Surah An-Nazi’at

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالنّٰزِعٰتِ غَرْقًاۙ١
Wan-nāzi‘āti garqā(n).
[1] Kerono (Malaikat-Malaikat) hang medhoti nyawa kelawan keras.

وَّالنّٰشِطٰتِ نَشْطًاۙ٢
Wan-nāsyiṭāti nasyṭā(n).
[2] Kerono (Malaikat-Malaikat) hang Njuwut nyawa kelawan alon (dienggo wong mukmin).

وَّالسّٰبِحٰتِ سَبْحًاۙ٣
Was-sābiḥāti sabḥā(n).
[3] Kerono (Malaikat) hang mudun teka langit kelawan cepet.

فَالسّٰبِقٰتِ سَبْقًاۙ٤
Fas-sābiqāti sabqā(n).
[4] Lan (Malaikat) hang nyalip anter (gowo ruhe wong-wong mukmin nang surga).

فَالْمُدَبِّرٰتِ اَمْرًاۘ٥
Fal-mudabbirāti amrā(n).
[5] Lan (Malaikat) hang ngatur urusan dunyo. 869
869) Nang Ayat 1 sampek 5 Gusti Alloh sumpah kambi para Malaikat hang macem-macem sifat urusane saktemene menungsa arep ditangèkaken pas dina kiamat, separuh teka Ahli Tafsir berpendapat, saktemene nang ayat-ayat iki (kejaba ayat 5), Gusti Alloh sumpah kambi lintang-lintang

يَوْمَ تَرْجُفُ الرَّاجِفَةُۙ٦
Yauma tarjufur-rājifah(tu).
[6] (Saktemene siro arep ditangèkaken) pas dina disempronge srompet hang kawitan hang ngancuraken alam kabeh.

تَتْبَعُهَا الرَّادِفَةُ ۗ٧
Tatba‘uhar-rādifah(tu).
[7] Semprongan hang kawitan ditambah semprongan hang kepindho.

قُلُوْبٌ يَّوْمَىِٕذٍ وَّاجِفَةٌۙ٨
Qulūbuy yauma'iżiw wājifah(tun).
[8] Nang kunu atine menungsa padha wedi.

اَبْصَارُهَا خَاشِعَةٌ ۘ٩
Abṣāruhā khāsyi‘ah(tun).
[9] Pandangane padha dingkluk (wedi).

يَقُوْلُوْنَ ءَاِنَّا لَمَرْدُوْدُوْنَ فِى الْحَافِرَةِۗ١٠
Yaqūlūna a'innā lamardūdūna fil-ḥāfirah(ti).
[10] Wong Kafir Padha celathu, “Apa Isun iki dibalekaken urip maning?”. 870
870) Sakwise wong-wong kafir rungu anane dina ditangèkaken menungsa sakwise mati, wong kafir padha cengeng lan ngelokaken, menurut keyakinane wong-wong kafir hing ana dina ditangèkaken maning iku, mangkane wong kafir padha takon masalah iku.

ءَاِذَا كُنَّا عِظَامًا نَّخِرَةً ۗ١١
A'iżā kunnā ‘iẓāman nakhirah(tan).
[11] Sakmarine dadi belung hang ancur?

قَالُوْا تِلْكَ اِذًا كَرَّةٌ خَاسِرَةٌ ۘ١٢
Qālū tilka iżan karratun khāsirah(tun).
[12] Wong kafir Ngomong: “kapan gedigu perkara balèk maning iki perkara hang ngerugèkaken”.

فَاِنَّمَا هِيَ زَجْرَةٌ وَّاحِدَةٌۙ١٣
Fa innamā hiya zajratuw wāḥidah(tun).
[13] Saktemene perkara balek maning iku mung sak semprongan.

فَاِذَا هُمْ بِالسَّاهِرَةِۗ١٤
Fa iżā hum bis-sāhirah(ti).
[14] Lan ujug-ujug wong akèh padha urip maning nang duwur bumi

هَلْ اَتٰىكَ حَدِيْثُ مُوْسٰىۘ١٥
Hal atāka ḥadīṡu mūsā.
[15] Apa sing wis teka nang siro ceritane Nabi Musa as.?

اِذْ نَادٰىهُ رَبُّهٗ بِالْوَادِ الْمُقَدَّسِ طُوًىۚ١٦
Iż nādāhu rabbuhū bil-wādil-muqaddasi ṭuwā(n).
[16] Pas waktu diomongi Pengèrane ana nang jurang suci Thuwa.

اِذْهَبْ اِلٰى فِرْعَوْنَ اِنَّهٗ طَغٰىۖ١٧
Iżhab ilā fir‘auna innahū ṭagā.
[17] Menyango siro nang Fir’aun, saktemene yane wis keliwat kafire.

فَقُلْ هَلْ لَّكَ اِلٰٓى اَنْ تَزَكّٰىۙ١٨
Fa qul hal laka ilā an tazakkā.
[18] Omongono Fir’aun: apa hing kepèngèn siro ngerijigi awak teka perkara hang salah?

وَاَهْدِيَكَ اِلٰى رَبِّكَ فَتَخْشٰىۚ١٩
Wa ahdiyaka ilā rabbika fa takhsyā.
[19] Siro hun tuntun nang Dalane Pengèran supaya siro wedi.

فَاَرٰىهُ الْاٰيَةَ الْكُبْرٰىۖ٢٠
Fa arāhul-āyatal-kubrā.
[20] Lan Nabi Musa as., mamerno nang ngarepe Fir’aun Mu’jizat hang gedik.

فَكَذَّبَ وَعَصٰىۖ٢١
Fa każżaba wa ‘aṣā.
[21] Tapi Fir’aun malah tambah tambeng lan duraka.

ثُمَّ اَدْبَرَ يَسْعٰىۖ٢٢
Ṡumma adbara yas‘ā.
[22] Lan nantang Nabi Musa as.

فَحَشَرَ فَنَادٰىۖ٢٣
Fa ḥasyara fanādā.
[23] Terus ngumpulaken (wong-wonge) lan diomongi.

فَقَالَ اَنَا۠ رَبُّكُمُ الْاَعْلٰىۖ٢٤
Fa qāla ana rabbukumul-a‘lā.
[24] Fir’aun terus ngomong, “isun iki pengèranira kang maha luhur”.

فَاَخَذَهُ اللّٰهُ نَكَالَ الْاٰخِرَةِ وَالْاُوْلٰىۗ٢٥
Fa akhażahullāhu nakālal-ākhirati wal-ūlā.
[25] Akhire Gusti Alloh nyiksa Fir’aun nang akhirat lan nyiksa nang dunyo.

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَعِبْرَةً لِّمَنْ يَّخْشٰى ۗ ࣖ٢٦
Inna fī żālika la‘ibratal limay yakhsyā.
[26] Lakone Fir’aun iki mesthi dadi pelajaran kanggo wong hang wedi nang Gusti Alloh.

ءَاَنْتُمْ اَشَدُّ خَلْقًا اَمِ السَّمَاۤءُ ۚ بَنٰىهَاۗ٢٧
A'antum asyaddu khalqan amis-samā'u banāhā.
[27] Opo Gusti Alloh nguripaken siro lebih angel timbang gawe langit?

رَفَعَ سَمْكَهَا فَسَوّٰىهَاۙ٢٨
Rafa‘a samkahā fa sawwāhā.
[28] Gusti Alloh duwurnaken bangunane langit lan nyempurnakaken.

وَاَغْطَشَ لَيْلَهَا وَاَخْرَجَ ضُحٰىهَاۖ٢٩
Wa agṭasya lailahā wa akhraja ḍuḥāhā.
[29] Hang gawe peteng waktu bengi, lan gawe padhang waktu bedug.

وَالْاَرْضَ بَعْدَ ذٰلِكَ دَحٰىهَاۗ٣٠
Wal-arḍa ba‘da żālika daḥāhā.
[30] Mari gedigu Gusti Alloh gelar bumi.

اَخْرَجَ مِنْهَا مَاۤءَهَا وَمَرْعٰىهَاۖ٣١
Akhraja minhā mā'ahā wa mar‘āhā.
[31] Gusti Alloh ngetokaken sumber banyu lan cechukulan teka bumi.

وَالْجِبَالَ اَرْسٰىهَاۙ٣٢
Wal-jibāla arsāhā.
[32] Lan nguwataken gunung-gunung.

مَتَاعًا لَّكُمْ وَلِاَنْعَامِكُمْۗ٣٣
Matā‘al lakum wa li'an‘āmikum.
[33] Kabèh iku dienggo kesenengan siro lan rawatan siro.

فَاِذَا جَاۤءَتِ الطَّاۤمَّةُ الْكُبْرٰىۖ٣٤
Fa iżā jā'atiṭ-ṭāmmatul-kubrā.
[34] Maka pas malapetaka hang gedik teko.

يَوْمَ يَتَذَكَّرُ الْاِنْسَانُ مَا سَعٰىۙ٣٥
Yauma yatażakkarul-insānu mā sa‘ā.
[35] Pas dinane menungsa padha iling paran hang wes dilakoni.

وَبُرِّزَتِ الْجَحِيْمُ لِمَنْ يَّرٰى٣٦
Wa burrizatil-jaḥīmu limay yarā.
[36] Lan didilingno neraka hang wes jelas nang menungsa hang bisa diling.

فَاَمَّا مَنْ طَغٰىۖ٣٧
Fa ammā man ṭagā.
[37] Dienggo wong hang keliwat tambenge (kafir).

وَاٰثَرَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَاۙ٣٨
Wa āṡaral-ḥayātad-dun-yā.
[38] Lan milih kauripan dunyo.

فَاِنَّ الْجَحِيْمَ هِيَ الْمَأْوٰىۗ٣٩
Fa innal-jaḥīma hiyal-ma'wā.
[39] Saktemene neroko iku panggonane.

وَاَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهٖ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوٰىۙ٤٠
Wa ammā man khāfa maqāma rabbihī wa nahan-nafsa ‘anil-hawā.
[40] Dienggo wong hang wedi kambi kebesarane Pengèrane lan bisa nahan hawa nafsune.

فَاِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوٰىۗ٤١
Fa innal-jannata hiyal-ma'wā.
[41] Mulane surga iku panggonane.

يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ السَّاعَةِ اَيَّانَ مُرْسٰىهَاۗ٤٢
Yas'alūnaka ‘anis-sā‘ati ayyāna mursāhā.
[42] Wong-wong kafir padha takon nang siro (Muhammad) perkara dina kiamat, kapan kedadiane? 871
871) Kata-kata iki wong kafir ucapaken mung dinggo ngenyèk, dudu wong kafir iku percaya kambi dina ditangeknone menungsa.

فِيْمَ اَنْتَ مِنْ ذِكْرٰىهَاۗ٤٣
Fīma anta min żikrāhā.
[43] Nang endi-endine perkara? Siro bisa nyebutaken waktune (kiamat)?

اِلٰى رَبِّكَ مُنْتَهٰىهَاۗ٤٤
Ilā rabbika muntahāhā.
[44] Nang Pengèran siro dibalekno ketentuan waktune.

اِنَّمَآ اَنْتَ مُنْذِرُ مَنْ يَّخْشٰىهَاۗ٤٥
Innamā anta munżiru may yakhsyāhā.
[45] Siro cuma tukang nguwèni pengènget dienggo wong hang wedi nang perkara iku (kiamat).

كَاَنَّهُمْ يَوْمَ يَرَوْنَهَا لَمْ يَلْبَثُوْٓا اِلَّا عَشِيَّةً اَوْ ضُحٰىهَا ࣖ٤٦
Ka'annahum yauma yaraunahā lam yalbaṡū illā ‘asyiyyatan au ḍuḥāhā.
[46] Koyok-koyoke wong-wong (kafir) Pas dinane dhiling dina kiamat, podo ngeroso manggon dunyo cumak sedilut nang waktu soren utowo waktu isuk. 872
872) Kerono nemene suasana dina ditangekno menungsa iku, wong wong akèh ngeroso kapan urip nang dunyo iku cumak sedilut.