Surah Nuh
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِنَّآ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖٓ اَنْ اَنْذِرْ قَوْمَكَ مِنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١
Innā arsalnā nūḥan ilā qaumihī an anżir qaumaka min qabli ay ya'tiyahum ‘ażābun alīm(un).
[1]
Setemené Isun wis ngutus Nuh nang kaumé (kambi ngongkon: Wènana kaumiro pengéling-éling sakdurungé teka adzab hang heng ènak.
قَالَ يٰقَوْمِ اِنِّيْ لَكُمْ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌۙ٢
Qāla yā qaumi innī lakum nażīrum mubīn(un).
[2]
Nuh Ngomong: He kaumisun, setemené isun hang nguwèni pengéling-éling tur hang nerangaken nang iro kabèh.
اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ وَاتَّقُوْهُ وَاَطِيْعُوْنِۙ٣
Ani‘budullāha wattaqūhu wa aṭī‘ūn(i).
[3]
(Yoiku) iro kabèh nyembaho lan taqwaha nang Gusti Alloh an lan manuta nang isun (Nuh).
يَغْفِرْ لَكُمْ مِّنْ ذُنُوْبِكُمْ وَيُؤَخِّرْكُمْ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّىۗ اِنَّ اَجَلَ اللّٰهِ اِذَا جَاۤءَ لَا يُؤَخَّرُۘ لَوْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٤
Yagfir lakum min żunūbikum wa yu'akhkhirkum ilā ajalim musammā(n), inna ajalallāhi iżā jā'a lā yu'akhkhar(u), lau kuntum ta‘lamūn(a).
[4]
Mangka mesthi Gusti Alloh arep ngapura dusa-dusaniro lan ngrekaken iro kabèh 836 hampèk waktu hang wis dipassaken. Setemené ketetapane Gusti Alloh iku kapan wis teka sing bisa ditundha lamuna iro kabèh ngerti.
836) Maksude: dawakaken umur iro
قَالَ رَبِّ اِنِّيْ دَعَوْتُ قَوْمِيْ لَيْلًا وَّنَهَارًاۙ٥
Qāla rabbi innī da‘atu qaumī lailaw wa nahārā(n).
[5]
Nuh ngomong: Dhuh Pengeran kulo! Setemené kulo mpun ajak-ajak kaum kulo bengi lan rahino.
فَلَمْ يَزِدْهُمْ دُعَاۤءِيْٓ اِلَّا فِرَارًا٦
Falam yazidhum du‘ā'ī illā firārā(n).
[6]
Terusane ajakan kulo niku cumak nambah kaum kulo melajeng dugi perkawis leres).
وَاِنِّيْ كُلَّمَا دَعَوْتُهُمْ لِتَغْفِرَ لَهُمْ جَعَلُوْٓا اَصَابِعَهُمْ فِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَاسْتَغْشَوْا ثِيَابَهُمْ وَاَصَرُّوْا وَاسْتَكْبَرُوا اسْتِكْبَارًاۚ٧
Wa innī kullamā da‘autuhum litagfira lahum ja‘alū aṣābi‘ahum fī āżānihim wastagsyau ṡiyābahum wa aṣarrū wastakbarustikbārā(n).
[7]
Lan setemené saben kulo ngajak kaum kulo (iman) makné ndika ngapuro tiyang-tiyang niku, malah sami ngelebetaken derijiné teng kupingé lan nutupaken kelkambiné (teng rahiné) lan tiyang-tiyang niku pancet ngingkari mawon lan nemen sombongé.
ثُمَّ اِنِّيْ دَعَوْتُهُمْ جِهَارًاۙ٨
Ṡumma innī da‘autuhum jihārā(n).
[8]
Lan setemené kulo mpun ngajak ttiyangtiyang niku (iman) kalih terang-terangan. 837
837) Da’wah iki dilakoni sakwise da’wah kambi cara neng-nengan (sengidan-sengidan) hing berhasil
ثُمَّ اِنِّيْٓ اَعْلَنْتُ لَهُمْ وَاَسْرَرْتُ لَهُمْ اِسْرَارًاۙ٩
Ṡumma innī a‘lantu lahum wa asrartu lahum isrārā(n).
[9]
Terus setemené kulo sampun ngajak (malih) tiyang-tiyang niku kalih terang-terangan lan neng-nengan (sengidan-sengidan). 838
838) Sakwise ngalakoni da’wah cara neng-nengan terus terang-terangan taping pancet hing berhasil pisan, mangka Nabi Nuh ngelakoni rong cara iku bareng-bareng
فَقُلْتُ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ اِنَّهٗ كَانَ غَفَّارًاۙ١٠
Faqultustagfirū rabbakum innahū kāna gaffārā(n).
[10]
Lajeng kulo ngomong teng tiyang-tiyang niku: jaluka sepura nang Pengeraniro kabèh, kerana setemené Pengèraniro kabèh iku Maha Pengapura.
يُّرْسِلِ السَّمَاۤءَ عَلَيْكُمْ مِّدْرَارًاۙ١١
Yursilis-samā'a ‘alaikum midrārā(n).
[11]
Mangka Pengeraniro kabèh mesthi arep ngirim udan deres nang iro kabèh.
وَّيُمْدِدْكُمْ بِاَمْوَالٍ وَّبَنِيْنَ وَيَجْعَلْ لَّكُمْ جَنّٰتٍ وَّيَجْعَلْ لَّكُمْ اَنْهٰرًاۗ١٢
Wa yumdidkum bi'amwāliw wa banīna wa yaj‘al lakum jannātiw wa yaj‘al lakum anhārā(n).
[12]
Lan nguwèni iro kabèh bandha akèh lan anak hang akèh lan gawé kanggoné iro kabèh kebonan-kebonan lan nguwèni iro kabèh banyu pirang-pirang.
مَا لَكُمْ لَا تَرْجُوْنَ لِلّٰهِ وَقَارًاۚ١٣
Mā lakum lā tarjūna lillāhi waqārā(n).
[13]
Apuwa iro kabèh hing wedi kambi nang keagungané Gusti Alloh?
وَقَدْ خَلَقَكُمْ اَطْوَارًا١٤
Wa qad khalaqakum aṭwārā(n).
[14]
Padhehal Gusti Alloh temen wis gawé iro kabèh ring pirang-pirang kedadian. 839
839) Delengen surat al Mu’minun ayat 12, 13 lan 14
اَلَمْ تَرَوْا كَيْفَ خَلَقَ اللّٰهُ سَبْعَ سَمٰوٰتٍ طِبَاقًاۙ١٥
Alam tara kaifa khalaqallāhu sab‘a samāwātin ṭibāqā(n).
[15]
Iro kabèh hing merhatekaken tah kelendi Gusti Alloh wis gawé pitung langit tingkat-tingkat?
وَّجَعَلَ الْقَمَرَ فِيْهِنَّ نُوْرًا وَّجَعَلَ الشَّمْسَ سِرَاجًا١٦
Wa ja‘alal-qamara fīhinna nūraw wa ja‘alasy-syamsa sirājā(n).
[16]
Lan Gusti Alloh wes gawé ulan dienggo dadi sunaré lan serngenge dienggo damaré?
وَاللّٰهُ اَنْۢبَتَكُمْ مِّنَ الْاَرْضِ نَبَاتًاۙ١٧
Wallāhu ambatakum minal-arḍi nabātā(n).
[17]
Lan Gusti Alloh wis nukuloken temen nang iro kabèh teka lemah hang apik.
ثُمَّ يُعِيْدُكُمْ فِيْهَا وَيُخْرِجُكُمْ اِخْرَاجًا١٨
Ṡumma yu‘īdukum fīhā wa yukhrijukum ikhrājā(n).
[18]
Terus Gusti Alloh balekaken iro kabèh nang jero lemah lan bener-bener ngetokaken iro kabèh (teka jero lemah pas dina kiamat).
وَاللّٰهُ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ بِسَاطًاۙ١٩
Wallāhu ja‘ala lakumul-arḍa bisāṭā(n).
[19]
Lan Alloh gawé bumi dadi plataran dienggo iro kabèh.
لِّتَسْلُكُوْا مِنْهَا سُبُلًا فِجَاجًا ࣖ٢٠
Litaslukū minhā subulan fijājā(n).
[20]
Makné iro kabèh bisa ngambah dalan-dalan hang jembar ring bumi iku.
قَالَ نُوْحٌ رَّبِّ اِنَّهُمْ عَصَوْنِيْ وَاتَّبَعُوْا مَنْ لَّمْ يَزِدْهُ مَالُهٗ وَوَلَدُهٗٓ اِلَّا خَسَارًاۚ٢١
Qāla nūḥur rabbi innahum ‘aṣaunī wattaba‘ū mal lam yazidhu māluhū wa waladuhū illā khasārā(n).
[21]
Nuh ngomong: Dhuh Pengèran kulo! Sak èstuné tiyang-tiyang niku mpun durokoni kulo lan mpun milu tiyang-tiyang hang bandha lan anak-anake naming nambah rugi mawon.
وَمَكَرُوْا مَكْرًا كُبَّارًاۚ٢٢
Wa makarū makran kubbārā(n).
[22]
Lan sampun ngelampahi tipuan hang ageng.
وَقَالُوْا لَا تَذَرُنَّ اٰلِهَتَكُمْ وَلَا تَذَرُنَّ وَدًّا وَّلَا سُوَاعًا ەۙ وَّلَا يَغُوْثَ وَيَعُوْقَ وَنَسْرًاۚ٢٣
Wa qālū lā tażarunna ālihatakum wa lā tażarunna waddaw wa lā suwā‘ā(n), wa lā yagūṡa wa ya‘ūqa wa nasrā(n).
[23]
Lan tiyang-tiyang niku ngomong: ojo pisanpisan iro kabèh ninggalaken sembahan berahala berahala iro kabèh lan aja maning-maning iro kabèh ninggal (nyembah) berahala wadd, aja suwaa’, yaghut ya’uq lan nasr. 840
840) Wadd, suwaa, yaghut, yauq lan nasr aran patung-patung hang gedi nang qabilah-qabilah Nabi Nuh hang awale arane wong-wong sholeh
وَقَدْ اَضَلُّوْا كَثِيْرًا ەۚ وَلَا تَزِدِ الظّٰلِمِيْنَ اِلَّا ضَلٰلًا٢٤
Wa qad aḍallū kaṡīrā(n), wa lā tazidiẓ-ẓālimīna illā ḍalālā(n).
[24]
Lan èstu tiyang-tiyang niku wahu sampun mbelingeraken menusa kathah lan aja ndika tambahi tiyang-tiyang dholim kejawi tambah kebelinger.
مِمَّا خَطِيْۤـٰٔتِهِمْ اُغْرِقُوْا فَاُدْخِلُوْا نَارًا ەۙ فَلَمْ يَجِدُوْا لَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَنْصَارًا٢٥
Mimmā khaṭī'ātihim ugriqū fa'udkhilū nārā(n), falam yajidū lahum min dūnillāhi anṣārā(n).
[25]
Keranten salahé dhèwèk, wong-wong iku dikelelemaken lan dilebokaken nang neraka, terusane wong-wong iku sing ana nemu wong hang nulung sakliyane Gusti Alloh ). 841
841) Maksude: patung-patung wong kafir iku heng biso nguwani pitulungan nang yane, kejobok Alloh hang biso nulung wong kafir iku. Tapi kerono wong kafir iku nyembah patung, Mulane Alloh heng Nguwani Pitulungan
وَقَالَ نُوْحٌ رَّبِّ لَا تَذَرْ عَلَى الْاَرْضِ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ دَيَّارًا٢٦
Wa qāla nūḥur rabbi lā tażar ‘alal-arḍi minal-kāfirīna dayyārā(n).
[26]
Nuh dungo: Duh Pengèran kulo, Ojo Ndiko genengaken tiyang kafir setunggal mawon hang manggon teng bumi”.
اِنَّكَ اِنْ تَذَرْهُمْ يُضِلُّوْا عِبَادَكَ وَلَا يَلِدُوْٓا اِلَّا فَاجِرًا كَفَّارًا٢٧
Innaka in tażarhum yuḍillū ‘ibādaka wa lā yalidū illā fājiran kaffārā(n).
[27]
Sak èstu kadhung Ndiko genengaken tiyangtiyang kafir niku (manggon), mesthi podo mbelingeraken kawula-kawula Ndika, lan tiyang kafir niku mboten nduwanak kejawai anak hang tambeng lan nemen kafire.
رَبِّ اغْفِرْ لِيْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِمَنْ دَخَلَ بَيْتِيَ مُؤْمِنًا وَّلِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِۗ وَلَا تَزِدِ الظّٰلِمِيْنَ اِلَّا تَبَارًا ࣖ٢٨
Rabbigfir lī wa liwālidayya wa liman dakhala baitiya mu'minaw wa lil-mu'minīna wal-mu'mināt(i), wa lā tazidiẓ-ẓālimīna illā tabārā(n).
[28]
Duh Pengèran kulo, Mugi Ndiko ngapunten teng kulo, teng ibu, bapak kulo, tiyang hang melebet teng griyan kulo sedheng piyambake niku iman, lan sedayane tiyang jaler-istri hang iman, lan mugi-mugi Ndiko mboten nambahi tiyang-tiyang dholim niku kejawi tambah risak.