Surah Al-Qiyamah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
لَآ اُقْسِمُ بِيَوْمِ الْقِيٰمَةِۙ١
Lā uqsimu biyaumil-qiyāmah(ti).
[1]
Isun sumpah, “kambi dino kiamat”.
وَلَآ اُقْسِمُ بِالنَّفْسِ اللَّوَّامَةِ٢
Wa lā uqsimu bin nafsil-lawwāmah(ti).
[2]
Lan isun sumpah maning, “ dhemi jiwa hang hing mari-mari nggetuni (awaké dhèwèk)” 850.
850) Maksude : Nawi yane ngelakoni keapikan yane getun pisan abuwo yane heng ngelakoni lebih akeh, paran maning kapan yane ngelakoni keelekan
اَيَحْسَبُ الْاِنْسَانُ اَلَّنْ نَّجْمَعَ عِظَامَهٗ ۗ٣
Ayaḥsabul-insānu allan najma‘a ‘iẓāmah(ū).
[3]
Opo menungso ngira, kapan Isun hing arep nglumpukaken (maning) belung-belungé?
بَلٰى قٰدِرِيْنَ عَلٰٓى اَنْ نُّسَوِّيَ بَنَانَهٗ٤
Balā qādirīna ‘alā an nusawwiya banānah(ū).
[4]
Hing gedigu, setemene Isun kuwasa ngetap (maning) deriji-derijiné sampek jangkep .
بَلْ يُرِيْدُ الْاِنْسَانُ لِيَفْجُرَ اَمَامَهٗۚ٥
Bal yurīdul-insānu liyafjura amāmah(ū).
[5]
Sampek menungso iku arep ngelakoni duraka terus-terusan.
يَسْـَٔلُ اَيَّانَ يَوْمُ الْقِيٰمَةِۗ٦
Yas'alu ayyāna yaumul-qiyāmah(ti).
[6]
Yane takon, “Kapan tah dino kiamat iku?”
فَاِذَا بَرِقَ الْبَصَرُۙ٧
Fa iżā bariqal-baṣar(u).
[7]
Mulané rikalané meripaté mendelik (kewedèn).
وَخَسَفَ الْقَمَرُۙ٨
Wa khasafal-qamar(u).
[8]
Lan ulan wis ilang mencorongèé.
وَجُمِعَ الشَّمْسُ وَالْقَمَرُۙ٩
Wa jumi‘asy-syamsu wal-qamar(u).
[9]
Lan srengenge lan ulan dikelumpukaken.
يَقُوْلُ الْاِنْسَانُ يَوْمَىِٕذٍ اَيْنَ الْمَفَرُّۚ١٠
Yaqūlul-insānu yauma'iżin ainal-mafarr(u).
[10]
Pas dino iku menungso ngomong nang di panggonané melayu?”
كَلَّا لَا وَزَرَۗ١١
Kallā lā wazar(a).
[11]
Pisan-pisan hing, hing ana panggonan dienggo golet pengayoman.
اِلٰى رَبِّكَ يَوْمَىِٕذِ ِۨالْمُسْتَقَرُّۗ١٢
Ilā rabbika yauma'iżinil-mustaqarr(u).
[12]
Cumak nang Pengeranira thok pas dino iku panggonané balik.
يُنَبَّؤُا الْاِنْسَانُ يَوْمَىِٕذٍۢ بِمَا قَدَّمَ وَاَخَّرَۗ١٣
Yunabba'ul-insānu yauma'iżim bimā qaddama wa akhkhar(a).
[13]
Pas dino iku dikabaraken nang menungso paran hang wis dilakoni lan paran hang wis dilalekaken.
بَلِ الْاِنْسَانُ عَلٰى نَفْسِهٖ بَصِيْرَةٌۙ١٤
Balil-insānu ‘alā nafsihī baṣīrah(tun).
[14]
Sampek menungso iku dadi saksi nyang awaké dhèwèk 851.
851) Maksudé ayat iki yaiku : setemené gahuta–gahuta badané menungso dadi saksi nang penggawean hang wis dilakoni kaya hang kesebut nang surat Nur ayat 24
وَّلَوْ اَلْقٰى مَعَاذِيْرَهٗۗ١٥
Wa lau alqā ma‘āżīrah(ū).
[15]
Masiya yané ngedhepaken alasanalasané.
لَا تُحَرِّكْ بِهٖ لِسَانَكَ لِتَعْجَلَ بِهٖۗ١٦
Lā tuḥarrik bihī lisānaka lita‘jala bih(ī).
[16]
Aja ira ngobahaken ilatira dienggo (moco Al-Qur’an) kerana karep cepetcepet bisa Al-Qur’an.
اِنَّ عَلَيْنَا جَمْعَهٗ وَقُرْاٰنَهٗ ۚ١٧
Inna ‘alainā jam‘ahū wa qur'ānah(ū).
[17]
Setemené tanggungan Isun ngelumukaken Al-Qur’an (nang dhadhanira) lan gawe ira pinter macané.
فَاِذَا قَرَأْنٰهُ فَاتَّبِعْ قُرْاٰنَهٗ ۚ١٨
Fa iżā qara'nāhu fattabi‘ qur'ānah(ū).
[18]
Rikalané Isun wis mari macakaken Al- Qur’an nang ira, mangka ira milua maca.
ثُمَّ اِنَّ عَلَيْنَا بَيَانَهٗ ۗ١٩
Ṡumma inna ‘alainā bayānah(ū).
[19]
Banjur setemené Isun hang bakalan nerangaken Al-Qur’an.
كَلَّا بَلْ تُحِبُّوْنَ الْعَاجِلَةَۙ٢٠
Kallā bal tuḥibbūnal-‘ājilah(ta).
[20]
Pisanisan aja gedigu, setemene ira (he Menungso) dhemen nang penguripan dunya.
وَتَذَرُوْنَ الْاٰخِرَةَۗ٢١
Wa tażarūnal-‘ākhirah(ta).
[21]
Lan ninggalaken penguripan ahérat.
وُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍ نَّاضِرَةٌۙ٢٢
Wujūhuy yauma'iżin nāḍirah(tun).
[22]
Wajah-wajah (wong-wong hang iman) pas dino iku padha sumringah.
اِلٰى رَبِّهَا نَاظِرَةٌ ۚ٢٣
Ilā rabbihā nāẓirah(tun).
[23]
Nang Pengerané pdo deleng.
وَوُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍۢ بَاسِرَةٌۙ٢٤
Wa wujūhuy yauma'iżim bāsirah(tun).
[24]
Lan wajah-wajah (wong-wong kafir) pas dino iku sumpek.
تَظُنُّ اَنْ يُّفْعَلَ بِهَا فَاقِرَةٌ ۗ٢٥
Taẓunnu ay yuf‘ala bihā fāqirah(tun).
[25]
padha yakin setemené awaké kabèh arep ditebluki mala hang gedhi.
كَلَّآ اِذَا بَلَغَتِ التَّرَاقِيَۙ٢٦
Kallā iżā balagatit-tarāqiy(a).
[26]
Pisan-pisan aja gedigu, kapan napasé (wong) wis gaduk nang gorokan.
وَقِيْلَ مَنْ ۜرَاقٍۙ٢٧
Wa qīla man…rāq(in).
[27]
Lan diomongaken (nang yane) “ sapa hang bisa ngewarasaken?”.
وَّظَنَّ اَنَّهُ الْفِرَاقُۙ٢٨
Wa ẓanna annahul-firāq(u).
[28]
Lan yané yakin setemené iku pancèn waktu pisahan (kambi dunya).
وَالْتَفَّتِ السَّاقُ بِالسَّاقِۙ٢٩
Waltaffatis-sāqu bis-sāq(i).
[29]
Lan dhèmpèt kèmpol sikil hang (kiwa) lan kèmpol sikil (tengen). 852
852) Kerono nemené larané pas arep mati lan wedi ninggalaken dunya lan ngadepi akhirat
اِلٰى رَبِّكَ يَوْمَىِٕذِ ِۨالْمَسَاقُ ۗ ࣖ٣٠
Ilā rabbika yauma'iżinil-masāq(u).
[30]
Nang Pengeranira pas dino iku ira digesuh.
فَلَا صَدَّقَ وَلَا صَلّٰىۙ٣١
Falā ṣaddaqa wa lā ṣallā.
[31]
Lan bengen dhèwèké hing gelem beneraken (Rosul lan Al-Qur’an) lan hing gelem ngelakoni sembayang.
وَلٰكِنْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰىۙ٣٢
Wa lākin każżaba wa tawallā.
[32]
Taping malah ngarani ngapus (nang Al-Qur’an) lan nyeliwah (teka perkara bener).
ثُمَّ ذَهَبَ اِلٰٓى اَهْلِهٖ يَتَمَطّٰىۗ٣٣
Ṡumma żahaba ilā ahlihī yatamaṭṭā.
[33]
Terusane mara nang keluargané kambi malangkerik (ladak).
اَوْلٰى لَكَ فَاَوْلٰىۙ٣٤
Aulā laka fa'aulā.
[34]
Cilaka kanggo ira (menungso) lan Cilaka.
ثُمَّ اَوْلٰى لَكَ فَاَوْلٰىۗ٣٥
Ṡumma aulā laka fa'aulā.
[35]
Terus Cilaka dienggo ira (menungso) lan ciloko. 853
853) Kutukan nang wong kafir iki diulang-ulang sampek ping papat, pertama pas arep mati, hang nomer loro pas nang jero kuburan, hang nomer telu pas waktu ditangekaken teka kuburan lan hang nomer papat pas nang jerone neraka jahannam.
اَيَحْسَبُ الْاِنْسَانُ اَنْ يُّتْرَكَ سُدًىۗ٣٦
Ayaḥsabul-insānu ay yutraka sudā(n).
[36]
Apa menungso ngira kapan yané digenengaken baén (hing kathék dijaluki tanggungjawab)?
اَلَمْ يَكُ نُطْفَةً مِّنْ مَّنِيٍّ يُّمْنٰى٣٧
Alam yaku nuṭfatam mim maniyyiy yumnā.
[37]
Apa sing ngerti yané bengen asalé cumak sak kecret banyu becuh (mani) hang ditublekaken (nang rahim).
ثُمَّ كَانَ عَلَقَةً فَخَلَقَ فَسَوّٰىۙ٣٨
Ṡumma kāna ‘alaqatan fa khalaqa fa sawwā.
[38]
Terusane mani iku dadi getih kenthel, banjur Gusti Alloh gawé menungso lan jangkepaken.
فَجَعَلَ مِنْهُ الزَّوْجَيْنِ الذَّكَرَ وَالْاُنْثٰىۗ٣٩
Fa ja‘ala minhuz-zaujainiż-żakara wal-unṡā.
[39]
Mangka Gusti Alloh gawé teka yané sakpasang yaiku lanang lan wadon.
اَلَيْسَ ذٰلِكَ بِقٰدِرٍ عَلٰٓى اَنْ يُّحْيِ َۧ الْمَوْتٰى ࣖ٤٠
Alaisa żālika biqādirin ‘alā ay yuḥyiyal-mautā.
[40]
Apa sing ngerti (Gusti Alloh hang gawé menungso) iku kuasa (pisan) nguripaken wong mati.