Surah Al-Mursalat

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالْمُرْسَلٰتِ عُرْفًاۙ١
Wal-mursalāti ‘urfā(n).
[1] Dhemi para Malaikat hang diutus dienggo gawa keapikan.

فَالْعٰصِفٰتِ عَصْفًاۙ٢
Fal-‘āṣifāti ‘aṣfā(n).
[2] Lan (Malaikat-malaikat) hang miber sak kencengé. 856
856) Maksude: Miber dienggo ngelaksonokno perintahe Gusti Alloh

وَّالنّٰشِرٰتِ نَشْرًاۙ٣
Wan-nāsyirāti nasyrā(n).
[3] Hang nyebar (rahmaté Pengeran) sak ratané. 857
857) Pas Malaikat mudun gowo wahyu, sebagian ahli tafsir duwe pendapat : saktemene hang dimaksud kambi “ annaasyirat” iku angin hang gowo udan.

فَالْفٰرِقٰتِ فَرْقًاۙ٤
Fal-fāriqāti farqā(n).
[4] Lan Malaikat-malaikat hang mbida-aken (antarané hang hak lan bathil) sak jelasjelase.

فَالْمُلْقِيٰتِ ذِكْرًاۙ٥
Fal-mulqiyāti żikrā(n).
[5] Lan (Malaikat-malaikat ) hang nyampekaken wahyu.

عُذْرًا اَوْ نُذْرًاۙ٦
‘Użran au nużrā(n).
[6] Dienggo nulak alasan-alasan utowo nguwèni peringatan .

اِنَّمَا تُوْعَدُوْنَ لَوَاقِعٌۗ٧
Innamā tū‘adūna lawāqi‘(un).
[7] Saktemene paran hang dijanjèaken nang ira iku pasti kedaden.

فَاِذَا النُّجُوْمُ طُمِسَتْۙ٨
Fa iżan-nujūmu ṭumisat.
[8] Mangka rikalané lintang-lintang padha ilang sunaré.

وَاِذَا السَّمَاۤءُ فُرِجَتْۙ٩
Wa iżas-samā'u furijat.
[9] Lan rikalané langit wis disigar.

وَاِذَا الْجِبَالُ نُسِفَتْۙ١٠
Wa iżal-jibālu nusifat.
[10] Lan rikalané gunung-gunung diejur dadi lebu.

وَاِذَا الرُّسُلُ اُقِّتَتْۗ١١
Wa iżar-rusulu uqqitat.
[11] Lan rikalané para Rosul ditetepaken wektyné. 858
858) Maksude : waktu kumpul bareng-bareng kambi umate

لِاَيِّ يَوْمٍ اُجِّلَتْۗ١٢
Li'ayyi yaumin ujjilat.
[12] (Diomongaken nang Nabi-nabi mau) sampek dino paran ditundha (nyikso wongwong kafir iku)?

لِيَوْمِ الْفَصْلِۚ١٣
Liyaumil-faṣl(i).
[13] Sampek dino putusan.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا يَوْمُ الْفَصْلِۗ١٤
Wa mā adrāka mā yaumul-faṣl(i).
[14] Lan apa ira eruh dino putusan iku paran?

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ١٥
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[15] Cilaka gedhi pas dino iku kanggoné wongwong hang ngarani ngapus (nang Al-Qur’an)

اَلَمْ نُهْلِكِ الْاَوَّلِيْنَۗ١٦
Alam nuhlikil-awwalīn(a).
[16] Apa hing ngerti Isun wis ngentekaken wong-wong bengèn?

ثُمَّ نُتْبِعُهُمُ الْاٰخِرِيْنَ١٧
Ṡumma nutbi‘uhumul-ākhirīn(a).
[17] Terus Isun ngetutaken (adzab Isun) nang wong kafir kambi (ngadzab) wong-wong hang teka kari.

كَذٰلِكَ نَفْعَلُ بِالْمُجْرِمِيْنَ١٨
Każālika naf‘alu bil-mujrimīn(a).
[18] Gedigi iki Isun nangani wong-wong hang ngelakoni dusa.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ١٩
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[19] Cilaka gedhi pas dino iku kanggoné wongwong hang ngarani ngapus (Al-Qur’an).

اَلَمْ نَخْلُقْكُّمْ مِّنْ مَّاۤءٍ مَّهِيْنٍۙ٢٠
Alam nakhluqkum mim mā'im mahīn(in).
[20] Apa hing ngerti Isun wis gawé ira kabèh teka banyu hang ina? 859
859) Hang dimaksud kambi banyu hang ino iku : banyu mani

فَجَعَلْنٰهُ فِيْ قَرَارٍ مَّكِيْنٍ٢١
Fa ja‘alnāhu fī qarārim makīn(in).
[21] Terus Hun délèh nang panggonan hang kukuh (rahim).

اِلٰى قَدَرٍ مَّعْلُوْمٍۙ٢٢
Ilā qadarim ma‘lūm(in).
[22] Sampek wektu hang ditentokaken (lahiré jabang bayi).

فَقَدَرْنَاۖ فَنِعْمَ الْقٰدِرُوْنَ٢٣
Fa qadarnā, fani‘mal-qādirūn(a).
[23] Terus Hun tentokakeen (bentuké), Mangka Isun sak apik-apiké hang nentokaken.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٢٤
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[24] Cilaka gedhi pas dino iku kanggo wongwong hang ngarani ngapus (nang Al-Qur’an)

اَلَمْ نَجْعَلِ الْاَرْضَ كِفَاتًاۙ٢٥
Alam naj‘alil-arḍa kifātā(n).
[25] Apa hing ngerti Isun wis gawé bumi dadi panggonan kumpul (nguwot) ?

اَحْيَاۤءً وَّاَمْوَاتًاۙ٢٦
Aḥyā'aw wa amwātā(n).
[26] wong urip lan wong mati?. 860
860) Maksude : Bumi hang ngumpulno wong-wong hang urip nang duwure lan wong-wong mati nang jerone

وَّجَعَلْنَا فِيْهَا رَوَاسِيَ شٰمِخٰتٍ وَّاَسْقَيْنٰكُمْ مَّاۤءً فُرَاتًاۗ٢٧
Wa ja‘alnā fīhā rawāsiya syāmikhātiw wa asqainākum mā'an furātā(n).
[27] Lan Isun wis dadekaken gnung-gunung hang dhuwur lan Isun wèni ombènan ira kambi banyu tawa?.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٢٨
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[28] Cilaka gedhi pas dino iku kanggo wong-wong hang ngarani ngapus (nang Al-Qur’an).

اِنْطَلِقُوْٓا اِلٰى مَا كُنْتُمْ بِهٖ تُكَذِّبُوْنَۚ٢٩
Inṭaliqū ilā mā kuntum bihī tukażżibūn(a).
[29] (Diomongno nang wong akeh pas dino kiamat): Menyanga ira marang adzab hang bengen ira arani ngapus.

اِنْطَلِقُوْٓا اِلٰى ظِلٍّ ذِيْ ثَلٰثِ شُعَبٍ٣٠
Inṭaliqū ilā ẓillin żī ṡalāṡi syu‘ab(in).
[30] Menyango ira marang iyupan hang duwé telung cabang. 861
861) Hang dimaksud kambi iyupan nang kene duduk iyupan dienggo ngiyup, tapi asep geni neroko hang duwe telung gelombang yaiku konon, kiri lan duwur, iki artine adzab iku ngepung wong-wong kafir teko endi-endi

لَا ظَلِيْلٍ وَّلَا يُغْنِيْ مِنَ اللَّهَبِۗ٣١
Lā ẓalīliw wa lā yugnī minal-lahab(i).
[31] Hang hing ngiyupi lan hing nulak urube geni neraka.

اِنَّهَا تَرْمِيْ بِشَرَرٍ كَالْقَصْرِۚ٣٢
Innahā tarmī bisyararin kal-qaṣr(i).
[32] Urube geni neraka mau munculaken kembang geni hang kaya sak dhuwuré istono.

كَاَنَّهٗ جِمٰلَتٌ صُفْرٌۗ٣٣
Ka'annahū jimālatun ṣufr(un).
[33] Kaya-kaya iring-iringan unta hang kuning.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٣٤
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[34] Cilaka gedhi pas dino iku kanggo wongwong hang ngarani ngapus (nang Al-Qur’an)

هٰذَا يَوْمُ لَا يَنْطِقُوْنَۙ٣٥
Hāżā yaumu lā yanṭiqūn(a).
[35] Iki dino hang wong akeh hing bisa ngomong (pas dino iku).

وَلَا يُؤْذَنُ لَهُمْ فَيَعْتَذِرُوْنَ٣٦
Wa lā yu'żanu lahum fa ya‘tażirūn(a).
[36] Lan wong akeh iku hing diizini alasan hingga wong akeh bisa jaluk alasan.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٣٧
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[37] Cilaka gedhi pas dino iku kanggo wongwong hang ngarani ngapus (nang Al-Qur’an)

هٰذَا يَوْمُ الْفَصْلِ جَمَعْنٰكُمْ وَالْاَوَّلِيْنَ٣٨
Hāżā yaumul-faṣli jama‘nākum wal-awwalīn(a).
[38] Iki dino putusan, (pas dino iki) Isun Ngelumpukaken ira lan wong-wong hang bengen.

فَاِنْ كَانَ لَكُمْ كَيْدٌ فَكِيْدُوْنِ٣٩
Fa'in kāna lakum kaidun fakīdūn(i).
[39] Lan nawi ira duwé cara nipu, mangka nipuwo ira nang Isun.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ ࣖ٤٠
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[40] Ciloko gedhi pas dino iku kanggo wongwong hang ngarani ngapus (nang Al-Qur’an)

اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ ظِلٰلٍ وَّعُيُوْنٍۙ٤١
Innal-muttaqīna fī ẓilāliw wa ‘uyūn(in).
[41] Saktemené wong hang takwa ono nang iyupan lan (nang sekitar) sumber-sumber banyu.

وَّفَوَاكِهَ مِمَّا يَشْتَهُوْنَۗ٤٢
Wa fawākiha mimmā yasytahūn(a).
[42] Lan oléh macemé woh-wohan hang wong akeh kepingini.

كُلُوْا وَاشْرَبُوْا هَنِيْۤـًٔا ۢبِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٤٣
Kulū wasyrabū hanī'am bimā kuntum ta‘malūn(a).
[43] (Diomongake nang wong hang iman), mangan lan ngombea hang enak kerono paran hang wis ira kabèh lakoni bengen.

اِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ٤٤
Innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[44] Saktemene gedigi Isun nguwèni balesan nang wong-wong hang ngelakoni keapikan.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٤٥
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[45] Cilaka gedhi pas dino iku kanggo wongwong hang ngarani ngapus (nang Al-Qur’an)

كُلُوْا وَتَمَتَّعُوْا قَلِيْلًا اِنَّكُمْ مُّجْرِمُوْنَ٤٦
Kulū wa tamatta‘ū qalīlan innakum mujrimūn(a).
[46] (Diomongno nang wong kafir!) Mangan lan seneng-senenga ira nang dunya kambi waktu hang cendhek, saktemene ira iku wong-wong hang ngelakoni dusa.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٤٧
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[47] Cilloko gedhi pas dino iku kanggo wongwong hang ngarani ngapus (nang Al-Qur’an)

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ ارْكَعُوْا لَا يَرْكَعُوْنَ٤٨
Wa iżā qīla lahumurka‘ū lā yarka‘ūn(a).
[48] Lan kapan diomongaken nang wong akèh: Rukuk-o, mangka wong-wong iku hing gelem rukuk. 862
862) Sebagian ahli tafsir duwe pendapat: saktemene hang dimaksud kambi rukuk nang kenen yoiku tunduk nang perintahe Gusti Alloh, lan sebagian hang liyo duwe pendapat maksude: sembayang

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٤٩
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[49] Cilaka gedhi pas dino iku kanggo wongwong hang ngarani ngapus (nang Al-Qur’an.

فَبِاَيِّ حَدِيْثٍۢ بَعْدَهٗ يُؤْمِنُوْنَ ࣖ ۔٥٠
Fa bi'ayyi ḥadīṡim ba‘dahū yu'minūn(a).
[50] Mangka nang omongan paran sak liyane Al- Qur’an iki wong akeh arep percaya (iman).