Surah Al-Haqqah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَاۤقَّةُۙ١
Al-ḥāqqah(tu).
[1]
Dino kiamat. 823
823) Al-Haaqqah nurut basa artine: hang pasti kedadian, Dina kiamat diarani Al-Haaqqah kerana pasti kedadian
مَا الْحَاۤقَّةُ ۚ٢
Mal-ḥāqqah(tu).
[2]
Paran dino kiamat iku?
وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الْحَاۤقَّةُ ۗ٣
Wa mā adrāka mal-ḥāqqah(tu).
[3]
Lan apa ira eruh paran dino kiamat iku?
كَذَّبَتْ ثَمُوْدُ وَعَادٌ ۢبِالْقَارِعَةِ٤
Każżabat ṡamūdu wa ‘ādum bil-qāri‘ah(ti).
[4]
Wong tsamud lan wong ‘Aad wes dustakno dino kiamat. 824
824) Al-Qaari’ah nurut basa artine hang gemeteraken ati, dina kiamat diarani al Qaariah kerana gemeteraken ati
فَاَمَّا ثَمُوْدُ فَاُهْلِكُوْا بِالطَّاغِيَةِ٥
Fa'ammā ṡamūdu fa uhlikū biṭ-ṭāgiyah(ti).
[5]
Wong Tsamud, yane wes dientekaken ambi kedadian hang gedhi. 825
825) Hang dimaksud kambi kedadian gedhi iku: gilap hang anter temenan hang nyebabaken suara hang gemlugur hang bisa ngajurken
وَاَمَّا عَادٌ فَاُهْلِكُوْا بِرِيْحٍ صَرْصَرٍ عَاتِيَةٍۙ٦
Wa ammā ‘ādun fa'uhlikū birīḥin ṣarṣarin ‘ātiyah(tin).
[6]
Wong ‘Aad dientekaken ambi angin topan hang adem nemen lan kenceng.
سَخَّرَهَا عَلَيْهِمْ سَبْعَ لَيَالٍ وَّثَمٰنِيَةَ اَيَّامٍۙ حُسُوْمًا فَتَرَى الْقَوْمَ فِيْهَا صَرْعٰىۙ كَاَنَّهُمْ اَعْجَازُ نَخْلٍ خَاوِيَةٍۚ٧
Sakhkharahā ‘alaihim sab‘a layāliw wa ṡamāniyata ayyām(in), ḥusūman fataral-qauma fīhā ṣar‘ā, ka'annahum a‘jāzu nakhlin khāwiyah(tin).
[7]
Gusti Alloh nibakaken angin iku nang wong ‘Aad mahu suwene pitung bengi wolung dino terus-terusan (hing mari-mari). Mangka ira deleng wong ‘Aad pas wektu iku padha mati gelimpangan persis kaya glugu-glugu wit kurma hang wes kropos (moprok).
فَهَلْ تَرٰى لَهُمْ مِّنْۢ بَاقِيَةٍ٨
Fahal tarā lahum mim bāqiyah(tin).
[8]
Mangka apa ira deleng sijine wong baen hang mageh urip antarane wong akeh mahu. 826 ?
826) Maksude: wong aa’d entek diajuraken kabeh lan heng duwe keturunan tegese sing ana kaine blas.
وَجَاۤءَ فِرْعَوْنُ وَمَنْ قَبْلَهٗ وَالْمُؤْتَفِكٰتُ بِالْخَاطِئَةِۚ٩
Wa jā'a fir‘aunu wa man qablahū wal-mu'tafikātu bil-khāṭi'ah(ti).
[9]
Lan wes teka Fir’aun, wong-wong sakdurunge lan wong-wong hang disumpedaken kerana kesalahane hang gedhi. 827
827) Maksude: wong-wong hang bengen hang ngingkari nang Nabi-Nabi koyok kaum Sholeh, kaum Syu’aib lan liyan liyane lan negeri-negeri hang dijungkirno yaiku negeri negeri kaum nabi Luth, sementara kesalahan hang dilakono kaumkaum iku dustakno nang rasul-rasule
فَعَصَوْا رَسُوْلَ رَبِّهِمْ فَاَخَذَهُمْ اَخْذَةً رَّابِيَةً١٠
Fa ‘aṣau rasūla rabbihim fa akhażahum akhżatar rābiyah(tan).
[10]
Terus wong kabèh mahu padha durokoni utusane Pengèrane, Gusti Alloh nyiksa wong akèh iku ambi siksa hang antêr nêmên.
اِنَّا لَمَّا طَغَا الْمَاۤءُ حَمَلْنٰكُمْ فِى الْجَارِيَةِۙ١١
Innā lammā ṭagal-mā'u ḥamalnākum fil-jāriyah(ti).
[11]
Saktemene Isun (Alloh), rikalané banyu wes munggah nang gunung, Isun gawa (mbahmbah) iro kabèh 828 nang jerone perahu.
828) Hang digowo nang jerone perahune Nabi Nuh dienggo diselametno yaiku: keluargane Nabi Nuh lan wong-wong hang iman sakliyane amnake hang duroko.
لِنَجْعَلَهَا لَكُمْ تَذْكِرَةً وَّتَعِيَهَآ اُذُنٌ وَّاعِيَةٌ١٢
Linaj‘alahā lakum tażkirataw wa ta‘iyahā użunuw wā‘iyah(tun).
[12]
makné Isun dadèkno kedadian iku pengèngèt dienggo ira lan supoyo diperhatèkaken ambi kuping hang gelem ngerungokaken.
فَاِذَا نُفِخَ فِى الصُّوْرِ نَفْخَةٌ وَّاحِدَةٌ ۙ١٣
Fa iżā nufikha fiṣ-ṣūri nafkhatuw wāḥidah(tun).
[13]
Besuk rikalané serompeté (Israfil) disemprong sepisan. 829
829) Maksude: Semprongan hang pertama hang pas iku alam dadi ancur
وَّحُمِلَتِ الْاَرْضُ وَالْجِبَالُ فَدُكَّتَا دَكَّةً وَّاحِدَةًۙ١٤
Wa ḥumilatil-arḍu wal-jibālu fa dukkatā dakkataw wāḥidah(tan).
[14]
Lan bumi lan gunung-gunung dijunjung mendhuwur terus dikeprukaken karokarone sak keprukan.
فَيَوْمَىِٕذٍ وَّقَعَتِ الْوَاقِعَةُۙ١٥
Fayauma'iżiw waqa‘atil-wāqi‘ah(tu).
[15]
Mangka pas dino iku kedadèn dino kiamat.
وَانْشَقَّتِ السَّمَاۤءُ فَهِيَ يَوْمَىِٕذٍ وَّاهِيَةٌۙ١٦
Wansyaqqatis-samā'u fahiya yauma'iżiw wāhiyah(tun).
[16]
Lan langit dadi sigar, kerana pasdino iku langit dadi moprok.
وَّالْمَلَكُ عَلٰٓى اَرْجَاۤىِٕهَاۗ وَيَحْمِلُ عَرْشَ رَبِّكَ فَوْقَهُمْ يَوْمَىِٕذٍ ثَمٰنِيَةٌ ۗ١٧
Wal-malaku ‘alā arjā'ihā, wa yaḥmilu ‘arsya rabbika fauqahum yauma'iżin ṡamāniyah(tun).
[17]
Lan malaikat-malaikat ana nang penjuru-penjuruné langit. Lan pas dino iku wolung malaikat junjung Arsy Pengeranira kabèh nang duwuré sirahé.
يَوْمَىِٕذٍ تُعْرَضُوْنَ لَا تَخْفٰى مِنْكُمْ خَافِيَةٌ١٨
Yauma'iżin tu‘raḍūna lā takhfā minkum khāfiyah(tun).
[18]
Pas dino iku ira kabèh diadepaken Pengèran, hing ana wong siji baén teka ira kabèh hang bisa sengidan (teka Gusti Alloh).
فَاَمَّا مَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ بِيَمِيْنِهٖ فَيَقُوْلُ هَاۤؤُمُ اقْرَءُوْا كِتٰبِيَهْۚ١٩
Fa ammā man ūtiya kitābahū biyamīnihī fa yaqūlu hā'umuqra'ū kitābiyah.
[19]
Wong-wong hang diwèni kitab 830 ditampani ambi tangan tengené, mangka deweke bakalé ngomong: “juwuten lan woconen kitabhun (iki).
830) Maksdue: Catetan amale
اِنِّيْ ظَنَنْتُ اَنِّيْ مُلٰقٍ حِسَابِيَهْۚ٢٠
Innī ẓanantu annī mulāqin ḥisābiyah.
[20]
Saktemene isun yakin, Saktemene isun arep ketemu ambi itungane awak isun.
فَهُوَ فِيْ عِيْشَةٍ رَّاضِيَةٍۚ٢١
Fa huwa fī ‘īsyatir rāḍiyah(tin).
[21]
Kadine wong iku mahu oleh penguripan hang seneng.
فِيْ جَنَّةٍ عَالِيَةٍۙ٢٢
Fī jannatin ‘āliyah(tin).
[22]
Nang jeroné surga hang dhuwur.
قُطُوْفُهَا دَانِيَةٌ٢٣
Quṭūfuhā dāniyah(tun).
[23]
Woh-wohané hang parek.
كُلُوْا وَاشْرَبُوْا هَنِيْۤـًٔا ۢبِمَآ اَسْلَفْتُمْ فِى الْاَيَّامِ الْخَالِيَةِ٢٤
Kulū wasyrabū hanī'am bimā aslaftum fil-ayyāmil-khāliyah(ti).
[24]
(Bakalé diomongi) “Mangan lan ngombea hang ènak sebab amal hang wes ira kabèh lakoni pas dino-dino hang wes kliwat (bengèn).
وَاَمَّا مَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ بِشِمَالِهٖ ەۙ فَيَقُوْلُ يٰلَيْتَنِيْ لَمْ اُوْتَ كِتٰبِيَهْۚ٢٥
Wa ammā man ūtiya kitābahū bisyimālih(ī), fa yaqūlu yā laitanī lam ūta kitābiyah.
[25]
Dèhné wong hang diwèni kitab ditampani tangan kiwané, mangka deweké bakalé ngomong: hé mandanéa isun (tambah apik) kapan hing diwakaken isun kitab (iki).
وَلَمْ اَدْرِ مَا حِسَابِيَهْۚ٢٦
Wa lam adri mā ḥisābiyah.
[26]
Lan isun hing eruh paran hang arep diétung nang awak isun.
يٰلَيْتَهَا كَانَتِ الْقَاضِيَةَۚ٢٧
Yā laitahā kānatil-qāḍiyah(ta).
[27]
He mandanéa mati iku hang marèaken kabèh urusan.
مَآ اَغْنٰى عَنِّيْ مَالِيَهْۚ٢٨
Mā agnā ‘annī māliyah.
[28]
Bandhanisun sing nguwèni manfaat blas nang awak isun.
هَلَكَ عَنِّيْ سُلْطٰنِيَهْۚ٢٩
Halaka ‘annī sulṭāniyah.
[29]
Wés ilang kuatisun teka awak isun.
خُذُوْهُ فَغُلُّوْهُۙ٣٠
Khużūhu fagullūh(u).
[30]
(Alloh Dhawuhaken): Cekelen wong iku, terus talènana tangané nang guluné
ثُمَّ الْجَحِيْمَ صَلُّوْهُۙ٣١
Ṡummal-jaḥīma ṣallūh(u).
[31]
Terus lebokna wong iku nang jeroné neraka hang mumbal-mumbal.
ثُمَّ فِيْ سِلْسِلَةٍ ذَرْعُهَا سَبْعُوْنَ ذِرَاعًا فَاسْلُكُوْهُۗ٣٢
Ṡumma fī silsilatin żar‘uhā sab‘ūna żirā‘an faslukūh(u).
[32]
Terus talenono wong iku ambi ranté hang dowoné pitung puluh dhepa.
اِنَّهٗ كَانَ لَا يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ الْعَظِيْمِۙ٣٣
Innahū kāna lā yu'minu billāhil-‘aẓīm(i).
[33]
Saktemene wong iku bengen hing iman nang Gusti Alloh Hang Maha Agung.
وَلَا يَحُضُّ عَلٰى طَعَامِ الْمِسْكِيْنِۗ٣٤
Wa lā yaḥuḍḍu ‘alā ṭa‘āmil-miskīn(i).
[34]
Lan wong iku pisan hing tau nganjuraken nang wong liya makne nguweni mangan wong melarat.
فَلَيْسَ لَهُ الْيَوْمَ هٰهُنَا حَمِيْمٌۙ٣٥
Fa laisa lahul-yauma hāhunā ḥamīm(un).
[35]
Mangka wong iku hing ana konconé blas pas dino iki.
وَّلَا طَعَامٌ اِلَّا مِنْ غِسْلِيْنٍۙ٣٦
Wa lā ṭa‘āmun illā min gislīn(in).
[36]
Lan hing ono panganan blas kanggo wong iku kejaba teka getih lan nanah.
لَّا يَأْكُلُهٗٓ اِلَّا الْخٰطِـُٔوْنَ ࣖ٣٧
Lā ya'kuluhū illal-khāṭi'ūn(a).
[37]
Hang hing ana gelem mangan kejaba wong hang ngelakoni duso.
فَلَآ اُقْسِمُ بِمَا تُبْصِرُوْنَۙ٣٨
Falā uqsimu bimā tubṣirūn(a).
[38]
Mongko Isun sumpah demi paran hang ira kabèh deleng.
وَمَا لَا تُبْصِرُوْنَۙ٣٩
Wa mā lā tubṣirūn(a).
[39]
Lan demi paran hang hing ira kabeh deleng
اِنَّهٗ لَقَوْلُ رَسُوْلٍ كَرِيْمٍۙ٤٠
Innahū laqaulu rasūlin karīm(in).
[40]
Saktemene Al-Qur’an iku bener-bener wahyuné (Alloh hang dikirim nang) Rosulé hang mulia.
وَّمَا هُوَ بِقَوْلِ شَاعِرٍۗ قَلِيْلًا مَّا تُؤْمِنُوْنَۙ٤١
Wa mā huwa biqauli syā‘ir(in), qalīlam mā tu'minūn(a).
[41]
Lan Al-Qur’an iku madak omongané wong ahli syair, sithik temenan ira kabèh iman nang Gusti Alloh.
وَلَا بِقَوْلِ كَاهِنٍۗ قَلِيْلًا مَّا تَذَكَّرُوْنَۗ٤٢
Wa lā biqauli kāhin(in), qalīlam mā tażakkarūn(a).
[42]
Lan duduk omongané dhukun (tukang sihir), sithik temenan ira kabeh juwut pengènget (pelajaran).
تَنْزِيْلٌ مِّنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَ٤٣
Tanzīlum mir rabbil-‘ālamīn(a).
[43]
Al-Qur’an iku wahyu teka Pengèran hang nguasani alam kabèh.
وَلَوْ تَقَوَّلَ عَلَيْنَا بَعْضَ الْاَقَاوِيْلِۙ٤٤
Wa lau taqawwala ‘alainā ba‘ḍal-aqāwīl(i).
[44]
Umpamané slirané (Muhammad) gawé-gawé omongan jarené teka Isun.
لَاَخَذْنَا مِنْهُ بِالْيَمِيْنِۙ٤٥
La'akhażnā minhu bil-yamīn(i).
[45]
Mesti bener-bener slirané (Muhammad) Isun cekel ambi tangan tengené. 831
831) Maksude: Hun wani walesan sak keras-keras
ثُمَّ لَقَطَعْنَا مِنْهُ الْوَتِيْنَۖ٤٦
Ṡumma laqaṭa‘nā minhul-watīn(a).
[46]
Terus bener-bener hun tugel pembuluh jantungé.
فَمَا مِنْكُمْ مِّنْ اَحَدٍ عَنْهُ حٰجِزِيْنَۙ٤٧
Famā minkum min aḥadin ‘anhu ḥājizīn(a).
[47]
Mangka pisan-pisan sing ana wong siji baen teka ira hang bisa ngalangi (Isun Alloh) teka motong pembuluh jantungé iku.
وَاِنَّهٗ لَتَذْكِرَةٌ لِّلْمُتَّقِيْنَ٤٨
Wa innahū latażkiratul lil-muttaqīn(a).
[48]
Lan Saktemene Al-Qur’an iku bener-bener pengéling-éling kanggo wong hang padha takwa.
وَاِنَّا لَنَعْلَمُ اَنَّ مِنْكُمْ مُّكَذِّبِيْنَۗ٤٩
Wa innā lana‘lamu anna minkum mukażżibīn(a).
[49]
Lan saktemene Isun (Alloh) bener-bener eruh saktemene nang anatarané ira kabèh ana hang ngarani ngapus (nang Muhammad).
وَاِنَّهٗ لَحَسْرَةٌ عَلَى الْكٰفِرِيْنَۚ٥٠
Wa innahū laḥasratun ‘alal-kāfirīn(a).
[50]
Lan Al-Qur’an iku bener-bener gawé getun kanggoné wong-wong kafir (nang akhirat).
وَاِنَّهٗ لَحَقُّ الْيَقِيْنِ٥١
Wa innahū laḥaqqul-yaqīn(i).
[51]
Lan saktemene Qur’an iku bener-bener kebeneran hang ngeyakinaken.
فَسَبِّحْ بِاسْمِ رَبِّكَ الْعَظِيْمِ ࣖ٥٢
Fa sabbiḥ bismi rabbikal-‘aẓīm(i).
[52]
Mongko macaha tasbih ambi nyebut Asmone Pengeraniro Hang Maha Agung.