Surah Al-Insan

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
هَلْ اَتٰى عَلَى الْاِنْسَانِ حِيْنٌ مِّنَ الدَّهْرِ لَمْ يَكُنْ شَيْـًٔا مَّذْكُوْرًا١
Hal atāka ‘alal-insāni ḥīnum minad-dahri lam yakun syai'am mażkūrā(n).
[1] Opo hing ngerti wis teka nang menungso siji wektu

اِنَّا خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنْ نُّطْفَةٍ اَمْشَاجٍۖ نَّبْتَلِيْهِ فَجَعَلْنٰهُ سَمِيْعًاۢ بَصِيْرًا٢
Innā khalaqnal-insāna min nuṭfatin amsyājin nabtalīhi fa ja‘alnāhu samī‘am baṣīrā(n).
[2] Saktemene Isun wis ndadekaken menungso teka sak kecret banyu mani hang campur. 854 Hang arep Isun uji (kambi perintah lan larangan) kerana iku Isun dadekaken yané dadi wong hang rungu lan bisa deleng.
854) Maksudé: campur antara winih lanang lan wadon

اِنَّا هَدَيْنٰهُ السَّبِيْلَ اِمَّا شَاكِرًا وَّاِمَّا كَفُوْرًا٣
Innā hadaināhus-sabīla immā syākiraw wa immā kafūrā(n).
[3] Saktemene Isun wis duduhi dalan hang kenceng, ana hang syukur lan ana hang nemen kafiré.

اِنَّآ اَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ سَلٰسِلَا۟ وَاَغْلٰلًا وَّسَعِيْرًا٤
Innā a‘tadnā lil-kāfirīna salāsila wa aglālaw wa sa‘īrā(n).
[4] Saktemene Isun wis nyepakaken kanggonè ong-wong kafir ranté, belenggu lan neraka hang murub.

اِنَّ الْاَبْرَارَ يَشْرَبُوْنَ مِنْ كَأْسٍ كَانَ مِزَاجُهَا كَافُوْرًاۚ٥
Innal-abrāra yasyrabūna min ka'sin kāna mizājuhā kāfūrā(n).
[5] Saktemene wong-wong hang ngelakoni apik bakalan ngombé nganggo gelas (isine ombènan) hang campurané banyu kafur. 855
855) Kafur yoiku aran sumber banyu nang surga hang banyuné putih lan ambuné sedhep lan enak

عَيْنًا يَّشْرَبُ بِهَا عِبَادُ اللّٰهِ يُفَجِّرُوْنَهَا تَفْجِيْرًا٦
‘Ainay yasyrabu bihā ‘ibādullāhi yufajjirūnahā tafjīrā(n).
[6] Yaiku sumber banyu (teka surga) hang teka banyu iku kawula-kawulané Gusti Alloh padha ngombè, lan bisa melancuraken banyu iku sak apik-apiké.

يُوْفُوْنَ بِالنَّذْرِ وَيَخَافُوْنَ يَوْمًا كَانَ شَرُّهٗ مُسْتَطِيْرًا٧
Yūfūna bin-nażri wa yakhāfūna yauman kāna syarruhū mustaṭīrā(n).
[7] Hang podo ngelakoni nadzar lan wedi nang dina hang adzabé rata nangdi-nangdi.

وَيُطْعِمُوْنَ الطَّعَامَ عَلٰى حُبِّهٖ مِسْكِيْنًا وَّيَتِيْمًا وَّاَسِيْرًا٨
Wa yuṭ‘imūnaṭ-ṭa‘āma ‘alā ḥubbihī miskīnaw wa yatīmaw wa asīrā(n).
[8] Lan podo nguwèni panganan hang didhemeni marang wong melarat, laré atim lan wong hang dibui.

اِنَّمَا نُطْعِمُكُمْ لِوَجْهِ اللّٰهِ لَا نُرِيْدُ مِنْكُمْ جَزَاۤءً وَّلَا شُكُوْرًا٩
Innamā nuṭ‘imukum liwajhillāhi lā nurīdu minkum jazā'aw wa lā syukūrā(n).
[9] Saktemene Isun nguwèni panganan nang ira kabèh cumak kanggo ngarep-ngarep ridhoné Gusti Alloh, isun hing kepingin balesan teka ira kabèh lan uga hing omongan kesuwun.

اِنَّا نَخَافُ مِنْ رَّبِّنَا يَوْمًا عَبُوْسًا قَمْطَرِيْرًا١٠
Innā nakhāfu mir rabbinā yauman ‘abūsan qamṭarīrā(n).
[10] Saktemene isun wedi kambi adzabé Pengeran isun pas dina wong-wong hang rahine padha besengut bek kangèlan.

فَوَقٰىهُمُ اللّٰهُ شَرَّ ذٰلِكَ الْيَوْمِ وَلَقّٰىهُمْ نَضْرَةً وَّسُرُوْرًاۚ١١
Fa waqāhumullāhu syarra żālikal-yaumi wa laqqāhum naḍrataw wa surūrā(n).
[11] Mulané Gusti Alloh ngeraksa wong akeh mahu teka kesusahan dina iku lan nguwèni sumeringahé wajah lan senengé ati.

وَجَزٰىهُمْ بِمَا صَبَرُوْا جَنَّةً وَّحَرِيْرًاۙ١٢
Wa jazāhum bimā ṣabarū jannataw wa ḥarīrā(n).
[12] Lan Gusti Alloh mbales nang wong kabèh mahu kerana sabaré kambi (balesan rupa) surga lan kelambi sutra.

مُّتَّكِـِٕيْنَ فِيْهَا عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِۚ لَا يَرَوْنَ فِيْهَا شَمْسًا وَّلَا زَمْهَرِيْرًاۚ١٣
Muttaki'īna fīhā ‘alal-arā'ik(i), lā yarauna fīhā syamsaw wa lā zamharīrā(n).
[13] Nang jeroné surga padha lungguh seméndhé nang dhuwuré dipan, hing kathik eruh (rasa panasé) serngéngé lan adhem hang nemen.

وَدَانِيَةً عَلَيْهِمْ ظِلٰلُهَا وَذُلِّلَتْ قُطُوْفُهَا تَذْلِيْلًا١٤
Wa dāniyatan ‘alaihim ẓilāluhā wa żullilat quṭūfuhā tażlīlā(n).
[14] Lan iyup-iyupané (wit-witané) hang parek nang dhuwré wong-wong mahu, lan digampangaken temenan kanggo dipetik.

وَيُطَافُ عَلَيْهِمْ بِاٰنِيَةٍ مِّنْ فِضَّةٍ وَّاَكْوَابٍ كَانَتْ قَوَارِيْرَا۠١٥
Wa yuṭāfu ‘alaihim bi'āniyatim min fiḍḍatiw wa akwābin kānat qawārīrā.
[15] Lan nang wong-wong iku diubengaken wadah-wadah teka perak lan cingkir-cingkir hang kening kaya kristal

قَوَارِيْرَا۟ مِنْ فِضَّةٍ قَدَّرُوْهَا تَقْدِيْرًا١٦
Qawārīra min fiḍḍatin qaddarūhā taqdīrā(n).
[16] Yaiku Kristal (hang digawé) teka perak hang wis diukur dhèwèk sak apik – apiké (pas kambi karepé).

وَيُسْقَوْنَ فِيْهَا كَأْسًا كَانَ مِزَاجُهَا زَنْجَبِيْلًاۚ١٧
Wa yusqauna fīhā ka'san kāna mizājuhā zanjabīlā(n).
[17] Nang jeroné surga wong akèh padha diweni sak gelas (ombenan) hang ana campuran jahéné.

عَيْنًا فِيْهَا تُسَمّٰى سَلْسَبِيْلًا١٨
‘Ainan fīhā tusammā salsabīlā(n).
[18] (Hang ditekakaketn) eka sumber banyu surge hang diarani Salsabil.

۞ وَيَطُوْفُ عَلَيْهِمْ وِلْدَانٌ مُّخَلَّدُوْنَۚ اِذَا رَاَيْتَهُمْ حَسِبْتَهُمْ لُؤْلُؤًا مَّنْثُوْرًا١٩
Wa yaṭūfu ‘alaihim wildānum mukhalladūn(a), iżā ra'aitahum ḥasibtahum lu'lu'am manṡūrā(n).
[19] Hang wong akeh iku diubengi peladenpeladen enom hang awet enome, Kapan rika deleng, rika mesthi ngira peladen-peladen iku mutiara hang semembur.

وَاِذَا رَاَيْتَ ثَمَّ رَاَيْتَ نَعِيْمًا وَّمُلْكًا كَبِيْرًا٢٠
Wa iżā ra'aita ṡamma ra'aita na‘īmaw wa mulkan kabīrā(n).
[20] Lan kapan rika deleng nang kono (surga) rika mesthi deleng macem-macemé nikmat lan kerajaan hang gedhi.

عٰلِيَهُمْ ثِيَابُ سُنْدُسٍ خُضْرٌ وَّاِسْتَبْرَقٌۖ وَّحُلُّوْٓا اَسَاوِرَ مِنْ فِضَّةٍۚ وَسَقٰىهُمْ رَبُّهُمْ شَرَابًا طَهُوْرًا٢١
‘Āliyahum ṡiyābu sundusin khuḍruw wa istabraq(un), wa ḥullū asāwira min fiḍḍah(tin), wa saqāhum rabbuhum syarāban ṭahūrā(n).
[21] Wong-wong mahu (al Abror) padha nganggo kelambi sutra alus hang ijo lan sutra kandel, lan padha dienggonigelanggelang teka perak, lan Pengérané nguwèni ombènan nang wong akeh mahu banyu hang kening.

اِنَّ هٰذَا كَانَ لَكُمْ جَزَاۤءً وَّكَانَ سَعْيُكُمْ مَّشْكُوْرًا ࣖ٢٢
Inna hāżā kāna lakum jazā'aw wa kāna sa‘yukum masykūrā(n).
[22] Saktemene iki ganjaran ira lan kesel sira iku disyukuri (diwèni balesan).

اِنَّا نَحْنُ نَزَّلْنَا عَلَيْكَ الْقُرْاٰنَ تَنْزِيْلًاۚ٢٣
Innā naḥnu nazzalnā ‘alaikal-qur'āna tanzīlā(n).
[23] Saktemené Isun wis ngedunaken Al-Qur’an nang ira (he Muhammad) kambi nyicil .

فَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ وَلَا تُطِعْ مِنْهُمْ اٰثِمًا اَوْ كَفُوْرًاۚ٢٤
Faṣbir liḥukmi rabbika wa lā tuṭi‘ minhum āṡiman au kafūrā(n).
[24] Mulané sabara ira kerana (ngelakoni) hukumé Pengeranira, lan ira aja milu wong hang dusa lan wong kafir nang antarane wong akèh.

وَاذْكُرِ اسْمَ رَبِّكَ بُكْرَةً وَّاَصِيْلًاۚ٢٥
Ważkurisma rabbika bukrataw wa aṣīlā(n).
[25] Lan nyebuta asmoné Pangeranira pas (wektu) isuk lan sorèn.

وَمِنَ الَّيْلِ فَاسْجُدْ لَهٗ وَسَبِّحْهُ لَيْلًا طَوِيْلًا٢٦
Wa minal-laili fasjud lahū wa sabbiḥhu lailan ṭawīlā(n).
[26] Lan pas sebagiané wektu bengi sujuda nang Gusti Alloh, lan macaha tasbih nang Gusti Alloh hang suwi pas wektu bengi.

اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ يُحِبُّوْنَ الْعَاجِلَةَ وَيَذَرُوْنَ وَرَاۤءَهُمْ يَوْمًا ثَقِيْلًا٢٧
Inna hā'ulā'i yuḥibbūnal-‘ājilata wa yażarūna warā'ahum yauman ṡaqīlā(n)
[27] Satemené wong-wong (kafir) iku dhemen penguripan dunya lan padha ninggalaken dina hang abot (dina ahèrat) nyang buriné.

نَحْنُ خَلَقْنٰهُمْ وَشَدَدْنَآ اَسْرَهُمْۚ وَاِذَا شِئْنَا بَدَّلْنَآ اَمْثَالَهُمْ تَبْدِيْلًا٢٨
Naḥnu khalaqnāhum wa syadadnā asrahum, wa iżā syi'nā baddalnā amṡālahum tabdīlā(n).
[28] Isun wis gawé wong kafir lan nguwataken awaké, kapan Isun karep, mesthi Isun ganti temenan wong kafir kambi wong hang padha kambi awaké.

اِنَّ هٰذِهٖ تَذْكِرَةٌ ۚ فَمَنْ شَاۤءَ اتَّخَذَ اِلٰى رَبِّهٖ سَبِيْلًا٢٩
Inna hāżihī tażkirah(tun), faman syā'attakhaża ilā rabbihī sabīlā(n).
[29] Saktemene (ayat –ayat) iki dadi peringatan, mangka sapa wongé hang kepingin (keapikan dienggo awaké) mangka mesthi juwut dalan hang ngarah nang Pengerané.

وَمَا تَشَاۤءُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا حَكِيْمًاۖ٣٠
Wa mā tasyā'ūna illā ay yasyā'allāh(u), innallāha kāna ‘alīman ḥakīmā(n).
[30] Lan ira hing mampu (ngambah dalan iku) kejaba kapan dikarepaken kambi Gusti Alloh. Saktemene Gusti Alloh Maha Weruh lan Maha Bijak.

يُّدْخِلُ مَنْ يَّشَاۤءُ فِيْ رَحْمَتِهٖۗ وَالظّٰلِمِيْنَ اَعَدَّ لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا ࣖ٣١
Yudkhilu may yasyā'u fī raḥmatih(ī), waẓ-ẓālimīna a‘adda lahum ‘ażāban alīmā(n).
[31] Gusti Alloh Ngeleboken sapa baén hang dikarepaken ana nang jero rahmaté (Surga) lan kanggo wong-wong hang dholim dicepakaken adzab hang ngelara-aken.