Surah Az-Zukhruf

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1] Haa Miim.

وَالْكِتٰبِ الْمُبِيْنِ ۙ٢
Wal-kitābil-mubīn(i).
[2] Demi kitab (Al-Qur’an) hang jelas

اِنَّا جَعَلْنٰهُ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا لَّعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَۚ٣
Innā ja‘alnāhu qur'ānan ‘arabiyyal la‘allakum ta‘qilūn(a).
[3] Saktemene isun ndadekaken Al-Qur’an nganggo basa arab supaya riko ngerti.

وَاِنَّهٗ فِيْٓ اُمِّ الْكِتٰبِ لَدَيْنَا لَعَلِيٌّ حَكِيْمٌ ۗ٤
Wa innahū fī ummil-kitābi ladainā la‘aliyyun ḥakīm(un).
[4] Lan saktemene Al-Qur’an iku reng Ummul kitab (Lauh Mahfuzh) reng sisi Isun, benerbener (nilaine) duwur lan akeh hikmah.

اَفَنَضْرِبُ عَنْكُمُ الذِّكْرَ صَفْحًا اَنْ كُنْتُمْ قَوْمًا مُّسْرِفِيْنَ٥
Afa naḍribu ‘ankumuż-żikra ṣafḥan an kuntum qaumam musrifīn(a).
[5] Mangka apa Isun arep mandek ngedunaken Ayat ayat (kanggo ngengetaken) Alqur`an nang riko, kerana riko wangsa hang keliwat wates?

وَكَمْ اَرْسَلْنَا مِنْ نَّبِيٍّ فِى الْاَوَّلِيْنَ٦
Wa kam arsalnā min nabiyyin fil-awwalīn(a).
[6] Lan kari akeh nabi-nabi hang wes Isun kongkon nang umat-umat hang bengen.

وَمَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ نَّبِيٍّ اِلَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٧
Wa mā ya'tīhim min nabiyyin illā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[7] Lan heng ana sak iji wong nabi teka nang wong wong iku kejaba wong wong iku paceke ngelok-ngelokaken.

فَاَهْلَكْنَآ اَشَدَّ مِنْهُمْ بَطْشًا وَّمَضٰى مَثَلُ الْاَوَّلِيْنَ٨
Fa ahlaknā asyadda minhum baṭsyaw wa maḍā maṡalul-awwalīn(a).
[8] mangka wes Isun ancuraken wong-wong hang lebih gedhe kekuatane teka wong wong iku (Musyrikin Mekkah) lan wes nyulungi (disebut reng Qur`an) perumpaan umat-umat mangsa bengen.

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ لَيَقُوْلُنَّ خَلَقَهُنَّ الْعَزِيْزُ الْعَلِيْمُۙ٩
Wa la'in sa'altahum man khalaqas-samāwāti wal-arḍa layaqūlunna khalaqahunnal-‘azīzul-‘alīm(u).
[9] Lan temenan kadung riko takokaken nang wong wong iku; “sapa hang nyiptakaken langit lan bumi?”, mestine wong wong iku arep njawab: “ kabeh iku diciptakaken kambi hang Maha perkoso mareng Maha ngaweruhi”.

الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ مَهْدًا وَّجَعَلَ لَكُمْ فِيْهَا سُبُلًا لَّعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ ۚ١٠
Allażī ja‘ala lakumul-arḍa mahdaw wa ja‘ala lakum fīhā subulal la‘allakum tahtadūn(a).
[10] Hang ndadekaken bumi kanggo riko dadi panggonan netep lan iyane nggawe dalandalan reng bumi kanggo riko supaya riko oleh pituduh.

وَالَّذِيْ نَزَّلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۢ بِقَدَرٍۚ فَاَنْشَرْنَا بِهٖ بَلْدَةً مَّيْتًا ۚ كَذٰلِكَ تُخْرَجُوْنَ١١
Wal-lażī nazzala minas-samā'i mā'am biqadar(in), fa'ansyarnā bihī baldatam maitā(n), każālika tukhrajūn(a).
[11] Lan hang ngedunaken banyu teka langit nurut kadare (hang diperlokaken) terus Isun nguripaken kambi banyu iku negeri hang mati (tandus), kaya ikulah riko arep ditokaken (teka kubur).

وَالَّذِيْ خَلَقَ الْاَزْوَاجَ كُلَّهَا وَجَعَلَ لَكُمْ مِّنَ الْفُلْكِ وَالْاَنْعَامِ مَا تَرْكَبُوْنَۙ١٢
Wal-lażī khalaqal-azwāja kullahā wa ja‘ala lakum minal-fulki wal-an‘āmi mā tarkabūn(a).
[12] Lan hang nyiptakaken kabeh hang pasangan pasangan lan ndadekaen kanggo riko kapal lan kewan angonan hang riko tumpaki.

لِتَسْتَوٗا عَلٰى ظُهُوْرِهٖ ثُمَّ تَذْكُرُوْا نِعْمَةَ رَبِّكُمْ اِذَا اسْتَوَيْتُمْ عَلَيْهِ وَتَقُوْلُوْا سُبْحٰنَ الَّذِيْ سَخَّرَ لَنَا هٰذَا وَمَا كُنَّا لَهٗ مُقْرِنِيْنَۙ١٣
Litastawū ‘alā ẓuhūrihī ṡumma tażkurū ni‘mata rabbikum iżastawaitum ‘alaihi wa taqūlū subḥānal-lażī sakhkhara lanā hāżā wa mā kunnā lahū muqrinīn(a).
[13] Supaya riko lungguh reng nduwur boyoke terus riko inget nikmat pengeran riko kadung riko wes lungguh nang duwure; lan supaya riko ngucapaken:” Maha suci (Gusti Alloh) hang wes nundukaken kabeh iki kanggo isun padahal isun sedurunge heng sanggup ngangkangi.

وَاِنَّآ اِلٰى رَبِّنَا لَمُنْقَلِبُوْنَ١٤
Wa innā ilā rabbinā lamunqalibūn(a).
[14] Lan saktemene isun arep balek nang Pengeran isun.

وَجَعَلُوْا لَهٗ مِنْ عِبَادِهٖ جُزْءًا ۗاِنَّ الْاِنْسَانَ لَكَفُوْرٌ مُّبِيْنٌ ۗ ࣖ١٥
Wa ja‘alū lahū min ‘ibādihī juz'ā(n), innal-insāna lakafūrum mubīn(un).
[15] Lan wong wong iku ndadekaen separo teka batur-bature dadi separo teka iyane. Saktemene menungsa iku bener-bener tukang ngungkiri (nikmat Gusti Alloh) hang genah

اَمِ اتَّخَذَ مِمَّا يَخْلُقُ بَنٰتٍ وَّاَصْفٰىكُمْ بِالْبَنِيْنَ ۗ١٦
Amittakhażū mimmā yakhluqu banātiw wa aṣfākum bil-banīn(a).
[16] Apa Pantes tah iyane njuwut lare wadon teka hang diciptakaken iyane lan nguweni lare lanang nang riko kabeh.

وَاِذَا بُشِّرَ اَحَدُهُمْ بِمَا ضَرَبَ لِلرَّحْمٰنِ مَثَلًا ظَلَّ وَجْهُهٗ مُسْوَدًّا وَّهُوَ كَظِيْمٌ١٧
Wa iżā busysyira aḥaduhum bimā ḍaraba lir-raḥmāni maṡalan ẓalla wajhuhū muswaddaw wa huwa kaẓīm(un).
[17] Lan kadung salah sijine wong reng antarane wong wong iku diuweni kabar apik kambi paran (lahire lare wadhon) hang didadekaken dadi cecontoan kanggo (Gusti Alloh) hang Maha asih; dadio raine cemeng njelitheng kerana nahan kelayung (lan moreng ) .

اَوَمَنْ يُّنَشَّؤُا فِى الْحِلْيَةِ وَهُوَ فِى الْخِصَامِ غَيْرُ مُبِيْنٍ١٨
Awamay yunasysya'u fil-ḥilyati wa huwa fil-khiṣāmi gairu mubīn(in).
[18] Lan apa pantes (dadi anak Gusti Alloh) wong hang digedheaken dadi pajangan masmasan sedeng iyane heng mampu nguweni alesan hang teges lan jentreng njero tukaran

وَجَعَلُوا الْمَلٰۤىِٕكَةَ الَّذِيْنَ هُمْ عِبٰدُ الرَّحْمٰنِ اِنَاثًا ۗ اَشَهِدُوْا خَلْقَهُمْ ۗسَتُكْتَبُ شَهَادَتُهُمْ وَيُسْـَٔلُوْنَ١٩
Wa ja‘alul-malā'ikatal-lażīna hum ‘ibādur raḥmāni ināṡā(n), asyahidū khalqahum, satuktabu syahādatuhum wa yus'alūn(a).
[19] Lan wong wong iku ndadekaen MalaekatMalaekat, hang wong wong iku minangka batur bature (Gusti Alloh) hang Maha Asih minangka wong wong wadhon. Apa tah wong wong iku nyaksikaken penyiptaan (Malaekat-Malaekat iku) Mbesok arep ditulisaken kesaksian wong wong iku lan arep dijalukaken tanggung jawabe.

وَقَالُوْا لَوْ شَاۤءَ الرَّحْمٰنُ مَا عَبَدْنٰهُمْ ۗمَا لَهُمْ بِذٰلِكَ مِنْ عِلْمٍ اِنْ هُمْ اِلَّا يَخْرُصُوْنَۗ٢٠
Wa qālū lau syā'ar-raḥmānu mā ‘abadnāhum, mā lahum biżālika min ‘ilm(in), in hum illā yakhruṣūn(a).
[20] Lan wong wong iku nggomong: “ kadung (Gusti Alloh ) hang Maha asih ngarepaken, mestine isun heng nyembah wong wong iku (Malaekat).” Wong wong iku heng nduwe ilmu sithik perkara iku, heng ana liya wong wong iku mung ngriko-ngriko bain.

اَمْ اٰتَيْنٰهُمْ كِتٰبًا مِّنْ قَبْلِهٖ فَهُمْ بِهٖ مُسْتَمْسِكُوْنَ٢١
Am ātaināhum kitābam min qablihī fahum bihī mustamsikūn(a).
[21] Utawa apa tah pernah Isun nguweni siji kitab nang wong wong iku sedurunge, terus wong wong iku cekelan (nang kitab iku)?

بَلْ قَالُوْٓا اِنَّا وَجَدْنَآ اٰبَاۤءَنَا عَلٰٓى اُمَّةٍ وَّاِنَّا عَلٰٓى اٰثٰرِهِمْ مُّهْتَدُوْنَ٢٢
Bal qālū innā wajadnā ābā'anā ‘alā ummatiw wa innā ‘alā āṡārihim muhtadūn(a).
[22] Paran mareng wong iku ngomong:” saktemene isun nemukaken embah embah isun bengen nganut sewijine agama, lan isun oleh petuduh kanggo melu petilasane wong wong iku”

وَكَذٰلِكَ مَآ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ فِيْ قَرْيَةٍ مِّنْ نَّذِيْرٍۙ اِلَّا قَالَ مُتْرَفُوْهَآ ۙاِنَّا وَجَدْنَآ اٰبَاۤءَنَا عَلٰٓى اُمَّةٍ وَّاِنَّا عَلٰٓى اٰثٰرِهِمْ مُّقْتَدُوْنَ٢٣
Wa każālika mā arsalnā min qablika fī qaryatim min nażīr(in), illā qāla mutrafūhā, innā wajadnā ābā'anā ‘alā ummatiw wa innā ‘alā āṡārihim muqtadūn(a).
[23] Lan gedigu pisan, kadung isun ngongkon sewijine wong nguweni pepenget sederunge riko (Muhammad) reng sijine negeri, wong-wong hang urip sugih (reng negeri iku) wes biasa ngomong: “Saktemene isun nemukaken bapak-bapak isun bengen nganut siji (agama) lan saktemene isun mong wong hang melu petilasane wong wong iku.”

۞ قٰلَ اَوَلَوْ جِئْتُكُمْ بِاَهْدٰى مِمَّا وَجَدْتُّمْ عَلَيْهِ اٰبَاۤءَكُمْۗ قَالُوْٓا اِنَّا بِمَآ اُرْسِلْتُمْ بِهٖ كٰفِرُوْنَ٢٤
Qāla awalau ji'tukum bi'ahdā mimmā wajattum ‘alaihi ābā'akum, qālū innā bimā ursiltum bihī kāfirūn(a).
[24] (Rasul iku) ngomong: “Apa (riko arep miloni pisan) meski blas isun nggawa kanggo riko (agama) hang lebih apik timbangane paran hang oleh teka (agama) hang dipeloni nenek moyang riko.Wong-wong iku njawab: “Saktemene isun mungkiri (agama) hang riko konkonganaken kanggo nyampekaken.”

فَانْتَقَمْنَا مِنْهُمْ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِيْنَ ࣖ٢٥
Fantaqamnā minhum fanẓur kaifa kāna ‘āqibatul-mukażżibīn(a).
[25] Terus isun ancuraken wong wong iku, mangka pandengen kelendi sakwise wongwong hang nggorohi iku.

وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهِيْمُ لِاَبِيْهِ وَقَوْمِهٖٓ اِنَّنِيْ بَرَاۤءٌ مِّمَّا تَعْبُدُوْنَۙ٢٦
Wa iż qāla ibrāhīmu li'abīhi wa qaumihī innanī barā'um mimmā ta‘budūn(a).
[26] Lan (engeto) banget bangete Ibrohim ngomong nang bapake lan kaume: “ Saktemene isun ngecul dewek teka paran hang riko sembah.

اِلَّا الَّذِيْ فَطَرَنِيْ فَاِنَّهٗ سَيَهْدِيْنِ٢٧
Illāl-lażī faṭaranī fa'innahū sayahdīn(i).
[27] Kejaba (riko nyembah) Gusti Alloh hang ndadekaken isun; kerana temenan iyane arep nguweni pituduh nang isun”.

وَجَعَلَهَا كَلِمَةً ۢ بَاقِيَةً فِيْ عَقِبِهٖ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَۗ٢٨
Wa ja‘alahā kalimatam bāqiyatan fī ‘aqibihī la‘allahum yarji‘ūn(a).
[28] Lan (Ibrohim) ndadekaen (kalimat tauhid) iku ukara hang kekal nang keturunane supaya wong wong iku balek ( nang ukara tauhid iku )

بَلْ مَتَّعْتُ هٰٓؤُلَاۤءِ وَاٰبَاۤءَهُمْ حَتّٰى جَاۤءَهُمُ الْحَقُّ وَرَسُوْلٌ مُّبِيْنٌ٢٩
Bal matta‘tu hā'ulā'i wa ābā'ahum ḥattā jā'ahumul-ḥaqqu wa rasūlum mubīn(un).
[29] Malahan isun wes nguweni kenikmatan urip nang wong wong iku lan nenek moyang wong wong iku gadung teka nang kebeneran (Al-Qur’an) teka nang wong wong iku barengan kkambi sijine rasul hang nguweni penjelasan .

وَلَمَّا جَاۤءَهُمُ الْحَقُّ قَالُوْا هٰذَا سِحْرٌ وَّاِنَّا بِهٖ كٰفِرُوْنَ٣٠
Wa lammā jā'ahumul-ḥaqqu qālū hāżā siḥruw wa innā bihī kāfirūn(a).
[30] Lan rikola kebeneran (Al-Qur’an) iku teka nang wong wong iku, wong wong iku ngomong: “ iki santet lan saktemene isun mungkiri

وَقَالُوْا لَوْلَا نُزِّلَ هٰذَا الْقُرْاٰنُ عَلٰى رَجُلٍ مِّنَ الْقَرْيَتَيْنِ عَظِيْمٍ٣١
Wa qālū lau lā nuzzila hāżal-qur'ānu ‘alā rajulim minal-qaryataini ‘aẓīm(in).
[31] Lan wong wong iku ngomong pisan: ”Apuwo Al-Qur’an iki heng didunaken nang wong gedhe teka salah sijini negeri loro (Mekkah lan Thaif)

اَهُمْ يَقْسِمُوْنَ رَحْمَتَ رَبِّكَۗ نَحْنُ قَسَمْنَا بَيْنَهُمْ مَّعِيْشَتَهُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۙ وَرَفَعْنَا بَعْضَهُمْ فَوْقَ بَعْضٍ دَرَجٰتٍ لِّيَتَّخِذَ بَعْضُهُمْ بَعْضًا سُخْرِيًّا ۗوَرَحْمَتُ رَبِّكَ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُوْنَ٣٢
Ahum yaqsimūna raḥmata rabbik(a), naḥnu qasamnā bainahum ma‘īsyatahum fil-ḥayātid-dun-yā, wa rafa‘nā ba‘ḍahum fauqa ba‘ḍin darajātil liyattakhiża ba‘ḍuhum ba‘ḍan sukhriyyā(n), wa raḥmatu rabbika khairum mimmā yajma‘ūn(a).
[32] Apa wong-wong iku hang ngedum-ngedum rahmat pengeran riko? Isun hang nentukaken keuripan wong-wong iku reng njero keuripan dunia, lan Isun wes nduwuraken separo wong-wong iku reng duwure separo hang liya pira-pira derajat, supaya separo wong-wong iku bisa nggunakaken separo hang liya. Lan rahmat pengeran riko lebih apik ketimbang paran hang wong-wong iku kumpulaken.

وَلَوْلَآ اَنْ يَّكُوْنَ النَّاسُ اُمَّةً وَّاحِدَةً لَّجَعَلْنَا لِمَنْ يَّكْفُرُ بِالرَّحْمٰنِ لِبُيُوْتِهِمْ سُقُفًا مِّنْ فِضَّةٍ وَّمَعَارِجَ عَلَيْهَا يَظْهَرُوْنَۙ٣٣
Wa lau lā ay yakūnan-nāsu ummataw wāḥidatal laja‘alnā limay yakfuru bir-raḥmāni libuyūtihim suqufam min fiḍḍatiw wa ma‘ārija ‘alaihā yaẓharūn(a).
[33] Lan sekirane dhudhu kerana arep ngindari menungsa dadi umat hang siji (njero kekafiran), mestine wes Isun gawekaken kanggo wong-wong hang kafir nang (Gusti Alloh) hang Maha Asih. Pyan pyan umahe wong wong iku teka perak. Gedigu pisan ondho hang ditingkriki wong wong iku.

وَلِبُيُوْتِهِمْ اَبْوَابًا وَّسُرُرًا عَلَيْهَا يَتَّكِـُٔوْنَۙ٣٤
Wa libuyūtihim abwābaw wa sururan ‘alaihā yattaki'ūn(a).
[34] Lan (Isun gawekaen pisan) lawang-lawang (perak) umah-umah wong wong iku lan (gediku pisan) pelanca pelanca enggon wong wong iku semendhe.

وَزُخْرُفًاۗ وَاِنْ كُلُّ ذٰلِكَ لَمَّا مَتَاعُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۗوَالْاٰخِرَةُ عِنْدَ رَبِّكَ لِلْمُتَّقِيْنَ ࣖ٣٥
Wa zukhrufā(n), wa in kullu żālika lammā matā‘ul-ḥayātid-dun-yā, wal-ākhiratu ‘inda rabbika lil-muttaqīn(a).
[35] Lan (Isun gawekaken pisan) pajangan emas. Lan kabeh iku heng liya mung kesenengan keuripan dunya, lan keuripan akhirat iku reng sisi pengeran riko dicawisaken kanggo wong-wong hang taqwa.

وَمَنْ يَّعْشُ عَنْ ذِكْرِ الرَّحْمٰنِ نُقَيِّضْ لَهٗ شَيْطٰنًا فَهُوَ لَهٗ قَرِيْنٌ٣٦
Wa may ya‘syu ‘an żikrir-raḥmāni nuqayyiḍ lahū syaiṭānan fahuwa lahū qarīn(un).
[36] Sapa bain hang mlengos teka ajaran Gusti Alloh hang Maha Asih (Al-Qur’an), isun genengaken setan (mbelasukaken) lan dadi kanca kanthete.

وَاِنَّهُمْ لَيَصُدُّوْنَهُمْ عَنِ السَّبِيْلِ وَيَحْسَبُوْنَ اَنَّهُمْ مُّهْتَدُوْنَ٣٧
Wa innahum layaṣuddūnahum ‘anis-sabīli wa yaḥsabūna annahum muhtadūn(a).
[37] Lan saktemene setan-setan iku bener-bener ngalangi wong wong iku teka dalan hang bener lan wong wong iku nyongko saktemene wong wong iku oleh pituduh.

حَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءَنَا قَالَ يٰلَيْتَ بَيْنِيْ وَبَيْنَكَ بُعْدَ الْمَشْرِقَيْنِ فَبِئْسَ الْقَرِيْنُ٣٨
Ḥattā iżā jā'anā qāla yā laita bainī wa bainaka bu‘dal-masyriqaini fa bi'sal-qarīn(u).
[38] Sehinggo kadung wong-wong hang mlengos iku teka nang Isun (reng dina kiamat) iyane ngomong:” hee, sekrikone (jarak) antarane isun lan riko kaya jarak antara wetan lan kulon, memang (setan iku) kanca hang paling jahat ( kanggo menungsa)”

وَلَنْ يَّنْفَعَكُمُ الْيَوْمَ اِذْ ظَّلَمْتُمْ اَنَّكُمْ فِى الْعَذَابِ مُشْتَرِكُوْنَ٣٩
Wa lay yanfa‘akumul-yauma iẓ ẓalamtum annakum fil-‘ażābi musytarikūn(a).
[39] Lan (Harapan riko iku) sepisan-pisan heng arep nguweni manfaat nang riko reng dina iku kerana riko wes nganioyo (awak riko dewek). Saktemene riko sak sekutuan njero siksa iku.

اَفَاَنْتَ تُسْمِعُ الصُّمَّ اَوْ تَهْدِى الْعُمْيَ وَمَنْ كَانَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٤٠
Afa anta tusmi‘uṣ-ṣumma au tahdil-‘umya wa man kāna fī ḍalālim mubīn(in).
[40] Mangka apa riko (Muhammad) bisa ndadekaen wong hang budheg bisa kerungu Utawa (apa bisa) riko nguweni pituduh nang wong hang picek (atine) lan nang wong hang tetep reng njero mbelasukan hang genah.

فَاِمَّا نَذْهَبَنَّ بِكَ فَاِنَّا مِنْهُمْ مُّنْتَقِمُوْنَۙ٤١
Fa immā nażhabanna bika fa innā minhum muntaqimūn(a).
[41] Mangka Temenan, sekrikone Isun matikaken riko (sedurunge riko nyapek kemenangan) mangka saktemene Isun arep nguweni siksa nang wong wong iku (reng akhirat)

اَوْ نُرِيَنَّكَ الَّذِيْ وَعَدْنٰهُمْ فَاِنَّا عَلَيْهِمْ مُّقْتَدِرُوْنَ٤٢
Au nuriyannakal-lażī wa‘adnāhum fa'innā ‘alaihim muqtadirūn(a).
[42] Utawa Isun dhudhuhaken nang riko (adzab) hang wes Isun ancasaken nang wong wong iku . Mangka saktemene Isun kuoso nang wong wong iku.

فَاسْتَمْسِكْ بِالَّذِيْٓ اُوْحِيَ اِلَيْكَ ۚاِنَّكَ عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٤٣
Fastamsik bil-lażī ūḥiya ilaik(a), innaka ‘alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[43] Mangka cekelana sinset riko nang (agama) hang wes diwahyukaken nang riko. Saktemene riko ana reng dalan hang kenceng

وَاِنَّهٗ لَذِكْرٌ لَّكَ وَلِقَوْمِكَ ۚوَسَوْفَ تُسْـَٔلُوْنَ٤٤
Wa innahū lażikrul laka wa liqaumik(a), wa saufa tus'alūn(a).
[44] Lan saktemene Al-Qur’an iku bener-bener sawiji pepenget kanggo riko lan kanggo kaum riko lan mbesuk riko arep dijaluki pertanggung jawaban.

وَسْـَٔلْ مَنْ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ مِنْ رُّسُلِنَآ ۖ اَجَعَلْنَا مِنْ دُوْنِ الرَّحْمٰنِ اٰلِهَةً يُّعْبَدُوْنَ ࣖ٤٥
Was'al man arsalnā min qablika mir rusulinā, aja‘alnā min dūnir-raḥmāni ālihatay yu‘badūn(a).
[45] Lan takokno (Muhammad) nang rasulrasul Isun hang wes Isun utus sedurunge riko:” apa ana isun nentukaken pengeranpengeran sakliyane (Gusti Alloh) hang Maha asih kanggo disembah”?

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى بِاٰيٰتِنَآ اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ فَقَالَ اِنِّيْ رَسُوْلُ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٤٦
Wa laqad arsalnā mūsā bi'āyātinā ilā fir‘auna wa mala'ihī fa qāla innī rasūlu rabbil-‘ālamīn(a).
[46] Lan temenan, Isun wes ngutus Musa kambi nggawa mu’jizat-mu’jizat Isun nang Fir’aun lan pembarep kaume. Mangka Musa ngomong:” saktemene isun yaiku kongkonan teka pengeran sekabehane alam.

فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ بِاٰيٰتِنَآ اِذَا هُمْ مِّنْهَا يَضْحَكُوْنَ٤٧
Falammā jā'ahum bi'āyātinā iżā hum minhā yaḍḥakūn(a).
[47] Mangka nalika iyane (Musa) teka nang wong wong iku kambi nggawa mu’jizatmu’jizat Isun, sekolo wong wong iku padha cekakakan.

وَمَا نُرِيْهِمْ مِّنْ اٰيَةٍ اِلَّا هِيَ اَكْبَرُ مِنْ اُخْتِهَاۗ وَاَخَذْنٰهُمْ بِالْعَذَابِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ٤٨
Wa mā nurīhim min āyatin illā hiya akbaru min ukhtihā, wa akhażnāhum bil-‘ażābi la‘allahum yarji‘ūn(a).
[48] La heng Isun dhuduhaken sawijine mu’jizat nang wong wong iku kejaba (mukjizat-mukjizat) iku lebih gedhe ketimbang mukjizat-mukjizat (hang sedurunge). Lan isun nibanaken nang wong wong iku siksa supaya wong wong iku balek (nang dalan hang bener).

وَقَالُوْا يٰٓاَيُّهَ السَّاحِرُ ادْعُ لَنَا رَبَّكَ بِمَا عَهِدَ عِنْدَكَۚ اِنَّنَا لَمُهْتَدُوْنَ٤٩
Wa qālū yā ayyuhas-sāḥirud‘u lanā rabbaka bimā ‘ahida ‘indak(a), innanā lamuhtadūn(a).
[49] Lan wong wong iku ngomong:” He ahli santet, dungo-ho nang pengeran riko kanggo (ngeculaken) isun mejaji kkambi hang wes dijanjikaken nang riko; saktemene Isun (kadung dunganriko dikabulaken) arep dadi wong hang oleh pituduh.

فَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُمُ الْعَذَابَ اِذَا هُمْ يَنْكُثُوْنَ٥٠
Falammā kasyafnā ‘anhumul-‘ażāba iżā hum yankuṡūn(a).
[50] Mangka rikola isun ilangaken siksa iku teka wong wong iku, sekolo iku (pisan) wong wong iku ciples janjine

وَنَادٰى فِرْعَوْنُ فِيْ قَوْمِهٖ قَالَ يٰقَوْمِ اَلَيْسَ لِيْ مُلْكُ مِصْرَ وَهٰذِهِ الْاَنْهٰرُ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِيْۚ اَفَلَا تُبْصِرُوْنَۗ٥١
Wa nādā fir‘aunu fī qaumihī qāla yā qaumi alaisa lī mulku miṣra wa hāżihil-anhāru tajrī min taḥtī, afalā tubṣirūn(a).
[51] Lan Fir’aun ngajak nang kaume (terus) ngomong:” Hee kaum isun, kerajaan Mesir iku duwene isun lan banyu-banyu iki mili reng ngisor isun; apa riko heng ndeleng.

اَمْ اَنَا۠ خَيْرٌ مِّنْ هٰذَا الَّذِيْ هُوَ مَهِيْنٌ ەۙ وَّلَا يَكَادُ يُبِيْنُ٥٢
Am ana khairum min hāżal-lażī huwa mahīn(un), wa lā yakādu yubīn(u).
[52] Utowo isun lebih apik ketimbang wong- (Musa) hang ino iki lan meh heng oleh njelasaken (omongane)?

فَلَوْلَآ اُلْقِيَ عَلَيْهِ اَسْوِرَةٌ مِّنْ ذَهَبٍ اَوْ جَاۤءَ مَعَهُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ مُقْتَرِنِيْنَ٥٣
Falau lā ulqiya ‘alaihi aswiratum min żahabin au jā'a ma‘ahul-malā'ikatu muqtarinīn(a).
[53] Mangka apuwo iyane (Musa) heng dienggokaken gelang teka emas. Utawa Malaekat teka bareng-bareng iyane kanggo ngiringaken.

فَاسْتَخَفَّ قَوْمَهٗ فَاَطَاعُوْهُ ۗاِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمًا فٰسِقِيْنَ٥٤
Fastakhaffa qaumahū fa aṭā‘ūh(u), innahum kānū qauman fāsiqīn(a).
[54] Mangka (Fir’aun) kambi omongan iku wes ngaruhi kaume, hinggo wong wong iku patuh nang iyane. saktemene wong wong iku yaiku kaum hang fasik.

فَلَمَّآ اٰسَفُوْنَا انْتَقَمْنَا مِنْهُمْ فَاَغْرَقْنٰهُمْ اَجْمَعِيْنَۙ٥٥
Falammā āsafūnantaqamnā minhum fa agraqnāhum ajma‘īn(a).
[55] Mangka rikola wong wong iku nggawe Isun mempeng, Isun nguweni hukuman nang wong wong iku, terus isun silepaken wong wong iku kabeh (reng segara)

فَجَعَلْنٰهُمْ سَلَفًا وَّمَثَلًا لِّلْاٰخِرِيْنَ ࣖ٥٦
Fa ja‘alnāhum salafaw wa maṡalal lil-ākhirīn(a).
[56] Mangka isun dadekaken wong wong iku dadi (kaum) jaman bengen, lan wulangan conto kanggo wong-wong hang seteruse.

۞ وَلَمَّا ضُرِبَ ابْنُ مَرْيَمَ مَثَلًا اِذَا قَوْمُكَ مِنْهُ يَصِدُّوْنَ٥٧
Wa lammā ḍuribabnu maryama maṡalan iżā qaumuka minhu yaṣiddūn(a).
[57] Lan rikola anake Maryam (Isa) didadekaken conto jemedhul kaum riko (suku Quraisy) kauk kauk keranane.

وَقَالُوْٓا ءَاٰلِهَتُنَا خَيْرٌ اَمْ هُوَ ۗمَا ضَرَبُوْهُ لَكَ اِلَّا جَدَلًا ۗبَلْ هُمْ قَوْمٌ خَصِمُوْنَ٥٨
Wa qālū a'ālihatunā khairun am huw(a), mā ḍarabūhu laka illā jadalā(n), bal hum qaumun khaṣimūn(a).
[58] Lan wong wong iku ngomong:” Endi hang lebih apik, pengeran-pengeran isun Utawa iyane (Isa)? Wong wong iku heng nguweni (conto iku) nang riko kejaba kambi maksud nalar bain, sebenere wong wong iku yaiku kaum hang demen tukaran .

اِنْ هُوَ اِلَّا عَبْدٌ اَنْعَمْنَا عَلَيْهِ وَجَعَلْنٰهُ مَثَلًا لِّبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ٥٩
In huwa illā ‘abdun an‘amnā ‘alaihi wa ja‘alnāhu maṡalal libanī isrā'īl(a).
[59] Isa heng liya mung wong hamba hang Isun uwekaken nang yane nikmat (kenabian) lan Isun dadekaen yane dadi tondo bukti (kuwasane Gusti Alloh) kanggo Bani Isroil .

وَلَوْ نَشَاۤءُ لَجَعَلْنَا مِنْكُمْ مَّلٰۤىِٕكَةً فِى الْاَرْضِ يَخْلُفُوْنَ٦٠
Wa lau nasyā'u laja‘alnā minkum malā'ikatan fil-arḍi yakhlufūn(a).
[60] Lan kadung Isun ngarepi, bener bener ison minangka dadi ganti riko reng bumi Malaekat-Malaekat hang turun temurun

وَاِنَّهٗ لَعِلْمٌ لِّلسَّاعَةِ فَلَا تَمْتَرُنَّ بِهَا وَاتَّبِعُوْنِۗ هٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٦١
Wa innahū la‘ilmul lis-sā‘ati falā tamtarunna bihā wattabi‘ūn(i), hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[61] Lan saktemene iyane(Isa) bener bener dadi tondho arep tekane dina kiamat, kerana iku, riko aja mamang perkara (kiamat) iku lan riko kabeh melu isun, ikilah dalan hang lempeng.

وَلَا يَصُدَّنَّكُمُ الشَّيْطٰنُۚ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ٦٢
Wa lā yaṣuddannakumusy-syaiṭān(u), innahū lakum ‘aduwwum mubīn(un).
[62] Lan aja riko pisan pisan riko dipengosaken kambi setan, saktemene setan iku musuh hang genah kanggo riko.

وَلَمَّا جَاۤءَ عِيْسٰى بِالْبَيِّنٰتِ قَالَ قَدْ جِئْتُكُمْ بِالْحِكْمَةِ وَلِاُبَيِّنَ لَكُمْ بَعْضَ الَّذِيْ تَخْتَلِفُوْنَ فِيْهِۚ فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ٦٣
Wa lammā jā'a ‘īsā bil-bayyināti qāla qad ji'tukum bil-ḥikmati wa li'ubayyina lakum ba‘ḍal-lażī takhtalifūna fīh(i), fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[63] Lan rikola Isa teka nggawa keterangan iyane ngomong:” Saktemene isun teka nang riko kambi nggawa hikmah lan kanggo njelasaken nang riko separo teka paran hang riko selisihaken, mangka takwao riko nang Gusti Alloh lan taato nang isun.

اِنَّ اللّٰهَ هُوَ رَبِّيْ وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْهُۗ هٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٦٤
Innallāha huwa rabbī wa rabbukum fa‘budūh(u), hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[64] Saktemene Gusti Alloh, iyane pengeran isun lan pengeran riko, mangka sembahen iyane iku, iki yaiku dalan hang lempeng.

فَاخْتَلَفَ الْاَحْزَابُ مِنْۢ بَيْنِهِمْ ۚفَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْ عَذَابِ يَوْمٍ اَلِيْمٍ٦٥
Fakhtalafal-aḥzābu mim bainihim, fawailul lil-lażīna ẓalamūmin ‘ażābi yaumin alīm(in).
[65] taping golongan-golongan (hang ana) padha eker ekeran antara wong wong iku; mangka apes cilaka wong wong hang zalim kerana siksa nang dina hang perih (kiamat)

هَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّا السَّاعَةَ اَنْ تَأْتِيَهُمْ بَغْتَةً وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ٦٦
Hal yanẓurūna illas-sā‘ata an ta'tiyahum bagtataw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[66] Apa wong wong iku mung nganteni bain tekane dina kiamat hang teka nang wong wong iku kambi uncug uncug sedeng wong wong iku heng nyadari.

اَلْاَخِلَّاۤءُ يَوْمَىِٕذٍۢ بَعْضُهُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ اِلَّا الْمُتَّقِيْنَ ۗ ࣖ٦٧
Al-akhillā'u yauma'iżim ba‘ḍuhum liba‘ḍin ‘aduwwun illal-muttaqīn(a).
[67] Kanca-kanca akrab nang dina iku padha musuh-musuhan antarane siji lan liyane kejaba wong-wong hang takwa.

يٰعِبَادِ لَاخَوْفٌ عَلَيْكُمُ الْيَوْمَ وَلَآ اَنْتُمْ تَحْزَنُوْنَۚ٦٨
Yā ‘ibādi lā khaufun ‘alaikumul-yauma wa lā antum taḥzanūn(a).
[68] “He batur-batur Isun, heng ana kewedhen kanggo riko reng dina iku lan pisan riko heng nelangsa.

اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاٰيٰتِنَا وَكَانُوْا مُسْلِمِيْنَۚ٦٩
Allażīna āmanū bi'āyātinā wa kānū muslimīn(a).
[69] (Yaiku) wong-wong hang iman nang ayatayat Isun lan wong wong iku wong hang pasrah awake dewek.

اُدْخُلُوا الْجَنَّةَ اَنْتُمْ وَاَزْوَاجُكُمْ تُحْبَرُوْنَ٧٠
Udkhulul-jannata antum wa azwājukum tuḥbarūn(a).
[70] Melebuo riko nang suwarga, riko lan rabirabin riko arep disenengaken.

يُطَافُ عَلَيْهِمْ بِصِحَافٍ مِّنْ ذَهَبٍ وَّاَكْوَابٍ ۚوَفِيْهَا مَا تَشْتَهِيْهِ الْاَنْفُسُ وَتَلَذُّ الْاَعْيُنُ ۚوَاَنْتُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَۚ٧١
Yuṭāfu ‘alaihim biṣiḥāfim min żahabiw wa akwāb(in), wa fīhā mā tasytahīhil-anfusu wa talażżul-a‘yun(u), wa antum fīhā khālidūn(a).
[71] Nang wong wong iku diideraken piringpiring lan gelas gelas teka emas, lan reng njero surgo iku ana paran bain hang macemmacem parab hang dipingini ati lan paran bain hang sedhep (dileleng) moto lan riko suwi nang njerone.

وَتِلْكَ الْجَنَّةُ الَّتِيْٓ اُوْرِثْتُمُوْهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٧٢
Wa tilkal-jannatul-latī ūriṡtumūhā bimā kuntum ta‘malūn(a).
[72] Lan ikulah surgo hang diwarisaken nang riko disebabaken amal-amal hang riko lakoni

لَكُمْ فِيْهَا فَاكِهَةٌ كَثِيْرَةٌ مِّنْهَا تَأْكُلُوْنَ٧٣
Lakum fīhā fākihatun kaṡīratum minhā ta'kulūn(a).
[73] Reng njero surgo iku ana woh-wohan hang akeh kanggo riko lan separone riko pangan.

اِنَّ الْمُجْرِمِيْنَ فِيْ عَذَابِ جَهَنَّمَ خٰلِدُوْنَۖ٧٤
Innal-mujrimīna fī ‘ażābi jahannama khālidūn(a).
[74] Saktemene wong-wong hang dusa lawas nang njero siksa neraka jahannam.

لَا يُفَتَّرُ عَنْهُمْ وَهُمْ فِيْهِ مُبْلِسُوْنَ ۚ٧٥
Lā yufattaru ‘anhum wa hum fīhi mublisūn(a).
[75] Heng dienthengaken (sikso) iku teka wong wong iku, lan wong wong iku mutung reng njerone.

وَمَا ظَلَمْنٰهُمْ وَلٰكِنْ كَانُوْا هُمُ الظّٰلِمِيْنَ٧٦
Wa mā ẓalamnāhum wa lākin kānū humuẓ-ẓālimīn(a).
[76] Lan Isun blas heng mulasara wong wong iku taping wong wong ikulah hang mulasara awake dewek.

وَنَادَوْا يٰمٰلِكُ لِيَقْضِ عَلَيْنَا رَبُّكَۗ قَالَ اِنَّكُمْ مّٰكِثُوْنَ٧٧
Wa nādau yā māliku liyaqḍi ‘alainā rabbuk(a), qāla innakum mākiṡūn(a).
[77] Lan wong wong iku nyeluk “ He (Malaekat) Malik, myakne wes Pengeran riko mateni isun bain”. iyane njawab: “saktemene riko arep netep (reng neraka iki).

لَقَدْ جِئْنٰكُمْ بِالْحَقِّ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَكُمْ لِلْحَقِّ كٰرِهُوْنَ٧٨
Laqad ji'nākum bil-ḥaqqi wa lākinna akṡarakum lil-ḥaqqi kārihūn(a).
[78] isun temenan wes teka kkambi nggawa kebeneran nang riko taping akeh-akehe reng antara riko bangkel nang kebeneran iku.

اَمْ اَبْرَمُوْٓا اَمْرًا فَاِنَّا مُبْرِمُوْنَۚ٧٩
Am abramū amran fa innā mubrimūn(a).
[79] Utawa wong wong iku wes ngerencanakaken siji akal akalan (jahat), mangka saktemene Isun yo wes duwe rencana (ngatasi akal akalane wong wong iku .

اَمْ يَحْسَبُوْنَ اَنَّا لَا نَسْمَعُ سِرَّهُمْ وَنَجْوٰىهُمْ ۗ بَلٰى وَرُسُلُنَا لَدَيْهِمْ يَكْتُبُوْنَ٨٠
Am yaḥsabūna annā lā nasma‘u sirrahum wa najwāhum, balā wa rusulunā ladaihim yaktubūn(a).
[80] Utawa apa wong wong iku ngira, saktemene isun seng krungu rahasia lan bisik-bisikan wong wong iku? Sebenere (Isun krungu), lan utusan-utusan isun (Malaekat) terus terusan nyatet reng sisine wong wong iku

قُلْ اِنْ كَانَ لِلرَّحْمٰنِ وَلَدٌ ۖفَاَنَا۠ اَوَّلُ الْعٰبِدِيْنَ٨١
Qul in kāna lir-raḥmāni walad(un), fa ana awwalul-‘ābidīn(a).
[81] Ngomongo riko (Muhamaad), kadung bener Pengeran hang Maha welas nduwe anak, mangka isun ikilah wong hang nyulungi mulyakaken (anak iku).

سُبْحٰنَ رَبِّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ رَبِّ الْعَرْشِ عَمَّا يَصِفُوْنَ٨٢
Subḥāna rabbis-samāwāti wal-arḍi rabbil-‘arsyi ‘ammā yaṣifūn(a).
[82] Maha suci Pengeran hang duwe langit lan bumi, Pengeran duwe ‘Arsy, teka paran hang wong wong iku sifataken iku.

فَذَرْهُمْ يَخُوْضُوْا وَيَلْعَبُوْا حَتّٰى يُلٰقُوْا يَوْمَهُمُ الَّذِيْ يُوْعَدُوْنَ٨٣
Fa żarhum yakhūḍū wa yal‘abū ḥattā yulāqū yaumahumul-lażī yū‘adūn(a).
[83] Mangka genengno wong wong iku kesilep (njero kesesatan) lan memenganan sampe wong wong iku nemoni dina hang dijanjikaken nang wong wong iku.

وَهُوَ الَّذِيْ فِى السَّمَاۤءِ اِلٰهٌ وَّ فِى الْاَرْضِ اِلٰهٌ ۗوَهُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ٨٤
Wa huwal-lażī fis-samā'i ilāhuw wa fil-arḍi ilāh(un), wa huwal-ḥakīmul-‘alīm(u).
[84] Lan iyane-lah Pengeran (hang disembah) reng langit lan Pengeran (hang disembah) reng bumi lan iyane-lah hang Maha wijaksana mareng Maha ngaweruhi.

وَتَبٰرَكَ الَّذِيْ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۚوَعِنْدَهٗ عِلْمُ السَّاعَةِۚ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٨٥
Wa tabārakal-lażī lahū mulkus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, wa ‘indahū ‘ilmus-sā‘ah(ti), wa ilaihi turja‘ūn(a).
[85] Lan Maha suci (Gusti Alloh) hang nduweni kerajaan langit lan bumi; lan paran hang ana reng antara keloro-ne; lan reng sisi-Ne-lah ilmu perkara dina kiamat lan mung nang iyane lah riko dibalekaken.

وَلَا يَمْلِكُ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهِ الشَّفَاعَةَ اِلَّا مَنْ شَهِدَ بِالْحَقِّ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ٨٦
Wa lā yamlikul-lażīna yad‘ūna min dūnihisy-syafā‘ata illā man syahida bil-ḥaqqi wa hum ya‘lamūn(a).
[86] Lan wong wong hang nyeluk nang sakliyane Gusti Alloh heng oleh syafaat; ( pitulungan reng akhirat) kejaba wong hang ngakoni hang hak (tauhid) lan wong wong iku ngeyakini .

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَهُمْ لَيَقُوْلُنَّ اللّٰهُ فَاَنّٰى يُؤْفَكُوْنَۙ٨٧
Wa la'in sa'altahum man khalaqahum layaqūlunnallāhu fa annā yu'fakūn(a).
[87] Lan kadung riko takon nang wong wong iku: “sapa hang nyiptakaken wong wong iku, mangka mesti wong wong iku njawab: “Gusti Alloh”. mangka kelendi wong wong iku bisa dipengosaken (teka nyembah Gusti Alloh)?

وَقِيْلِهٖ يٰرَبِّ اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ قَوْمٌ لَّا يُؤْمِنُوْنَۘ٨٨
Wa qīlihī yā rabbi inna hā'ulā'i qaumul lā yu'minūn(a).
[88] Lan (Gusti Alloh ngaweruhi) omongane (Muhammad),“he Pengeran isun, saktemene wong wong iku yaiku kaum hang heng iman”.

فَاصْفَحْ عَنْهُمْ وَقُلْ سَلٰمٌۗ فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ ࣖ٨٩
Faṣfaḥ ‘anhum wa qul salām(un), fa saufa ya‘lamūn(a).
[89] Mangka mengoso riko teka wong wong iku lan ngomongo: “salam (selamet tinggal)”. Mbesuk wong wong iku arep ngaweruhi (nasib wong wong iku hang elek).