Surah Al-Mujadilah

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قَدْ سَمِعَ اللّٰهُ قَوْلَ الَّتِيْ تُجَادِلُكَ فِيْ زَوْجِهَا وَتَشْتَكِيْٓ اِلَى اللّٰهِ ۖوَاللّٰهُ يَسْمَعُ تَحَاوُرَكُمَاۗ اِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌۢ بَصِيْرٌ١
Qad sami‘allāhu qaulal-latī tujādiluka fī zaujihā wa tasytakī ilallāh(i), wallāhu yasma‘u taḥāwurakumā, innallāha samī‘um baṣīr(un).
[1] Saktemene Gusti Alloh wes rungu wadulane wong -wadon hang ngajokaken gugatan kambi sirok (Muhammad ) masalah rabine, lan wadul kambi Gusti Alloh, lan Gusti Alloh wes rungu jawabane antara nirok wong loro, saktemene Gusti Alloh banget Midangetaken lan banget ningali .

اَلَّذِيْنَ يُظٰهِرُوْنَ مِنْكُمْ مِّنْ نِّسَاۤىِٕهِمْ مَّا هُنَّ اُمَّهٰتِهِمْۗ اِنْ اُمَّهٰتُهُمْ اِلَّا الّٰۤـِٔيْ وَلَدْنَهُمْۗ وَاِنَّهُمْ لَيَقُوْلُوْنَ مُنْكَرًا مِّنَ الْقَوْلِ وَزُوْرًاۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَعَفُوٌّ غَفُوْرٌ٢
Allażīna yuẓāhirūna minkum min nisā'ihim mā hunna ummahātihim, in ummahātuhum illal-lā'ī waladnahum, wa innahum layaqūlūna munkaram minal-qauli wa zūrā(n), wa innallāha la‘afuwwun gafūr(un).
[2] Wong-wong hang hang nyingkriaken “ziharkan” wong wadone (nganggep kang wadon koyok emae) ning antaraniro. Wong wadone wong-wong iku sing emae. Wong wadone wong-wong iku heng ono liyo wong wadon hang ngelahirno. Saktemene riko bener-bener ngomongaken omongan kang elek lan ngapos. Lan saktemene Alloh kang paling ma’afaken lan paleng nyepurok

وَالَّذِيْنَ يُظٰهِرُوْنَ مِنْ نِّسَاۤىِٕهِمْ ثُمَّ يَعُوْدُوْنَ لِمَا قَالُوْا فَتَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّتَمَاۤسَّاۗ ذٰلِكُمْ تُوْعَظُوْنَ بِهٖۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ٣
Wal-lażīna yuẓāhirūna min nisā'ihim ṡumma ya‘ūdūna limā qālū fa taḥrīru raqabatim min qabli ay yatamāssā, żālikum tū‘aẓūna bih(ī), wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[3] Wong-wong kang “ziharkan” wadone, terus wong iku arep narek maneng paren hang diomongaken, mongko kudu mbebasaken budak sedurunge hang lanang lan hang wadon ngumpuli maneng.ikilah hang diajaraken kambi siro, Lan Alloh wes weroh banget paren hang siro lakoni.

فَمَنْ لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ شَهْرَيْنِ مُتَتَابِعَيْنِ مِنْ قَبْلِ اَنْ يَّتَمَاۤسَّاۗ فَمَنْ لَّمْ يَسْتَطِعْ فَاِطْعَامُ سِتِّيْنَ مِسْكِيْنًاۗ ذٰلِكَ لِتُؤْمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖۗ وَتِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ ۗوَلِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٤
Famal lam yajid faṣiyāmu syahraini mutatābi‘aini min qabli ay yatamāssā, famal lam yastaṭi‘ fa iṭ‘āmu sittīna miskīnā(n), żālika litu'minū billāhi wa rasūlih(ī), wa tilka ḥudūdullāh(i), wa lil-kāfirīna ‘ażābun alīm(un).
[4] Sopo baen hang sengoleh (budak) yoiku kudu puwosok rongulan terus-terusan sedurunge wong loro iku ngumpuli maneng .yaiku sopo hang seng puwoso, kudu nguweni mangan suwidak wong melarat, supoyo siro percoyo kambi Alloh lan Utusane ,lan koyok gedigu hukum Alloh, lan kanggone wong kafir ono siksaan kang paling loro.

اِنَّ الَّذِيْنَ يُحَاۤدُّوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ كُبِتُوْا كَمَا كُبِتَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ وَقَدْ اَنْزَلْنَآ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍۗ وَلِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابٌ مُّهِيْنٌۚ٥
Innal-lażīna yuḥāddūnallāha wa rasūlahū kubitū kamā kubital-lażīna min qablihim wa qad anzalnā āyātim bayyināt(in), wa lil-kāfirīna ‘ażābum muhīn(un).
[5] Sak temene wong-wong hang nantang Alloh lan Utusane, pasti oleh keelekan koyo dene wong-wong kang sedurunge oleh kerendahan. sak temene Alloh wes mari ngedunaken bukti-bukti hang jelas. Lan kanggo wong-wong kafir ono siksaan kang hinokaken.

يَوْمَ يَبْعَثُهُمُ اللّٰهُ جَمِيْعًا فَيُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوْاۗ اَحْصٰىهُ اللّٰهُ وَنَسُوْهُۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ ࣖ٦
Yauma yab‘aṡuhumullāhu jamī‘an fa yunabbi'uhum bimā ‘amilū, aḥṣāhullāhu wa nasūh(u), wallāhu ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[6] Dino iku wong-wong kabeh di tangekaken Alloh, terus diceritakaken paren hang wes dilakoni wong-wong iku, Alloh ngitung (kabeh Amal kang dilakoni) walau wong iku wes lali kabeh. Lan Gusti Alloh maha nyaksekaken kabeh.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ مَا يَكُوْنُ مِنْ نَّجْوٰى ثَلٰثَةٍ اِلَّا هُوَ رَابِعُهُمْ وَلَا خَمْسَةٍ اِلَّا هُوَ سَادِسُهُمْ وَلَآ اَدْنٰى مِنْ ذٰلِكَ وَلَآ اَكْثَرَ اِلَّا هُوَ مَعَهُمْ اَيْنَ مَا كَانُوْاۚ ثُمَّ يُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوْا يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ اِنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ٧
Alam tara annallāha ya‘lamu mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), mā yakūnu min najwā ṡalāṡatin illā huwa rābi‘uhum wa lā khamsatin illā huwa sādisuhum wa lā adnā min żālika wa lā akṡara illā huwa ma‘ahum aina mā kānū, ṡumma yunabbi'uhum bimā ‘amilū yaumal-qiyāmah(ti), innallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[7] Opo siro seng ndeleng yen sak temene Alloh iku wes weruh kabeh hang ono neng langit lan hang ono neng bumi ? sengono bisikan sakliyone wong telu selain Alloh hang nomer papate ,lan sengono antara wong limo selain Alloh kang nomer eneme hing kurang teko iku utowo lebih akeh. Alloh pasti ono kambi wong iku nengdi baen riko ono , terus Alloh nyeritakaken dino qiyamat , paren kang wes wong-wong iku lakoni. Saktemene Alloh banget weruhe kambi paren baen

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ نُهُوْا عَنِ النَّجْوٰى ثُمَّ يَعُوْدُوْنَ لِمَا نُهُوْا عَنْهُ وَيَتَنٰجَوْنَ بِالْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَمَعْصِيَتِ الرَّسُوْلِۖ وَاِذَا جَاۤءُوْكَ حَيَّوْكَ بِمَا لَمْ يُحَيِّكَ بِهِ اللّٰهُ ۙوَيَقُوْلُوْنَ فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ لَوْلَا يُعَذِّبُنَا اللّٰهُ بِمَا نَقُوْلُۗ حَسْبُهُمْ جَهَنَّمُۚ يَصْلَوْنَهَاۚ فَبِئْسَ الْمَصِيْرُ٨
Alam tara ilal-lażīna nuhū ‘anin-najwā ṡummā ya‘ūdūna limā nuhū ‘anhu wa yatanājauna bil-iṡmi wal-‘udwāni wa ma‘ṣiyatir-rasūl(i), wa iżā jā'ūka ḥayyauka bimā lam yuḥayyika bihillāh(u), wa yaqūlūna fī anfusihim lau lā yu‘ażżibunallāhu bimā naqūl(u), ḥasbuhum jahannam(u), yaṣlaunahā, fa bi'sal-maṣīr(u).
[8] Nopo ndiko seng dileng kaleh tiyang Yahudi hang wes sengoleh ngelakoni bisik-bisikan,terus balek ngelakoni kelakoan hang wes dilarang kambi bisik-bisikan hang onokurusane kambi kelakoan duso, lan ceroboh ,duroko kambi Rasulullah, lan maneng kadung dugi kaleh ndiko ? wong iku uluk salam tapi seng ngango kambi lafad salam hormat kan diweni kaleh Alloh kambi ndiko ; lan wong-wong iku ngomong neng awake dewek ”apuo Alloh hing nyikso isun kabeh, ning paren baen hun kambi riko hang omongaken?” cukup wes kanggo wongwong iku neng neroko jahannam, hang wong-wong iku arep di obong neng jerone ; yoiku sak elek-eleke panggonan moleh.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا تَنَاجَيْتُمْ فَلَا تَتَنَاجَوْا بِالْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَمَعْصِيَتِ الرَّسُوْلِ وَتَنَاجَوْا بِالْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِيْٓ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā tanājaitum falā tatanājau bil-iṡmi wal-‘udwāni wa ma‘ṣiyatir-rasūli wa tanājau bil-birri wat-taqwā, wattaqullāhal-lażī ilaihi tuḥsyarūn(a).
[9] He wong-wong kang iman! (beriman) kadung siro arep ngomongaken rahasia ,siro ojo sampek ngomongaken duso, musuhan lan ngapusan kambi Rasul, lan ngomongno kang apik lan taqwo baen. Lan wediyo siro kambi Gusti Alloh ,kang mbesok riko arep dibalekaken. (neng dino kiamat kanggo dietong amal riko lan riko nerimo balesane).

اِنَّمَا النَّجْوٰى مِنَ الشَّيْطٰنِ لِيَحْزُنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَلَيْسَ بِضَاۤرِّهِمْ شَيْـًٔا اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ١٠
Innaman-najwā minasy-syaiṭāni liyaḥzunal-lażīna āmanū wa laisa biḍārrihim syai'an illā bi'iżnillāh(i), wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mu'minūn(a).
[10] Saktemene ngomong rahasia iku termasuk (kelakuane) syetan, supoyo wong-wong hang iman iku susah atine, sedang (omongan iku)sitik seng ngemeni musibah kambi wong-wong iku, kejobo ono ijine Alloh.lan semestine balike kambi Alloh,wong-wong kang iman lan pasrah.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا قِيْلَ لَكُمْ تَفَسَّحُوْا فِى الْمَجٰلِسِ فَافْسَحُوْا يَفْسَحِ اللّٰهُ لَكُمْۚ وَاِذَا قِيْلَ انْشُزُوْا فَانْشُزُوْا يَرْفَعِ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْكُمْۙ وَالَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ دَرَجٰتٍۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ١١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā qīla lakum tafassaḥū fil-majālisi fafsaḥū yafsaḥillāhu lakum, wa iżā qīlansyuzū fansyuzū yarfa‘illāhul-lażīna āmanū minkum, wal-lażīna ūtul-‘ilma darajāt(in), wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[11] He wong-wong kang iman! Kadung siro di omongi : dijaluk kon nguweni tempat kang wero teko tempat siro (kanggo wong liyo) yo lapang nok ,mongko Alloh arep nguweni kelapangan kambi siro. Lan kadung siro dikongkon ngadeg, ngadego siro Mangko Alloh arep duwuraken (derajate) wong kang iman antara niro lan wong-wong kang diweni pirang-pirang pangkat lan Alloh banget teliti paren kang siro lakoni

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا نَاجَيْتُمُ الرَّسُوْلَ فَقَدِّمُوْا بَيْنَ يَدَيْ نَجْوٰىكُمْ صَدَقَةً ۗذٰلِكَ خَيْرٌ لَّكُمْ وَاَطْهَرُۗ فَاِنْ لَّمْ تَجِدُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā nājaitumur-rasūla fa qaddimū baina yaday najwākum ṣadaqah(tan), żālika khairul lakum wa aṭhar(u), fa'illam tajidū fa innallāha gafūrur raḥīm(un).
[12] He wong-wong hang iman ! kadung siro kepingin ketemu lan takon ning Rasulullah, mongko riko kudu sedekah (kambi wong fakir miskin) sedurunge riko ketemu; (ngemeni sedekah) iku lebih apik kanggo siro lan lebih rijig. Mulo songko iku ,kadung siro seng duwe paren baen kang arep di sedekahaken (riko seng paren-paren ketemu), saktemene Alloh akeh ngapurone lan akeh welase.

ءَاَشْفَقْتُمْ اَنْ تُقَدِّمُوْا بَيْنَ يَدَيْ نَجْوٰىكُمْ صَدَقٰتٍۗ فَاِذْ لَمْ تَفْعَلُوْا وَتَابَ اللّٰهُ عَلَيْكُمْ فَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ ۗوَاللّٰهُ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ ࣖ١٣
A'asyfaqtum an tuqaddimū baina yaday najwākum ṣadaqāt(in), fa iż lam taf‘alū wa tāballāhu ‘alaikum fa'aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta wa aṭī‘ullāha wa rasūlah(ūwallāhu khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[13] Opo siro wedi kambi (kambi kemiskinan) sebabe sering kali siro nguweni sedekah sedurunge ketemu kambi Rasulullah ? Kadung siro seng ngelakoni (perintah) iku, lan Alloh wes nyepuro siro (kerano siro seng duwe), kadinek sembayango lan wakno zakat siro (koyo kang di wajibaken),serto manuto siro ning Alloh Lan Rasule. lan (ilingo), Alloh hang akeh Pengetahuane kanggo sekabehane kelakuan hang siro lakoni

۞ اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ تَوَلَّوْا قَوْمًا غَضِبَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْۗ مَا هُمْ مِّنْكُمْ وَلَا مِنْهُمْۙ وَيَحْلِفُوْنَ عَلَى الْكَذِبِ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ١٤
Alam tara ilal-lażīna tawallau qauman gaḍiballāhu ‘alaihim, mā hum minkum wa lā minhum, wa yaḥlifūna ‘alal-każibi wa hum ya‘lamūn(a).
[14] Opo siro seng weruh (kelendi eleke) wongwong hang koncoan akrap kambi wong kang di bendu Alloh (sebab kekafirane lan hianate) ? Wong-wong iku seng termasuk kelompok siro lan seng termasuk kelompok wong-wong iku (sebabe wong-wong iku golongane wong munafiq); lan wong-wong iku janji lan sering ngapusi janji sakjene wong iku wes weruh (saktemene wongwong iku ngapusi).

اَعَدَّ اللّٰهُ لَهُمْ عَذَابًا شَدِيْدًاۗ اِنَّهُمْ سَاۤءَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٥
A‘addallāhu lahum ‘ażāban syadīdā(n), innahum sā'a mā kānū ya‘malūn(a).
[15] Alloh wes nyiapaken kanggo wong –wong iku siksaan hang abot saktemene paling elek hang dilakoni kambi wong-wong iku

اِتَّخَذُوْٓا اَيْمَانَهُمْ جُنَّةً فَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ فَلَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ١٦
Ittakhażū aimānahum junnatan fa ṣaddū ‘an sabīlillāhi falahum ‘ażābum muhīn(un).
[16] Wong-wong iku ndadekaken janjine kanggo (nyelametaken awake dewek lan bondone ketimbang dirampas utowo dipateni), kadung seng gedigu seng biso ngalangi (awake dewek lan wong liyok) teko dalane Alloh. Kadung gedigu wong-wong iku oleh sekso hang ino.

لَنْ تُغْنِيَ عَنْهُمْ اَمْوَالُهُمْ وَلَآ اَوْلَادُهُمْ مِّنَ اللّٰهِ شَيْـًٔاۗ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۗ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ١٧
Lan tugniya ‘anhum amwāluhum wa lā aulāduhum minallāhi syai'ā(n), ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[17] Harta benda lan anake wong-wong iku, sitik sengonok gunane (kanggo nolong) teko siksane Alloh,wong-wong iku lah tempate neng neroko,wong-wong iku sak lawaslawase neng jerone neroko

يَوْمَ يَبْعَثُهُمُ اللّٰهُ جَمِيْعًا فَيَحْلِفُوْنَ لَهٗ كَمَا يَحْلِفُوْنَ لَكُمْ وَيَحْسَبُوْنَ اَنَّهُمْ عَلٰى شَيْءٍۗ اَلَآ اِنَّهُمْ هُمُ الْكٰذِبُوْنَ١٨
Yauma yab‘aṡuhumullāhu jamī‘an fa yaḥlifūna lahū kamā yaḥlifūna lakum wa yaḥsabūna annahum ‘alā syai'(in), alā innahum humul-kāżibūn(a).
[18] (Ilingok) kambi dino naliko wong-wong iku kabeh arep di tangekaken kambi Alloh terus wong-wong iku sumpah saktemene wongwong iku seng wong musyriq, koyo dene wong-wong iku sumpah teng panjenengan; lan wong-wong iku nyongko saktemene wong-wong iku arep oleh (manfa’at),weruho siro yen wong-wong iku tukang ngapusi.

اِسْتَحْوَذَ عَلَيْهِمُ الشَّيْطٰنُ فَاَنْسٰىهُمْ ذِكْرَ اللّٰهِ ۗ اُولٰۤىِٕكَ حِزْبُ الشَّيْطٰنِۗ اَلَآ اِنَّ حِزْبَ الشَّيْطٰنِ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ١٩
Istaḥważa ‘alaihimusy-syaiṭānu fa'ansāhum żikrallāh(i), ulā'ika ḥizbusy-syaiṭān(i), alā inna ḥizbasy-syaiṭāni humul-khāsirūn(a).
[19] Syaitan wes ngawasi supoyo wong-wong iku lali Ning Alloh; wong-wong iku koncone syeitan, weruho siro, saktemene koncone syeitan iku kelompok kang rugi.

اِنَّ الَّذِيْنَ يُحَاۤدُّوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗٓ اُولٰۤىِٕكَ فِى الْاَذَلِّيْنَ٢٠
Innal-lażīna yuḥāddūnallāha wa rasūlahū ulā'ika fil-ażallīn(a).
[20] Saktemene wong hang nentang (perintah) Alloh lan Rasule, wong-wong iku termasuk kelompok wong kang banget hinane.

كَتَبَ اللّٰهُ لَاَغْلِبَنَّ اَنَا۠ وَرُسُلِيْۗ اِنَّ اللّٰهَ قَوِيٌّ عَزِيْزٌ٢١
Kataballāhu la'aglibanna ana wa rusulī, innallāha qawiyyun ‘azīz(un).
[21] Alloh wes netepaken: “Saktemene isun lan Rasul-rasul isun tetep ngalahaken (kelompok hang nentang) “. saktemene Alloh Kuat banget, lan kuasa banget.

لَا تَجِدُ قَوْمًا يُّؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ يُوَاۤدُّوْنَ مَنْ حَاۤدَّ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَلَوْ كَانُوْٓا اٰبَاۤءَهُمْ اَوْ اَبْنَاۤءَهُمْ اَوْ اِخْوَانَهُمْ اَوْ عَشِيْرَتَهُمْۗ اُولٰۤىِٕكَ كَتَبَ فِيْ قُلُوْبِهِمُ الْاِيْمَانَ وَاَيَّدَهُمْ بِرُوْحٍ مِّنْهُ ۗوَيُدْخِلُهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ رَضِيَ اللّٰهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُۗ اُولٰۤىِٕكَ حِزْبُ اللّٰهِ ۗ اَلَآ اِنَّ حِزْبَ اللّٰهِ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ ࣖ٢٢
Lā tajidu qaumay yu'minūna billāhi wal-yaumil ākhiri yuwāddūna man ḥāddallāha wa rasūlahū wa lau kānū ābā'ahum au abnā'ahum au ikhwānahum au ‘asyīratahum, ulā'ika kataba fī qulūbihimul-īmāna wa ayyadahum birūḥim minh(u), wa yudkhiluhum jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, raḍiyallāhu ‘anhum wa raḍū ‘anh(u), ulā'ika ḥizbullāh(i), alā inna ḥizballāhi humul-mufliḥūn(a).
[22] Siro ( Muhammad) seng bakal oleh kambi ummat kang iman (beriman) kambi Alloh lan dino akhirat, saling kasih sayang kambi wong-wong kang nentang Alloh lan Utusane, walaupun wong-wong hang nentang iku bapak-bapae utowo anak -anake, utowo dulur dulure utowo keluargane, wong-wong ikulah hang wes di tandur Alloh kepercayaan lan Alloh wes nguwataken kambi wongwong iku nulungane hang teko kambi wong iku. terus wong-wong iku dilebokaken neng suwargo hang mili neng insore banyu, wongwong iku saklawase neng jerone (suwargo). Alloh ridho kambi wong-wong lan wongwong iku keroso puas kambi limpahan welas asihe Alloh,wong-wong ikulah golongane Alloh. Ilingo saktemene golongane Alloh ikulah golongan hang untung.