Surah Az-Zariyat
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالذّٰرِيٰتِ ذَرْوًاۙ١
Waż-żāriyāti żarwā(n).
[1]
Demi (angin) kang ngelamokaken lebu sak kuate.
فَالْحٰمِلٰتِ وِقْرًاۙ٢
Fal-ḥāmilāti wiqrā(n).
[2]
Demi (awan) kang ngandung udan.
فَالْجٰرِيٰتِ يُسْرًاۙ٣
Fal-jāriyāti yusrā(n).
[3]
Demi (kapal-kapal) kang berlayar gampang.
فَالْمُقَسِّمٰتِ اَمْرًاۙ٤
Fal-muqassimāti amrā(n).
[4]
Lan demi (malaikat-malaikat) kang bagibagi kabeh urusan.
اِنَّمَا تُوْعَدُوْنَ لَصَادِقٌۙ٥
Innamā tū‘adūna laṣādiq(un).
[5]
Saktemene paren kang wes dijanjekaken nang siro iku pasti bener.
وَّاِنَّ الدِّيْنَ لَوَاقِعٌۗ٦
Wa innad-dīna lawāqi‘(un).
[6]
Lan saktemene (dino) pembalesan pasti ono.
وَالسَّمَاۤءِ ذَاتِ الْحُبُكِۙ٧
Was-samā'i żātil-ḥubuk(i).
[7]
Demi langit kang duweni dalan-dalan kang kuat.
اِنَّكُمْ لَفِيْ قَوْلٍ مُّخْتَلِفٍۙ٨
Innakum lafī qaulim mukhtalif(in).
[8]
Saktemene hiro bener-bener dalam keadaan bedo pendapat.
يُّؤْفَكُ عَنْهُ مَنْ اُفِكَۗ٩
Yu'faku ‘anhu man ufik(a).
[9]
Wes didohaken teko (Al-Qur’an lan rosul) wong kang di palingaken.
قُتِلَ الْخَرَّاصُوْنَۙ١٠
Qutilal-kharrāṣūn(a).
[10]
Terkutuk wong-wong kang akeh goroh,
الَّذِيْنَ هُمْ فِيْ غَمْرَةٍ سَاهُوْنَۙ١١
Allażīna hum fī gamratin sāhūn(a).
[11]
(Yoiku) wong-wong kang ono neng jerone (kegoblogan) kang pas lali (teko urusan akhirat).
يَسْـَٔلُوْنَ اَيَّانَ يَوْمُ الدِّيْنِۗ١٢
Yas'alūna ayyāna yaumud-dīn(i).
[12]
Wong-wong iku takon” kapan dino pembalesan iku?”
يَوْمَ هُمْ عَلَى النَّارِ يُفْتَنُوْنَ١٣
Yauma hum ‘alan-nāri yuftanūn(a).
[13]
(Dino pembalasan iku) dino pas wong-wong iku disekso (di obong) nang jero neroko.
ذُوْقُوْا فِتْنَتَكُمْۗ هٰذَا الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تَسْتَعْجِلُوْنَ١٤
Żūqū fitnatakum, hāżal-lażī kuntum bihī tasta‘jilūn(a).
[14]
(Diomongaken ning wong-wong iku) rasakno azab iku. Iki azab kang bengen hiro jalok makne dicepetaken.
اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۙ١٥
Innal-muttaqīna fī jannātiw wa ‘uyūn(in).
[15]
Saktemene wong-wong kang taqwa ono neng njerone (surgo kang akeh) lan tamantaman neng telogo-telogo.
اٰخِذِيْنَ مَآ اٰتٰىهُمْ رَبُّهُمْ ۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَبْلَ ذٰلِكَ مُحْسِنِيْنَۗ١٦
Ākhiżīna mā ātāhum rabbuhum, innahum kānū qabla żālika muḥsinīn(a).
[16]
(Ning njerone surgo) wong-wong iku oleh juwut paren baen kang diwakakaken ning awake teko pengerane. Sak temene wong iku sedurunge (ning dunyo) yaiku wongwong kang ngelakoni apik.
كَانُوْا قَلِيْلًا مِّنَ الَّيْلِ مَا يَهْجَعُوْنَ١٧
Kānū qalīlam minal-laili mā yahja‘ūn(a).
[17]
Wong-wong iku mau sitik turune waktu bengi.
وَبِالْاَسْحَارِ هُمْ يَسْتَغْفِرُوْنَ١٨
Wa bil-asḥāri hum yastagfirūn(a).
[18]
Lan neng akhir bengi (fajar) wong-wong iku jaluk sepuro nang Gusti Alloh.
وَفِيْٓ اَمْوَالِهِمْ حَقٌّ لِّلسَّاۤىِٕلِ وَالْمَحْرُوْمِ١٩
Wa fī amwālihim ḥaqqul lis-sā'ili wal-maḥrūm(i).
[19]
Lan nang dunyone wong iku mau ono hake kanggo wong miskin kang jalok lan wong melarat kang heng njalok.
وَفِى الْاَرْضِ اٰيٰتٌ لِّلْمُوْقِنِيْنَۙ٢٠
Wa fil-arḍi āyātul lil-mūqinīn(a).
[20]
Lan neng bumi ono tondo-tondo (kebesarane Alloh) kanggo wong kang podo yakin.
وَفِيْٓ اَنْفُسِكُمْ ۗ اَفَلَا تُبْصِرُوْنَ٢١
Wa fī anfusikum, afalā tubṣirūn(a).
[21]
(Lan koyo iku pisan ono tondo-tondo kebesarane Alloh) nang awak siro dewek. Moko opotah siro heng merhatekaken?
وَفِى السَّمَاۤءِ رِزْقُكُمْ وَمَا تُوْعَدُوْنَ٢٢
Wa fis-samā'i rizqukum wa mā tū‘adūn(a).
[22]
Ning langit ono pisan (udan kang dadai sebab) rezekine siro lan ono (pisan) paren kang wes di janjekaken nang siro.
فَوَرَبِّ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ اِنَّهٗ لَحَقٌّ مِّثْلَ مَآ اَنَّكُمْ تَنْطِقُوْنَ ࣖ٢٣
Fa wa rabbis-samā'i wal-arḍi innahū laḥaqqum miṡla mā annakum tanṭiqūn(a).
[23]
Moko demi Alloh langit lan bumi, saktemene paren (kang wes dijanjekaken ning siro iku) yo bener-bener ono koyo omongan kang wes diucapaken.
هَلْ اَتٰىكَ حَدِيْثُ ضَيْفِ اِبْرٰهِيْمَ الْمُكْرَمِيْنَۘ٢٤
Hal atāka ḥadīṡu ḍaifi ibrāhīmal-mukramīn(a).
[24]
Wes tah gadug nang siro (Muhammad) ceritane tamune Ibrohim (malaikatmalaikat) kang dimulyakakaken?
اِذْ دَخَلُوْا عَلَيْهِ فَقَالُوْا سَلٰمًا ۗقَالَ سَلٰمٌۚ قَوْمٌ مُّنْكَرُوْنَ٢٥
Iż dakhalū ‘alaihi fa qālū salāmā(n), qāla salām(un), qaumum munkarūn(a).
[25]
(Awal cerito iku) pas wong-wong iku melebu (bertamu) nang Nabi Ibrohim terus ngomong: “salam”. Ibrohim jawab” salam” (mereka) yaiku wong-wong kang durung dikenal.
فَرَاغَ اِلٰٓى اَهْلِهٖ فَجَاۤءَ بِعِجْلٍ سَمِيْنٍۙ٢٦
Farāga ilā ahlihī fa jā'a bi‘ijlin samīn(in).
[26]
Seteruse (Nabi Ibrohim) melaku menengmeneng nemui keluargane, terus teko gowo (daging) anak sapi kang lemu (kang dibakar).
فَقَرَّبَهٗٓ اِلَيْهِمْۚ قَالَ اَلَا تَأْكُلُوْنَ٢٧
Fa qarrabahū ilaihim, qāla alā ta'kulūn(a).
[27]
Nabi Ibrohim terus nyuguhaken ning wongwong iku, (tapi wong-wong iku heng gelem mangan). Ibrohim ngomong” Apuo siro heng mangan ?”.
فَاَوْجَسَ مِنْهُمْ خِيْفَةً ۗقَالُوْا لَا تَخَفْۗ وَبَشَّرُوْهُ بِغُلٰمٍ عَلِيْمٍ٢٨
Fa aujasa minhum khīfah(tan), qālū lā takhaf, wa basysyarūhu bigulāmin ‘alīm(in).
[28]
Ibrohim nyimpen roso wedi ning wongwong iku. wong-wong iku ngomong “siro ojo wedi’ lan wong-wong iku nguweni kabar apik nang Ibrohim kelawan (arep ono kelahiran) seorang lare kang alim (Ishak).
فَاَقْبَلَتِ امْرَاَتُهٗ فِيْ صَرَّةٍ فَصَكَّتْ وَجْهَهَا وَقَالَتْ عَجُوْزٌ عَقِيْمٌ٢٩
Fa aqbalatimra'atuhū fī ṣarratin fa ṣakkat wajhahā wa qālat ‘ajūzun ‘aqīm(un).
[29]
Lan hang wadon teko lan kaget terus nepuk raine dewek lan ngomong: (ison iki) wong wadon tuwek kang mandul”
قَالُوْا كَذٰلِكِۙ قَالَ رَبُّكِ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ ۔٣٠
Qālū każālik(i), qāla rabbuk(i), innahū huwal-ḥakīmul-‘alīm(u).
[30]
Wong-wong iku ngomong; koyo iku Pengeran siro berfirman; (isun cuma nyampekaken baen); Saktemene Alloh lah kang moho bijaksana lan maha deleng.
۞ قَالَ فَمَا خَطْبُكُمْ اَيُّهَا الْمُرْسَلُوْنَۚ٣١
Qāla famā khaṭbukum ayyuhal-mursalūn(a).
[31]
(Nabi Ibrohim) dewek ngocap: ono perkara penting paran SIra kabeh he poro utusan?
قَالُوْآ اِنَّآ اُرْسِلْنَآ اِلٰى قَوْمٍ مُّجْرِمِيْنَۙ٣٢
Qālū innā ursilnā ilā qaumim mujrimīn(a).
[32]
(Poro utusan) pada njawab : Setemene isun kabeh iki dikerem nyang masarakat hang akeh dusone (masarakate nabi Luth).
لِنُرْسِلَ عَلَيْهِمْ حِجَارَةً مِّنْ طِيْنٍۙ٣٣
Linursila ‘alaihim ḥijāratam min ṭīn(in).
[33]
Makne Isun kabeh iki bisa ngerem watuwatu hang teka lemah (hang atos).
مُّسَوَّمَةً عِنْدَ رَبِّكَ لِلْمُسْرِفِيْنَ٣٤
Musawwamatan ‘inda rabbika lil-musrifīn(a).
[34]
Hang wes ditengeri mungguhe pengeranira kanggo (ngerusak) uwong-uwong hang ngeliwati wates.
فَاَخْرَجْنَا مَنْ كَانَ فِيْهَا مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَۚ٣٥
Fa akhrajnā man kāna fīhā minal-mu'minīn(a).
[35]
Terus isun kabeh ngetokaken wong-wong mukmin hang mageh ana reng njerone (desone nabi Luth).
فَمَا وَجَدْنَا فِيْهَا غَيْرَ بَيْتٍ مِّنَ الْمُسْلِمِيْنَۚ٣٦
Famā wajadnā fīhā gaira baitim minal-muslimīn(a).
[36]
Terus isun kabeh seng nemokaken sakliyane umah siji duwene uwong-wong Islam (Luth).
وَتَرَكْنَا فِيْهَآ اٰيَةً لِّلَّذِيْنَ يَخَافُوْنَ الْعَذَابَ الْاَلِيْمَۗ٣٧
Wa taraknā fīhā āyatal lil-lażīna yakhāfūnal-‘ażābal-alīm(a).
[37]
Lan isun kabeh ninggalaken tenger kanggo wong-wong hang pada wedi nyang siksa hang ngeloroaken temenan.
وَفِيْ مُوْسٰىٓ اِذْ اَرْسَلْنٰهُ اِلٰى فِرْعَوْنَ بِسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍ٣٨
Wa fī mūsā iż arsalnāhu ilā fir‘auna bisulṭānim mubīn(in).
[38]
Lan ugo reng Musa iku (ana tondo kuwosone Alloh) nalika isun ngerem deweke nyang Per’on ambi nggawa mukjizat hang nyata.
فَتَوَلّٰى بِرُكْنِهٖ وَقَالَ سٰحِرٌ اَوْ مَجْنُوْنٌ٣٩
Fa tawallā biruknihī wa qāla sāḥirun au majnūn(un).
[39]
Terus deweke (Per’on) sak tentarane menggos ambi ngomong “(Musa) iku tukang seher utawa wong edyan”.
فَاَخَذْنٰهُ وَجُنُوْدَهٗ فَنَبَذْنٰهُمْ فِى الْيَمِّ وَهُوَ مُلِيْمٌۗ٤٠
Fa akhażnāhu wa junūdahū fanabażnāhum fil-yammi wa huwa mulīm(un).
[40]
Terus isun siksa Per’on ambi tentarane, isun uncalaken nyang jerone segara sedeng deweke iku dicelo.
وَفِيْ عَادٍ اِذْ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِمُ الرِّيْحَ الْعَقِيْمَۚ٤١
Wa fī ‘ādin iż arsalnā ‘alaihimur-rīḥal-‘aqīm(a).
[41]
Ambi reng masarakat ‘Ad nalika isun kerem angin hang mbelensong hang ngerusakaken.
مَا تَذَرُ مِنْ شَيْءٍ اَتَتْ عَلَيْهِ اِلَّا جَعَلَتْهُ كَالرَّمِيْمِۗ٤٢
Mā tażaru min syai'in atat ‘alaihi illā ja‘alathu kar-ramīm(i).
[42]
(Angin mbelensong) iku mahu hing genangaken apren-paren ahng ditekani kejaba ndadekaken kaya barang amoh rusak (ajur lebor).
وَفِيْ ثَمُوْدَ اِذْ قِيْلَ لَهُمْ تَمَتَّعُوْا حَتّٰى حِيْنٍ٤٣
Wa fī ṡamūda iż qīla lahum tamatta‘ū ḥattā ḥīn(in).
[43]
Ambi ring Tsamud nalika diucapaken nyang (masarakat Tsamud) “enak-enakna weh! sampek wayah hang wes ditetepaken.
فَعَتَوْا عَنْ اَمْرِ رَبِّهِمْ فَاَخَذَتْهُمُ الصّٰعِقَةُ وَهُمْ يَنْظُرُوْنَ٤٤
Fa‘atau ‘an amri rabbihim fa akhażathumuṣ-ṣā‘iqatu wa hum yanẓurūn(a).
[44]
Terus pada wangkot hing gelem manut yang kongkonane pengerane, terus akhire diselamber geludug, sedeng (wong-wong tsamud) iku mahu pada ndeleng.
فَمَا اسْتَطَاعُوْا مِنْ قِيَامٍ وَّمَا كَانُوْا مُنْتَصِرِيْنَۙ٤٥
Famastaṭā‘ū min qiyāmiw wa mā kānū muntaṣirīn(a).
[45]
Terus (wong akeh) mahu hing ana hang bisa ngadeg ambi hing ana hang ketulungan.
وَقَوْمَ نُوْحٍ مِّنْ قَبْلُ ۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمًا فٰسِقِيْنَ ࣖ٤٦
Wa qauma nūḥim min qabl(u), innahum kānū qauman fāsiqīn(a).
[46]
Sakdurunge iku (malah wes isun siksa) masarakat Nabi Nuh, hang setemene iku pancen kabeh iku mula masarakat hang fasik.
وَالسَّمَاۤءَ بَنَيْنٰهَا بِاَيْىدٍ وَّاِنَّا لَمُوْسِعُوْنَ٤٧
Was-samā'a banaināhā bi'aidiw wa innā lamūsi‘ūn(a).
[47]
Lan langit hang wes hun byangun ambi kuasa Isun, lan Isun iku hang merakaken temenan.
وَالْاَرْضَ فَرَشْنٰهَا فَنِعْمَ الْمٰهِدُوْنَ٤٨
Wal-arḍa farasynāhā fa ni‘mal-māhidūn(a).
[48]
Ambi bumi iki wes isun byebyer, (Iya Isun iku) sak apik-apike hang bisa mbyebyer.
وَمِنْ كُلِّ شَيْءٍ خَلَقْنَا زَوْجَيْنِ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ٤٩
Wa min kulli syai'in khalaqnā zaujaini la‘allakum tażakkarūn(a).
[49]
Lan paranbaenwes hun dadekaken sakjodoh-sakjodoh, sira kabeh myane bisa pada eleng (nyang kuosone Pengeran).
فَفِرُّوْٓا اِلَى اللّٰهِ ۗاِنِّيْ لَكُمْ مِّنْهُ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌۚ٥٠
Fa firrū ilallāh(i), innī lakum minhu nażīrum mubīn(un).
[50]
Terus pada melayuwo hang gancang sira kabeh nyang Gusti Alloh, setemene isun iki dadi wong hang ngengetaken hang jelas kanggo sira kabeh.
وَلَا تَجْعَلُوْا مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَۗ اِنِّيْ لَكُمْ مِّنْهُ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ٥١
Wa lā taj‘alū ma‘allāhi ilāhan ākhar(a), innī lakum minhu nażīrum mubīn(un).
[51]
Sira kabeh aja sampek ndadekaken bareng Gusti Alloh pengeran liyo setemene isun iki dadi wong hang ngengetaken hang jelas kanggo sira kabeh.
كَذٰلِكَ مَآ اَتَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا قَالُوْا سَاحِرٌ اَوْ مَجْنُوْنٌ٥٢
Każālika mā atal-lażīna min qablihim mir rasūlin illā qālū sāḥirun au majnūn(un).
[52]
Kaya gedigu iku angger para utusan nekani uwong akeh (masarakat hang wes disiksa) hang sak durunge, kabeh iku mesti mung ngucap “iki tukang seher utawa wong edan.
اَتَوَاصَوْا بِهٖۚ بَلْ هُمْ قَوْمٌ طَاغُوْنَۚ٥٣
Atawāṣau bih(ī), bal hum qaumun ṭāgūn(a).
[53]
Uwong akeh iku mahu wes pada wasiat ta? Pantese wong kabeh iku mahu pancen masarakat hang kebacut.
فَتَوَلَّ عَنْهُمْ فَمَآ اَنْتَ بِمَلُوْمٍ٥٤
Fa tawalla ‘anhum famā anta bimalūm(in).
[54]
Kadine sira iku menggosa teka wong akeh mahu, Sira madak dipangluh.
وَذَكِّرْ فَاِنَّ الذِّكْرٰى تَنْفَعُ الْمُؤْمِنِيْنَ٥٥
Wa żakkir fa innaż-żikra tanfa‘ul-mu'minīn(a).
[55]
Ambi engetna, kerana setemene pengiling iku bisa manfaati nyang wong-wong hang iman.
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ٥٦
Wa mā khalaqtul-jinna wal-insa illā liya‘budūn(i).
[56]
Lan Isun ndadekaken jin ambi menusa iku mung kanggo nyembah nang Isun.
مَآ اُرِيْدُ مِنْهُمْ مِّنْ رِّزْقٍ وَّمَآ اُرِيْدُ اَنْ يُّطْعِمُوْنِ٥٧
Mā urīdu minhum mir rizqiw wa mā urīdu ay yuṭ‘imūn(i).
[57]
Isun hing kepengen blas oleh rejeki teka uwong akeh mahu, ambi hing kepengen uwong akeh mahu nguwyeni madang isun.
اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الرَّزَّاقُ ذُو الْقُوَّةِ الْمَتِيْنُ٥٨
Innallāha huwar-razzāqu żul-quwwatil-matīn(u).
[58]
Setemene Gusti Alloh iku Hang Maha Nguweni rejeki, Hang Maha Duwe kuat tur Hang Maha Kukuh.
فَاِنَّ لِلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا ذَنُوْبًا مِّثْلَ ذَنُوْبِ اَصْحٰبِهِمْ فَلَا يَسْتَعْجِلُوْنِ٥٩
Fa inna lil-lażīna ẓalamū żanūbam miṡla żanūbi aṣḥābihim falā yasta‘jilūn(i).
[59]
Setemene uwong-uwong hang nganiaya (nyembah sak liyane Gusti Alloh) iku wes duwe bagian (siksa) pada ambi kancankancane hang pada-pada nganiaya. Kadine aja njaluk gelis-gelis (disiksa).
فَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ يَّوْمِهِمُ الَّذِيْ يُوْعَدُوْنَ ࣖ٦٠
Fa wailul lil-lażīna kafarū miy yaumihimul-lażī yū‘adūn(a).
[60]
Ajur temenan kanggo uwong hang kaper pas dina hang dijanjekaken nang deweke kabeh mahu.