Surah Al-Qalam
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
نۤ ۚوَالْقَلَمِ وَمَا يَسْطُرُوْنَۙ١
Nūn, wal-qalami wa mā yasṭurūn(a).
[1]
Nun, Demi qolam (alat tulis) lan paran hang uwong akeh podo tulis.
مَآ اَنْتَ بِنِعْمَةِ رَبِّكَ بِمَجْنُوْنٍ٢
Mā anta bini‘mati rabbika bimajnūn(in).
[2]
Berkat rahmat Pangeraniro, Riko (Muhammad) iku duduk uwong edan.
وَاِنَّ لَكَ لَاَجْرًا غَيْرَ مَمْنُوْنٍۚ٣
Wa inna laka la'ajran gaira mamnūn(in).
[3]
Lan saktemene duwene riko bener-bener ganjaran hang gedhi lan hing mandek-mandek.
وَاِنَّكَ لَعَلٰى خُلُقٍ عَظِيْمٍ٤
Wa innaka la‘alā khuluqin ‘aẓīm(in).
[4]
Lan satemenẻ riko iku duwe budhi pekerti hang luhur.
فَسَتُبْصِرُ وَيُبْصِرُوْنَۙ٥
Fasatubṣiru wa yubṣirūn(a).
[5]
Lan riko weruh, lan uwong akeh (kafir) eruh pisan.
بِاَيِّىكُمُ الْمَفْتُوْنُ٦
Bi'ayyikumul-maftūn(u).
[6]
Sapa ning antaraniro kabeh hang edan?
اِنَّ رَبَّكَ هُوَ اَعْلَمُ بِمَنْ ضَلَّ عَنْ سَبِيْلِهٖۖ وَهُوَ اَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِيْنَ٧
Inna rabbaka huwa a‘lamu biman ḍalla ‘an sabīlih(ī), wa huwa a‘lamu bil-muhtadīn(a).
[7]
Saktemene Pengeraniro Hang Maha Eruh sapa hang nyeliwah teka dalane, lan Hang Paling Eruh sapa wong-wong hang oleh pituduh.
فَلَا تُطِعِ الْمُكَذِّبِيْنَ٨
Falā tuṭi‘il-mukażżibīn(a).
[8]
Mulane aja riko piloni uwong hang ngarani ngapus (nyang ayat-ayate Gusti Alloh ).
وَدُّوْا لَوْ تُدْهِنُ فَيُدْهِنُوْنَۚ٩
Waddū lau tudhinu fayudhinūn(a).
[9]
Mangka uwong akeh mahu jaluk makne riko enakan terus uwong akeh iku enakan (pisan nang riko).
وَلَا تُطِعْ كُلَّ حَلَّافٍ مَّهِيْنٍۙ١٠
Wa lā tuṭi‘ kulla ḥallāfim mahīn(in).
[10]
Aja riko piloni uwong akeh mahu sumpah lan ina.
هَمَّازٍ مَّشَّاۤءٍۢ بِنَمِيْمٍۙ١١
Hammāzim masysyā'im binamīm(in).
[11]
Hang akeh nyacat lan tukang melaku ambi adu-adu.
مَّنَّاعٍ لِّلْخَيْرِ مُعْتَدٍ اَثِيْمٍۙ١٢
Mannā‘il lil-khairi mu‘tadin aṡīm(in).
[12]
Hang hing gelem ngelakoni keapikan hang keliwat tambenge lan ngelakoni dusa.
عُتُلٍّۢ بَعْدَ ذٰلِكَ زَنِيْمٍۙ١٣
‘Utullim ba‘da żālika zanīm(in).
[13]
Hang kaku, kasar lan sak piturute hang sembebar jahate.
اَنْ كَانَ ذَا مَالٍ وَّبَنِيْنَۗ١٤
An kāna żā māliw wa banīn(a).
[14]
Dopeh yane duweni bandha lan anak akeh 812.
812) Wong hang akeh duwe bandha lan anak lebih cepet duwe pengikut. Tapi kapan yane duwe sifat-sifat hang kesebut nang ayat 10-13, heng ana pengikute
اِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِ اٰيٰتُنَا قَالَ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَۗ١٥
Iżā tutlā ‘alaihi āyātunā qāla asāṭīrul-awwalīn(a).
[15]
Kapan diwacakaken nang yane ayat-ayat Isun, yane ngomong: Lah iki dongengdongengane uwong bengen ika”.
سَنَسِمُهٗ عَلَى الْخُرْطُوْمِ١٦
Sanasimuhū ‘alal-khurṭūm(i).
[16]
Besuk Hun arep weni tandha nang belalene. 813
813) Hang dimaksud ambi “ belale” nang kene yaiku bacot, dienggoni aran belale kerana ngina
اِنَّا بَلَوْنٰهُمْ كَمَا بَلَوْنَآ اَصْحٰبَ الْجَنَّةِۚ اِذْ اَقْسَمُوْا لَيَصْرِمُنَّهَا مُصْبِحِيْنَۙ١٧
Innā balaunāhum kamā balaunā aṣḥābal-jannah(ti), iż aqsamū layaṣrimunnahā muṣbiḥīn(a).
[17]
Saktemene Isun wes nyobak uwong akeh (Musyrikin Mekkah) koyodene Isun wes nyobak wong-wong hang duwe kebonan, pas podo sumpah saktemene uwong akeh arep methik (hasile) nang waktu isuk.
وَلَا يَسْتَثْنُوْنَ١٨
Wa lā yastaṡnūn(a).
[18]
Lan hing kathing ngoong Insyaa Alloh.
فَطَافَ عَلَيْهَا طَاۤىِٕفٌ مِّنْ رَّبِّكَ وَهُمْ نَاۤىِٕمُوْنَ١٩
Fa ṭāfa ‘alaihā ṭā'ifum mir rabbika wa hum nā'imūn(a).
[19]
Terusane kebonan iku kengeng belahi teka pengeraniro pas kabeh podo turu kabeh.
فَاَصْبَحَتْ كَالصَّرِيْمِۙ٢٠
Fa aṣbaḥat kaṣ-ṣarīm(i).
[20]
Kadine pas isuk-isuk kebonan mahu wes dadi cemeng kaya bengi hang peteng. 814
814) Maksude: Kebonan iku kobong kari areng-arenge hang cemeng koyo bengi hang peteng
فَتَنَادَوْا مُصْبِحِيْنَۙ٢١
Fa tanādau muṣbiḥīn(a).
[21]
Terus uwong akeh mahu podo celuk-celuk nang waktu isuk.
اَنِ اغْدُوْا عَلٰى حَرْثِكُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰرِمِيْنَ٢٢
Anigdū ‘alā ḥarṡikum in kuntum ṣārimīn(a).
[22]
Ayok menyanga isuk (iki) nang kebonaniro kabeh kapan siro kabeh kepingin methik uwohe.
فَانْطَلَقُوْا وَهُمْ يَتَخَافَتُوْنَۙ٢٣
Fanṭalaqū wa hum yatakhāfatūn(a).
[23]
Mangka kabeh podo menyang ambi bisik-bisik.
اَنْ لَّا يَدْخُلَنَّهَا الْيَوْمَ عَلَيْكُمْ مِّسْكِيْنٌۙ٢٤
Allā yadkhulannahal-yauma ‘alaikum miskīn(un).
[24]
Pas dino iki aja hampek ana uwong melarat melbu nang kebonaniro kabeh.
وَّغَدَوْا عَلٰى حَرْدٍ قٰدِرِيْنَ٢٥
Wa gadau ‘alā ḥardin qādirīn(a).
[25]
Lan podo mlaku isuk-isuk ambi niat ngalang-ngalangi (uwong melarat), podohal yane kabeh iku biso nulungi (uwong melarat mau).
فَلَمَّا رَاَوْهَا قَالُوْٓا اِنَّا لَضَاۤلُّوْنَۙ٢٦
Falammā ra'auhā qālū innā laḍāllūn(a).
[26]
Rikolane yane deleng kebonan mahu, yane ngomong: Saktemene awak dhewek benerbener uwong hang kesasar (dalan)”.
بَلْ نَحْنُ مَحْرُوْمُوْنَ٢٧
Bal naḥnu maḥrūmūn(a).
[27]
Sampek awak dhewek dihalangi (teka oleh hasile). 815
815) Wong akeh ngomong iki sakwise yane yakin saktemene hang dideleng wong akeh iku kebonane dewek
قَالَ اَوْسَطُهُمْ اَلَمْ اَقُلْ لَّكُمْ لَوْلَا تُسَبِّحُوْنَ٢٨
Qāla ausaṭuhum alam aqul lakum lau lā tusabbiḥūn(a).
[28]
Salah sijine uwong hang paling apik diantarane uwong akeh iku ngomong: apa hing ngerti isun wes ngomong nang iro: Apike iro tasbih nang (Gusti Alloh)?”. 816
816) Hang dimaksud tasbih nang Pengeran: yaiku nyukuri nikmat Pengeran lan heng niat hang nyimpang ambi perintahe Pengeran, koyo niat heng arep nguwani wong melarat
قَالُوْا سُبْحٰنَ رَبِّنَآ اِنَّا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٢٩
Qālū subḥāna rabbinā innā kunnā ẓālimīn(a).
[29]
Uwong akeh podo ngomong: Maha Suci Pengeranisun saktemene awak dhewek termasuk uwong hang dholim”.
فَاَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ يَّتَلَاوَمُوْنَ٣٠
Fa'aqbala ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍiy yatalāwamūn(a).
[30]
Terus sebagiane uwong akeh mahu adepadepan ambi liyane ambi wadan-wadanan
قَالُوْا يٰوَيْلَنَآ اِنَّا كُنَّا طٰغِيْنَ٣١
Qālū yā wailanā innā kunnā ṭāgīn(a).
[31]
Uwong akeh mahu ngomong: aduh, cilaka awak dhewek iki, saktemene awak dhewek iki uwong hang keliwat”.
عَسٰى رَبُّنَآ اَنْ يُّبْدِلَنَا خَيْرًا مِّنْهَآ اِنَّآ اِلٰى رَبِّنَا رٰغِبُوْنَ٣٢
‘Asā rabbunā ay yubdilanā khairam minhā innā ilā rabbinā rāgibūn(a).
[32]
Muga-muga Pengerane awak dhewek nguweni ganti nang awak dhewek ambi kebonan hang luwih apik teka kebonan hang mahu, saktemene awak dhewek ngarepaken sepura teka Pengeran awak dhewek.
كَذٰلِكَ الْعَذَابُۗ وَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَكْبَرُۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٣٣
Każālikal-‘ażāb(u), wa la‘ażābul-ākhirati akbar(u), lau kānū ya‘lamūn(a).
[33]
Gedigulah adzabe dunya, lan saktemene adzab aherat iku luwih gedhi lamuna uwong akeh podo eruh. 817.
817) Alloh nerangno: saktemene Gusti Alloh Nguwani ujian wong-wong Mekkah ambi nikmat-nikmat, dienngo ngeweruhi opo wong akeh iku syukur opo oseng Koyok Alloh wes nyobak hang duwe kebonan, koyok hang wes diterangno ayat 17-33, akhire hang duwe kebonan iku sadar lan rtobat nang Gusti Alloh. Koyok wong-wong Mekkah sadar lan tobat terus melbu Islam sakwise kota Mekkah dikuasai (Fathu Makkah)
اِنَّ لِلْمُتَّقِيْنَ عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِ٣٤
Inna lil-muttaqīna ‘inda rabbihim jannātin-na‘īm(i).
[34]
Saktemene dienggo wong-wong hang takwa dicepakaken surge hang wakeh kenikmatan nang ngersane Pengeran.
اَفَنَجْعَلُ الْمُسْلِمِيْنَ كَالْمُجْرِمِيْنَۗ٣٥
Afanaj‘alul-muslimīna kal-mujrimīn(a).
[35]
Mongko apa pantes Isun dadekaken wongwong Islam iku podo ambi wong-wong hang akeh dusane (wong-wong Kafir )? 818
818) Maksude: padha balesane hang disediakno Gusti Alloh dienggo wong akeh dewek-dewek.
مَا لَكُمْۗ كَيْفَ تَحْكُمُوْنَۚ٣٦
Mā lakum, kaifa taḥkumūn(a).
[36]
Apuwa iro kabeh ngelakoni (hang gedigu). Kelendi siro kabeh arep mutusaken?
اَمْ لَكُمْ كِتٰبٌ فِيْهِ تَدْرُسُوْنَۙ٣٧
Am lakum kitābun fīhi tadrusūn(a).
[37]
Utawa apa siro kabeh duwe kitab (hang didunaken Gusti Alloh) hang iro woco?
اِنَّ لَكُمْ فِيْهِ لَمَا تَخَيَّرُوْنَۚ٣٨
Inna lakum fīhi lamā takhayyarūn(a).
[38]
Saktemene nang jerone kitab mahu iro kabeh keneng milih paran hang iro kabeh demeni?
اَمْ لَكُمْ اَيْمَانٌ عَلَيْنَا بَالِغَةٌ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِۙ اِنَّ لَكُمْ لَمَا تَحْكُمُوْنَۚ٣٩
Am lakum aimānun ‘alainā bāligatun ilā yaumil-qiyāmah(ti), inna lakum lamā taḥkumūn(a).
[39]
Utawa opo iro kabeh oleh janji-janji hang dikuwati ambi sumpah nyang Isun, hang teka hampek gaduk dino kiamat, saktemene iro kabeh bener-bener bisa mutusaken (sak karepe dhewek)?
سَلْهُمْ اَيُّهُمْ بِذٰلِكَ زَعِيْمٌۚ٤٠
Salhum ayyuhum biżālika za‘īm(un).
[40]
Takono nang uwong akeh sapa antarane uwong akeh hang tanggung jawab ambi keputusan hang wes dijuwut iku?
اَمْ لَهُمْ شُرَكَاۤءُۚ فَلْيَأْتُوْا بِشُرَكَاۤىِٕهِمْ اِنْ كَانُوْا صٰدِقِيْنَ٤١
Am lahum syurakā'(u), falya'tū bisyurakā'ihim in kānū ṣādiqīn(a).
[41]
Utowo apa uwong akeh duwe kanca-kanca? Mangkane pantese uwong akeh mahu kudune nekakaken kanca-kancane kapan pancen pancen wong-wong iku hang bener
يَوْمَ يُكْشَفُ عَنْ سَاقٍ وَّيُدْعَوْنَ اِلَى السُّجُوْدِ فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَۙ٤٢
Yauma yuksyafu ‘an sāqiw wa yud‘auna ilas-sujūdi falā yastaṭī‘ūn(a).
[42]
Pas dino pucuke sikil bagian buri diplinsingaken 819 lan uwong akeh diceluk kon sujud mangka uwong akeh iku hing kuat (sujud). 820
819) Hang dimaksud bagian sikil buri diplingsingaken: yaiku gambaraken keadaane wong hang keweden hang arep melayu teko rame-ramene dino kiamat
820) Wong akeh dikongkon sujud iku dienggo nguji keimanane yane, padhahal wong akeh iku heng sanggup maning kerana persendian belung-belunge wes heng kuwat lan wes keneng adzab.
خَاشِعَةً اَبْصَارُهُمْ تَرْهَقُهُمْ ذِلَّةٌ ۗوَقَدْ كَانُوْا يُدْعَوْنَ اِلَى السُّجُوْدِ وَهُمْ سٰلِمُوْنَ٤٣
Khāsyi‘atan abṣāruhum tarhaquhum żillah(tun), wa qad kānū yud‘auna ilas-sujūdi wa hum sālimun(a).
[43]
(Pas keadaan) peningale uwong akeh mahu wes tunduk mengisor, hang ketibanan ina pisan. Saktemene yane bengen nang dunya tau dikongkon sujud pas waktu iku keadaane mageh enak. 821
821) Maksude: saktemene yane duwe kesempatan ngelakoni sujud tapi yane heng gelem ngelakoni.
فَذَرْنِيْ وَمَنْ يُّكَذِّبُ بِهٰذَا الْحَدِيْثِۗ سَنَسْتَدْرِجُهُمْ مِّنْ حَيْثُ لَا يَعْلَمُوْنَۙ٤٤
Fażarnī wa may yukażżibu bihāżal-ḥadīṡi sanastadrijuhum min ḥaiṡu lā ya‘lamūn(a).
[44]
Mangka serahno (he Muhammad) nang Isun (urusane) wong-wong hang dngarani ngapus nyang omongan iki (Al- Qur’an). Kesok arep Isun lulu uwong akeh mahu (hampek ajur) teka endi baen arah hang hing dieruhi.
وَاُمْلِيْ لَهُمْۗ اِنَّ كَيْدِيْ مَتِيْنٌ٤٥
Wa umlī lahum, inna kaidī matīn(un).
[45]
Lan Isun ulur-ulur nang yane kabeh, Saktemene rencana Isun iku kuwat.
اَمْ تَسْـَٔلُهُمْ اَجْرًا فَهُمْ مِّنْ مَّغْرَمٍ مُّثْقَلُوْنَۚ٤٦
Am tas'aluhum ajran fahum mim magramim muṡqalūn(a).
[46]
Apa iro jaluk upah nang uwong akeh, hampek-hampek uwong akeh mau kabotan ambi utang?
اَمْ عِنْدَهُمُ الْغَيْبُ فَهُمْ يَكْتُبُوْنَ٤٧
Am ‘indahumul-gaibu fahum yaktubūn(a).
[47]
Utawa uwong akeh mahu duweni ilmu ghaib terusane yane kabeh podo nulis (paran hang yane kabeh tetepaken)?
فَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ وَلَا تَكُنْ كَصَاحِبِ الْحُوْتِۘ اِذْ نَادٰى وَهُوَ مَكْظُوْمٌۗ٤٨
Faṣbir liḥukmi rabbika wa lā takun kaṣāḥibil-ḥūt(i), iż nādā wa huwa makẓūm(un).
[48]
Mangka sabara siro (he Muhammad) nang ketetepane Pengeran lan riko aja dadi kaya uwong hang nyang jerone (weteng) iwak nun (nabi Yunus) pas waktune yane dungo, ambi ngamuk (nang kaume).
لَوْلَآ اَنْ تَدٰرَكَهٗ نِعْمَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖ لَنُبِذَ بِالْعَرَاۤءِ وَهُوَ مَذْمُوْمٌ٤٩
Lau lā an tadārakahū ni‘matum mir rabbihī lanubiża bil-‘arā'i wa huwa mażmūm(un).
[49]
Kapan sekirone yane hing cepet-cepet oleh ni’mat teka Pengerane, bener-bener yane diuncalaken nang lemah hang garing sedeng deweke dadi wong ina.
فَاجْتَبٰىهُ رَبُّهٗ فَجَعَلَهٗ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ٥٠
Fajtabāhu rabbuhū faja‘alahū minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[50]
Terus Pengerane milih lan dadekaken Yunus dadi kelebu uwong hang sholeh.
وَاِنْ يَّكَادُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَيُزْلِقُوْنَكَ بِاَبْصَارِهِمْ لَمَّا سَمِعُوا الذِّكْرَ وَيَقُوْلُوْنَ اِنَّهٗ لَمَجْنُوْنٌ ۘ٥١
Wa iy yakādul-lażīna kafarū layuzliqūnaka bi'abṣārihim lammā sami‘uż żikra wa yaqūlūna innahū lamajnūn(un).
[51]
Saktemene uwong-uwong kafir iku benerbener meh neblukaken iro ambi omonganomongane, rikolane uwong akeh mahu podo rungu Al-Qur’an, yane ngomong: Saktemene uwong iku (Muhammad) benerbener edan. 822
822) Nurut kebiasane hang terjadi nang tanah Arab, wong biso nyelokoni hewan lan menungso ambi nunjukno moto hang landep. Kelakuan iki pisan hang arep diarahno nang Nabi Muhammad, tapi Gusti Alloh Nyelametno, sehinggo selamet teko bahaya iku. Koyok hang wes dijanjekno nang surat Al-Maidah ayat 67, kekuatan mendelike moto iku pas saiki dikenal ambi hypnotisme.
وَمَا هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعٰلَمِيْنَ ࣖ٥٢
Wa mā huwa illā żikrul lil-‘ālamīn(a).
[52]
Lan Al-Qur’an iku hing liya cumak dadi pengenget dienggo kabehe umat