Surah Al-Muddassir

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الْمُدَّثِّرُۙ١
Yā ayyuhal-muddaṡṡir(u).
[1] He wong hang kemulan (Muhammad).

قُمْ فَاَنْذِرْۖ٢
Qum fa'anżir.
[2] Tangia iro terus wakna peringatan.

وَرَبَّكَ فَكَبِّرْۖ٣
Wa rabbaka fakabbir.
[3] Lan ngegungna nang Pengeran iro.

وَثِيَابَكَ فَطَهِّرْۖ٤
Wa ṡiyābaka faṭahhir.
[4] Lan kelambiniro rijigono.

وَالرُّجْزَ فَاهْجُرْۖ٥
War-rujza fahjur.
[5] Lan penggawe wèlèk (nyembah berahala) tinggalen.

وَلَا تَمْنُنْ تَسْتَكْثِرُۖ٦
Wa lā tamnun tastakṡir(u).
[6] Lan iro aja nguwèni ambi niat oléh balesan hang luwih akèh.

وَلِرَبِّكَ فَاصْبِرْۗ٧
Wa lirabbika faṣbir.
[7] Lan kerono Pengeraniro, iro sabara.

فَاِذَا نُقِرَ فِى النَّاقُوْرِۙ٨
Fa iżā nuqira fin-nāqūr(i).
[8] Rikalané wis disemprong sangkakala.

فَذٰلِكَ يَوْمَىِٕذٍ يَّوْمٌ عَسِيْرٌۙ٩
Fa żālika yauma'iżiy yaumun ‘asīr(un).
[9] Mangka gedigu iku dina hang pating angèl.

عَلَى الْكٰفِرِيْنَ غَيْرُ يَسِيْرٍ١٠
‘Alal-kāfirīna gairu yasīr(in).
[10] Kanggoné wong kafir hing gampang.

ذَرْنِيْ وَمَنْ خَلَقْتُ وَحِيْدًاۙ١١
Żarnī wa man khalaqtu waḥīdā(n).
[11] Genengna Isun (nangani) marang wong hang Hun dhèwèk wis gawé wong iku 846.
846) Ayat iki lan ayat-ayat sakteruse diwahyuaken ngomongaken wong kafir Mekkah, Pimpinané wong Quraisy hang aran al Walid bin Mughirah

وَّجَعَلْتُ لَهٗ مَالًا مَّمْدُوْدًاۙ١٢
Wa ja‘altu lahū mālam mamdūdā(n).
[12] Lan wis Isun wèni bandha sepirang-pirang.

وَّبَنِيْنَ شُهُوْدًاۙ١٣
Wa banīna syuhūdā(n).
[13] Lan anak- anak hang bareng terus.

وَّمَهَّدْتُّ لَهٗ تَمْهِيْدًاۙ١٤
Wa mahhattu lahū tamhīdā(n).
[14] Lan wis Isun jembaraken (rezekiné) sak jembar-jembaré.

ثُمَّ يَطْمَعُ اَنْ اَزِيْدَۙ١٥
Ṡumma yaṭma‘u an azīd(a).
[15] Terus kepingin Isun tambahi.

كَلَّاۗ اِنَّهٗ كَانَ لِاٰيٰتِنَا عَنِيْدًاۗ١٦
Kallā, innahū kāna li'āyātinā ‘anīdā(n).
[16] Hing pisan-pisan (arep Isun tambahi), kerono saktemen dhèwèké iku wong hang ngelawan ayat-ayat Isun (Al- Qur’an).

سَاُرْهِقُهٗ صَعُوْدًاۗ١٧
Sa'urhiquhū ṣa‘ūdā(n).
[17] Arep Isun bebani pènèkan hang ngelésohaken.

اِنَّهٗ فَكَّرَ وَقَدَّرَۙ١٨
Innahū fakkara wa qaddar(a).
[18] Saktemen dhèwèké wis mikir-mikir lan netepaken (paran hang ditetepaken).

فَقُتِلَ كَيْفَ قَدَّرَۙ١٩
Faqutila kaifa qaddar(a).
[19] Mangka dhèwèké kebelaèn, kelendi arep netepaken?.

ثُمَّ قُتِلَ كَيْفَ قَدَّرَۙ٢٠
Ṡumma qutila kaifa qaddar(a).
[20] Maning, dhèwèké kebelaèn kelendi arep netepaken?

ثُمَّ نَظَرَۙ٢١
Ṡumma naẓar(a).
[21] Terus dhèwèké angen-angen.

ثُمَّ عَبَسَ وَبَسَرَۙ٢٢
Ṡumma ‘abasa wa basar(a).
[22] Sakwisé iku rahiné merengut lan besengut

ثُمَّ اَدْبَرَ وَاسْتَكْبَرَۙ٢٣
Ṡumma adbara wastakbar(a).
[23] Terus dhèwèké nyeliwah (teka ukara bener) lan ladak.

فَقَالَ اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ يُّؤْثَرُۙ٢٤
Faqāla in hāżā illā siḥruy yu'ṡar(u).
[24] Terus dhèwèké ngomong : “Al-Qur’an iki hing liya kejaba mung sihir hang disinauni (ambi wong-wong bengèn)”.

اِنْ هٰذَآ اِلَّا قَوْلُ الْبَشَرِۗ٢٥
In hāżā illā qaulul-basyar(i).
[25] (Al-Qur’an) iki hing liya cumak omongané menusa.

سَاُصْلِيْهِ سَقَرَ٢٦
Sa'uṣlīhi saqar(a).
[26] Arep Isun cemplungaken nang neroko saqar.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا سَقَرُۗ٢٧
Wa mā adrāka mā saqar(a).
[27] Apa iro eruh, paran hang aran neroko Saqar?

لَا تُبْقِيْ وَلَا تَذَرُۚ٢٨
Lā tubqī wa lā tażar(u).
[28] Neroko Saqar iku hing nyisani lan hing genengna. 847
847) Hang dimaksud ambi hing nyisani lan genengaken yaiku paran hang diuncalaken nang jeroné neraka iku diadzab sampek rusak terus dibalekaken kaya kawitan kanggo dihisab maning

لَوَّاحَةٌ لِّلْبَشَرِۚ٢٩
Lawwāḥatul lil-basyar(i).
[29] Neroko Saqar hang gempungaken kulité menusa.

عَلَيْهَا تِسْعَةَ عَشَرَۗ٣٠
‘Alaihā tis‘ata ‘asyar(a).
[30] Nang dhuwuré iku ono 19 (Malaikat) hang jogo.

وَمَا جَعَلْنَآ اَصْحٰبَ النَّارِ اِلَّا مَلٰۤىِٕكَةً ۖوَّمَا جَعَلْنَا عِدَّتَهُمْ اِلَّا فِتْنَةً لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْاۙ لِيَسْتَيْقِنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ وَيَزْدَادَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِيْمَانًا وَّلَا يَرْتَابَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ وَالْمُؤْمِنُوْنَۙ وَلِيَقُوْلَ الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ وَّالْكٰفِرُوْنَ مَاذَآ اَرَادَ اللّٰهُ بِهٰذَا مَثَلًاۗ كَذٰلِكَ يُضِلُّ اللّٰهُ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَمَا يَعْلَمُ جُنُوْدَ رَبِّكَ اِلَّا هُوَۗ وَمَا هِيَ اِلَّا ذِكْرٰى لِلْبَشَرِ ࣖ٣١
Wa mā ja‘alnā aṣḥāban-nāri illā malā'ikah(tan), wa mā ja‘alnā ‘iddatahum illā fitnatal lil-lażīna kafarū, liyastaiqinal-lażīna ūtul-kitāba wa yazdādal-lażīna āmanū īmānaw wa lā yartābal-lażīna ūtul-kitāba wal-mu'minūn(a), wa liyaqūlal-lażīna fī qulūbihim maraḍuw wal-kāfirūna māżā arādallāhu bihāżā maṡalā(n), każālika yuḍillullāhu may yasyā'u wa yahdī may yasyā'(u), wa mā ya‘lamu junūda rabbika illā huw(a), wa mā hiya illā żikrā lil-basyar(i).
[31] Lan Isun hing dadèkaken hang jogo neroko kejaba malaikat, lan Hun hing dadèkaken jumlahe malaikat iku kejaba kanggo nyuba nang wong-wong hang Kitab dadi yakin, lan wong hang padha iman tambah iman lan wong-wong hang diwèni Al-Kitab lan wong-wong mukmin makné padha hing mamang, lan wong hang ring jero atiné ono penyakit lan wong-wong kafir makne podo ngomong: “ Paran hang dikarepaken Gusti Alloh nang conto iki? Gedigi iki kadhung Gusti Alloh mbelingeraken wong-wong hang dikarepaken lan nguwèni pituduh nang sapa baén hang dikarepaken, lan hing ono hang eruh tentarane Pengèraniro kejaba mung Pengèraniro dhèwèk, Lan Saqar iku hing ono liya kejaba pengènget kanggo menusa.

كَلَّا وَالْقَمَرِۙ٣٢
Kallā wal-qamar(i).
[32] Pisan-pisan sing gedigu 848 demi ulan
848) Pisan-pisan sing gedigu yaiku kanggo bantah omongané wong-wong musyrik hang ngingkari kabèh perkara hang wis kesebut nang dhuwur

وَالَّيْلِ اِذْ اَدْبَرَۙ٣٣
Wal-laili iż adbar(a).
[33] Lan bengi rikalané wis kliwat.

وَالصُّبْحِ اِذَآ اَسْفَرَۙ٣٤
Waṣ-ṣubḥi iżā asfar(a).
[34] Lan shubuh tepak rantak-rantak.

اِنَّهَا لَاِحْدَى الْكُبَرِۙ٣٥
Innahā la'iḥdal-kubar(i).
[35] Saktemen neroko Saqar iku salah sijine musibah hang gedhi

نَذِيْرًا لِّلْبَشَرِۙ٣٦
Nażīral lil-basyar(i).
[36] Kanggo medèn-medèni nang menusa.

لِمَنْ شَاۤءَ مِنْكُمْ اَنْ يَّتَقَدَّمَ اَوْ يَتَاَخَّرَۗ٣٧
Liman syā'a minkum ay yataqaddama au yata'akhkhar(a).
[37] Yaiku kanggoné wong hang ring antaraniro kepingin mengarep utawa memburi. 849
849) Hang dimaksud kambi mengarep yaiku maju nerima pengènget lan hang dimaksud ambi memburi yaiku mundur hing gelem nerima peringatan

كُلُّ نَفْسٍۢ بِمَا كَسَبَتْ رَهِيْنَةٌۙ٣٨
Kullu nafsim bimā kasabat rahīnah(tun).
[38] Saben wong iku tanggung jawab ambi hang wis dilakoni

اِلَّآ اَصْحٰبَ الْيَمِيْنِ ۛ٣٩
Illā aṣḥābal-yamīn(i).
[39] Kejobo golongan tengen.

فِيْ جَنّٰتٍ ۛ يَتَسَاۤءَلُوْنَۙ٤٠
Fī jannātin - yatasā'alūn(a).
[40] Ono nang jeroné surga, podo takontakonan.

عَنِ الْمُجْرِمِيْنَۙ٤١
‘Anil-mujrimīn(a).
[41] (Kelendi) perkarané wong-wong hang duwèni dusa.

مَا سَلَكَكُمْ فِيْ سَقَرَ٤٢
Mā salakakum fī saqar(a).
[42] Paran hang nyebabaken iro melbu nang neroko Saqar?

قَالُوْا لَمْ نَكُ مِنَ الْمُصَلِّيْنَۙ٤٣
Qālū lam naku minal-muṣallīn(a).
[43] Wong akèh padha jawab : “ Isun kabèh iki bengèn hing kelebu wong-wong hang sembayang”.

وَلَمْ نَكُ نُطْعِمُ الْمِسْكِيْنَۙ٤٤
Wa lam naku nuṭ‘imul-miskīn(a).
[44] Isun kabèh uga sing gelem nguwèni mangan wong melarat.

وَكُنَّا نَخُوْضُ مَعَ الْخَاۤىِٕضِيْنَۙ٤٥
Wa kunnā nakhūḍu ma‘al-khā'iḍīn(a).
[45] Lan isun kabèh ngobos bareng wong hang seneng ngobos perkara hang bathil.

وَكُنَّا نُكَذِّبُ بِيَوْمِ الدِّيْنِۙ٤٦
Wa kunnā nukażżibu biyaumid-dīn(i).
[46] Lan isun kabèh hing gugu nang dina balesan (kiamat).

حَتّٰىٓ اَتٰىنَا الْيَقِيْنُۗ٤٧
Ḥattā atānal-yaqīn(u).
[47] Sampek Isun kabeh katekan pati

فَمَا تَنْفَعُهُمْ شَفَاعَةُ الشّٰفِعِيْنَۗ٤٨
Famā tanfa‘uhum syafā‘atusy-syāfi‘īn(a).
[48] Mangka hing ono gunané maning kanggoné wong akeh yaiku syafa’até wong-wong hang nguwèni syafa’at .

فَمَا لَهُمْ عَنِ التَّذْكِرَةِ مُعْرِضِيْنَۙ٤٩
Famā lahum ‘anit-tażkirati mu‘riḍīn(a).
[49] Mangka apuwa wong-wong kafir padha nyeliwah teka pengèngeté Gusti Alloh?.

كَاَنَّهُمْ حُمُرٌ مُّسْتَنْفِرَةٌۙ٥٠
Ka'annahum ḥumurum mustanfirah(tun).
[50] Kaya padhané himar hang pating melayu kaget-kageten.

فَرَّتْ مِنْ قَسْوَرَةٍۗ٥١
Farrat min qaswarah(tin).
[51] Melayu teka macan.

بَلْ يُرِيْدُ كُلُّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ اَنْ يُّؤْتٰى صُحُفًا مُّنَشَّرَةًۙ٥٢
Bal yurīdu kullumri'im minhum ay yu'tā ṣuḥufam munasysyarah(tan).
[52] Sampek saben-saben wong sijiné ngarepaken makne diwèni lembaran-lembaran hang wis kebuka.

كَلَّاۗ بَلْ لَّا يَخَافُوْنَ الْاٰخِرَةَۗ٥٣
Kallā, bal lā yakhāfūnal-ākhirah(ta).
[53] Pisan-pisan sing gedigu! Saktemen wong akeh mahu hing wedi ambi akhérat.

كَلَّآ اِنَّهٗ تَذْكِرَةٌ ۚ٥٤
Kallā innahū tażkirah(tun).
[54] Pisan-pisan sing gedigu! Saktemene Al- Qur’an iku pengènget.

فَمَنْ شَاۤءَ ذَكَرَهٗۗ٥٥
Faman syā'a żakarah(ū).
[55] Mangka sapa baén karep, mesthi juwut pelajaran teka Al-Qur’an .

وَمَا يَذْكُرُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ ۗهُوَ اَهْلُ التَّقْوٰى وَاَهْلُ الْمَغْفِرَةِ ࣖ٥٦
Wa mā yażkurūna illā ay yasyā'allāh(u), huwa ahlut-taqwā wa ahlul-magfirah(ti).
[56] Lan wong akeh hing arep juwut pelajaran kejaba Gusti Alloh ngersaaken. Gusti Alloh iku Pengèran hang Maha Patut kanggo ditaqwani, lan hang Maha Patut Ngapura.