Surah Al-Mumtahanah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوْا عَدُوِّيْ وَعَدُوَّكُمْ اَوْلِيَاۤءَ تُلْقُوْنَ اِلَيْهِمْ بِالْمَوَدَّةِ وَقَدْ كَفَرُوْا بِمَا جَاۤءَكُمْ مِّنَ الْحَقِّۚ يُخْرِجُوْنَ الرَّسُوْلَ وَاِيَّاكُمْ اَنْ تُؤْمِنُوْا بِاللّٰهِ رَبِّكُمْۗ اِنْ كُنْتُمْ خَرَجْتُمْ جِهَادًا فِيْ سَبِيْلِيْ وَابْتِغَاۤءَ مَرْضَاتِيْ تُسِرُّوْنَ اِلَيْهِمْ بِالْمَوَدَّةِ وَاَنَا۠ اَعْلَمُ بِمَآ اَخْفَيْتُمْ وَمَآ اَعْلَنْتُمْۗ وَمَنْ يَّفْعَلْهُ مِنْكُمْ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاۤءَ السَّبِيْلِ١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattakhiżū ‘aduwwī wa ‘aduwwakum auliyā'a tulqūna ilaihim bil-mawaddati wa qad kafarū bimā jā'akum minal-ḥaqq(i), yukhrijūnar-rasūla wa iyyākum an tu'minū billāhi rabbikum, in kuntum kharajtum jihādan fī sabīlī wabtigā'a marḍātī tusirrūna ilaihim bil-mawaddah(ti), wa ana a‘lamu bimā akhfaitum wa mā a‘lantum, wa may yaf‘alhu minkum faqad ḍalla sawā'as-sabīl(i).
[1]
Hei wong-wong kang iman, ojo sampe siro ndadekaken musuh ison lan musuh siro koyo konco-konco setia niro sampek iro ngomong kambi wongiku (cerita-cerito Muhammad) sebabe roso welas asih; padahal wongwong iku ingkar kambi kebeneran kang disampekaken kambi siro.wong-wong iku ngoser Rasul lan iro dewek (Teko Mekkah , sebabe iro iman kambi Alloh, pengeran siro. Kadung siro bener-bener metu arep jihad kambi dalane Alloh lan kambi golek ridlone Alloh ( ojo siro gawe amal koyo gedigu ) siro nyeritakaken coro rahasia, (cerito-cerito Muhammad ) kambi wong-wong iku,sebabe roso welas asih ,lan Alloh luwih weruh paren kang iro sengidakaken lan weruh paren kang iro katokaken. lan sopo baen antara niro kang ngelakoni, mongko wong iku wes kesasar teko dalan hang kenceng.
اِنْ يَّثْقَفُوْكُمْ يَكُوْنُوْا لَكُمْ اَعْدَاۤءً وَّيَبْسُطُوْٓا اِلَيْكُمْ اَيْدِيَهُمْ وَاَلْسِنَتَهُمْ بِالسُّوْۤءِ وَوَدُّوْا لَوْ تَكْفُرُوْنَۗ٢
Iy yaṡqafūkum yakūnū lakum a‘dā'aw wa yabsuṭū ilaikum aidiyahum wa alsinatahum bis-sū'i wa waddū lau takfurūn(a).
[2]
Kadong wong-wong iku nangkep siro, kadung gedigu wong-wong iku musuh siro terus lepas tangan kambi omongane kambi siro kanggo nyakiti lan wong-wong iku kepingin kambi siro kabeh dadi kafir.
لَنْ تَنْفَعَكُمْ اَرْحَامُكُمْ وَلَآ اَوْلَادُكُمْ ۛيَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۛيَفْصِلُ بَيْنَكُمْۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٣
Lan tanfa‘akum arḥāmukum wa lā aulādukum yaumal-qiyāmati yafṣilu bainakum, wallāhu bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[3]
Wong-wong lan dulur siro lan anak-anak siro seng bakal manfaat kanggo siro neng dino kiyamat.Alloh arep misahaken antaraniro Lan Alloh banget ningali paren kang iro lakoni
قَدْ كَانَتْ لَكُمْ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ فِيْٓ اِبْرٰهِيْمَ وَالَّذِيْنَ مَعَهٗۚ اِذْ قَالُوْا لِقَوْمِهِمْ اِنَّا بُرَءٰۤؤُا مِنْكُمْ وَمِمَّا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۖ كَفَرْنَا بِكُمْ وَبَدَا بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمُ الْعَدَاوَةُ وَالْبَغْضَاۤءُ اَبَدًا حَتّٰى تُؤْمِنُوْا بِاللّٰهِ وَحْدَهٗٓ اِلَّا قَوْلَ اِبْرٰهِيْمَ لِاَبِيْهِ لَاَسْتَغْفِرَنَّ لَكَ وَمَآ اَمْلِكُ لَكَ مِنَ اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍۗ رَبَّنَا عَلَيْكَ تَوَكَّلْنَا وَاِلَيْكَ اَنَبْنَا وَاِلَيْكَ الْمَصِيْرُ٤
Qad kānat lakum uswatun ḥasanatun fī ibrāhīma wal-lażīna ma‘ah(ū), iż qālū liqaumihim innā bura'ā'u minkum wa mimmā ta‘budūna min dūnillāh(i), kafarnā bikum wa badā bainanā wa bainakumul-‘adāwatu wal-bagḍā'u abadan ḥattā tu'minū billāhi waḥdahū illā qaula ibrāhīma li'abīhi la'astagfiranna laka wa mā amliku laka minallāhi min syai'(in), rabbanā ‘alaika tawakkalnā wa ilaika anabnā wa ilaikal-maṣīr(u).
[4]
Bener-bener wes ono contoh kang apik kanggo siro ning (Awake Ibrohim) lan wongwong kang bareng siro, naliko wong-wong iku ngomong kambi kelompoke “ saktemene eson wes metu teko siro lan paren baen kang iro sembah kejobo Alloh ,eson ngingkari siro lan wes jelas antara eson kambi siro ono musuan lan seng cocog sak lawas-lawase sampe siro beriman kambi Alloh baen.” kejobo emongane Ibrohim kambi bapae,” (ojo siro tiru) “ bener-bener eson njalukaken ngapuro kanggo sampean ,tapi eson seng biso nolak ( siksaan ) Alloh kangge ndiko “ (Ibrohim ngendiko) “ doh pengeran kula , cukup kaleh ndiko kula pasrah, cukup kaleh ndiko kula tobat , cukup kaleh ndiko kula kembali.
رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا فِتْنَةً لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَاغْفِرْ لَنَا رَبَّنَاۚ اِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٥
Rabbanā lā taj‘alnā fitnatal lil-lażīna kafarū wagfir lanā rabbanā, innaka antal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[5]
“Duh Pengeran kulo! sampon ndiko dadosaken kulo (sasaran) fitnah kangge tiyang-tiyang kafir. Lan sampean sepuro kulo. “doh Pengeran kulo saktemene panjenengan banget kuate lan bijaksanane”.
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْهِمْ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَۗ وَمَنْ يَّتَوَلَّ فَاِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ ࣖ٦
Laqad kāna lakum fīhim uswatun ḥasanatul liman kāna yarjullāha wal-yaumal-ākhir(a), wa may yatawalla fa'innallāha huwal-ganiyyul-ḥamīd(u).
[6]
Saktemene wong-wong iku (Ibrohim lan umate) dadi contoh kang apik kanggo siro yoiku kanggo wong kang kepingin nggolek ganjarane Alloh lan (keselametan) dino kiamat, sopo wonge kang melengos, mongko saktemene Allohlah kang banget sugihe,banget terpujine.
۞ عَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّجْعَلَ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَ الَّذِيْنَ عَادَيْتُمْ مِّنْهُمْ مَّوَدَّةًۗ وَاللّٰهُ قَدِيْرٌۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٧
‘Asallāhu ay yaj‘ala bainakum wa bainal-lażīna ‘ādaitum minhum mawaddah(tan), wallāhu qadīr(un), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[7]
Mugo-mugo Gusti Alloh ndadekaken welas asih antara niro kambi wong-wong kang musuhi siro Alloh banget mampune. Lan Alloh banget nyepurane Lan Banget sayange.
لَا يَنْهٰىكُمُ اللّٰهُ عَنِ الَّذِيْنَ لَمْ يُقَاتِلُوْكُمْ فِى الدِّيْنِ وَلَمْ يُخْرِجُوْكُمْ مِّنْ دِيَارِكُمْ اَنْ تَبَرُّوْهُمْ وَتُقْسِطُوْٓا اِلَيْهِمْۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِيْنَ٨
Lā yanhākumullāhu ‘anil-lażīna lam yuqātilūkum fid-dīni wa lam yukhrijūkum min diyārikum an tabarrūhum wa tuqsiṭū ilaihim, innallāha yuḥibbul-muqsiṭīn(a).
[8]
Alloh seng nguwel kambi siro gawe apik lan gawe adil kambi wong kang seng musuhi siro masalah urusan agama lan seng osir siro teko kampung halaman siro. Saktemene Alloh seneng kambi wong-wong kang berbuat adil.
اِنَّمَا يَنْهٰىكُمُ اللّٰهُ عَنِ الَّذِيْنَ قَاتَلُوْكُمْ فِى الدِّيْنِ وَاَخْرَجُوْكُمْ مِّنْ دِيَارِكُمْ وَظَاهَرُوْا عَلٰٓى اِخْرَاجِكُمْ اَنْ تَوَلَّوْهُمْۚ وَمَنْ يَّتَوَلَّهُمْ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ٩
Innamā yanhākumullāhu ‘anil-lażīna qātalūkum fid-dīni wa akhrajūkum min diyārikum wa ẓāharū ‘alā ikhrājikum an tawallauhum, wa may yatawallahum fa'ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[9]
Saktemene Alloh gur ngelarang siro ndadekaken wong-wong iku dadi konco siro wong-wong kang ngelawan kambi siro masalah urusan agama lan ngusir siro teko kampung halaman siro lan mbantu (wong liyo) kanggo ngusir siro. Sopo bain kang ndadekaken wong-wong iku dadi koncone wong-wong iku termasuk wong-wong dzalim.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا جَاۤءَكُمُ الْمُؤْمِنٰتُ مُهٰجِرٰتٍ فَامْتَحِنُوْهُنَّۗ اَللّٰهُ اَعْلَمُ بِاِيْمَانِهِنَّ فَاِنْ عَلِمْتُمُوْهُنَّ مُؤْمِنٰتٍ فَلَا تَرْجِعُوْهُنَّ اِلَى الْكُفَّارِۗ لَا هُنَّ حِلٌّ لَّهُمْ وَلَا هُمْ يَحِلُّوْنَ لَهُنَّۗ وَاٰتُوْهُمْ مَّآ اَنْفَقُوْاۗ وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ اَنْ تَنْكِحُوْهُنَّ اِذَآ اٰتَيْتُمُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّۗ وَلَا تُمْسِكُوْا بِعِصَمِ الْكَوَافِرِ وَسْـَٔلُوْا مَآ اَنْفَقْتُمْ وَلْيَسْـَٔلُوْا مَآ اَنْفَقُوْاۗ ذٰلِكُمْ حُكْمُ اللّٰهِ ۗيَحْكُمُ بَيْنَكُمْۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ١٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā jā'akumul-mu'minātu muhājirātin famtaḥinūhunn(a), allāhu a‘lamu bi'īmānihinna fa'in ‘alimtumūhunna mu'minātin falā tarji‘ūhunna ilal-kuffār(i), lā hunna ḥillul lahum wa lā hum yaḥillūna lahunn(a), wa ātūhum mā anfaqū, wa lā junāḥa ‘alaikum an tankiḥūhunna iżā ātaitumūhunna ujūrahunn(a), wa lā tumsikū bi‘iṣamil-kawāfiri was'alū mā anfaqū, żālikum ḥukmullāh(i), yaḥkumu bainakum, wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[10]
Hei wong-wong wadon mukmin! kadong wong wadon-wadon mukmin teko hijrah kambi siro, mongko saktemene ujinen solong keimanane wong-wong iku. Alloh banget mersani masalah keimanane wong-wong iku; kadung siro wes weruh saktemene wong-wong iku (bener-bener) beriman mongko ojo siro balekaken wongwong iku kambi wong kafir ( laki-lakine wong-wong iku) wong-wong iku seng halal kanggone wong-wong kafir iku lan wongwong kafir iku seng halal kanggo wong-wong wadon mukmin.Lan wakno kambi (kang lanang) wong-wong iku mahar kang wes diwakaken wong-wong iku. Lan sengono duso kanggo siro ngawini wong-wong iku kadong siro mbayar mahar kambi wongwong iku. Lan siro ojo tetep gandolan kambi tali pernikahan kambi wong-wong wadon kang kafir; lan apike siro njaluk balek mahar kang wes siro wakaken; lan kadung lakiniro mageh kafir wakno wong-wong iku njaluk mahare maneng kang wes dibayar kambi mantan wadone kang wes iman. iku kabeh mau hukum Alloh kang wes ditetepaken neng antara siro. Lan Alloh banget ningali, lan wicaksana.
وَاِنْ فَاتَكُمْ شَيْءٌ مِّنْ اَزْوَاجِكُمْ اِلَى الْكُفَّارِ فَعَاقَبْتُمْ فَاٰتُوا الَّذِيْنَ ذَهَبَتْ اَزْوَاجُهُمْ مِّثْلَ مَآ اَنْفَقُوْاۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِيْٓ اَنْتُمْ بِهٖ مُؤْمِنُوْنَ١١
Wa in fātakum syai'um min azwājikum ilal-kuffāri fa‘āqabtum fa'ātul-lażīna żahabat azwājuhum miṡla mā anfaqū, wattaqullāhal-lażī antum bihī mu'minūn(a).
[11]
Kadong onok masalah (mbalekaken mahar) kang dorong siro marekaken teko rabinrabiniro kang melayu kambi wong-wong kafir, terus siro biso ngalahaken kambi wong iku mongko wakno barang rampasan kambi wong-wong kang rabine melayu iku sak akehe mahar kang wes diwakaken wongiku, lan wediyo siro kambi Gusti Alloh hang siro beriman.
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اِذَا جَاۤءَكَ الْمُؤْمِنٰتُ يُبَايِعْنَكَ عَلٰٓى اَنْ لَّا يُشْرِكْنَ بِاللّٰهِ شَيْـًٔا وَّلَا يَسْرِقْنَ وَلَا يَزْنِيْنَ وَلَا يَقْتُلْنَ اَوْلَادَهُنَّ وَلَا يَأْتِيْنَ بِبُهْتَانٍ يَّفْتَرِيْنَهٗ بَيْنَ اَيْدِيْهِنَّ وَاَرْجُلِهِنَّ وَلَا يَعْصِيْنَكَ فِيْ مَعْرُوْفٍ فَبَايِعْهُنَّ وَاسْتَغْفِرْ لَهُنَّ اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٢
Yā ayyuhan-nabiyyu iżā jā'akal-mu'minātu yubāyi‘naka ‘alā allā yusyrikna billāhi syai'aw wa lā yasriqna wa lā yaznīna wa lā yaqtulna aulādahunna wa lā ya'tīna bibuhtāniy yaftarīnahū baina aidīhinna wa arjulihinna wa lā ya‘ṣīnaka fī ma‘rūfin fabāyi‘hunna wastagfir lahunnallāh(a), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[12]
Wahai Nabi! Kadung wong-wong wadon kang iman iku dugi teng Panjenengan ajenge baiat (janji setia) yen tiyang-tiyang niku mboten purun nyekutokaken nopo mawon kaleh Gusti Alloh; sengarep nyolong, sengarep zino, sengarep mateni anak-anake ,sengarep ngapusi, kang dionok-onokaken antara tangan lan sikile wong-wong iku,lan seng bakalan duroko kaleh panjenengan teng urusan kang sae , mongko sampean terimo janji setiane tiyang niku, sampean jalukaken sepuro kangge tiyang niku teng Gusti Alloh, yen saktemene Alloh niku banget ngapurone, banget kasih sayange.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَوَلَّوْا قَوْمًا غَضِبَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ قَدْ يَىِٕسُوْا مِنَ الْاٰخِرَةِ كَمَا يَىِٕسَ الْكُفَّارُ مِنْ اَصْحٰبِ الْقُبُوْرِ ࣖ١٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tatawallau qauman gaḍiballāhu ‘alaihim qad ya'isū minal-ākhirati kamā ya'isal-kuffāru min aṣḥābil-qubūr(i).
[13]
He wong-wong kang iman !ojo didadekaken wong-wong kang dimurkai Alloh dadi konconiro , yen setuhune wong-wong iku wes putus asa kambi akhirat koyo dene wong-wong kafir kang wes ono neng alam kubur yo putus asa pisan