā amarah(ū).
[23] Saktemene awak dhèwèke iku hing taat nang parintahe Gusti Alloh .

فَلْيَنْظُرِ الْاِنْسَانُ اِلٰى طَعَامِهٖٓ ۙ٢٤
Falyanẓuril-insānu ilā ṭa‘āmih(ī).
[24] Kudune menungsa iku ndeleng nang pangonane.

اَنَّا صَبَبْنَا الْمَاۤءَ صَبًّاۙ٢٥
Annā ṣababnal-mā'a ṣabbā(n).
[25] Isun hang ngesokaken banyu udan teka langit.

ثُمَّ شَقَقْنَا الْاَرْضَ شَقًّاۙ٢٦
Ṡumma syaqaqnal-arḍa syaqqā(n).
[26] Mari iku, bumine Isun sigar kelawan seapikapike sigaran.

فَاَنْۢبَتْنَا فِيْهَا حَبًّاۙ٢٧
Fa'ambatnā fīhā ḥabbā(n).
[27] Isun nyukulaken wiji ono bumi.

وَّعِنَبًا وَّقَضْبًاۙ٢٨
Wa ‘inabaw wa qaḍbā(n).
[28] Anggur lan woh-wohan.

وَّزَيْتُوْنًا وَّنَخْلًاۙ٢٩
Wa zaitūnaw wa nakhlā(n).
[29] Wit zaitun lan wit kurma.

وَّحَدَاۤىِٕقَ غُلْبًا٣٠
Wa ḥadā'iqa gulbā(n).
[30] Lan kebonan hang gembel woh-wohane.

وَفَاكِهَةً وَّاَبًّا٣١
Wa fākihataw wa abbā(n).
[31] Lan macem maceme woh-wohan, lan suket-suketan

مَتَاعًا لَّكُمْ وَلِاَنْعَامِكُمْۗ٣٢
Matā‘al lakum wa li'an‘āmikum.
[32] Dienggo kesenangan sira lan rawatan siro.

فَاِذَا جَاۤءَتِ الصَّاۤخَّةُ ۖ٣٣
Fa iżā jā'atiṣ-ṣākhkhah(tu).
[33] Lan tetkolone teka suwara hang mecahaken kuping (suarane serompèt kiamat) .

يَوْمَ يَفِرُّ الْمَرْءُ مِنْ اَخِيْهِۙ٣٤
Yauma yafirrul-mar'u min akhīh(i).
[34] Dinane menungsa melayu teka dulure.

وَاُمِّهٖ وَاَبِيْهِۙ٣٥
Wa ummihī wa abīh(i).
[35] Lan teka emak lan apake.

وَصَاحِبَتِهٖ وَبَنِيْهِۗ٣٦
Wa ṣāḥibatihī wa banīh(i).
[36] Lan teko rabi lan anak-anake.

لِكُلِّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ يَوْمَىِٕذٍ شَأْنٌ يُّغْنِيْهِۗ٣٧
Likullimri'im minhum yauma'iżin sya'nuy yugnīh(i).
[37] Pas dino wong padha golèk selamete awake dhèwèk-dhèwèk, hing mikir liyane .

وُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍ مُّسْفِرَةٌۙ٣٨
Wujūhuy yauma'iżim musfirah(tun).
[38] Akèh raine hang mencorong.

ضَاحِكَةٌ مُّسْتَبْشِرَةٌ ۚ٣٩
Ḍāḥikatum mustabsyirah(tun).
[39] Gemuyu lan seneng-seneng (wong-wong mukmin).

وَوُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍ عَلَيْهَا غَبَرَةٌۙ٤٠
Wa wujūhuy yauma'iżin ‘alaihā gabarah(tun).
[40] Pas dino iku akèh pisan hang raine ketutupan lebu.

تَرْهَقُهَا قَتَرَةٌ ۗ٤١
Tarhaquhā qatarah(tun).
[41] Lan ketutupan kerono peteng .

اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْكَفَرَةُ الْفَجَرَةُ ࣖ٤٢
Ulā'ika humul-kafaratul-fajarah(tu).
[42] Yoiku wong hang kafir hang duroko. 878
878) Maksude wong iku diuwèhaken keinoan lan kesusahan.