Surah Ad-Dukhan
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1]
Haa Miim.
وَالْكِتٰبِ الْمُبِيْنِۙ٢
Wal-kitābil-mubīn(i).
[2]
Demi Kitab (Al-Qur’an) hang jelas.
اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةٍ مُّبٰرَكَةٍ اِنَّا كُنَّا مُنْذِرِيْنَ٣
Innā anzalnāhu fī lailatim mubārakatin innā kunnā munżirīn(a).
[3]
Setemene isun ngedunaken (Al-Qur`an) nang (waktu) bengi hang diberkahi. 798 setemene Isun dewek hang nguweni pepenget.
798) Bengi hang diberkati yoiku bengi Al-Qur’an. Ning Indonesia umume dianggep tibo nang tanggal 17 Ramadhan.
فِيْهَا يُفْرَقُ كُلُّ اَمْرٍ حَكِيْمٍۙ٤
Fīhā yufraqu kullu amrin ḥakīm(in).
[4]
Nang (bengi iku) dijelasaken kabeh urusan hang penuh hikmah. 799
799) Hang dimaksud kambi urusan-urusan ning kene yoiku kabeh perkara hang ana hubungane kambi keuripan makhluk kaya: urip , mati, rejeki, untung apik, untung elek lan liiyane.
اَمْرًا مِّنْ عِنْدِنَاۗ اِنَّا كُنَّا مُرْسِلِيْنَۖ٥
Amram min ‘indinā, innā kunnā mursilīn(a).
[5]
(yaiku) urusan teka sisi Isun. Setemene isun dewek hang ngongkon Rasul-rasul.
رَحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَ ۗاِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُۗ٦
Raḥmatam mir rabbik(a), innahū huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[6]
Minangka rahmat teka Pengeran rika, setemene iyane dewek Maha kerungu lan Maha ngeweruhi.
رَبِّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَاۘ اِنْ كُنْتُمْ مُّوْقِنِيْنَ٧
Rabbis-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, in kuntum mūqinīn(a).
[7]
Pengeran (hang ngerawat) langit lan bumi lan paran hang ana reng antara kelorone, kadung rika wong wong hang ngeyakini.
لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ يُحْيٖ وَيُمِيْتُ ۗرَبُّكُمْ وَرَبُّ اٰبَاۤىِٕكُمُ الْاَوَّلِيْنَ٨
Lā ilāha illā huwa yuḥyī wa yumīt(u), rabbukum wa rabbu ābā'ikumul-awwalīn(a).
[8]
Sing ana Pengeran (hang nduweni hak disembah), kejaba Gusti Alloh. iyane hang nguripaken lan hang mateni. (Gusti Alloh dewek) pengeran rika lan pengeran nenek nenek moyang rika hang bengen.
بَلْ هُمْ فِيْ شَكٍّ يَّلْعَبُوْنَ٩
Bal hum fī syakkiy yal‘abūn(a).
[9]
Taping wong wong iku mageh mamang, wong wong iku memenganan
فَارْتَقِبْ يَوْمَ تَأْتِى السَّمَاۤءُ بِدُخَانٍ مُّبِيْنٍ١٠
Fartaqib yauma ta'tis-samā'u bidukhānim mubīn(in).
[10]
Mangka antenana nang dina bangete langit nggawa kabut hang katon jelas 800 .
800) Hang dimaksud “kabut hang nyata” yoiku belahi keeloman hang nimpo kaum Quraisy kerana wong iku nantang Nabi Muhammad SAW.
يَغْشَى النَّاسَۗ هٰذَا عَذَابٌ اَلِيْمٌ١١
Yagsyan-nās(a), hāżā ‘ażābun alīm(un).
[11]
Hang ngelibengi menungsa, ikilah bendu hang perih.
رَبَّنَا اكْشِفْ عَنَّا الْعَذَابَ اِنَّا مُؤْمِنُوْنَ١٢
Rabbanaksyif ‘annal-‘ażāba innā mu'minūn(a).
[12]
(wong wong iku ndunga): “ duh pengeran isun, ilangno adzab teka isun. Setemene isun arep iman.”
اَنّٰى لَهُمُ الذِّكْرٰى وَقَدْ جَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌ مُّبِيْنٌۙ١٣
Annā lahumuż-żikrā wa qad jā'ahum rasūlum mubīn(un).
[13]
Kelendi wong wong iku oleh nerima pepenget, padahal (sedurunge) siji Rasul wes teka nguweni penjelasan nang wong wong iku.
ثُمَّ تَوَلَّوْا عَنْهُ وَقَالُوْا مُعَلَّمٌ مَّجْنُوْنٌۘ١٤
Ṡumma tawallau ‘anhu wa qālū mu‘allamum majnūn(un).
[14]
Terus wong wong iku mengo teka reng iyane lan ngomong: “iyane iku uwong hang nerima wurukan (teka wong liya) lan wong edan. 801
801) Nabi Muhammad SAW dituduh nerimo wurukan teka uwong hang dhudhu bangsa arab arane Addas hang agama kristen
اِنَّا كَاشِفُوا الْعَذَابِ قَلِيْلًا اِنَّكُمْ عَاۤىِٕدُوْنَۘ١٥
Innā kāsyiful-‘ażābi qalīlan innakum ‘ā'idūn(a).
[15]
Setemene (kadung) isun ngilangaken siksaan iku sithik bain, pestine rika arep balek (ngaling).
يَوْمَ نَبْطِشُ الْبَطْشَةَ الْكُبْرٰىۚ اِنَّا مُنْتَقِمُوْنَ١٦
Yauma nabṭisyul baṭsyatal kubrā, innā muntaqimūn(a).
[16]
(ingeto) nang dina (rikala) isun ngantem wong wong iku kambi anteman hang anter 802 . isun pesti nguweni walesan.
802) Anteman hang anter iku kedaden nang perang badar, rikala wong wong musyrik diantem mundur, hinggo keloro loro ngalami kekalahan. lan akeh ning antara pemimpin-pemimpin wong iku hang mati.
۞ وَلَقَدْ فَتَنَّا قَبْلَهُمْ قَوْمَ فِرْعَوْنَ وَجَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌ كَرِيْمٌۙ١٧
Wa laqad fatannā qablahum qauma fir‘auna wa jā'ahum rasūlun karīm(un).
[17]
Lan temenan, sedurunge wong wong iku, isun temenan wes nguji kaum Fir’aun lan wes teka nang wong wong iku siji rasul hang mulya..
اَنْ اَدُّوْٓا اِلَيَّ عِبَادَ اللّٰهِ ۗاِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌۙ١٨
An addū ilayya ‘ibādallāh(i), innī lakum rasūlun amīn(un).
[18]
(kambi ngomong): “ serahno nang Isun batur batur Gusti Alloh (Bani Isroil). Setemene isun yaiku kongkonane (Gusti Alloh) hang bisa rika percaya.
وَّاَنْ لَّا تَعْلُوْا عَلَى اللّٰهِ ۚاِنِّيْٓ اٰتِيْكُمْ بِسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۚ١٩
Wa al lā ta‘lū ‘alallāh(i), innī ātīkum bisulṭānim mubīn(in).
[19]
Lan rika aja nyombongaken awak dewek nang Gusti Alloh. Setemene isun teka nang rika kambi nggawa bukti hang jelas.
وَاِنِّيْ عُذْتُ بِرَبِّيْ وَرَبِّكُمْ اَنْ تَرْجُمُوْنِۚ٢٠
Wa innī ‘użtu birabbī wa rabbikum an tarjumūn(i).
[20]
Lan setemene isun (njaluk) ayom ayoman nang pengeran isun lan pengeran rika, teka ancaman rika kanggo ngerajam isun.
وَاِنْ لَّمْ تُؤْمِنُوْا لِيْ فَاعْتَزِلُوْنِ٢١
Wa il lam tu'minū lī fa‘tazilūn(i).
[21]
Lan kadung rika sing iman nang isun mangka myakne wes isun (mimpin Bani Isroil).
فَدَعَا رَبَّهٗٓ اَنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ قَوْمٌ مُّجْرِمُوْنَ٢٢
Fa da‘ā rabbahū anna hā'ulā'i qaumum mujrimūn(a).
[22]
Terus iyane (Musa) ndunga nang pengerane: “setemene wong wong iki yaiku kaum hang dosa (cepetno bendu nang wong wong iku)”.
فَاَسْرِ بِعِبَادِيْ لَيْلًا اِنَّكُمْ مُّتَّبَعُوْنَۙ٢٣
Fa asri bi‘ibādī lailan innakum muttaba‘ūn(a).
[23]
(Gusti Alloh Dawuh): “ kerana iku melakuo rika kambi nggawa batur batur Isun nang dina bengi, setemene rika arep diuber.
وَاتْرُكِ الْبَحْرَ رَهْوًاۗ اِنَّهُمْ جُنْدٌ مُّغْرَقُوْنَ٢٤
Watrukil-baḥra rahwā(n), innahum jundum mugraqūn(a).
[24]
Lan genengno segara iku tetep kesigar. Setemene wong wong iku bala tentara hang arep disilepaken.
كَمْ تَرَكُوْا مِنْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۙ٢٥
Kam tarakū min jannātiw wa ‘uyūn(in).
[25]
Kari akeh kanca kanca lan sendhang sendhang banyu hang wong wong iku tinggalaken.
وَّزُرُوْعٍ وَّمَقَامٍ كَرِيْمٍۙ٢٦
Wa zurū‘iw wa maqāmin karīm(in).
[26]
Lan kebon kebon serta panggonanpanggonan hang endah.
وَّنَعْمَةٍ كَانُوْا فِيْهَا فٰكِهِيْنَۙ٢٧
Wa na‘matin kānū fīhā fākihīn(a).
[27]
Lan kesenengan-kesenengan hang oleh dinikmati wong wong iku reng kana.
كَذٰلِكَ ۗوَاَوْرَثْنٰهَا قَوْمًا اٰخَرِيْنَۚ٢٨
Każālik(a), wa auraṡnāhā qauman ākharīn(a).
[28]
Kaya gedigu bain. Lan Isun warisaken (kabeh) iku nang kaum hang liya.
فَمَا بَكَتْ عَلَيْهِمُ السَّمَاۤءُ وَالْاَرْضُۗ وَمَا كَانُوْا مُنْظَرِيْنَ ࣖ٢٩
Famā bakat ‘alaihimus-samā'u wal-arḍ(u), wa mā kānū munẓarīn(a).
[29]
Mangka langit lan bumi seng nangisi wong wong iku. Lan wong wong iku dewek sing diuweni enten-entenan wektu.
وَلَقَدْ نَجَّيْنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ مِنَ الْعَذَابِ الْمُهِيْنِۙ٣٠
Wa laqad najjainā banī isrā'īla minal-‘ażābil-muhīn(i).
[30]
Lan temenan, wes isun selamataken Bani Isroil teka siksaan hang nginoaken.
مِنْ فِرْعَوْنَ ۗاِنَّهٗ كَانَ عَالِيًا مِّنَ الْمُسْرِفِيْنَ٣١
Min fir‘aun(a), innahū kāna ‘āliyam minal-musrifīn(a).
[31]
Teka (siksaan) Fir’aun, Setemene iyane iku wong hang anggak, kelebu wong wong hang ngeliwati wates.
وَلَقَدِ اخْتَرْنٰهُمْ عَلٰى عِلْمٍ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ ۚ٣٢
Wa laqadikhtarnāhum ‘alā ‘ilmin ‘alal-‘ālamīn(a).
[32]
Lan temenan, isun pilih wong wong iku (Bani Isroil) kambi ilmu (isun) reng duwure kabeh bangsa ( nang mongso iku). 803
803) Maksude: bangsa-bangsa hang ana nang moso wong iku iku.
وَاٰتَيْنٰهُمْ مِّنَ الْاٰيٰتِ مَا فِيْهِ بَلٰۤـؤٌا مُّبِيْنٌ٣٣
Wa ātaināhum minal-āyāti mā fīhi balā'um mubīn(un).
[33]
Lan isun wes uweni nang wong wong iku reng antara tandha-tandha (kekuasaan Isun) perkara hang reng njerone ana nikmat hang jelas. 804
804) Hang dimaksud tondo-tondo kekuasaan Gusti Alloh yoiku kaya naungan awan, mudune manna lan salwa; mancure banyu teka watu, belahe segoro abang.
اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ لَيَقُوْلُوْنَۙ٣٤
Inna hā'ulā'i layaqūlūn(a).
[34]
Setemene wong wong iku (kaum musyrik) iku pesti arep ngomong.
اِنْ هِيَ اِلَّا مَوْتَتُنَا الْاُوْلٰى وَمَا نَحْنُ بِمُنْشَرِيْنَ٣٥
In hiya illā mautatunal-ūlā wa mā naḥnu bimunsyarīn(a).
[35]
“ sing ana kepatenan kejaba kepatenan nang dunyo iki. Lan isun sing arep dijegokaken 805
805) Wong-wong musyrik Mekkah nulayani setemene mati iku ana loro kaya dene ning njero ayat 28 surat Al-Baqarah.
فَأْتُوْا بِاٰبَاۤىِٕنَآ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٣٦
Fa'tū bi'ābā'inā in kuntum ṣādiqīn(a).
[36]
Moko tekakno (balek) nenek moyang isun, kadung rika wong hang bener.
اَهُمْ خَيْرٌ اَمْ قَوْمُ تُبَّعٍۙ وَّالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ اَهْلَكْنٰهُمْ اِنَّهُمْ كَانُوْا مُجْرِمِيْنَ٣٧
Ahum khairun am qaumu tubba‘(in), wal-lażīna min qablihim, ahlaknāhum innahum kānū mujrimīn(a).
[37]
Apa wong wong iku (kaum musyrikin) hang lebih apik utawa kaum Tubba’. lan wongwong hang sedurunge wong wong iku, hang wes isun ancuraken, kerana setemene wong wong iku yaiku wong-wong hang nduweni dosa. 806
806) Kaum Tubba’ yoiku wong-wong himyar ning yaman lan Tubba’ yoiku gelar hanggo rojo-rojo wong wong iku.
وَمَا خَلَقْنَا السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا لٰعِبِيْنَ٣٨
Wa mā khalaqnas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā lā‘ibīn(a).
[38]
Lan Isun sing memengan nyiptakaken langit lan bumi lan paran bain hang ana reng antarane kelorone.
مَا خَلَقْنٰهُمَآ اِلَّا بِالْحَقِّ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٣٩
Mā khalaqnāhumā illā bil-ḥaqqi wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[39]
Isun sing nyiptakaken kelorone kejaba kambi haq (bener), taping akeh-akehe wong wong iku sing ngeweruhi.
اِنَّ يَوْمَ الْفَصْلِ مِيْقَاتُهُمْ اَجْمَعِيْنَ ۙ٤٠
Inna yaumal-faṣli mīqātuhum ajma‘īn(a).
[40]
Setemene dina keputusan (dina kiamat) yaiku waktu hang dijanjikaken kanggo wong wong iku kabeh.
يَوْمَ لَا يُغْنِيْ مَوْلًى عَنْ مَّوْلًى شَيْـًٔا وَّلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَۙ٤١
Yauma lā yugnī maulan ‘am maulan syai'aw wa lā hum yunṣarūn(a).
[41]
(Yaiku) nang dina (rikala) siji kanca babar blas sing bisa nguweni manfaat nang kanca liyane, lan wong wong iku sing arep oleh pitulungan.
اِلَّا مَنْ رَّحِمَ اللّٰهُ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ٤٢
Illā mar raḥimallāh(u), innahū huwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[42]
Kejobo wong hang diuweni rahmat kambi Gusti Alloh. Setemene Iyane dewek hang Maha perkasa mareng Maha welas.
اِنَّ شَجَرَتَ الزَّقُّوْمِۙ٤٣
Inna syajarataz-zaqqūm(i).
[43]
Setemene wit zaqqum iku. 807
807) Omongan iki wadanan hanggone
طَعَامُ الْاَثِيْمِ ۛ٤٤
Ṭa‘āmul-aṡīm(i).
[44]
Panganan wong hang akeh dosa.
كَالْمُهْلِ ۛ يَغْلِيْ فِى الْبُطُوْنِۙ٤٥
Kal-muhl(i), yaglī fil-buṭūn(i).
[45]
Kaya cairan tembaga hang gemulak reng jero weteng.
كَغَلْيِ الْحَمِيْمِ ۗ٤٦
Kagalyil-ḥamīm(i).
[46]
Kaya gemulake banyu hang kari panas.
خُذُوْهُ فَاعْتِلُوْهُ اِلٰى سَوَاۤءِ الْجَحِيْمِۙ٤٧
Khużūhu fa‘tilūhu ilā sawā'il-jaḥīm(i).
[47]
Cekelana iyane, terus sereten iyane gadug reng tengah tengah neraka.
ثُمَّ صُبُّوْا فَوْقَ رَأْسِهٖ مِنْ عَذَابِ الْحَمِيْمِۗ٤٨
Ṡumma ṣubbū fauqa ra'sihī min ‘azābil-ḥamīm(i).
[48]
Terus kunteken reng nduwur ndase siksaan (teka) banyu hang kari panas.
ذُقْۚ اِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْكَرِيْمُ٤٩
Żuq, innaka antal-‘azīzul-karīm(u).
[49]
Rasakno, setemene rika bener bener uwong hang perkasa mareng mulya.
اِنَّ هٰذَا مَا كُنْتُمْ بِهٖ تَمْتَرُوْنَ٥٠
Inna hāżā mā kuntum bihī tamtarūn(a).
[50]
Setemene iki adzab hang bengen rika mamangi.
اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ مَقَامٍ اَمِيْنٍۙ٥١
Innal-muttaqīna fī maqāmin amīn(in).
[51]
Setemene wong-wong hang takwa ana reng njero panggonan hang aman.
فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍ ۙ٥٢
Fī jannātiw wa ‘uyūn(in).
[52]
(yaiku) reng njero taman-taman lan sendhang sendhang.
يَّلْبَسُوْنَ مِنْ سُنْدُسٍ وَّاِسْتَبْرَقٍ مُّتَقٰبِلِيْنَۚ٥٣
Yalbasūna min sundusiw wa istabraqim mutaqābilīn(a).
[53]
Wong wong iku nganggo sutra hang alus lan sutra hang kandel, (lungguh) adep-adepan.
كَذٰلِكَۗ وَزَوَّجْنٰهُمْ بِحُوْرٍ عِيْنٍۗ٥٤
Każālik(a), wa zawwajnāhum biḥūrin ‘īn(in).
[54]
Kaya gedigu, terus isun uweni nang wong wong iku pasangan widadari hang nduwe mata endah.
يَدْعُوْنَ فِيْهَا بِكُلِّ فَاكِهَةٍ اٰمِنِيْنَۙ٥٥
Yad‘ūna fīhā bikulli fākihatin āminīn(a).
[55]
Reng njerone wong wong iku bisa njaluk kabeh macem-macem woh-wohan kambi aman lan tentrem. 808
808) Maksude, khawatir keentekan utowo khawatir loro.
لَا يَذُوْقُوْنَ فِيْهَا الْمَوْتَ اِلَّا الْمَوْتَةَ الْاُوْلٰىۚ وَوَقٰىهُمْ عَذَابَ الْجَحِيْمِۙ٥٦
Lā yażūqūna fīhal-mauta illal-mautatal-ūlā, wa waqāhum ‘ażābal-jaḥīm(i).
[56]
Wong-wong iku sing arep ngerasakaken mati reng njerone kejaba kepaten sepisan (reng dunyo). Gusti Gusti Alloh ngayomi wong wong iku teka siksa neraka.
فَضْلًا مِّنْ رَّبِّكَۚ ذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ٥٧
Faḍlam mir rabbika żālika huwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[57]
Iku wes dadi karunia teka pengeran rika. gediku iku kemenangan hang gedhe.
فَاِنَّمَا يَسَّرْنٰهُ بِلِسَانِكَ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ٥٨
Fa innamā yassarnāhu bilisānika la‘allahum yatażakkarūn(a).
[58]
Setemene isun gampangaken Al-Qur’an iku kambi basanrika supaya wong wong iku oleh wulangan.
فَارْتَقِبْ اِنَّهُمْ مُّرْتَقِبُوْنَ ࣖࣖ٥٩
Fartaqib innahum murtaqibūn(a).
[59]
Mangka antenana; setemene wong wong iku ( pisan mageh) nunggoni.