Surah Asy-Syura

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1] Haa Miim.

عۤسۤقۤ ۗ٢
‘Ain sīn qāf.
[2] ‘Ain siin Qaaf

كَذٰلِكَ يُوْحِيْٓ اِلَيْكَ وَاِلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكَۙ اللّٰهُ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٣
Każālika yūḥī ilaika wa ilal-lażīna min qablik(a), allāhul-‘azīzul-ḥakīm(u).
[3] Sakmene baen hang Gusti Alloh Maha tatag lan Maha wijaksana, ngewahyukaken nang rika lan nang wong-wong hang sedurunge rika.

لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَهُوَ الْعَلِيُّ الْعَظِيْمُ٤
Lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa huwal-‘aliyyul-‘aẓīm(u).
[4] Keduwena-Ne Gusti Alloh paran hang ana reng langit lan paran hang ana nang bumi. Lan iyane Gusti Alloh-lah hang Maha duwur lan Maha gedhe.

تَكَادُ السَّمٰوٰتُ يَتَفَطَّرْنَ مِنْ فَوْقِهِنَّ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ يُسَبِّحُوْنَ بِحَمْدِ رَبِّهِمْ وَيَسْتَغْفِرُوْنَ لِمَنْ فِى الْاَرْضِۗ اَلَآ اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ٥
Takādus-samāwātu yatafaṭṭarna min fauqihinna wal-malā'ikatu yusabbiḥūna biḥamdi rabbihim wa yastagfirūna liman fil-arḍ(i), alā innallāha huwal-gafūrur-raḥīm(u).
[5] Meh bain langit iku pecah teka sebelah nduwure (kerana gedhene Pengeran) lan Para Malaikat maca Tasbeh lan ngelem pengerane lan njalukaen sepura kanggo wong-wong hang ana reng bumi, engeto, setemene Gusti Alloh iyane-lah Hang Maha nguweni sepura lan Maha welas.

وَالَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَ اللّٰهُ حَفِيْظٌ عَلَيْهِمْۖ وَمَآ اَنْتَ عَلَيْهِمْ بِوَكِيْلٍ٦
Wal-lażīnattakhażū min dūnihī auliyā'allāhu ḥafīẓun ‘alaihim, wa mā anta ‘alaihim biwakīl(in).
[6] Lan wong-wong hang njuwut para pengayom sakliyane Gusti Alloh, Gusti Alloh ngawasi (kelakoan) wong wong iku; lan rika (yo Muhammad) dudu wong hang diserahi ngawasi wong-wong iku.

وَكَذٰلِكَ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا لِّتُنْذِرَ اُمَّ الْقُرٰى وَمَنْ حَوْلَهَا وَتُنْذِرَ يَوْمَ الْجَمْعِ لَا رَيْبَ فِيْهِ ۗفَرِيْقٌ فِى الْجَنَّةِ وَفَرِيْقٌ فِى السَّعِيْرِ٧
Wa każālika auḥainā ilaika qur'ānan ‘arabiyyal litunżira ummal-qurā wa man ḥaulahā wa tunżira yaumal-jam‘i lā raiba fīh(i), farīqun fil-jannati wa farīqun fis-sa‘īr(i).
[7] Sakmene baen isun wahyuaken nang rika Al-Qur’an reng jerone nganggo basa arab supaya rika nguweni pengenget nang ummul Qura (Warga Mekkah) lan Warga (negeri-negeri) sekelilinge (Warga sak dunya). kambi nguweni pepenget (pisan) tentang dina kumpul (kiamat) hang seng ana mamang nang iyane. Sak golongan melebu suwarga segolongan melebu neraka.

وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَجَعَلَهُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّلٰكِنْ يُّدْخِلُ مَنْ يَّشَاۤءُ فِيْ رَحْمَتِهٖۗ وَالظّٰلِمُوْنَ مَا لَهُمْ مِّنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ٨
Wa lau syā'allāhu laja‘alahum ummataw wāḥidataw wa lākiy yudkhilu may yasyā'u fī raḥmatih(ī), waẓ-ẓālimūna mā lahum miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[8] Lan kadhung Gusti Alloh ngarepaken, pastine Gusti Alloh ndadekaken wong wong iku dadi sak ummat (bain), taping iyane ngelebokaken wong-wong hang dikerepaken Gusti Alloh reng njerone rohmate. Lan wong-wong hang dipulasara sing ana kanggo wong wong iku siji uwong hang dadi penjaga babar pisan lan sing ana siji uwong hang dadi Penulung babar pisan.

اَمِ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَۚ فَاللّٰهُ هُوَ الْوَلِيُّ وَهُوَ يُحْيِ الْمَوْتٰى ۖوَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ࣖ٩
Amittakhażū min dūnihī auliyā'(a), fallāhu huwal-waliyyu wa huwa yuḥyil-mautā, wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[9] Utawa mbejaji-tah wong wong iku njuwut pelindung- pelindung sak liyane Gusti Alloh? mangka Gusti Alloh. iyane lah Pelindung (hang sak benere) lan iyane nguripaken wong hang mati. Lan iyane yaiku Maha Kuwasa nang nduwure sekabeane perkara.

وَمَا اخْتَلَفْتُمْ فِيْهِ مِنْ شَيْءٍ فَحُكْمُهٗٓ اِلَى اللّٰهِ ۗذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبِّيْ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُۖ وَاِلَيْهِ اُنِيْبُ١٠
Wa makhtalaftum fīhi min syai'in faḥukmuhū ilallāh(i), żālikumullāhu rabbī ‘alaihi tawakkaltu wa ilaihi unīb(u).
[10] Mergo Perkara paran bain hang bedha paham. Mangka dadine (terserah) nang Gusti Gusti Alloh. (hang nduweni sifat-sifat kaya gedigu) ikulah Gusti Alloh Pengeran isun. Nang iyane lah isun pasrah lan nang iyane lah isun moleh.

فَاطِرُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ جَعَلَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا وَّمِنَ الْاَنْعَامِ اَزْوَاجًاۚ يَذْرَؤُكُمْ فِيْهِۗ لَيْسَ كَمِثْلِهٖ شَيْءٌ ۚوَهُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ١١
Fāṭirus-samāwāti wal-arḍ(i), ja‘ala lakum min anfusikum azwājaw wa minal-an‘āmi azwājā(n), yażra'ukum fīh(i), laisa kamiṡlihī syai'(un), wa huwas-samī‘ul-baṣīr(u).
[11] (Iyane) Pencipta langit lan bumi. iyane ndadekaken kanggo rika teka jenis rika dewek pasangan-pasangan lan teka jenis kewan rajakaya pasangan-pasangan (pisan). Didadeakene rika mbedhudhug kambi dalan iku. Sing ana perkara siji bain hang padha kambi iyane. lan iyane lah hang Maha ngerungokaken lan Hang Maha ndeleng.

لَهٗ مَقَالِيْدُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُ ۗاِنَّهٗ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ١٢
Lahū maqālīdus-samāwāti wal-arḍ(i), yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdir(u), innahū bikulli syai'in ‘alīm(un).
[12] Keduwena-Ne Gusti Alloh lah serege langit lan bumi, iyane Gusti Alloh mbeberaken rejeki kanggo sapa baen hang dikarepaken lan diciutaken. Setemene iyane Maha ngaweruhi sekabehane perkara.

۞ شَرَعَ لَكُمْ مِّنَ الدِّيْنِ مَا وَصّٰى بِهٖ نُوْحًا وَّالَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ وَمَا وَصَّيْنَا بِهٖٓ اِبْرٰهِيْمَ وَمُوْسٰى وَعِيْسٰٓى اَنْ اَقِيْمُوا الدِّيْنَ وَلَا تَتَفَرَّقُوْا فِيْهِۗ كَبُرَ عَلَى الْمُشْرِكِيْنَ مَا تَدْعُوْهُمْ اِلَيْهِۗ اَللّٰهُ يَجْتَبِيْٓ اِلَيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْٓ اِلَيْهِ مَنْ يُّنِيْبُۗ١٣
Syara‘a lakum minad-dīni mā waṣṣā bihī nūḥaw wal-lażī auḥainā ilaika wa mā waṣṣā bihī ibrāhīma wa mūsā wa ‘īsā an aqīmud-dīna wa lā tatafarraqū fīh(i), kabura ‘alal-musyrikīna mā tad‘ūhum ilaih(i), allāhu yajtabī ilaihi may yasyā'u wa yahdī ilaihi may yunīb(u).
[13] Iyane Gusti Alloh wes nyare’ataken kanggo rika kabeh perkara agama paran hang wis diwasiataken nang Nuh lan paran hang wis isun wahyukaken nang rika (Muhammad), lan paran hang isun wasiataken nang Ibrohim, Musa, lan Isa yaiku: Ajegno agama (keimanan lan ketaqwaan) 791 lan aja sampek rika kabeh morat marit reng saknjerone. Abot temenan kanggone wong-wong musyrik ( melu) nang agama hang rika ajak nang wong wong iku. Gusti Alloh milih wong hang dikarepaken nang agama tauhid lan nguweni dalan pituduh nang (agama)-Ne kanggo wong hang moleh (nang) iya-Ne yaiku (Gusti Alloh).
791) Hang dimaksud: “Agama” ning kene yo iku ngEsakaken Gusti Alloh Swt ngiman nang-Yane kitab-kitabe, rosul-rosule, lan dina akherat, lan na’ati sekabehe perintah lan larangane

وَمَا تَفَرَّقُوْٓا اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَهُمُ الْعِلْمُ بَغْيًاۢ بَيْنَهُمْۗ وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى لَّقُضِيَ بَيْنَهُمْۗ وَاِنَّ الَّذِيْنَ اُوْرِثُوا الْكِتٰبَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ لَفِيْ شَكٍّ مِّنْهُ مُرِيْبٍ١٤
Wa mā tafarraqū illā mim ba‘di mā jā'ahumul-‘ilmu bagyam bainahum, wa lau lā kalimatun sabaqat mir rabbika ilā ajalim musammal laquḍiya bainahum, wa innal-lażīna ūriṡul-kitāba mim ba‘dihim lafī syakkim minhu murīb(in).
[14] Lan wong wong (Ahli Kitab) aja sampek morat marit, kejaba sak marine teka kaweruh nang wong wong iku kerana jerenggine antarane wong wong iku 792 kadung sing kerana perkara ketetapan hang wis ana bengene teka pengeran rika ( kanggo ngendhekaken adzab) gadug batas waktu hang wes dipasteaken., pestine wong wong iku wes wes diancuraken. Lan setemene wong-wong hang diwarisaken nang wong wong iku kitab (Taurot lan Injil) 793 . Sakwise wong wong iku bener bener ana reng njerone kemamangan hang ngoncangaken kitab iku.
792) Maksude: Ahli-ahli kitab iku bubar sak wise wong iku ngaweruhi hang bener teka Nabi wong iku. Sak wis e teka Nabi Muhammad lan nyoto hang bener wong iku pun tetep bubar lan sing percaya. 793) Hang dimaksud ambi: “Wong-wong hang diwarisaken nang wong iku Al-Kitab” yaiku ahli Kitab hang urep nang mangsane Nabi Muhammad.

فَلِذٰلِكَ فَادْعُ ۚوَاسْتَقِمْ كَمَآ اُمِرْتَۚ وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَهُمْۚ وَقُلْ اٰمَنْتُ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ مِنْ كِتٰبٍۚ وَاُمِرْتُ لِاَعْدِلَ بَيْنَكُمْ ۗ اَللّٰهُ رَبُّنَا وَرَبُّكُمْ ۗ لَنَآ اَعْمَالُنَا وَلَكُمْ اَعْمَالُكُمْ ۗ لَاحُجَّةَ بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمْ ۗ اَللّٰهُ يَجْمَعُ بَيْنَنَا ۚوَاِلَيْهِ الْمَصِيْرُ ۗ١٥
Fa liżālika fad‘(u), wastaqim kamā umirt(a), wa lā tattabi‘ ahwā'ahum, wa qul āmantu bimā anzalallāhu min kitāb(in), wa umirtu li'a‘dila bainakum, allāhu rabbunā wa rabbukum, lanā a‘mālunā wa lakum a‘mālukum, lā ḥujjata bainanā wa bainakum, allāhu yajma‘u bainanā,wa ilaihil-maṣīr(u).
[15] Mangka kerana iku, kongkonen (wong wong iku nang agama iku) lan tetepo 794 kaya hang diperintahaken nang rika lan aja ngetutaken hawa nafsu wong wong iku. lan ngomongo: “isun iman nang kabeh kitab hang didunaken Gusti Alloh lan isun diperintahaken supaya gawe adil reng antarane rika kabeh. Gusti Alloh lah Pengeran isun lan Pengeran rika kabeh. Kanggo isun amal-amal isun lan kanggo rika amal-amal rika kabeh. Seng ana tukaran antara isun lan rika, Gusti Alloh ngumpulaken antara kito lan nang Gusti Alloh-lah balek (kito)”
794)

وَالَّذِيْنَ يُحَاۤجُّوْنَ فِى اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا اسْتُجِيْبَ لَهٗ حُجَّتُهُمْ دَاحِضَةٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَعَلَيْهِمْ غَضَبٌ وَّلَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ١٦
Wal-lażīna yuḥājjūna fillāhi mim ba‘di mastujība lahū ḥujjatuhum dāḥiḍatun ‘inda rabbihim wa ‘alaihim gaḍabuw wa lahum ‘ażābun syadīd(un).
[16] Lan wong-wong hang ngengkel (agama) Gusti Alloh sakwise agama iku diterimo mangka engkelane wong iku sia-sia, reng sandinge pengeran wong wong iku. Wong wong iku oleh gemprong gemprong (Gusti Alloh) lan kanggo wong wong iku siksa hang keras.

اَللّٰهُ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ وَالْمِيْزَانَ ۗوَمَا يُدْرِيْكَ لَعَلَّ السَّاعَةَ قَرِيْبٌ١٧
Allāhul-lażī anzalal-kitāba bil-ḥaqqi wal-mīzān(a), wa mā yudrīka la‘allas-sā‘ata qarīb(un).
[17] Gusti Alloh-lah hang ngedunaken kitab ambi (nggowo) kebeneran lan (ngedunaken) neraka (keadilan). Lan rika weru tah, oleh dadi dina kiamat iku (wes) parek?

يَسْتَعْجِلُ بِهَا الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِهَاۚ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مُشْفِقُوْنَ مِنْهَاۙ وَيَعْلَمُوْنَ اَنَّهَا الْحَقُّ ۗ اَلَآ اِنَّ الَّذِيْنَ يُمَارُوْنَ فِى السَّاعَةِ لَفِيْ ضَلٰلٍۢ بَعِيْدٍ١٨
Yasta‘jilu bihal-lażīna lā yu'minūna bihā, wal-lażīna āmanū musyfiqūna minhā, wa ya‘lamūna annahal-ḥaqq(u), alā innal-lażīna yumārūna fis-sā‘ati lafī ḍalālim ba‘īd(in).
[18] Wong-wong hang sing iman ambi dina kiamat njaluk supaya dina iku cepet ditekaaken lan wong-wong hang iman ngeroso wedi ambi (Gusti Alloh) lan wong wong iku yaqin setemene kiamat iku yaiku bener (arep kedaden). Weruho setemene wong-wong hang ngengkel perkara kedadeane kiamat iku bener-bener reng njerone kesasar hang adoh.

اَللّٰهُ لَطِيْفٌۢ بِعِبَادِهٖ يَرْزُقُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚوَهُوَ الْقَوِيُّ الْعَزِيْزُ ࣖ١٩
Allāhu laṭīfum bi‘ibādihī yarzuqu may yasyā'(u), wa huwal-qawiyyul-‘azīz(u).
[19] Gusti Alloh Maha alus nang para bature, iyane nguweni rejeki nang sapa hang dikarepi lan iyane dewek hang Maha kuat lan Maha perkasa.

مَنْ كَانَ يُرِيْدُ حَرْثَ الْاٰخِرَةِ نَزِدْ لَهٗ فِيْ حَرْثِهٖۚ وَمَنْ كَانَ يُرِيْدُ حَرْثَ الدُّنْيَا نُؤْتِهٖ مِنْهَاۙ وَمَا لَهٗ فِى الْاٰخِرَةِ مِنْ نَّصِيْبٍ٢٠
Man kāna yurīdu ḥarṡal-ākhirati nazid lahū fī ḥarṡih(ī), wa man kāna yurīdu ḥarṡad-dun-yā nu'tihī minhā, wa mā lahū fil-ākhirati min naṣīb(in).
[20] Sapa bain hang ngarepaken kemujuran reng akhirat arep isun tambah kemujuran iku kanggo deweke. lan sapa bain hang ngarepaken kemujuran reng dunya isun uweni kanggo deweke separone teka kemujuran dunia lan sing ano kanggo deweke perkara bagian blas reng akhirat.

اَمْ لَهُمْ شُرَكٰۤؤُا شَرَعُوْا لَهُمْ مِّنَ الدِّيْنِ مَا لَمْ يَأْذَنْۢ بِهِ اللّٰهُ ۗوَلَوْلَا كَلِمَةُ الْفَصْلِ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ ۗوَاِنَّ الظّٰلِمِيْنَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٢١
Am lahum syurakā'u syara‘ū lahum minad-dīni mā lam ya'żam bihillāh(u), wa lau lā kalimatul-faṣli laquḍiya bainahum, wa innaẓ-ẓālimīna lahum ‘ażābun alīm(un).
[21] Apa wong wong iku nduwe sembahansembahan sakliyane Gusti Alloh hang nyariataken kanggo wong wong iku agama hang sing di idinaken Gusti Alloh? Sekirane sing ana ketetepan hang nentukaen (teka Gusti Alloh) pastine wong wong iku wes diancuraken. Lan setemene wong-wong hang zalim iku arep oleh adzab hang perih.

تَرَى الظّٰلِمِيْنَ مُشْفِقِيْنَ مِمَّا كَسَبُوْا وَهُوَ وَاقِعٌۢ بِهِمْ ۗوَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فِيْ رَوْضَاتِ الْجَنَّاتِۚ لَهُمْ مَّا يَشَاۤءُوْنَ عِنْدَ رَبِّهِمْ ۗذٰلِكَ هُوَ الْفَضْلُ الْكَبِيْرُ٢٢
Taraẓ-ẓālimīna musyfiqīna mimmā kasabū wa huwa wāqi‘um bihim, wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fī rauḍātil-jannāt(i), lahum mā yasyā'ūna ‘inda rabbihim, żālika huwal-faḍlul-kabīr(u).
[22] Rika arep ndeleng wong-wong zalim kari keweden kerana kejahaten kejahatan hang wes dilakoni wong wong iku, sedeng siksaan ngantem wong wong iku. Lan wong-wong hang iman lan ngelakoni amal saleh (ana reng) njero taman-taman suwarga,wong wong iku oleh paran hang wong wong iku karepi reng sandinge Pengeran wong wong iku. hang gedigu iku yaiku oleh derma hang gedhe.

ذٰلِكَ الَّذِيْ يُبَشِّرُ اللّٰهُ عِبَادَهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِۗ قُلْ لَّآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ اَجْرًا اِلَّا الْمَوَدَّةَ فِى الْقُرْبٰىۗ وَمَنْ يَّقْتَرِفْ حَسَنَةً نَّزِدْ لَهٗ فِيْهَا حُسْنًا ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ٢٣
Żālikal-lażī yubasysyirullāhu ‘ibādahul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāt(i), qul lā as'alukum ‘alaihi ajran illal-mawaddata fil-qurbā, wa may yaqtarif ḥasanatan nazid lahū fīhā ḥusnā(n), innallāha gafūrun syakūr(un).
[23] Iku lah (derma) hang (kambi iku) Gusti Alloh nyenengaken batur bature hang iman lan ngelakoni amal sholeh. Ngomongo :” Isun sing njaluk nang rika perkara upah blas nang nduwure ajakane isun kejaba welas asih reng njerone kekeluargaan “. Lan sapa hang ngelakoni keapikan arep isun tambahi kanggo wong iku keapikan nang keapikane iku. Setemene Gusti Alloh Maha nyepuro mareng Maha nyukuri.

اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًاۚ فَاِنْ يَّشَاِ اللّٰهُ يَخْتِمْ عَلٰى قَلْبِكَ ۗوَيَمْحُ اللّٰهُ الْبَاطِلَ وَيُحِقُّ الْحَقَّ بِكَلِمٰتِهٖ ۗاِنَّهٗ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٢٤
Am yaqūlūnaftarā ‘alallāhi każibā(n), fa'iy yasya'illāhu yakhtim ‘alā qalbik(a), wa yamḥullāhul-bāṭila wa yuḥiqqul-ḥaqqa bikalimātih(ī), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[24] Utawa wong wong iku ngomong: “ iyane (Muhammad) wes nganak-nganakaen goroh nang Gusti Alloh”. Mangka kadung Gusti Alloh ngarepaken, niscaya iyane ngunci mati ati rika; lan Gusti Alloh mbusek hang bathil lan beneraken hang hak ambi kalimat-kalimate (Al-Qur’an). Setemene iyane Maha weruh sekabehane isi ati.

وَهُوَ الَّذِيْ يَقْبَلُ التَّوْبَةَ عَنْ عِبَادِهٖ وَيَعْفُوْا عَنِ السَّيِّاٰتِ وَيَعْلَمُ مَا تَفْعَلُوْنَۙ٢٥
Wa huwal-lażī yaqbalut-taubata ‘an ‘ibādihī wa ya‘fū ‘anis-sayyi'āti wa ya‘lamu mā taf‘alūn(a).
[25] Lan iyane hang nerima taubat teka batur bature. Lan ngampuni kesalahan kesalahan paran hang rika lakoni.

وَيَسْتَجِيْبُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَيَزِيْدُهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖ ۗوَالْكٰفِرُوْنَ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ٢٦
Wa yastajībul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa yazīduhum min faḍlih(ī), wal-kāfirūna lahum ‘ażābun syadīd(un).
[26] Lan iyane hang ngabulaken (do`a) wong wong hang iman mareng ngelakoni amal sholeh lan nambah (ganjaran) nang wong wong iku teka dermane. Lan wong wong hang kafir kanggo wong wong iku adzab hang amat keras.

۞ وَلَوْ بَسَطَ اللّٰهُ الرِّزْقَ لِعِبَادِهٖ لَبَغَوْا فِى الْاَرْضِ وَلٰكِنْ يُّنَزِّلُ بِقَدَرٍ مَّا يَشَاۤءُ ۗاِنَّهٗ بِعِبَادِهٖ خَبِيْرٌۢ بَصِيْرٌ٢٧
Wa lau basaṭallāhur rizqa li‘ibādihī labagau fil-arḍi wa lākiy yunazzilu biqadarim mā yasyā'(u), innahū bi‘ibādihī khabīrum baṣīr(un).
[27] Lan kadung Gusti Alloh ngeluasaken rejeki nang batur bature, pastine wong wong iku arep ngeliwati wates reng duwure bumi, taping Gusti Alloh ngedunaken paran hang dikarepi ambi ukuran. Setemene iyane Maha ngaweruhi (anane) batur bature mareng Maha ndeleng.

وَهُوَ الَّذِيْ يُنَزِّلُ الْغَيْثَ مِنْۢ بَعْدِ مَا قَنَطُوْا وَيَنْشُرُ رَحْمَتَهٗ ۗوَهُوَ الْوَلِيُّ الْحَمِيْدُ٢٨
Wa huwal-lażī yunazzilul-gaiṡa mim ba‘di mā qanaṭū wa yansyuru raḥmatah(ū), wa huwal-waliyyul-ḥamīd(u).
[28] Lan iyane dewek ngedunaken udan sakwise wong wong iku mutung lan nyebaraken rahmate. Lan iyane hang Maha nglindungi maning Maha hang di elem.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖ خَلْقُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَثَّ فِيْهِمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ ۗوَهُوَ عَلٰى جَمْعِهِمْ اِذَا يَشَاۤءُ قَدِيْرٌ ࣖ٢٩
Wa min āyātihī khalqus-samāwāti wal-arḍi wa mā baṡṡa fīhimā min dābbah(tin), wa huwa ‘alā jam‘ihim iżā yasyā'u qadīr(un).
[29] Lan reng antarane ayat-ayat (tandha-tandha kuwasa isun) yaiku nyiptakaken langit lan bumi lan makhluk-makhluk hang ngerayap hang iyane sebaraken nang kelorone. Lan iyane Maha kuwasa ngumpulaken kabeh kadung dikarepi.

وَمَآ اَصَابَكُمْ مِّنْ مُّصِيْبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ اَيْدِيْكُمْ وَيَعْفُوْا عَنْ كَثِيْرٍۗ٣٠
Wa mā aṣābakum mim muṣībatin fabimā kasabat aidīkum wa ya‘fū ‘an kaṡīr(in).
[30] Lan paran bain belahi hang ngantem rika mangka yaiku disebabaken kelakoane tangan rika dewek, lan Gusti Alloh mbusek separo gedhe (kesalahen-kesalahen rika).

وَمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ فِى الْاَرْضِۚ وَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ٣١
Wa mā antum bimu‘jizīna fil-arḍ(i), wa mā lakum min dūnillāhi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[31] Lan rika sing oleh ngeculaken awak (teka adzab Gusti Alloh) reng nduwure bumi, lan rika sing oleh uwong penjaga blas lan sing oleh uwong penulung sakliyane Gusti Alloh.

وَمِنْ اٰيٰتِهِ الْجَوَارِ فِى الْبَحْرِ كَالْاَعْلَامِ ۗ٣٢
Wa min āyātihil-jawāri fil-baḥri kal-a‘lām(i).
[32] Lan reng antarane tandha-tandha kuwoisune yaiku kapal-kapal (hang kelikeliyan) reng segara kaya gunung-gunung

اِنْ يَّشَأْ يُسْكِنِ الرِّيْحَ فَيَظْلَلْنَ رَوَاكِدَ عَلٰى ظَهْرِهٖۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُوْرٍۙ٣٣
Iy yasya' yuskinir-rīḥa fa yaẓlalna rawākida ‘alā ẓahrih(ī), inna fī żālika la'āyātil likulli ṣabbārin syakūr(in).
[33] Kadung iyane ngarepaken, iyane arep nenangaken angin, mangka dadi kapalkapal iku mandeg reng nduwure segara. Setemene nang hang gedigu iku ana tandhatandha (kuwoisune) kanggo saben saben wong hang akeh sabare lan akeh syukure.

اَوْ يُوْبِقْهُنَّ بِمَا كَسَبُوْا وَيَعْفُ عَنْ كَثِيْرٍۙ٣٤
Au yūbiqhunna bimā kasabū wa ya‘fu ‘an kaṡīr(in).
[34] Utawa kapal-kapal iku diancuraken kerana kelakuane wong-wong iku utawa iyane nguweni ampun separoh gedhe (teka wong wong iku ).

وَّيَعْلَمَ الَّذِيْنَ يُجَادِلُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِنَاۗ مَا لَهُمْ مِّنْ مَّحِيْصٍ٣٥
Wa ya‘lamal-lażīna yujādilūna fī āyātinā, mā lahum mim maḥīṣ(in).
[35] Lan supaya wong-wong hang mbantah ayatayat (kuwas) isun ngaweruhi setemene wong wong iku pisan-pisan sing arep oleh dalan metu (teka siksaan)

فَمَآ اُوْتِيْتُمْ مِّنْ شَيْءٍ فَمَتَاعُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۚوَمَا عِنْدَ اللّٰهِ خَيْرٌ وَّاَبْقٰى لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَۚ٣٦
Famā ūtītum min syai'in fa matā‘ul-ḥayātid-dun-yā, wa mā ‘indallāhi khairuw wa abqā lil-lażīna āmanū wa ‘alā rabbihim yatawakkalūn(a).
[36] Mangka perkara paran bain hang diweni nang rika, yaiku kenikmatan urip reng dunya; lan hang ana reng sampinge Gusti Alloh lebih apik lan selawase kanggo wongwong hang iman, lan mung nang Pengeran wong wong iku, wong wong iku padha pasrah kabeh.

وَالَّذِيْنَ يَجْتَنِبُوْنَ كَبٰۤىِٕرَ الْاِثْمِ وَالْفَوَاحِشَ وَاِذَا مَا غَضِبُوْا هُمْ يَغْفِرُوْنَ ۚ٣٧
Wal-lażīna yajtanibūna kabā'iral-iṡmi wal-fawāḥisya wa iżā mā gaḍibū hum yagfirūn(a).
[37] Lan (kanggo) wong-wong hang ngedohi dosa-dosa gedhe lan kelakuan-kelakuan elek, lan kadung wong wong iku muring wong wong iku nguweni ampun.

وَالَّذِيْنَ اسْتَجَابُوْا لِرَبِّهِمْ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَۖ وَاَمْرُهُمْ شُوْرٰى بَيْنَهُمْۖ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ ۚ٣٨
Wal-lażīnastajābū lirabbihim wa aqāmuṣ-ṣalāta wa amruhum syūrā bainahum, wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[38] Lan (kanggo) wong-wong hang nerima (nuruti) ajakan pengerane lan ngedhekaken sembahyang, sedeng urusan wong-wong iku (ditetepaken) ambi rembugan antara wong-wong iku; lan wong wong iku nafkahaken separone teka rejeki hang isun uwekaken nang wong-wong iku.

وَالَّذِيْنَ اِذَآ اَصَابَهُمُ الْبَغْيُ هُمْ يَنْتَصِرُوْنَ٣٩
Wal-lażīna iżā aṣābahumul-bagyu hum yantaṣirūn(a).
[39] Lan (kanggo) wong-wong hang kadung wong wong iku diperlakukan ambi dolim wong wong iku mbelo awake dewek.

وَجَزٰۤؤُا سَيِّئَةٍ سَيِّئَةٌ مِّثْلُهَا ۚفَمَنْ عَفَا وَاَصْلَحَ فَاَجْرُهٗ عَلَى اللّٰهِ ۗاِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الظّٰلِمِيْنَ٤٠
Wa jazā'u sayyi'atin sayyi'atum miṡluhā, faman ‘afā wa aṣlaḥa fa ajruhū ‘alallāh(i), innahū lā yuḥibbuẓ-ẓālimīn(a).
[40] Lan mbales perkara kejahatan yaiku kejahatan hang sakpadha, mangka sapa bain ngampuni lan ngelakoni keapikan 795 mangka ganjarane dadi (tanggungane) Gusti Alloh. Setemene iyane sing demen wong-wong hang dolim.
795) Hang dimaksud “ngelakoni apik” ning kene yaiku ngelakoni apik ambi wong hang ngelakoni elek nang iyane

وَلَمَنِ انْتَصَرَ بَعْدَ ظُلْمِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ مَا عَلَيْهِمْ مِّنْ سَبِيْلٍۗ٤١
Wa lamanintaṣara ba‘da ẓulmihī fa ulā'ika mā ‘alaihim min sabīl(in).
[41] Lan setemene wong-wong hang ngiloni awake dewek sakwise dipulasara, sing ana perkara dosa blas reng nduwure wong wong iku.

اِنَّمَا السَّبِيْلُ عَلَى الَّذِيْنَ يَظْلِمُوْنَ النَّاسَ وَيَبْغُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٤٢
Innamas-sabīlu ‘alal-lażīna yaẓlimūnan-nāsa wa yabgūna fil-arḍi bigairil-ḥaqq(i), ulā'ika lahum ‘ażābun alīm(un).
[42] Setemene dosa iku kanggo wong-wong hang ngelakoni dolim nang menungsa lan ngeliwati wates reng duwure bumi tanpo hak. Wong iku oleh adab hang perih.

وَلَمَنْ صَبَرَ وَغَفَرَ اِنَّ ذٰلِكَ لَمِنْ عَزْمِ الْاُمُوْرِ ࣖ٤٣
Wa laman ṣabara wa gafara inna żālika lamin ‘azmil-umūr(i).
[43] Taping wong hang sabar lan nyepuro setemene (kelakuan) hang gedheu iku kelebu perkara hang disulungaken.

وَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ وَّلِيٍّ مِّنْۢ بَعْدِهٖ ۗوَتَرَى الظّٰلِمِيْنَ لَمَّا رَاَوُا الْعَذَابَ يَقُوْلُوْنَ هَلْ اِلٰى مَرَدٍّ مِّنْ سَبِيْلٍۚ٤٤
Wa may yuḍlilillāhu famā lahū miw waliyyim mim ba‘dih(ī), wa taraẓ-ẓālimīna lammā ra'awul-‘ażāba yaqūlūna hal ilā maraddim min sabīl(in).
[44] Lan sapa hang diblasukaken Gusti Alloh mangka sing ana kanggo deweke siji uwong pemimpin blas sakwise iku. Lan rika arep ndeleng wong-wong hang dolim sakat wong wong iku ndeleng adzab, wong wong iku ngomong:” apa ana tah kirane dalan kanggo balek (nang dunya)

وَتَرٰىهُمْ يُعْرَضُوْنَ عَلَيْهَا خٰشِعِيْنَ مِنَ الذُّلِّ يَنْظُرُوْنَ مِنْ طَرْفٍ خَفِيٍّۗ وَقَالَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّ الْخٰسِرِيْنَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ وَاَهْلِيْهِمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ اَلَآ اِنَّ الظّٰلِمِيْنَ فِيْ عَذَابٍ مُّقِيْمٍ٤٥
Wa tarāhum yu‘raḍūna ‘alaihā khāsyi‘īna minaż żulli yanẓurūna min ṭarfin khafiyy(in), wa qālal-lażīna āmanū innal-khāsirīnal-lażīna khasirū anfusahum wa ahlīhim yaumal-qiyāmah(ti), alā innaẓ-ẓālimīna fī ‘ażābim muqīm(in).
[45] Lan rika arep ndeleng wong wong iku diadhepno nang neraka ambi kahanan ndhungkluk kerana (ngerasa) enyek, wong wong iku ndeleng ambi pendheleng hang lesu. Lan wong-wong hang iman ngomong:” setemene wong-wong rugi yaiku wongwong hang kelangan awake wong wong iku dewek lan (kelengan) keluarga wong wong iku nang dina kiamat. 796 Engeto, setemene wong-wong hang dolim iku ana reng adzab hang lawas.
796) Hang dimaksud ambi “kelangan awak lan keluargo “ yaiku sing ngerasakaen kenikmatan urip hang lawas kerana disiksa.

وَمَا كَانَ لَهُمْ مِّنْ اَوْلِيَاۤءَ يَنْصُرُوْنَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗوَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ سَبِيْلٍ ۗ٤٦
Wa mā kāna lahum min auliyā'a yanṣurūnahum min dūnillāh(i), wa may yuḍlilillāhu famā lahū min sabīl(in).
[46] Lan wong wong iku sepisan pisan sing nduwe pelindung-pelindung hang oleh nulung wong wong iku sakliyane Gusti Alloh. Lan sapa hang disesatakan Gusti Alloh mangka sing ana perkara dalan blas (kanggo olehe petunjuk)

اِسْتَجِيْبُوْا لِرَبِّكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ يَوْمٌ لَّا مَرَدَّ لَهٗ مِنَ اللّٰهِ ۗمَا لَكُمْ مِّنْ مَّلْجَاٍ يَّوْمَىِٕذٍ وَّمَا لَكُمْ مِّنْ نَّكِيْرٍ٤٧
Istajībū lirabbikum min qabli ay ya'tiya yaumul lā maradda lahū minallāh(i), mā lakum mim malja'iy yauma'iżiw wa mā lakum min nakīr(in).
[47] Nuruto nang ajakane pengeran rika sakdurunge teka perkara dina hang sing keneng ditolak tekane. Rika sing oleh panggon yub yuban reng dina iku lan sing (pisan) oleh ngingkari (dosa-dosa riko)

فَاِنْ اَعْرَضُوْا فَمَآ اَرْسَلْنٰكَ عَلَيْهِمْ حَفِيْظًا ۗاِنْ عَلَيْكَ اِلَّا الْبَلٰغُ ۗوَاِنَّآ اِذَآ اَذَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنَّا رَحْمَةً فَرِحَ بِهَا ۚوَاِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ ۢبِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ فَاِنَّ الْاِنْسَانَ كَفُوْرٌ٤٨
Fa in a‘raḍū famā arsalnāka ‘alaihim ḥafīẓā(n), in ‘alaika illal-balāg(u), wa innā iżā ażaqnal-insāna minnā raḥmatan fariḥa bihā, wa in tuṣibhum sayyi'atum bimā qaddamat aidīhim fa'innal-insāna kafūr(un).
[48] Kadung wong wong iku melengos mangka isun sing ngutus rika dadi pengawas kanggo wong wong iku. Kewajiban rika sing liya mong nyampekaken (risalah). Setemene kadung isun ngerasakaen nang menungsa perkara rahmat teka isun iyane seneng kerana rahmat iku. Lan kadung wong wong iku ditibani kesusahan disebabaken kelakoane tangan wong wong iku dewek (niscaya wong iku ingkar) kerana setemene menungsa iku amat ingkar (nang nikmat).

لِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُ ۗيَهَبُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ اِنَاثًا وَّيَهَبُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ الذُّكُوْرَ ۙ٤٩
Lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), yakhluqu mā yasyā'(u), yahabu limay yasyā'u ināṡaw wa yahabu limay yasyā'uż-żukūr(a).
[49] Keduwene Gusti Alloh dewek kerajaan langit lan bumi. iyane nyiptakaken paran hang iyane karepi, iyane nguweni lare-lare wadon nang sapa hang iyane karepi lan nguweni lare-lare lanang nang sapa hang iyane karepi.

اَوْ يُزَوِّجُهُمْ ذُكْرَانًا وَّاِنَاثًا ۚوَيَجْعَلُ مَنْ يَّشَاۤءُ عَقِيْمًا ۗاِنَّهٗ عَلِيْمٌ قَدِيْرٌ٥٠
Au yuzawwijuhum żukrānaw wa ināṡā(n), wa yaj‘alu may yasyā'u ‘aqīmā(n), innahū ‘alīmun qadīr(un).
[50] Utawa iyane nganugerahaken keloro jenis lanang lan wadon (nang sapa hang dikarepi), lan iyane ndadekaken mandul sapa hang iyane karepi. Setemene iyane Maha ngaweruhi mareng Maha kuwasa

۞ وَمَا كَانَ لِبَشَرٍ اَنْ يُّكَلِّمَهُ اللّٰهُ اِلَّا وَحْيًا اَوْ مِنْ وَّرَاۤئِ حِجَابٍ اَوْ يُرْسِلَ رَسُوْلًا فَيُوْحِيَ بِاِذْنِهٖ مَا يَشَاۤءُ ۗاِنَّهٗ عَلِيٌّ حَكِيْمٌ٥١
Wa mā kāna libasyarin ay yukallimahullāhu illā waḥyan au miw warā'i ḥijābin au yursila rasūlan fa yūḥiya bi'iżnihī mā yasyā'(u), innahū ‘aliyyun ḥakīm(un).
[51] Lan sing ana kanggo sak iji uwong menungsa blas setemene Gusti Alloh ngomongngomong ambi iyane kejaba ambi pantar wahyu utawa reng mburine tabir 797 utawa ambi ngutus uwong utusan (Malaikat) terus diwahyuaken nang iyane ambi idin-Ne paran hang iyane karepi. Setemene iyane Maha duwur mareng Maha wicaksana.
797) “Ning mburi tabir” artine yaiku uwong oleh krungu kalam ilahi taping yane sing oleh ndeleng (Gusti Alloh) kaya hang kedaden nabi Musa a.s.

وَكَذٰلِكَ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ رُوْحًا مِّنْ اَمْرِنَا ۗمَا كُنْتَ تَدْرِيْ مَا الْكِتٰبُ وَلَا الْاِيْمَانُ وَلٰكِنْ جَعَلْنٰهُ نُوْرًا نَّهْدِيْ بِهٖ مَنْ نَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِنَا ۗوَاِنَّكَ لَتَهْدِيْٓ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍۙ٥٢
Wa każālika auḥainā ilaika rūḥam min amrinā, mā kunta tadrī mal-kitābu wa lal-īmānu wa lākin ja‘alnāhu nūran nahdī bihī man nasyā'u min ‘ibādinā, wa innaka latahdī ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[52] Lan sakmene bain isun wahyuaken nang rika wahyu (Al-Qur’an) ambi perintah isun. Sedurunge rika sing ngeweruhi paran iku AlKitab (Al-Qur’an) lan osing pisan ngeweruhi paran iku iman, taping isun ndadekaen AlQur’an iku obor, hang isun dudui ambi iyane sapa hang isun karepi reng antarane batur bature isun. Lan setemene rika bener-bener nguweni pituduh nang dalan hang kenceng.

صِرَاطِ اللّٰهِ الَّذِيْ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ اَلَآ اِلَى اللّٰهِ تَصِيْرُ الْاُمُوْرُ ࣖ٥٣
Ṣirāṭillāhil-lażī lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), alā ilallāhi taṣīrul-umūr(u).
[53] (Yaiku) dalan Gusti Alloh hang keduwenane kabeh hang ana reng langit lan paran hang ana reng bumi. Engeto, setemene ambi Gusti Alloh dewek balek kabeh perkara