Surah Al-Ma’arij
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سَاَلَ سَاۤىِٕلٌۢ بِعَذَابٍ وَّاقِعٍۙ١
Sa'ala sā'ilum bi‘ażābiw wāqi‘(in).
[1]
Ono wong siji takon masalah adzab hang mesthi kelaksan.
لِّلْكٰفِرِيْنَ لَيْسَ لَهٗ دَافِعٌۙ٢
Lil-kāfirīna laisa lahū dāfi‘(un).
[2]
kanggoné wong-wong kafir, hang hing ono wong siji baén hang bisa nulak.
مِّنَ اللّٰهِ ذِى الْمَعَارِجِۗ٣
Minallāhi żil-ma‘ārij(i).
[3]
(Hang teko) Gusti Alloh hang duweni panggonan- panggonan munggah.
تَعْرُجُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَالرُّوْحُ اِلَيْهِ فِيْ يَوْمٍ كَانَ مِقْدَارُهٗ خَمْسِيْنَ اَلْفَ سَنَةٍۚ٤
Ta‘rujul-malā'ikatu war-rūḥu ilaihi fī yaumin kāna miqdāruhū khamsīna alfa sanah(tin).
[4]
Malaikat-malaikat lan Jibril podo munggah (ngadhep) nang Pengèran wektu sedina hang itungané podo ambi seket ewu tahun. 832
832) Maksude Malaikat-malaikat lan Jibril, kapan ngadep Pengeran ngentekno waktu sedino, kapan dilakoni menungso butuh waktu seket ewu tahun.
فَاصْبِرْ صَبْرًا جَمِيْلًا٥
Faṣbir ṣabran jamīlā(n).
[5]
Mangka sabara rika (Muhammad) ambi sabar hang apik.
اِنَّهُمْ يَرَوْنَهٗ بَعِيْدًاۙ٦
Innahum yaraunahū ba‘īdā(n).
[6]
Saktemene wong akèh podo nyono (ngarani) siksoan iku adoh (mustahil).
وَّنَرٰىهُ قَرِيْبًاۗ٧
Wa narāhu qarībā(n).
[7]
Sementara Isun ngarani siksoan iku parek (pasti kedadèn).
يَوْمَ تَكُوْنُ السَّمَاۤءُ كَالْمُهْلِۙ٨
Yauma takūnus-samā'u kal-muhl(i).
[8]
Pas dina kapan langit kaya ning-ningan tembaga.
وَتَكُوْنُ الْجِبَالُ كَالْعِهْنِۙ٩
Wa takūnul-jibālu kal-‘ihn(i).
[9]
Lan gunung-gunung kaya wulu (hang pating ngelamuk).
وَلَا يَسْـَٔلُ حَمِيْمٌ حَمِيْمًاۚ١٠
Wa lā yas'alu ḥamīmun ḥamīmā(n).
[10]
Lan hing ono kanca kenthel blas hang nakonaken kanca kenthelé.
يُبَصَّرُوْنَهُمْۗ يَوَدُّ الْمُجْرِمُ لَوْ يَفْتَدِيْ مِنْ عَذَابِ يَوْمِىِٕذٍۢ بِبَنِيْهِۙ١١
Yubaṣṣarūnahum, yawaddul-mujrimu lau yaftadī min ‘ażābi yaumi'iżim bibanīh(i).
[11]
Sedheng kabèh iku podo deleng-delengan, Wong hang akèh dusoné kepingin kapan sekirané yané bisa nebus (awaké) teko adzab dina iku ambi onok-onoké.
وَصَاحِبَتِهٖ وَاَخِيْهِۙ١٢
Wa ṣāḥibatihī wa akhīh(i).
[12]
Lan rabi lan dulur-duluré.
وَفَصِيْلَتِهِ الَّتِيْ تُـْٔوِيْهِۙ١٣
Wa faṣīlatihil-latī tu'wīh(i).
[13]
Lan keluargan hang ngayomi (waktu nang dunya).
وَمَنْ فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًاۙ ثُمَّ يُنْجِيْهِۙ١٤
Wa man fil-arḍi jamī‘ā(n), ṡumma yunjīh(i).
[14]
Lan wong-wong hang nang dhuwuré bumi kabeh, terus (arep-arep) tebusan iku bisa nyelametaken.
كَلَّاۗ اِنَّهَا لَظٰىۙ١٥
Kallā, innahā laẓā.
[15]
Blas sing bisa gedigu, saktemene neraka iku geni hang mumbal-mumbal.
نَزَّاعَةً لِّلشَّوٰىۚ١٦
Nazzā‘atal lisy-syawā.
[16]
Hang ngelonyodaken kulité endhas
تَدْعُوْا مَنْ اَدْبَرَ وَتَوَلّٰىۙ١٧
Tad‘ū man adbara wa tawallā.
[17]
Hang celuk-celuk wong hang memburi (hing gugu) lan mènggos (teko agama).
وَجَمَعَ فَاَوْعٰى١٨
Wa jama‘a fa'au‘ā.
[18]
Lan kelumpuk-kelumpuk lan nyimpen (bandha). 833
833) Maksude: wong hang nyimpen bondhone lan heng gelem bayar zakate lan heng gelem nafkahno nang dalan hang bener
۞ اِنَّ الْاِنْسَانَ خُلِقَ هَلُوْعًاۙ١٩
Innal-insāna khuliqa halu‘ā(n).
[19]
Saktemene menusa digawé (duwèni) sifat ngeluhan.
اِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ جَزُوْعًاۙ٢٠
Iżā massahusy-syarru jazū‘ā(n).
[20]
Kapan diwèni susah yané keduhung.
وَّاِذَا مَسَّهُ الْخَيْرُ مَنُوْعًاۙ٢١
Wa iżā massahul-khairu manū‘ā(n).
[21]
Kapan yané diwèni keapikan (bandha) yané melid.
اِلَّا الْمُصَلِّيْنَۙ٢٢
Illal-muṣallīn(a).
[22]
Kajaba wong hang podo sembayang.
الَّذِيْنَ هُمْ عَلٰى صَلَاتِهِمْ دَاۤىِٕمُوْنَۖ٢٣
Allażīna hum ‘alā ṣalātihim dā'imūn(a).
[23]
Hang wong iku terus ajeg ngelakoni sembayang
وَالَّذِيْنَ فِيْٓ اَمْوَالِهِمْ حَقٌّ مَّعْلُوْمٌۖ٢٤
Wal-lażīna fī amwālihim ḥaqqum ma‘lūm(un).
[24]
Lan wong-wong hang nang bondhoné ono bagian hang mesthi (dicepakaken)
لِّلسَّاۤىِٕلِ وَالْمَحْرُوْمِۖ٢٥
Lis-sā'ili wal-maḥrūm(i).
[25]
Kanggoné wong melarat hang jaluk- jaluk lan hang hing jaluk-jaluk).
وَالَّذِيْنَ يُصَدِّقُوْنَ بِيَوْمِ الدِّيْنِۖ٢٦
Wal-lażīna yuṣaddiqūna biyaumid-dīn(i).
[26]
Lan wong-wong hang gugu ambi dina balesan (kiamat)
وَالَّذِيْنَ هُمْ مِّنْ عَذَابِ رَبِّهِمْ مُّشْفِقُوْنَۚ٢٧
Wal-lażīna hum min ‘ażābi rabbihim musyfiqūn(a).
[27]
Lan wong-wong hang wedi ambi adzabé Pengèran.
اِنَّ عَذَابَ رَبِّهِمْ غَيْرُ مَأْمُوْنٍۖ٢٨
Inna ‘ażāba rabbihim gairu ma'mūn(in).
[28]
Kerono saktemene adzabé Pengerané iku hing ono wong bisa ngerasa aman.
وَّالَّذِيْنَ هُمْ لِفُرُوْجِهِمْ حٰفِظُوْنَۙ٢٩
Wal-lażīna hum lifurūjihim ḥāfiẓūn(a).
[29]
Lan wong hang podo uri-uri (jogo) farjiné.
اِلَّا عَلٰٓى اَزْوَاجِهِمْ اَوْ مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُمْ فَاِنَّهُمْ غَيْرُ مَلُوْمِيْنَۚ٣٠
Illā ‘alā azwājihim au mā malakat aimānuhum fa innahum gairu malūmīn(a).
[30]
Kajaba nang rabi-rabiné dhèwèk utowo budak-budak duwéné dhèwèk. Saktemene wong kabeh iku mahu hing dicacad
فَمَنِ ابْتَغٰى وَرَاۤءَ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْعَادُوْنَۚ٣١
Fa manibtagā warā'a żālika fa ulā'ika humul-‘ādūn(a).
[31]
Kadiné sapa baen hang ngelakoni sakjabané iku mahu, mangka wong iku kelebu wong hang keliwat ates
وَالَّذِيْنَ هُمْ لِاَمٰنٰتِهِمْ وَعَهْدِهِمْ رٰعُوْنَۖ٣٢
Wal-lażīna hum li'amānātihim wa ‘ahdihim rā'ūn(a).
[32]
Lan wong-wong hang jaga amonot lan janji-janjiné.
وَالَّذِيْنَ هُمْ بِشَهٰدٰتِهِمْ قَاۤىِٕمُوْنَۖ٣٣
Wal-lażīna hum bisyahādātihim qā'imūn(a).
[33]
Lan wong-wong hang kuat nyekele nang kesaksiané.
وَالَّذِيْنَ هُمْ عَلٰى صَلَاتِهِمْ يُحَافِظُوْنَۖ٣٤
Wal-lażīna hum ‘alā ṣalātihim yuḥāfiẓūn(a).
[34]
Lan wong - wong hang podo uri-uri sembayangé.
اُولٰۤىِٕكَ فِيْ جَنّٰتٍ مُّكْرَمُوْنَ ۗ ࣖ٣٥
Ulā'ika fī jannātim mukramūn(a).
[35]
Wong-wong iku hang podo dimulyokaken nang surga
فَمَالِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا قِبَلَكَ مُهْطِعِيْنَۙ٣٦
Famālil-lażīna kafarū qibalaka muhṭi‘īn(a).
[36]
Apuwa wong-wong kafir iku gelis-gelis teko nang arepira?
عَنِ الْيَمِيْنِ وَعَنِ الشِّمَالِ عِزِيْنَ٣٧
‘Anil-yamīni wa ‘anisy-syimāli ‘izīn(a).
[37]
Teko tengen lan kiwa hang teko jak akèhan. 834
834) Nurut keterangane ahli tafsir ayat iki hubungane amabi kedadian pas Rasulullah sembayang lan moco Qur’an nang pareke Ka’bah terus wong-wong musyrik kumpul jak akean nang ngarepe Nabi ambi ngelokno lan ngomong: kapan wong-wong mu’min arep melbu surgo koyo jare Muhammad, moko awak dewek hang arep melbu surgo pertama, moko mudun ayat 38
اَيَطْمَعُ كُلُّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ اَنْ يُّدْخَلَ جَنَّةَ نَعِيْمٍۙ٣٨
Ayaṭma‘u kullumri'im minhum ay yudkhala jannata na‘īm(in).
[38]
Opo tah saben wong teko wong-wong kafir iku arep-arep melebu nang surga hang akeh nikmaté?
كَلَّاۗ اِنَّا خَلَقْنٰهُمْ مِّمَّا يَعْلَمُوْنَ٣٩
Kallā, innā khalaqnāhum mimmā ya‘malūn(a).
[39]
Sing mungkin, Saktemene Isun gawé wong kabeh mahu teko paran hang dhèwèké kabeh eruh (banyu becuh). 835
835) Hang dimaksud ambi ayat iki yaiku: Saktemene wong-wong kafir diciptakno Alloh teko mani dienggo iman lan takwa nang Gusti Alloh, koyo hang wes disampekno Rasulullah, dadi kapan yane heng iman moko heng duwe hak melbu surgo
فَلَآ اُقْسِمُ بِرَبِّ الْمَشٰرِقِ وَالْمَغٰرِبِ اِنَّا لَقٰدِرُوْنَۙ٤٠
Falā uqsimu birabbil-masyāriqi wal-magāribi innā laqādirūn(a).
[40]
Mangka Isun sumpah demi Pengèran (hang wis ngatur) panggonané melecir lan kelelem serngéngé, ulan lan lintang. Saktemene Isun mesthi mampu
عَلٰٓى اَنْ نُّبَدِّلَ خَيْرًا مِّنْهُمْۙ وَمَا نَحْنُ بِمَسْبُوْقِيْنَ٤١
‘Alā an nubaddila khairam minhum, wa mā naḥnu bimasbūqīn(a).
[41]
Mangkane genengna baén wong-wong iku kelelem (nang perkara batil) lan memengan (kepaling) sampèk wong-wong iku nyaruki dina hang diancasaken nang wong-wong mahu.
فَذَرْهُمْ يَخُوْضُوْا وَيَلْعَبُوْا حَتّٰى يُلٰقُوْا يَوْمَهُمُ الَّذِيْ يُوْعَدُوْنَۙ٤٢
Fa żarhum yakhūḍū wa yal‘abū ḥattā yulāqū yaumahumul-lażī yū‘adūn(a)
[42]
(Yoiku) pas dina wong-wong iku medal teko kuburan ambi gelis kaya-kaya wongwong iku menyang kesusu nang berhalaberhalané (hang disembah waktu nang dunya).
يَوْمَ يَخْرُجُوْنَ مِنَ الْاَجْدَاثِ سِرَاعًا كَاَنَّهُمْ اِلٰى نُصُبٍ يُّوْفِضُوْنَۙ٤٣
Yauma yakhrujūna minal-ajdāṡi sirā‘an ka'annahum ilā nuṣubiy yūfiḍūn(a).
[43]
(Yoiku) pas dina wong-wong iku medal teko kuburan ambi gelis kaya-kaya wongwong iku menyang kesusu nang berhalaberhalané (hang disembah waktu nang dunya).
خَاشِعَةً اَبْصَارُهُمْ تَرْهَقُهُمْ ذِلَّةٌ ۗذٰلِكَ الْيَوْمُ الَّذِيْ كَانُوْا يُوْعَدُوْنَ ࣖ٤٤
Khāsyi‘atan abṣāruhum tarhaquhum żillah(tun), żālikal-yaumul-lażī kānū yū‘adūn(a).
[44]
Sedheng wong-wong iku podo songkloh pendelengé ambi ditibani ino. Gediku iku mau dina hang bengèn tau diancasaken nang wong kabèh mahu.