Surah An-Naba’

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
عَمَّ يَتَسَاۤءَلُوْنَۚ١
‘Amma yatasā'alūn(a).
[1] Tentang Perkoro paran wong akèh podo takon-takonan?

عَنِ النَّبَاِ الْعَظِيْمِۙ٢
‘Anin naba'il-‘aẓīm(i).
[2] Podo takon kabar gedik. 863
863) Hang dimaksud kambi berita gedik, yaiku berita hang ono hubungane kambi dino ditangèkakènè menugso teka kubur.

الَّذِيْ هُمْ فِيْهِ مُخْتَلِفُوْنَۗ٣
Allażī hum fīhi mukhtalifūn(a).
[3] Wong akèh mau bèdo-bèdoan nanggepi kabar gedik.

كَلَّا سَيَعْلَمُوْنَۙ٤
Kallā saya‘lamūn(a).
[4] Ojo gedigu, 864 kesok wong akèh mau arep podo weruh nyatane.
864) Iki sanggaan nang pendapate wong kafir hang hing percoyo kambi dino ditangekakènè memungso teko kubur lan dina kiamat.

ثُمَّ كَلَّا سَيَعْلَمُوْنَ٥
Ṡumma kallā saya‘lamūn(a).
[5] Temenan, ojo gedigu, besok wong akèh mau podo weruh nyatane.

اَلَمْ نَجْعَلِ الْاَرْضَ مِهٰدًاۙ٦
Alam naj‘alil-arḍa mihādā(n).
[6] Opo hing Ngerti Isun gawe bumi dienggo panggonan?

وَّالْجِبَالَ اَوْتَادًاۖ٧
Wal-jibāla autādā(n).
[7] Lan gunung-gunung dienggo pathekan?

وَّخَلَقْنٰكُمْ اَزْوَاجًاۙ٨
Wa khalaqnākum azwājā(n).
[8] Lan Isun gawe siro kabèh jejuduan.

وَّجَعَلْنَا نَوْمَكُمْ سُبَاتًاۙ٩
Wa ja‘alnā naumakum subātā(n).
[9] Lan Isun dadèkaken turune siro dienggo ngaso.

وَّجَعَلْنَا الَّيْلَ لِبَاسًاۙ١٠
Wa ja‘alnal-laila libāsā(n).
[10] Lan Isun dadèkaken bengi dienggo kelambi (tutup). 865
865) Bengi iku diarani kelambi kerono bengi iku peteng nutupi bumi dienggo kelambi hang nutupi awake menungso.

وَّجَعَلْنَا النَّهَارَ مَعَاشًاۚ١١
Wa ja‘alnan-nahāra ma‘āsyā(n).
[11] Lan Isun dadèkaken bedug dienggo golek penguripan.

وَبَنَيْنَا فَوْقَكُمْ سَبْعًا شِدَادًاۙ١٢
Wa banainā fauqakum sab‘an syidādā(n).
[12] Lan Isun dadèkaken nang duwur siro pitung langit hang kuat.

وَّجَعَلْنَا سِرَاجًا وَّهَّاجًاۖ١٣
Wa ja‘alnā sirājaw wahhājā(n).
[13] Lan Isun dadèkaken cahaya hang biso madangi (serngèngè)

وَّاَنْزَلْنَا مِنَ الْمُعْصِرٰتِ مَاۤءً ثَجَّاجًاۙ١٤
Wa anzalnā minal-mu‘ṣirāti mā'an ṡajjājā(n).
[14] Lan Isun nurunaken banyu udan hang deres teko mègo hang cemeng.

لِّنُخْرِجَ بِهٖ حَبًّا وَّنَبَاتًاۙ١٥
Linukhrija bihī ḥabbaw wa nabātā(n).
[15] Supoyo biso nyukulaken teko banyu mau, wiji-wijian lan wit-witan.

وَّجَنّٰتٍ اَلْفَافًاۗ١٦
Wa jannātin alfāfā(n).
[16] Lan kebonan hang akèh tandurane.

اِنَّ يَوْمَ الْفَصْلِ كَانَ مِيْقَاتًاۙ١٧
Inna yaumal-faṣli kāna mīqātā(n).
[17] Saktemene dino kiamat itu waktune wis ditetepaken.

يَّوْمَ يُنْفَخُ فِى الصُّوْرِ فَتَأْتُوْنَ اَفْوَاجًاۙ١٨
Yauma yunfakhu fiṣ-ṣūri fa ta'tūna afwājā(n).
[18] Dino Malaikat nyemprong srompèt terus siro kabeh teko jak akean.

وَّفُتِحَتِ السَّمَاۤءُ فَكَانَتْ اَبْوَابًاۙ١٩
Wa futiḥatis-samā'u fa kānat abwābā(n).
[19] Lan dibukae langit hang akèh lawange.

وَّسُيِّرَتِ الْجِبَالُ فَكَانَتْ سَرَابًاۗ٢٠
Wa suyyiratil-jibālu fa kānat sarābā(n).
[20] Lan gunung podo mlaku terus dadi ayang-ayang (fatamorgana).

اِنَّ جَهَنَّمَ كَانَتْ مِرْصَادًاۙ٢١
Inna jahannama kānat mirṣādā(n).
[21] Saktemene neroko jahanam ono panggonan hang dienggo ngawasi. 866
866) Maksude: Nang neraka Jahnnam ono panggonan hang penjagane terus-terusan delengi lan ngawasi isine neraka.

لِّلطّٰغِيْنَ مَاٰبًاۙ٢٢
Liṭ-ṭāgīna ma'ābā(n).
[22] Dadi panggonane wong-wong hang keliwat tambenge.

لّٰبِثِيْنَ فِيْهَآ اَحْقَابًاۚ٢٣
Lābiṡīna fīhā aḥqābā(n).
[23] Wong hang keliwat Tambenge mau Manggon sak lawase.

لَا يَذُوْقُوْنَ فِيْهَا بَرْدًا وَّلَا شَرَابًاۙ٢٤
Lā yażūqūna fīhā bardaw wa lā syarābā(n).
[24] Nang kono hing tau ngerasakaken adhem lan ngombe.

اِلَّا حَمِيْمًا وَّغَسَّاقًاۙ٢٥
Illā ḥamīmaw wa gassāqā(n).
[25] Cumak ngombe wedang panas lan nanah.

جَزَاۤءً وِّفَاقًاۗ٢٦
Jazā'aw wifāqā(n).
[26] Dienggo balesan hang podok

اِنَّهُمْ كَانُوْا لَا يَرْجُوْنَ حِسَابًاۙ٢٧
Innahum kānū lā yarjūna ḥisābā(n).
[27] Saktemene wong akèh mau hing ngarepngarep kambi peritungan (Hisab).

وَّكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا كِذَّابًاۗ٢٨
Wa każżabū bi'āyātinā kiżżābā(n).
[28] Lan bener-bener pada ngapusi ayat-ayat Isun.

وَكُلَّ شَيْءٍ اَحْصَيْنٰهُ كِتٰبًاۙ٢٩
Wa kulla syai'in aḥṣaināhu kitābā(n).
[29] Lan sekabèhane perkara wis hun catet ono nang kitab. 867
867) Hang dimaksud kambi kitab nang kènè iku catetane amal menungso

فَذُوْقُوْا فَلَنْ نَّزِيْدَكُمْ اِلَّا عَذَابًا ࣖ٣٠
Fa żūqū falan nazīdakum illā ‘ażābā(n)
[30] Mulane rasakno siksa! Isun hing arep nambahi nang siro kabeh cumak siksa.

اِنَّ لِلْمُتَّقِيْنَ مَفَازًاۙ٣١
Inna lil-muttaqīna mafāzā(n).
[31] Saktemene wong-wong hang Taqwa oleh kemenangan.

حَدَاۤىِٕقَ وَاَعْنَابًاۙ٣٢
Ḥadā'iqa wa a‘nābā(n).
[32] Yoiku kebonan lan woh anggur.

وَّكَوَاعِبَ اَتْرَابًاۙ٣٣
Wa kawā‘iba atrābā(n).
[33] Lan perawan-perawan hang sak umuran.

وَّكَأْسًا دِهَاقًاۗ٣٤
Wa ka'san dihāqā(n).
[34] Lan gelas-gelas hang akèh isine ombèan.

لَا يَسْمَعُوْنَ فِيْهَا لَغْوًا وَّلَا كِذّٰبًا٣٥
Lā yasma‘ūna fīhā lagwaw wa lā kiżżābā(n).
[35] Hing tau rungu omongan elek lan misuh

جَزَاۤءً مِّنْ رَّبِّكَ عَطَاۤءً حِسَابًاۙ٣٦
Jazā'am mir rabbika ‘aṭā'an ḥisābā(n).
[36] Ganjaran teko pengèran siro lan hadiah hang wakèh.

رَّبِّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا الرَّحْمٰنِ لَا يَمْلِكُوْنَ مِنْهُ خِطَابًاۚ٣٧
Rabbis-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumar-raḥmāni lā yamlikūna minhu khiṭābā(n).
[37] Pengèran siro Pengèran hang nguasai langit lan bumi lan hang ono antarane, Hang Moho Murah, sing ono hang biso omong-omongan kambi Gusti Alloh.

يَوْمَ يَقُوْمُ الرُّوْحُ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ صَفًّاۙ لَّا يَتَكَلَّمُوْنَ اِلَّا مَنْ اَذِنَ لَهُ الرَّحْمٰنُ وَقَالَ صَوَابًا٣٨
Yauma yaqūmur-rūḥu wal-malā'ikatu ṣaffā(n), lā yatakallamūna illā man ażina lahur-raḥmānu wa qāla ṣawābā(n).
[38] Dinone ruh 868 lan poro malaikat podo ngadek baris-barisan, hing ono hang biso ngomong cumak wong hang diwèni izin kambi Gusti Alloh hang Maha Pawèwèh.
868) Ahli Tafsir duwe pendapat hang bedo-bedoan hang dimaksud kambi ruh nang ayat iki, ono hang duwe pendapat iku Jibril, ono hang pendapat iku tentarane Gusti Alloh lan ono hang pendapat iku ruh menungso

ذٰلِكَ الْيَوْمُ الْحَقُّۚ فَمَنْ شَاۤءَ اتَّخَذَ اِلٰى رَبِّهٖ مَاٰبًا٣٩
Żālikal-yaumul-ḥaqq(u), faman syā'attakhaża ilā rabbihī ma'ābā(n).
[39] Ikulah dino hang mesthi kedadian, sapa hang gelem ngabekti ing Gusti Alloh, mulane yane balèk nang dalane Gusti Alloh.

اِنَّآ اَنْذَرْنٰكُمْ عَذَابًا قَرِيْبًا ەۙ يَّوْمَ يَنْظُرُ الْمَرْءُ مَا قَدَّمَتْ يَدَاهُ وَيَقُوْلُ الْكٰفِرُ يٰلَيْتَنِيْ كُنْتُ تُرٰبًا ࣖ٤٠
Innā anżarnākum ‘ażāban qarībā(n), yauma yanẓurul-mar'u mā qaddamat yadāhu wa yaqūlul-kāfiru yā laitanī kuntu turābā(n).
[40] Saktemene Isun wis ngewèni pengènget nang rika siksa hang parek, dinane manungsa hang deleng panggawèane tangan lorone, Wong kafir podo ngomong, “Dhuh! enakan dadi lemah bèn.