Surah Al-Anfal

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْاَنْفَالِۗ قُلِ الْاَنْفَالُ لِلّٰهِ وَالرَّسُوْلِۚ فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَصْلِحُوْا ذَاتَ بَيْنِكُمْ ۖوَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗٓ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١
Yas'alūnaka ‘anil-anfāl(i), qulil-anfālu lillāhi war-rasūl(i), fattaqullāha wa aṣliḥū żāta bainikum, wa aṭī‘ullāha wa rasūlahū in kuntum mu'minīn(a).
[1] Wong-wong podo takon nyang siro (mbagi) soal bondo rampasan perang, ngomongo; “Bondo rampasan perang iku duwenae Alloh lan Rosul 354 , sebab iku taqwao siro kabeh nyang Allh lan apikno sambungan reng antarane pepadane riko kabeh, lan patuho nyang Alloh lan Rosule kadhung riko memang wong-wong hang iman “
354) Karepe mbagi bondo rampasan perang iku nurut ketentuane Alloh lan Rosule

اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ الَّذِيْنَ اِذَا ذُكِرَ اللّٰهُ وَجِلَتْ قُلُوْبُهُمْ وَاِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ اٰيٰتُهٗ زَادَتْهُمْ اِيْمَانًا وَّعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَۙ٢
Innamal-mu'minūnal-lażīna iżā żukirallāhu wajilat qulūbuhum wa iżā tuliyat ‘alaihim āyātuhū zādathum īmānaw wa ‘alā rabbihim yatawakkalūn(a).
[2] Saktemene wong-wong hang iman 355 iku wong-wong hang naliko disebut arane Alloh 356 ndherindhik atine wong-wong mau lan naliko diwocokaken ayat-ayate Alloh, tambah imane wong-wong mau (mergane iku). Lan nyang Pengeran wong-wong mau pasrah.
355) Karepe; wong hang sempurno imane 356) Dikarepaken ambi disebut Alloh yoiku nyebut sifat-sifate hang ngagungno lan mulyakno Allo

الَّذِيْنَ يُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَۗ٣
Al-lażīna yuqīmūnaṣ-ṣalāta wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[3] (Yoiku) wong hang ngedekaken sholat, lan gelem nguwakaken sebagian rizki hang Ison wakaken nyang wong-wong mau.

اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُؤْمِنُوْنَ حَقًّاۗ لَهُمْ دَرَجٰتٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَمَغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌۚ٤
Ulā'ika humul-mu'minūna ḥaqqā(n), lahum darajātun ‘inda rabbihim wa magfiratuw wa rizqun karīm(un).
[4] Ikulah wong-wong hang iman ambi sakbenere. Wong-wong mau arep oleh piro-piro drajat duwur reng sandinge Pengerane lan sepuro serto rizki (ni’mat) hang mulyo.

كَمَآ اَخْرَجَكَ رَبُّكَ مِنْۢ بَيْتِكَ بِالْحَقِّۖ وَاِنَّ فَرِيْقًا مِّنَ الْمُؤْمِنِيْنَ لَكٰرِهُوْنَ٥
Kamā akhrajaka rabbuka mim baitika bil-ḥaqq(i), wa inna farīqam minal-mu'minīna lakārihūn(a).
[5] Koyok dene Pengeran riko ngongkon riko metu teko umah riko ambi beneran. 357 Padahal saktemene sebagian teko wong-wong hang iman iku oseng demen.
357) Karepe; miturut Al-Maraghi, Alloh noto coro mbagi bondo rampasan perang ambi bener, koyok dene Alloh ngongkon metu teko umah (reng Madinah) kanggo perang Badar ambi bener pisan miturut Ath-Thobari; meteko umah karepe perang

يُجَادِلُوْنَكَ فِى الْحَقِّ بَعْدَمَا تَبَيَّنَ كَاَنَّمَا يُسَاقُوْنَ اِلَى الْمَوْتِ وَهُمْ يَنْظُرُوْنَ ۗ٦
Yujādilūnaka fil-ḥaqqi ba‘da mā tabayyana ka'annamā yusāqūna ilal-mauti wa hum yanẓurūn(a).
[6] Wong-wong mau mbantah riko neng perkoro hang bener sak wise nyoto (wong-wong mau mesti menang) koyok-koyok wong-wong mau di giring nyang mati, kadung wong-wong mau ndileng (sebab-sebabe mati iku)

وَاِذْ يَعِدُكُمُ اللّٰهُ اِحْدَى الطَّاۤىِٕفَتَيْنِ اَنَّهَا لَكُمْ وَتَوَدُّوْنَ اَنَّ غَيْرَ ذَاتِ الشَّوْكَةِ تَكُوْنُ لَكُمْ وَيُرِيْدُ اللّٰهُ اَنْ يُّحِقَّ الْحَقَّ بِكَلِمٰتِهٖ وَيَقْطَعَ دَابِرَ الْكٰفِرِيْنَۙ٧
Wa iż ya‘idukumullāhu iḥdaṭ-ṭā'ifataini annahā lakum wa tawaddūna anna gaira żātisy-syaukati takūnu lakum wa yurīdullāhu ay yuḥiqqal-ḥaqqa bikalimātihī wa yaqṭa‘a dābiral-kāfirīn(a).
[7] Lan (ilingo), nalikane Alloh janji nyang riko salah siji teko rong golongan (hang riko adepi) yoiku kanggo riko, kadung riko kepingin hang oseng nduwe senjatalah 358 hang kanggo riko, lan Alloh ngarepaken kanggo beneraken hang bener ambi ayat-ayatnya lan musnahno wong-wong kafir.
358) Karepe; kafilah Abu Sufyan hang nggowo dodolan teko syiria, kelompok hang gowo kekuatan senjata yoik

لِيُحِقَّ الْحَقَّ وَيُبْطِلَ الْبَاطِلَ وَلَوْ كَرِهَ الْمُجْرِمُوْنَۚ٨
Liyuḥiqqal-ḥaqqa wa yubṭilal-bāṭila wa lau karihal-mujrimūn(a).
[8] Myakne Alloh netepaken hang hak (Islam)lan mbatalaken hang batil (syirik) masio wong-wong hang ndungo(musyrik) iku oseng demen

اِذْ تَسْتَغِيْثُوْنَ رَبَّكُمْ فَاسْتَجَابَ لَكُمْ اَنِّيْ مُمِدُّكُمْ بِاَلْفٍ مِّنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ مُرْدِفِيْنَ٩
Iż tastagīṡūna rabbakum fastajāba lakum annī mumiddukum bi'alfim minal-malā'ikati murdifīn(a).
[9] (Ilingo), nalikane riko njaluk pitulung nyang Pengeran riko terus ditrimo kanngo riko; “Saktemene Ison arep nekakaen bolo bantuan nyang riko ambi sewu malaikat hang teko urut-urut.

وَمَا جَعَلَهُ اللّٰهُ اِلَّا بُشْرٰى وَلِتَطْمَىِٕنَّ بِهٖ قُلُوْبُكُمْۗ وَمَا النَّصْرُ اِلَّا مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ ࣖ١٠
Wa mā ja‘alahullāhu illā busyrā wa litaṭma'inna bihī qulūbukum, wa man-naṡru illā min ‘indillāh(i), innallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[10] Lan Alloh oseng ndadekaken (ngirim bolo bantuan iku), kejobo dadi kabar seneng lan myakne ati riko dadi tentrem keronone.Lan kemenangan iku mung teko sisi Alloh. Saktemenemo Alloh moho perkoso lan moho bijaksono

اِذْ يُغَشِّيْكُمُ النُّعَاسَ اَمَنَةً مِّنْهُ وَيُنَزِّلُ عَلَيْكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً لِّيُطَهِّرَكُمْ بِهٖ وَيُذْهِبَ عَنْكُمْ رِجْزَ الشَّيْطٰنِ وَلِيَرْبِطَ عَلٰى قُلُوْبِكُمْ وَيُثَبِّتَ بِهِ الْاَقْدَامَۗ١١
Iż yugasysyīkumun-nu‘āsa amanatam minhu wa yunazzilu ‘alaikum minas-samā'i mā'al liyuṭahhirakum bihī wa yużhiba ‘ankum rijzasy-syaiṭāni wa liyarbiṭa ‘alā qulūbikum wa yuṡabbita bihil-aqdām(a).
[11] (Ilingo), nalikane Alloh ndadekaken riko ngantuk reng sijine hang nentremaken teko Yane lan Alloh mudunaken nyang riko udan teko langit kanggo nyuciaken riko ambi udan iku lan ngilangaken teko riko gangguan-gangguan syetan lan kanggo nguataken ati riko lan netepaken ambine telapak sikil riko. 359
359) Neguhno telapak sikil nang kini biso pisan dirtekno kambi teguhe ati lam pendiria

اِذْ يُوْحِيْ رَبُّكَ اِلَى الْمَلٰۤىِٕكَةِ اَنِّيْ مَعَكُمْ فَثَبِّتُوا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۗ سَاُلْقِيْ فِيْ قُلُوْبِ الَّذِيْنَ كَفَرُوا الرُّعْبَ فَاضْرِبُوْا فَوْقَ الْاَعْنَاقِ وَاضْرِبُوْا مِنْهُمْ كُلَّ بَنَانٍۗ١٢
Iż yūḥī rabbuka ilal-malā'ikati annī ma‘akum fa ṡabbitul-lażīna āmanū, sa'ulqī fī qulūbil-lażīna kafarur-ru‘ba faḍribū fauqal-a‘nāqi waḍribū minhum kulla banān(in).
[12] (Ilingo), nalikane Pengeran riko nguwyani wahyu nyang poro malaikat; “Saktemene Ison bareng siro, sebab iku teguhno (pendirian) wong-wong hang wes iman: Mbesok arep ison temblukno roso wedi reng atine won-wong kafir, sebab iku bacuken ndase wong-wong mau lan pancungen saben-saben pucuk derijine. 360
360) Karepe; pucuk deriji yoiku anggota tangan lan sik

ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ شَاۤقُّوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗۚ وَمَنْ يُّشَاقِقِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ١٣
Żālika bi'annahum syāqqullāha wa rasūlah(ū), wa may yusyāqiqillāha wa rasūlahū fa innallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[13] (Ketentuan) hang gedigu iku kerono saktemene wong-wong mau nentang Alloh lan Rosule Sopo baen nentang Alloh lan rosule., sebab iku saktemene Alloh banget keras siksone.

ذٰلِكُمْ فَذُوْقُوْهُ وَاَنَّ لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابَ النَّارِ١٤
Żālikum fa żūqūhu wa anna lil-kāfirīna ‘ażāban-nār(i).
[14] Ikulah (hukum dunyo, hang dikenengaken nyang riko, sebab iku rasakno hukuman iku. Saktemene mane kanggo won-wong hang kafir iku ono (maneng) azan neroko.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا لَقِيْتُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا زَحْفًا فَلَا تُوَلُّوْهُمُ الْاَدْبَارَۚ١٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā laqītumul-lażīna kafarū zaḥfan falā tuwallūhumul-adbār(a).
[15] He wong wong haang podo iman, kadung riko ketemu ambi won-wong hang kafir hang nyerang riko, sebab iku riko.ojo mbureni wong-wong mau (mundur)

وَمَنْ يُّوَلِّهِمْ يَوْمَىِٕذٍ دُبُرَهٗٓ اِلَّا مُتَحَرِّفًا لِّقِتَالٍ اَوْ مُتَحَيِّزًا اِلٰى فِئَةٍ فَقَدْ بَاۤءَ بِغَضَبٍ مِّنَ اللّٰهِ وَمَأْوٰىهُ جَهَنَّمُ ۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ١٦
Wa may yuwallihim yauma'iżin duburahū illā mutaḥarrifal liqitālin au mutaḥayyizan ilā fi'atin faqad bā'a bigaḍabim minallāhi wa ma'wāhu jahannam(u), wa bi'sal-maṣīr(u).
[16] Sopo wonge hang mbureni wong-wong mau (mundur) waktu iku, kejobo beluk kanggo (siasat) perang utowo kepingin gabung ambi pasukan liyane, sebab iku saktemene wong iku balek ambi gowo muringe Alloh, lan panggonane yoiku neroko jahanam. Lan temen elek panggon balike

فَلَمْ تَقْتُلُوْهُمْ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ قَتَلَهُمْۖ وَمَا رَمَيْتَ اِذْ رَمَيْتَ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ رَمٰىۚ وَلِيُبْلِيَ الْمُؤْمِنِيْنَ مِنْهُ بَلَاۤءً حَسَنًاۗ اِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ١٧
Falam taqtulūhum wa lākinnallāha qatalahum, wa mā ramaita iż ramaita wa lākinallāha ramā, wa liyubliyal-mu'minīna minhu balā'an ḥasanā(n), innallāha samī‘un ‘alīm(un).
[17] Sebab iku (hang sakbenere) oduduk riko hang mateni won-wong mau, taping Alloh hang mateni wong-wong mau, lan duduk riko hamg nguncalaken nalikane riko nguncalaken, taping Alloh hang nguncalaken (Alloh ngelakoni gedigu kanggo ngancuraken wong-wong mau) lan Nguwyani kemenangan nyang wong-wong mu’min ambi kemenangan hang apik. Saktemene Alloh moho kerungu lan moho weruh.

ذٰلِكُمْ وَاَنَّ اللّٰهَ مُوْهِنُ كَيْدِ الْكٰفِرِيْنَ١٨
Żālikum wa annallāha mūhinu kaidil-kāfirīn(a).
[18] Ikulah (kemenangan kang gedhi), lan saktemene Alloh ngapesaken tipudayane wong-wong kafir.

اِنْ تَسْتَفْتِحُوْا فَقَدْ جَاۤءَكُمُ الْفَتْحُۚ وَاِنْ تَنْتَهُوْا فَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْۚ وَاِنْ تَعُوْدُوْا نَعُدْۚ وَلَنْ تُغْنِيَ عَنْكُمْ فِئَتُكُمْ شَيْـًٔا وَّلَوْ كَثُرَتْۙ وَاَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُؤْمِنِيْنَ ࣖ١٩
In tastaftiḥū faqad jā'akumul-fatḥ(u), wa in tantahū fa huwa khairul lakum, wa in ta‘ūdū na‘ud, wa lan tugniya ‘ankum fi'atukum syai'aw wa lau kaṡurat, wa anallāha ma‘al-mu'minīn(a).
[19] Kadhung riko (wong-wong musyrikin) nggolek keputusan nyang riko; lan kadhung riko mandek; sebab ikulah hang lebih apik kanggo riko; lan kadhung riko balekpasti ison balek (pisan); lan angkatan perang riko pisan-pisan oseng arep biso nolak teko riko salah siji bahaya, myane wes yane akeh lan saktemene Alloh bareng ambi wong-wong hang iman.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَلَا تَوَلَّوْا عَنْهُ وَاَنْتُمْ تَسْمَعُوْنَ٢٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanū aṭī‘ullāha wa rasūlahū wa lā tawallau ‘anhu wa antum tasma‘ūn(a).
[20] He wong-wong hang iman, patuho nyang Alloh lan Rosule, lan riko melengos teko Alloh kadung riko kerung (kongkona-kongkonan Ne)

وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ قَالُوْا سَمِعْنَا وَهُمْ لَا يَسْمَعُوْنَۚ٢١
Wa lā takūnū kal-lażīna qālū sami‘nā wa hum lā yasma‘ūn(a).
[21] Lan ojo riko dadi koyok wong-wong (munafiq) hang ngomong “ison ngerungokaken, padahal wong-wong mau oseng ngerungokaken.

۞ اِنَّ شَرَّ الدَّوَاۤبِّ عِنْدَ اللّٰهِ الصُّمُّ الْبُكْمُ الَّذِيْنَ لَا يَعْقِلُوْنَ٢٢
Inna syarrad-dawābbi ‘indallāhiṣ-ṣummul-bukmul-lażīna lā ya‘qilūn(a).
[22] Saktemene hewan (makhluq) hang sak elek-eleke nang sawangane Alloh yoiku wong-wong hang budheg lan bisu, hang oseng ngerti paran-paran.

وَلَوْ عَلِمَ اللّٰهُ فِيْهِمْ خَيْرًا لَّاَسْمَعَهُمْۗ وَلَوْ اَسْمَعَهُمْ لَتَوَلَّوْا وَّهُمْ مُّعْرِضُوْنَ٢٣
Wa lau ‘alimallāhu fīhim khairal la'asma‘ahum, wa lau asma‘ahum latawallau wa hum mu‘riḍūn(a).
[23] Umpomo kirone Alloh weruh keapikan ono nang won-wong mau, mesti Alloh ndadekaken wong-wong mau biso krungu. Lan umpomo Alloh Ndadekaken wong-wong mau biso krung mesti wong-wong mau ukuryane melengos pisan, kadung wong-wong mau melengosaken dewek (teko paran hang wong-wong mau krungu iku) Kewajiban matuhi konkonane Alloh lan Rosule.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اسْتَجِيْبُوْا لِلّٰهِ وَلِلرَّسُوْلِ اِذَا دَعَاكُمْ لِمَا يُحْيِيْكُمْۚ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَحُوْلُ بَيْنَ الْمَرْءِ وَقَلْبِهٖ وَاَنَّهٗٓ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٢٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanustajībū lillāhi wa lir-rasūli iżā da‘ākum limā yuḥyīkum, wa‘lamū annallāha yaḥūlu bainal-mar'i wa qalbihī wa annahū ilaihi tuḥsyarūn(a).
[24] He wong-wong hang iman jawaben ajakane Alloh lan rosul kadhung rosul (Muhammad) ngajak-ngajak riko nyang hang nguwyani keuripan nyang riko, 361 Lan weruho siro kabeh, saktemene Gusti Alloh mbatesi antarane menungso lan atine. Lan saktemene nyang Gusti Alloh riko-riko arep dikumpulaken.
361) Karepe ngajak riko perang kanggo ninggalaken kalimat Alloh hang biso ngancuraken musuh serto nguripaken Islam lan muslimin, yo berarti ngajak riko nyang iman,petunjuk,jihad,lan sekabehane hang ono hubungane ambi kesenengan urip reng dunyo lan akhirat

وَاتَّقُوْا فِتْنَةً لَّا تُصِيْبَنَّ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْكُمْ خَاۤصَّةً ۚوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٢٥
Wattaqū fitnatal lā tuṣībannal-lażīna ẓalamū minkum khāṣṣah(tan), wa‘lamū annallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[25] Lan jogonen awak riko teko sikso hang oseng khusus keneng wong-wong hang zolim tok reng Antarane riko. Lan weruho Alloh temen keras siksoNe.

وَاذْكُرُوْٓا اِذْ اَنْتُمْ قَلِيْلٌ مُّسْتَضْعَفُوْنَ فِى الْاَرْضِ تَخَافُوْنَ اَنْ يَّتَخَطَّفَكُمُ النَّاسُ فَاٰوٰىكُمْ وَاَيَّدَكُمْ بِنَصْرِهٖ وَرَزَقَكُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٢٦
Ważkurū iż antum qalīlum mustaḍ‘afūna fil-arḍi takhāfūna ay yatakhaṭṭafakumun-nāsu fa āwākum wa ayyadakum binaṣrihī wa razaqakum minaṭ-ṭayyibāti la‘allakum tasykurūn(a).
[26] Lan ilingo (he poro muhajirin) nalikane riko mage sitik jumlahe terus ditindas reng bumi (makkah), riko wedi wong-wong (makkah) arep nyulik riko, sebab iku Alloh nguwyani riko panggonan netep (madinah) lan didadekaken riko kuat ambi pitulunge Alloh lan diwyaniNe riko rizki teko hang apik-apik myakne riko syukur.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَخُوْنُوا اللّٰهَ وَالرَّسُوْلَ وَتَخُوْنُوْٓا اَمٰنٰتِكُمْ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٢٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā takhūnullāha war-rasūla wa takhūnū amānātikum wa antum ta‘lamūn(a).
[27] He wong-wong hang iman ojo riko nyulayani Alloh lan rosule (Muhammad) lan (pisan) ojo riko nyulayani amanat-amanat hang dipercoyokno nyang riko, kadung riko ngaweruhi.

وَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَآ اَمْوَالُكُمْ وَاَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ ۙوَّاَنَّ اللّٰهَ عِنْدَهٗٓ اَجْرٌ عَظِيْمٌ ࣖ٢٨
Wa‘lamū annamā amwālukum wa aulādukum fitnah(tun), wa annallāha ‘indahū ajrun ‘aẓīm(un).
[28] Lan weruhono bondo riko lan anak-anak riko iku mung dadi cobaan lan saktemene reng sisi Alloh lah ganjaran hang gedi.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تَتَّقُوا اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّكُمْ فُرْقَانًا وَّيُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ٢٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū in tattaqullāha yaj‘al lakum furqānaw wa yukaffir ‘ankum sayyi'ātikum wa yagfir lakum, wallāhu żul-faḍlil-‘aẓīm(i).
[29] He wong-wong hang iman, kadhung riko taqwa nyang Alloh, mesti Yane arep nguwyani nyang riko furqon 362 lan mbusek sekabehane kesalahan-kesalahan riko lan nyepuro(duso-duso) riko lan Alloh nduwe karunia hang gedi.
362) Artine petunjuk hang biso mbedakaken antarane hang hak lan hang batil, biso pisan diartikaken reng kene ambi Pitulung

وَاِذْ يَمْكُرُ بِكَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِيُثْبِتُوْكَ اَوْ يَقْتُلُوْكَ اَوْ يُخْرِجُوْكَۗ وَيَمْكُرُوْنَ وَيَمْكُرُ اللّٰهُ ۗوَاللّٰهُ خَيْرُ الْمٰكِرِيْنَ٣٠
Wa iż yamkuru bikal-lażīna kafarū liyuṡbitūka au yaqtulūka au yukhrijūk(a), wa yamkurūna wa yamkurullāh(u), wallāhu khairul-mākirīn(a).
[30] Lan (ilingo), nalikane wong-wong Kafir (Quraisy) mikiraken daya upaya nyang riko kanggo nyekel lan ngurung riko utowo mateni riko utowo nundung riko. Wong-wong mau mikir tipu daya iku. Lan Alloh sak apik-apike hang bales tipu daya

وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا قَالُوْا قَدْ سَمِعْنَا لَوْ نَشَاۤءُ لَقُلْنَا مِثْلَ هٰذَآ ۙاِنْ هٰذَآ اِلَّآ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ٣١
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā qālū qad sami‘nā lau nasyā'u laqulnā miṡla hāżā, in hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[31] Lan nalikane diwocokaken nyang wong-wong mau ayat-ayat Ison, wong-wong mau ngomong saktemene ison kabeh wes kerungu ( ayat-ayat hang koyok ik ), kadhung ison ngarepaken mesti ison biso moco hang koyok iki, (Al-Qur’an) iki oseng liyo mung dongeng-dongeng wong-wong kuno.

وَاِذْ قَالُوا اللّٰهُمَّ اِنْ كَانَ هٰذَا هُوَ الْحَقَّ مِنْ عِنْدِكَ فَاَمْطِرْ عَلَيْنَا حِجَارَةً مِّنَ السَّمَاۤءِ اَوِ ائْتِنَا بِعَذَابٍ اَلِيْمٍ٣٢
Wa iż qālullāhumma in kāna hāżā huwal-ḥaqqa min ‘indika fa amṭir ‘alainā ḥijāratam minas-samā'i awi'tinā bi‘ażābin alīm(in).
[32] Lan (ilingo) , nalikane wong-wong mau (wong-wong musyrik) ngomong “ya Alloh, kadhung bener (Al-Qur’an) iki, yanelah hang bener teko sisi Ndiko,sebab iku udanono kulo kabeh ambi watu teko langit, utowo tekokno nyang kulo kabeh azab hang ngeloroake

وَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَاَنْتَ فِيْهِمْۚ وَمَا كَانَ اللّٰهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُوْنَ٣٣
Wa mā kānallāhu liyu‘ażżibahum wa anta fīhim, wa mā kānallāhu mu‘ażżibahum wa hum yastagfirūn(a).
[33] Lan Alloh sepisan-pisan oseng arep ngazab wong-wong mau, kadung riko ono reng antarane wong-wong mau. Lan osaeng (maneng) Alloh arep ngazab wong-wong mau, kadung wong – wong mau njaluk sepuro 363
363) Reng antarane mufassirin ono hang ngartikaken “Yastagfiruuna“ ambi tobat lan ono maneng hang ngartikakendi antarane wong-wong kafir iku ono wong-wong muslim hang njaluk sepuro nyang Alloh

وَمَا لَهُمْ اَلَّا يُعَذِّبَهُمُ اللّٰهُ وَهُمْ يَصُدُّوْنَ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَمَا كَانُوْٓا اَوْلِيَاۤءَهٗۗ اِنْ اَوْلِيَاۤؤُهٗٓ اِلَّا الْمُتَّقُوْنَ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٣٤
Wa mā lahum allā yu‘ażżibahumullāhu wa hum yaṣuddūna ‘anil-masjidil-ḥarāmi wa mā kānū auliyā'ah(ū), in auliyā'uhū illal-muttaqūna wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[34] Apuo Alloh oseng ngazab wong-wong mau padahal wong-wong mau podo ngalangi wong – wong kanggo (nekani) masjidil haram lan wong-wong mau duduk wong-wong hang berhak nguasani? Wong-wong hang berhak nguasani (ne), mung wong-wong hang taqwa, taping akeh-akehe wong-wong mau oseng weruh

وَمَا كَانَ صَلَاتُهُمْ عِنْدَ الْبَيْتِ اِلَّا مُكَاۤءً وَّتَصْدِيَةًۗ فَذُوْقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ٣٥
Wa mā kāna ṣalātuhum ‘indal-baiti illā mukā'aw wa taṣdiyah(tan), fa żūqul-‘ażāba bimā kuntum takfurūn(a).
[35] Sembahyang wong-wong mau reng sekitare Baitulloh iku liyane oseng mung sisilan lan tepuk tangan. Sebab iku rasakno azab disebabaken kekafiran riko

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ لِيَصُدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗفَسَيُنْفِقُوْنَهَا ثُمَّ تَكُوْنُ عَلَيْهِمْ حَسْرَةً ثُمَّ يُغْلَبُوْنَ ەۗ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِلٰى جَهَنَّمَ يُحْشَرُوْنَۙ٣٦
Innal-lażīna kafarū yunfiqūna amwālahum liyaṣuddū ‘an sabīlillāh(i), fa sayunfiqūnahā ṡumma takūnu ‘alaihim ḥasratan ṡumma yuglabūn(a), wal-lażīna kafarū ilā jahannama yuḥsyarūn(a).
[36] Saktemene wong-wong hang kafir iku, nafkahno bondone won-wong mau kanggo ngalangi (wong) teko dalan Alloh. Woetunng-wong mau arep nafkahaken bondo iku marek gedigu dadi getunan wong-wong mau, lan wong-wong mau arep dikalahno. Lan reng jeru neroko jahanam wong-wong kafir iku dikumpulaken.

لِيَمِيْزَ اللّٰهُ الْخَبِيْثَ مِنَ الطَّيِّبِ وَيَجْعَلَ الْخَبِيْثَ بَعْضَهٗ عَلٰى بَعْضٍ فَيَرْكُمَهٗ جَمِيْعًا فَيَجْعَلَهٗ فِيْ جَهَنَّمَۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ ࣖ٣٧
Liyamīzallāhul-khabīṡa minaṭ-ṭayyibi wa yaj‘alal-khabīṡa ba‘ḍahū ‘alā ba‘ḍin fa yarkumahū jamī‘an fa yaj‘alahū fī jahannam(a), ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[37] Myakne Alloh misah (golongan) hang elek teko hang apik lan dadikaken (golongan) hang elek iku sebagianne reng duwur sebagian hang liyo, terus kabeh ditumpukno Alloh, lan dilebok no reng jero neroko jahannam. Wong-wong mau ikulah wong-wong hang rugi.

قُلْ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ يَّنْتَهُوْا يُغْفَرْ لَهُمْ مَّا قَدْ سَلَفَۚ وَاِنْ يَّعُوْدُوْا فَقَدْ مَضَتْ سُنَّتُ الْاَوَّلِيْنَ٣٨
Qul lil-lażīna kafarū in yantahū yugfar lahum mā qad salaf(a), wa iy ya‘ūdū faqad maḍat sunnatul-awwalīn(a).
[38] Ucapnon yang wong-wong hang kaafir iku 364 , “kadhung wong-wong mau mandek (teko ke-kafirane) mesti Alloh arep nyepuro wong-wong mau duso-dusone hang wes bengen; lan kadhung wong-wong mau balek maneng 365 saktemene arep kelaku (nyang wong-wong mau) sunnah (Alloh nyang) wong-wong bengen.
364) Yoiku Abu Sufyan lan konco-koncone 365) Karepe; kadhung wong-wong mau kafir lan balek merangi Nabi

وَقَاتِلُوْهُمْ حَتّٰى لَا تَكُوْنَ فِتْنَةٌ وَّيَكُوْنَ الدِّيْنُ كُلُّهٗ لِلّٰهِۚ فَاِنِ انْتَهَوْا فَاِنَّ اللّٰهَ بِمَا يَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٣٩
Wa qātilūhum ḥattā lā takūna fitnatuw wa yakunad-dīnu kulluhū lillāh(i),fa inintahau fa innallāha bimā ya‘malūna baṣīr(un).
[39] Lan perangono wong-wong mau myakne ojo ono fitnah 366 lan myakne agama iku mung kanggo Alloh 367 , kadhung wong-wong mau mandek (teko kekafirane), sebab iku saktemene Alloh moho katon paran baen hang wong-wong mau lakoni.
366) Karepe; gudoan-gudoan nyang umat Islam lan agama Islam 367) Karepe; miturut An-Nasafi lan Al-Mraghi, jejeke agama Islam lan ilange agam-agama hang batil

وَاِنْ تَوَلَّوْا فَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَوْلٰىكُمْ ۗنِعْمَ الْمَوْلٰى وَنِعْمَ النَّصِيْرُ ۔٤٠
Wa in tawallau fa‘lamū annallāha maulākum, ni‘mal-maulā wa ni‘man-naṣīr(u).
[40] Lan kadhung wong-wong mau melengos, mongko weruho riko kabeh saktemene Alloh hang njogo riko. Gusti Alloh iku seapik-apike hang jogo lan sak apik-apike hang nulung.

۞ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَا غَنِمْتُمْ مِّنْ شَيْءٍ فَاَنَّ لِلّٰهِ خُمُسَهٗ وَلِلرَّسُوْلِ وَلِذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَابْنِ السَّبِيْلِ اِنْ كُنْتُمْ اٰمَنْتُمْ بِاللّٰهِ وَمَآ اَنْزَلْنَا عَلٰى عَبْدِنَا يَوْمَ الْفُرْقَانِ يَوْمَ الْتَقَى الْجَمْعٰنِۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٤١
Wa‘lamū annamā ganimtum min syai'in fa anna lillāhi khumusahū wa lir-rasūli wa liżil-qurbā wal-yatāmā wal-masākīni wabnis-sabīli in kuntum āmantum billāhi wa mā anzalnā ‘alā ‘abdinā yaumal-furqāni yaumal-taqal-jam‘ān(i), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[41] Weruho siro kabeh, saktemene paren bawen hang biso siro duweni kang sangkeng rampasan perang 368 mongko, saktemene seperlimo kanggo Alloh, rosul, dulure rosul, lare-lare atim, wong-wong melarat lan ibnu sabil. 369 Kadong riko nduweni iman nyang Alloh. Lan ambi paran 370 hang ison wakaen neng utusan ison (Muhammad) neng dino furqoon 371 , yaiku neng ketemune rong pasukan, lan Alloh moho kuoso seksekabehane.
368) Hang dikarepaken rampasan perang (ghonimah) yaiku dunyo hang oleh teko wong-wong kafir ambi lewat perang, sedenge sang ulihe seng ambi perang diarani fai-i. dum-duman hang disebut nang njerone ayat iki yaiku sang ono hubungane ambi ghonimah mau 369) Karepe; seperlimo teko ghonimah iku dibagikno nyang: a. Alloh lan rosule, b. Dulure rosul (Bani hasyim lan bani mutolib), c. Lare yatim, d. Wong melarat, e. Ibnu sabil. Sedenge petangperlimone teko ghonimah didumaken nyang wong-wong mau sang milu perang 370) Sang dikarepaken ambi paren yaiku: ayat-ayat Al-Qur’an, malaikat, pitulung 371) Furqaan yaiku: sang pisahaken antarane sang hak lan sang batil Sang dikarepaken ambi dino Al-Furqaan yaiku dino terange kemenangan wong Islam lan kalahe wong kafir, yaiku ketemune loro pasukan neng perang badal, neng dino jum’at tanggal 17 ramadhan tahun keloro hijrah. Separuh mufassirin berpendapat kadung ayat iki ngisarataken nyang dino kawitan mudune Al-Qur’anul karim neng bengi 17 ramadhan

اِذْ اَنْتُمْ بِالْعُدْوَةِ الدُّنْيَا وَهُمْ بِالْعُدْوَةِ الْقُصْوٰى وَالرَّكْبُ اَسْفَلَ مِنْكُمْۗ وَلَوْ تَوَاعَدْتُّمْ لَاخْتَلَفْتُمْ فِى الْمِيْعٰدِۙ وَلٰكِنْ لِّيَقْضِيَ اللّٰهُ اَمْرًا كَانَ مَفْعُوْلًا ەۙ لِّيَهْلِكَ مَنْ هَلَكَ عَنْۢ بَيِّنَةٍ وَّيَحْيٰى مَنْ حَيَّ عَنْۢ بَيِّنَةٍۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَسَمِيْعٌ عَلِيْمٌۙ٤٢
Iż antum bil-‘udwatid-dun-yā wa hum bil-‘udwatil-quṣwā war-rakbu asfala minkum, wa lau tawā‘attum lakhtalaftum fil-mī‘ād(i), wa lākil liyaqḍiyallāhu amran kāna maf‘ūlā(n), liyahlika man halaka ‘am bayyinatiw wa yaḥyā may ḥayya ‘am bayyinah(tin), wa innallāha lasamī‘un ‘alīm(un).
[42] (Yaiku neng dino) pas siro ono neng pinggir jurang hang parek lan wong-wong mau ono neng pinggire jurang hang adoh sedenge kafilah iku ono neng ngisor siro. 372 Sekirane siro gawe kesepakatan (kanggo nentukaen dino mangkate perang), pastine siro seng sependapat pas nentukaen dino perang iku, tapi (Alloh nempukaen rong pasukan iku) makne iyane (Gusti Alloh) ngelakoni perkoro hang mesti dilakoni 373 , yaiku mane wong hang musnah iku musnahe bareng keterangan hang nyoto lan mane wong hang urip iku uripe bareng ambi keterangan hang nyoto (pisan). 374 Saktemene Alloh moho ngerungu ambi moho ngeweruhi.
372) Karepe: golongane wong muslim pas iku ono reng pinggire jurang sang parek nyang Madinah, lan wong-wong kafir ana ring pinggire jurang sang adoh teko madinah. Sedenge kafilah sang dipimpin neng Abu sofyan iku ono ing pinggire pantai kiro-kiro 5 mil angka teko Badar. 373) Karepe: kemenangan golongane wong muslim lan ajure golongane wong musyrikin 374) Karepe mane wong-wong sang tetep neng njerone kafire seng duwe alasan maneng dingo tetep nang njerone kafire iku mau, lan wong-wong sang bener-bener imane yaiku berdasarkan nyang bukti-bukti sang nyoto

اِذْ يُرِيْكَهُمُ اللّٰهُ فِيْ مَنَامِكَ قَلِيْلًاۗ وَلَوْ اَرٰىكَهُمْ كَثِيْرًا لَّفَشِلْتُمْ وَلَتَنَازَعْتُمْ فِى الْاَمْرِ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ سَلَّمَۗ اِنَّهٗ عَلِيْمٌۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ٤٣
Iż yurīkahumullāhu fī manāmika qalīlā(n), wa lau arākahum kaṡīral lafasyiltum wa latanāza‘tum fil-amri wa lākinnallāha sallam(a), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[43] (Yaiku) pas Alloh ngatokaen wong-wong iku mau nyang riko neng jerune impen riko hang (akehe) sitik. Lan sekirane Alloh nduduhaken wong-wong iku kabeh neng riko (akehe) wakeh pastine riko dadi wedi lan pastine bawen riko bakal padu-paduan neng njerune urusan iku. Tapeng Alloh wis nyelametaken riko. Saktemene Alloh paleng weroh sekabehe isine ati.

وَاِذْ يُرِيْكُمُوْهُمْ اِذِ الْتَقَيْتُمْ فِيْٓ اَعْيُنِكُمْ قَلِيْلًا وَّيُقَلِّلُكُمْ فِيْٓ اَعْيُنِهِمْ لِيَقْضِيَ اللّٰهُ اَمْرًا كَانَ مَفْعُوْلًا ۗوَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ ࣖ٤٤
Wa iż yurīkumūhum iżil-taqaitum fī a‘yunikum qalīlaw wa yuqallilukum fī a‘yunihim liyaqḍiyallāhu amran kāna maf‘ūlā(n), wa ilallāhi turja‘ul-umūr(u).
[44] Lan pas Alloh ngatokaen wong-wong iku neng riko kabeh, pas riko ketemu ambi wong-wong iku akehe sitik neng ngadepane motone riko, lan riko diweruhaken akehe sitik neng ngadepane motone wong-wong iku, mergo Alloh bakal ngelakoni penggawean hang kudu dilakoni. Lan mung nyang Gusti Alloh panggon mbalekaen sekabehe perkoro.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا لَقِيْتُمْ فِئَةً فَاثْبُتُوْا وَاذْكُرُوا اللّٰهَ كَثِيْرًا لَّعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَۚ٤٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā laqītum fi'atan faṡbutū ważkurullāha kaṡīral la‘allakum tufliḥūn(a).
[45] He wong-wong kang duwe iman, kadong siro merangi pasukan (musuh), sebab iku kuatno ati niro lan nyebuto arane Alloh sak akeh-akehe 375 mane siro untung.
375) Karepe yaiku ngakehaken dzikir lan dungo

وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَلَا تَنَازَعُوْا فَتَفْشَلُوْا وَتَذْهَبَ رِيْحُكُمْ وَاصْبِرُوْاۗ اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الصّٰبِرِيْنَۚ٤٦
Wa aṭī‘ullāha wa rasūlahū wa lā tanāza‘ū fa tafsyalū wa tażhaba rīḥukum waṣbirū, innallāha ma‘aṣ-ṣābirīn(a).
[46] lan manuto nyang Gusti Alloh lan rosule lan riko ojo padu-paduan hang nggarai riko dadi minder lan ilang kekuatan riko, lan sabaro, saktemene Alloh iku ambi wong-wong kang sabar.

وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ خَرَجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ بَطَرًا وَّرِئَاۤءَ النَّاسِ وَيَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ بِمَايَعْمَلُوْنَ مُحِيْطٌ٤٧
Wa lā takūnū kal-lażīna kharajū min diyārihim baṭaraw wa ri'ā'an-nāsi wa yaṣuddūna ‘an sabīlillāh(i), wallāhu bimā ya‘malūna muḥīṭ(un).
[47] lan ojo sampek riko dadi koyo wong-wong kang metu teko desone ambi roso gumede lan ambi kekarepan pamer nyang menungso lan ngadangi (wong) teko dalane Alloh. Lan ilmune Alloh iku ngeliputi paren bawen hang wong mau lakoni.

وَاِذْ زَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ اَعْمَالَهُمْ وَقَالَ لَا غَالِبَ لَكُمُ الْيَوْمَ مِنَ النَّاسِ وَاِنِّيْ جَارٌ لَّكُمْۚ فَلَمَّا تَرَاۤءَتِ الْفِئَتٰنِ نَكَصَ عَلٰى عَقِبَيْهِ وَقَالَ اِنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّنْكُمْ اِنِّيْٓ اَرٰى مَا لَا تَرَوْنَ اِنِّيْٓ اَخَافُ اللّٰهَ ۗوَاللّٰهُ شَدِيْدُ الْعِقَابِ ࣖ٤٨
Wa iż zayyana lahumusy-syaiṭānu a‘mālahum wa qāla lā gāliba lakumul-yauma minan-nāsi wa innī jārul lakum, falammā tarā'atil-fi'atāni nakaṣa ‘alā ‘aqibaihi wa qāla innī barī'um minkum innī arā mā lā tarauna innī akhāfullāh(a), wallāhu syadīdul-‘iqāb(i).
[48] Lan pas syetan ndadekaen wong-wong mau ngeroso apik penggaweane wong-wong mau ngeroso apik lan ngomong: “Lan sengono salah sijine menungso kang biso ngalahaken riko reng dino iki, lan saktemen ison iki kang ngelindungi riko”. Sebab iku pas pasukan loro iku wes podo biso ndeleng (adep-adepan), seitan iku mbalik memburi ambi ngomong: “Saktemene ison melayu teko riko, saktemene ison biso ndeleng paran hang riko kabeh seng biso deleng. Saktemene ison wedi nyang Gusti Alloh”. Lan Alloh banget abot seksone.

اِذْ يَقُوْلُ الْمُنٰفِقُوْنَ وَالَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ غَرَّ هٰٓؤُلَاۤءِ دِيْنُهُمْۗ وَمَنْ يَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ فَاِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٤٩
Iż yaqūlul-munāfiqūna wal-lażīna fī qulūbihim maraḍun garra hā'ulā'i dīnuhum, wa may yatawakkal ‘alallāhi fa innallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[49] Pas wong-wong munafik lan wong-wong hang duwe penyakit neng jeru atine ngomong : “Wong kabeh iku (wong-wong) hang duwe iman diakali neng agomone” (Alloh dawuh) : Sopo bawen hang tawakkal nyang Alloh, sebab iku saktemene Alloh paleng menangan lan paling wijaksono.

وَلَوْ تَرٰٓى اِذْ يَتَوَفَّى الَّذِيْنَ كَفَرُوا الْمَلٰۤىِٕكَةُ يَضْرِبُوْنَ وُجُوْهَهُمْ وَاَدْبَارَهُمْۚ وَذُوْقُوْا عَذَابَ الْحَرِيْقِ٥٠
Wa lau tarā iż yatawaffal-lażīna kafarul-malā'ikatu yaḍribūna wujūhahum wa adbārahum, wa żūqū ‘ażābal-ḥarīq(i).
[50] Kadong riko ndeleng pas poro malaikat nyabot nyowone wong-wong kafir kelawan ngantem ngarep lan mburine wong kebeh iku (lan ngomong) : “Rasakno siro disikso neroko kang ngobong”. (pastine siro bakal ngeroso wedi).

ذٰلِكَ بِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْكُمْ وَاَنَّ اللّٰهَ لَيْسَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِۙ٥١
Żālika bimā qaddamat aidīkum wa annallāha laisa biẓallāmil lil-‘abīd(i).
[51] Iku mau disebabaken tingkahe tangan riko dewek. Saktemene Gusti Alloh seng sepisan-pisan nganiyoyo mahluke.

كَدَأْبِ اٰلِ فِرْعَوْنَۙ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ فَاَخَذَهُمُ اللّٰهُ بِذُنُوْبِهِمْۗ اِنَّ اللّٰهَ قَوِيٌّ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٥٢
Kada'bi āli fir‘aun(a), wal-lażīna min qablihim, kafarū bi'āyātillāhi fa akhażahumullāhu biżunūbihim, innallāha qawiyyun syadīdul-‘iqāb(i).
[52] (Kahanane wong-wong) podo dene ambi kahanane Fir’aun lan bolo-bolone ambi wong-wong hang sakdurunge. Wong-wong mau ngungkuri ayat-ayate Alloh. Sebab iku Alloh nyikso wong-wong mau mergo doso-dosone. Saktemene Alloh paleng kuat lan paleng loro seksone.

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ لَمْ يَكُ مُغَيِّرًا نِّعْمَةً اَنْعَمَهَا عَلٰى قَوْمٍ حَتّٰى يُغَيِّرُوْا مَا بِاَنْفُسِهِمْۙ وَاَنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌۙ٥٣
Żālika bi'annallāha lam yaku mugayyiran ni‘matan an‘amahā ‘alā qaumin ḥattā yugayyirū mā bi'anfusihim, wa annallāha samī‘un ‘alīm(un).
[53] hang iku mau (sekso) iku mergo saktemene Alloh seng sepisan-pisan nguwah sijine nikmat hang wes wehaken nyang sijine golongan, sampek golongan iku nguwah paran hang ono neng golongan iku dewek. 376 Lan saktemene Alloh paling ngerungu lan paling ngeweruhi.
376) Alloh seng nyabut nikmat sang wes diciciraken nyang sijine golongan, suwene golongan iku tetep taat lan syukur nyang Alloh.

كَدَأْبِ اٰلِ فِرْعَوْنَۙ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۚ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ فَاَهْلَكْنٰهُمْ بِذُنُوْبِهِمْ وَاَغْرَقْنَآ اٰلَ فِرْعَوْنَۚ وَكُلٌّ كَانُوْا ظٰلِمِيْنَ٥٤
Kada'bi āli fir‘aun(a), wal-lażīna min qablihim, każżabū bi'āyāti rabbihim fa ahlaknāhum biżunūbihim wa agraqnā āla fir‘aun(a), wa kullun kānū ẓālimīn(a).
[54] (Kahanane wong-wong) podo dene ambi kahanane Fir’aun lan bolo-bolone ambi wong-wong hang sakdurunge. Wong-wong mau ngungkuri ayat-ayate Alloh. Sebab iku Alloh nyikso wong-wong mau mergo duso-dusone lan ison silepaken Fir’aun lan bolo-bolone, lan kabeh iku yaiku wong-wong kang dolim.

اِنَّ شَرَّ الدَّوَاۤبِّ عِنْدَ اللّٰهِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَۖ٥٥
Inna syarrad-dawābbi ‘indallāhil-lażīna kafarū fahum lā yu'minūn(a).
[55] Saktemene kewan (mahluk) hang paleng elek neng sandinge Alloh yaiku wong kang kafir, mergo wong-wong iku seng duwe iman.

الَّذِيْنَ عَاهَدْتَّ مِنْهُمْ ثُمَّ يَنْقُضُوْنَ عَهْدَهُمْ فِيْ كُلِّ مَرَّةٍ وَّهُمْ لَا يَتَّقُوْنَ٥٦
Allażīna ‘āhatta minhum ṡumma yanquḍūna ‘ahdahum fī kulli marratiw wa hum lā yattaqūn(a).
[56] (Yaiku) wong-wong kang siro wes njuwut semayanan teko wong mau. Sak marine iku wong mau nyulayani janjine neng angger waktu, lan wong mau seng wedi (akibat-akibate).

فَاِمَّا تَثْقَفَنَّهُمْ فِى الْحَرْبِ فَشَرِّدْ بِهِمْ مَّنْ خَلْفَهُمْ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُوْنَ٥٧
Fa immā taṡqafannahum fil-ḥarbi fa syarrid bihim man khalfahum la‘allahum yażżakkarūn(a).
[57] Kadong riko nemone wong mau neng njero perang, sebab iku pisahen wong hang neng mburine wong mau ambi (numpes) wong-wong mau. Mane wong mau njuwut pelajaran.

وَاِمَّا تَخَافَنَّ مِنْ قَوْمٍ خِيَانَةً فَانْۢبِذْ اِلَيْهِمْ عَلٰى سَوَاۤءٍۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْخَاۤىِٕنِيْنَ ࣖ٥٨
Wa immā takhāfanna min qaumin khiyānatan fambiż ilaihim ‘alā sawā'(in), innallāha lā yuḥibbul-khā'inīn(a).
[58] Lan kadong riko khawatir bakal (kedadean) suloyone teko suijine golongan, sebab iku balekno semayanan iku nyang wong mau nganggo coro hang paran onone. Saktemene Alloh seng demen wong kang suloyo.

وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا سَبَقُوْاۗ اِنَّهُمْ لَا يُعْجِزُوْنَ٥٩
Wa lā yaḥsabannal-lażīna kafarū sabaqū, innahum lā yu‘jizūn(a).
[59] Lan ojo sampek wong-wong hang kafir iku ngiro, kadong wong mau bakal oleh lolos (teko kuosone Alloh). Saktemene wong mau seng biso ngapesaken (Alloh).

وَاَعِدُّوْا لَهُمْ مَّا اسْتَطَعْتُمْ مِّنْ قُوَّةٍ وَّمِنْ رِّبَاطِ الْخَيْلِ تُرْهِبُوْنَ بِهٖ عَدُوَّ اللّٰهِ وَعَدُوَّكُمْ وَاٰخَرِيْنَ مِنْ دُوْنِهِمْۚ لَا تَعْلَمُوْنَهُمْۚ اَللّٰهُ يَعْلَمُهُمْۗ وَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ شَيْءٍ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ يُوَفَّ اِلَيْكُمْ وَاَنْتُمْ لَا تُظْلَمُوْنَ٦٠
Wa a‘iddū lahum mastaṭa‘tum min quwwatiw wa mir ribāṭil-khaili turhibūna bihī ‘aduwwallāhi wa ‘aduwwakum wa ākharīna min dūnihim, lā ta‘lamūnahum, allāhu ya‘lamuhum, wa mā tunfiqū min syai'in fī sabīlillāhi yuwaffa ilaikum wa antum lā tuẓlamūn(a).
[60] Lan siapno kanggo ngadepi wong mau kekuatan paren bawen kang riko sanggupi lan teko jaran-jaran hang dicancang nggo perang (kang ambi persiapan iku) riko nggeteraken musuhe Alloh, musuh riko lan wong-wong liane wong mau kang riko seng ngaweruhi. Tapi Alloh ngeweruhi. Paren bawen hang riko belonjokaken neng dalane Alloh pastine bakal dibales cukup nyang riko lan riko seng kiro dianiaya (dirugikaen).

۞ وَاِنْ جَنَحُوْا لِلسَّلْمِ فَاجْنَحْ لَهَا وَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗاِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٦١
Wa in janaḥū lis-salmi fajnaḥ lahā wa tawakkal ‘alallāh(i), innahū huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[61] Lan kadong wong mau condong nyang perdamaian, sebab iku condongo lan wedio nyang Gusti Alloh. Saktemene Alloh kang paling ngerungukaen lan paleng ngeweruhi.

وَاِنْ يُّرِيْدُوْٓا اَنْ يَّخْدَعُوْكَ فَاِنَّ حَسْبَكَ اللّٰهُ ۗهُوَ الَّذِيْٓ اَيَّدَكَ بِنَصْرِهٖ وَبِالْمُؤْمِنِيْنَۙ٦٢
Wa iy yurīdū ay yakhda‘ūka fa inna ḥasbakallāh(u), huwal-lażī ayyadaka binaṣrihī wa bil-mu'minīn(a).
[62] Lan kadong wong mau karepe bakal ngapusi riko, sebab iku saktemene cukup Gusti Alloh (kang dadi pelindung riko). Alloh kang nguataken riko nggo pitulunge lan ambi golongane wong mukmin.

وَاَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْۗ لَوْاَنْفَقْتَ مَا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا مَّآ اَلَّفْتَ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ اَلَّفَ بَيْنَهُمْۗ اِنَّهٗ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٦٣
Wa allafa baina qulūbihim, lau anfaqta mā fil-arḍi jamī‘am mā allafta baina qulūbihim wa lākinnallāha allafa bainahum, innahū ‘azīzun ḥakīm(un).
[63] Lan kang ndadekaen siji atine wong-wong mau (wong-wong kang nduweni iman). 377 Masio riko seng mbelonjokaen kabeh (sugihe) hang ono neng bumi, pastine riko seng biso ndadekaen siji atine wong-wong mau, tapeng Alloh wis ndadekaen siji atine wong-wong mau. Saktemene Alloh paleng gede lan paleng wijaksono.
377) Penduduk Madinah sang terdiri teko Aus lan Khazraj terus-terusan musuhan sak durunge nabi Muhammad SAW pindah. Sakwise nabi Muhammad SAW pindah nang Madinah lan wong-wong mau melebu Islam musuhan mau ilang

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ حَسْبُكَ اللّٰهُ وَمَنِ اتَّبَعَكَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ ࣖ٦٤
Yā ayyuhan-nabiyyu ḥasbukallāhu wa manittaba‘aka minal-mu'minīn(a).
[64] Hei nabi Muhammad, wes cukup Alloh (dadi pelindung) kanggo riko lan kanggo wong-wong kang ndueni iman hang milu riko

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ حَرِّضِ الْمُؤْمِنِيْنَ عَلَى الْقِتَالِۗ اِنْ يَّكُنْ مِّنْكُمْ عِشْرُوْنَ صٰبِرُوْنَ يَغْلِبُوْا مِائَتَيْنِۚ وَاِنْ يَّكُنْ مِّنْكُمْ مِّائَةٌ يَّغْلِبُوْٓا اَلْفًا مِّنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَفْقَهُوْنَ٦٥
Yā ayyuhan-nabiyyu ḥarriḍil-mu'minīna ‘alal-qitāl(i), iy yakum minkum ‘isyrūna ṣabirūna yaglibū mi'atain(i), wa iy yakum minkum mi'atuy yaglibū alfam minal-lażīna kafarū bi'annahum qaumul lā yafqahūn(a).
[65] Hei nabi, obongen semangate wong-wong hang nduweni iman iku dienggo perang. Kadong ono rong puluh wong kang sabar neng antarane riko, percoyo’o wong-wong mau kudu ngalahaken rongatus wong musuh. Lan kadong ono satus wong (hang sabar) neng antarane riko, wong-wong mau biso ngalahaken sewu wong kafir. Mergane wong-wong kafir iku golongane wong hang seng ngerti. 378
378) Karepe: wong-wong mau seng ngerti kadung perang iku kudu dinggo mbelo keyakinan lan naati perintahe Alloh, wong-wong mau perang mong kanggo njogo tradisi jahiliyah lan kekarepan dunyo laine.

اَلْـٰٔنَ خَفَّفَ اللّٰهُ عَنْكُمْ وَعَلِمَ اَنَّ فِيْكُمْ ضَعْفًاۗ فَاِنْ يَّكُنْ مِّنْكُمْ مِّائَةٌ صَابِرَةٌ يَّغْلِبُوْا مِائَتَيْنِۚ وَاِنْ يَّكُنْ مِّنْكُمْ اَلْفٌ يَّغْلِبُوْٓا اَلْفَيْنِ بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ٦٦
Al'āna khaffafallāhu ‘ankum wa ‘alima anna fīkum ḍa‘fā(n), fa iy yakum minkum mi'atun ṣābiratuy yaglibū mi'atain(i), wa iy yakum minkum alfuy yaglibū alfaini bi'iżnillāh(i), wallāhu ma‘aṣ-ṣābirīn(a).
[66] Saiki Alloh wes ngurangi neng riko lan Alloh wes weroh kadong awak riko duwe kekurangan. Sebab iku kadong neng antarane riko satus wong kang sabar, percoyo’o wong mau kudu nglahaken rongatus wong, lan kadong neng antarane riko ono sewu wong (kang sabar), percoyo o wong-wong mau kudu ngalahaken rongewu wong kelawan idine Alloh. Lan Alloh mbarengi wong-wong kang sabar.

مَاكَانَ لِنَبِيٍّ اَنْ يَّكُوْنَ لَهٗٓ اَسْرٰى حَتّٰى يُثْخِنَ فِى الْاَرْضِۗ تُرِيْدُوْنَ عَرَضَ الدُّنْيَاۖ وَاللّٰهُ يُرِيْدُ الْاٰخِرَةَۗ وَاللّٰهُ عَزِيْزٌحَكِيْمٌ٦٧
Mā kāna linabiyyin ay yakūna lahū asrā ḥattā yuṡkhina fil-arḍ(i), turīdūna ‘araḍad-dun-yā, wallāhu yurīdul-ākhirah(ta), wallāhu ‘azīzun ḥakīm(un).
[67] Seng pantes, kanggo nabi nduweni tawanan sakdurunge yane ngalahaken musuhe neng nduwure bumi. Riko ngarepaken kesugihan dunyo sedenge Alloh ngarepaken (ganjaran) ahirat (kanggo riko). lan Alloh paleng perkoso/ menang lan paleng wicaksono.

لَوْلَاكِتٰبٌ مِّنَ اللّٰهِ سَبَقَ لَمَسَّكُمْ فِيْمَآ اَخَذْتُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ٦٨
Lau lā kitābum minallāhi sabaqa lamassakum fīmā akhażtum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[68] Kadong sekirane seng pas kang wes bengen teko Alloh. Percoyo o riko ditibani sikso kang gedi mergo dadi balesan kang riko jowot.

فَكُلُوْا مِمَّاغَنِمْتُمْ حَلٰلًا طَيِّبًاۖ وَّاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٦٩
Fa kulū mimmā ganimtum ḥalālan ṭayyibā(n), wattaqullāh(a), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[69] Sebab iku madango teko separoh rampasan kang wes riko juwut iku, dadi panganan kang halal maneng apik, lan patuho neng Gusti Alloh, saktemene Alloh paleng nyepuro lan paleng welasan

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ قُلْ لِّمَنْ فِيْٓ اَيْدِيْكُمْ مِّنَ الْاَسْرٰٓىۙ اِنْ يَّعْلَمِ اللّٰهُ فِيْ قُلُوْبِكُمْ خَيْرًا يُّؤْتِكُمْ خَيْرًا مِّمَّآ اُخِذَ مِنْكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٧٠
Yā ayyuhan-nabiyyu qul liman fī aidīkum minal-asrā, iy ya‘lamillāhu fī qulūbikum khairay yu'tikum khairam mimmā ukhiża minkum wa yagfir lakum, wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[70] Hei nabi, omongno neng tawanan-tawanan kang ono neng tangan riko: “kadong Alloh weroh ono apike neng atin riko, percoyo o Alloh bakal nguweni riko hang luweh apik teko paren kang wis dijuwut teko riko lan Alloh bakal nyepuro riko”. Lan Alloh paling penyepuro lan paleng welasan.

وَاِنْ يُّرِيْدُوْا خِيَانَتَكَ فَقَدْ خَانُوا اللّٰهَ مِنْ قَبْلُ فَاَمْكَنَ مِنْهُمْ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٧١
Wa iy yurīdū khiyānataka faqad khānullāha min qablu fa amkana minhum wallāhu ‘alīmun ḥakim(un).
[71] Tapeng kadong wong-wong mau (tawanan-tawanan iku) duwe kekarepan bakal suloyo neng riko, sebab iku saktemene wong-wong mau wis suloyo neng Alloh sakdurunge iki, terusane Alloh ndadekaen riko nguasani atase wong-wong mau. Lan Alloh paleng ngeweruhi lan paleng wicaksono

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَهَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَالَّذِيْنَ اٰوَوْا وَّنَصَرُوْٓا اُولٰۤىِٕكَ بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَلَمْ يُهَاجِرُوْا مَا لَكُمْ مِّنْ وَّلَايَتِهِمْ مِّنْ شَيْءٍ حَتّٰى يُهَاجِرُوْاۚ وَاِنِ اسْتَنْصَرُوْكُمْ فِى الدِّيْنِ فَعَلَيْكُمُ النَّصْرُ اِلَّا عَلٰى قَوْمٍۢ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ مِّيْثَاقٌۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٧٢
Innal-lażīna āmanū wa hājarū wa jāhadū bi'amwālihim wa anfusihim fī sabīlillāhi wal-lażīna āwaw wa naṣarū ulā'ika ba‘ḍuhum auliyā'u ba‘ḍ(in), wal-lażīna āmanū wa lam yuhājirū mā lakum miw walāyatihim min syai'in ḥattā yuhājirū, wa inistanṣarūkum fid-dīni fa ‘alaikumun naṣru illā ‘alā qaumim bainakum wa bainahum mīṡāq(un), wallāhu bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[72] Saktemene wong-wong hang nduweni iman lan pindah kelawan jihad nganggo bondone lan awake neng dalan Alloh lan wong-wong kang nguweni panggonan urip lan pitulung (nyang wong-wong kang jihad), wong-wong mau siji lan liane saling ngelindungi. 379 Lan (nyang) wong-wong kang nduweni iman, tapeng dorong pindah, sebab iku seng wajib masio sitik kanggo riko ngelindungi wong-wong mau, sakdurunge wong-wong mau hijrah. (tapeng) kadong wong-wong mau njaluk tolong neng riko neng njeruni (penggawean mbelo) agomo, sebab iku riko kudu nulungi sakliane golongan kang weis ono perjanjian antarane riko ambi wong-wong mau. Lan Alloh paling ngaweruhi paran kang riko lakoni.
379) Sang dikarepaken ambi podo nglindungine yaiku: neng antarane Muhajirin lan Ansor ono hubungan dulur sang nemen teguh, kanggo nggawe masyarakat sang apik. Iku mau keteguhan lan keakrapan seduluran wong-wong mau, sampe-sampe neng awale Islam wong-wong mau waris-ngewarisi koyo-koyo wong-wong mau sedulur mau

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۗ اِلَّا تَفْعَلُوْهُ تَكُنْ فِتْنَةٌ فِى الْاَرْضِ وَفَسَادٌ كَبِيْرٌۗ٧٣
Wal-lażīna kafarū ba‘ḍuhum auliyā'u ba‘ḍ(in), illā taf‘alūhu takun fitnatun fil-arḍi wa fasādun kabīr(un).
[73] Anapun wong-wong kafir, separoh wong-wong mau dadi pelindung kanggo separoh hang liyo. Kadong riko (he golongane wong muslim) seng ngelakoni paran kang wes diperintahaken Alloh iku 380 , percoyo o bakal kedadean seng karu-karuan neng nduwuri bumi lan kerusakan kang gedi.
380) kaum muslimin

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَهَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَالَّذِيْنَ اٰوَوْا وَّنَصَرُوْٓا اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُؤْمِنُوْنَ حَقًّاۗ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌ٧٤
Wal-lażīna āmanū wa hājarū wa jāhadū fī sabīlillāhi wal-lażīna āwaw wa naṣarū ulā'ika humul-mu'minūna ḥaqqā(n), lahum magfirtuw wa rizqun karīm(un).
[74] Lan wong-wong kang nduweni iman lan hijrah ambi jihad neng dalane Gusti Alloh, lan wong-wong kang nguweni panggon netep lan nguweni pitulung (neng wong-wong kang hijrah), wong-wong iku mau wong-wong hang temenan duwe iman. Wong-wong mau oleh sepuro lan rizki (ni’mat) hang mulia.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْۢ بَعْدُ وَهَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا مَعَكُمْ فَاُولٰۤىِٕكَ مِنْكُمْۗ وَاُولُوا الْاَرْحَامِ بَعْضُهُمْ اَوْلٰى بِبَعْضٍ فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ࣖ٧٥
Wal-lażīna āmanū mim ba‘du wa hājarū wa jāhadū ma‘akum fa ulā'ika minkum, wa ulul-arḥāmi ba‘ḍuhum aulā biba‘ḍin fī kitābillāh(i), innallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[75] Lan wong-wong kang nduweni iman sakmarine iku, terus hijrah lan jihad ambi riko sebab iku wong-wong iku melebu golongan riko (pisan). Wong-wong kang