Surah Al-Jasiyah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1]
Haa Miim.
تَنْزِيْلُ الْكِتٰبِ مِنَ اللّٰهِ الْعَزِيْزِ الْحَكِيْمِ٢
Tanzīlul-kitābi minallāhil-‘azīzil-ḥakīm(i).
[2]
Kitab (iki) didunaken teka Gusti Alloh hang Maha perkasa lan Maha wijakisuno.
اِنَّ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ لَاٰيٰتٍ لِّلْمُؤْمِنِيْنَۗ٣
Inna fis-samāwāti wal-arḍi la'āyātil lil-mu'minīn(a).
[3]
Setemene nang langit lan bumi bener-bener ana tandha-tandha (kuwasane Gusti Alloh) kanggo wong hang iman.
وَفِيْ خَلْقِكُمْ وَمَا يَبُثُّ مِنْ دَاۤبَّةٍ اٰيٰتٌ لِّقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَۙ٤
Wa fī khalqikum wa mā yabuṡṡu min dābbatin āyātul liqaumiy yūqinūn(a).
[4]
Lan nang kedadenan dewek rika lan nang makhluk hang ubah hang nduwe ambekan hang nyebar (reng duwure bumi) ana tandha-tandha (kuwasane Gusti Alloh) kanggo kaum hang ngeyakini.
وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ مِنَ السَّمَاۤءِ مِنْ رِّزْقٍ فَاَحْيَا بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا وَتَصْرِيْفِ الرِّيٰحِ اٰيٰتٌ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٥
Wakhtilāfil-laili wan-nahāri wa mā anzalallāhu minas-samā'i mir rizqin fa aḥyā bihil-arḍa ba‘da mautihā wa taṣrīfir-riyāḥi āyātul liqaumiy ya‘qilūn(a).
[5]
Lan nang gentenan bengi lan raino lan udan hang didunaken Gusti Alloh teka langit terus kambi (banyu udan) iku diuripaken bumi sakwise mati (garing); lan nang kisarane angin ana pisan tandha-tandha (kuwasane Gusti Alloh) kanggo kaum hang nduweni akal.
تِلْكَ اٰيٰتُ اللّٰهِ نَتْلُوْهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّۚ فَبِاَيِّ حَدِيْثٍۢ بَعْدَ اللّٰهِ وَاٰيٰتِهٖ يُؤْمِنُوْنَ٦
Tilka āyātullāhi natlūhā ‘alaika bil-ḥaqq(i), fa bi'ayyi ḥadīṡim ba‘dallāhi wa āyātihī yu'minūn(a).
[6]
Ikulah ayat-ayat Gusti Alloh hang Isun wacakaken nang rika kambi sebenere; mangka kambi omongan endi maneng wong wong iku arep iman sakwise Gusti Alloh lan ayat ayate.
وَيْلٌ لِّكُلِّ اَفَّاكٍ اَثِيْمٍۙ٧
Wailul likulli affākin aṡīm(in).
[7]
Cilaka kanggo saben-saben wong hang akeh ngapusi maneng akeh dosa.
يَّسْمَعُ اٰيٰتِ اللّٰهِ تُتْلٰى عَلَيْهِ ثُمَّ يُصِرُّ مُسْتَكْبِرًا كَاَنْ لَّمْ يَسْمَعْهَاۚ فَبَشِّرْهُ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍ٨
Yasma‘u āyātillāhi tutlā ‘alaihi ṡumma yuṣirru mustakbiran ka'allam yasma‘hā, fa basysyirhu bi‘ażābin alīm(in).
[8]
(yaiku ) wong hang kerungu ayat-ayat Gusti Alloh rikala diwacakaken nang iyane taping iyane tetep deweke anggak kaya kaya iyane heng ngerungokaken. Mangka kabarana iyane kambi adzab hang perih.
وَاِذَا عَلِمَ مِنْ اٰيٰتِنَا شَيْـًٔا ۨاتَّخَذَهَا هُزُوًاۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌۗ٩
Wa iżā ‘alima min āyātinā syai'anittakhażahā huzuwā(n), ulā'ika lahum ‘ażābum muhīn(un).
[9]
Lan kadung iyane ngeweruhi barang sithik perkara ayat-ayat Isun, mangka (ayatayat iku) didadekaken lok-lokan. Wong wong ikulah 809 hang arep oleh adzab hang nginokaken.
809) Maksude: wong-wong hang akeh ngapusi lan duso hang iku njero ayat 7 nduwur.
مِنْ وَّرَاۤىِٕهِمْ جَهَنَّمُ ۚوَلَا يُغْنِيْ عَنْهُمْ مَّا كَسَبُوْا شَيْـًٔا وَّلَا مَا اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَوْلِيَاۤءَۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌۗ١٠
Miw warā'ihim jahannam(u), wa lā yugnī ‘anhum mā kasabū syai'aw wa lā mattakhażū min dūnillāhi auliyā'(a), wa lahum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[10]
Reng ngarepe wong wong iku neraka jahannam, lan heng arep manpaati kanggo wong wong iku babar pisan paran hang wes wong wong iku lakoni, lan pisan heng (manpaati) paran hang wong wong iku dadekaken minangka pengayom pengayom (wong wong iku) kejaba Gusti Alloh. Lan wong wong iku arep oleh siksa hang gedhe.
هٰذَا هُدًىۚ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ لَهُمْ عَذَابٌ مِّنْ رِّجْزٍ اَلِيْمٌ ࣖ١١
Hāżā hudā(n), wal-lażīna kafarū bi'āyāti rabbihim lahum ‘ażābum mir rijzin alīm(un).
[11]
Iki (Al-Qur’an) yaiku pituduh. Lan wongwong hang ngingkari ayat-ayat pengerane. wong wong iku arep oleh adzab rupa siksaan hang kelaran.
۞ اَللّٰهُ الَّذِيْ سَخَّرَ لَكُمُ الْبَحْرَ لِتَجْرِيَ الْفُلْكُ فِيْهِ بِاَمْرِهٖ وَلِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَۚ١٢
Allāhul-lażī sakhkhara lakumul-baḥra litajriyal-fulku fīhi bi'amrihī wa litabtagū min faḍlihī wa la‘allakum tasykurūn(a).
[12]
Gusti Alloh lah hang ndungklukaken segara kanggo rika supaya kapal-kapal oleh keli nang duwure kambi perintahe, lan supaya rika oleh nggolek separo karunia-Ne lan supaya rika nyukuri.
وَسَخَّرَ لَكُمْ مَّا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا مِّنْهُ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ١٣
Wa sakhkhara lakum mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍi jamī‘am minh(u), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yatafakkarūn(a).
[13]
Lan iyane ndungklukaken kanggo rika paran hang ana reng langit lan reng bumi kanggo rika kabeh, (dadi rahmat) teka IyaNe. Setemene paran hang gediku iku benerbener ana tandha-tandha (kuwasane Gusti Alloh) kanggo kaum hang mikir
قُلْ لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يَغْفِرُوْا لِلَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ اَيَّامَ اللّٰهِ لِيَجْزِيَ قَوْمًا ۢبِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ١٤
Qul lil-lażīna āmanū yagfirū lil-lażīna lā yarjūna ayyāmallāhi liyajziya qaumam bimā kānū yaksibūn(a).
[14]
Omongo (Muhammad) nang wong-wong hang iman, supaya wong wong iku nyepura wong-wong hang seng wedi kambi dinadina Gusti Alloh 810 kerana Iyane arep mbales sewiji kaum padha kambi paran hang wes wong wong iku lakoni.
810) Hang dimaksud dina-dina Gusti Alloh yaiku dina-dina wektu Gusti Alloh nimpaaken siksoan-siksoan nang wong iku.
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ اَسَاۤءَ فَعَلَيْهَا ۖ ثُمَّ اِلٰى رَبِّكُمْ تُرْجَعُوْنَ١٥
Man ‘amila ṣāliḥan fa linafsih(ī), wa man asā'a fa ‘alaihā, ṡumma ilā rabbikum turja‘ūn(a).
[15]
Sapa baen hang ngelakoni keapikan, mangka iku kanggo deweke, lan sapa baen hang ngelakoni keelekan, mangka iku arep keneng awake dewek, terus nang pengeran rika dibalekaken
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ الْكِتٰبَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ وَرَزَقْنٰهُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ وَفَضَّلْنٰهُمْ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ ۚ١٦
Wa laqad ātainā banī isrā'īlal-kitāba wal-ḥukma wan-nubuwwata wa razaqnāhum minaṭ-ṭayyibāti wa faḍḍalnāhum ‘alal-‘ālamīn(a).
[16]
Lan temenan, nang Bani Isroil wes isun uwekaken Kitab (Taurot), kuwasane lan kenabian, Isun anugrahaken nang wong wong iku rejeki hang apik lan Isun lebihaken wong wong iku duwure bangsa-bangsa (nang mangsa iku)
وَاٰتَيْنٰهُمْ بَيِّنٰتٍ مِّنَ الْاَمْرِۚ فَمَا اخْتَلَفُوْٓا اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَهُمُ الْعِلْمُ بَغْيًاۢ بَيْنَهُمْ ۗاِنَّ رَبَّكَ يَقْضِيْ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ١٧
Wa ātaināhum bayyinātim minal-amr(i), fa makhtalafū illā mim ba‘di mā jā'ahumul-‘ilmu bagyam bainahum, inna rabbaka yaqḍī bainahum yaumal-qiyāmati fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[17]
Lan Isun uwekaken nang wong wong iku keterangan-keterangan hang jelas perkara urusan (agama); mangka wong wong iku heng ana beda pendapat, kejaba sakwise teka ilmu nang wong wong iku. kerana jerenggi (hang ana) reng antarane wong wong iku. Setemene pengeran rika arep nguweni putusan nang wong wong iku reng dina kiamat nang paran hang selalu wong wong iku selisihaken.
ثُمَّ جَعَلْنٰكَ عَلٰى شَرِيْعَةٍ مِّنَ الْاَمْرِ فَاتَّبِعْهَا وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ١٨
Ṡumma ja‘alnāka ‘alā syarī‘atim minal-amri fattabi‘hā wa lā tattabi‘ ahwā'al-lażīna lā ya‘lamūn(a).
[18]
Terus isun dadekaken rika (Muhammad) melu syari’at (peraturan) teka agama iku, mangka pilanono (syariat iku) lan aja rika piloni hawa nafsu wong-wong hang seng ngeweruhi.
اِنَّهُمْ لَنْ يُّغْنُوْا عَنْكَ مِنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا ۗوَاِنَّ الظّٰلِمِيْنَ بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۚ وَاللّٰهُ وَلِيُّ الْمُتَّقِيْنَ١٩
Innahum lay yugnū ‘anka minallāhi syai'ā(n), wa innaẓ-ẓālimīna ba‘ḍuhum auliyā'u ba‘ḍ(in), wallāhu waliyyul-muttaqīn(a).
[19]
Setemene wong wong iku heng arep bisa ngalesi rika babar pisan teka (siksaan) Gusti Alloh. Lan setemene wong-wong hang dolim iku separone dadi pengayom kanggo separone hang liya, sedeng Gusti Alloh Pengayom kanggo wong-wong hang takwa.
هٰذَا بَصَاۤىِٕرُ لِلنَّاسِ وَهُدًى وَّرَحْمَةٌ لِّقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَ٢٠
Hāżā baṣā'iru lin-nāsi wa hudaw wa raḥmatul liqaumiy yūqinūn(a).
[20]
(Al-Qur’an) iki yaiku pedoman kanggo menungsa, pituduh lan rahmat kanggo kaum hang ngeyakini.
اَمْ حَسِبَ الَّذِيْنَ اجْتَرَحُوا السَّيِّاٰتِ اَنْ نَّجْعَلَهُمْ كَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ سَوَاۤءً مَّحْيَاهُمْ وَمَمَاتُهُمْ ۗسَاۤءَ مَا يَحْكُمُوْنَ ࣖࣖ٢١
Am ḥasibal-lażīnajtaraḥus -sayyi'āti an naj‘alahum kal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti sawā'am maḥyāhum wa mamātuhum, sā'a mā yaḥkumūn(a).
[21]
Apa wong-wong hang ngelakoni keelekan iku nyangka setemene Isun arep ndadekaken wong wong iku kaya wong-wong hang iman lan ngelakoni kapikan, yaiku padha reng njero keuripan lan kepaten wong wong iku? Kari elek nilaine wong wong iku.
وَخَلَقَ اللّٰهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّ وَلِتُجْزٰى كُلُّ نَفْسٍۢ بِمَا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٢٢
Wa khalaqallāhus-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqqi wa litujzā kullu nafsim bimā kasabat wa hum lā yuẓlamūn(a).
[22]
Lan Gusti Alloh nggawe langit lan bumi kambi tujuan hang bener lan supaya sabensaben jiwa diuweni balasan padha kkambi paran hang dilakoni, lan wong wong iku heng arep dirugikaken.
اَفَرَءَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ اِلٰهَهٗ هَوٰىهُ وَاَضَلَّهُ اللّٰهُ عَلٰى عِلْمٍ وَّخَتَمَ عَلٰى سَمْعِهٖ وَقَلْبِهٖ وَجَعَلَ عَلٰى بَصَرِهٖ غِشٰوَةًۗ فَمَنْ يَّهْدِيْهِ مِنْۢ بَعْدِ اللّٰهِ ۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ٢٣
Afa ra'aita manittakhaża ilāhahū hawāhu wa aḍallahullāhu ‘alā ‘ilmiw wa khatama ‘alā sam‘ihī wa qalbihī wa ja‘ala ‘alā baṣarihī gisyāwah(tan), famay yahdīhi mim ba‘dillāh(i), afalā tażakkarūn(a).
[23]
Mangka apa pernah rika ndeleng wong hang ndadekaken hawa nafsune minangka dadi pengerane lan Gusti Alloh nggenengaken sesat nurut ilmu-Ne 811 lan Gusti Alloh wes ngunci mati kerungune lan atine serta ndelehaken tutup nang pendelangane? Mangka sapa hang mampu nguweni pituduh sakwise Gusti Alloh (nggenengaken sesat). apuwo rika heng njuwut pelajaran?.
811) Maksude pengeran nggenengaken wong wong iku sest, kerana Gusti Alloh wes ngeweruhi setemene iyane sing nerimo pituduh-pituduh hang diuwekaken nang iyane.
وَقَالُوْا مَا هِيَ اِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا نَمُوْتُ وَنَحْيَا وَمَا يُهْلِكُنَآ اِلَّا الدَّهْرُۚ وَمَا لَهُمْ بِذٰلِكَ مِنْ عِلْمٍۚ اِنْ هُمْ اِلَّا يَظُنُّوْنَ٢٤
Wa qālū mā hiya illā ḥayātunad-dun-yā namūtu wa naḥyā wa mā yuhlikunā illad-dahr(u), wa mā lahum biżālika min ‘ilmin in hum illā yaẓunnūn(a).
[24]
Lan wong wong iku ngomong: “ urip iki heng liya mung urip reng dunya baen, kito mati lan kito urip, lan heng ana hang ngancuraken kito kejaba mangsa”’ taping wong wong iku heng nduweni ilmu perkara iku, wong wong iku mung ngrika-ngrika baen.
وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا بَيِّنٰتٍ مَّا كَانَ حُجَّتَهُمْ اِلَّآ اَنْ قَالُوا ائْتُوْا بِاٰبَاۤىِٕنَآ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٢٥
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyinātim mā kāna ḥujjatahum illā an qālu'tū bi'ābā'inā in kuntum ṣādiqīn(a).
[25]
Lan kadung nang wong wong iku diwacakaken ayat-ayat Isun hang jelas, heng ana talaran wong wong iku kejaba ngomong: “ uripno maneng nenek moyang isun, kadung rika wong-wong hang bener
قُلِ اللّٰهُ يُحْيِيْكُمْ ثُمَّ يُمِيْتُكُمْ ثُمَّ يَجْمَعُكُمْ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ لَارَيْبَ فِيْهِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٢٦
Qulillāhu yuḥyīkum ṡumma yumītukum ṡumma yajma‘ukum ilā yaumil-qiyāmati lā raiba fīhi wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[26]
Ngomongo: “Gusti Alloh hang nguripaken, terus matekaken rika, sakwise iku ngumpulaken rika nang dina kiamat hang seng dimamangi maneng; taping akehakehe menungsa heng ngeweruhi
وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ يَوْمَىِٕذٍ يَّخْسَرُ الْمُبْطِلُوْنَ٢٧
Wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), wa yauma taqūmus-sā‘atu yauma'iżiy yakhsarul-mubṭilūn(a).
[27]
Lan duwene Gusti Alloh kerajaan langit lan bumi. Lan nang dina kedadeane kiamat, arep rugi nang dina iku wong-wong hang ngelakoni kebathilan (dosa).
وَتَرٰى كُلَّ اُمَّةٍ جَاثِيَةً ۗ كُلُّ اُمَّةٍ تُدْعٰٓى اِلٰى كِتٰبِهَاۗ اَلْيَوْمَ تُجْزَوْنَ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٢٨
Wa tarā kulla ummatin jāṡiyah(tan), kullu ummatin tud‘ā ilā kitābihā, al-yauma tujzauna mā kuntum ta‘malūn(a).
[28]
Lan (nang dina iku) rika arep deleng sabensaben umat ngedhengkul. Saben-saben umat diceluk kanggo (ndeleng) buku catetan amale. Nang dina iku rika diuweni balesan kambi paran hang wes rika lakoni
هٰذَا كِتٰبُنَا يَنْطِقُ عَلَيْكُمْ بِالْحَقِّ ۗاِنَّا كُنَّا نَسْتَنْسِخُ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٢٩
Hāżā kitābunā yanṭiqu ‘alaikum bil-ḥaqq(i), innā kunnā nastansikhu mā kuntum ta‘malūn(a).
[29]
(Gusti Alloh dawuh): “ ikilah kitab (catetan) Isun hang nuturaken nang rika kambi sak bener benere. Setemene Isun wes ngongkon nyatet paran hang wes rika lakoni.
فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَيُدْخِلُهُمْ رَبُّهُمْ فِيْ رَحْمَتِهٖۗ ذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْمُبِيْنُ٣٠
Fa'ammal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fayudkhiluhum rabbuhum fī raḥmatih(ī), żālika huwal-fauzul-mubīn(u).
[30]
Mangka anapun wong-wong hang iman lan ngelakoni keapikan, mangka pengeran wong iku ngelebokaken wong iku nang njero rahmate (suwarga). Ikulah keuntungan hang jelas.
وَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ اَفَلَمْ تَكُنْ اٰيٰتِيْ تُتْلٰى عَلَيْكُمْ فَاسْتَكْبَرْتُمْ وَكُنْتُمْ قَوْمًا مُّجْرِمِيْنَ٣١
Wa ammal-lażīna kafarū, falam takun āyātī tutlā ‘alaikum fastakbartum wa kuntum qaumam mujrimīn(a).
[31]
Lan anapun wong-wong hang kafir (didawuhaken): “ apa ayat ayat isun heng diwacakaken nang rika, taping rika anggak nang awak rika dewek lan rika dadi wong wong hang ngelakoni dosa?”
وَاِذَا قِيْلَ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّالسَّاعَةُ لَا رَيْبَ فِيْهَا قُلْتُمْ مَّا نَدْرِيْ مَا السَّاعَةُۙ اِنْ نَّظُنُّ اِلَّا ظَنًّا وَّمَا نَحْنُ بِمُسْتَيْقِنِيْنَ٣٢
Wa iżā qīla inna wa‘dallāhi ḥaqquw was-sā‘atu lā raiba fīhā qultum mā nadrī mas-sā‘ah(tu), in naẓunnu illā ẓannaw wa mā naḥnu bimustaiqinīn(a).
[32]
Lan kadung diomongaken (nang rika): “setemene janji Gusti Alloh iku bener. lan dina kiyamat iku heng dimamangi anane”, rika njawab: “ Isun heng weruh apa dina kiamat iku, isun mung ngrika-ngrika baen, lan isun heng yakin”.
وَبَدَا لَهُمْ سَيِّاٰتُ مَا عَمِلُوْا وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٣٣
Wa badā lahum sayyi'ātu mā ‘amilū wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[33]
Lan wes jelas, kanggo wong wong iku keelekan-keelekan hang wong wong iku lakoni. lan (adzab) ngeliputi nang wong wong iku hang bengen wong wong iku ngelokaken.
وَقِيْلَ الْيَوْمَ نَنْسٰىكُمْ كَمَا نَسِيْتُمْ لِقَاۤءَ يَوْمِكُمْ هٰذَاۙ وَمَأْوٰىكُمُ النَّارُ وَمَا لَكُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ٣٤
Wa qīlal-yauma nansākum kamā nasītum liqā'a yaumikum hāżā, wa ma'wākumun nāru wa mā lakum min nāṣirīn(a).
[34]
Lan nang wong wong iku diomongaken: “nang dina iki Isun ngelalekaken rika kaya dene rika wes ngelalekaken ketemuan (kambi) dina rika iki; lan panggonan balek rika yaiku neraka lan pisan-pisan heng arep ana pitulung kanggo rika.
ذٰلِكُمْ بِاَنَّكُمُ اتَّخَذْتُمْ اٰيٰتِ اللّٰهِ هُزُوًا وَّغَرَّتْكُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا ۚفَالْيَوْمَ لَا يُخْرَجُوْنَ مِنْهَا وَلَا هُمْ يُسْتَعْتَبُوْنَ٣٥
Żālikum bi'annakumuttakhażtum āyātillāhi huzuwaw wa garratkumul-ḥayātud-dun-yā, fal-yauma lā yukhrajūna minhā wa lā hum yusta‘tabūn(a).
[35]
Hang gdigu iku, kerana setemene rika wes ndadekaken ayat-ayat Gusti Alloh dadi loklokkan lan rika wes ditipu kambi kauripan dunya, mangka nang dina iki wong wong iku heng ditokaken teka neraka lan pisan heng wong wong iku diuweni kesempatan kanggo tobat.
فَلِلّٰهِ الْحَمْدُ رَبِّ السَّمٰوٰتِ وَرَبِّ الْاَرْضِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٣٦
Fa lillāhil-ḥamdu rabbis-samāwāti wa rabbil-arḍi rabbil-‘ālamīn(a).
[36]
Kabeh Puji mung kanggo Gusti Allohlah, Pengeran langit lan bumi, Pengeran sekabehe alam.
وَلَهُ الْكِبْرِيَاۤءُ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ ۗوَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ ۔٣٧
Wa lahul-kibriyā'u fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[37]
Lan mung kanggo iyane keagungan reng langit lan reng bumi, Iyane dewek hang Maha perkasa, Maha wijakisuno.