Surah Al-Jinn
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قُلْ اُوْحِيَ اِلَيَّ اَنَّهُ اسْتَمَعَ نَفَرٌ مِّنَ الْجِنِّ فَقَالُوْٓا اِنَّا سَمِعْنَا قُرْاٰنًا عَجَبًاۙ١
Qul ūḥiya ilayya annahustama‘a nafarum minal-jinni fa qālū innā sami‘nā qur'ānan ‘ajabā(n).
[1]
Ngomonga iro (Muhammad), “Isun wis diwèni wahyu saktemene kumpulané jém podo ngrungokaken (woconan) Al-Qur’an, terus jém mau ngomong: Saktemene isun wes ngerungokaken (woconan) Al-Qur’an hang gumunaken.
يَّهْدِيْٓ اِلَى الرُّشْدِ فَاٰمَنَّا بِهٖۗ وَلَنْ نُّشْرِكَ بِرَبِّنَآ اَحَدًاۖ٢
Yahdī ilar-rusydi fa'āmannā bih(ī), wa lan nusyrika birabbinā aḥadā(n).
[2]
“(Al-Qur’an) hang nuduhaken nang dalan hang bener, lan isun iman nang Al-Qur’an lan isun hing arep nyekutokaken wong siji baén ambi Gusti Alloh”.
وَّاَنَّهٗ تَعٰلٰى جَدُّ رَبِّنَا مَا اتَّخَذَ صَاحِبَةً وَّلَا وَلَدًاۖ٣
Wa annahū ta‘ālā jaddu rabbinā mattakhaża ṣāḥibataw wa lā waladā(n).
[3]
Saktemene Gusti Alloh Pengèran isun Hang Maha Luhur lan Agung hing duwé rabi lan hing duwé onok.
وَّاَنَّهٗ كَانَ يَقُوْلُ سَفِيْهُنَا عَلَى اللّٰهِ شَطَطًاۖ٤
Wa annahū kāna yaqūlu safīhunā ‘alallāhi syaṭaṭā(n).
[4]
Saktemene kancanisun hang belog ngomong hang keliwat ates nang Gusti Alloh. 842
842) Hang dimaksud ambi omongan hang keliwat yoiku: ngomong saktemene Gusti Alloh duwé rabi lan duwé onok , pendapate Ibnu Katsir : omongan iki diucapaken sakdurunge jém melebu Islam
وَّاَنَّا ظَنَنَّآ اَنْ لَّنْ تَقُوْلَ الْاِنْسُ وَالْجِنُّ عَلَى اللّٰهِ كَذِبًاۙ٥
Wa annā ẓanannā allan taqūlal-insu wal-jinnu ‘alallāhi każibā(n).
[5]
Saktemene Isun kabèh ngiro, Jém lan menusa hing bakalan ngomong omongan hang ngapus nang Gusti Alloh.
وَّاَنَّهٗ كَانَ رِجَالٌ مِّنَ الْاِنْسِ يَعُوْذُوْنَ بِرِجَالٍ مِّنَ الْجِنِّ فَزَادُوْهُمْ رَهَقًاۖ٦
Wa annahū kāna rijālum minal insi ya‘ūżūna birijālim minal-jinni fa zādūhum rahaqā(n).
[6]
Lan saktemene ono menusa lonong jaluk tulung 843 nang jém lonong, terusane jém mahu malah nambahi menusa keblinger (kesasar).
843) Ono nang antarane wong Arab, pas liwat nang panggonan hang sepi, jaluk tulung nang jém hang dianggep jangkungi panggonan iku
وَّاَنَّهُمْ ظَنُّوْا كَمَا ظَنَنْتُمْ اَنْ لَّنْ يَّبْعَثَ اللّٰهُ اَحَدًاۖ٧
Wa annahum ẓannū kamā ẓanantum allay yab‘aṡallāhu aḥadā(n).
[7]
Saktemene jém iku ngiro hang podo ambi ngironiro kabèh (wong kafir Mekkah), saktemene Gusti Alloh hing arep nangékaken maning sapa baén (pas dina kiamat).
وَّاَنَّا لَمَسْنَا السَّمَاۤءَ فَوَجَدْنٰهَا مُلِئَتْ حَرَسًا شَدِيْدًا وَّشُهُبًاۖ٨
Wa annā lamasnas-samā'a fa wajadnāhā muli'at ḥarasan syadīdaw wa syuhubā(n).
[8]
Lan saktemene Isun kabèh (jém) wis tau nyoba deleng (rahasiané) langit, banjur nyaruki kapan langit iku kebek penjogo hang kuat ambi ponoh-ponoh teko geni”.
وَّاَنَّا كُنَّا نَقْعُدُ مِنْهَا مَقَاعِدَ لِلسَّمْعِۗ فَمَنْ يَّسْتَمِعِ الْاٰنَ يَجِدْ لَهٗ شِهَابًا رَّصَدًاۖ٩
Wa annā kunnā naq‘udu minhā maqā‘ida lis-sam‘(i), famay yastami‘il-āna yajid lahū syihābar raṣadā(n).
[9]
Lan saktemene Isun kabèh (jém) wis ngelungguhi pirong-pirong panggonan nang langit enggo ngerungokaken (beritaberitane) tapi saiki 844 sapa baén hang nyobak ngerungokaken (kaya iku), mangka siapsiap keneng panah teko geni.
844) Hang dimaksud ambi saiki yoiku waktu sakwise Nabi Muhammad SAW diutus dadi Rasul
وَّاَنَّا لَا نَدْرِيْٓ اَشَرٌّ اُرِيْدَ بِمَنْ فِى الْاَرْضِ اَمْ اَرَادَ بِهِمْ رَبُّهُمْ رَشَدًاۙ١٠
Wa annā lā nadrī asyarrun urīda biman fil-arḍi am arāda bihim rabbuhum rasyadā(n).
[10]
Isun kabèh (jém) hing eruh (ambi onone penjagaan iku) apa tah wèlèk hang dikarepaken kanggoné wong hang ono nang bumi utawa Pengèrané pancen ngarepaken apik nang wong kabeh iku .
وَّاَنَّا مِنَّا الصّٰلِحُوْنَ وَمِنَّا دُوْنَ ذٰلِكَۗ كُنَّا طَرَاۤىِٕقَ قِدَدًاۙ١١
Wa annā minnaṣ-ṣāliḥūna wa minnā dūna żālik(a), kunnā ṭarā'iqa qidadā(n).
[11]
Lan saktemene nang golongan isun kabèh iki ono wong-wong hang sholéh lan ono wong hang hing sholèh, saktemene isun kabèh dalane bida-bida.
وَّاَنَّا ظَنَنَّآ اَنْ لَّنْ نُّعْجِزَ اللّٰهَ فِى الْاَرْضِ وَلَنْ نُّعْجِزَهٗ هَرَبًاۖ١٢
Wa annā ẓanannā allan nu‘jizallāha fil-arḍi wa lan nu‘jizahū harabā(n).
[12]
Lan setemene isun kabèh nyono, setemene isun hing bisa nguculaken awak (teko kekuasaane) Gusti Alloh nang bumi lan maning isun hing bisa nguculaken awak (teko kekuasane) Gusti Alloh ambi melayu.
وَّاَنَّا لَمَّا سَمِعْنَا الْهُدٰىٓ اٰمَنَّا بِهٖۗ فَمَنْ يُّؤْمِنْۢ بِرَبِّهٖ فَلَا يَخَافُ بَخْسًا وَّلَا رَهَقًاۖ١٣
Wa annā lammā sami‘nal-hudā āmannā bih(ī), famay yu'mim birabbihī falā yakhāfu bakhsaw wa lā rahaqā(n).
[13]
Lan saktemene isun kabèh pas waktu ngerungokaken pituduh (Al-Qur’an), hun kabèh langsung iman. Sapa wongé iman nang Gusti Alloh, mangka wong iku hing wedi dikurangi ganjarané lan hing wedi ditambahi dusané.
وَّاَنَّا مِنَّا الْمُسْلِمُوْنَ وَمِنَّا الْقٰسِطُوْنَۗ فَمَنْ اَسْلَمَ فَاُولٰۤىِٕكَ تَحَرَّوْا رَشَدًا١٤
Wa annā minnal-muslimūna wa minnal-qāsiṭūn(a), faman aslama fa ulā'ika taḥarrau rasyadā(n).
[14]
Lan Saktemene nang golongane isun ono wong-wong hang taat lan wong hang nyeliwah teko perkara hang bener. Sapa wongé taat, mangka wong iku bener-bener wes milih dalan hang kenceng.
وَاَمَّا الْقٰسِطُوْنَ فَكَانُوْا لِجَهَنَّمَ حَطَبًاۙ١٥
Wa ammal-qāsiṭūna fa kānū lijahannama ḥaṭabā(n).
[15]
Lan wonge hang nyeliwah teko perkara bener, mangka dadi rencek urub-urubé neraka jahannam.
وَّاَنْ لَّوِ اسْتَقَامُوْا عَلَى الطَّرِيْقَةِ لَاَسْقَيْنٰهُمْ مَّاۤءً غَدَقًاۙ١٦
Wa allawistaqāmū ‘alaṭ-ṭarīqati la'asqaināhum mā'an gadaqā(n).
[16]
Lan setemene rikolonè wong akèh melaku kenceng ring dalan iku (agama Islam) bener-bener arep Hun wèni ngombe banyu hang seger (rezeki hang akèh).
لِّنَفْتِنَهُمْ فِيْهِۗ وَمَنْ يُّعْرِضْ عَنْ ذِكْرِ رَبِّهٖ يَسْلُكْهُ عَذَابًا صَعَدًاۙ١٧
Linaftinahum fīh(i), wa may yu‘riḍ ‘an żikri rabbihī yasluk-hu ‘ażāban ṣa‘adā(n).
[17]
Dienggo Isun nguji nang wong akèh mahu, lan sapa wongé nyeliwah teko pengèngeté Gusti Alloh, mangka dilebokaken nang adzab hang abot .
وَّاَنَّ الْمَسٰجِدَ لِلّٰهِ فَلَا تَدْعُوْا مَعَ اللّٰهِ اَحَدًاۖ١٨
Wa annal-masājida lillāhi falā tad‘ū ma‘allāhi aḥadā(n).
[18]
Lan saktemene masjid-masjid iku kagungane Gusti Alloh, mangka iro kabèh aja nyembah sak liyane Gusti Alloh
وَّاَنَّهٗ لَمَّا قَامَ عَبْدُ اللّٰهِ يَدْعُوْهُ كَادُوْا يَكُوْنُوْنَ عَلَيْهِ لِبَدًاۗ ࣖ١٩
Wa annahū lammā qāma ‘abdullāhi yad‘ūhu kādū yakūnūna ‘alaihi libadā(n).
[19]
Lan saktemene bareng waktuné kawulane Alloh (Muhammad) ngadek nyembah Gusti Alloh mangka Jém podo rebutan ngerubungi dhèwèké.
قُلْ اِنَّمَآ اَدْعُوْا رَبِّيْ وَلَآ اُشْرِكُ بِهٖٓ اَحَدًا٢٠
Qul innamā ad‘ū rabbī wa lā usyriku bihī aḥadā(n).
[20]
Ngomonga iro (Muhammad), “Saktemene isun nyembah nang Gusti Alloh thok Pangeran isun, lang hing nyekutokaken ambi liyané “.
قُلْ اِنِّيْ لَآ اَمْلِكُ لَكُمْ ضَرًّا وَّلَا رَشَدًا٢١
Qul innī lā amliku lakum ḍarraw wa lā rasyadā(n).
[21]
Ngomonga iro (Muhammad), “Isun iki hing kuasa nekakaken perkoro hang blaèni lan hang manfaati “.
قُلْ اِنِّيْ لَنْ يُّجِيْرَنِيْ مِنَ اللّٰهِ اَحَدٌ ەۙ وَّلَنْ اَجِدَ مِنْ دُوْنِهٖ مُلْتَحَدًا ۙ٢٢
Qul innī lay yujīranī minallāhi aḥad(un), wa lan ajida min dūnihī multaḥadā(n).
[22]
Ngomonga iro, saktemene hing ono wong siji baén hang bisa nulungi isun teko (adzabe) Gusti Alloh lan isun hing oleh panggonan berlindung sakliyane (perlidungan) teko Alloh.
اِلَّا بَلٰغًا مِّنَ اللّٰهِ وَرِسٰلٰتِهٖۗ وَمَنْ يَّعْصِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَاِنَّ لَهٗ نَارَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ٢٣
Illā balāgam minallāhi wa risālātih(ī), wa may ya‘ṣillāha wa rasūlahū fa inna lahū nāra jahannama khālidīna fīhā abadā(n).
[23]
Tapi isun cumak nyampekaken peringatan teko Gusti Alloh lan risalahé. Lan sapa wongé duraka nang Gusti Alloh lan Rasulé, mangka bakalé dicemplungaken nang neraka jahannam nganti langgeng nang jeroné saklawasé.
حَتّٰىٓ اِذَا رَاَوْا مَا يُوْعَدُوْنَ فَسَيَعْلَمُوْنَ مَنْ اَضْعَفُ نَاصِرًا وَّاَقَلُّ عَدَدًاۗ٢٤
Ḥattā iżā ra'au mā yū‘adūna fasaya‘lamūna man aḍ‘afu nāṣiraw wa aqallu ‘adadā(n).
[24]
Hingga rikalané wong-wong iku deleng siksa hang diancasaken nang dhèwèké, mangka wong-wong iku bakalé ngerti sapa hang paling apes pitulungane lan luwih sithik jumlahé.
قُلْ اِنْ اَدْرِيْٓ اَقَرِيْبٌ مَّا تُوْعَدُوْنَ اَمْ يَجْعَلُ لَهٗ رَبِّيْٓ اَمَدًا٢٥
Qul in adrī aqarībum mā tū‘adūna am yaj‘alu lahū rabbī amadā(n).
[25]
Ngomonga siro (Muhammad) : “Isun hing eruh apa adzab hang diancasaken nang awak iro kabèh iku parek tah? Utawa pengeranisun dadekaken (tekoné) adzab iku wektu hang dawa (suwé).
عٰلِمُ الْغَيْبِ فَلَا يُظْهِرُ عَلٰى غَيْبِهٖٓ اَحَدًاۙ٢٦
‘Ālimul-gaibi falā yuẓhiru ‘alā gaibihī aḥadā(n).
[26]
Gusti Alloh hang Maha Eruh perkara hang ghaib, mangka Gusti Alloh hing ngatonaken perkara ghaibé (Alloh) nang sapa baén
اِلَّا مَنِ ارْتَضٰى مِنْ رَّسُوْلٍ فَاِنَّهٗ يَسْلُكُ مِنْۢ بَيْنِ يَدَيْهِ وَمِنْ خَلْفِهٖ رَصَدًاۙ٢٧
Illā manirtaḍā mir rasūlin fa innahū yasluku mim baini yadaihi wa min khalfihī raṣadā(n).
[27]
Kejaba nang wong hang dirihoi Gusti Alloh yaiku (Rasulé), mangka saktemene Gusti Alloh ngono-aken tukang jaga (malaikat) teko ngarep lan mburiné (rasulé).
لِّيَعْلَمَ اَنْ قَدْ اَبْلَغُوْا رِسٰلٰتِ رَبِّهِمْ وَاَحَاطَ بِمَا لَدَيْهِمْ وَاَحْصٰى كُلَّ شَيْءٍ عَدَدًا ࣖ٢٨
Liya‘lama an qad ablagū risālāti rabbihim wa aḥāṭa bimā ladaihim wa aḥṣā kulla syai'in ‘adadā(n).
[28]
Makne Gusti Alloh eruh saktemene rasulrasul iku wis dugiaken risalah-risalah Pengèrané, Temakne Gusti Alloh iku wis ngelimputi nang paran hang ono ring rasulrasul iku, lan Gusti Alloh ngitung kabèh perkara siji-siji.