Surah Al-Ma`idah

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَوْفُوْا بِالْعُقُوْدِۗ اُحِلَّتْ لَكُمْ بَهِيْمَةُ الْاَنْعَامِ اِلَّا مَا يُتْلٰى عَلَيْكُمْ غَيْرَ مُحِلِّى الصَّيْدِ وَاَنْتُمْ حُرُمٌۗ اِنَّ اللّٰهَ يَحْكُمُ مَا يُرِيْدُ١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū aufū bil-‘uqūd(i), uḥillat lakum bahīmatul-an‘āmi illā mā yutlā ‘alaikum gaira muḥilliṣ-ṣaidi wa antum ḥurum(un), innallāha yaḥkumu mā yurīd(u).
[1] He wong-wong kang iman, tuhonono akad-akad iku 207 (janji-janji). Dihalalaken kanggo riko kewan rawatan, kejobo kang bakal diwacakaken nong riko. (gedigu iku) kanthi sing ngalalaken mburu naliko riko ihrom (tandang haji utowo umroh). Saktemene Gusti Alloh netepaken hukume kanthi kang Iyane karepaken.
207) Akad (perjanjian) ngelimputi janji setyone kawulo nong Gusti Alloh lan perjanjian kang digawe menungso nong njerone awor urip bebarengan

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُحِلُّوْا شَعَاۤىِٕرَ اللّٰهِ وَلَا الشَّهْرَ الْحَرَامَ وَلَا الْهَدْيَ وَلَا الْقَلَاۤىِٕدَ وَلَآ اٰۤمِّيْنَ الْبَيْتَ الْحَرَامَ يَبْتَغُوْنَ فَضْلًا مِّنْ رَّبِّهِمْ وَرِضْوَانًا ۗوَاِذَا حَلَلْتُمْ فَاصْطَادُوْا ۗوَلَا يَجْرِمَنَّكُمْ شَنَاٰنُ قَوْمٍ اَنْ صَدُّوْكُمْ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اَنْ تَعْتَدُوْاۘ وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tuḥillū sya‘ā'irallāhi wa lasy-syahral-ḥarāma wa lal-hadya wa lal-qalā'ida wa lā āmmīnal-baital-ḥarāma yabtagūna faḍlam mir rabbihim wa riḍwānā(n), wa iżā ḥalaltum faṣṭādū, wa lā yajrimannakum syana'ānu qaumin an ṣaddūkum ‘anil- asjidil-ḥarāmi an ta‘tadū, wa ta‘āwanū ‘alal-birri wat-taqwā, wa lā ta‘āwanū ‘alal-iṡmi wal-‘udwān(i), wattaqullāh(a), innallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[2] He wong-wong kang iman, ojo riko nerak syi’ar-syi’ar e Gusti Alloh. 208 Lan ojo nerak ulan-ulan haram, 209 ojo (ngganggu) kewan hadya, 210 lan kewan qolaa’id 211 , lan ojo (ugo) ngganggu wong-wong kang arepe nyambangi Baitullah kang golek kanugrahan lan lilone Pangerane. 212 Lan kapan siro wis mari ihrom moko oleh mburu hewan. Lan ojo pisan-pisan mergo sengite riko nong kaum kang ngalang-ngalangi riko teko Masjidil Haram, riko agawe nganioyo (nong iyane). Lan tulung-tinulungo riko nong (agawe) bagus lan taqwa, lan ojo tulung-tinulung kanggo agawe duso lan ngelanggar. Lan riko taqwaho nong Gusti Alloh, saktemene Gusti Alloh seru loro siksane.
208) Syi’ar eGusti Alloh yoiku kabeh amalan kang ditandangi kanggo ibadah haji lan panggonane nandangi. 209) Arti ulan haram dilengen not 119, maksude yoiku sing oleh perang nong jerone ulan-ulan iku. 210) Yoiku kewan (unto, mendo, wedhus, sapi) kang digowo nong Ka’bah kanggo peparek nong Gusti Alloh, dibeleh nong tanah haram lan daginge diwehaken nong fakir miskin kanggo ibadah haji 211) Yoiku kewan hadya kang diweni kalung mane wong ngerti gok kewan iku kanggo digowo nong Ka’bah 212) Kang dimaksud kanugrahan yoiku bathi kang diwehaken Gusti Alloh nong dol tinuku. Lilone Gusti Alloh yoiku ganjaran ibadah haji

حُرِّمَتْ عَلَيْكُمُ الْمَيْتَةُ وَالدَّمُ وَلَحْمُ الْخِنْزِيْرِ وَمَآ اُهِلَّ لِغَيْرِ اللّٰهِ بِهٖ وَالْمُنْخَنِقَةُ وَالْمَوْقُوْذَةُ وَالْمُتَرَدِّيَةُ وَالنَّطِيْحَةُ وَمَآ اَكَلَ السَّبُعُ اِلَّا مَا ذَكَّيْتُمْۗ وَمَا ذُبِحَ عَلَى النُّصُبِ وَاَنْ تَسْتَقْسِمُوْا بِالْاَزْلَامِۗ ذٰلِكُمْ فِسْقٌۗ اَلْيَوْمَ يَىِٕسَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ دِيْنِكُمْ فَلَا تَخْشَوْهُمْ وَاخْشَوْنِۗ اَلْيَوْمَ اَكْمَلْتُ لَكُمْ دِيْنَكُمْ وَاَتْمَمْتُ عَلَيْكُمْ نِعْمَتِيْ وَرَضِيْتُ لَكُمُ الْاِسْلَامَ دِيْنًاۗ فَمَنِ اضْطُرَّ فِيْ مَخْمَصَةٍ غَيْرَ مُتَجَانِفٍ لِّاِثْمٍۙ فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٣
Ḥurrimat ‘alaikumul-maitatu wad-damu wa laḥmul-khinzīri wa mā uhilla ligairillāhi bihī wal-munkhaniqatu wal-mauqūżatu wal-mutaraddiyatu wan-naṭīḥatu wa mā akalas-sabu‘u illā mā żakkaitum, wa mā żubiḥa ‘alan-nuṣubi wa an tastaqsimū bil-azlām(i), żālikum fisq(un), al-yauma ya'isal-lażīna kafarū min dīnikum falā takhsyauhum wakhsyaun(i), al-yauma akmaltu lakum dīnakum wa atmamtu ‘alaikum ni‘matī wa raḍītu lakumul-islāma dīnā(n), fa maniḍṭurra fī makhmaṣatin gaira mutajānifil li'iṡm(in), fa innallāha gafūrur raḥīm(un).
[3] Diharamaken kanggo riko (mangan) bathang, getih 213 , daging babi, (daging kewan halal) kang dibeleh kanthi nyebut aran liyane Gusti Alloh, kang ketekek, kang dipenthung, kang temebluk, kang diseludhuk, kang diterkem satwa galak, kejobo kang kober riko beleh 214 , lan (diharamaken kanggo riko) hewan kang dibeleh kanggo berholo, gawe lotrean nganggo panah 215 , (lotrean nganggo panah) iku aran lacut. Nong dino iki 216 wong-wong kafir wis entek pengarep-arepe kanggo (ngalahaken) agomo riko, mulane ojo riko wedi nong iyane lan wediho riko nang Isun. Nong dino iki, wis Sun sempurnakaken agomo riko nong riko, lan wis Sun cukupaken nong riko ni’mat isun, lan wis Sun ridloi gok Islam iku dadi agomo kanggo riko. Mongko sopo wonge kepaksan 217 mergo kalomen tanpa nyejo agawe duso, saktemene Gusti Alloh moho ngapuro lan moho welas.
213) Yoiku getih kang metu teko awak, koyokang kasebut nong surat Al-An‘ām ayat 145 214) Maksude yoiku kewan kang ditekek, kang dipenthung, kang temebluk, kang diudhek, kang diterkem satwa galak iku halal kadung kober riko beleh sakdurunge mati. 215) Al-azlaam yoiku panah kang durung diweni wulu. Wong arab Jahiliyyah nganggo panah kang durung diweni wulu kanggo namtukaken opo iyane bakal agawe paran-paran utowo using. Carane yoiku iyane njuwut panah kang durung diweni wulu telung iji, kang siji diweni tulisan “lakonono”, kang siji diweni tulisan “ojo dilakoni”, kang siji sing diweni tulisan. Panah iku mau dideleh lan disimpen nong jerone Ka’bah. Naliko arep nandangi paran-paran mongko iyane ngongkon juru kunci Ka’bah supoyo njuwut panah siji. Iyane bakal ngelakoni utowo using, manut nong tulisan nong panah kang dijuwut. Kadung kang dijuwut panah kang sing ono tulisane mongko lotrene dibaleni maning. 216) Maksude “dino iki” yoiku mongso, yoiku mongso haji wada’, haji terakhir kang dilakoni Kanjeng Nabi Muhamma(...)

يَسْـَٔلُوْنَكَ مَاذَآ اُحِلَّ لَهُمْۗ قُلْ اُحِلَّ لَكُمُ الطَّيِّبٰتُۙ وَمَا عَلَّمْتُمْ مِّنَ الْجَوَارِحِ مُكَلِّبِيْنَ تُعَلِّمُوْنَهُنَّ مِمَّا عَلَّمَكُمُ اللّٰهُ فَكُلُوْا مِمَّآ اَمْسَكْنَ عَلَيْكُمْ وَاذْكُرُوا اسْمَ اللّٰهِ عَلَيْهِ ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ٤
Yas'alūnaka māżā uḥilla lahum, qul uḥilla lakumuṭ-ṭayyibāt(u), wa mā ‘allamtum minal-jawāriḥi mukallibīna tu‘allimūnahunna mimmā ‘allamakumullāhu fa kulū mimmā amsakna ‘alaikum ważkurusmallāhi ‘alaih(i), wattaqullāh(a), innallāha sarī‘ul-ḥisāb(i).
[4] Wong-wong takon nong riko Muhammad paran kang halal kanggo iyane? Ngomongo: “dihalalaken kanggo riko kang apik-apik lan (kewan buron kang ditangkep) kambi kewan kang wis riko ajari lan riko latih kanggo mburu, riko ngajaraken paran kang wis diajaraken Gusti Alloh nong riko 218 , mongko riko mangano paran kang ditangkep kanggo riko 219 , lan nyebuto arane Gusti Alloh nong satwa galak iku mau (naliko ngeculaken) 220 , lan riko taqwaho nong Gusti Alloh, saktemen Gusti Alloh iku kang cepet ulihe merhitung.
218) Maksude: satwa galak iku dilatih miturut kepinteran teko pengalaman, pikirane menungso, lan ilham teko Gusti Alloh perkoro ngelatih satwa galak lan carane mburu. 219) Yoiku buron kang ditangkep satwa galak iku mau mung kanggo riko, lan sing ono kang dipangan sithik-sithiko 220) Maksude nalikane ngeculaken satwa galak iku mau nyebuto arane Gusti Alloh minongko gantine satwa galak iku mau nalikane nerkem kewan buron.

اَلْيَوْمَ اُحِلَّ لَكُمُ الطَّيِّبٰتُۗ وَطَعَامُ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ حِلٌّ لَّكُمْ ۖوَطَعَامُكُمْ حِلٌّ لَّهُمْ ۖوَالْمُحْصَنٰتُ مِنَ الْمُؤْمِنٰتِ وَالْمُحْصَنٰتُ مِنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكُمْ اِذَآ اٰتَيْتُمُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّ مُحْصِنِيْنَ غَيْرَ مُسٰفِحِيْنَ وَلَا مُتَّخِذِيْٓ اَخْدَانٍۗ وَمَنْ يَّكْفُرْ بِالْاِيْمَانِ فَقَدْ حَبِطَ عَمَلُهٗ ۖوَهُوَ فِى الْاٰخِرَةِ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ ࣖ٥
Al-yauma uḥilla lakumuṭ-ṭayyibāt(u), wa ṭa‘āmul-lażīna ūtul-kitāba ḥillul lakum, wa ṭa‘āmukum ḥillul lahum, wal-muḥṣanātu minal-mu'mināti wal-muḥṣanātu minal-lażīna ūtul-kitāba min qablikum iżā ātaitumūhunna ujūrahunna muḥṣinīna gaira musāfiḥīna wa lā muttakhiżī akhdān(in), wa may yakfur bil-īmāni faqad ḥabiṭa ‘amaluh(ū), wa huwa fil-ākhirati minal-khāsirīn(a).
[5] Nong dino iki dihalalaken kanggo riko kang apik-apik. Panganan (belehan) wong-wong kang diweni Kitab iku halal kanggo riko, lan panganan riko ugo halal kanggo iyane. (Lan dihalalaken ngawini) wong-wong wadon kang njogo kehormatane 221 sebagiane wong-wong wadon kang iman, lan wong-wong wadon kang njogo kehormatane sebagiane wong-wong wadon kang diweni Kitab sakdurunge riko, kadung riko wis mbayar maskawine nyejo ngawini, dudu nyejo zina lan dudu ndadekaken gundik-gundik. Sopo wonge kang kafir sakwise iman (sing gelem nerimo hukum-hukum Islam) mongko dadi kebusek amale lan mbesok nong akherat kegolong wong-wong kang tuno.
221) Ono kang duwe pendapat yoiku wong-wong wadon kang merdiko

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا قُمْتُمْ اِلَى الصَّلٰوةِ فَاغْسِلُوْا وُجُوْهَكُمْ وَاَيْدِيَكُمْ اِلَى الْمَرَافِقِ وَامْسَحُوْا بِرُءُوْسِكُمْ وَاَرْجُلَكُمْ اِلَى الْكَعْبَيْنِۗ وَاِنْ كُنْتُمْ جُنُبًا فَاطَّهَّرُوْاۗ وَاِنْ كُنْتُمْ مَّرْضٰٓى اَوْ عَلٰى سَفَرٍ اَوْ جَاۤءَ اَحَدٌ مِّنْكُمْ مِّنَ الْغَاۤىِٕطِ اَوْ لٰمَسْتُمُ النِّسَاۤءَ فَلَمْ تَجِدُوْا مَاۤءً فَتَيَمَّمُوْا صَعِيْدًا طَيِّبًا فَامْسَحُوْا بِوُجُوْهِكُمْ وَاَيْدِيْكُمْ مِّنْهُ ۗمَا يُرِيْدُ اللّٰهُ لِيَجْعَلَ عَلَيْكُمْ مِّنْ حَرَجٍ وَّلٰكِنْ يُّرِيْدُ لِيُطَهِّرَكُمْ وَلِيُتِمَّ نِعْمَتَهٗ عَلَيْكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٦
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā qumtum ilaṣ-ṣalāti fagsilū wujūhakum wa aidiyakum ilal-marāfiqi wamsaḥū biru'ūsikum wa arjulakum ilal-ka‘bain(i), wa in kuntum junuban faṭṭahharū, wa in kuntum marḍā au ‘alā safarin au jā'a aḥadum minkum minal-gā'iṭi au lāmastumun-nisā'a falam tajidū mā'an fa tayammamū ṣa‘īdan ṭayyiban famsaḥū biwujūhikum wa aidīkum minh(u), mā yurīdullāhu liyaj‘ala ‘alaikum min ḥarajiw wa lākiy yurīdu liyuṭahhirakum wa liyutimma na‘matahū ‘alaikum la‘allakum tasykurūn(a).
[6] He wong-wong kang iman, kadung riko arepe sholat mongko riko raupono raine riko lan tangan riko sampe gadug sikut, lan basuhen endas riko lan (basuhen) sikil riko sampe gadug pentholan loro, lan kadung riko junub mongko aduso, lan kadung riko loro 222 utowo nong pelakon utowo mari teko kakus, utowo nyenthok 223 wong wadon, banjur riko sing nemu banyu, mongko riko tayammumo nganggo lemah lebu kang rijig (suci), usapen rai lan tangan riko nganggo lebu iku mau. Gusti Alloh sing ngarepaken gawe riko soro, tapi ngarepaken ngerijigi riko lan nyempurnakaken ni’mate kanggo riko, supoyo riko syukur.
222) Maksude loro kang sing oleh keneng banyu 223) Maksude nyenthok miturut jumhur yoiku nyenthok. Jare sebagian mufassirin artine nyampuri

وَاذْكُرُوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَمِيْثَاقَهُ الَّذِيْ وَاثَقَكُمْ بِهٖٓ ۙاِذْ قُلْتُمْ سَمِعْنَا وَاَطَعْنَا ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٧
Ważkurū ni‘matallāhi ‘alaikum wa mīṡāqahul-lażī wāṡaqakum bih(ī), iż qultum sami‘nā wa aṭa‘nā, wattaqullāh(a), innallāha ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[7] Lan riko elingono kanugrahe Gusti Alloh nong riko lan perjanjiane Gusti Alloh 224 kang wis dibundhelaken nong riko, naliko riko ngucap: “isun rungu lan isun manut”. Lan riko taqwaho nong Gusti Alloh, saktemene Gusti Alloh moho ngaweruhi paran-paran nong ati riko.
224) Perjanjian iku yoiku janji bakal ngerungokaken lan ngetutaken Kanjeng Nabi nong kabeh kahanan kang wis dijanjikaken naliko baiat

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُوْنُوْا قَوَّامِيْنَ لِلّٰهِ شُهَدَاۤءَ بِالْقِسْطِۖ وَلَا يَجْرِمَنَّكُمْ شَنَاٰنُ قَوْمٍ عَلٰٓى اَلَّا تَعْدِلُوْا ۗاِعْدِلُوْاۗ هُوَ اَقْرَبُ لِلتَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kūnū qawwāmīna lillāhi syuhadā'a bil-qisṭi wa lā yajrimannakum syana'ānu qamin ‘alā allā ta‘dilū, i‘dilū, huwa aqrabu lit-taqwā wattaqullāh(a), innallāha khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[8] He wong-wong kang iman, riko dadio wong kang mesthi mbelo kebeneran kerono Gusti Alloh, dadi saksi kanthi adil. Lan ojo mergo ulihe riko sengit nong suwiji kaum, gawe riko sing adil. Agaweho adil, mergo adil iku luwih parek nong taqwa. Lan riko taqwaho nong Gusti Alloh, saktemene Gusti Alloh iku moho ngaweruhi paran kang riko tandangi.

وَعَدَ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِۙ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ عَظِيْمٌ٩
Wa‘adallāhul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāt(i), lahum magfiratuw wa ajrun ‘aẓīm(un).
[9] Gusti Alloh wis njanjikaken kanggo wong-wong kang iman lan agawe bagus, diwehi pengapuro lan ganjaran kang gedhe.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ١٠
Wal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā ulā'ika aṣḥābul-jaḥīm(i).
[10] Ana dene wong-wong kafir lan ngarani goroh nong ayat-ayat Isun, mongko iyane iku wong kang manggoni neroko.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ هَمَّ قَوْمٌ اَنْ يَّبْسُطُوْٓا اِلَيْكُمْ اَيْدِيَهُمْ فَكَفَّ اَيْدِيَهُمْ عَنْكُمْۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗوَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ ࣖ١١
Yā ayyuhal-lażīna āmanużkurū ni‘matallāhi ‘alaikum iż hamma qaumun ay yabsuṭū ilaikum aidiyahum fa kaffa aidiyahum ‘ankum, wattaqullāh(a), wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mu'minūn(a).
[11] He wong-wong kang iman, elingo nong nikmate Gusti Alloh kang diwehaken nong riko naliko ono kaum kang ngubahaken tangane nong riko (kanggo agawe olo), mongko Gusti Alloh wis ngendhegaken tangane kaum. Lan taqwaho nong Gusti Alloh, lan mung nong Gusti Alloh wong-wong mukmin iku kudu pasrah.

۞ وَلَقَدْ اَخَذَ اللّٰهُ مِيْثَاقَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَۚ وَبَعَثْنَا مِنْهُمُ اثْنَيْ عَشَرَ نَقِيْبًاۗ وَقَالَ اللّٰهُ اِنِّيْ مَعَكُمْ ۗ لَىِٕنْ اَقَمْتُمُ الصَّلٰوةَ وَاٰتَيْتُمُ الزَّكٰوةَ وَاٰمَنْتُمْ بِرُسُلِيْ وَعَزَّرْتُمُوْهُمْ وَاَقْرَضْتُمُ اللّٰهَ قَرْضًا حَسَنًا لَّاُكَفِّرَنَّ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَلَاُدْخِلَنَّكُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۚ فَمَنْ كَفَرَ بَعْدَ ذٰلِكَ مِنْكُمْ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاۤءَ السَّبِيْلِ١٢
Wa laqad akhażallāhu mīṡāqa banī isrā'īl(a), wa ba‘aṡnā minhumuṡnai ‘asyara naqībā(n), wa qālallāhu innī ma‘akum, la'in aqamtumuṣ-ṣalāta wa ātaitumuz-zakāta wa āmantum birusulī wa ‘azzartumūhum wa aqraḍtumullāha qarḍan ḥasanal la'ukaffiranna ‘ankum sayyi'ātikum wa la'udkhilannakum jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), faman kafara ba‘da żālika minkum faqad ḍalla sawā'as-sabīl(i).
[12] Lan saktemene Gusti Alloh wis nggawe perjanjian (teko) Bani Isroil lan Isun wis ndadekaken 12 pengarep teko iyane, lan Gusti Alloh wis sabdo: “Saktemen Isun barng siro kabeh, saktemene kadung riko ngadegaken sholat lan nuhoni zakat ugo iman nong rasul-rasul Isun lan riko gelem nulungi iyane, lan riko gelem nyilihi Gusti Alloh silihan kang apik 225 , mongko saktemene Isunbakal mbusek duso-duso riko. Lan saktemene riko bakal Sun lebokaken nong jerone swargo kang mili kalen-kalen nong ngisore. Mongko sopo wonge kang kafir sakwise iku, saktemene iyane wis kesasar teko dalan kang kenceng”.
225) Maksude yoiku gelem nafkahaken bondho kanggo nuhoni kewajiban kanthi ati kang ikhlas.

فَبِمَا نَقْضِهِمْ مِّيْثَاقَهُمْ لَعَنّٰهُمْ وَجَعَلْنَا قُلُوْبَهُمْ قٰسِيَةً ۚ يُحَرِّفُوْنَ الْكَلِمَ عَنْ مَّوَاضِعِهٖۙ وَنَسُوْا حَظًّا مِّمَّا ذُكِّرُوْا بِهٖۚ وَلَا تَزَالُ تَطَّلِعُ عَلٰى خَاۤىِٕنَةٍ مِّنْهُمْ اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْهُمْ ۖ فَاعْفُ عَنْهُمْ وَاصْفَحْ ۗاِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ١٣
Fabimā naqḍihim mīṡāqahum la‘annāhum wa ja‘alnā qulūbahum qāsiyah(tan), yuḥarrifūnal-kalima ‘am mawāḍi‘ih(ī), wa nasū ḥaẓẓam mimmā żukkirū bih(ī), wa lā tazālu taṭṭali‘u ‘alā khā'inatim minhum illā qalīlam minhum fa‘fu ‘anhum waṣfaḥ, innallāha yuḥibbul-muḥsinīn(a).
[13] (Tapi) mergo iyane nerak janjine, mongko Sun laknat lan Sun dadekaken atine atos koyo watu. Iyane dhemen nguwahi sabdone Gusti Alloh teko panggonane 226 , iyane (sengojo) ngelalekaken paran kang iyane wis diilingaken, lan riko (Muhammad) mesthi bakal weruh ulihe iyane suloyo kejobo sebagian sithik teko iyane (kang sing suloyo), mongko sepuronen lan genengno, saktemene Gusti Alloh dhemen wong kang agawe apik.
226) Maksude: nguwahi arti, panggone, utowo nambah lan nyudo

وَمِنَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّا نَصٰرٰٓى اَخَذْنَا مِيْثَاقَهُمْ فَنَسُوْا حَظًّا مِّمَّا ذُكِّرُوْا بِهٖۖ فَاَغْرَيْنَا بَيْنَهُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاۤءَ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ ۗ وَسَوْفَ يُنَبِّئُهُمُ اللّٰهُ بِمَا كَانُوْا يَصْنَعُوْنَ١٤
Wa minal-lażīna qālū innā naṣārā akhażnā mīṡāqahum fa nasū ḥaẓẓam mimmā żukkirū bih(ī), fa agrainā bainahumul-‘adāwata wal-bagḍā'a ilā yaumil-qiyāmah(ti), wa saufa yunabbi'uhumullāhu bimā kānū yaṣna‘ūn(a).
[14] Lan nong antarane wong-wong kang ngucap: “Saktemene isun iki wong Nasrani”, ono wong kang Isun wis gawe janji kambi iyane, tapi iyane (sengojo) ngelalekaken sebagian kang iyane wis diilingaken, mongko Isun cukulaken nong antarane iyane musuhan lan sengit sampe dino Kiamat. Lan mbesok Gusti Alloh bakal nyeritakaken paran kang wis iyane tandangi.

يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ قَدْ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلُنَا يُبَيِّنُ لَكُمْ كَثِيْرًا مِّمَّا كُنْتُمْ تُخْفُوْنَ مِنَ الْكِتٰبِ وَيَعْفُوْا عَنْ كَثِيْرٍەۗ قَدْ جَاۤءَكُمْ مِّنَ اللّٰهِ نُوْرٌ وَّكِتٰبٌ مُّبِيْنٌۙ١٥
Yā ahlal-kitābi qad jā'akum rasūlunā yubayyinu lakum kaṡīram mimmā kuntum tukhfūna minal-kitābi wa ya‘fū ‘an kaṡīr(in), qad jā'akum minallāhi nūruw wa kitābum mubīn(un).
[15] He Ahli Kitab, saktemene wis teko nong riko Rasul Isun, njelasaken nong riko akeh teko isine Kitab kang riko sengidaken, lan akeh (ugo kang) digenengaken. Saktemene wis teko nong riko sunar teko Gusti Alloh, lan kitab kang njelasaken 227
227) Sunar maksude: Kanjeng Nabi Muhammad SAW lan Kitab maksude: Al-Qur’an

يَّهْدِيْ بِهِ اللّٰهُ مَنِ اتَّبَعَ رِضْوَانَهٗ سُبُلَ السَّلٰمِ وَيُخْرِجُهُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِ بِاِذْنِهٖ وَيَهْدِيْهِمْ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ١٦
Yahdī bihillāhi manittaba‘a riḍwānahū subulas-salāmi wa yukhrijuhum minaẓ-ẓulumāti ilan-nūri bi'iżnihī wa yahdīhim ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[16] Kambi kitab iku Gusti Alloh nduduhi wong kang manut ridlone Gusti Alloh nuju dalan selamet, lan (kambi kitab iku) Gusti Alloh ngetokaken wong-wong iku teko peteng dhedhet nong sunar kang padhang kanthi ijin-E, lan nduduhi nong dalan kang kenceng.

لَقَدْ كَفَرَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْمَسِيْحُ ابْنُ مَرْيَمَۗ قُلْ فَمَنْ يَّمْلِكُ مِنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا اِنْ اَرَادَ اَنْ يُّهْلِكَ الْمَسِيْحَ ابْنَ مَرْيَمَ وَاُمَّهٗ وَمَنْ فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا ۗوَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۗ يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١٧
Laqad kafaral-lażīna qālū innallāha huwal-masīḥubnu maryam(a), qul famay yamliku minallāhi syai'an in arāda ay yuhlikal-masīḥabna maryama wa ummahū wa man fil-arḍi jamī‘ā(n), wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, yakhluqu mā yasyā'(u), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[17] Saktemene wis dadi kafirwong kang ngomong: “saktemene Gusti Alloh iku Al-Masiih anake Maryam”. Riko ngomongo: “Sopo kang biso ngalang-ngalangi karepe Gusti Alloh, lamun Iyane nyirnakaken Al-Masiih anake Maryam iku, kambi emake, lan kabeh menungso kabeh kang ono nong bumi?” Duwene Gusti Alloh keraton langit lan bumi lan paran baen kang ono nong antarane. Gusti Alloh nggawe paran kang Iyane karepaken, Gusti Alloh moho kuoso nong sambarang kalir

وَقَالَتِ الْيَهُوْدُ وَالنَّصٰرٰى نَحْنُ اَبْنٰۤؤُا اللّٰهِ وَاَحِبَّاۤؤُهٗ ۗ قُلْ فَلِمَ يُعَذِّبُكُمْ بِذُنُوْبِكُمْ ۗ بَلْ اَنْتُمْ بَشَرٌ مِّمَّنْ خَلَقَۗ يَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۖوَاِلَيْهِ الْمَصِيْرُ١٨
Wa qālatil-yahūdu wan-naṣārā naḥnu abnā'ullāhi wa aḥibbā'uh(ū), qul falima yu‘ażżibukum biżunūbikum, bal antum basyarum mimman khalaq(a), yagfiru limay yasyā'u wa yu‘ażżibu may yasyā'(u), wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, wa ilaihil-maṣīr(u).
[18] Wong Yahudi lan Nasrani ngucap: “Isun iki anak-anake Gusti Alloh lan kekasih-E” Ngomongo: “Mongko apuwo Gusti Alloh nyikso riko mergo duso-duso riko?” (Riko dudu anak-anake Gusti Alloh ugo dudu kekasihe), tapi riko mung menungso (beloko) nong antarane wong-wong kang Gusti Alloh gawe. Gusti Alloh nyepuro sopo baen kang Iyane karepaken lan nyikso sopo baen kang Iyane karepaken. Lan iku duwene Gusti Alloh keraton langit lan bumi lan paran baen kang ono nong antarane. Lan mung nong Gusti Alloh panggon mulihe (sembarang kalir)

يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ قَدْ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلُنَا يُبَيِّنُ لَكُمْ عَلٰى فَتْرَةٍ مِّنَ الرُّسُلِ اَنْ تَقُوْلُوْا مَا جَاۤءَنَا مِنْۢ بَشِيْرٍ وَّلَا نَذِيْرٍۗ فَقَدْ جَاۤءَكُمْ بَشِيْرٌ وَّنَذِيْرٌ ۗوَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ࣖ١٩
Yā ahlal-kitābi qad jā'akum rasūlunā yubayyinu lakum ‘alā fatratim minar-rusuli an taqūlū mā jā'anā mim basyīriw wa lā nażīr(in), faqad jā'akum basyīruw wa nażīr(un), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[19] He Ahli Kitab, saktemene wis teko nong riko utusan Isun, njelasaken (syari’at Isun) nong riko, naliko mongso kothonge poro utusan, mane riko sing ngomong: “Sing teko nong isun utusan kang gowo kabar bungah lan pangeling-eling. Saktemene wis teko nong riko utusan kang gowo kabar bungah lan pangeling-eling. Gusti Alloh iku moho kuoso nong paran baen.

وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهٖ يٰقَوْمِ اذْكُرُوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ جَعَلَ فِيْكُمْ اَنْۢبِيَاۤءَ وَجَعَلَكُمْ مُّلُوْكًاۙ وَّاٰتٰىكُمْ مَّا لَمْ يُؤْتِ اَحَدًا مِّنَ الْعٰلَمِيْنَ٢٠
Wa iż qāla mūsā liqaumihī yā qaumiżkurū ni‘matallāhi ‘alaikum iż ja‘ala fīkum ambiyā'a wa ja‘alakum mulūkā(n), wa ātākum mā lam yu'ti aḥadam minal-‘ālamīn(a).
[20] Lan (ilingo), naliko Musa ngomongi kaume: “He kaum isun, ilingo nikmate Gusti Alloh nong riko naliko Iyane ndadekaken Nabi nong antarane riko, lan riko didadekaken wong-wong kang merdiko, lan Gusti Alloh wis nguweni riko paran baen kang durung tau diwekaken nong umat-umat liyo”.

يٰقَوْمِ ادْخُلُوا الْاَرْضَ الْمُقَدَّسَةَ الَّتِيْ كَتَبَ اللّٰهُ لَكُمْ وَلَا تَرْتَدُّوْا عَلٰٓى اَدْبَارِكُمْ فَتَنْقَلِبُوْا خٰسِرِيْنَ٢١
Yā qaumidkhulul-arḍal-muqaddasatal-latī kataballāhu lakum wa lā tartaddū ‘alā adbārikum fa tanqalibū khāsirīn(a).
[21] He kaum isun, melbuo nong tanah suci (Palestina) kang wis dipasthi Gusti Alloh kanggo riko 228 , lan ojo riko mlayu mundur (mergo wedi nong mungsuh), mongko riko dadi wong kang rugi.
228) Maksude: tanah Palestina iku wis dipasthi Gusti Alloh kanggo kaum Yahudi selagine iyane iman lan manut nong Gusti Alloh.

قَالُوْا يٰمُوْسٰٓى اِنَّ فِيْهَا قَوْمًا جَبَّارِيْنَۖ وَاِنَّا لَنْ نَّدْخُلَهَا حَتّٰى يَخْرُجُوْا مِنْهَاۚ فَاِنْ يَّخْرُجُوْا مِنْهَا فَاِنَّا دٰخِلُوْنَ٢٢
Qālū yā mūsā inna fīhā qauman jabbārīn(a), wa innā lan nadkhulahā ḥattā yakhrujū minhā, fa iy yakhrujū minhā fa innā dākhilūn(a).
[22] Iyane (kaum Musa) ngomong: “He Musa, nong jero kono ono wong-wong kang kuwat lan kejem, sepisan-pisan isun sing bakal melbu sakdurunge iyane metu teko kono. Kadung iyane wis metu mongko isun mesthi gelem melbu.”

قَالَ رَجُلَانِ مِنَ الَّذِيْنَ يَخَافُوْنَ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيْهِمَا ادْخُلُوْا عَلَيْهِمُ الْبَابَۚ فَاِذَا دَخَلْتُمُوْهُ فَاِنَّكُمْ غٰلِبُوْنَ ەۙ وَعَلَى اللّٰهِ فَتَوَكَّلُوْٓا اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٢٣
Qāla rajulāni minal-lażīna yakhāfūna an‘amallāhu ‘alaihimadkhulū ‘alaihimul-bāb(a), fa iżā dakhaltumūhu fa innakum gālibūn(a), wa ‘alallāhi fa tawakkalū in kuntum mu'minīn(a).
[23] Ono wong loro kang diparingi nikmat kang teko golongan kang wedi nong Gusti Alloh ngucap: “Nyerango riko kabeh teko gapuro iku, kadung riko biso melbu mongko riko pasthi menang, lan pasraho riko kabeh nong Gusti Alloh kadung riko iman temenan”.

قَالُوْا يٰمُوْسٰٓى اِنَّا لَنْ نَّدْخُلَهَآ اَبَدًا مَّا دَامُوْا فِيْهَا ۖفَاذْهَبْ اَنْتَ وَرَبُّكَ فَقَاتِلَآ اِنَّا هٰهُنَا قٰعِدُوْنَ٢٤
Qālū yā mūsā innā lan nadkhulahā abadam mā dāmū fīhā, fażhab anta wa rabbuka fa qātilā innā hāhunā qā‘idūn(a).
[24] Iyane ngomong: “He Musa, isun sing bakal melbu selawase selagi iyane (kaum) magih ono nong njero, mulane riko mlakuo kambi Pangeran riko, perango keloron, saktemene isun mung lungguh ngenteni nong kene”.

قَالَ رَبِّ اِنِّيْ لَآ اَمْلِكُ اِلَّا نَفْسِيْ وَاَخِيْ فَافْرُقْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ الْقَوْمِ الْفٰسِقِيْنَ٢٥
Qāla rabbi innī lā amliku illā nafsī wa akhī fafruq bainanā wa bainal-qaumil-fāsiqīn(a).
[25] Musa ngucap: “Duh Pangeran isun, isun sing kuoso kejobo nong awak isun dhewek lan dulur isun, mulane pisahno isun kambi wong-wong fasiq iku”.

قَالَ فَاِنَّهَا مُحَرَّمَةٌ عَلَيْهِمْ اَرْبَعِيْنَ سَنَةً ۚيَتِيْهُوْنَ فِى الْاَرْضِۗ فَلَا تَأْسَ عَلَى الْقَوْمِ الْفٰسِقِيْنَ ࣖ٢٦
Qāla fa innahā muḥarramatun ‘alaihim arba‘īna sanah(tan), yatīhūna fil-arḍ(i), falā ta'sa ‘alal qaumil-fāsiqīn(a).
[26] Gusti Alloh sabdo: “(kadung gedigu), mongko saktemene negoro iku diharamaken kanggo iyane mongso 40 tahun, suwene iku iyane bakal mubeng-mubeng bingung nong bumi (tegalan Tiih) iku. Mongko ojo riko susah (mikiri nasibe) wong-wong fasiq iku”.

۞ وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَاَ ابْنَيْ اٰدَمَ بِالْحَقِّۘ اِذْ قَرَّبَا قُرْبَانًا فَتُقُبِّلَ مِنْ اَحَدِهِمَا وَلَمْ يُتَقَبَّلْ مِنَ الْاٰخَرِۗ قَالَ لَاَقْتُلَنَّكَ ۗ قَالَ اِنَّمَا يَتَقَبَّلُ اللّٰهُ مِنَ الْمُتَّقِيْنَ٢٧
Watlu ‘alaihim naba'abnai ādama bil-ḥaqqi iż qarrabā qurbānan fa tuqubbila min aḥadihimā wa lam yutaqabbal minal-ākhar(i), qāla la'aqtulannak(a), qāla innamā yataqabbalullāhu minal-muttaqīn(a).
[27] Ceritakno nong wong-wong iku ceritane anak lanang lorone Adam (Habil lan Qabil) kanthi sakbenere, naliko karone nggawe kurban, mongko sijine (Habil) diterimo lan sijine (Qabil) sing diterimo. Iyane (Qabil) ngomong: “Sun pateni riko”. (Habil) ngomong: “Saktemene Gusti Alloh mung nerimo (kurban) teko wong kang taqwa”.

لَىِٕنْۢ بَسَطْتَّ اِلَيَّ يَدَكَ لِتَقْتُلَنِيْ مَآ اَنَا۠ بِبَاسِطٍ يَّدِيَ اِلَيْكَ لِاَقْتُلَكَۚ اِنِّيْٓ اَخَافُ اللّٰهَ رَبَّ الْعٰلَمِيْنَ٢٨
La'im basaṭta ilayya yadaka litaqtulanī mā ana bibāsiṭiy yadiya ilaika li'aqtulak(a), innī akhāfullāha rabbal-‘ālamīn(a).
[28] “Kadung riko ngubahaken tangan riko nong isun kanggo mateni isun, mongko isun sing bakal ngobahaken tanganisun kanggo mateni riko. Saktemene isun wedi nong Gusti Alloh, Pangerane sekabehe alam”.

اِنِّيْٓ اُرِيْدُ اَنْ تَبُوْۤاَ بِاِثْمِيْ وَاِثْمِكَ فَتَكُوْنَ مِنْ اَصْحٰبِ النَّارِۚ وَذٰلِكَ جَزٰۤؤُا الظّٰلِمِيْنَۚ٢٩
Innī urīdu an tabū'a bi'iṡmī wa iṡmika fa takūna min aṣḥābin-nār(i), wa żālika jazā'uẓ-ẓālimīn(a).
[29] “Saktemene isun ngarepaken mane riko mulih kambi (gowo) duso (mateni) isun lan dosa riko dhewek, mongko riko bakal manggoni neroko, gedigu iku balesane wong kang nganioyo”.

فَطَوَّعَتْ لَهٗ نَفْسُهٗ قَتْلَ اَخِيْهِ فَقَتَلَهٗ فَاَصْبَحَ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ٣٠
Fa ṭawwa‘at lahū nafsuhū qatla akhīhi fa qatalahū fa aṣbaḥa minal-khāsirīn(a).
[30] Banjur howo nafsune (Qobil) nggampangaken nong mateni dulure, mulane iyane mateni dulure, mongko iyane kelebu wong-wong kang rugi.

فَبَعَثَ اللّٰهُ غُرَابًا يَّبْحَثُ فِى الْاَرْضِ لِيُرِيَهٗ كَيْفَ يُوَارِيْ سَوْءَةَ اَخِيْهِ ۗ قَالَ يٰوَيْلَتٰٓى اَعَجَزْتُ اَنْ اَكُوْنَ مِثْلَ هٰذَا الْغُرَابِ فَاُوَارِيَ سَوْءَةَ اَخِيْۚ فَاَصْبَحَ مِنَ النّٰدِمِيْنَ ۛ٣١
Fa ba‘aṡallāhu gurābay yabḥaṡu fil-arḍi liyuriyahū kaifa yuwārī sau'ata akhīh(i), qāla yā wailatā a‘ajazta an akūna miṡla hāżal-gurābi fa uwāriya sau'ata akhī, fa aṣbaḥa minan-nādimīn(a).
[31] Mongko Gusti Alloh ngutus manuk gagak mane nyekeri lemah supoyo didileng Qabil kelendi kudune mendhem mayite dulure 229 . Qabil ngomong: “Duh ciloko isun, apuwo isun sing biso agawe koyo manuk gagak iku, yoro isun biso mendhem mayite dulur isun iki?” Mulane iyane dadi wong kang getun.
229) Dipahami teko ayat iki gok menungso akeh njuwut pengajaran teko alam lan ojo sungkan njuwut pengajaran teko kang luwih endhep kaweruhe.

مِنْ اَجْلِ ذٰلِكَ ۛ كَتَبْنَا عَلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اَنَّهٗ مَنْ قَتَلَ نَفْسًاۢ بِغَيْرِ نَفْسٍ اَوْ فَسَادٍ فِى الْاَرْضِ فَكَاَنَّمَا قَتَلَ النَّاسَ جَمِيْعًاۗ وَمَنْ اَحْيَاهَا فَكَاَنَّمَآ اَحْيَا النَّاسَ جَمِيْعًا ۗوَلَقَدْ جَاۤءَتْهُمْ رُسُلُنَا بِالْبَيِّنٰتِ ثُمَّ اِنَّ كَثِيْرًا مِّنْهُمْ بَعْدَ ذٰلِكَ فِى الْاَرْضِ لَمُسْرِفُوْنَ٣٢
Min ajli żālik(a), katabnā ‘alā banī isrā'īla annahū man qatala nafsam bigairi nafsin au fasādin fil-arḍi fa ka'annamā qatalan-nāsa jamī‘ā(n), wa man aḥyāhā fa ka'annamā aḥyan-nāsa jamī‘ā(n), wa laqad jā'athum rusulunā bil-bayyināt(i), ṡumma inna kaṡīram minhum ba‘da żālika fil-arḍi lamusrifūn(a).
[32] Mulane iku, Isun (Alloh) netepaken (hukum) kanggo Bani Isroil, gok: “Sopo wonge kang mateni menungso dudu kerono menungso iku wis mari mateni wong liyo 230 , ugo dudu mergo gawe rusak nong bumi, mongko koyo-koyo iyane wis mateni kabeh menungso 231 . Lan sopo wonge njogo uripe menungso siji, mongko koyo-koyo iyane njogo uripe menungso kabeh. Lan saktemene wis teko nong iyane utusane Isun kambi (gowo) keterangan kang jelas, banjur akeh iyane sakwise iku 232 kebacut gawe rusak nong ndhuwure bumi.
230) Yoiku: mateni dudu mergo qishoosh 231) Hukum iki sing mung ngenani Bani Isroil, tapi ugo ngenani menungso kabeh. Gusti Alloh nganggep mateni menungso siji podo ugo mateni menungso kabeh. Mergo menungso iku hanggauto masyarakat lan mergo mateni menungso siji iku podo ugo mateni kabeh keturunane. 232) Yoiku: sakwise tekone utusan kambi nggowo keterangan kang nyoto.

اِنَّمَا جَزٰۤؤُا الَّذِيْنَ يُحَارِبُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَيَسْعَوْنَ فِى الْاَرْضِ فَسَادًا اَنْ يُّقَتَّلُوْٓا اَوْ يُصَلَّبُوْٓا اَوْ تُقَطَّعَ اَيْدِيْهِمْ وَاَرْجُلُهُمْ مِّنْ خِلَافٍ اَوْ يُنْفَوْا مِنَ الْاَرْضِۗ ذٰلِكَ لَهُمْ خِزْيٌ فِى الدُّنْيَا وَلَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيْمٌ٣٣
Innamā jazā'ul-lażīna yuḥāribūnallāha wa rasūlahū wa yas‘auna fil-arḍi fasādan ay yuqattalū au yuṣallabū au tuqaṭṭa‘a aidīhim wa arjuluhum min khilāfin au yunfau minal-arḍ(i), żālika lahum khizyun fid-dun-yā wa lahum fil-ākhirati ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[33] Saktemene piwalese wong kang merangi Gusti Alloh lan Rasule lan gawe rusak nong dhuwure bumi iku dipateni utowo disalib, utowo ditugel tangan lan sikile selinthangan 233 , utowo dibuang teko negoro (iyane manggon). Gedigu iku (minongko) kanggo ngino iyane nong dunyo, lan nong akherat mbesok bakal diweni sikso kang gedhe.
233) Maksude: ditugel tangan tengen lan sikil kiwo, kadung agawe jahat maning mongko ditugel tangan kiwo lan sikil tengen

اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا مِنْ قَبْلِ اَنْ تَقْدِرُوْا عَلَيْهِمْۚ فَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٣٤
Illal-lażīna tābū min qabli an taqdirū ‘alaihim, fa‘lamū annallāha gafūrur raḥīm(un).
[34] Kejobo wong kang tobat sakdurunge riko tangkep. Mongko weruho riko gok Gusti Alloh iku moho ngapuro lan moho welas.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَابْتَغُوْٓا اِلَيْهِ الْوَسِيْلَةَ وَجَاهِدُوْا فِيْ سَبِيْلِهٖ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ٣٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha wabtagū ilaihil-wasīlata wa jāhidū fī sabīlihī la‘allakum tufliḥūn(a).
[35] He wong-wong kang iman, riko wediho nong Gusti Alloh lan goleko dalan kang biso marekaken riko nong Gusti Alloh, lan jihado nong dalane Gusti Alloh, mane riko oleh kebegjan.

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْ اَنَّ لَهُمْ مَّا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا وَّمِثْلَهٗ مَعَهٗ لِيَفْتَدُوْا بِهٖ مِنْ عَذَابِ يَوْمِ الْقِيٰمَةِ مَا تُقُبِّلَ مِنْهُمْ ۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٣٦
Innal-lażīna kafarū lau anna lahum mā fil-arḍi jamī‘aw wa miṡlahū ma‘ahū liyaftadū bihī min ‘ażābi yaumil-qiyāmati mā tuqubbila minhum, wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[36] Saktemene wong-wong kafir lamuno duwe sekabehe kang ono nong bumi lan duwe (maning) sepadhane kanggo nebus sikso nong dino kiyamat mongko (tebusan iku) sing bakal ditompo, iyane bakal oleh sikso kang perih.

يُرِيْدُوْنَ اَنْ يَّخْرُجُوْا مِنَ النَّارِ وَمَا هُمْ بِخٰرِجِيْنَ مِنْهَا ۖوَلَهُمْ عَذَابٌ مُّقِيْمٌ٣٧
Yurīdūna ay yakhrujū minan-nāri wa mā hum bikhārijīna minhā, wa lahum ‘ażābun muqīm(un).
[37] Iyane kepingin metu teko neroko, aliyo iyane sepisan-pisan sing bakal biso metu, lan iyane bakal oleh sikso kang langgeng.

وَالسَّارِقُ وَالسَّارِقَةُ فَاقْطَعُوْٓا اَيْدِيَهُمَا جَزَاۤءًۢ بِمَا كَسَبَا نَكَالًا مِّنَ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٣٨
Was-sāriqu was-sāriqatu faqṭa‘ū aidiyahumā jazā'am bimā kasabā nakālam minallāh(i), wallāhu ‘azīzun ḥakīm(un).
[38] Wong lanang kang nyolong lan wong wadon kang nyolong iku kethoken tangane karone (minongko) piwalese ulihe agawe lan sikso teko Gusti Alloh. Lan Gusti Alloh moho joyo ugo moho wicaksono.

فَمَنْ تَابَ مِنْۢ بَعْدِ ظُلْمِهٖ وَاَصْلَحَ فَاِنَّ اللّٰهَ يَتُوْبُ عَلَيْهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٣٩
Faman tāba mim ba‘di ẓulmihī wa aṣlaḥa fa innallāha yatūbu ‘alaih(i), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[39] Mongko sopo wonge tobat sakwise ulihe agawe jahat lan mbecikaken awake mongko saktemene Gusti Alloh nerimo tobate. Saktemene Gusti Alloh moho ngapuro lan moho welas.

اَلَمْ تَعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ يُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٤٠
Alam ta‘lam annallāha lahū mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), yu‘ażżibu may yasyā'u wa yagfiru limay yasyā'(u), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[40] Opo riko sing ngerti gok Gusti Alloh iku kang duweni keraton langit lan bumi, nyikso sopo kang Iyane karepi lan ngapuro sopo kang Iyane karepi. Lan Gusti Alloh moho kuoso nong sekabehane.

۞ يٰٓاَيُّهَا الرَّسُوْلُ لَا يَحْزُنْكَ الَّذِيْنَ يُسَارِعُوْنَ فِى الْكُفْرِ مِنَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِاَفْوَاهِهِمْ وَلَمْ تُؤْمِنْ قُلُوْبُهُمْ ۛ وَمِنَ الَّذِيْنَ هَادُوْا ۛ سَمّٰعُوْنَ لِلْكَذِبِ سَمّٰعُوْنَ لِقَوْمٍ اٰخَرِيْنَۙ لَمْ يَأْتُوْكَ ۗ يُحَرِّفُوْنَ الْكَلِمَ مِنْۢ بَعْدِ مَوَاضِعِهٖۚ يَقُوْلُوْنَ اِنْ اُوْتِيْتُمْ هٰذَا فَخُذُوْهُ وَاِنْ لَّمْ تُؤْتَوْهُ فَاحْذَرُوْا ۗوَمَنْ يُّرِدِ اللّٰهُ فِتْنَتَهٗ فَلَنْ تَمْلِكَ لَهٗ مِنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا ۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَمْ يُرِدِ اللّٰهُ اَنْ يُّطَهِّرَ قُلُوْبَهُمْ ۗ لَهُمْ فِى الدُّنْيَا خِزْيٌ ۖوَّلَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيْمٌ٤١
Yā ayyuhar-rasūlu lā yaḥzunkal-lażīna yusāri‘ūna fil-kufri minal-lażīna qālū āmannā bi'afwāhihim wa lam tu'min qulūbuhum - wa minal-lażīna hādū - sammā‘ūna lil-każibi sammā‘ūna liqaumin ākharīna lam ya'tūk(a), yuḥarrifūnal-kalima mim ba‘di mawāḍi‘ih(ī), yaqūlūna in ūtītum hāżā fa khuż­hu wa illam tu'tauhu faḥżarū, wa may yuridillāhu fitnatahū falan tamlika lahū minallāhi syai'ā(n), ulā'ikal-lażīna lam yuridillāhu ay yuṭahhira qulūbahum, lahum fid-dun-yā khizyuw wa lahum fil-ākhirati ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[41] He Rasul (Muhammad), ojo riko disusahaken kambi wong-wong kang gancang (ngatonaken) kafire, yoiku wongwong kang ngucap kambi cangkeme: “Isun wis iman”, aliyo atine hing iman, lan wongwong Yahudi, dhemen seru ngerungokaken (kabar-kabar) gubab 234 , lan seru dhemen ngerungokaken omongane wong kang durung tau kecaruk kambi riko 235 . Iyane nguwahi dhawuh-dhawuhe (Taurot) teko panggonane. Iyane ngomong: “Kadung riko diweni iki (kang wis iyane uwahi) mongko terimonen. Tapi kadung diweni liyane iki mongko riko ati-atio. Sopo wonge kang Gusti Alloh karepaken kesasar mongko sepisan-pisan riko sing bakal biso nulak paran kang teko Gusti Alloh. Iyane iku wong kang Gusti Alloh sing gelem ngerijigi atine. Iyane merkulih hino nong dunyo lan nong akherat merkulih sikso kang gedhe.
234) Maksude: wong Yahudi demen seru ngerungokaken omongane pendheto kang gubab, utowo dhemen seru ngerungokaken omongane Kanjeng Nabi Muhammad kanggo digadugaken nong pendhetone lan kanca-kancane kanthi coro sing temenan. 235) Maksude: iyane dhemen seru ngerungokaken omongane poro pengarepe kang gubab, kng durung tau kecaruk kambi Kanjeng Nabi Muhammad mergo sengit seru. Utowo dhemen serungerungokaken omongane Kanjeng Nabi Muhammad kanggo diceritakaken kanthi sing temenanan nong kanca-kancane.

سَمّٰعُوْنَ لِلْكَذِبِ اَكّٰلُوْنَ لِلسُّحْتِۗ فَاِنْ جَاۤءُوْكَ فَاحْكُمْ بَيْنَهُمْ اَوْ اَعْرِضْ عَنْهُمْ ۚوَاِنْ تُعْرِضْ عَنْهُمْ فَلَنْ يَّضُرُّوْكَ شَيْـًٔا ۗ وَاِنْ حَكَمْتَ فَاحْكُمْ بَيْنَهُمْ بِالْقِسْطِۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِيْنَ٤٢
Sammā‘ūna lil-każibi akkālūna lis-suḥt(i), fa in jā'ūka faḥkum bainahum au a‘riḍ ‘anhum, wa in tu‘riḍ ‘anhum falay yaḍurrūka syai'ā(n), wa in ḥakamta faḥkum bainahum bil-qisṭ(i), innallāha yuḥibbul-muqsiṭīn(a).
[42] Iyane iku wong kang dhemen ngerungokaken kabar gubab, seru mangan kang haram 236 . Kadung iyane (wong Yahudi) nekani riko (kanggo njaluk putusan hukum), mongko putusono (perkoro iku), utowo mengoho riko. Kadung riko mengo mongko iyane sing biso mbahayani riko sithiksithiko. Lan kadung riko mutusi perkorone, mongko putusono (perkoro iku) kanthi adil. Saktemene Gusti Alloh dhemen wong-wong kang gawe adil.
236) Koyo picis jorogan lan sakpenunggalane

وَكَيْفَ يُحَكِّمُوْنَكَ وَعِنْدَهُمُ التَّوْرٰىةُ فِيْهَا حُكْمُ اللّٰهِ ثُمَّ يَتَوَلَّوْنَ مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ ۗوَمَآ اُولٰۤىِٕكَ بِالْمُؤْمِنِيْنَ ࣖ٤٣
Wa kaifa yuḥakkimūnaka wa ‘indahumut-taurātu fīhā ḥukmullāhi ṡumma yatawallauna mim ba‘di żālik(a), wa mā ulā'ika bil-mu'minīn(a).
[43] Lan kelendi iyane ndadekaken riko hakim aliyo iyane duwe Taurot kang nong jerone (ono) hukume Gusti Alloh, banjur sakwise iku iyane mengo (teko putusan riko)? Lan temenan iyane iku dudu wong kang iman.

اِنَّآ اَنْزَلْنَا التَّوْرٰىةَ فِيْهَا هُدًى وَّنُوْرٌۚ يَحْكُمُ بِهَا النَّبِيُّوْنَ الَّذِيْنَ اَسْلَمُوْا لِلَّذِيْنَ هَادُوْا وَالرَّبّٰنِيُّوْنَ وَالْاَحْبَارُ بِمَا اسْتُحْفِظُوْا مِنْ كِتٰبِ اللّٰهِ وَكَانُوْا عَلَيْهِ شُهَدَاۤءَۚ فَلَا تَخْشَوُا النَّاسَ وَاخْشَوْنِ وَلَا تَشْتَرُوْا بِاٰيٰتِيْ ثَمَنًا قَلِيْلًا ۗوَمَنْ لَّمْ يَحْكُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْكٰفِرُوْنَ٤٤
Innā anzalnat-taurāta fīhā hudaw wa nūr(un), yaḥkumu bihan-nabiyyūnal-lażīna aslamū lil-lażīna hādū war-rabbāniyyūna wal-aḥbāru bimastuḥfiẓū min kitābillāhi wa kānū ‘alaihi syuhadā'(a), falā takhsyawun-nāsa wakhsyauni wa lā tasytarū bi'āyātī ṡamanan qalīlā(n), wa mal lam yaḥkum bimā anzalallāhu fa ulā'ika humul-kāfirūn(a).
[44] Saktemene Isun wis ngedhunaken Kitab Taurot kang nong jerone (ono) pituduh lan sunar (kang madhangi) kang kambi Kitab iku diputusaken perkorone wongwong Yahudi nong nabi-nabi kang pasrah nong Gusti Alloh, nong wong-wong alime lan pendheto-pendhetone, mergo iyane diperintah ngerekso kitabe Gusti Alloh lan dadi saksine. Mulane riko ojo wedi nong menungso, (tapi) wediho riko nong Isun. Lan ojo adol (ngoperaken) ayat-ayat Isun kambi rego kang murah. Sopo wonge sing gelem ngukumi kambi paran kang wis didhunaken Gusti Alloh mongko iyane iku wong-wong kafir

وَكَتَبْنَا عَلَيْهِمْ فِيْهَآ اَنَّ النَّفْسَ بِالنَّفْسِ وَالْعَيْنَ بِالْعَيْنِ وَالْاَنْفَ بِالْاَنْفِ وَالْاُذُنَ بِالْاُذُنِ وَالسِّنَّ بِالسِّنِّۙ وَالْجُرُوْحَ قِصَاصٌۗ فَمَنْ تَصَدَّقَ بِهٖ فَهُوَ كَفَّارَةٌ لَّهٗ ۗوَمَنْ لَّمْ يَحْكُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ٤٥
Wa katabnā ‘alaihim fīhā annan-nafsa bin-nafsi wal-‘aina bil-‘aini wal-anfa bil-anfi wal-użuna bil-użuni was-sinna bis-sinni wal-jurūḥa qiṣāṣ(un), faman taṣaddaqa bihī fa huwa kaffāratul lah(ū), wa mal lam yaḥkum bimā anzalallāhu fa ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[45] Lan Isun wis netepaken iyane nong jerone (At-Taurot) gok nyowo dibales kambi nyowo, moto kambi moto, bacot kambi bacot, kuping kambi kuping, untu kambi untu, lan tatu ono qishosh-e. Sopo wonge ngeculaken (hak mbales), mongko iku (dadi) tebusan dusone. Sopo wonge sing ngukumi perkoro nganggo paran kang wis didhunaken Gusti Alloh, mongko iyane iku wong-wong kang nganioyo.

وَقَفَّيْنَا عَلٰٓى اٰثَارِهِمْ بِعِيْسَى ابْنِ مَرْيَمَ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ مِنَ التَّوْرٰىةِ ۖوَاٰتَيْنٰهُ الْاِنْجِيْلَ فِيْهِ هُدًى وَّنُوْرٌۙ وَّمُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ مِنَ التَّوْرٰىةِ وَهُدًى وَّمَوْعِظَةً لِّلْمُتَّقِيْنَۗ٤٦
Wa qaffainā ‘alā āṡārihim bi‘īsabni maryama muṣaddiqal limā baina yadaihi minat-taurāh(ti), wa ātaināhul-injīla fīhi hudaw wa nūr(un), wa muṣaddiqal limā baina yadaihi minat-taurāti wa hudaw wa mau‘iẓatal lil-muttaqīn(a).
[46] Lan Sun ngiringaken tilase (nabi-nabi Bani Israel) kambi Isa anake Maryam, mbeneraken kitab kang sakdurunge yoiku Taurot. Lan Isun wis nguweni iyane Kitab Injil kang nong jerone (ono) pituduh lan sunar (kang madhangi), lan mbeneraken Kitab kang sakdurunge yoiku Taurot. Lan dadi pituduh lan piwulang kanggo wongwong kang taqwa.

وَلْيَحْكُمْ اَهْلُ الْاِنْجِيْلِ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ فِيْهِۗ وَمَنْ لَّمْ يَحْكُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ٤٧
Walyaḥkum ahlul-injīli bimā anzalallāhu fīh(i), wa mal lam yaḥkum bimā anzalallāhu fa ulā'ika humul-fasiqūn(a).
[47] Lan kudune wong-wong kang manut Injil iku mutusaken perkoro nganggo paran kang wis didhunaken Gusti Alloh nong jerone. 237 Sopowonge sing gelem mutusi perkoro miturut paran kang wis didhunaken Gusti Alloh, mongko iyane iku wong-wong kang fasiq 238
237) Wong-wong kang manut Injil iku kudu mutusi perkoro miturut paran kang didhunaken Gusti Alloh nong jerone Injil, tumeko sampe mangsane didhunaken Al-Qur’an 238) Wong-wong kang sing mutusi perkoro miturut hukume Gusti Alloh iku ono 3 macem: a) mergo sengit lan cengkal nong hukume Gusti Alloh, wong koyo gedigi iki iku kafir (ayat 44 syrat Al-Maaidah; b) mergo nuruti howo nafsu lan ngerugikaken wong liyo, diarani zholim (ayat 45 surat Al-Maidah); c) mergo fasiq koyo kang diduduhaken ayat 47 surat iki

وَاَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ مِنَ الْكِتٰبِ وَمُهَيْمِنًا عَلَيْهِ فَاحْكُمْ بَيْنَهُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَهُمْ عَمَّا جَاۤءَكَ مِنَ الْحَقِّۗ لِكُلٍّ جَعَلْنَا مِنْكُمْ شِرْعَةً وَّمِنْهَاجًا ۗوَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَجَعَلَكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّلٰكِنْ لِّيَبْلُوَكُمْ فِيْ مَآ اٰتٰىكُمْ فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرٰتِۗ اِلَى اللّٰهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيْعًا فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَۙ٤٨
Wa anzalnā ilaikal-kitāba bil-ḥaqqi muṣaddiqal limā baina yadaihi minal-kitābi wa muhaiminan ‘alaihi faḥkum bainahum bimā anzalallāhu wa lā tattabi‘ ahwā'ahum ‘ammā jā'aka minal-ḥaqq(i), likullin ja‘alnā minkum syir‘ataw wa minhājā(n), wa lau syā'allāhu laja‘alakum ummataw wāḥidataw wa lākil liyabluwakum fī mā ātākum fastabiqul-khairāt(i), ilallāhi marji‘ukum jamī‘an fa yunabbi'ukum bimā kuntum fīhi takhtalifūn(a).
[48] Lan Isun wis ngedhunaken Al-Qur’an nong riko nggowo kebeneran, mbeneraken paran kang sakdurunge, yoiku kitab-kitab (kang didhunaken sakdurunge) lan dadi njogo 239 kanggo kitab-kitab sakdurunge, mongko mutusono perkorone miturut paran kang Gusti Alloh dhunaken, lan ojo riko ngetutaken howo nafsune iyane kanthi ninggalaken kebeneran kang wis teko nong riko. Kanggo umat-umat nong antarane riko 240 , Isun nguweni aturan lan sunar kang padhang. Lamuno Gusti Alloh ngarepaken, mongko riko didadekaken umat siji (baen), tapi Gusti Alloh arepe nguji riko nganggo kanugrahane, mongko gancang-gancangono agawe bagus. Mung nong Gusti Alloh riko kabeh mulih, banjur Gusti Alloh bakal nyeritani riko paran kang riko selisihaken iku.
239) Maksude: Al-Qur’an minongko ukuran kanggo mutusi bener usinge ayat-ayat kang nong jerone kitab-kitab sakdurunge Al-Qur’an 240) Maksude: umate Kanjeng Nabi Muhammad SAW. lan umat-umat kang sakdurunge

وَاَنِ احْكُمْ بَيْنَهُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَهُمْ وَاحْذَرْهُمْ اَنْ يَّفْتِنُوْكَ عَنْۢ بَعْضِ مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ اِلَيْكَۗ فَاِنْ تَوَلَّوْا فَاعْلَمْ اَنَّمَا يُرِيْدُ اللّٰهُ اَنْ يُّصِيْبَهُمْ بِبَعْضِ ذُنُوْبِهِمْ ۗوَاِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ النَّاسِ لَفٰسِقُوْنَ٤٩
Wa aniḥkum bainahum bimā anzalallāhu wa lā tattabi‘ ahwā'ahum waḥżarūhum ay yaftinūka ‘am ba‘ḍi mā anzalallāhu ilaik(a), fa in tawallau fa‘lam annamā yurīdullāhu ay yuṣībahum biba‘ḍi żunūbihim, wa inna kaṡīram minan-nāsi lafāsiqūn(a).
[49] Lan riko mutusono perkorone iyane miturut paran kang wis didhunaken Gusti Alloh, lan ojo riko nuruti howo nafsune iyane. Lan riko ati-atiyo nong iyane supoyo sing gawe riko mengo teko paran kang wis didhunaken Gusti Alloh nong riko. Kadung iyane mengo (teko hukum kang wis didhunaken Gusti Alloh), mongko ngertiyo gok saktemene Gusti Alloh bakal nibakaken musibah nong iyane mergo sebagian duso-dusone. Lan saktemene akeh-akehe menungso iku wong kang fasiq.

اَفَحُكْمَ الْجَاهِلِيَّةِ يَبْغُوْنَۗ وَمَنْ اَحْسَنُ مِنَ اللّٰهِ حُكْمًا لِّقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَ ࣖ٥٠
Afaḥukmul-jāhiliyyati yabgūn(a), wa man aḥsanu minallāhi ḥukmal liqaumiy yūqinūn(a).
[50] Opo iyane ngarepaken nong hukum Jahiliyyah? Lan (hukume) sopo kang luwih apik tinimbang (hukume) Gusti Alloh kanggo wong-wong kang yakin?

۞ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوا الْيَهُوْدَ وَالنَّصٰرٰٓى اَوْلِيَاۤءَ ۘ بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۗ وَمَنْ يَّتَوَلَّهُمْ مِّنْكُمْ فَاِنَّهٗ مِنْهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ٥١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattakhiżul-yahūda wan-naṣārā auliyā'(a), ba‘ḍuhum auliyā'u ba‘ḍ(in), wa may yatawallahum minkum fa innahū minhum, innallāha lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[51] He wong-wong kang iman, ojo riko ndadekaken wong-wong Yahudi lan Nasrani dadi konco setia (riko). Sebagiane iku konco setiane sebagian liyane. Sopo wonge nong antarane riko ndadekaken iyane konco setia mongko saktemene wong iku milu dadi golongane. Saktemene Gusti Alloh sing nguweni pituduh nong wong-wong kang zholim.

فَتَرَى الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ يُّسَارِعُوْنَ فِيْهِمْ يَقُوْلُوْنَ نَخْشٰٓى اَنْ تُصِيْبَنَا دَاۤىِٕرَةٌ ۗفَعَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّأْتِيَ بِالْفَتْحِ اَوْ اَمْرٍ مِّنْ عِنْدِهٖ فَيُصْبِحُوْا عَلٰى مَآ اَسَرُّوْا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ نٰدِمِيْنَۗ٥٢
Fa taral-lażīna fī qulūbihim maraḍuy yusāri‘ūna fīhim yaqūlūna nakhsyā an tuṣībanā dā'irah(tun), fa ‘asallāhu ay ya'tiya bil-fatḥi au amrim min ‘indihī fa yuṣbiḥū ‘alā mā asarrū fī anfusihim nādimīn(a).
[52] Mongko riko bakal weruh wong-wong kang ono penyakit nong atine (wong-wong munafiq) bakal gancang mareki iyane (Yahudi lan Nasrani), kambi ngomong: “Isun wedi oleh ciloko”. Mugo-mugo Gusti Alloh nguweni menang (nong Rasule), utowo putusan teko ngarsane, mane wong-wong iku nggetuni paran kang disuntelaken nong atine

وَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَهٰٓؤُلَاۤءِ الَّذِيْنَ اَقْسَمُوْا بِاللّٰهِ جَهْدَ اَيْمَانِهِمْۙ اِنَّهُمْ لَمَعَكُمْۗ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فَاَصْبَحُوْا خٰسِرِيْنَ٥٣
Wa yaqūlul-lażīna āmanū ahā'ulā'il-lażīna aqsamū billāhi jahda aimānihim, innahum lama‘akum, ḥabiṭat a‘māluhum fa aṣbaḥū khāsirīn(a).
[53] Lan wong-wong kang iman bakal ngomong: “Iki tah wong-wong kang sumpah temenanan nganggo arane Gusti Alloh, gok iyane bareng riko temenan?” Wis sirno kabeh amale, mongko iyane dadi wong kang rugi

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَنْ يَّرْتَدَّ مِنْكُمْ عَنْ دِيْنِهٖ فَسَوْفَ يَأْتِى اللّٰهُ بِقَوْمٍ يُّحِبُّهُمْ وَيُحِبُّوْنَهٗٓ ۙاَذِلَّةٍ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ اَعِزَّةٍ عَلَى الْكٰفِرِيْنَۖ يُجَاهِدُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَلَا يَخَافُوْنَ لَوْمَةَ لَاۤىِٕمٍ ۗذٰلِكَ فَضْلُ اللّٰهِ يُؤْتِيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ٥٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū may yartadda minkum ‘an dīnihī fa saufa ya'tillāhu biqaumiy yuḥibbuhum wa yuḥibbūnah(ū), ażillatin ‘alal-mu'minīna a‘izzatin ‘alal-kāfirīn(a), yujāhidūna fī sabīlillāhi wa lā yakhāfūna laumata lā'im(in), żālika faḍlullāhi yu'tīhi may yasyā'(u), wallāhu wāsi‘un ‘alīm(un).
[54] He wong-wong kang iman, sopo wonge teko riko iku murtad teko agomone, mongko mbesok Gusti Alloh bakal nekakaken kaum kang Gusti Alloh dhemeni lan kaum iku dhemen nong Gusti Alloh, kang alus nong wong mukmin tapi kasar nong wong kafir, lan gelem perang nong dalane Gusti Alloh, lan sing wedi nong ulihe ngino wong kang ngino. Iku kanugrahane Gusti Alloh, diwehaken nong sopo baen kang Iyane karepaken, lan Gusti Alloh moho wero (kanugrahane) ugo moho ngaweruhi.

اِنَّمَا وَلِيُّكُمُ اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوا الَّذِيْنَ يُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَهُمْ رٰكِعُوْنَ٥٥
Innamā waliyyukumullāhu wa rasūluhū wal-lażīna āmanul-lażīna yuqīmūnaṣ-ṣalāta wa yu'tūnaz-zakāta wa hum rāki‘ūn(a).
[55] Saktemene kang nulungi riko mung Gusti Alloh, Rasule, lan wong-wong kang iman, kang ngadegaken sholat lan nuhoni zakat, selagi iyane lulut (nong Gusti Alloh)

وَمَنْ يَّتَوَلَّ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فَاِنَّ حِزْبَ اللّٰهِ هُمُ الْغٰلِبُوْنَ ࣖ٥٦
Wa may yatawallallāha wa rasūlahū wal-lażīna āmanū fa inna ḥizballāhi humul-gālibūn(a).
[56] Lan sopo wonge ndadekaken Gusti Alloh, Rasule, lan wong-wong kang iman dadi kang nulung iyane, mongko saktemene kang manut (agamane)Gusti Alloh 241 iku kang bakal menang.
241) Yoiku wong-wong kang ndadekaken Gusti Alloh, Rasule lan wong-wong kang iman, dadi wong kang nulungi iyane

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوا الَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا دِيْنَكُمْ هُزُوًا وَّلَعِبًا مِّنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَالْكُفَّارَ اَوْلِيَاۤءَۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٥٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattakhiżul-lażīnattakhażū dīnakum huzuwaw wa la‘ibam minal-lażīna ūtul-kitāba min qablikum wal-kuffāra auliyā'(a), wattaqullāha in kuntum mu'minīn(a).
[57] He wong-wong kang iman, ojo riko ngangkat dadi wong kang mimpin riko, wong wong kang nggawe agomo riko dadi guyonan lan memenganan, (yoiku) wong-wong kang wis diweni Kitab sakdurunge riko, lan wong-wong kafir (wong musyrik). Lan wediyo nong Gusti Alloh kadung riko temenan wong kang iman.

وَاِذَا نَادَيْتُمْ اِلَى الصَّلٰوةِ اتَّخَذُوْهَا هُزُوًا وَّلَعِبًا ۗذٰلِكَ بِاَ نَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَعْقِلُوْنَ٥٨
Wa iżā nādaitum ilaṣ-ṣalātittakhażūhā huzuwaw wa la‘ibā(n), żālika bi'annahum qaumul lā ya‘qilūn(a).
[58] Naliko riko nyeluk (iyane) kanggo (ngelakoni) sholat, iyane nganggep guyonan lan memenganan. Gedigu iku mergo iyane saktemene kaum kang sing nganggo akale.

قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ هَلْ تَنْقِمُوْنَ مِنَّآ اِلَّآ اَنْ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْنَا وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلُۙ وَاَنَّ اَكْثَرَكُمْ فٰسِقُوْنَ٥٩
Qul yā ahlal-kitābi hal tanqimūna minnā illā an āmannā billāhi wa mā unzila ilainā wa mā unzila min qabl(u), wa anna akṡarakum fāsiqūn(a).
[59] Ngomongo: “He Ahli Kitab, opo riko nganggep isun iki salah, mung mergo isun iman nang Gusti Alloh, lan (iman) nong paran kang didhunaken kanggo isun, lan (iman) nong paran kang didhunaken sakdurunge, aliyo saktemene akeh-akehe riko iku wong-wong fasiq?”

قُلْ هَلْ اُنَبِّئُكُمْ بِشَرٍّ مِّنْ ذٰلِكَ مَثُوْبَةً عِنْدَ اللّٰهِ ۗمَنْ لَّعَنَهُ اللّٰهُ وَغَضِبَ عَلَيْهِ وَجَعَلَ مِنْهُمُ الْقِرَدَةَ وَالْخَنَازِيْرَ وَعَبَدَ الطَّاغُوْتَۗ اُولٰۤىِٕكَ شَرٌّ مَّكَانًا وَّاَضَلُّ عَنْ سَوَاۤءِ السَّبِيْلِ٦٠
Qul hal unabbi'ukum bisyarrim min żālika maṡūbatan ‘indallāh(i), mal la‘anahullāhu wa gaḍiba ‘alaihi wa ja‘ala minhumul-qiradata wal-khanāzīra wa ‘abadaṭ-ṭāgūt(a), ulā'ika syarrum makānaw wa aḍallu ‘an sawā'is-sabīl(i).
[60] Ngomongo siro Muhammad: “ Opo perlu isun ceritani wong-wong kang luwih olo tinimbang (wong-wong fasiq) iku piwalese nong ngarsane Gusti Alloh, yoiku wongwong kang dilaknat lan dibendhu Gusti Alloh, lan dibendhu dadi bojog lan celeng 242 lan (wong kang) nyembah thaghut?” Iyane iku kabeh luwih olo panggonelan luwih kesasar teko dalan kang kenceng
242) Kang dimaksud nong kene yoiku wong-wong Yahudi kang nerak kinurmatane dino Sabtu (dilengen ayat 65 surat Al-Baqoroh lan not 59)

وَاِذَا جَاۤءُوْكُمْ قَالُوْٓا اٰمَنَّا وَقَدْ دَّخَلُوْا بِالْكُفْرِ وَهُمْ قَدْ خَرَجُوْا بِهٖ ۗوَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا كَانُوْا يَكْتُمُوْنَ٦١
Wa iżā jā'ūkum qālū āmannā wa qad dakhalū bil-kufri wa hum qad kharajū bih(ī), wallāhu a‘lamu bimā kānū yaktumūn(a).
[61] Lan naliko wong-wong (Yahudi utowo munafiq) nekani riko, iyane ngomong: “Isun wis iman”, aliyo iyane nekani riko nggowo kafire lan menyang (teko riko) nggowo kafire (ugo), Lan Gusti Alloh luwih ngaweruhi paran kang iyane sengidaken.

وَتَرٰى كَثِيْرًا مِّنْهُمْ يُسَارِعُوْنَ فِى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَاَكْلِهِمُ السُّحْتَۗ لَبِئْسَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٦٢
Wa tarā kaṡīram minhum yusāri‘ūna fil-iṡmi wal-‘udwāni wa aklihimus-suḥt(a), labi'sa mā kānū ya‘malūn(a).
[62] Lan riko bakal weruh akeh-akehe iyane (wong Yahudi) gancangan agawe duso, musuhan, lan mangan barang haram. Saktemene olo seru paran kang iyane lakoni iku.

لَوْلَا يَنْهٰىهُمُ الرَّبّٰنِيُّوْنَ وَالْاَحْبَارُ عَنْ قَوْلِهِمُ الْاِثْمَ وَاَكْلِهِمُ السُّحْتَۗ لَبِئْسَ مَا كَانُوْا يَصْنَعُوْنَ٦٣
Lau lā yanhāhumur-rabbāniyyūna wal-aḥbāru ‘an qaulihimul-iṡma wa aklihimus-suḥt(a), labi'sa mā kānū yaṣna‘ūn(a).
[63] Apuwo wong-wong alime iyane, pendhetopendhetone iyane, sing nyegah iyane ngomong gubab lan mangan kang haram? Saktemene olo seru paran kang iyane tandangi iku.

وَقَالَتِ الْيَهُوْدُ يَدُ اللّٰهِ مَغْلُوْلَةٌ ۗغُلَّتْ اَيْدِيْهِمْ وَلُعِنُوْا بِمَا قَالُوْا ۘ بَلْ يَدٰهُ مَبْسُوْطَتٰنِۙ يُنْفِقُ كَيْفَ يَشَاۤءُۗ وَلَيَزِيْدَنَّ كَثِيْرًا مِّنْهُمْ مَّآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ طُغْيَانًا وَّكُفْرًاۗ وَاَلْقَيْنَا بَيْنَهُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاۤءَ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِۗ كُلَّمَآ اَوْقَدُوْا نَارًا لِّلْحَرْبِ اَطْفَاَهَا اللّٰهُ ۙوَيَسْعَوْنَ فِى الْاَرْضِ فَسَادًاۗ وَاللّٰهُ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِيْنَ٦٤
Wa qālatil-yahūdu yadullāhi maglūlah(tun), gullat aidīhim wa lu‘inū bimā qālū, bal yadāhu mabsūṭatān(i), yunfiqu kaifa yasyā'(u), wa layazīdanna kaṡīram minhum mā unzila ilaika mir rabbika ṭugyānaw wa kufrā(n), wa alqainā bainahumul-‘adāwata wal-bagḍā'a ilā yaumil-qiyāmah(ti), kullamā auqadū nāral lil-ḥarbi aṭfa'ahallāh(u), wa yas‘auna fil-arḍi fasādā(n), wallāhu lā yuḥibbul-mufsidīn(a).
[64] Wong-wong Yahudi ngomong: “Tangane Gusti Alloh dibelenggu 243 ”, aliyo tangane iyane dhewek kang dibelenggu 244 lan iyane dilaknat mergo omongane iku. (Dudu gedigu) tapi karone tangane Gusti Alloh iku dibeber, Iyane nguweni sak kelendi Iyane karep. Lan Al-Qur’an kang didhunaken nong riko iku temenan bakal nambahi durokone lan kafire akeh-akehe iyane. Lan Isun wis nyukulaken sengit lan musuhan nong antarane iyane sampe dino kiamat. Saben iyane ngurubaken geni kanggo perang mongko Gusti Alloh bakal ngebes. Lan iyane agawe rusak nong duwure bumi, lan Gusti Alloh sing dhemen wong kang agawe rusak.
243) Maksude : melid 244) Kalimat-kalimat iki yoiku laknate Gusti Alloh nong wong-wong Yahudi artine yoiku iyane bakal dibelenggu nong ngisore kuasane bongso-bongso liyo selawase nong dunyo, lan bakal disikso nganggo belenggune neroko nong akherat mbesok.

وَلَوْ اَنَّ اَهْلَ الْكِتٰبِ اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَكَفَّرْنَا عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْ وَلَاَدْخَلْنٰهُمْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِ٦٥
Wa lau anna ahlal-kitābi āmanū wattaqau lakaffarnā ‘anhum sayyi'ātihim wa la'adkhalnāhum jannātin-na‘īm(i).
[65] Lan lamuno Ahli Kitab iman lan taqwa mongko mesthi Isun tutup (mbusek) luputlupute lan mesthi Isun ngelebokaken nong jero swargo kang kebek nikmat.

وَلَوْ اَنَّهُمْ اَقَامُوا التَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِمْ مِّنْ رَّبِّهِمْ لَاَكَلُوْا مِنْ فَوْقِهِمْ وَمِنْ تَحْتِ اَرْجُلِهِمْۗ مِنْهُمْ اُمَّةٌ مُّقْتَصِدَةٌ ۗ وَكَثِيْرٌ مِّنْهُمْ سَاۤءَ مَا يَعْمَلُوْنَ ࣖ٦٦
Wa lau annahum aqāmut-taurāta wal-injīla wa mā unzila ilaihim mir rabbihim la'akalū min fauqihim wa min taḥti arjulihim, minhum ummatum muqtaṣidah(tun), wa kaṡīrum minhum sā'a mā ya‘malūn(a).
[66] Lan lamuno iyane temenanan ngelakokaken (hukum) Taurot, Injil, lan (Al-Qur’an) kang didhunaken nong iyane teko Pangerane, momgko mesthi iyane bakal merkulih panganan teko nduwure lan ngisor sikile 245 . Nong antarane iyane ono golongan kang sedengan 246 , lan olo seru paran kang wis ditandangi akeh-akehe iyane.
245) Maksude Gusti Alloh bakal ngakehaken rahmate teko langit kanthi ngedhunaken udan lan nyukulaken rahmate teko bumi kanthi nyukulaken cecukulan kang akeh uwohe. 246) Maksude wong kang agawe jujur lan kenceng lan sing nyimpang teko kebeneran

۞ يٰٓاَيُّهَا الرَّسُوْلُ بَلِّغْ مَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ ۗوَاِنْ لَّمْ تَفْعَلْ فَمَا بَلَّغْتَ رِسٰلَتَهٗ ۗوَاللّٰهُ يَعْصِمُكَ مِنَ النَّاسِۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْكٰفِرِيْنَ٦٧
Yā ayyuhar-rasūlu ballig mā unzila ilaika mir rabbik(a), wa illam taf‘al famā ballagta risālatah(ū), wallāhu ya‘ṣimuka minan-nās(i), innallāha lā yahdil-qaumal-kāfirīn(a).
[67] He Rasul, sampekno paran kang didhunaken nong riko teko Pangeran riko. Lan kadung riko sing ngelakokaken (paran kang diperintahaken iku artine) riko sing nyampekaken amanate. Gusti Alloh ngerekso riko teko (gangguane) menungso 247 . Saktemene Gusti Alloh sing bakal nguweni pituduh nong wong-wong kafir.
247) Maksude: sing ono wong kang biso mateni Kanjeng Nabi Muhammad SAW

قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لَسْتُمْ عَلٰى شَيْءٍ حَتّٰى تُقِيْمُوا التَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكُمْ مِّنْ رَّبِّكُمْ ۗوَلَيَزِيْدَنَّ كَثِيْرًا مِّنْهُمْ مَّآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ طُغْيَانًا وَّكُفْرًاۚ فَلَا تَأْسَ عَلَى الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ٦٨
Qul yā ahlal-kitābi lastum ‘alā syai'in ḥattā tuqīmut-taurāta wal-injīla wa mā unzila ilaikum mir rabbikum, wa layazīdanna kaṡīram minhum mā unzila ilaika mir rabbika ṭugyānaw wa kufrā(n), falā ta'sa ‘alal-qaumil-kāfirīn(a).
[68] Ngomongo: “He Ahli Kitab, riko sing dianggep duwe agomo babar blas sampe riko ngadegaken ajaran-ajarane Taurot, Injil, lan Al-Qur’an kang didhunaken teko Pangeran riko kanggo riko. Saktemene paran kang didhunaken Pangeran kanggo riko (Muhammad) bakal nambahi ulihe iyane duroko lan kafir, mongko ojo riko dadi susah (putus asa) nong wong-wong kafir iku.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَادُوْا وَالصَّابِـُٔوْنَ وَالنَّصٰرٰى مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَعَمِلَ صَالِحًا فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٦٩
Innal-lażīna āmanū wal-lażīna hādū waṣ-ṣābi'ūna wan-naṣārā man āmana billāhi wal-yaumil-ākhiri wa ‘amila ṣāliḥan falā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[69] Saktemene wong-wong mukmin, wong Yahudi, Shabi’in lan wong Nasrani, iku sopo wonge temenan iman nong Gusti Alloh, dino kiyamat, lan agawe bagus, mongko iyane sing duwe kuatir lan (ugo) sing susah.

لَقَدْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ وَاَرْسَلْنَآ اِلَيْهِمْ رُسُلًا ۗ كُلَّمَا جَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌۢ بِمَا لَا تَهْوٰٓى اَنْفُسُهُمْۙ فَرِيْقًا كَذَّبُوْا وَفَرِيْقًا يَّقْتُلُوْنَ٧٠
Laqad akhażnā mīṡāqa banī isrā'īla wa arsalnā ilaihim rusulā(n), kullamā jā'ahum rasūlum bimā lā tahwā anfusuhum, farīqan każżabū wa farīqay yaqtulūn(a).
[70] Saktemene Isun wis gawe perjanjian nong Bani Isroil 248 , lan Isun wis ngutus rasulrasul nong iyane. Tapi saben rasul nekani iyane kambi nggowo paran baen kang sing didhemeni howo nafsune, (mongko) sebagian rasul-rasul iku iyane arani gubab, lan sebagian rasul-rasul iku iyane pateni.
248) Perjanjian iku yoiku iyane iman nong Gusti Alloh lan rasul-rasule

وَحَسِبُوْٓا اَلَّا تَكُوْنَ فِتْنَةٌ فَعَمُوْا وَصَمُّوْا ثُمَّ تَابَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ ثُمَّ عَمُوْا وَصَمُّوْا كَثِيْرٌ مِّنْهُمْۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌۢ بِمَا يَعْمَلُوْنَ٧١
Wa ḥasibū allā takūna fitnatun fa ‘amū wa ṣammū ṡumma tāballāhu ‘alaihim ṡumma ‘amū wa ṣammū kaṡīrum minhum, wallāhu baṣīrum bimā ya‘malūn(a).
[71] Lan iyane ngiro gok sing bakal keneng bilai (mergo mateni nabi-nabi iku), mongko (mergo iku) iyane dadi picek lan gendheng, banjur Gusti Alloh nerimo taubate, banjur akeh teko iyane kang picek lan gendgeng (maning). Lan Gusti Alloh moho ndileng paran kang iyane tandangi.

لَقَدْ كَفَرَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْمَسِيْحُ ابْنُ مَرْيَمَ ۗوَقَالَ الْمَسِيْحُ يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اعْبُدُوا اللّٰهَ رَبِّيْ وَرَبَّكُمْ ۗاِنَّهٗ مَنْ يُّشْرِكْ بِاللّٰهِ فَقَدْ حَرَّمَ اللّٰهُ عَلَيْهِ الْجَنَّةَ وَمَأْوٰىهُ النَّارُ ۗوَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ اَنْصَارٍ٧٢
Laqad kafaral-lażīna qālū innallāha huwal-masīḥubnu maryam(a), wa qālal-masīḥu yā banī isrā'īla‘budullāha rabbī wa rabbakum, innahū may yusyrik billāhi faqad ḥarramallāhu ‘alaihil-jannata wa ma'wāhun nār(u), wa mā liẓ-ẓālimīna min anṣār(in).
[72] Saktemen dadi kafir wong-wong kang ngomong: “Saktemene Gusti Alloh iku AlMasiih anake Maryam”, aliyo Al-Masiih (dhewek) ngomong: “He Bani Isroil, nyembaho Gusti Alloh, Pangeran isun lan Pangeran riko”. Saktemene wong-wong kang nyekutukaken Gusti Alloh (kambi liyane), mongko mesthi Gusti Alloh haramaken swargo kanggo iyane, panggone yoiku neroko, blas sing ono wong kang nulung nong wong-wong kang dzolim iku.

لَقَدْ كَفَرَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللّٰهَ ثَالِثُ ثَلٰثَةٍ ۘ وَمَا مِنْ اِلٰهٍ اِلَّآ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ ۗوَاِنْ لَّمْ يَنْتَهُوْا عَمَّا يَقُوْلُوْنَ لَيَمَسَّنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٧٣
Laqad kafaral-lażīna qālū innallāha ṡāliṡu ṡalāsah(tin), wa mā min ilāhin illā ilāhuw wāḥid(un), wa illam yantahū ‘ammā yaqūlūna layamassannal-lażīna kafarū minhum ‘ażābun alīm(un).
[73] Saktemene dadi kafir wong-wong kang ngomong: “Saktemene Gusti Alloh iku salah siji teko kang telu”, aliyo sepisan-pisan sing ono Pangeran (kang ngehaki disembah) kejobo Gusti Alloh kang moho esa. Kadung sing gelem mareni paran kang iyane omongaken iku, mongko mesthi wongwong kang kafir iku bakal ngerasakaken sikso kang perih.

اَفَلَا يَتُوْبُوْنَ اِلَى اللّٰهِ وَيَسْتَغْفِرُوْنَهٗۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٧٤
Afalā yatūbūna ilallāhi wa yastagfirūnah(ū), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[74] Mongko apuwo iyane sing gelem tobat lan njaluk ngapuro nong Gusti Alloh? Lan Gusti Alloh iku moho ngapuro lan moho welas.

مَا الْمَسِيْحُ ابْنُ مَرْيَمَ اِلَّا رَسُوْلٌۚ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِ الرُّسُلُۗ وَاُمُّهٗ صِدِّيْقَةٌ ۗ كَانَا يَأْكُلَانِ الطَّعَامَ ۗ اُنْظُرْ كَيْفَ نُبَيِّنُ لَهُمُ الْاٰيٰتِ ثُمَّ انْظُرْ اَنّٰى يُؤْفَكُوْنَ٧٥
Mal-masīḥubnu maryama illā rasūl(un), qad khalat min qablihir rusul(u), wa ummuhū ṣiddīqah(tun), kānā ya'kulāniṭ-ṭa‘ām(a), unẓur kaifa nubayyinu lahumul-āyāti ṡummanẓur annā yu'fakūn(a).
[75] Al-Masiih anake Maryam iku mung rosul siji kang sakdurunge iyane wes ono piropiro rasul, lan emake ikuwong kang bener, karone wis lumrah mangan panganan 249 . Riko nitenono kelendi Isun njelasaken nong iyane (Ahli Kitab) tanda-tanda kuosone (Isun), banjur titenono kelendi iyane mengo (teko niteni ayat-ayat Isun iku).
249) Maksude: Isa a.s lan emake iku manungso, kang mbutuhaken paran kang dibutuhaken lumrahe menungso, koyo mangan, ngombe lan sakpenunggalane.

قُلْ اَتَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَمْلِكُ لَكُمْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًا ۗوَاللّٰهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٧٦
Qul ata‘budūna min dūnillāhi mā lā yamliku lakum ḍarraw wa lā naf‘ā(n), wallāhu huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[76] Ngomongo: “Apuwo riko nyembah liyane Gusti Alloh, Barang kang sing biso mbilaheni nong riko lan sing biso (ugo) nguweni manfaat nong riko? Lan Gusti Alloh iku moho ngerungu ugo moho weruh.

قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لَا تَغْلُوْا فِيْ دِيْنِكُمْ غَيْرَ الْحَقِّ وَلَا تَتَّبِعُوْٓا اَهْوَاۤءَ قَوْمٍ قَدْ ضَلُّوْا مِنْ قَبْلُ وَاَضَلُّوْا كَثِيْرًا وَّضَلُّوْا عَنْ سَوَاۤءِ السَّبِيْلِ ࣖ٧٧
Qul yā ahlal-kitābi lā taglū fī dīnikum gairal-ḥaqqi wa lā tattabi‘ū ahwā'a qaumin qad ḍallū min qablu wa aḍallū kaṡīraw wa ḍallū ‘an sawā'is-sabīl(i).
[77] Ngomongo: “He Ahli Kitab, ojo riko gejolok/ kebacut (ngliwati anggat) kanthi coro kang salah nong jerone agomo, lan ojo riko nuruti nafsune wong-wong kang wes kesasar bengen (sakdurunge tekane Kanjeng Nabi Muhammad), lan iyane wes nyasaraken akeh menungso, lan iyane kesasar teko dalan kang kenceng.”

لُعِنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْۢ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ عَلٰى لِسَانِ دَاوٗدَ وَعِيْسَى ابْنِ مَرْيَمَ ۗذٰلِكَ بِمَا عَصَوْا وَّكَانُوْا يَعْتَدُوْنَ٧٨
Lu‘inal-lażīna kafarū mim banī isrā'īla ‘alā lisāni dāwūda wa ‘īsabni maryam(a), żālika bimā ‘aṣaw wa kānū ya‘tadūn(a).
[78] Wis dilaknat wong-wong kafire Bani Isroil kanthi lisane Daud lan ‘Isa anake Maryam, gedigu iku mergo iyane duroko lan mesthi kebacut.

كَانُوْا لَا يَتَنَاهَوْنَ عَنْ مُّنْكَرٍ فَعَلُوْهُۗ لَبِئْسَ مَا كَانُوْا يَفْعَلُوْنَ٧٩
Kānū lā yatanāhauna ‘am munkarin fa‘alūh(u), labi'sa mā kānū yaf‘alūn(a).
[79] Iyane sing gentenan nyegah liyane penggawe mungkar kang ditandangi, saktemene olo seru paran kang iyane tandangi iku.

تَرٰى كَثِيْرًا مِّنْهُمْ يَتَوَلَّوْنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا ۗ لَبِئْسَ مَا قَدَّمَتْ لَهُمْ اَنْفُسُهُمْ اَنْ سَخِطَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ وَفِى الْعَذَابِ هُمْ خٰلِدُوْنَ٨٠
Tarā kaṡīram minhum yatawallaunal-lażīna kafarū, labi'sa mā qaddamat lahum anfusuhum an sakhiṭallāhu ‘alaihim wa fil ‘ażābi hum khālidūn(a).
[80] Riko weruh wong akeh teko iyane iku tulung tinulung kambi wong kafir (musyrik), saktemene olo seru paran kang iyane cawisaken kanggo awake dhewek, yoiku bendune Gusti Alloh nong iyane, lan iyane bakal langgeng nong neroko.

وَلَوْ كَانُوْا يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالنَّبِيِّ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِ مَا اتَّخَذُوْهُمْ اَوْلِيَاۤءَ وَلٰكِنَّ كَثِيْرًا مِّنْهُمْ فٰسِقُوْنَ٨١
Wa lau kānū yu'minūna billāhi wan-nabiyyi wa mā unzila ilaihi mattakhażūhum auliyā'a wa lākinna kaṡīram minhum fāsiqūn(a).
[81] Lamuno iman nong Gusti Alloh, nong Nabi (Musa) lan paran kang diwehaken nong iyane (Nabi), mongko mesthi iyane sing bakal ndadekaken wong-wong musyrikin dadi konco kang nulungi, tapi akeh-akehe iyane iku wong-wong kang fasiq.

۞ لَتَجِدَنَّ اَشَدَّ النَّاسِ عَدَاوَةً لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوا الْيَهُوْدَ وَالَّذِيْنَ اَشْرَكُوْاۚ وَلَتَجِدَنَّ اَقْرَبَهُمْ مَّوَدَّةً لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوا الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّا نَصٰرٰىۗ ذٰلِكَ بِاَنَّ مِنْهُمْ قِسِّيْسِيْنَ وَرُهْبَانًا وَّاَنَّهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ ۔٨٢
Latajidanna asyaddan-nāsi ‘adāwatal lil-lażīna āmanul-yahūda wal-lażīna asyrakū, wa latajidanna aqrabahum mawaddatal lil-lażīna āmanul-lażīna qālū innā naṣārā, żālika bi'anna minhum qissīsīna wa ruhbānaw wa annahum lā yastakbirūn(a).
[82] Saktemene bakal riko temoni wong-wong kang paling nemen musuhane kambi wongwong kang iman yoiku wong-wong Yahudi lan wong-wong musyrik. Lan saktemene bakal riko temoni wong kang paling parek ulihe kekancan kambi wong-wong kang iman yoiku wong-wong kang ngomong: “Saktemene isun iki wong Nasrani”. Gedigu iku mergo nong antarane iyane (wong Nasrani) ono pendheto-pendheto lan rahibrahib, (ugo) mergo saktemene iyane sing gumedhe.

وَاِذَا سَمِعُوْا مَآ اُنْزِلَ اِلَى الرَّسُوْلِ تَرٰٓى اَعْيُنَهُمْ تَفِيْضُ مِنَ الدَّمْعِ مِمَّا عَرَفُوْا مِنَ الْحَقِّۚ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَآ اٰمَنَّا فَاكْتُبْنَا مَعَ الشّٰهِدِيْنَ٨٣
Wa iżā sami‘ū mā unzila ilar-rasūli tarā a‘yunahum tafīḍu minad-dam‘i mimmā ‘arafū minal-ḥaqq(i), yaqūlūna rabbanā āmannā faktubnā ma‘asy-syāhidīn(a).
[83] Lan kapan iyane kabeh podo kerungu paran-paran hang diturunaken kambi rosul (Muhammad) siro (Muhammad) ndeleng piro-piro motone iyane kabeh (Yahudi – Nasroni) mili eluh sebab podo ngerti perkoro kang bener (saking kitabe iyane dewek) kambi podo ngucap Duh pangeran isun, isun iman moko mugo-mugo ndiko catet isun ikai bareng kambi wong-wong kang podo dadi saksi (ing benere Qur’an lan dadi nabine Muhammad SAW).

وَمَا لَنَا لَا نُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَمَا جَاۤءَنَا مِنَ الْحَقِّۙ وَنَطْمَعُ اَنْ يُّدْخِلَنَا رَبُّنَا مَعَ الْقَوْمِ الصّٰلِحِيْنَ٨٤
Wa mā lanā lā nu'minu billāhi wa mā jā'anā minal-ḥaqq(i), wa naṭma‘u ay yudkhilanā rabbunā ma‘al-qaumiṣ-ṣāliḥīn(a).
[84] Apuwo isun kok sing iman kambi Alloh lan perkoro bener hang teko nyang isun, mongko isun kabeh seru kepingine pangeran ngelebokaken isun mlebu kambi golongane wong-wong hang soleh?

فَاَثَابَهُمُ اللّٰهُ بِمَا قَالُوْا جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ وَذٰلِكَ جَزَاۤءُ الْمُحْسِنِيْنَ٨٥
Fa aṡābahumullāhu bimā qālū jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, wa żālika jazā'ul-muḥsinīn(a).
[85] Mongko terus Alloh nguweni iyane kabeh ganjaran mergo pengucape iyane kabeh yoiku surgo hang ono ring ngisore podo mili piro-piro banyu sedeng iyane podo dilanggengaken ring jerone. Hang gediku iku dadi walesane wong kang podo ngelakoni keapikan.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ ࣖ٨٦
Wal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā ulā'ika aṣḥābul-jaḥīm(i).
[86] Lan wong-wong hang podo kafir lan gorohaken kambi ayat-ayat isun (Alloh) iyane kabeh iku hang bakal manggon ring neroko jahim.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُحَرِّمُوْا طَيِّبٰتِ مَآ اَحَلَّ اللّٰهُ لَكُمْ وَلَا تَعْتَدُوْا ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِيْنَ٨٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tuḥarrimū ṭayyibāti mā aḥallallāhu lakum wa lā ta‘tadū, innallāha lā yuḥibbul-mu‘tadīn(a).
[87] He wong-wong kang podo iman ojo siro ngaromaken paran-paran hang apik hang Alloh halalaken kanggo siro kabeh lan ojo siro sampek ngeliwati wangkid (wates) sak benere Alloh hing demen kambi wong kang ngeliwati wangkid (wates).

وَكُلُوْا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللّٰهُ حَلٰلًا طَيِّبًا ۖوَّاتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِيْٓ اَنْتُمْ بِهٖ مُؤْمِنُوْنَ٨٨
Wa kulū mimmā razaqakumullāhu ḥalālan ṭayyibā(n), wattaqullāhal-lażī antum bihī mu'minūn(a).
[88] Lan podo mangano siro kabeh saking paranparan hang wis diweni kambi Alloh rupo panganan halal hang apik, lan wediyo siro kabeh (taqwa) kambi Alloh hang siro kabeh podo iman (kambi Alloh).

لَا يُؤَاخِذُكُمُ اللّٰهُ بِاللَّغْوِ فِيْٓ اَيْمَانِكُمْ وَلٰكِنْ يُّؤَاخِذُكُمْ بِمَا عَقَّدْتُّمُ الْاَيْمَانَۚ فَكَفَّارَتُهٗٓ اِطْعَامُ عَشَرَةِ مَسٰكِيْنَ مِنْ اَوْسَطِ مَا تُطْعِمُوْنَ اَهْلِيْكُمْ اَوْ كِسْوَتُهُمْ اَوْ تَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ ۗفَمَنْ لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ ثَلٰثَةِ اَيَّامٍ ۗذٰلِكَ كَفَّارَةُ اَيْمَانِكُمْ اِذَا حَلَفْتُمْ ۗوَاحْفَظُوْٓا اَيْمَانَكُمْ ۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٨٩
Lā yu'ākhiżukumullāhu bil-lagwi fī aimānikum wa lākiy yu'ākhiżukum bimā ‘aqqattumul-aimān(a), fa kaffāratuhū iṭ‘āmu ‘asyarati masākīna min ausaṭi mā tuṭ‘imūna ahlīkum au kiswatuhum au taḥrīru raqabah(tin), famal lam yajid fa ṣiyāmu ṡalāṡati ayyām(in), żālika kaffāratu aimānikum iżā ḥalaftum, waḥfaẓū aimānakum, każālika yubayyinullāhu lakum āyātihī la‘allakum tasykurūn(a).
[89] Alloh hing bakal nyikso (ngukumi) siro kabeh mergo sumpah memengan (hing sengojo) siro kabeh mergo Alloh bakal nyikso (ngukumi) siro kabeh mergo sumpah hang nyoto (disengojo) mongko kafarot (tebusane) mergo ngelanggar sumpah iku nguweni mangan sepuluh wong mlarat yoiku rupo panganan hang biasa riko wakaken kambi keluarga iro, utowo nguweni penganggon utowo merdekakaken kawulo (budak). Hang sopone wong hing sanggup nongko kafarote (tebusane) puoso telung dino hang gediku iku mau dadi kafarote sumpah iro kabeh lamuno siro sumpah (lan dilanggar) lan rumaten sumpah iro hang gediku iku mau Alloh bakal jelasaken ayatayate kanggo siro kabeh supoyo siro kabeh podo syukur.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّمَا الْخَمْرُ وَالْمَيْسِرُ وَالْاَنْصَابُ وَالْاَزْلَامُ رِجْسٌ مِّنْ عَمَلِ الشَّيْطٰنِ فَاجْتَنِبُوْهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ٩٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanū innamal-khamru wal-maisiru wal-anṣābu wal-azlāmu rijsum min ‘amalisy-syaiṭāni fajtanibūhu la‘allakum tufliḥūn(a).
[90] He wong-wong kang podo iman sak benere (sak nyatane) arak, main (judi) lan kurban kanggo reco lan ngundi nasib nganggo pasere panah iku kelebu perkoro hang keji lan kelebu penggawenane setan, mulo siro kabeh ngedohono supoyo siro dadi wong kang untung.

اِنَّمَا يُرِيْدُ الشَّيْطٰنُ اَنْ يُّوْقِعَ بَيْنَكُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاۤءَ فِى الْخَمْرِ وَالْمَيْسِرِ وَيَصُدَّكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللّٰهِ وَعَنِ الصَّلٰوةِ فَهَلْ اَنْتُمْ مُّنْتَهُوْنَ٩١
Innamā yurīdusy-syaiṭānu ay yūqi‘a bainakumul-‘adāwata wal-bagḍā'a fil-khamri wal-maisiri wa yaṣuddakum ‘an żikrillāhi wa ‘aniṣ-ṣalāti fahal antum muntahūn(a).
[91] Sak benere setan iku ngarepaken gawe kisruh (dadi musuhan) ring antarane siro kabeh lan bangkel-bangkelan lantaran (ngumbe arak) lan judi kambi ngalangngalangi siro kabeh sangking iling ring Alloh lan sholat mongko endane siro kabeh sing mandek (ngelakoni penggawean iku).

وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَ وَاحْذَرُوْا ۚفَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَا عَلٰى رَسُوْلِنَا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ٩٢
Wa aṭī‘ullāha wa aṭī‘ur-rasūla waḥżarū, fa in tawallaitum fa‘lamū annamā ‘alā rasūlinal-balāgul-mubīn(u).
[92] Lan nuruto siro kabeh ring Alloh lan nuruto ing rosule kambi ati-atio lamuno siro mbangkang (sing nurut) mongko weruho siro kabeh sak nyatane kewajibane rosul isun mung nyampekaken (amanate Alloh) hang jelas.

لَيْسَ عَلَى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ جُنَاحٌ فِيْمَا طَعِمُوْٓا اِذَا مَا اتَّقَوْا وَّاٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ ثُمَّ اتَّقَوْا وَّاٰمَنُوْا ثُمَّ اتَّقَوْا وَّاَحْسَنُوْا ۗوَاللّٰهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ ࣖ٩٣
Laisa ‘alal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti ṡummattaqau wa āmanū ṡummattaqau wa aḥsanū, wallāhu yuḥibbul-muḥsinīn(a).
[93] Hing ono duso kanggo wong-wong kang podo iman lan wong kang ngelakoni amal hang apik mergo paran-paran hang wis dipangan waktu bengen, lamuno podo taqwa lan podo iman lan podo ngelakoni amal apik terus magih tetep taqwa lan iman terus magih tetep taqwa kambi ngelakoni keapikan, Alloh demen ring wong-wong kang ngelakoni keapikan (ngormati ka’bah mergo dadi soko guru uripe menungso).

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَيَبْلُوَنَّكُمُ اللّٰهُ بِشَيْءٍ مِّنَ الصَّيْدِ تَنَالُهٗٓ اَيْدِيْكُمْ وَرِمَاحُكُمْ لِيَعْلَمَ اللّٰهُ مَنْ يَّخَافُهٗ بِالْغَيْبِۚ فَمَنِ اعْتَدٰى بَعْدَ ذٰلِكَ فَلَهٗ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٩٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū layabluwannakumullāhu bisyai'im minaṣ-ṣaidi tanāluhū aidīkum wa rimāḥukum liya‘lamallāhu may yakhāfuhū bil-gaib(i), fa mani‘tadā ba‘da żālika fa lahū ‘ażābun alīm(un).
[94] He wong-wong kang podo iman sak benere Alloh bakal nguji ing siro kabeh kambi perkoro sangking hayawan kang diburu hang gampang keneng kambi tangan lan tombak siro supoyo Alloh weruh endi wong kang wedi ring barang goib (Alloh) mongko supo wong hang nabrak wangkid (wates) sak wise iku mongko nduweni sikso hang soro (perih).

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَقْتُلُوا الصَّيْدَ وَاَنْتُمْ حُرُمٌ ۗوَمَنْ قَتَلَهٗ مِنْكُمْ مُّتَعَمِّدًا فَجَزَۤاءٌ مِّثْلُ مَا قَتَلَ مِنَ النَّعَمِ يَحْكُمُ بِهٖ ذَوَا عَدْلٍ مِّنْكُمْ هَدْيًاۢ بٰلِغَ الْكَعْبَةِ اَوْ كَفَّارَةٌ طَعَامُ مَسٰكِيْنَ اَوْ عَدْلُ ذٰلِكَ صِيَامًا لِّيَذُوْقَ وَبَالَ اَمْرِهٖ ۗعَفَا اللّٰهُ عَمَّا سَلَفَ ۗوَمَنْ عَادَ فَيَنْتَقِمُ اللّٰهُ مِنْهُ ۗوَاللّٰهُ عَزِيْزٌ ذُو انْتِقَامٍ٩٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā taqtuluṣ-ṣaida wa antum ḥurum(un), wa man qatalahū minkum muta‘ammidan fa jazā'um miṡlu mā qatala minan-na‘ami yaḥkumu bihī żawā ‘adlim minkum hadyam bāligal-ka‘bati au kaffāratun ṭa‘āmu masākīna au ‘adlu żālika ṣiyāmal liyażūqa wabāla amrih(ī), ‘afallāhu ‘ammā salaf(a), wa man ‘āda fa yantaqimullāhu minh(u), wallāhu ‘azīzun żuntiqām(in).
[95] He wong-wong kang podo iman ojo sampek siro kabeh mateni hayawan hang diburu sedenge siro kabeh kambi ngelakoni ihrom sopo-sopone wong ring antarane siro kabeh mateni kambi sengojo mongko dendane ngganti rojo koyo hang modoni kambi. Buruan hang dipateni manut putusane wong loro hang adil ring antarane siro kabeh minongko dadi hadiah kang diteraken nang ka’bah utowo dendame mbayar kafarot yoiku nguweni mangan, wong-wong muslim utowo puoso madani kambi pangan hang ditukukaken iku supoyo iyane ngerasakaken akibat hang elek saking penggaweane. Alloh wis nyepuro saking paran-paran hang bengen sopo-sopone wong kang ngelakoni maning, mongko Alloh bakal nyikso, Alloh maha kuoso (menangan) lan nduweni kuoso kanggo nyikso.

اُحِلَّ لَكُمْ صَيْدُ الْبَحْرِ وَطَعَامُهٗ مَتَاعًا لَّكُمْ وَلِلسَّيَّارَةِ ۚوَحُرِّمَ عَلَيْكُمْ صَيْدُ الْبَرِّ مَا دُمْتُمْ حُرُمًا ۗوَاتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِيْٓ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٩٦
Uḥilla lakum ṣaidul-baḥri wa ṭa‘āmuhū matā‘al lakum wa lis-sayyārah(ti), wa ḥurrima ‘alaikum ṣaidul-barri mā dumtum ḥurumā(n), wattaqullāhal-lażī ilaihi tuḥsyarūn(a).
[96] Dihalalaken kanggo siro kabeh kewan buruan laut panganan kang asale teko laut dadi panganan hang enak kanggo siro lan kanggo wong kang menyang nang dalan, lan diharomaken kanggo siro nyekel (nangkep) kewan darat selagi siro ngelakoni ihrom lan taqwaho siro kabeh kambi Alloh kang mung ring Alloh siro kabeh dikumpulaken.

۞ جَعَلَ اللّٰهُ الْكَعْبَةَ الْبَيْتَ الْحَرَامَ قِيٰمًا لِّلنَّاسِ وَالشَّهْرَ الْحَرَامَ وَالْهَدْيَ وَالْقَلَاۤىِٕدَ ۗذٰلِكَ لِتَعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۙ وَاَنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ٩٧
Ja‘alallāhul-ka‘batal-baital-ḥarāma qiyāmal lin-nāsi wasy-syahral-ḥarāma wal-hadya wal-qalā'id(a), żālika lita‘lamū annallāha ya‘lamu mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa annallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[97] Alloh wes dadikaken ka’bah umah kang suci kerono dadi punjere (pusat) ibadah kanggo menungso kabeh lan dadekaken syaharul haram (wulan-wulan mulyo; Dzulqoidah, Dzulhijjah, Muharram, Rajab) lan mbeleh hadya lan qolaid (kewan belehan) hang gediku iku myani siro weruh setuhune Alloh weruh kambi paran-paran hang ono ring langit lan paran-paran hang ono ring bumi. Setuhune Alloh kambi saben-saben prekoro dzat hang moko ngaweruhi.

اِعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِۙ وَاَنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌۗ٩٨
I‘lamū annallāha syadīdul-‘iqāb(i), wa annallāha gafūrur raḥīm(un).
[98] Weruho siro kabeh setuhune Alloh abot temenan siksone lan setuhune Alloh iku dzat kang temenan ulihe nyepuro ugo kang temenan welas asihe.

مَا عَلَى الرَّسُوْلِ اِلَّا الْبَلٰغُ ۗوَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تُبْدُوْنَ وَمَا تَكْتُمُوْنَ٩٩
Mā ‘alar-rasūli illal-balāg(u),wallāhu ya‘lamu mā tubdūna wa mā taktumūn(a).
[99] Hing ono maning kewajibane rosul kejobo mung nyampekaken (risalah). Alloh bakal weruh paran-paran baen hang siro katonaken lan siro sengidakaken.

قُلْ لَّا يَسْتَوِى الْخَبِيْثُ وَالطَّيِّبُ وَلَوْ اَعْجَبَكَ كَثْرَةُ الْخَبِيْثِۚ فَاتَّقُوا اللّٰهَ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ ࣖ١٠٠
Qul lā yastawil-khabīṡu waṭ-ṭayyibu wa lau a‘jabaka kaṡratul-khabīṡ(i), fattaqullāha yā ulil-albābi la‘allakum tufliḥūn(a).
[100] Omongno siro Muhammad: hing podo barang hang olo kambi hang apik masiyo akehe barang hang elek iku gawe kaju (gumun) ring siro Muhammad mongko taqwaho siro kabeh ring Alloh hei wong kang duwe akal mane siro podo untung (urip seneng).

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَسْـَٔلُوْا عَنْ اَشْيَاۤءَ اِنْ تُبْدَ لَكُمْ تَسُؤْكُمْ ۚوَاِنْ تَسْـَٔلُوْا عَنْهَا حِيْنَ يُنَزَّلُ الْقُرْاٰنُ تُبْدَ لَكُمْ ۗعَفَا اللّٰهُ عَنْهَا ۗوَاللّٰهُ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ١٠١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tas'alū ‘an asy-yā'a in tubda lakum tasu'kum, wa in tas'alū ‘anhā ḥīna yunazzalul-qur'ānu tubda lakum, ‘afallāhu ‘anhā, wallāhu gafūrun ḥalīm(un).
[101] Hei wong-wong kang podo iman, ojo pisanpisan siro takon (kambi nabiniro) perkoroperkoro hang kapan dijelasaken kanggo siro kabeh mongko siro bakal susah lan siro kabeh podo takon nalikane Qur’an pas diturunaken mongko bakal dijelasaken kanggo siro kabeh, Alloh wes nyepuro kambi perkoro-perkoro iku mau. Lan Alloh iku moho pengapuro lan penyantun.

قَدْ سَاَلَهَا قَوْمٌ مِّنْ قَبْلِكُمْ ثُمَّ اَصْبَحُوْا بِهَا كٰفِرِيْنَ١٠٢
Qad sa'alahā qaumum min qablikum ṡumma aṣbaḥū bihā kāfirīn(a).
[102] Temenan wes tau takon golongane wongwong kang sakdurunge siro kabeh perkoro hang podo kambi iku mau terus dadi wong kang podo hing percoyo (iman).

مَا جَعَلَ اللّٰهُ مِنْۢ بَحِيْرَةٍ وَّلَا سَاۤىِٕبَةٍ وَّلَا وَصِيْلَةٍ وَّلَا حَامٍ ۙوَّلٰكِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَۗ وَاَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ١٠٣
Mā ja‘alallāhu mim baḥīratiw wa lā sā'ibatiw wa lā waṣīlatiw wa lā ḥām(in), wa lākinnal-lażīna kafarū yaftarūna ‘alallāhil-każib(a), wa akṡaruhum lā ya‘qilūn(a).
[103] Alloh hing dadikaken syariat rupo bahiroh lan s’aibah lanwashilah lan haam tapi wong kang podo kafir gawe-gawe goroh (ngapus) ring Alloh. Lan akehe wong-wong iku hing podo paham.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ تَعَالَوْا اِلٰى مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ وَاِلَى الرَّسُوْلِ قَالُوْا حَسْبُنَا مَا وَجَدْنَا عَلَيْهِ اٰبَاۤءَنَا ۗ اَوَلَوْ كَانَ اٰبَاۤؤُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ شَيْـًٔا وَّلَا يَهْتَدُوْنَ١٠٤
Wa iżā qīla lahum ta‘ālau ilā mā anzalallāhu wa ilar-rasūli qālū ḥasbunā mā wajadnā ‘alaihi ābā'anā, awalau kāna ābā'uhum lā ya‘lamūna syai'aw wa lā yahtadūn(a).
[104] Lan nalikane diucapaken kambi wong-wong iku ayok milu paran kang Alloh turunaken lan milu kambi rosul, wong-wong iku ngucap cukup wes kanggo isun paran-paran hang wis sun oleh teko embah-embah isun kabeh lan opo tah mbah-mbah e wongwong iku hing weruh paran-paran blas lan ugo hing oleh pitodoh?

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا عَلَيْكُمْ اَنْفُسَكُمْ ۚ لَا يَضُرُّكُمْ مَّنْ ضَلَّ اِذَا اهْتَدَيْتُمْ ۗ اِلَى اللّٰهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيْعًا فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ١٠٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanū ‘alaikum anfusakum, lā yaḍurrukum man ḍalla iżahtadaitum, ilallāhi marji‘ukum jamī‘an fa yunabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[105] Hei wong-wong kang podo iman jogonen awak siro kabeh, wong kang podo kesasar hing bakal mbahayani (mudoroti) nalikane siro kabeh wes ulih pidodoh, mung maring Alloh panggonan balik sekabehane siro kabeh, mongko yane (Alloh) bakal nyeritakaken ring siro kabeh kambi paranparan baen hang wes siro lakoni.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا شَهَادَةُ بَيْنِكُمْ اِذَا حَضَرَ اَحَدَكُمُ الْمَوْتُ حِيْنَ الْوَصِيَّةِ اثْنٰنِ ذَوَا عَدْلٍ مِّنْكُمْ اَوْ اٰخَرٰنِ مِنْ غَيْرِكُمْ اِنْ اَنْتُمْ ضَرَبْتُمْ فِى الْاَرْضِ فَاَصَابَتْكُمْ مُّصِيْبَةُ الْمَوْتِۗ تَحْبِسُوْنَهُمَا مِنْۢ بَعْدِ الصَّلٰوةِ فَيُقْسِمٰنِ بِاللّٰهِ اِنِ ارْتَبْتُمْ لَا نَشْتَرِيْ بِهٖ ثَمَنًا وَّلَوْ كَانَ ذَا قُرْبٰىۙ وَلَا نَكْتُمُ شَهَادَةَ اللّٰهِ اِنَّآ اِذًا لَّمِنَ الْاٰثِمِيْنَ١٠٦
Yā ayyuhal-lażīna āmanū syahādatu bainikum iżā ḥaḍara aḥadakumul-mautu ḥīnal-waṣiyyatiṡnāni żawā ‘adlim minkum au ākharāni min gairikum in antum ḍarabtum fil-arḍi fa aṣābatkum muṣībatul-maut(i), taḥbisūnahumā mim ba‘diṣ-ṣalāti fa yuqsimāni billāhi inirtabtum lā nasytarī bihī ṡamanaw wa lau kāna żā qurbā, wa lā naktumu syahādatallāhi innā iżal laminal-āṡimīn(a).
[106] Hei wong-wong kang podo iman kapan ono salah sijine siro ngadepi mati kambi arep wasiat mongko wasiat iku saksinono kambi wong loro hang adil ring antarane siro kabeh, utowo wong loro hang bedo agomo nalikane siro ono ing pelakon dalan aju keneng musibah yoiku mati, siro kabeh tahanen saksi loro iku sak wise sembahyang (kanggo arep sumpah) aju karo-karone sumpah nyebut arane Alloh kapan siro magih mang-mang, Demi Alloh hing bakal ngurupaken (ngijolaken) sumpah iki kambi rego murah (kanggo pentinge wong siji) masiyo konco plek (raket) lan isun hing bakal nyengidakaken kesaksiyane Alloh. Setuhune isun kapan ngelakoni gediku iku kelebu wong kang podo duso.

فَاِنْ عُثِرَ عَلٰٓى اَنَّهُمَا اسْتَحَقَّآ اِثْمًا فَاٰخَرٰنِ يَقُوْمٰنِ مَقَامَهُمَا مِنَ الَّذِيْنَ اسْتَحَقَّ عَلَيْهِمُ الْاَوْلَيٰنِ فَيُقْسِمٰنِ بِاللّٰهِ لَشَهَادَتُنَآ اَحَقُّ مِنْ شَهَادَتِهِمَا وَمَا اعْتَدَيْنَآ ۖاِنَّآ اِذًا لَّمِنَ الظّٰلِمِيْنَ١٠٧
Fa in ‘uṡira ‘alā annahumastaḥaqqā iṡman fa ākharāni yaqūmāni maqāmahumā minal-lażīnastaḥaqqa ‘alaihimul-aulayāni fa yuqsimāni billāhi lasyahādatunā aḥaqqu min syahādatihimā wa ma‘tadainā, innā iżal laminaẓ-ẓālimīn(a).
[107] Kapan diweruhi kadung saksi loro iku ngelakoni duso (nakalan sak wise sumpah) mongko wong loro hang liyo antarane ahli waris hang duwe hak hang lebih parek kambi hang ninggal (ngajukaken tuntutan) dinggo ngganteni (saksi hang nakalan) aju karo-karone sumpah kambi nyebut asmane Alloh “setuhune kesaksian isun lebih pantes diterimo timbang kesaksiane saksi loro (hang nakalan iku) lan isun sing ngeliwati wates. Setuhune isun kadung gediku iku (nakalan) kelebu wong hang podo nganingoyo ring awake dewek.

ذٰلِكَ اَدْنٰٓى اَنْ يَّأْتُوْا بِالشَّهَادَةِ عَلٰى وَجْهِهَآ اَوْ يَخَافُوْٓا اَنْ تُرَدَّ اَيْمَانٌۢ بَعْدَ اَيْمَانِهِمْۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاسْمَعُوْا ۗوَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ ࣖ١٠٨
Żālika adnā ay ya'tū bisy-syahādati ‘alā wajhihā au yakhāfū an turadda aimānum ba‘da aimānihim, wattaqullāha wasma‘ū, wallāhu lā yahdil qaumal-fāsiqīn(a).
[108] Hang gediku iku lebih marekaken (dadikaken poro saksi) ngajukaken kesaksiane sak semajadine (sak majase) lan ndadekaken saksi-saksi iku rumongso wedi dibalekaken sumpahe (ring poro ahli waris sak wise wong-wong iku podo sumpah). Lan taqwaho siro kabeh ring Alloh lan rungokno perintahe Alloh. Alloh hing bakal nguweni pidodoh kambi wong-wong fasik.

۞ يَوْمَ يَجْمَعُ اللّٰهُ الرُّسُلَ فَيَقُوْلُ مَاذَٓا اُجِبْتُمْ ۗ قَالُوْا لَا عِلْمَ لَنَا ۗاِنَّكَ اَنْتَ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ١٠٩
Yauma yajma‘ullāhur-rusula fa yaqūlu māżā ujibtum, qālū lā ‘ilma lanā, innaka anta ‘allāmul-guyūb(i).
[109] Lan ilingo siro Muhammad dinane Alloh waktu ngumpulaken poro rosul aju Alloh takon paran jawaban kaum siro kambi ajakan siro? poro rosul podo njawab kulo mboten ngertos babar blas perkoro niku saktemene ndiko gusti dzat kang temenan ngawaruhi perkoro goib.

اِذْ قَالَ اللّٰهُ يٰعِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ اذْكُرْ نِعْمَتِيْ عَلَيْكَ وَعَلٰى وَالِدَتِكَ ۘاِذْ اَيَّدْتُّكَ بِرُوْحِ الْقُدُسِۗ تُكَلِّمُ النَّاسَ فِى الْمَهْدِ وَكَهْلًا ۚوَاِذْ عَلَّمْتُكَ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَالتَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَ ۚوَاِذْ تَخْلُقُ مِنَ الطِّيْنِ كَهَيْـَٔةِ الطَّيْرِ بِاِذْنِيْ فَتَنْفُخُ فِيْهَا فَتَكُوْنُ طَيْرًاۢ بِاِذْنِيْ وَتُبْرِئُ الْاَكْمَهَ وَالْاَبْرَصَ بِاِذْنِيْ ۚوَاِذْ تُخْرِجُ الْمَوْتٰى بِاِذْنِيْ ۚوَاِذْ كَفَفْتُ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ عَنْكَ اِذْ جِئْتَهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْهُمْ اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ١١٠
Iż qālallāhu yā ‘īsabna maryamażkur ni‘matī ‘alaika wa ‘alā wālidatik(a), iż ayyattuka birūḥil-qudus(i), tukallimun-nāsa fil-mahdi wa kahlā(n), wa iż ‘allamtukal-kitāba wal-ḥikmata wat-taurāta wal-injīl(a), wa iż takhluqu minaṭ-ṭīni kahai'atiṭ-ṭairi bi'iżnī fa tanfukhu fīhā fa takūnu ṭairam bi'iżnī wa tubri'ul-akmaha wal-abraṣa bi'iżnī, wa iż tukhrijul-mautā bi'iżnī, wa iż kafaftu banī isrā'īla ‘anka iż ji'tahum bil-bayyināti fa qālal-lażīna kafarū minhum in hāżā illā siḥrum mubīn(un).
[110] Ilingo siro Muhammad nalikane Alloh ngucap: Hei Isa anake Maryam ilingo siro ring nikmat isun ing atase siro lan emak siro nalikane isun (Alloh) nguwataken siro kambi ruh qudus siro biso omong-omongan kambi menungso nalikane magih gindongan lan sak wuse gedi. Lan ilingo nalikane isun ngajari siro nulis lan ilmu hikmah lan Taurot lan Injil lan nalikane siro nggawe teko lemah koyo rupane manuk sebab ijin teko isun (Alloh) aju siro nyemprong terus dadi manuk temenan sebab ijin isun (Alloh), lan siro biso marasaken wong kang picek sakat cilik lan wong kang loro lepra sebab ijin isun. Lan ilingo siro nalikane siro ngetokaken wong mati teko kuburan (aju biso urip) sebab ijin isun. Lan ilingo nalikane isun ngalang-ngalangi bani israel (kerono kepingin mateni siro) nalikane siro ngajokaken kambi wong-wong iku (bani israel) kambi bukti-bukti nyoto terus podo ngucap wong-wong bani Israel. Perkoro iki hing ono liyo kejobo mung sihir kang nyoto.

وَاِذْ اَوْحَيْتُ اِلَى الْحَوَارِيّٖنَ اَنْ اٰمِنُوْا بِيْ وَبِرَسُوْلِيْ ۚ قَالُوْٓا اٰمَنَّا وَاشْهَدْ بِاَنَّنَا مُسْلِمُوْنَ١١١
Wa iż auḥaitu ilal-ḥawāriyyīna an āminū bī wa birasūlī, qālū āmannā wasyhad bi'annanā muslimūn(a).
[111] Lan ilingo siro nalikane isun ngoweni ilham kambi wong-wong hawariyin (wong-wong hang milu nabi Isa) tegese imano siro kabeh kambi isun Alloh lan rosul isun (Isa a.s), podo ngucap wong-wong hawariyin isun podo iman. Lan saksenono saktemene isun kabeh wong-wong kang podo tunduk.

اِذْ قَالَ الْحَوَارِيُّوْنَ يٰعِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ هَلْ يَسْتَطِيْعُ رَبُّكَ اَنْ يُّنَزِّلَ عَلَيْنَا مَاۤىِٕدَةً مِّنَ السَّمَاۤءِ ۗقَالَ اتَّقُوا اللّٰهَ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١١٢
Iż qālal-ḥawāriyyūna yā ‘īsabna maryama hal yastaṭī‘u rabbuka ay yunazzila ‘alainā mā'idatam minas-samā'(i), qālattaqullāha in kuntum mu'minīn(a).
[112] Ilingo siro Muhammad nalikane wongwong hawariyin podo ngucap “Hei Isa anake Maryam opo tah pengeran siro biso nurunaken ingatase isun kabeh panganan hang teko langit” Isa njawab taqwaho siro kabeh ing Alloh kapan siro podo iman.

قَالُوْا نُرِيْدُ اَنْ نَّأْكُلَ مِنْهَا وَتَطْمَىِٕنَّ قُلُوْبُنَا وَنَعْلَمَ اَنْ قَدْ صَدَقْتَنَا وَنَكُوْنَ عَلَيْهَا مِنَ الشّٰهِدِيْنَ١١٣
Qālū nurīdu an na'kula minhā wa taṭma'inna qulūbunā wa na‘lama an qad ṣadaqtanā wa nakūna ‘alaihā minasy-syāhidīn(a).
[113] Wong-wong hawariyin iku podo ngucap isun kepingin mangan panganan iku lan mane ati nisun tenang (tentrem) lan mane isun yakin siro (Isa) ngomong bener ring isun lan mane isun ing atase panganan iku podo nyakseni.

قَالَ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ اللّٰهُمَّ رَبَّنَآ اَنْزِلْ عَلَيْنَا مَاۤىِٕدَةً مِّنَ السَّمَاۤءِ تَكُوْنُ لَنَا عِيْدًا لِّاَوَّلِنَا وَاٰخِرِنَا وَاٰيَةً مِّنْكَ وَارْزُقْنَا وَاَنْتَ خَيْرُ الرّٰزِقِيْنَ١١٤
Qāla ‘īsabnu maryamallāhumma rabbanā anzil ‘alainā mā'idatam minas-samā'i takūnu lanā ‘īdal li'awwalinā wa ākhirinā wa āyatam minka warzuqnā wa anta khairur-rāziqīn(a).
[114] Isa anake Maryam ndungo “Ya Alloh pengeran isun dunno neng isun panganan teko langit (hang dino mudune) hang bakal dadi dino lebaran dingge kulo yoiku wong kang bareng kulo lan sak marine kulo ugo dadi tondo-tondo kekuasaane ndiko. Wehenono kulo rizki lan ndiko niku saesaene dzat kang ngerejikeni.

قَالَ اللّٰهُ اِنِّيْ مُنَزِّلُهَا عَلَيْكُمْ ۚ فَمَنْ يَّكْفُرْ بَعْدُ مِنْكُمْ فَاِنِّيْٓ اُعَذِّبُهٗ عَذَابًا لَّآ اُعَذِّبُهٗٓ اَحَدًا مِّنَ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ١١٥
Qālallāhu innī munazziluhā ‘alaikum, famay yakfur ba‘du minkum fa innī u‘ażżibuhū ‘ażābal lā u‘ażzibuhū aḥadam minal-‘ālamīn(a).
[115] Alloh firman: isun bakal ngedunaken panganan iku ing atase siro kabeh. Mongko sopo-sopone wong antarane siro kabeh iku kufur sak wise iku mongko sak temene isun bakal nyikso kambi sikso hang isun hing tau nikso kambi sopo baen ing antarane wong alam kabeh.

وَاِذْ قَالَ اللّٰهُ يٰعِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ ءَاَنْتَ قُلْتَ لِلنَّاسِ اتَّخِذُوْنِيْ وَاُمِّيَ اِلٰهَيْنِ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗقَالَ سُبْحٰنَكَ مَا يَكُوْنُ لِيْٓ اَنْ اَقُوْلَ مَا لَيْسَ لِيْ بِحَقٍّ ۗاِنْ كُنْتُ قُلْتُهٗ فَقَدْ عَلِمْتَهٗ ۗتَعْلَمُ مَا فِيْ نَفْسِيْ وَلَآ اَعْلَمُ مَا فِيْ نَفْسِكَ ۗاِنَّكَ اَنْتَ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ١١٦
Wa iż qālallāhu yā ‘īsabna maryama a'anta qulta lin-nāsittakhiżūnī wa ummiya ilāhaini min dūnillah(i), qāla subḥānaka mā yakūnu lī an aqūla mā laisa lī biḥaqq(in), in kuntu qultuhū faqad ‘alimtah(ū), ta‘lamu mā fī nafsī wa lā a‘lamu mā fī nafsik(a), innaka anta ‘allāmul-guyūb(i).
[116] Lan ilingo nalikane Alloh firman “Hei Isa anake Maryam opo to siro tau ngomong ring wong-wong: siro kudu ndadikaken isun lan emak isun (Maryam) pengeran sakliyane Alloh”, Isa ngucap moho suci ndiko gusti mboten pantes kangge kulo ngucap noponopo hang mboten dados hak kulo, kapan kulo ngucapaken mongko saknyatane ndiko ngertos, ndiko ngertos nopo-nopo hang wonten kale kulo. Lan kulo mboten ngertos nopo-nopo kang wonten ndiko sak temene ndiko niku dzat kang temenan weruh barang goib.

مَا قُلْتُ لَهُمْ اِلَّا مَآ اَمَرْتَنِيْ بِهٖٓ اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ رَبِّيْ وَرَبَّكُمْ ۚوَكُنْتُ عَلَيْهِمْ شَهِيْدًا مَّا دُمْتُ فِيْهِمْ ۚ فَلَمَّا تَوَفَّيْتَنِيْ كُنْتَ اَنْتَ الرَّقِيْبَ عَلَيْهِمْ ۗوَاَنْتَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ١١٧
Mā qultu lahum illā mā amartanī bihī ani‘budullāha rabbī wa rabbakum, wa kuntu ‘alaihim syahīdam mā dumtu fīhim, falammā tawaffaitanī kunta antar-raqība ‘alaihim, wa anta ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[117] Kulo mboten nate ngucap kejobo paranparan hang ndiko perintah, tegese nyembaho siro kabeh ring Alloh kang dadi pengeran isun lan pengeran siro kabeh, lan kulo ing atase wong-wong iku hang bakal dadi saksi selagine kulo kumpul kambi wong-wong iku mau, mongko nalikane ndiko mejahi kulo (ngangkat kulo) ndiko niku gusti dzat hang ngawasi wong-wong iku lan ndiko dzat kang moho nyakseni ing atase wong-wong iku.

اِنْ تُعَذِّبْهُمْ فَاِنَّهُمْ عِبَادُكَ ۚوَاِنْ تَغْفِرْ لَهُمْ فَاِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ١١٨
In tu‘ażżibhum fa innahum ‘ibāduk(a), wa in tagfir lahum fa innaka antal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[118] Kapan ndiko nyekso tiang-tiang niku mongko saktemene tiang-tiang niku nggeh kawulo ndiko lan kapan ndiko ngapuro kale tiang-tiang niku mongko sak temene ndiko niku dzat kang perkoso ugi wajaksono.

قَالَ اللّٰهُ هٰذَا يَوْمُ يَنْفَعُ الصّٰدِقِيْنَ صِدْقُهُمْ ۗ لَهُمْ جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًا ۗرَضِيَ اللّٰهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُ ۗذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ١١٩
Qālallāhu hāżā yaumu yanfa‘uṣ-ṣādiqīna ṣidquhum, lahum jannātun tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), raḍiyallāhu ‘anhum wa raḍū ‘anh(u), żālikal-fauzul-‘aẓīm(u).
[119] Alloh firman: iki yaiku salah siji dino hang manfaati kanggo wong-wong kang bener kebenurane wong iku kabeh. Kanggo iyane kabeh surgo kang ono ngisore mili kali-kali. Wong-wong kabeh mau abadi ono nang jerone sak lawase lawas. Alloh ridlo marang wong-wong mau. Lan wong-wong mau ridlo marang iyane (Alloh). Gediku iku keuntungan kang paling gedi.

لِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا فِيْهِنَّ ۗوَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ࣖ١٢٠
Lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍi wa mā fīhinn(a), wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[120] Kanggone Alloh-lah keraton langit lan bumi lan paran-paran hang ono jerone. Lan iyane (Alloh) moho kuoso marang paran baen.