Surah An-Nisa`
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ وَّخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيْرًا وَّنِسَاۤءً ۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِيْ تَسَاۤءَلُوْنَ بِهٖ وَالْاَرْحَامَ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا١
Yā ayyuhan-nāsuttaqū rabbakumul-lażī khalaqakum min nafsiw wāḥidatiw wa khalaqa minhā zaujahā wa baṡṡa minhumā rijālan kaṡīraw wa nisā'ā(n), wattaqullāhal-lażī tasā'alūna bihī wal-arḥām(a), innallāha kāna ‘alaikum raqībā(n).
[1]
Hei poro menungso kabeh, takwano riko nang Pengerane riko kang wis dadekno riko teko awak hang siji, lan teko kambi iyane. 92 Gusti Alloh dadekaken rabine lan teko kambi luru lurune Gusti Alloh manakaken lanang kambi wadon kang akeh. Lan takwano nang Gusti Alloh kang nganggo arane riko kang saling njaluk siji sak kambi liyane, 93 lan jogonen hubungan silaturrohim. Saktemene Gusti Alloh Pengeran mesti jogo lan ngawasi riko.
92) Maksude “teko kambi iyane” jare miturut jumhur mufassirin yaiku teko bagian awak (belung rusuke) Adam a.s. jarene hadist riwayat Bukhori Muslim. Nang sampinge iku ono pisan hang nafsiraken “teko kambi iyane yaiku teko unsur kang podo yoiku lemah kang teko Adam a.s. di dadekno.
93) Miturut kelagute wong arab, seumomone ono wong kang takon utowo njaluk nang wong liyo, wong iku ngomong arane Gusti Alloh kyok “As aluka billah” artine isun takon utowo njaluk nang riko kambi arane Gusti Alloh.
وَاٰتُوا الْيَتٰمٰىٓ اَمْوَالَهُمْ وَلَا تَتَبَدَّلُوا الْخَبِيْثَ بِالطَّيِّبِ ۖ وَلَا تَأْكُلُوْٓا اَمْوَالَهُمْ اِلٰٓى اَمْوَالِكُمْ ۗ اِنَّهٗ كَانَ حُوْبًا كَبِيْرًا٢
Wa ātul-yatāmā amwālahum wa lā tatabaddalul-khabīṡa biṭ-ṭayyib(i), wa lā ta'kulū amwālahum ilā amwālikum, innahū kāna ḥūban kabīrā(n).
[2]
Lan wenono nan glare-lare yatim (kang wis baligh) dunyo riko, ojok riko ngoper kang apik kambi kang elek lan ojok riko mangan dunyonen lare yatim kabeh bareng kambi dunyone riko. Saktemene lakonane (ngoper lan mangan) iku duso hang geddi.
وَاِنْ خِفْتُمْ اَلَّا تُقْسِطُوْا فِى الْيَتٰمٰى فَانْكِحُوْا مَا طَابَ لَكُمْ مِّنَ النِّسَاۤءِ مَثْنٰى وَثُلٰثَ وَرُبٰعَ ۚ فَاِنْ خِفْتُمْ اَلَّا تَعْدِلُوْا فَوَاحِدَةً اَوْ مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ ۗ ذٰلِكَ اَدْنٰٓى اَلَّا تَعُوْلُوْاۗ٣
Wa in khiftum allā tuqsiṭū fil-yatāmā fankiḥū mā ṭāba lakum minan-nisā'i maṡnā wa ṡulāṡa wa rubā‘(a), fa in khiftum allā ta‘dilū fa wāḥidatan au mā malakat aimānukum, żālika adnā allā ta‘ūlū.
[3]
Lan kadung riko wedi sing arep oleh perlakuan kang adil kanggo (hak-hak) lare wadon yatim(kadung riko ngawini), moko kawinono wadon-wadon liyane hang riko demeni, luru, telu utowo papat. Sakteruse kadung riko wedi sing biso ngelaku adil 94 , moko (kawinono) siji wong baen, 95 utowo babu-babu kang riko duweni. Kang sampek saiki yaiku lebih parek nyang sing nggawe nyekso awake dewe.
94) Perlakuan kang adil yoiku perkuan kang adil ning jeru ngeladeni rabine koyo kelkambi, papan, giliran kambi kang laine kang sifate lahiriyah.
95) Islam ngulehaken poligami kambi syarat-syarat kang ditentukaken. Sakdurunge mudun ayat iki poligami wes ana, kambi wes tahu dilakoni oleh para nabi sakdurunge Nabi Muhammad SAW. Ayat iki batesi poligami sampek papat wong baen.
وَاٰتُوا النِّسَاۤءَ صَدُقٰتِهِنَّ نِحْلَةً ۗ فَاِنْ طِبْنَ لَكُمْ عَنْ شَيْءٍ مِّنْهُ نَفْسًا فَكُلُوْهُ هَنِيْۤـًٔا مَّرِيْۤـًٔا٤
Wa ātun-nisā'a ṣaduqātihinna niḥlah(tan), fa in ṭibna lakum ‘an syai'im minhu nafsan fa kulūhu hanī'am marī'ā(n).
[4]
Uwenono maskawin (mahar) nyang wadon (kang riko nikahi) nganggo duweni kambi penuh kewelasan. 96 Seteruse kadong riko kabeh ngewakaken neng riko separuh teko maskawin iku kambi seneng atine, dadi panganen (juwuten) duweni iku (kanggo panganan) kang sedep maning apik akibate.
96) Nguweni iku yoiku maskawin kang gedhe cilike kang ditetepake dhuwur persetujuan pihak loro. Mergo nguweni iku kudu harus dilakoni kambi keadaan ikhlas.
وَلَا تُؤْتُوا السُّفَهَاۤءَ اَمْوَالَكُمُ الَّتِيْ جَعَلَ اللّٰهُ لَكُمْ قِيٰمًا وَّارْزُقُوْهُمْ فِيْهَا وَاكْسُوْهُمْ وَقُوْلُوْا لَهُمْ قَوْلًا مَّعْرُوْفًا٥
Wa lā tu'tus-sufahā'a amwālakumul-latī ja‘alallāhu lakum qiyāmaw warzuqūhum fīhā waksūhum wa qūlū lahum qaulam ma‘rūfā(n).
[5]
Kambi ojok riko serahaken nyang wongwong kang durung sempurno akale 97 donyone (riko kabeh kang ono jeru kuasane) kang didadekaken gusti pangeran separuh pokoke kauripan. Uwenono riko kabeh belonjo kambi kelambo (teko asil dunyone iku) kambi ucapno nyang riko kabeh omongan kang apik.
97) Wong kang durung sempurno pikirane yoiku lare yatim kang durung balik kambi wong gedhe kang seng nduwe ngatur donyone.
وَابْتَلُوا الْيَتٰمٰى حَتّٰىٓ اِذَا بَلَغُوا النِّكَاحَۚ فَاِنْ اٰنَسْتُمْ مِّنْهُمْ رُشْدًا فَادْفَعُوْٓا اِلَيْهِمْ اَمْوَالَهُمْ ۚ وَلَا تَأْكُلُوْهَآ اِسْرَافًا وَّبِدَارًا اَنْ يَّكْبَرُوْا ۗ وَمَنْ كَانَ غَنِيًّا فَلْيَسْتَعْفِفْ ۚ وَمَنْ كَانَ فَقِيْرًا فَلْيَأْكُلْ بِالْمَعْرُوْفِ ۗ فَاِذَا دَفَعْتُمْ اِلَيْهِمْ اَمْوَالَهُمْ فَاَشْهِدُوْا عَلَيْهِمْ ۗ وَكَفٰى بِاللّٰهِ حَسِيْبًا٦
Wabtalul-yatāmā ḥattā iżā balagun-nikāḥ(a), fa in ānastum minhum rusydan fadfa‘ū ilaihim amwālahum, wa lā ta'kulūhā isrāfaw wa bidāran ay yakbarū, wa man kāna ganiyyan falyasta‘fif, wa man kāna faqīran falya'kul bil-ma‘rūf(i), fa iżā dafa‘tum ilaihim amwālahum fa asyhidū ‘alaihim, wa kafā billāhi ḥasībā(n).
[6]
Kambi diuji 98 lare yatim iku sampek riko kabeh cukup umure kawin. Saretuse kadung rjare pendapate riko kabeh wespinter (pinter ngerawati donyone) dadi wwekno nyang kene donyo-donyone. Ambi ojo riko mangan donyone lare yatim kang lebih teko batese patuatane kambim (ojo riko) kesusu (mbelanjakaken) sakdurunge riko kabeh gedhe. Sopo wong (neng antarane ngerawati iku) kuat. Dadi arepe lane nahan dirine (teko panganan donyone lare yatim iku) kambi sopo baen wong melarat, moko olehwes wong iku mangan dunyo iku miturut kang pantes. Terusane paran maning riko ngiyakaken dunyo nyang wong iku, moko kudu ngonokaken saksi (pas ono wenwenan iku) kanggo wong wong iku. Kambi cukup wes Gusti Alloh dadi pengawase (nig persaksian iku).
98) Yoiku: ngadakaken penyelidikan nggawe riko kabeh kang ngomongaken agama, usaha-usaha riko kabeh, kelakuan kambi lain-laine. Sampek ngerti kadung lare iku keneng dipercoyo.
لِلرِّجَالِ نَصِيْبٌ مِّمَّا تَرَكَ الْوَالِدٰنِ وَالْاَقْرَبُوْنَۖ وَلِلنِّسَاۤءِ نَصِيْبٌ مِّمَّا تَرَكَ الْوَالِدٰنِ وَالْاَقْرَبُوْنَ مِمَّا قَلَّ مِنْهُ اَوْ كَثُرَ ۗ نَصِيْبًا مَّفْرُوْضًا٧
Lir-rijāli naṣībum mimmā tarakal-wālidāni wal-aqrabūn(a), wa lin-nisā'i naṣībum mimmā tarakal-wālidāni wal-aqrabūna mimmā qalla minhu au kaṡur(a), naṣībam mafrūḍā(n).
[7]
Kanggo wong lanang ono jatah bagian teko dunyo peninggyalane emak apak kambi dulur dulure, kambi kanggo wong wadon ono jatah byagiane (pisan) teko dunyo emak apak e kambi dulur dulure, masio sitik utowo akeh teko bagian kang wes ditetepaken.
وَاِذَا حَضَرَ الْقِسْمَةَ اُولُوا الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنُ فَارْزُقُوْهُمْ مِّنْهُ وَقُوْلُوْا لَهُمْ قَوْلًا مَّعْرُوْفًا٨
Wa iżā ḥaḍaral-qismata ulul-qurbā wal-yatāmā wal-masākīnu farzuqūhum minhu wa qūlū lahum qaulam ma‘rūfā(n).
[8]
Kambi paran maning pas ono dumduman iku teko dulur, 99 lare atim, kambi wong melarat. Moko uwenono teko dunyo iku 100 (sakkadare) kambi ngomongo nyang wong wong iku omongan kang apik.
99) Dulur neng kene maksude: dulur kang seng duwe jatah warisan teko dunyo barang pusoko.
100) Nguweni sakwajare iku seng oleh lebih teko sepertelune warisan.
وَلْيَخْشَ الَّذِيْنَ لَوْ تَرَكُوْا مِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعٰفًا خَافُوْا عَلَيْهِمْۖ فَلْيَتَّقُوا اللّٰهَ وَلْيَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا٩
Walyakhsyal-lażīna lau tarakū min khalfihim żurriyyatan ḍi‘āfan khāfū ‘alaihim, falyattaqullāha walyaqūlū qaulan sadīdā(n).
[9]
Kambi wedio siro nyang Gusti Alloh wong wong kang kadong ono kang arepe ninggalaken ning mburi wong wong kang seng biso paran paran, kang wong wong iku kawatir ning ngarep (ketentremane) wong wong iku. Kerono iku takwoloh siro nyang Gusti Alloh kambi wong wong iku kudu ngomongaken omongan kang bener.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَأْكُلُوْنَ اَمْوَالَ الْيَتٰمٰى ظُلْمًا اِنَّمَا يَأْكُلُوْنَ فِيْ بُطُوْنِهِمْ نَارًا ۗ وَسَيَصْلَوْنَ سَعِيْرًا ࣖ١٠
Innal-lażīna ya'kulūna amwālal-yatāmā ẓulman innamā ya'kulūna fī buṭūnihim nārā(n), wa sayaṣlauna sa‘īrā(n).
[10]
Sakjane uwong uwong kang mangan dunyone lare atim secoro dholim, sakjane wong wong iku ngeleg geni sakpule wetenge kambi wong wong iku mbesuk melebu nyang njero geni kang murub byarak (neroko).
يُوْصِيْكُمُ اللّٰهُ فِيْٓ اَوْلَادِكُمْ لِلذَّكَرِ مِثْلُ حَظِّ الْاُنْثَيَيْنِ ۚ فَاِنْ كُنَّ نِسَاۤءً فَوْقَ اثْنَتَيْنِ فَلَهُنَّ ثُلُثَا مَا تَرَكَ ۚ وَاِنْ كَانَتْ وَاحِدَةً فَلَهَا النِّصْفُ ۗ وَلِاَبَوَيْهِ لِكُلِّ وَاحِدٍ مِّنْهُمَا السُّدُسُ مِمَّا تَرَكَ اِنْ كَانَ لَهٗ وَلَدٌ ۚ فَاِنْ لَّمْ يَكُنْ لَّهٗ وَلَدٌ وَّوَرِثَهٗٓ اَبَوٰهُ فَلِاُمِّهِ الثُّلُثُ ۚ فَاِنْ كَانَ لَهٗٓ اِخْوَةٌ فَلِاُمِّهِ السُّدُسُ مِنْۢ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُّوْصِيْ بِهَآ اَوْ دَيْنٍ ۗ اٰبَاۤؤُكُمْ وَاَبْنَاۤؤُكُمْۚ لَا تَدْرُوْنَ اَيُّهُمْ اَقْرَبُ لَكُمْ نَفْعًا ۗ فَرِيْضَةً مِّنَ اللّٰهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا حَكِيْمًا١١
Yūṣīkumullāhu fī aulādikum liż-żakari miṡlu ḥaẓẓil-unṡayain(i), fa in kunna nisā'an fauqaṡnataini fa lahunna ṡuluṡā mā tarak(a), wa in kānat wāḥidatan fa lahan-niṣf(u), wa li abawaihi likulli wāḥidim minhumas-sudusu mimmā taraka in kāna lahū walad(un), fa illam yakul lahū waladuw wa wariṡahū abawāhu fa li'ummihiṡ-ṡuluṡ(u), fa in kāna lahū ikhwatun fa li'ummihis-sudusu mim ba‘di waṣiyyatiy yūṣī bihā au dain(in), ābā'ukum wa abnā'ukum, lā tadrūna ayyuhum aqrabu lakum naf‘ā(n), farīḍatam minallāh(i), innallāha kāna ‘alīman ḥakīmā(n).
[11]
Gusti Alloh nganjuraken nyang riko golongane (dumduman pusoko enggo) anak anak hiro. Yaiku: nyenengaken anak lanang podo baen kambi nyenengaken loro anak wadon. 101 Kambi kadong anak iku kabeh wadon lebih teko loro, 102 moko dumen lare loro iku sepertelu teko dunyo kang ditinggalaken; kadong anak wadon iku ono mong siji tok, moko lareku oleh separo dunyo. Kambi gawe loro wong emak apak di dom podo-podo seperenem teko dunyo kang ditinggalaken kadung kang ninggal iku duwe anak; kadung kang ninggal iku heng duwe anak kambi yane di warisai teko emak apak’e (dewek), dadi ibuk’e oleh seperenem. Mulo ibuk’e oleh sepertelon bagianek. Kadung kang ninggal duwe dulur. Mulo ibuk’e oleh seperenem dom-domane iku ng duwur mari dibeki wasiat kang yane gawe utowo (kambi) mari di bayar utange. Teko wong tuwek riko kambi anak-anak riko. Riko heng ngerti sopo diantarane wong kabeh kang lebih parek (akeh) gunanek enggo riko. Iki yaiku ditetepaken teko Alloh. saktemene Alloh moho ngerti maning moho wicaksono.
101) Bagiane wong lanang peng lorone bagiane wong wadon yaiku soale kewajibyane wong lanang lebih abot teko wong wadon; koyo kewajibyan mbyayar maskawin kambi nguweni napkah. (delengen ayat 34 surat an Nisaa).
102) Lebih teko loro maksude: loro utowo lebih podo kambi kang diamalaken neng Nabi.
۞ وَلَكُمْ نِصْفُ مَا تَرَكَ اَزْوَاجُكُمْ اِنْ لَّمْ يَكُنْ لَّهُنَّ وَلَدٌ ۚ فَاِنْ كَانَ لَهُنَّ وَلَدٌ فَلَكُمُ الرُّبُعُ مِمَّا تَرَكْنَ مِنْۢ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُّوْصِيْنَ بِهَآ اَوْ دَيْنٍ ۗ وَلَهُنَّ الرُّبُعُ مِمَّا تَرَكْتُمْ اِنْ لَّمْ يَكُنْ لَّكُمْ وَلَدٌ ۚ فَاِنْ كَانَ لَكُمْ وَلَدٌ فَلَهُنَّ الثُّمُنُ مِمَّا تَرَكْتُمْ مِّنْۢ بَعْدِ وَصِيَّةٍ تُوْصُوْنَ بِهَآ اَوْ دَيْنٍ ۗ وَاِنْ كَانَ رَجُلٌ يُّوْرَثُ كَلٰلَةً اَوِ امْرَاَةٌ وَّلَهٗٓ اَخٌ اَوْ اُخْتٌ فَلِكُلِّ وَاحِدٍ مِّنْهُمَا السُّدُسُۚ فَاِنْ كَانُوْٓا اَكْثَرَ مِنْ ذٰلِكَ فَهُمْ شُرَكَاۤءُ فِى الثُّلُثِ مِنْۢ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُّوْصٰى بِهَآ اَوْ دَيْنٍۙ غَيْرَ مُضَاۤرٍّ ۚ وَصِيَّةً مِّنَ اللّٰهِ ۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَلِيْمٌۗ١٢
Wa lakum niṣfu mā taraka azwājukum illam yakul lahunna walad(un), fa in kāna lahunna waladun fa lakumur-rubu‘u mimmā tarakna mim ba‘di waṣiyyatiy yūṣīna bihā au dain(in), wa lahunnar-rubu‘u mimmā taraktum illam yakul lakum walad(un), fa in kāna lakum waladun fa lahunnaṡ-ṡumunu mimmā taraktum mim ba‘di waṣiyyatiy tūṣūna bihā au dain(in), wa in kāna rajuluy yūraṡu kalālatan awimra'atuw wa lahū akhun au ukhtun fa likulli wāḥidatim minhumas-sudus(u), fa in kānū akṡara min żālika fa hum syurakā'u fiṡ-ṡuluṡi mim ba‘di waṣiyyatiy yūṣā bihā au dain(in), gaira muḍārr(in), waṣiyyatam minallāh(i), wallāhu ‘alīmun ḥalīm(un).
[12]
Kambi enggo riko (lanang-lanang) perloro teko dunyo kang di tinggalaken teko rabi- rabine kadung iyane iku heng duwe anak. Kadung rabi-rabi riko duwe anak mulo riko oleh seperapat teko dunyo kang di tinggalaken semarine di kebeki wasiat kang yane gawe (kambi)mari di bayar utange poro rabi oleh seperapat dunyok kang riko tinggalnok kadung riko hing duwe anak . kadung duwe anak teko poro rabi oleh seperwolu teko dunyo kang ditinggalkan semarine di kebeki wasiat kang riko gawe utowo (dan) mari di bayar utang-utang riko. Kadung seuwong ninggal. Mboh iku lanang utowo wadon kang heng ninggalaken apak kambi heng ninggalaken anak tapai ninggalaken sewong dulur lanang (se emak) utowo se wong dulur wadon (se emak) mulo di dom podo-podo teko loro jenes dukur iku seperenem dunyo. Tapai kadung dulur-dulur seemak iku lebeh teko seuwong mulo iyane bersekutau teko kang sepertelu iku. Semarine di beki wasiat kang di gawe tekonyane utowo mari di bayar utange kudu oheng ngumane mudharat (teko ahli waris). (Alloh netapno iku kan(...)
تِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ ۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ يُدْخِلْهُ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۗ وَذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ١٣
Tilka ḥudūdullāh(i), wa may yuṭi‘illāha wa rasūlahū yudkhilhu jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, wa żālikal-fauzul-‘aẓīm(u).
[13]
(Hukum-hukum iku) iku saka Gusti Alloh marang sopo baen hang taat nyang Gusti Alloh lan rosulle, niscaaya Alloh ngelebokaken ning njerone surgo hang ngalir ning njerone banyu-banyu, yane’ awet ring njerone; kambi iku menange hang gedi.
وَمَنْ يَّعْصِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَيَتَعَدَّ حُدُوْدَهٗ يُدْخِلْهُ نَارًا خَالِدًا فِيْهَاۖ وَلَهٗ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ ࣖ١٤
Wa may ya‘ṣillāha wa rasūlahū wa yata‘adda ḥudūdahū yudkhilhu nāran khālidan fīhā, wa lahū ‘ażābum muhīn(un).
[14]
Kambi sopo baen hang wanen nyang Alloh lan rasulle, kambi ngelanggar ketentuanketentuane, niscoyo Alloh ngelebokaken ning njerone geni neraka, yane’ awet ning njerone, sikso kanggone kang ngenyekngenyek.
وَالّٰتِيْ يَأْتِيْنَ الْفَاحِشَةَ مِنْ نِّسَاۤىِٕكُمْ فَاسْتَشْهِدُوْا عَلَيْهِنَّ اَرْبَعَةً مِّنْكُمْ ۚ فَاِنْ شَهِدُوْا فَاَمْسِكُوْهُنَّ فِى الْبُيُوْتِ حَتّٰى يَتَوَفّٰىهُنَّ الْمَوْتُ اَوْ يَجْعَلَ اللّٰهُ لَهُنَّ سَبِيْلًا١٥
Wal-lātī ya'tīnal-fāḥisyata min nisā'ikum fastasyhidū ‘alaihinna arba‘atam minkum, fa in syahidū fa amsikūhunna fil-buyūti ḥattā yatawaffāhunnal-mautu au yaj‘alallāhu lahunna sabīlā(n).
[15]
Kambi (terhadap) poro wadon hang nggarap kelakonan keji 103 kudu mestiono papat uwong saksi ring antarane riko (kang ndeleng). Teruse kadung yane wes nguweni kesaksenan , dadi kurungen yane (wadonwadon iku) ring njerone umah sampek yane nemoni ajale utowo sampek Alloh nguweni dalan hang liyo kanggo yane.
103) Kelakuan kang keji: miturut jumhur mufassirin hang dimaksud kelakuan keji yoiku kelakuan zina, kadung menurut pendapat kang laen yoiku kabeh kelakuan mesum koyo: zina, homosek lan kang sejenise. Menurut pendapat muslim lan mujahid hang di maksud kambi kelakuan keji yoiku Musahaqoh (homosek antarane wong wadon kambi wong wadon)
وَالَّذٰنِ يَأْتِيٰنِهَا مِنْكُمْ فَاٰذُوْهُمَا ۚ فَاِنْ تَابَا وَاَصْلَحَا فَاَعْرِضُوْا عَنْهُمَا ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ تَوَّابًا رَّحِيْمًا١٦
Wal-lażāni ya'tiyānihā minkum fa āżūhumā, fa in tābā wa aṣlaḥā fa a‘riḍū ‘anhumā, innallāha kāna tawwābar raḥīmā(n).
[16]
Kambi neng loro wong kang ngelakoni kelakonan keji ring antara riko, dadi wenono hukuman neng karone, teruse kadung karone taubat lan mbecikake awak dadi geningno yane, saktemene Alloh moho nerimo taubat lan moho welas.
اِنَّمَا التَّوْبَةُ عَلَى اللّٰهِ لِلَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ السُّوْۤءَ بِجَهَالَةٍ ثُمَّ يَتُوْبُوْنَ مِنْ قَرِيْبٍ فَاُولٰۤىِٕكَ يَتُوْبُ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا١٧
Innamat-taubatu ‘alallāhi lil-lażīna ya‘malūnas-sū'a bijahālatin ṡumma yatūbūna min qarībin fa ulā'ika yatūbullāhu ‘alaihim, wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[17]
Saktemene taubat ring sampinge Alloh mong tobate kanggo wong-wong hang ngelakokake kejahatan lantaran kejailan. 104 Kang teruse yane taubat kambi secepete, dadi yane iku hang di terimo Alloh taubate; lan Alloh moho ngerteni kambi mohowicaksana.
104) Maksude iku: 1) wong kang ngelakukake maksiat kambi kambi heng weruh bahwa kelakuan iku ma’siat kecuali saklaine kadung di pikiraken solong; 2) Wong kang durhoko ring Alloh mboh disengojo utowo oseng. 3) Wong kang ngelakoni kejahatan kerono kurang sadar lantaran ngamuk utowo kerono surungan hawa nafsu.
وَلَيْسَتِ التَّوْبَةُ لِلَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ السَّيِّاٰتِۚ حَتّٰىٓ اِذَا حَضَرَ اَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ اِنِّيْ تُبْتُ الْـٰٔنَ وَلَا الَّذِيْنَ يَمُوْتُوْنَ وَهُمْ كُفَّارٌ ۗ اُولٰۤىِٕكَ اَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا١٨
Wa laisatit-taubatu lil-lażīna ya‘malūnas-sayyi'āt(i), ḥattā iżā ḥaḍara aḥadahumul-mautu qāla innī tubtul-āna wa lal-lażīna yamūtūna wa hum kuffār(un), ulā'ika a‘tadnā lahum ‘ażāban alīmā(n).
[18]
Lan sing tobat sing kang diterimo tekan Alloh uwong - uwong kang ngajaraken keelekan sampek tekan ajale neng uwong (buru) yane ngomong “Saktemene isun tobat saiki” lan osing (pisan diterimo tobat) uwong–uwong kang wes mati kono mageh ring njero kekafiran. Kanggo uwong–uwong iku tene nyediakke siksoan sing pedih.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا يَحِلُّ لَكُمْ اَنْ تَرِثُوا النِّسَاۤءَ كَرْهًا ۗ وَلَا تَعْضُلُوْهُنَّ لِتَذْهَبُوْا بِبَعْضِ مَآ اٰتَيْتُمُوْهُنَّ اِلَّآ اَنْ يَّأْتِيْنَ بِفَاحِشَةٍ مُّبَيِّنَةٍ ۚ وَعَاشِرُوْهُنَّ بِالْمَعْرُوْفِ ۚ فَاِنْ كَرِهْتُمُوْهُنَّ فَعَسٰٓى اَنْ تَكْرَهُوْا شَيْـًٔا وَّيَجْعَلَ اللّٰهُ فِيْهِ خَيْرًا كَثِيْرًا١٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā yaḥillu lakum an tariṡun-nisā'a karhā(n), wa lā ta‘ḍulūhunna litażhabū biba‘ḍi mā ātaitumūhunna illā ay ya'tīna bifāḥisyatim mubayyinah(tin), wa ‘āsyirūhunna bil-ma‘rūf(i), fa in karihtumūhunna fa ‘asā an takrahū syai'aw wa yaj‘alallāhu fīhi khairan kaṡīrā(n).
[19]
He uwong–uwong kang beriman, sing halal kanggo riko nyekeli gaman wong wadon nganggo dalan peksoan lan ojo riko nyarakaken, kerana arep juwut maning separuh teka paran khang wis riko wekaken nyang wong liya, kecuali apan wong liya nglakokaken pegawean elek khang nyata. Lan akuro kambi wong liya khang apik. Apan riko sing demen nyang wong liya (sabaro) kerana umpama riko sing demen, padahal Alloh ndadakekaken keapikan khang akeh.
وَاِنْ اَرَدْتُّمُ اسْتِبْدَالَ زَوْجٍ مَّكَانَ زَوْجٍۙ وَّاٰتَيْتُمْ اِحْدٰىهُنَّ قِنْطَارًا فَلَا تَأْخُذُوْا مِنْهُ شَيْـًٔا ۗ اَتَأْخُذُوْنَهٗ بُهْتَانًا وَّاِثْمًا مُّبِيْنًا٢٠
Wa in arattumustibdāla zaujim makāna zauj(in), wa ātaitum iḥdāhunna qinṭāran falā ta'khużū minhu syai'ā(n), ata'khużūnahū buhtānaw wa iṡmam mubīnā(n).
[20]
Lan nalikone riko arep ngganti rabin riko kambi rabi khang liyo, kadung riko wes nuwekaken nyang wong khang lebih sugih, lan ojo riko juwut maning teko sak sitik– sitike barang. Opo riko arep juwut maning nganggo dalan pituruh khang elek lan nganggo (tanggungane) duso khang nyoto?
وَكَيْفَ تَأْخُذُوْنَهٗ وَقَدْ اَفْضٰى بَعْضُكُمْ اِلٰى بَعْضٍ وَّاَخَذْنَ مِنْكُمْ مِّيْثَاقًا غَلِيْظًا٢١
Wa kaifa ta'khużūnahū wa qad afḍā ba‘ḍukum ilā ba‘ḍiw wa akhażna minkum mīṡāqan galīẓā(n).
[21]
Kelendi riko arep njuwutno maning, padahal separuhne riko wis kumpul(campur bareng) kambi hang liyo dadi rabi lanang wadon. Lan riko kabeh (rabi-rabine riko) wis njuwut teko riko naleni janji hang kuwat.
وَلَا تَنْكِحُوْا مَا نَكَحَ اٰبَاۤؤُكُمْ مِّنَ النِّسَاۤءِ اِلَّا مَا قَدْ سَلَفَ ۗ اِنَّهٗ كَانَ فَاحِشَةً وَّمَقْتًاۗ وَسَاۤءَ سَبِيْلًا ࣖ٢٢
Wa lā tankiḥū mā nakaḥa ābā'ukum minan-nisā'i illā mā qad salaf(a), innahū kāna fāḥisyataw wa maqtā(n), wa sā'a sabīlā(n).
[22]
Lan ojok tah riko ngawini wong wadonwadon hang wis dirabi kambi apak riko., kecobo podo masane hang wis bengen. Saktemene kelakuane iku keji temenan lan dibangkeli Gusti Alloh lan sak elek-elek’e dalan (hang diliwati).
حُرِّمَتْ عَلَيْكُمْ اُمَّهٰتُكُمْ وَبَنٰتُكُمْ وَاَخَوٰتُكُمْ وَعَمّٰتُكُمْ وَخٰلٰتُكُمْ وَبَنٰتُ الْاَخِ وَبَنٰتُ الْاُخْتِ وَاُمَّهٰتُكُمُ الّٰتِيْٓ اَرْضَعْنَكُمْ وَاَخَوٰتُكُمْ مِّنَ الرَّضَاعَةِ وَاُمَّهٰتُ نِسَاۤىِٕكُمْ وَرَبَاۤىِٕبُكُمُ الّٰتِيْ فِيْ حُجُوْرِكُمْ مِّنْ نِّسَاۤىِٕكُمُ الّٰتِيْ دَخَلْتُمْ بِهِنَّۖ فَاِنْ لَّمْ تَكُوْنُوْا دَخَلْتُمْ بِهِنَّ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ ۖ وَحَلَاۤىِٕلُ اَبْنَاۤىِٕكُمُ الَّذِيْنَ مِنْ اَصْلَابِكُمْۙ وَاَنْ تَجْمَعُوْا بَيْنَ الْاُخْتَيْنِ اِلَّا مَا قَدْ سَلَفَ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ۔٢٣
Ḥurrimat ‘alaikum ummahātukum wa banātukum wa akhawātukum wa ‘ammātukum wa khālātukum wa banātul-akhi wa banātul-ukhti wa ummahātukumul-lātī arḍa‘nakum wa akhawātukum minar-raḍā‘ati wa ummahātu nisā'ikum wa rabā'ibukumul-lātī fī ḥujūrikum min nisā'ikumul-lātī dakhaltum bihinn(a), fa illam takūnū dakhaltum bihinna falā junāḥa ‘alaikum, wa ḥalā'ilu abnā'ikumul-lażīna min aṣlābikum, wa an tajma‘ū bainal-ukhtaini illā mā qad salaf(a), innallāha kāna gafūrar raḥīmā(n).
[23]
Diharamno kanggo riko (ngawini) emakemak riko, anak-anak riko hang wadon, dolor-dolore riko hang wadon, dolor-dolor apak-apak’e riko hang wadon, dolor-dolor emak-emak’e riko hang wadon, anak-anak wadon teko dolor-dolor hang lanang, anakanak wadon teko dodlor-dolor riko hang wadon, emak-emak’e riko hang nyusoni riko, dolor wadon sepersusunan, emakemak rabine riko (mertuwo), anak-anak rabine riko hang ning jeruh rawatane riko 105 teko rabine hang wis riko campuri, tetapine nalikone riko durung nyampur kambi rabine riko iku (lan wis riko pegat), moko sing duso riko ngawini, (lan diharamno gawe awak’e riko)rabi-rabine anak kandunge riko (menantu) lan ngumpulno dadi siji (ning jerune kawinan) luro wadon hang seduluran, kecobo hang wis kedaden waktu masa bengen, saktemene Gusti Alloh Moho Nyepuro maning Moho Welas asih.
105) Maksude emak ning awal ayat iki yaiku emak, embah lan seteruse menduwur lan hang dimaksud kambi anak-anak wadon yaiku anak wadon, putu wadon lan seteruse mengisor, saktemene pisan hang liyan-liyane. Terus hang dimaksud kambi anak-anak rabine riko hang ning jeruh rawatean riko”. Miturut jumhur ulama termasuk pisan anak tiri hang sing jerune kawinane.
۞ وَالْمُحْصَنٰتُ مِنَ النِّسَاۤءِ اِلَّا مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ ۚ كِتٰبَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ ۚ وَاُحِلَّ لَكُمْ مَّا وَرَاۤءَ ذٰلِكُمْ اَنْ تَبْتَغُوْا بِاَمْوَالِكُمْ مُّحْصِنِيْنَ غَيْرَ مُسٰفِحِيْنَ ۗ فَمَا اسْتَمْتَعْتُمْ بِهٖ مِنْهُنَّ فَاٰتُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّ فَرِيْضَةً ۗوَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيْمَا تَرَاضَيْتُمْ بِهٖ مِنْۢ بَعْدِ الْفَرِيْضَةِۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا حَكِيْمًا٢٤
Wal-muḥṣanātu minan-nisā'i illā mā malakat aimānukum, kitāballāhi ‘alaikum, wa uḥilla lakum mā warā'a żālikum an tabtagū bi'amwālikum muḥṣinīna gaira musāfiḥīn(a), famastamta‘tum bihī minhunna fa ātūhunna ujūrahunna farīḍah(tan), wa lā junāḥa ‘alaikum fīmā tarāḍaitum bihī mim ba‘dil-farīḍah(ti), innallāha kāna ‘alīman ḥakīmā(n).
[24]
Lan (diharamaken nong riko ngawini) wong wadon kang magih duwe laki, kejobo kawulo-kawulo kang riko duweni 106 , (Alloh wes netepaken hukum iku) minongko ketetepan nong riko. Lan dihalalaken kanggo riko sak liyane gedigu iku mau 107 golek rabi nganggo bondho riko kanggo dikawin dudu kanggo jina. Mongko rabinriko kang wis riko campuri wehono maskawine minongko kewajiban; lan sing apuwo-apuwo kanggo riko nong barang kang riko wes saling lilo, sakwise nemtokaken maskawin iku 108 . Saktemene Alloh moho ngaweruhi lan moho wicaksono.
106) Maksude: kawulo-kawulo wadon kang diduweni, kang lakine sing katut ketangkep bareng iyane
107) Yoiku sakliyane macem-macem wong wadon kang disebut nong ayat 23 lan 24 surat An-Nisaa’
108) Yoiku nambahi, nyudo, utowo blas sing mbayar maskawin kang wis ditetepaken
وَمَنْ لَّمْ يَسْتَطِعْ مِنْكُمْ طَوْلًا اَنْ يَّنْكِحَ الْمُحْصَنٰتِ الْمُؤْمِنٰتِ فَمِنْ مَّا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ مِّنْ فَتَيٰتِكُمُ الْمُؤْمِنٰتِۗ وَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِاِيْمَانِكُمْ ۗ بَعْضُكُمْ مِّنْۢ بَعْضٍۚ فَانْكِحُوْهُنَّ بِاِذْنِ اَهْلِهِنَّ وَاٰتُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّ بِالْمَعْرُوْفِ مُحْصَنٰتٍ غَيْرَ مُسٰفِحٰتٍ وَّلَا مُتَّخِذٰتِ اَخْدَانٍ ۚ فَاِذَآ اُحْصِنَّ فَاِنْ اَتَيْنَ بِفَاحِشَةٍ فَعَلَيْهِنَّ نِصْفُ مَا عَلَى الْمُحْصَنٰتِ مِنَ الْعَذَابِۗ ذٰلِكَ لِمَنْ خَشِيَ الْعَنَتَ مِنْكُمْ ۗ وَاَنْ تَصْبِرُوْا خَيْرٌ لَّكُمْ ۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٢٥
Wa mal lam yastaṭi‘ minkum ṭaulan ay yankiḥal-muḥṣanātil-mu'mināti fa mim mā malakat aimānukum min fatayātikumul-mu'mināt(i), wallāhu a‘lamu bi'īmānikum, ba‘ḍukum mim ba‘ḍ(in), fankiḥūhunna bi'iżni ahlihinna wa ātūhunna ujūrahunna bil-ma‘rūfi muḥṣanātin gaira musāfiḥātiw wa lā muttakhiżāti akhdān(in), fa iżā uḥṣinna fa in ataina bifāḥisyatin fa ‘alaihinna niṣfu mā ‘alal-muḥṣanāti minal-‘ażāb(i), żālika limay khasyial-‘anata minkum, wa an taṣbirū khairul lakum, wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[25]
Lan sopo wonge saking riko kabeh (kang mardiko) kang sing cukup bondhone kanggo ngawini wong wadon merdiko lan iman, mongko oleh ngawini wong wadon kang iman saking kawula-kawulo kang riko duweni. Gusti Alloh ngaweruhi iman riko kabeh, sebagian riko hiyo iku saking sebagian kang liyane 109 , mongko kawinen kelawan ijin saking gustine lan wenono maskawin kelawan pantes, iyane iku hiyo wadon kang rumekso, dudu tukang jino, lan dudu ugo wadon kang juwut wong lanang minongko rawatane; mongko arikalane wes ngerekso awake kelawan kawin banjur lamun ngelakoni agawe olo (jino), mongko iyane dihukum kelawan hukumane wong wadon merdiko kang nduweni laki; (Wenange ngawini kawulo) iku kanggo wong-wong kang wedi kangelan njogo awak (saking agawe jino) nong antarane riko kabeh; lan kesabaran iku luwih apik kanggo riko; lan Gusti Alloh moho nyepuro lan moho welas.
109) Maksude: wong merdiko utowo kawulo kang dikawin iku podo-podo anak turune Adam lan Hawa, lan podo-podo kang iman
يُرِيْدُ اللّٰهُ لِيُبَيِّنَ لَكُمْ وَيَهْدِيَكُمْ سُنَنَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَيَتُوْبَ عَلَيْكُمْ ۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٢٦
Yurīdullāhu liyubayyina lakum wa yahdiyakum sunanal-lażīna min qablikum wa yatūba ‘alaikum, wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[26]
Gusti Alloh ngarepaken njelasaken (hukum syaria’ate) marang riko, lan nuduhaken riko nyang dalan-dalane wong-wong kang sakdurunge riko (poro nabi lan wong sholeh) lan (bakal) nerimo tobatiro, lan Gusti Alloh moho ngaweruhi lan moho wicaksono.
وَاللّٰهُ يُرِيْدُ اَنْ يَّتُوْبَ عَلَيْكُمْ ۗ وَيُرِيْدُ الَّذِيْنَ يَتَّبِعُوْنَ الشَّهَوٰتِ اَنْ تَمِيْلُوْا مَيْلًا عَظِيْمًا٢٧
Wallāhu yurīdu ay yatūba ‘alaikum, wa yurīdul-lażīna yattabi‘ūnasy-syahawāti an tamīlū mailan ‘aẓīmā(n).
[27]
Lan Alloh ngarepaken nerimo tobatriko, sedengne wong-wong kang nuruti howo nafsune nyejo supoyo riko condong sak adoh-adohe (saking kabeneran)
يُرِيْدُ اللّٰهُ اَنْ يُّخَفِّفَ عَنْكُمْ ۚ وَخُلِقَ الْاِنْسَانُ ضَعِيْفًا٢٨
Yurīdullāhu ay yukhaffifa ‘ankum, wa khuliqal-insānu ḍa‘īfā(n).
[28]
Lan Alloh ngarepaken ngenthengaken riko 110 , lan menungso didadekaken duweni sifat apes.
110) Yoiku oleh ngawini kawulo dung wis cukup syarat-syarate
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَأْكُلُوْٓا اَمْوَالَكُمْ بَيْنَكُمْ بِالْبَاطِلِ اِلَّآ اَنْ تَكُوْنَ تِجَارَةً عَنْ تَرَاضٍ مِّنْكُمْ ۗ وَلَا تَقْتُلُوْٓا اَنْفُسَكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِكُمْ رَحِيْمًا٢٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā ta'kulū amwālakum bainakum bil-bāṭili illā an takūna tijāratan ‘an tarāḍim minkum, wa lā taqtulū anfusakum, innallāha kāna bikum raḥīmā(n).
[29]
He wong kang podo iman, ojo riko kabeh mangan bondone sepadan riko kelawan coro kang olo, kejobo kelawan coro adol tuku kang lumaku kanthi podo-podo lilo sak antaraniro. Lan ojo riko mateni awakriko dhewek 111 ; saktemene Gusti Alloh moho welas nong riko kabeh.
111) Larangan mateni awake dewek iku ugo kalebu larangan mateni wong liyo sebab mateni wong liyo iku podo ugo mateni awake dewek, kerono umat iku minongko dadi siji
وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ عُدْوَانًا وَّظُلْمًا فَسَوْفَ نُصْلِيْهِ نَارًا ۗوَكَانَ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرًا٣٠
Wa may yaf‘al żālika ‘udwānaw wa ẓulman fa saufa nuṣlīhi nārā(n), wa kāna żālika ‘alallāhi yasīrā(n).
[30]
Lan sopo wonge ngelakoni gedigu iku kelawan permusuhan lan nganioyo, mongko Isun ngelebokaken iyane nang neroko. Gedigu iku seru gampange mungguhe Gusti Alloh.
اِنْ تَجْتَنِبُوْا كَبَاۤىِٕرَ مَا تُنْهَوْنَ عَنْهُ نُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَنُدْخِلْكُمْ مُّدْخَلًا كَرِيْمًا٣١
In tajtanibū kabā'ira mā tunhauna ‘anhu nukaffir ‘ankum sayyi'ātikum wa nudkhilkum mudkhalan karīmā(n).
[31]
Lamun riko kabeh ngedohi duso-duso gede rupo duso-duso kang sing oleh riko lakoni, mongko Isun busek keluputan-keluputan riko (duso-duso cilik) lan Isun lebokaken riko nong panggonan kang mulyo (swargo).
وَلَا تَتَمَنَّوْا مَا فَضَّلَ اللّٰهُ بِهٖ بَعْضَكُمْ عَلٰى بَعْضٍ ۗ لِلرِّجَالِ نَصِيْبٌ مِّمَّا اكْتَسَبُوْا ۗ وَلِلنِّسَاۤءِ نَصِيْبٌ مِّمَّا اكْتَسَبْنَ ۗوَسْـَٔلُوا اللّٰهَ مِنْ فَضْلِهٖ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمًا٣٢
Wa lā tatamannau mā faḍḍalallāhu bihī ba‘ḍakum ‘alā ba‘ḍ(in), lir-rijāli naṣībum mimmaktasabū, wa lin-nisā'i naṣībum mimmaktasabn(a), was'alullāha min faḍlih(ī), innallāha kāna bikulli syai'in ‘alīmā(n).
[32]
Lan ojo riko iri marang paran kang diparingaken Gusti Alloh nyang sebagian riko ngelebihi akeh tinimbang sebagian liyane. (Mergo) kanggo wong lanang ono bagian saking perkoro kang iyane tandangi, lan kanggo wong wadon (ogo) ono bagian kang iyane tandangi, lan njaluko nong Gusti Alloh ing sebagian kanugrahane. Saktemene Gusti Alloh moho ngaweruhi sembarang kalir.
وَلِكُلٍّ جَعَلْنَا مَوَالِيَ مِمَّا تَرَكَ الْوَالِدٰنِ وَالْاَقْرَبُوْنَ ۗ وَالَّذِيْنَ عَقَدَتْ اَيْمَانُكُمْ فَاٰتُوْهُمْ نَصِيْبَهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدًا ࣖ٣٣
Wa likullin ja‘alnā mawāliya mimmā tarakal-wālidāni wal-aqrabūn(a), wal-lażīna ‘aqadat aimānukum fa ātūhum naṣībahum, innallāha kāna ‘alā kulli syai'in syahīdā(n).
[33]
Lan kaduwe saben-saben barang kang ditinggalaken emak bapak lan dulur kerabat, Isun ndadekaken piro-piro wong kang marisi 112 . Lan (lamun ono) wong-wong kang riko sumpah tuhoni mongko wehono bagiane. Saktemene Gusti Alloh nyakseni sembarang kalir.
112) Dilengen wong-wong kang kalebu ahli waris nong ayat 11 lan 12 surat An-nisa’
اَلرِّجَالُ قَوَّامُوْنَ عَلَى النِّسَاۤءِ بِمَا فَضَّلَ اللّٰهُ بَعْضَهُمْ عَلٰى بَعْضٍ وَّبِمَآ اَنْفَقُوْا مِنْ اَمْوَالِهِمْ ۗ فَالصّٰلِحٰتُ قٰنِتٰتٌ حٰفِظٰتٌ لِّلْغَيْبِ بِمَا حَفِظَ اللّٰهُ ۗوَالّٰتِيْ تَخَافُوْنَ نُشُوْزَهُنَّ فَعِظُوْهُنَّ وَاهْجُرُوْهُنَّ فِى الْمَضَاجِعِ وَاضْرِبُوْهُنَّ ۚ فَاِنْ اَطَعْنَكُمْ فَلَا تَبْغُوْا عَلَيْهِنَّ سَبِيْلًا ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيًّا كَبِيْرًا٣٤
Ar-rijālu qawwāmūna ‘alan-nisā'i bimā faḍḍalallāhu ba‘ḍahum ‘alā ba‘ḍiw wa bimā anfaqū min amwālihim, faṣ-ṣāliḥātu qānitātun ḥāfiẓātul lil-gaibi bimā ḥafiẓallāh(u), wal-lātī takhāfūna nusyūzahunna fa ‘iẓūhunna wahjurūhunna fil-maḍāji‘i waḍribūhunn(a), fa in aṭa‘nakum falā tabgū ‘alaihinna sabīlā(n), innallāha kāna ‘aliyyan kabīrā(n).
[34]
Wong lanang iku pemimpin kanggo wong wadon, mergo Gusti Alloh wis ngelebihaken sebagian iyane (wong lanang) marang sebagian liyane, lan mergo iyane (wong lanang) wis nafkahaken sebagian bondhone. Sebab iku mongko wong wadon kang apik yoiku kang manut nang Gusti Alloh ugo ngerokso awake 113 naliko lakine sing ono, mergo Gusti Alloh wes ngarekso (iyane) 114 . Rabinriko kang riko kuatiraken nusyuz-e(nyurute) 115 , mongko nasehatono, lan pisahono ning panggon turune, lan pukulen. Nuli lamun iyane wis manut nang riko, mongko ojo riko golek-golek dalan kanggo nyusahaken 116 , saktemene Gusti Alloh moho luhur ugo moho agung.
113) Maksude: sing nakalan, nyidhem wadi lan njogo bondhone lakine.
114) Maksude: Gusti Alloh wis majibaken nong si laki supoyo ngumpuli rabine kanthi apik.
115) Nusyuz: yoiku ninggalaken kewajiban laki rabi. Nusyuz teko si rabi contone menyang teko umah tanpo pamit lakine
116) Maksude: kanggo nguweni piwulang nong rabi kang dikuatiraken nusyuz awale kudu dinasehati, dung sing makan mongko dipisahi peturone, dung magih sing makan mongko oleh nabok kang sing ngelarani lan ono pecake. Kadung dinasehati baen wes makan mongko coro sakteruse hing perlu dilakokaken.
وَاِنْ خِفْتُمْ شِقَاقَ بَيْنِهِمَا فَابْعَثُوْا حَكَمًا مِّنْ اَهْلِهٖ وَحَكَمًا مِّنْ اَهْلِهَا ۚ اِنْ يُّرِيْدَآ اِصْلَاحًا يُّوَفِّقِ اللّٰهُ بَيْنَهُمَا ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا خَبِيْرًا٣٥
Wa in khiftum syiqāqa bainihimā fab‘aṡū ḥakamam min ahlihī wa ḥakamam min ahlihā, iy yurīdā iṣlāḥay yuwaffiqillāhu bainahumā, innallāha kāna ‘alīman khabīrā(n).
[35]
Lan lamun sira kuatiraken anane cupar nong antara karone (laki lan rabi) mongko riko ngutuso hakam 117 saking keluargo lanang lan hakam saking keluargo wadon. Lamun hakam karo iku mau nyejo apik, mongko Gusti Alloh bakal nulung wong laki rabi iku mau, saktemene Gusti Alloh moho ngaweruhi ugo moho tangar.
117) Hakam yoiku wong kang ahli ngerukunaken
۞ وَاعْبُدُوا اللّٰهَ وَلَا تُشْرِكُوْا بِهٖ شَيْـًٔا وَّبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًا وَّبِذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَالْجَارِ ذِى الْقُرْبٰى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجَنْۢبِ وَابْنِ السَّبِيْلِۙ وَمَا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالًا فَخُوْرًاۙ٣٦
Wa‘budullāha wa lā tusyrikū bihī syai'aw wa bil-wālidaini iḥsānaw wa biżil-qurbā wal-yatāmā wal-masākīni wal-jāri żil-qurbā wal-jāril-junubi waṣ-ṣāḥibi bil-jambi wabnis-sabīl(i), wa mā malakat aimānukum, innallāha lā yuḥibbu man kāna mukhtālan fakhūrā(n).
[36]
Nyembaho riko nang Gusti Alloh lan ojo riko sekuthoaken kambi paran baen. Lan agaweho apik nyang karone bapak emak, dulur kerabat, lare-lare atim, wong-wong melarat, tonggo-tonggo parek lan adoh 118 , konco, ibnu sabil 119 , lan kawulo, saktemene Gusti Alloh sing demen nang wong sombong lan wong ladak.
118) Parek lan adoh nong kene ono kang maknani panggonan, seduluran, lan ugo ono kang maknani antarane wong muslim lan wong kapir
119) Ibnu sabil wong kang ono njerone pelakon kang sing maksiyat kang kentekan sangu. Ugo lare cilik kang sing diweruhi mak bapak lan emake.
ۨالَّذِيْنَ يَبْخَلُوْنَ وَيَأْمُرُوْنَ النَّاسَ بِالْبُخْلِ وَيَكْتُمُوْنَ مَآ اٰتٰىهُمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖۗ وَاَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابًا مُّهِيْنًاۚ٣٧
Al-lażīna yabkhalūna wa ya'murūnan-nāsa bil-bukhli wa yaktumūna mā ātāhumullāhu min faḍlih(ī), wa a‘tadnā lil-kāfirīna ‘ażābam muhīnā(n).
[37]
(Yoiku) wong kang melid, lan wong kang ngongkon wong liyo ngelakoni melid, lan nyengidaken peparinge Gusti Alloh kang wes diparingaken Gusti Alloh marang iyane, lan Isun wes nyawisaken kanggo wong kapir 120 sikso kang nginahaken.
120) Maksude kafir nong nikmate Gusti Alloh yoiku melid, ngongkon wong supoyo melid. Nyengidaken kanugrahe Gusti Alloh iku podo kambi sing syukur nong Gusti Alloh.
وَالَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ رِئَاۤءَ النَّاسِ وَلَا يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَلَا بِالْيَوْمِ الْاٰخِرِ ۗ وَمَنْ يَّكُنِ الشَّيْطٰنُ لَهٗ قَرِيْنًا فَسَاۤءَ قَرِيْنًا٣٨
Wal-lażīna yunfiqūna amwālahum ri'ā'an-nasi wa lā yu'minūna billāhi wa lā bil-yaumil ākhir(i), wa may yakunisy-syaiṭānu lahū qarīnan fasā'a qarīnā(n).
[38]
Lan (ugo) wong-wong kang nafkahaken bondhone hale/kanthi pamer 121 nang menungso, lan wong-wong kang sing iman nang Gusti Alloh lan dino kiamat. Sopo wonge kang dadi konco nang setan mongko setan iku sak elek-eleke konco.
121) Riya’ yoiku agawe perkoro supoyo didileng lan dialem kambi wong liyo
وَمَاذَا عَلَيْهِمْ لَوْ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَاَنْفَقُوْا مِمَّا رَزَقَهُمُ اللّٰهُ ۗوَكَانَ اللّٰهُ بِهِمْ عَلِيْمًا٣٩
Wa māżā ‘alaihim lau āmanū billāhi wal-yaumil-ākhiri wa anfaqū mimmā razaqahumullāh(u), wa kānallāhu bihim ‘alīmā(n).
[39]
Paran sih melarate nang iyane lamun iyane iman nang Gusti Alloh lan dino kiamat lan nafkahaken sebagian bondhone kang wes diparingaken Gusti Alloh nang iyane? Lan Gusti Alloh moho ngaweruhi kahanane iyane.
اِنَّ اللّٰهَ لَا يَظْلِمُ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ ۚوَاِنْ تَكُ حَسَنَةً يُّضٰعِفْهَا وَيُؤْتِ مِنْ لَّدُنْهُ اَجْرًا عَظِيْمًا٤٠
Innallāha lā yaẓlimu miṡqāla żarrah(tin), wa in taku ḥasanatay yuḍā‘ifhā wa yu'ti mil ladunhu ajran ‘aẓīmā(n).
[40]
Saktemene Gusti Alloh using nganioyo sopo baen masio sak gedene wiji sayur, lan lamun ono keapikan sak gedene wiji sayur mongko Gusti Alloh bakal ngeping-ngepingaken lan maringi ganjaran kang gede saking ngarsane 122
122) Maksude: Gusti Alloh sing nyudo ganjarane wong kang agawe apik masio sakgedene wiji sayur, malah ganjarane dikaping-kaping.
فَكَيْفَ اِذَا جِئْنَا مِنْ كُلِّ اُمَّةٍۢ بِشَهِيْدٍ وَّجِئْنَا بِكَ عَلٰى هٰٓؤُلَاۤءِ شَهِيْدًاۗ٤١
Fa kaifa iżā ji'nā min kulli ummatim bisyahīdiw wa ji'nā bika ‘alā hā'ulā'i syahīdā(n).
[41]
Mongko kelendi (hale wong kapir mbesok), rikolo Isun nekakaken saksi (rosul) teko saben-saben umat lan Isun nekakaken riko (Muhammad) dadi saksi kanggo iyane (minongko umat riko 123 .
123) Nabi dadi wong kang nyakseni lakune saben-saben umate, opo lakune iku cocog ta using kambi perintah lan larangane Gusti Alloh?
يَوْمَىِٕذٍ يَّوَدُّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَعَصَوُا الرَّسُوْلَ لَوْ تُسَوّٰى بِهِمُ الْاَرْضُۗ وَلَا يَكْتُمُوْنَ اللّٰهَ حَدِيْثًا ࣖ٤٢
Yauma'iżiy yawaddul-lażīna kafarū wa ‘aṣawur-rasūla lau tusawwā bihimul-arḍ(u), wa lā yaktumūnallāha ḥadīṡā(n).
[42]
Nong dino iku wong-wong kapir lan wong-wong kang durokoni rosul kepingin dipadakaken kambi lemah 124 , lan iyane sing biso nyengidaken suwiji kedadean beloko (saking Gusti Alloh).
124) Maksude: iyane dipendhem utowo lebur dadi lemah.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَقْرَبُوا الصَّلٰوةَ وَاَنْتُمْ سُكٰرٰى حَتّٰى تَعْلَمُوْا مَا تَقُوْلُوْنَ وَلَا جُنُبًا اِلَّا عَابِرِيْ سَبِيْلٍ حَتّٰى تَغْتَسِلُوْا ۗوَاِنْ كُنْتُمْ مَّرْضٰٓى اَوْ عَلٰى سَفَرٍ اَوْ جَاۤءَ اَحَدٌ مِّنْكُمْ مِّنَ الْغَاۤىِٕطِ اَوْ لٰمَسْتُمُ النِّسَاۤءَ فَلَمْ تَجِدُوْا مَاۤءً فَتَيَمَّمُوْا صَعِيْدًا طَيِّبًا فَامْسَحُوْا بِوُجُوْهِكُمْ وَاَيْدِيْكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَفُوًّا غَفُوْرًا٤٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā taqrabuṣ-ṣalāta wa antum sukārā ḥattā ta‘lamū mā taqūlūna wa lā junuban illā ‘ābirī sabīlin ḥattā tagtasilū, wa in kuntum marḍā au ‘alā safarin au jā'a aḥadum minkum minal-gā'iṭi au lāmastumun-nisā'a falam tajidū mā'an fa tayammamū ṣa‘īdan ṭayyiban famsaḥū biwujūhikum wa aidīkum, innnallāha kāna ‘afuwwan gafūrā(n).
[43]
He wong-wong kang podo iman, ojo riko sembayang sedeng riko magih mendem, sehinggo riko ngerteni paran kang riko ucapaken, (lan ugo ojo mlebu masjid) sedeng riko magih junub 125 , kejobo mung liwat, sesinggo riko adus. Lan lamun riko loro utowo riko pas lelono utowo mari teko jamban utowo mari nyemplok wong wadon, banjur riko sing nemoni banyu, mongko riko tayammumo nganggo lebu kang suci (rijik), usapen praupaniro lan tanganiro, saktemene Gusti Alloh moho ngapuro lan moho nyepuro.
125) Miturut sebagian ahli tafsir, ayat iku ugo amot larangan sembayang kanggone wong junub kang durung adus
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ اُوْتُوْا نَصِيْبًا مِّنَ الْكِتٰبِ يَشْتَرُوْنَ الضَّلٰلَةَ وَيُرِيْدُوْنَ اَنْ تَضِلُّوا السَّبِيْلَۗ٤٤
Alam tara ilal-lażīna ūtū naṣībam minal-kitābi yasytarūnaḍ-ḍalālata wa yurīdūna an taḍillus-sabīl(a).
[44]
Opo riko sing ndileng wong-wong kang wis diwehi panduman saking Al-Kitab (Taurot)? Iyane tuku (milih) sasar (tinimbang pituduh) lan iyane nyejo supaya riko kabeh kesasar (nyimpang) teko dalan (kang bener).
وَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِاَعْدَاۤىِٕكُمْ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ وَلِيًّا ۙوَّكَفٰى بِاللّٰهِ نَصِيْرًا٤٥
Wallāhu a‘lamu bi'a‘dā'ikum, wa kafā billāhi waliyyaw wa kafā billāhi naṣīrā(n).
[45]
Lan Gusti Alloh luwih ngaweruhi (tinimbang riko kabeh) nong musuh-musuh riko. Lan cukup Gusti Alloh dadi pengayom (kanggo riko), lan cukup Gusti Alloh dadi penulung (kanggo riko)
مِنَ الَّذِيْنَ هَادُوْا يُحَرِّفُوْنَ الْكَلِمَ عَنْ مَّوَاضِعِهٖ وَيَقُوْلُوْنَ سَمِعْنَا وَعَصَيْنَا وَاسْمَعْ غَيْرَ مُسْمَعٍ وَّرَاعِنَا لَيًّاۢ بِاَلْسِنَتِهِمْ وَطَعْنًا فِى الدِّيْنِۗ وَلَوْ اَنَّهُمْ قَالُوْا سَمِعْنَا وَاَطَعْنَا وَاسْمَعْ وَانْظُرْنَا لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ وَاَقْوَمَۙ وَلٰكِنْ لَّعَنَهُمُ اللّٰهُ بِكُفْرِهِمْ فَلَا يُؤْمِنُوْنَ اِلَّا قَلِيْلًا٤٦
Minal-lażīna hādū yuḥarrifūnal-kalima ‘am mawāḍi‘ihī wa yaqūlūna sami‘nā wa ‘aṣainā wasma‘ gaira musmi‘iw wa rā‘inā layyam bi'alsinatihim wa ṭa‘nan fid-dīn(i), wa lau annahum qālū sami‘nā wa aṭa‘nā wasma‘ wanẓurnā lakāna khairal lahum wa aqwam(a), wa lākil la‘anahumullāhu bikufrihim falā yu'minūna illā qalīlā(n).
[46]
Yoiku wong-wong Yahudi, iyane ngowah gunem adoh saking panggonane 126 . Iyane ngucap:”Isun wis rungu tapi isun emong manut 127 . Lan (iyane ugo ngucap) : ”Rungokno” sedeng riko sing rungu paranparan 128 . Lan (iyane ngucap) :”Roo’inaa”, kambi ngewolak walik ilate lan ngino agomo. Lamuno tah iyane ngucap :”Isun rungu lan manut, lan rungokno, lan titenono isun”, mestine iku luwih apik kanggo iyane lan luwih bener, mung baen Gusti Alloh wes nemah mergo ulihe iyane kapir. Iyane sing tau iman kejobo iman kang sitik.
126) Maksude: nguwahi artine, panggone, utowo nambah lan nyudo
127) Maksude: iyane ngomong: “Isun rungu”, aliyo atine ngomong: “Isun emoh nurut”.
128) Maksude iyane ngomong: “rungokno”, tapi atine ngomong: “mugo-mugo riko gendhengo”.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ اٰمِنُوْا بِمَا نَزَّلْنَا مُصَدِّقًا لِّمَا مَعَكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ نَّطْمِسَ وُجُوْهًا فَنَرُدَّهَا عَلٰٓى اَدْبَارِهَآ اَوْ نَلْعَنَهُمْ كَمَا لَعَنَّآ اَصْحٰبَ السَّبْتِ ۗ وَكَانَ اَمْرُ اللّٰهِ مَفْعُوْلًا٤٧
Yā ayyuhal-lażīna ūtul-kitāba āminū bimā nazzalnā muṣaddiqal limā ma‘akum min qabli an naṭmisa wujūhan fa naruddahā ‘alā adbārihā au nal‘anahum kamā la‘annā aṣḥābas-sabt(i), wa kāna amrullāhi maf‘ūlā(n).
[47]
He wong-wong kang wes podo diwehi AlKitab, podo imano riko kabeh ring paran kang wis isun dunaken (Al-Qur’an) kang mbeneraken Kitab kang ono nong riko sakdurunge Isun ngowah rai(niro) banjur Isun ngunyengaken memburi 129 utowo Isun nemahi wong-wong (kang agawe duroko) nong dino sabtu 130 , lan katetepane Gusti Alloh mesthi kelaku.
129) Miturut akeh-akehe ulama’ tafsir, maksude yoiku iyane nguwah raine banjur mengo memburi minongko ulihe ngino /ngenyek.
130) Dilengen ayat 65 surat Al-baqoroh kambi not 59 lan ayat 163 Al-A’raaf
اِنَّ اللّٰهَ لَا يَغْفِرُ اَنْ يُّشْرَكَ بِهٖ وَيَغْفِرُ مَا دُوْنَ ذٰلِكَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ ۚ وَمَنْ يُّشْرِكْ بِاللّٰهِ فَقَدِ افْتَرٰٓى اِثْمًا عَظِيْمًا٤٨
Innallāha lā yagfiru ay yusyraka bihī wa yagfiru mā dūna żālika limay yasyā'(u), wa may yusyrik billāhi fa qadiftarā iṡman ‘aẓīmā(n).
[48]
Saktemene Gusti Alloh sing bakal ngapuro duso sirik, lan Iyane ngapuro sembarang duso kang sakliyane duso (sirik) iku mau, nong sopo baen kang Iyane karepaken. Sopo wonge kang nyekuthokaken Gusti Alloh, mongko iyane nemen wes agawe duso kang gedhe.
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ يُزَكُّوْنَ اَنْفُسَهُمْ ۗ بَلِ اللّٰهُ يُزَكِّيْ مَنْ يَّشَاۤءُ وَلَا يُظْلَمُوْنَ فَتِيْلًا٤٩
Alam tara ilal-lażīna yuzakkūna anfusahum, balillāhu yuzakkī may yasyā'u wa lā yuẓlamūna fatīlā(n).
[49]
Opo riko sing niteni nang wong kang nyongko bersih ing awake dewek 131 ? Saktemene Gusti Alloh mbersihi ing wong sopo baen kang Iyane karepaken, lan wong iku sing dianioyo babar belas.
131) Maksude: wong-wong Yahudi lan Nasrani hang nganggep dheweke bersih. Dilengen ayat 80 lan ayat 111 surat Al-Baqoroh lan ayat 18 surat Al-Maidah.
اُنْظُرْ كَيْفَ يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَۗ وَكَفٰى بِهٖٓ اِثْمًا مُّبِيْنًا ࣖ٥٠
Unẓur kaifa yaftarūna ‘alallāhil-każib(a), wa kafā bihī iṡmam mubīnā(n).
[50]
Titenono, koyo paran iyane gawe-gawe gubab nong Gusti Alloh? Wes cukup ulihe agawe iku dadi duso kang nyoto (kanggo iyane).
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ اُوْتُوْا نَصِيْبًا مِّنَ الْكِتٰبِ يُؤْمِنُوْنَ بِالْجِبْتِ وَالطَّاغُوْتِ وَيَقُوْلُوْنَ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوْا هٰٓؤُلَاۤءِ اَهْدٰى مِنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا سَبِيْلًا٥١
Alam tara ilal-lażīna ūtū naṣībam minal-kitābi yu'minūna bil-jibti waṭ-ṭāgūti wa yaqūlūna lil-lażīna kafarū hā'ulā'i ahdā minal-lażīna āmanū sabīlā(n).
[51]
Opo riko sing ndileng nyang wong-wong kang wes diwehi anduman saking Al-Kitab? Iyane gugu nyang Jibti lan Thooghut 132 , lan ngomong nyang wong-wong kapir (musyrik Mekkah) jare iyane iku luwih bener dalane tinimbang wong-wong kang podo iman.
132) Jibt lan Thoghut yoiku setan lan paran baen kang disembah sakliyane Gusti Alloh.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَعَنَهُمُ اللّٰهُ ۗوَمَنْ يَّلْعَنِ اللّٰهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهٗ نَصِيْرًا٥٢
Ulā'ikal-lażīna la‘anahumullāh(u), wa may yal‘anillāhu falan tajida lahū naṣīrā(n).
[52]
Iyane iku wong-wong kang podo ditemah Gusti Alloh. Lan sopo wonge iku ditemah Gusti Alloh mongko sing kiro bakal nemu penulung.
اَمْ لَهُمْ نَصِيْبٌ مِّنَ الْمُلْكِ فَاِذًا لَّا يُؤْتُوْنَ النَّاسَ نَقِيْرًاۙ٥٣
Am lahum naṣībum minal-mulki fa iżal lā yu'tūnan-nāsa naqīrā(n).
[53]
Utowo opo iyane nduweni bagian saking keraton (kuoso)? Lamuno duwe ta wes, iyane sing bakal nguwehi (apik) sithiksithiko nong menungso 133 .
133) Maksude: wong-wong kang sing biso nguweni apik nong manungso lan masyarakat nong kiwo tengene, sing pantes milu nyekel jabatan nong pemerintahan.
اَمْ يَحْسُدُوْنَ النَّاسَ عَلٰى مَآ اٰتٰىهُمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖۚ فَقَدْ اٰتَيْنَآ اٰلَ اِبْرٰهِيْمَ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَاٰتَيْنٰهُمْ مُّلْكًا عَظِيْمًا٥٤
Am yaḥsudūnan-nāsa ‘alā mā ātāhumullāhu min faḍlih(ī), faqad ātainā āla ibrāhīmal-kitāba wal-ḥikmata wa ātaināhum mulkan ‘aẓīmā(n).
[54]
Utowo opo iyane iri nang menungso (Muhammad) kang Gusti Alloh paring kanugrahan 134 ? Saktemene Gusti Alloh wes paring Kitab lan Hikmah nang kawulowargane Ibrohim, lan Isun wes nguweni keraton kang gede.
134) Yoiku kenabian, Al-Qur’an, lan kemenangan.
فَمِنْهُمْ مَّنْ اٰمَنَ بِهٖ وَمِنْهُمْ مَّنْ صَدَّ عَنْهُ ۗ وَكَفٰى بِجَهَنَّمَ سَعِيْرًا٥٥
Fa minhum man āmana bihī wa minhum man ṣadda ‘anh(u), wa kafā bijahannama sa‘īrā(n).
[55]
Mongko nong antarane iyane (wong-wong kang iri iku mau) ono wong-wong kang iman (nang Muhammad), lan nong antarane ono wong-wong kang ngalang-ngalangi (Muhammad). Lan cukup kanggo wongwong (kang iri) iku mau Jahannam kang barak murube.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِنَا سَوْفَ نُصْلِيْهِمْ نَارًاۗ كُلَّمَا نَضِجَتْ جُلُوْدُهُمْ بَدَّلْنٰهُمْ جُلُوْدًا غَيْرَهَا لِيَذُوْقُوا الْعَذَابَۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَزِيْزًا حَكِيْمًا٥٦
Innal-lażīna kafarū bi'āyātinā sanuṣlīhim nārā(n), kullamā naḍijat julūduhum baddalnāhum julūdan gairahā liyażūqul-‘ażāb(a), innallāha kāna ‘azīzan ḥakīmā(n).
[56]
Saktemene wong-wong kang kapir nong ayat-ayat Isun, mbesok bakal Isun lebokaken nong jerone neroko. Angger kulite gempung, sun siluri kambi kulit liyane mane ngerasakaken siksa. Saktemene Gusti Alloh moho joyo lan moho wicaksono.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ سَنُدْخِلُهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ لَهُمْ فِيْهَآ اَزْوَاجٌ مُّطَهَّرَةٌ ۙ وَّنُدْخِلُهُمْ ظِلًّا ظَلِيْلًا٥٧
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti sanudkhiluhum jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), lahum fīhā azwājum muṭahharah(tun), wa nudkhiluhum ẓillan ẓalīlā(n).
[57]
Lan wong-wong kang podo iman lan agawe apik mbesok bakal Sun lebokaken swargo kang kaline podo mili nang ngisore, podo langgeng nong njerone selawase. Nong jero swargo podo nduweni rabi-rabi (piro-piro rabi) kang suci. Lan Isun lebokaken nong panggonan kang seru iyube.
۞ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُكُمْ اَنْ تُؤَدُّوا الْاَمٰنٰتِ اِلٰٓى اَهْلِهَاۙ وَاِذَا حَكَمْتُمْ بَيْنَ النَّاسِ اَنْ تَحْكُمُوْا بِالْعَدْلِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ نِعِمَّا يَعِظُكُمْ بِهٖ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ سَمِيْعًاۢ بَصِيْرًا٥٨
Innallāha ya'murukum an tu'addul-amānāti ilā ahlihā, wa iżā ḥakamtum bainan-nāsi an taḥkumū bil-‘adl(i), innallāha ni‘immā ya‘iẓukum bih(ī), innallāha kāna samī‘am baṣīrā(n).
[58]
Saktemene Gusti Alloh ngongkon nang riko nekakaken amanat nong wong kang ngehaki nerimo, lan (ngongkon riko) rikolo ngukumi antarane manungso ngukumono kelawan adil. Saktemene Gusti Alloh nguwehi pengajaran kang paling apik kanggo riko kabeh. Saktemene Gusti Alloh moho ngerungu lan moho mirsani.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَطِيْعُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَ وَاُولِى الْاَمْرِ مِنْكُمْۚ فَاِنْ تَنَازَعْتُمْ فِيْ شَيْءٍ فَرُدُّوْهُ اِلَى اللّٰهِ وَالرَّسُوْلِ اِنْ كُنْتُمْ تُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ ذٰلِكَ خَيْرٌ وَّاَحْسَنُ تَأْوِيْلًا ࣖ٥٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū aṭī‘ullāha wa aṭī‘ur-rasūla wa ulil-amri minkum, fa in tanāza‘tum fī syai'in fa ruddhu ilallāhi war-rasūli in kuntum tu'minūna billāhi wal-yaumil-ākhir(i), żālika khairuw wa aḥsanu ta'wīlā(n).
[59]
He wong-wong kang podo iman, podo manuto riko ing Gusti Alloh lan Rosule lan pemerintah nong antarane riko kabeh. Nuli lamun riko poro padu nong suwiji perkoro mongko balekno nong Gusti Alloh (AlQur’an) lan Rasule (sunnahe), kadung riko temenan podo iman nong Gusti Alloh lan kiamat. Gedigu iku luwih utomo lan luwih bagus akibate.
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ يَزْعُمُوْنَ اَنَّهُمْ اٰمَنُوْا بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ يُرِيْدُوْنَ اَنْ يَّتَحَاكَمُوْٓا اِلَى الطَّاغُوْتِ وَقَدْ اُمِرُوْٓا اَنْ يَّكْفُرُوْا بِهٖ ۗوَيُرِيْدُ الشَّيْطٰنُ اَنْ يُّضِلَّهُمْ ضَلٰلًا ۢ بَعِيْدًا٦٠
Alam tara ilal-lażīna yaz‘umūna annahum āmanū bimā unzila ilaika wa mā unzila min qablika yurīdūna ay yataḥākamū ilaṭ-ṭāgūti wa qad umirū ay yakfurū bih(ī), wa yurīdusy-syaiṭānu ay yuḍillahum ḍalālam ba‘īdā(n).
[60]
Opo riko sing weruh nong wong-wong kang ngaku-ngaku wes iman nong perkoro kang didhunaken ring riko lan perkoro kang didhunaken sakdurungiro? Iyane jaluk hukum ring thoghut 135 , aliyo iyane wes diperintah supoyo ingkar nang thoghut iku mau. Lan setan nyejo nyasaraken iyane sakadoh-adohe kesingsal.
135) Kang musuhi Kanjeng Nabi lan kaum muslimin, lan ono ugo pendapat yoiku Abu Barzah tukang sihir nong jamane Kanjeng Nabi. Kalebu ugo Thoghut: 1) Wong-wong kang netepaken hukum kanthi nakalan lan nuruti howo nafsu; 2) Berholo-berholo
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ تَعَالَوْا اِلٰى مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ وَاِلَى الرَّسُوْلِ رَاَيْتَ الْمُنٰفِقِيْنَ يَصُدُّوْنَ عَنْكَ صُدُوْدًاۚ٦١
Wa iżā qīla lahum ta‘ālau ilā mā anzalallāhu wa ilar-rasūli ra'aital-munāfiqīna yaṣuddūna ‘anka ṣudūdā(n).
[61]
Lan rikolo diucapaken ring iyane : “Ayo tah (tunduk) ring hukum kang wis didhunaken Gusti Alloh lan hukum e Rasul”, mesti riko ndileng wong munafiq ngalang-ngalangi (manungso nang) riko sak kuate.
فَكَيْفَ اِذَآ اَصَابَتْهُمْ مُّصِيْبَةٌ ۢبِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ ثُمَّ جَاۤءُوْكَ يَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ ۖاِنْ اَرَدْنَآ اِلَّآ اِحْسَانًا وَّتَوْفِيْقًا٦٢
Fa kaifa iżā aṣābathum muṣībatum bimā qaddamat aidīhim ṡumma jā'ūka yaḥlifūna billāh(i), in aradnā illā iḥsānaw wa taufīqā(n).
[62]
Mongko kelendi rikolo ono musibah nibani iyane mergo ulihe iyane agawe, nuli iyane nekani riko kambi sumpah :”Demi Alloh, isun sing ngarepaken paran-paran kejobo apike pungkas lan sampurnane santoso.”
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ يَعْلَمُ اللّٰهُ مَا فِيْ قُلُوْبِهِمْ فَاَعْرِضْ عَنْهُمْ وَعِظْهُمْ وَقُلْ لَّهُمْ فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ قَوْلًا ۢ بَلِيْغًا٦٣
Ulā'ikal-lażīna ya‘lamullāhu mā fī qulūbihim fa a‘riḍ ‘anhum wa ‘iẓhum wa qul lahum fī anfusihim qaulam balīgā(n).
[63]
Iyane iku yoiku wong-wong kang Gusti Alloh ngaweruhi paran kang ono nang jero atine. Mergo iku menggoso riko teko iyane, lan warahono, lan omongono kelawan omongan kang mecaki atine.
وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا لِيُطَاعَ بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَلَوْ اَنَّهُمْ اِذْ ظَّلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ جَاۤءُوْكَ فَاسْتَغْفَرُوا اللّٰهَ وَاسْتَغْفَرَ لَهُمُ الرَّسُوْلُ لَوَجَدُوا اللّٰهَ تَوَّابًا رَّحِيْمًا٦٤
Wa mā arsalnā mir rasūlin illā liyuṭā‘a bi'iżnillāh(i), wa lau annahum iẓ ẓalamū anfusahum jā'ūka fastagfarullāha wastagfara lahumur-rasūlu lawajadullāha tawwābar raḥīmā(n).
[64]
Lan Isun sing ngutus rosul kejobo kanggo dinut kambi izine Gusti Alloh, saktemene lamun iyane nganioyo awake dewek 136 banjur teko nang riko banjur njaluk ngapuro nang Gusti Alloh lan rosul iku mau njalukaken sepuro kanggo iyane, mongko mesti baen iyane weruh Gusti Alloh iku moho nerimo tobat lan ugo moho welas.
136) Yoiku: njaluk hukum nong wong sakliyane Kanjeng Nabi Muhammad SAW
فَلَا وَرَبِّكَ لَا يُؤْمِنُوْنَ حَتّٰى يُحَكِّمُوْكَ فِيْمَا شَجَرَ بَيْنَهُمْ ثُمَّ لَا يَجِدُوْا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ حَرَجًا مِّمَّا قَضَيْتَ وَيُسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا٦٥
Falā wa rabbika lā yu'minūna ḥattā yuḥakkimūka fīmā syajara bainahum ṡumma lā yajidū fī anfusihim ḥarajam mimmā qaḍaita wa yusallimū taslīmā(n).
[65]
Mongko demi Pangeran riko, iyane sing arep iman sampe iyane ndadekaken riko hakim nong perkoro kang iyane persulayani, banjur iyane sing ngeroso abot nang putusan riko, lan nerimo temenanan.
وَلَوْ اَنَّا كَتَبْنَا عَلَيْهِمْ اَنِ اقْتُلُوْٓا اَنْفُسَكُمْ اَوِ اخْرُجُوْا مِنْ دِيَارِكُمْ مَّا فَعَلُوْهُ اِلَّا قَلِيْلٌ مِّنْهُمْ ۗوَلَوْ اَنَّهُمْ فَعَلُوْا مَا يُوْعَظُوْنَ بِهٖ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ وَاَشَدَّ تَثْبِيْتًاۙ٦٦
Wa lau annā katabnā ‘alaihim aniqtulū anfusakum awikhrujū min diyārikum mā fa‘alūhu illā qalīlum minhum, wa lau annahum fa‘alū mā yū‘aẓūna bihī lakāna khairal lahum wa asyadda taṡbītā(n).
[66]
Lan saktemene lamun Isun perintah iyane: “Patenono awakriko dewek utowo metuho siro teko umahriko”, mongko mesti iyane sing bakal ngelakoni, kejobo wong sithik saking iyane. Lan saktemene lamun iyane ngelakoni perkoro kang wis diwarahaken nong iyane, mongko iku luwih apik kanggo iyane lan luwih nguwataken imane.
وَّاِذًا لَّاٰتَيْنٰهُمْ مِّنْ لَّدُنَّآ اَجْرًا عَظِيْمًاۙ٦٧
Wa iżal la'ātaināhum mil ladunnā ajran ‘aẓīmā(n).
[67]
Lan lamun gedigu mongko Isun mesthi nguwehi ganjaran kang gedhe.
وَّلَهَدَيْنٰهُمْ صِرَاطًا مُّسْتَقِيْمًا٦٨
Wa lahadaināhum ṣirāṭam mustaqīmā(n).
[68]
Lan mesti Isun duduhaken dalan kang kenceng.
وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَالرَّسُوْلَ فَاُولٰۤىِٕكَ مَعَ الَّذِيْنَ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ مِّنَ النَّبِيّٖنَ وَالصِّدِّيْقِيْنَ وَالشُّهَدَاۤءِ وَالصّٰلِحِيْنَ ۚ وَحَسُنَ اُولٰۤىِٕكَ رَفِيْقًا٦٩
Wa may yuṭi‘illāha war-rasūla fa ulā'ika ma‘al-lażīna an‘amallāhu ‘alaihim minan-nabiyyīna waṣ-ṣiddīqīna wasy-syuhadā'i waṣ-ṣāliḥīn(a), wa ḥasuna ulā'ika rafīqā(n).
[69]
Lan sopo wonge manut nang Gusti Alloh lan rosule, mongko iyane bareng kambi wongwong kang diparingi nikmat kambi Gusti Alloh yoiku poro nabi lan poro shiddiqiin 137 , lan wong-wong kang mati sahid lan wongwong apik. Wong-wong ikulah konco kang paling apik.
137) Yoiku wong-wong kang kukuh seru percoyo nong kebenerane Rosul, lan yoiki wong-wong kang dikanugrahi nikmat koyo kang kasebut nong ayat 7 surat Al-Fatihah
ذٰلِكَ الْفَضْلُ مِنَ اللّٰهِ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ عَلِيْمًا ࣖ٧٠
Żālikal-faḍlu minallāh(i), wa kafā billāhi ‘alīmā(n).
[70]
Kang gedigu iku kanugrahan teko Gusti Alloh, lan cukup Gusti Alloh kang ngaweruhi.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا خُذُوْا حِذْرَكُمْ فَانْفِرُوْا ثُبَاتٍ اَوِ انْفِرُوْا جَمِيْعًا٧١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū khużū ḥiżrakum fanfirū ṡubātin awinfirū jamī‘ā(n).
[71]
He wong-wong kang podo iman, podo cawis-cawiso, lan majuho (nang kalangan) panthan-panthan, utowo podo majuho bareng kabeh.
وَاِنَّ مِنْكُمْ لَمَنْ لَّيُبَطِّئَنَّۚ فَاِنْ اَصَابَتْكُمْ مُّصِيْبَةٌ قَالَ قَدْ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيَّ اِذْ لَمْ اَكُنْ مَّعَهُمْ شَهِيْدًا٧٢
Wa inna minkum lamal layubaṭṭi'ann(a), fa in aṣābatkum muṣībatun qāla qad an‘amallāhu ‘alayya iż lam akum ma‘ahum syahīdā(n).
[72]
Lan saktemene nong antarane riko ono wong kang seru edheng-endheng (nang kalangan perang) 138 . Mongko lamun riko keneng musibah, iyane ngucap: “Saktemene Pangeran maringi selamet nang isun mergo isun sing milu perang kambi wong-wong”.
138) Keroso seru abote milu mlaku perang
وَلَىِٕنْ اَصَابَكُمْ فَضْلٌ مِّنَ اللّٰهِ لَيَقُوْلَنَّ كَاَنْ لَّمْ تَكُنْۢ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهٗ مَوَدَّةٌ يّٰلَيْتَنِيْ كُنْتُ مَعَهُمْ فَاَفُوْزَ فَوْزًا عَظِيْمًا٧٣
Wa la'in aṣābakum faḍlum minallāhi layaqūlanna ka'allam takum bainakum wa bainahū mawaddattuy yā laitanī kuntu ma‘ahum fa afūza fauzan ‘aẓīmā(n).
[73]
Lan saktemene lamun riko diparingi anugrah saking Gusti Alloh, mongko iyane mesthi ngucap koyo-koyoho sing tau ono welas asih antarane riko lan iyane: “Duh, munggoho tah isun bareng wong-wong iku, mesthine yo isun milu menang gedhe (pisan)”.
۞ فَلْيُقَاتِلْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ الَّذِيْنَ يَشْرُوْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا بِالْاٰخِرَةِ ۗ وَمَنْ يُّقَاتِلْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ فَيُقْتَلْ اَوْ يَغْلِبْ فَسَوْفَ نُؤْتِيْهِ اَجْرًا عَظِيْمًا٧٤
Falyuqātil fī sabīlillāhil-lażīna yasytarūnal-ḥayātad-dun-yā bil-ākhirah(ti), wa may yuqātil fī sabīlillāhi fa yuqtal au yaglib fa saufa nu'tīhi ajran ‘aẓīmā(n).
[74]
Mergo iku, munggoho wong-wong kang ngurupi kauripan dunyo kambi kauripan akherat 139 iku perango nang dalane Gusti Alloh. Lan sopo wonge iku perang nong dalane Gusti Alloh banjur mati utowo menang, mongko mbesok Isun wehi ganjaran kang gede.
139) Wong-wong mukmin kang ngutamakaken kauripan akherat ngalahaken kauripan dunyo
وَمَا لَكُمْ لَا تُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَالْمُسْتَضْعَفِيْنَ مِنَ الرِّجَالِ وَالنِّسَاۤءِ وَالْوِلْدَانِ الَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَآ اَخْرِجْنَا مِنْ هٰذِهِ الْقَرْيَةِ الظَّالِمِ اَهْلُهَاۚ وَاجْعَلْ لَّنَا مِنْ لَّدُنْكَ وَلِيًّاۚ وَاجْعَلْ لَّنَا مِنْ لَّدُنْكَ نَصِيْرًا٧٥
Wa mā lakum lā tuqātilūna fī sabīlillāhi wal-mustaḍ‘afīna minar-rijāli wan-nisā'i wal-wildānil-lażīna yaqūlūna rabbanā akhrijnā min hāżihil-qaryatiẓ-ẓālimi ahluhā, waj‘al lanā mil ladunka waliyyā(n), waj‘al lanā mil ladunka naṣīrā(n).
[75]
Apuwo riko kabeh sing gelem perang nang dalane Gusti Alloh lan (mbelo) wong-wong kang apes saking wong-wong lanang, wongwong wadon, lan lare-lare cilik kang kabeh iku mau ndungo: “Duh Pangeranisun, tokno kulo sedoyo teko kutho iki (Mekkah) kang wonge podo nganioyo lan mugi maringi wong kang ngayomi teng kulo sedoyo, lan paringono kulo sedoyo wong kang nulungi”.
اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۚ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ الطَّاغُوْتِ فَقَاتِلُوْٓا اَوْلِيَاۤءَ الشَّيْطٰنِ ۚ اِنَّ كَيْدَ الشَّيْطٰنِ كَانَ ضَعِيْفًا ۚ ࣖ٧٦
Al-lażīna āmanū yuqātilūna fī sabīlillāh(i), wal-lażīna kafarū yuqātilūna fī sabīliṭ-ṭāgūti fa qātilū auliyā'asy-syaiṭān(i), inna kaidasy-syaiṭāni kāna ḍa‘īfā(n).
[76]
Wong-wong kang iman iku podo perang nong dalane Gusti Alloh, lan wong-wong kapir iku podo perang nong dalane thoghut, mangkane perangono konco-koncone setan iku, mergo saktemene rekodoyo ne setan iku kang apes.
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ قِيْلَ لَهُمْ كُفُّوْٓا اَيْدِيَكُمْ وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَۚ فَلَمَّا كُتِبَ عَلَيْهِمُ الْقِتَالُ اِذَا فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ يَخْشَوْنَ النَّاسَ كَخَشْيَةِ اللّٰهِ اَوْ اَشَدَّ خَشْيَةً ۚ وَقَالُوْا رَبَّنَا لِمَ كَتَبْتَ عَلَيْنَا الْقِتَالَۚ لَوْلَآ اَخَّرْتَنَآ اِلٰٓى اَجَلٍ قَرِيْبٍۗ قُلْ مَتَاعُ الدُّنْيَا قَلِيْلٌۚ وَالْاٰخِرَةُ خَيْرٌ لِّمَنِ اتَّقٰىۗ وَلَا تُظْلَمُوْنَ فَتِيْلًا٧٧
Alam tara ilal-lażīna qīla lahum kuffū aidiyakum wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāt(a), fa lammā kutiba ‘alaihimul-qitālu iżā farīqum minhum yakhsyaunan-nāsa kakhasy-yatillāhi au asyadda khasy-yah(tan), wa qālū rabbanā lima katabta ‘alainal-qitāl(a), lau lā akhkhartanā ilā ajalin qarīb(in), qul matā‘ud-dun-yā qalīl(un), wal-ākhiratu khairul limanittaqā, wa lā tuẓlamūna fatīlā(n).
[77]
Opo riko sing weruh nang wong kang diwarah 140 : “Empeten tangan riko (saking perang), ngadekno sembayang, lan tuhonono zakat!”, mongko rikolo diwajibaken nong iyane kanggo perang, tibane sebagian iyane mau (golongan munafik) wedi nang menungso (musuh), koyo ulihe wedi nong Gusti Alloh, malah wedine luwih teko iku. Iyane ngucap: “Duh Gusti Pangeranisun, apuwo ndiko nguwajibaken perang nong kulo, mbok hiyo Ndiko srantanaken engko-engko baen?”, Ngomongo: “Kasenengan nang dunyo iku mung sedelo, lan aherat iku luwih apik kanggo wong kang taqwa, lan riko sing bakal dianioyo babar blas.” 141
140) Wong-wong kang ngatonaken gok awake iman lan njaluk izin perang sakdurunge ono perintah perang
141) Maksude ganjaran milu perang sing bakal disudo babar blas.
اَيْنَ مَا تَكُوْنُوْا يُدْرِكْكُّمُ الْمَوْتُ وَلَوْ كُنْتُمْ فِيْ بُرُوْجٍ مُّشَيَّدَةٍ ۗ وَاِنْ تُصِبْهُمْ حَسَنَةٌ يَّقُوْلُوْا هٰذِهٖ مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۚ وَاِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ يَّقُوْلُوْا هٰذِهٖ مِنْ عِنْدِكَ ۗ قُلْ كُلٌّ مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۗ فَمَالِ هٰٓؤُلَاۤءِ الْقَوْمِ لَا يَكَادُوْنَ يَفْقَهُوْنَ حَدِيْثًا٧٨
Aina mā takūnū yudrikkumul-mautu wa lau kuntum fī burūjim musyayyadah(tin), wa in tuṣibhum ḥasanatuy yaqūlū hāżihī min ‘indillāh(i), wa in tuṣibhum sayyi'atuy yaqūlū hāżihī min ‘indik(a), qul kullum min ‘indillāh(i), famā lihā'ulā'il-qaumi lā yakādūna yafqahūna ḥadīṡā(n).
[78]
Riko ono nong endi baen, mati bakal nemoni riko, masio riko nong beteng kang duwur lan kukuh. Lan lamun merkulih apik 142 iyane ngucap: “Iki teko ngarsane Gusti Alloh”, lan lamun ketiban bilahi iyane ngucap: “Iki (tekone) teko riko (Muhammad)”. Ngucapo riko: “ iku kabeh teko ngarsane Gusti Alloh”. Mongko apuwo wong-wong iku (wong munafiq) sing ngerteni guneman 143 sithiksithiko?
142) Kemenangan nong perang utowo rezeki
143) Piwulang lan nasehat
مَآ اَصَابَكَ مِنْ حَسَنَةٍ فَمِنَ اللّٰهِ ۖ وَمَآ اَصَابَكَ مِنْ سَيِّئَةٍ فَمِنْ نَّفْسِكَ ۗ وَاَرْسَلْنٰكَ لِلنَّاسِ رَسُوْلًا ۗ وَكَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًا٧٩
Mā aṣābaka min ḥasanatin fa minallāh(i), wa mā aṣābaka min sayyi'atin fa min nafsik(a), wa arsalnāka lin-nāsi rasūlā(n), wa kafā billāhi syahīdā(n).
[79]
Nikmat paran baen kang riko merkulih iku teko Gusti Alloh, lan bilahi paran baen kang nibani riko iku mergo awak riko dewek. Isun ngutus riko dadi utusan kanggo sekabehane menungso. Lan cukup Gusti Alloh kang dadi saksi.
مَنْ يُّطِعِ الرَّسُوْلَ فَقَدْ اَطَاعَ اللّٰهَ ۚ وَمَنْ تَوَلّٰى فَمَآ اَرْسَلْنٰكَ عَلَيْهِمْ حَفِيْظًا ۗ٨٠
May yuṭi‘ir-rasūla faqad aṭā‘allāh(a), wa man tawallā famā arsalnāka ‘alaihim ḥafīẓā(n).
[80]
Sopo wonge manut nong rosul iku, mongko saktemene iyane wes manut nong Gusti Alloh. Lan sopo wonge mengo (saking manut), mongko Isun sing ngutus riko kanggo dadi wong kang ngerokso iyane 144 .
144) Rasul sing tanggung jawab nong kelakuane wong munafiq lan sing njamin iyane sing agawe salah.
وَيَقُوْلُوْنَ طَاعَةٌ ۖ فَاِذَا بَرَزُوْا مِنْ عِنْدِكَ بَيَّتَ طَاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ غَيْرَ الَّذِيْ تَقُوْلُ ۗ وَاللّٰهُ يَكْتُبُ مَا يُبَيِّتُوْنَ ۚ فَاَعْرِضْ عَنْهُمْ وَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗ وَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا٨١
Wa yaqūlūna ṭā‘ah(tun), fa iżā barazū min ‘indika bayyata ṭā'ifatum minhum gairal-lażī taqūl(u), wallāhu yaktubu mā yubayyitūn(a), fa a‘riḍ ‘anhum wa tawakkal ‘alallāh(i), wa kafā billāhi wakīlā(n).
[81]
Lan iyane (wong munafiq) ngucap: “(Kewajiban kulo mung) manut”. Tapi kadung iyane wes nyingkrih teko sanding riko, mongko sebagian teko iyane bengibengi ngupoyo rekodoyo nyulayani kang wes diucapaken mau. Gusti Alloh nulis rekodoyo kang diupoyo bengi iku, mongko mengoho siro teko iyane, lan kumandelo nong Gusti Alloh. Cukup Gusti Alloh kang ngelindungi.
اَفَلَا يَتَدَبَّرُوْنَ الْقُرْاٰنَ ۗ وَلَوْ كَانَ مِنْ عِنْدِ غَيْرِ اللّٰهِ لَوَجَدُوْا فِيْهِ اخْتِلَافًا كَثِيْرًا٨٢
Afalā yatadabbarūnal-qur'ān(a), wa lau kāna min ‘indi gairillāhi lawajadū fīhikhtilāfan kaṡīrā(n).
[82]
Mongko opo iyane sing tau niteni ing AlQur’an? Lamuno anane Al-Qur’an iku dudu teko ngarsane Gusti Alloh, mesthi iyane nemoni persulayan kang akeh nong jerone Al-Qur’an.
وَاِذَا جَاۤءَهُمْ اَمْرٌ مِّنَ الْاَمْنِ اَوِ الْخَوْفِ اَذَاعُوْا بِهٖ ۗ وَلَوْ رَدُّوْهُ اِلَى الرَّسُوْلِ وَاِلٰٓى اُولِى الْاَمْرِ مِنْهُمْ لَعَلِمَهُ الَّذِيْنَ يَسْتَنْۢبِطُوْنَهٗ مِنْهُمْ ۗ وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ لَاتَّبَعْتُمُ الشَّيْطٰنَ اِلَّا قَلِيْلًا٨٣
Wa iżā jā'ahum amrum minal-amni awil-khaufi ażā‘ū bih(ī), wa lau ruddūhu ilar-rasūli wa ilā ulil-amri minhum la‘alimahul-lażīna yastambiṭūnahū minhum, wa lau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū lattaba‘tumusy-syaiṭāna illā qalīlā(n).
[83]
Lan rikolo teko nong iyane warta aman utowo warta kaweden, mongko iyane nyiaraken. Lamuno iyane masrahaken nong Rasul lan ulil amri 145 , mongko wong-wong kang nyuprih warta bener biso ngaweruhi saking Rasul lan ulil amri 146 kono mau. Lan lamuno dudu mergo kanugrahane Gusti Alloh nong riko kabeh, mesthine riko wes nuruti setan, kejobo sebagian sithik (teko riko kabeh).
145) Poro sahabat lan poro wong pinter
146) Miturut mufassirin liyane maksude yoiku kadung warta aman lan ancaman iku disampekaken nong Rasul lan Ulil amri, mongko Rasul lan ulil amri kang ahli biso netepaken laku teko warta iku.
فَقَاتِلْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۚ لَا تُكَلَّفُ اِلَّا نَفْسَكَ وَحَرِّضِ الْمُؤْمِنِيْنَ ۚ عَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّكُفَّ بَأْسَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا ۗوَاللّٰهُ اَشَدُّ بَأْسًا وَّاَشَدُّ تَنْكِيْلًا٨٤
Faqātil fī sabīlillāh(i), lā tukallafu illā nafsaka wa ḥarriḍil-mu'minīn(a), ‘asallāhu ay yakuffa ba'sal lażīna kafarū, wallāhu asyaddu ba'saw wa asyaddu tankīlā(n).
[84]
Mongko perango riko nong dalane Gusti Alloh, riko sing ditanggungi sakliyane nong kewajiban riko dewek 147 . Riko gembrongono nong wong-wong mukmin (kanggo perang). Mugo-mugo Gusti Alloh nulak nong serangane wong kapir. Gusti Alloh iku luwih nemen kuwate lan luwih nemen siksane.
147) Perintah perang iku kudu dilakoni nong Kanjeng Nabi Muhammad mergo kang ditatrapi yoiku Kanjeng Nabi dhewek. Ayat iki ono kaitane kambi sungkane akeh-akehe wong Madinah kanggo milu perang bareng Kanjeng Nabi nong Badar Shughro. Mongko ayat iku mudun kanggo merintah supoyo Kanjeng Nabi mlaku perang masio dhewekan.
مَنْ يَّشْفَعْ شَفَاعَةً حَسَنَةً يَّكُنْ لَّهٗ نَصِيْبٌ مِّنْهَا ۚ وَمَنْ يَّشْفَعْ شَفَاعَةً سَيِّئَةً يَّكُنْ لَّهٗ كِفْلٌ مِّنْهَا ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ مُّقِيْتًا٨٥
May yasyfa‘ syafā‘atan ḥasanatay yakul lahū naṣībum minhā, wa may yasyfa‘ syafā‘atan sayyi'atay yakul lahū kiflum minhā, wa kānallāhu ‘alā kulli syai'im muqītā(n).
[85]
Sopo wonge nulungi kambi pitulung kang apik 148 mongko iyane merkulih bagian (ganjaran) teko pitulung apik iku mau. Lan sopo wonge nulungi kambi pitulung kang elek 149 mongko iyane merkulih bagian (duso) teko pitulung elek iku mau. Gusti Alloh iku moho kuoso nong sembarang kalir.
148) Syafaat kang apik yoiku : saben-saben syafaat kang disejo kanggo ngelindungi hak wong muslim utowo nyingkrihaken teko bilahi
149) Syafaat kang elek yoiku walikane syafaat kang apik
وَاِذَا حُيِّيْتُمْ بِتَحِيَّةٍ فَحَيُّوْا بِاَحْسَنَ مِنْهَآ اَوْ رُدُّوْهَا ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ حَسِيْبًا٨٦
Wa iżā ḥuyyītum bitaḥiyyatin fa ḥayyū bi'aḥsana minhā au ruddūhā, innallāha kāna ‘alā kulli syai'in ḥasībā(n).
[86]
Lan lamun riko dihormati kambi suwiji penghormatan mongko mbaleso kambi kang luwih apik utowo kambi kang sebanding 150 . Saktemene Gusti Alloh merhitung sembarang kalir.
150) Penghormatan nong Islam yoiku: ngucap “Assalamu’alaikum”
اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ لَيَجْمَعَنَّكُمْ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ لَا رَيْبَ فِيْهِ ۗ وَمَنْ اَصْدَقُ مِنَ اللّٰهِ حَدِيْثًا ࣖ٨٧
Allāhu lā ilāha illā huw(a), layajma‘annakum ilā yaumil-qiyāmati lā raiba fīh(i), wa man aṣdaqu minallāhi ḥadīṡā(n).
[87]
Gusti Alloh iku, sing ono Pangeran (kang patut disembah) kejobo Iyane. Saktemen Gusti Alloh bakal ngumpulaken riko kabeh nong dino kiamat, kang sing ono mamang anane. Lan sopo kang luwih bener ujare tinimbang Gusti Alloh?
۞ فَمَا لَكُمْ فِى الْمُنٰفِقِيْنَ فِئَتَيْنِ وَاللّٰهُ اَرْكَسَهُمْ بِمَا كَسَبُوْا ۗ اَتُرِيْدُوْنَ اَنْ تَهْدُوْا مَنْ اَضَلَّ اللّٰهُ ۗوَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهٗ سَبِيْلًا٨٨
Famā lakum fil-munāfiqīna fi'ataini wallāhu arkasahum bimā kasabū, aturīdūna an tahdū man aḍallallāh(u), wa may yuḍlilillāhu falan tajida lahū sabīlā(n).
[88]
Mongko apuwo riko (pecah) dadi rong golongan 151 nong (ngadepi) wong munafiq, aliho Gusti Alloh wes mbalekaken ulihe kapir sebab tandangane iyane dewek? Apuwo riko arep nduduhi bener nong wong kang wes dikepalingaken Gusti Alloh? Sopo wonge wis dikepalingaken nong Gusti Alloh mongko riko sing bakal nemu dalan (kanggo nduduhi bener) nong iyane.
151) Maksude: golongan wong-wong mukmin kang mbelo wong munafiq lan golongan wong mukmin kang musuhi wong munafiq
وَدُّوْا لَوْ تَكْفُرُوْنَ كَمَا كَفَرُوْا فَتَكُوْنُوْنَ سَوَاۤءً فَلَا تَتَّخِذُوْا مِنْهُمْ اَوْلِيَاۤءَ حَتّٰى يُهَاجِرُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗ فَاِنْ تَوَلَّوْا فَخُذُوْهُمْ وَاقْتُلُوْهُمْ حَيْثُ وَجَدْتُّمُوْهُمْ ۖ وَلَا تَتَّخِذُوْا مِنْهُمْ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًاۙ٨٩
Waddū lau takfurūna kamā kafarū fa takūnūna sawā'an falā tattakhiżū minhum auliyā'a ḥattā yuhājirū fī sabīlillāh(i), fa in tawallau fa khużūhum waqtulūhum ḥaiṡu wajattumūhum, wa lā tattakhiżū minhum waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[89]
Iyane ngupoyo supoyo riko kabeh dadi kapir koyo ulihe iyane kapir, sesinggo riko dadi podo (kambi iyane). Mongko riko ojo dadekaken wong-wong kang nulungi (riko) teko antarane iyane sesinggo iyane hijrah nong dalane Gusti Alloh. Mongko lamun iyane mengo 152 mongko riko tangkep lan patenono iyane no ngendi baen riko caruki, lan ojo riko dadekaken iyane wong kang ngayomi lan wong kang nulungi.
152) Diriwayataken gok piro-piro wong arab nekani Kanjeng Nabi nong Madinah, nuli melbu Islam. Nuli keneng “greges Madinah”, mergo iku iyane balik kafir nuli metu teko Madinah. Nuli kecaruk sahabate Kanjeng Nabi kang takon sebabe ninggalaken Madinah. Iyane njelasaken gok iyane keneng “Greges Madinah”. Poro sahabat ngomong: “Apuwo riko sing nyontho kang apik teko kanjeng Nabi?” poro sahabat kebagi dadi rong golongan. Golongan kang siji nganggep wong-wong iku wis dadi munafiq. Golongan kang siji nganggep iyane magih Islam. Banjur mudun ayat iki nguwel kaum muslimin, mergo dadi rong golongan iku mau, lan merintah supoyo wong-wong arab iku mau ditangkep lan dipateni kadung wurung hijrah nong Madinah, mergo dipadakaken kambi kaum musyrikin liyane.
اِلَّا الَّذِيْنَ يَصِلُوْنَ اِلٰى قَوْمٍۢ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ مِّيْثَاقٌ اَوْ جَاۤءُوْكُمْ حَصِرَتْ صُدُوْرُهُمْ اَنْ يُّقَاتِلُوْكُمْ اَوْ يُقَاتِلُوْا قَوْمَهُمْ ۗ وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَسَلَّطَهُمْ عَلَيْكُمْ فَلَقَاتَلُوْكُمْ ۚ فَاِنِ اعْتَزَلُوْكُمْ فَلَمْ يُقَاتِلُوْكُمْ وَاَلْقَوْا اِلَيْكُمُ السَّلَمَ ۙ فَمَا جَعَلَ اللّٰهُ لَكُمْ عَلَيْهِمْ سَبِيْلًا٩٠
Illal lażīna yaṣilūna ilā qaumim bainakum wa bainahum mīṡāqun au jā'ūkum ḥaṣirat ṣudūruhum ay yuqātilūkum au yuqātilū qaumahum, wa lau syā'allāhu lasallaṭahum ‘alaikum fa laqātalūkum, fa ini‘tazalūkum falam yuqātilūkum wa alqau ilaikumus-salam(a), famā ja‘alallāhu lakum ‘alaihim sabīlā(n).
[90]
Kejobo wong-wong kang jaluk pengayoman nang suwiji golongan, kang antarane riko lan golongan iku mau nduweni sumoyo (tentrem) 153 , utowo wong-wong kang nekani riko sedeng atine kabotan kanggo merangi riko lan golongane wong-wong iku mau 154 . Lamun Gusti Alloh ngersakaken, mongko Gusti Alloh nguwasakaken iyane nong riko nuli merangi riko. Tapi lamun iyane genengaken nang riko lan sing merangi riko lan ugo ngajukaken janjirukun nang riko 155 , mongko Gusti Alloh sing nguweni dalan nong riko (kanggo nangkep lan mateni iyane).
153) Ayat iki dadi dasar hukum suaka
154) Sing mihak lan wes nganakaken hubungan kambi kaum muslimin
155) Maksude nyerah
سَتَجِدُوْنَ اٰخَرِيْنَ يُرِيْدُوْنَ اَنْ يَّأْمَنُوْكُمْ وَيَأْمَنُوْا قَوْمَهُمْ ۗ كُلَّ مَا رُدُّوْٓا اِلَى الْفِتْنَةِ اُرْكِسُوْا فِيْهَا ۚ فَاِنْ لَّمْ يَعْتَزِلُوْكُمْ وَيُلْقُوْٓا اِلَيْكُمُ السَّلَمَ وَيَكُفُّوْٓا اَيْدِيَهُمْ فَخُذُوْهُمْ وَاقْتُلُوْهُمْ حَيْثُ ثَقِفْتُمُوْهُمْ ۗ وَاُولٰۤىِٕكُمْ جَعَلْنَا لَكُمْ عَلَيْهِمْ سُلْطٰنًا مُّبِيْنًا ࣖ٩١
Satajidūna akharīna yurīdūna ay ya'manūkum wa ya'manū qaumahum, kullamā ruddū ilal-fitnati urkisū fīhā, fa illam ya‘tazilūkum wa yulqū ilaikumus-salama wa yakuffū aidiyahum fa khużūhum waqtulūhum ḥaiṡu ṡaqiftumūhum, wa ulā'ikum ja‘alnā lakum ‘alaihim sulṭānam mubīnā(n).
[91]
Mbesok riko bakal nemoni (golongangolongan) kang liyo, kang golek aman saking riko lan golek aman (ugo) teko golongane, angger diajak balik nang fitnah (sirik) mesti gelem. Mangkane iku, lamun iyane sing genengaken riko, lan (sing) gelem ngajukaken rukun nang riko, ugo (sing) ngempet tangane (saking merangi riko), mongko riko nangkepo lan patenono nong endi baen riko caruki, iyane iku wong-wong kang Isun nguweni kuoso kang nyoto nong riko (kanggo nangkep lan mateni).
وَمَا كَانَ لِمُؤْمِنٍ اَنْ يَّقْتُلَ مُؤْمِنًا اِلَّا خَطَـًٔا ۚ وَمَنْ قَتَلَ مُؤْمِنًا خَطَـًٔا فَتَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ مُّؤْمِنَةٍ وَّدِيَةٌ مُّسَلَّمَةٌ اِلٰٓى اَهْلِهٖٓ اِلَّآ اَنْ يَّصَّدَّقُوْا ۗ فَاِنْ كَانَ مِنْ قَوْمٍ عَدُوٍّ لَّكُمْ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَتَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ مُّؤْمِنَةٍ ۗوَاِنْ كَانَ مِنْ قَوْمٍۢ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ مِّيْثَاقٌ فَدِيَةٌ مُّسَلَّمَةٌ اِلٰٓى اَهْلِهٖ وَتَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ مُّؤْمِنَةٍ ۚ فَمَنْ لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ شَهْرَيْنِ مُتَتَابِعَيْنِۖ تَوْبَةً مِّنَ اللّٰهِ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا٩٢
Wa mā kāna limu'minin ay yaqtula mu'minan illā khaṭa'ā(n), wa man qatala mu'minan khaṭa'an fa taḥrīru raqabatim mu'minatiw wa diyatum musallamatun ilā ahlihī illā ay yaṣṣaddaqū, fa in kāna min qaumim bainakum wa bainahum mīṡāqun fa diyatum musallamatun ilā ahlihī wa taḥrīru raqabatim mu'minah(tin), famal lam yajid fa ṣiyāmu syahraini mutatābi‘aini taubatam minallāh(i), wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[92]
Lan sing pantes wong mu’min mateni wong mu’min (liyane), kejobo kerono luput (sing nyejo 156 ), lan sopo wonge mateni wong mu’min kerono luput, mongko iyane kudu merdikakaken siji kawulo kang mu’min lan mbayar diyat 157 kang diwehno nang keluargane (wong kang mati mau), kejobo lamun keluargane sedekah 158 . Lamun iyane (wong kang mati) iku teko golongan kang musuhi riko, sedeng iyane wong mu’min, mongko (wong kang mateni) merdikakaken siji kawulo mu’min. Lan lamun (wong kang mati) iku golongan (kapir) kang nduweni janji (rukun) antara iyane lan riko, mongko (wong kang mateni) mbayar diyat kang diwehno nong keluargane (wong kang mati) ugo merdikakaken siji kawulo kang mukmin. Sopo wonge sing biso nduweni 159 , mongko iyane (wong kang mateni) puoso rong ulan terus-terusan minongko tobat nong Gusti Alloh. Lan Gusti Alloh moho ngaweruhi lan moho wicaksono.
156) Koyo: nembak manuk ngenani wong mukmin
157) Diyat yoiku mbayar mergo agawe pidana nong nyowo utowo nggauto awak.
158) Sedekah iki maksude mbebasaken wong kang mateni teko mbayar diyat
159) Maksude: sing duwe kawulo, sing merkoleh kawulo kang iman, utowo sing kuat nuku kawulo kanggo dimardikakaken. Miturut sebagian ahli tafsir,puoso rong ulan terus-terusan iku minongko ganti teko mbayar diyat lan merdikakaken kawulo.
وَمَنْ يَّقْتُلْ مُؤْمِنًا مُّتَعَمِّدًا فَجَزَاۤؤُهٗ جَهَنَّمُ خَالِدًا فِيْهَا وَغَضِبَ اللّٰهُ عَلَيْهِ وَلَعَنَهٗ وَاَعَدَّ لَهٗ عَذَابًا عَظِيْمًا٩٣
Wa may yaqtul mu'minam muta‘ammidan fa jazā'uhū jahannamu khālidan fīhā wa gaḍiballāhu ‘alaihi wa la‘anahū wa a‘adda lahū ‘ażāban ‘aẓīmā(n).
[93]
Lan sopo wonge mateni wong mukmin kambi nyejo, mongko balesane iku neroko jahannam, iyane langgeng nong kono lan Gusti Alloh mbendu, lan nemah ugo nyawisaken siksa kang gede kanggo iyane.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا ضَرَبْتُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ فَتَبَيَّنُوْا وَلَا تَقُوْلُوْا لِمَنْ اَلْقٰىٓ اِلَيْكُمُ السَّلٰمَ لَسْتَ مُؤْمِنًاۚ تَبْتَغُوْنَ عَرَضَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۖفَعِنْدَ اللّٰهِ مَغَانِمُ كَثِيْرَةٌ ۗ كَذٰلِكَ كُنْتُمْ مِّنْ قَبْلُ فَمَنَّ اللّٰهُ عَلَيْكُمْ فَتَبَيَّنُوْاۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًا٩٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā ḍarabtum fī sabīlillāhi fa tabayyanū wa lā taqūlū liman alqā ilaikumus-salāma lasta mu'minā(n), tabtagūna ‘araḍal-ḥayātid-dun-yā, fa ‘indallāhi magānimu kaṡīrah(tun), każālika kuntum min qablu fa mannallāhu ‘alaikum fa tabayyanū, innallāha kāna bimā ta‘malūna khabīrā(n).
[94]
He wong-wong kang iman, kadung riko mlaku (perang) nong dalan Gusti Alloh, mongko telitiho, lan ojo ngomong nong wong kang uluk “salam” nong riko 160 : “riko dudu wong mukmin”, (terus riko pateni) sedeng riko nyejo golek bondho dunyo, kerono nong ngarsane Gusti Alloh ono rampasan kang akeh. Semono ugo anane riko bengen 161 sampe Gusti Alloh maringi nikmat, mongko telitiho. Saktemene Gusti Alloh moho ngaweruhi paran kang riko tandangi.
160) Ugo dimaksudaken wong kang ngucap kalimat “laa ilaaha illAlloh”.
161) Maksude: wong iku during nyoto ulihe Islam, riko bengen yo gedigu
لَا يَسْتَوِى الْقٰعِدُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ غَيْرُ اُولِى الضَّرَرِ وَالْمُجٰهِدُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْۗ فَضَّلَ اللّٰهُ الْمُجٰهِدِيْنَ بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْ عَلَى الْقٰعِدِيْنَ دَرَجَةً ۗ وَكُلًّا وَّعَدَ اللّٰهُ الْحُسْنٰىۗ وَفَضَّلَ اللّٰهُ الْمُجٰهِدِيْنَ عَلَى الْقٰعِدِيْنَ اَجْرًا عَظِيْمًاۙ٩٥
Lā yastawil-qā‘idūna minal-mu'minīna gairu uliḍ-ḍarari wal-mujāhidūna fī sabīlillāhi bi'amwālihim wa anfusihim, faḍḍalallāhul-mujāhidīna bi amwālihim wa anfusihim ‘alal-qā‘idīna darajah(tan), wa kullaw wa‘adallāhul-ḥusnā, wa faḍḍalallāhul-mujāhidīna ‘alal-qā‘idīna ajran ‘aẓīmā(n).
[95]
Sing podo antarane mukmin kang lungguh (sing milu perang) kang sing duwe alangan kambi wong kang milu perang nong dalan Gusti Alloh nganggo bondho lan nyawane. Gusti Alloh ngunggulaken sak derajat wong kang jihad nganggo bondho lan nyawane tinimbang wong kang lungguh 162 . Gusti Alloh nyumayani ganjaran kang apik (surgo). Lan Gusti Alloh ngunggulaken kambi ganjaran kang gede nong wong-wong kang jihad tinimbang wong-wong kang lungguh.
162) Maksude: wong kang sing milu perang mergo tuwek.
دَرَجٰتٍ مِّنْهُ وَمَغْفِرَةً وَّرَحْمَةً ۗوَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ࣖ٩٦
Darajātim minhu wa magfirataw wa raḥmah(tan), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[96]
Yoiku pirang-pirang derajat, disepuro, lan diwelasi. Gusti Alloh moho ngapuro lan moho welas.
اِنَّ الَّذِيْنَ تَوَفّٰىهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ ظَالِمِيْٓ اَنْفُسِهِمْ قَالُوْا فِيْمَ كُنْتُمْ ۗ قَالُوْا كُنَّا مُسْتَضْعَفِيْنَ فِى الْاَرْضِۗ قَالُوْٓا اَلَمْ تَكُنْ اَرْضُ اللّٰهِ وَاسِعَةً فَتُهَاجِرُوْا فِيْهَا ۗ فَاُولٰۤىِٕكَ مَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُ ۗ وَسَاۤءَتْ مَصِيْرًاۙ٩٧
Innal-lażīna tawaffāhumul-malā'ikatu ẓālimī anfusihim qālū fīma kuntum, qālū kunnā mustaḍ‘afīna fil-arḍ(i), qālū alam takun arḍullāhi wāsi‘atan fa tuhājirū fīhā, fa ulā'ika ma'wāhum jahannam(u), wa sā'at maṣīrā(n).
[97]
Saktemene wong-wong kang mati selagi nganioyo awake dewek 163 , ditakoni malaikat: “Selagi paran riko mati?”, iyane njawab: “Selagi ditindes nong negoro (Mekkah)’. Malaikat takon maning: “Bumine Gusti Alloh iku wero, apuwo sing hijroh?”. Wongwong iku panggonane neroko Jahannam, Jahannam iku panggonan paling elek.
163) Kang dimaksud nganioyo awake dhewek nong kene yoiku wong-wong muslim Mekkah kang sing gelem hijrah kambi Kanjeng Nabi padahal iyane sanggup. Iyane ditindes lan dipokso wong-wong kafir supoyo milu perang Badar, akhire ono hang mati nong perang iku.
اِلَّا الْمُسْتَضْعَفِيْنَ مِنَ الرِّجَالِ وَالنِّسَاۤءِ وَالْوِلْدَانِ لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ حِيْلَةً وَّلَا يَهْتَدُوْنَ سَبِيْلًاۙ٩٨
Illal-mustaḍ‘afīna minar-rijāli wan-nisā'i wal-wildāni lā yastaṭī‘ūna ḥīlataw wa lā yahtadūna sabīlā(n).
[98]
Kejobo wong-wong kang ketindes embuh wong lanang, wong wadon, utowo lare cilik, wong-wong kang sing sanggup ngelawan lan sing nemu dalan (kanggo hijroh)
فَاُولٰۤىِٕكَ عَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّعْفُوَ عَنْهُمْ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَفُوًّا غَفُوْرًا٩٩
Fa ulā'ika ‘asallāhu ay ya‘fuwa ‘anhum, wa kānallāhu ‘afuwwan gafūrā(n).
[99]
Wong-wong iku mau mugo-mugo disepuro Gusti Alloh. Gusti Alloh moho nyepuro lan nerimo tobat.
۞ وَمَنْ يُّهَاجِرْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ يَجِدْ فِى الْاَرْضِ مُرٰغَمًا كَثِيْرًا وَّسَعَةً ۗوَمَنْ يَّخْرُجْ مِنْۢ بَيْتِهٖ مُهَاجِرًا اِلَى اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ ثُمَّ يُدْرِكْهُ الْمَوْتُ فَقَدْ وَقَعَ اَجْرُهٗ عَلَى اللّٰهِ ۗوَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ࣖ١٠٠
Wa may yuhājir fī sabīlillāhi yajid fil-arḍi murāgaman kaṡīraw wa sa‘ah(tan), wa may yakhruj mim baitihī muhājiran ilallāhi wa rasūlihī ṡumma yudrik-hul-mautu faqad waqa‘a ajruhū ‘alallāh(i), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[100]
Sopowonge hijroh nong dalane Gusti Alloh, mongko mesthi nemu rejeki kang akeh lan jembar. Sopowonge metu teko umahe mergo hijroh nong Gusti Alloh lan Rosule, trus mati (sakdurunge gadug tujuane), mongko wes oleh ganjaran teko Gusti Alloh. Gusti Alloh moho nyepuro lan moho welas.
وَاِذَا ضَرَبْتُمْ فِى الْاَرْضِ فَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَنْ تَقْصُرُوْا مِنَ الصَّلٰوةِ ۖ اِنْ خِفْتُمْ اَنْ يَّفْتِنَكُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ اِنَّ الْكٰفِرِيْنَ كَانُوْا لَكُمْ عَدُوًّا مُّبِيْنًا١٠١
Wa iżā ḍarabtum fil-arḍi fa laisa ‘alaikum junāḥun an taqṣurū minaṣ-ṣalāh(ti), in khiftum ay yaftinakumul-lażīna kafarū, innal-kāfirīna kānū lakum ‘aduwwam mubīnā(n).
[101]
Lan lamun riko menyang nang nduwure bumi, mongko sing duso kanggo riko qoshor 164 sembayang, lamun riko kuatir diserang wong kapir. Saktemene wong-wong kapir iku mungsuh riko kang nyoto.
164) Miturut akeh-akehe ulama artine qoshor nong kene yoiku sembayang hang maune 4 rokaat dadi 2 rokaat. qoshor nong kene ono kalane kanthi nyudho rakaat eko 4 dadi 2, yoiku nong waktu menyang kanga man. Lan ono kalane kanthi ngentengaken rukun-rukun teko 2 rakaat iku mau, yoiku nong waktu menyang khouf. Lan ono kalane ngentengaken rukun-rukun kang 4 rakaat rikolo khouf nong waktu hing menyang.
وَاِذَا كُنْتَ فِيْهِمْ فَاَقَمْتَ لَهُمُ الصَّلٰوةَ فَلْتَقُمْ طَاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ مَّعَكَ وَلْيَأْخُذُوْٓا اَسْلِحَتَهُمْ ۗ فَاِذَا سَجَدُوْا فَلْيَكُوْنُوْا مِنْ وَّرَاۤىِٕكُمْۖ وَلْتَأْتِ طَاۤىِٕفَةٌ اُخْرٰى لَمْ يُصَلُّوْا فَلْيُصَلُّوْا مَعَكَ وَلْيَأْخُذُوْا حِذْرَهُمْ وَاَسْلِحَتَهُمْ ۚ وَدَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْ تَغْفُلُوْنَ عَنْ اَسْلِحَتِكُمْ وَاَمْتِعَتِكُمْ فَيَمِيْلُوْنَ عَلَيْكُمْ مَّيْلَةً وَّاحِدَةً ۗوَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ اِنْ كَانَ بِكُمْ اَذًى مِّنْ مَّطَرٍ اَوْ كُنْتُمْ مَّرْضٰٓى اَنْ تَضَعُوْٓا اَسْلِحَتَكُمْ وَخُذُوْا حِذْرَكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ اَعَدَّ لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابًا مُّهِيْنًا١٠٢
Wa iżā kunta fīhim fa aqamta lahumuṣ-ṣalāta faltaqum ṭā'ifatum minhum ma‘aka walya'khużū asliḥatahum, fa iżā sajadū falyakūnū miw warā'ikum, walta'ti ṭā'ifatun ukhrā lam yuṣallū falyuṣallū ma‘aka walya'khużū ḥiżrahum wa asliḥatahum, waddal-lażīna kafarū lau tagfulūna ‘an asliḥatakum wa amti‘atikum, fa yamīlūna ‘alaikum mailataw wāḥidah(tan), wa lā junāḥa ‘alaikum in kāna bikum ażam mim maṭarin au kuntum marḍā an taḍa‘ū asliḥatakum wa khużū ḥiżrakum, innallāha a‘adda lil-kāfirīna ‘ażābam muhīnā(n).
[102]
Lan lamun riko bareng kambi konco-konco riko, banjur riko arep sembayang bareng, mongko sak panthan sembayang kambi riko lan nyekel gaman, banjur lamun wes sujud (wes sampurno sak rokaat) 165 , mongko pantan iku mau ngaliho teko mburine riko (kanggo ngadhepi musuh), lan pantan liyane kang during sembayang tekoho banjur sembayango bareng riko 166 , lan cawiscawis ugo nyekel gaman. Wong-wong kapir kepingin riko lengah saking gaman lan bondho riko banjur moro-moro nyerang mesisan. Lan riko sing duso nyelehaken gaman, lamun riko susah mergo udan utowo kademan,lan cawis-cawiso riko. Saktemene Gusti Alloh wis nyawisaken siksa kang nginoaken kanggo wong-wong kapir 167 .
165) Miturut jumhur mufassirin kadung wis mari sak rokaat mongko terusno sak rokaat maning dhewekan, lan Kanjeng Nabi lungguh ngenteni golongan kaping loro.
166) Yoiku rokaat kang kawitan,sedeng rokaat kang kaping pindho iyane marekaken dhewek, lan iyane mungkasi sembayange bareng Kanjeng Nabi.
167) Carane sembayang khouf kang kasebut nong ayat 102 iki dilakokaken nalikane magih kongang ngelakokaken. Kadung hing kongang mongko sembayange dilakokaken sak bisa-bisane, masio mung ngucap tasbih baen.
فَاِذَا قَضَيْتُمُ الصَّلٰوةَ فَاذْكُرُوا اللّٰهَ قِيَامًا وَّقُعُوْدًا وَّعَلٰى جُنُوْبِكُمْ ۚ فَاِذَا اطْمَأْنَنْتُمْ فَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ ۚ اِنَّ الصَّلٰوةَ كَانَتْ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ كِتٰبًا مَّوْقُوْتًا١٠٣
Fa iżā qaḍaitumuṣ-ṣalāta fażkurullāha qiyāmaw wa qu‘ūdaw wa ‘alā junūbikum, fa iżaṭma'nantum fa aqīmuṣ-ṣalāh(ta), innaṣ-ṣalāta kānat ‘alal-mu'minīna kitābam mauqūtā(n).
[103]
Lamun riko wes ngerampungaken sembayang, mongko ilingo nang Gusti Alloh nang waktu ngadeg, waktu lungguh, lan waktu kelumah. Lamun riko wes ngeroso aman mongko sembayango (koyo biasane). Saktemene sembayang iku kewajiban kang wis ditamtukaken waktune kanggo wongwong kang iman.
وَلَا تَهِنُوْا فِى ابْتِغَاۤءِ الْقَوْمِ ۗ اِنْ تَكُوْنُوْا تَأْلَمُوْنَ فَاِنَّهُمْ يَأْلَمُوْنَ كَمَا تَأْلَمُوْنَ ۚوَتَرْجُوْنَ مِنَ اللّٰهِ مَا لَا يَرْجُوْنَ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا ࣖ١٠٤
Wa lā tahinū fibtigā'il-qaum(i), in takūnū ta'lamūna fa innahum ya'lamūna kamā ta'lamūn(a), wa tarjūna minallāhi mā lā yarjūn(a), wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[104]
Ojo riko aras-arasen nguber musuh riko. Lamun riko ngeroso loro, mongko saktemene iyane ugo ngeroso loro pisan koyo olehe riko loro, sedeng riko ngarepaken nang Gusti Alloh paran kang iyane sing ngarepaken. Lan Gusti Alloh moho ngaweruhi lan moho wicaksono.
اِنَّآ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ لِتَحْكُمَ بَيْنَ النَّاسِ بِمَآ اَرٰىكَ اللّٰهُ ۗوَلَا تَكُنْ لِّلْخَاۤىِٕنِيْنَ خَصِيْمًا ۙ١٠٥
Innā anzalnā ilaikal-kitāba bil-ḥaqqi litaḥkuma bainan-nāsi bimā arākallāh(u), wa lā takun lil-khā'inīna khaṣīmā(n).
[105]
Saktemene Isun wes ngedunaken Kitab nang riko nggowo kabeneran, supoyo riko ngadili menungso kambi paran kang wis Gusti Alloh wahyukaken nang riko. Lan ojo riko dadi mungsuhe (wong kang sing salah) mergo (mbelo) wong-wong kang khianat. 168
168) Ayat iki lan piro-piro ayat sakwise didhunaken naliko ono agawe nyolong kang dilakoni Thu’mah lan iyane nyengidaken barang colongan nong umahe wong Yahudi. Thu’mah sing ngaku malah nudhuh gok kang nyolong iku wong Yahudi. Perkoro iki diajukaken kambi dulur-dulure Thu’mah nong Kanjeng Nabi lan njaluk supoyo Kanjeng Nabi mbelo Thu’mah ugo nguweni hukuman wong-wong Yahudi, aliyo iyane podho weruh gok kang nyolong iku Thu’mah. Kanjeng Nabi meh baen mbeneraken tuduhane Thu’mah lan dulur-dulure nong wong Yahudi.
وَّاسْتَغْفِرِ اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًاۚ١٠٦
Wastagfirillāh(a), innallāha kāna gafūrar raḥīmā(n).
[106]
Lan njaluko sepuro nang Gusti Alloh, saktemene Gusti Alloh moho nyepuro lan moho welas.
وَلَا تُجَادِلْ عَنِ الَّذِيْنَ يَخْتَانُوْنَ اَنْفُسَهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ خَوَّانًا اَثِيْمًاۙ١٠٧
Wa lā tujādil ‘anil-lażīna yakhtānūna anfusahum, innallāha lā yuḥibbu man kāna khawwānan aṡīmā(n).
[107]
Lan ojo poropadu (kanggo mbelo) wongwong kang khianat. Saktemene Gusti Alloh sing demen wong kang khianat lan agawe duso.
يَّسْتَخْفُوْنَ مِنَ النَّاسِ وَلَا يَسْتَخْفُوْنَ مِنَ اللّٰهِ وَهُوَ مَعَهُمْ اِذْ يُبَيِّتُوْنَ مَا لَا يَرْضٰى مِنَ الْقَوْلِ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ بِمَا يَعْمَلُوْنَ مُحِيْطًا١٠٨
Yastakhfūna minan-nāsi wa lā yastakhfūna minallāhi wa huwa ma‘ahum iż yubayyitūna mā lā yarḍā minal-qaul(i), wa kānallāhu bimā ya‘malūna muḥīṭā(n).
[108]
Iyane sengidan teko menungso, lan iyane sing biso sengidan teko Gusti Alloh, Gusti Alloh mbarengi iyane, rikolo bengi-bengi iyane gawe rahasia kang sing diridane Gusti Alloh. Gusti Alloh moho ngelimputi (kaweruhe) nong paran kang iyane lakoni.
هٰٓاَنْتُمْ هٰٓؤُلَاۤءِ جَادَلْتُمْ عَنْهُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۗ فَمَنْ يُّجَادِلُ اللّٰهَ عَنْهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اَمْ مَّنْ يَّكُوْنُ عَلَيْهِمْ وَكِيْلًا١٠٩
Hā'antum hā'ulā'i jādaltum ‘anhum fil-ḥayātid-dun-yā, famay yujādilullāha ‘anhum yaumal-qiyāmati am may yakūnu ‘alaihim wakīlā(n).
[109]
Gedigu iku riko. Riko kabeh podo poro padu kanggo (mbelani) iyane nong dunyo iki. Terus sopo kang arepe poropadhu nang Gusti Alloh kanggo (mbelani) iyane nong dino kiamat? Utowo sopo kang dadi pengayom (teko siksane Gusti Alloh)?
وَمَنْ يَّعْمَلْ سُوْۤءًا اَوْ يَظْلِمْ نَفْسَهٗ ثُمَّ يَسْتَغْفِرِ اللّٰهَ يَجِدِ اللّٰهَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا١١٠
Wa may ya‘mal sū'an au yaẓlim nafsahū ṡumma yastagfirillāha yajidillāha gafūrar raḥīmā(n).
[110]
Lan sopowonge kang agawe olo lan nganioyo awake dewek, banjur njaluk pengapuro nang Gusti Alloh, mongko iyane bakal weruh dung Gusti Alloh iku moho ngapuro lan moho welas.
وَمَنْ يَّكْسِبْ اِثْمًا فَاِنَّمَا يَكْسِبُهٗ عَلٰى نَفْسِهٖ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا١١١
Wa may yaksib iṡman fa innamā yaksibuhū ‘alā nafsih(ī),wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[111]
Lan sopowonge agawe duso mongko saktemene iyane iku melarati awake dewek. Gusti Alloh moho ngaweruhi ugo moho wicaksono.
وَمَنْ يَّكْسِبْ خَطِيْۤـَٔةً اَوْ اِثْمًا ثُمَّ يَرْمِ بِهٖ بَرِيْۤـًٔا فَقَدِ احْتَمَلَ بُهْتَانًا وَّاِثْمًا مُّبِيْنًا ࣖ١١٢
Wa may yaksib khaṭī'atan au iṡman ṡumma yarmi bihī barī'an fa qadiḥtamala buhtānaw wa iṡmam mubīnā(n).
[112]
Lan sopowonge agawe salah utowo duso banjur ngaranaken nang wong liyo kang sing salah mongko saktemene iyane agawe gubab lan duso kang nyoto.
وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكَ وَرَحْمَتُهٗ لَهَمَّتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ اَنْ يُّضِلُّوْكَۗ وَمَا يُضِلُّوْنَ اِلَّآ اَنْفُسَهُمْ وَمَا يَضُرُّوْنَكَ مِنْ شَيْءٍ ۗ وَاَنْزَلَ اللّٰهُ عَلَيْكَ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَعَلَّمَكَ مَا لَمْ تَكُنْ تَعْلَمُۗ وَكَانَ فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكَ عَظِيْمًا١١٣
Wa lau lā faḍlullāhi ‘alaika wa raḥmatuhū lahammaṭ-ṭā'ifatum minhum ay yuḍillūk(a), wa mā yuḍillūna illā anfusahum wa mā yaḍurrūnaka min syai'(in), wa anzalallāhu ‘alaikal-kitāba wal-ḥikmata wa ‘allamaka mā lam takun ta‘lam(u), wa kāna faḍlullāhi ‘alaika ‘aẓīmā(n).
[113]
Lamuno sing mergo kanugrahe lan welase Gusti Alloh nang riko, pastine ono sak panthan kang seru sejone nyasaraken riko, tibane iyane kesasar dhewek lan sing biso mblaheni riko babar blas. Lan ugo (mergo Gusti Alloh) wes mudhunaken Kitab lan hikmah kanggo riko, lan wis duduhaken paran-paran kang durung riko weruhi. Lan kanugrahe Gusti Alloh kanggo riko iku gedhe seru.
۞ لَا خَيْرَ فِيْ كَثِيْرٍ مِّنْ نَّجْوٰىهُمْ اِلَّا مَنْ اَمَرَ بِصَدَقَةٍ اَوْ مَعْرُوْفٍ اَوْ اِصْلَاحٍۢ بَيْنَ النَّاسِۗ وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ ابْتِغَاۤءَ مَرْضَاتِ اللّٰهِ فَسَوْفَ نُؤْتِيْهِ اَجْرًا عَظِيْمًا١١٤
Lā khaira fī kaṡīrim min najwāhum illā man amara biṣadaqatin au ma‘rūfin au iṣlāḥim bainan-nās(i), wa may yaf‘al żālikabtigā'a marḍātillāhi fa saufa nu'tīhi ajran ‘aẓīmā(n).
[114]
Sing ono apik nong bisik-bisike iyane, dudu bisikane wong kang ngongkon (manuso) nguweni sedekah utowo agawe apik utowo agawe rukune menungso. Lan sopowonge agawe gedigu iku mergo golek lilone Gusti Alloh mongko mbesok Sun weni ganjaran kang gedhe.
وَمَنْ يُّشَاقِقِ الرَّسُوْلَ مِنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُ الْهُدٰى وَيَتَّبِعْ غَيْرَ سَبِيْلِ الْمُؤْمِنِيْنَ نُوَلِّهٖ مَا تَوَلّٰى وَنُصْلِهٖ جَهَنَّمَۗ وَسَاۤءَتْ مَصِيْرًا ࣖ١١٥
Wa may yusyāqiqir-rasūla mim ba‘di mā tabayyana lahul-hudā wa yattabi‘ gaira sabīlil-mu'minīna nuwallihī mā tawallā wa nuṣlihī jahannam(a), wa sā'at maṣīrā(n).
[115]
Lan sopowonge ngelawan nong Rosul sakwise jelase kabeneran, lan manut dalan kang bedo kambi dalane wong mukmin, mongko Sun geningno netepi sasar kang iyane tandangi 169 , lan bakal Sun lebokaken neroko Jahannam, yoiku sak elek-eleke panggonan mulih.
169) Gusti Alloh nggenengaken iyane uleng-ulengan kepaling
اِنَّ اللّٰهَ لَا يَغْفِرُ اَنْ يُّشْرَكَ بِهٖ وَيَغْفِرُ مَا دُوْنَ ذٰلِكَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ ۗ وَمَنْ يُّشْرِكْ بِاللّٰهِ فَقَدْ ضَلَّ ضَلٰلًا ۢ بَعِيْدًا١١٦
Innallāha lā yagfiru ay yusyraka bihī wa yagfiru mā dūna żālika limay yasyā'(u), wa may yusyrik billāhi faqad ḍalla ḍalālam ba‘īdā(n).
[116]
Saktemene Gusti Alloh sing bakal ngapuro dusone sirik, lan Gusti Alloh ngapuro duso kang sakliyane sirik kanggo sopo kang Iyane karepaken. Sopowonge sirik nang Gusti Alloh, mongko saktemene wes kepaling sak adoh-adohe.
اِنْ يَّدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖٓ اِلَّآ اِنٰثًاۚ وَاِنْ يَّدْعُوْنَ اِلَّا شَيْطٰنًا مَّرِيْدًاۙ١١٧
Iy yad‘ūna min dūnihī illā ināṡā(n), wa iy yad‘ūna illā syaiṭānam marīdā(n).
[117]
Kang iyane sembah sakliyane Gusti Alloh iku mung berholo 170 , iyane iku mung nyembah setan kang duroko.
170) Asale makna “inaatsan”yoiku piro-piro wadon. Patung-patung berholo kang disembah Arab Jahiliyyah biasae diweni aran-aran wadon koyo Laata, Uzza, lan Manah. Biso ugo makno nang kene wong-wong mati, barang-barang kang sing duwe jenis, lan barang-barang kang apes.
لَّعَنَهُ اللّٰهُ ۘ وَقَالَ لَاَتَّخِذَنَّ مِنْ عِبَادِكَ نَصِيْبًا مَّفْرُوْضًاۙ١١٨
La‘anahullāh(u), wa qāla la'attakhiżanna min ‘ibādika naṣībam mafrūḍā(n).
[118]
Gusti Alloh mbendhu setan iku, jare setan iku: “Kulo saestu bakal mundhut dugi kawulo-kawulo Ndiko bagian kang sampun dipesthi kangge kulo 171 ,
171) Nong saben-saben menongso ada cawisan kanggo apik lan cawisan kanggo olo. Setan ngaruh-ngaruhi menungso supoyo nganggo cawisan olo iku mau kanggo nyilokoni menungso.
وَّلَاُضِلَّنَّهُمْ وَلَاُمَنِّيَنَّهُمْ وَلَاٰمُرَنَّهُمْ فَلَيُبَتِّكُنَّ اٰذَانَ الْاَنْعَامِ وَلَاٰمُرَنَّهُمْ فَلَيُغَيِّرُنَّ خَلْقَ اللّٰهِ ۗوَمَنْ يَّتَّخِذِ الشَّيْطٰنَ وَلِيًّا مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ فَقَدْ خَسِرَ خُسْرَانًا مُّبِيْنًا١١٩
Wa la'uḍillannahum wa la'umanniyannahum wa la'āmurannahum fa layubattikunna āżānal-an‘āmi wa la'āmurannahum fa layugayyirunna khalqallāh(i), wa may yattakhiżisy-syaiṭāna waliyyam min dūnillāhi faqad khasira khusrānam mubīnā(n).
[119]
Bakal sun sasaraken, sun gawe angenangen kang kothong kanggo menungso, sun kongkon ngethok kupinge kewan rawatane (yo dikethok temenan) 172 , lan sun kongkon ngowah gaweane Gusti Alloh (yo ngowah temenan) 173 ”. Sopowonge ndadekaken setan minongko kang ngayomi, dudu Gusti Alloh, mongko saktemene iyane oleh rugi kang nyoto.
172) Miturut wong Arab Jahiliyyah, kewan-kewan kang arepe ditumbalaken nong berholo-berholo kudu ditugel sulung kupinge, kewan-kewan iki sing oleh ditumpaki lan dienggo maning, ugo kudu diculaken
173) Nguwahi gaweane Gusti Alloh biso diarti nguwahi kang wis digawe Gusti Alloh koyo ngebiri kewan. Ono ugo kang ngartikaken nguwahi agamane Gusti Alloh.
يَعِدُهُمْ وَيُمَنِّيْهِمْۗ وَمَا يَعِدُهُمُ الشَّيْطٰنُ اِلَّا غُرُوْرًا١٢٠
Ya‘iduhum wa yumannīhim, wa mā ya‘iduhumusy-syaiṭānu illā gurūrā(n).
[120]
Setan iku nguweni sumoyo lan angen-angen kang kothong nong menungso. Nyatane mung nyumayani gubab beloko.
اُولٰۤىِٕكَ مَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُۖ وَلَا يَجِدُوْنَ عَنْهَا مَحِيْصًا١٢١
Ulā'ika ma'wāhum jahannam(u), wa lā yajidūna ‘anhā maḥīṣā(n).
[121]
Iyane iku dipanggonaken nong neroko Jahannam, sing bakal biso melayu teko kono.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ سَنُدْخِلُهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ وَعْدَ اللّٰهِ حَقًّا ۗوَمَنْ اَصْدَقُ مِنَ اللّٰهِ قِيْلًا١٢٢
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti sanudkhiluhum jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), wa‘dallāhi ḥaqqā(n), wa man aṣdaqu minallāhi qīlā(n).
[122]
Wong-wong kang iman lan agawe apik, mbesok Sun panggonaken nang surgo, akeh kali kang mili nong njerone, langgeng nong kono selawase. Gusti Alloh janji temenan. Sopo kang luwih temenanan omongane tinimbang Gusti Alloh?
لَيْسَ بِاَمَانِيِّكُمْ وَلَآ اَمَانِيِّ اَهْلِ الْكِتٰبِ ۗ مَنْ يَّعْمَلْ سُوْۤءًا يُّجْزَ بِهٖۙ وَلَا يَجِدْ لَهٗ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا١٢٣
Laisa bi'amāniyyikum wa lā amāniyyi ahlil-kitāb(i), may ya‘mal sū'ay yujza bih(ī), wa lā yajid lahū min dūnillāhi waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[123]
(Ganjarane Gusti Alloh) iku dudu miturut ulih riko angen-angen kang kothong 174 lan ugo dudu miturut angen-angene Ahli Kitab. Sopowonge agawe olo, mongko bakal dibales sepodo olone mau, sing ono kang ngayomi lan nulungi iyane kejobo Gusti Alloh.
174) “Riko” nong kene ono kang maknani kambi kaum muslimin, lan ono ugo kang maknani kambi kaum musyrikin. Maksude yoiku ganjaran nong akherat iku dudu miturut ulihe iyane angen-angen lan iyane karepaken, tapi miturut piro-piro aturane agomo.
وَمَنْ يَّعْمَلْ مِنَ الصّٰلِحٰتِ مِنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَاُولٰۤىِٕكَ يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ وَلَا يُظْلَمُوْنَ نَقِيْرًا١٢٤
Wa may ya‘mal minaṣ-ṣāliḥāti min żakarin au unṡā wa huwa mu'minun fa ulā'ika yadkhulūnal-jannata wa lā yuẓlamūna naqīrā(n).
[124]
Sopowonge agawe apik, embuh lanang embuh wadon, sedeng iyane iku wong mukmin, mongko mbesok podo melbu surgo lan sing bakal dianioyo babar blas.
وَمَنْ اَحْسَنُ دِيْنًا مِّمَّنْ اَسْلَمَ وَجْهَهٗ لِلّٰهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ وَّاتَّبَعَ مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًا ۗوَاتَّخَذَ اللّٰهُ اِبْرٰهِيْمَ خَلِيْلًا١٢٥
Wa man aḥsanu dīnam mimman aslama wajhahū lillāhi wa huwa muḥsinuw wattaba‘a millata ibrāhīma ḥanīfā(n), wattakhażallāhu ibrāhīma khalīlā(n).
[125]
Sopo maning kang luwih apik agamane tinimbang wong kang pasrah nong Gusti Alloh ugo agawe apik lan manut agamane Ibrohim kang kenceng? Gusti Alloh wes ndadekaken Ibrohim pethetan.
وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَكَانَ اللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ مُّحِيْطًا ࣖ١٢٦
Wa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa kānallāhu bikulli syai'im muḥīṭā(n).
[126]
Duwene Gusti Alloh iku paran baen kang ono nong langit lan nong bumi, kaweruhe Gusti Alloh iku ngelimputi sembarang kalir.
وَيَسْتَفْتُوْنَكَ فِى النِّسَاۤءِۗ قُلِ اللّٰهُ يُفْتِيْكُمْ فِيْهِنَّ ۙوَمَا يُتْلٰى عَلَيْكُمْ فِى الْكِتٰبِ فِيْ يَتٰمَى النِّسَاۤءِ الّٰتِيْ لَا تُؤْتُوْنَهُنَّ مَا كُتِبَ لَهُنَّ وَتَرْغَبُوْنَ اَنْ تَنْكِحُوْهُنَّ وَالْمُسْتَضْعَفِيْنَ مِنَ الْوِلْدَانِۙ وَاَنْ تَقُوْمُوْا لِلْيَتٰمٰى بِالْقِسْطِ ۗوَمَا تَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِهٖ عَلِيْمًا١٢٧
Wa yastaftūnaka fin-nisā'(i), qulillāhu yuftīkum fīhinn(a), wa mā yutlā ‘alaikum fil-kitābi fī yatāman-nisā'il-lātī lā tu'tūnahunna mā kutiba lahunna wa targabūna an tankiḥūhunna wal-mustaḍ‘afīna minal-wildān(i), wa an taqūmū lil-yatāmā bil-qisṭ(i), wa mā taf‘alū min khairin fa innallāha kāna bihī ‘alīmā(n).
[127]
Lan wong-wong njaluk fatwa perkoro wong wadon. Ngomongo: “Gusti Alloh nguweni fatwa lan perkoro kang diwacakaken nang riko nong njerone Al-Qur’an 175 (ugo fatwa) perkoro wong wadon atim kang sing riko weni paran-paran 176 kang wis ditetepaken nong riko sedeng riko arep ngawini 177 , lan perkoro lare-lare cilik kang apes. Lan Gusti Alloh ngongkon riko supoyo ngerumat larelare atim kanthi adil. Penggawe apik paran baen kang riko tandangi iku saktemene Gusti Alloh moho ngaweruhi.
175) Dilengen ayat 2 lan 3 surat An-Nisaa’
176) Maksude: pusoko lan maskawin
177) Miturut adat Arab Jahiliyyah, wali iku nguwasani lare wadon atim kang iyane rawati lan nguwasani bondhone pisan. Kadung lare wadon atim iku ayu dikawini lan dijuwut bondhone. Kadung sing ayu, dicegah kawin kambi wong lanang liyo supoyo iyane tetep nguwasani bondhone. Ayat iki ngelarang adat koyo iku mau.
وَاِنِ امْرَاَةٌ خَافَتْ مِنْۢ بَعْلِهَا نُشُوْزًا اَوْ اِعْرَاضًا فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَآ اَنْ يُّصْلِحَا بَيْنَهُمَا صُلْحًا ۗوَالصُّلْحُ خَيْرٌ ۗوَاُحْضِرَتِ الْاَنْفُسُ الشُّحَّۗ وَاِنْ تُحْسِنُوْا وَتَتَّقُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًا١٢٨
Wa inimra'atun khāfat mim ba‘lihā nusyūzan au i‘rāḍan falā junāḥa ‘alaihimā ay yuṣliḥā bainahumā ṣulḥā(n), waṣ-ṣulḥu khair(un), wa uḥḍiratil-anfususy-syuḥḥ(a), wa in tuḥsinū wa tattaqū fa innallāha kāna bimā ta‘malūna khabīrā(n).
[128]
Lamun wong wadon kuatir nusyuz (nyurut) 178 utowo sing direken lakine mongko sing paran-paran gawe suluh 179 . Suluh iku luwih apik masio tawes manungso iku adate melid 180 . Lamun riko awor apik kambi rabi riko lan ngadohi (nusyuz lan sing ngereken) mongko saktemene Gusti Alloh moho ngaweruhi paran kang riko tandangi.
178) Dilengen arti nusyuz nong not 291. Nusyuz teko pihak laki yoiku keras nong rabine, sing gelem ngumpuli, lan sing nguweni hak e rabine.
179) Koyo rabine gelem disudho hake pokoke lakine gelem balik maning
180) Maksude: sipate menungso iku sing gelem ngeculaken hake nong wong liyo kanthi ikhlas. Masio gedigu kadung si rabi gelem ngeculaken sebagian hake mongko si laki oleh nerimo.
وَلَنْ تَسْتَطِيْعُوْٓا اَنْ تَعْدِلُوْا بَيْنَ النِّسَاۤءِ وَلَوْ حَرَصْتُمْ فَلَا تَمِيْلُوْا كُلَّ الْمَيْلِ فَتَذَرُوْهَا كَالْمُعَلَّقَةِ ۗوَاِنْ تُصْلِحُوْا وَتَتَّقُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا١٢٩
Wa lan tastaṭī‘ū an ta‘dilū bainan-nisā'i wa lau ḥaraṣtum falā tamīlū kullal-maili fa tażarūhā kal-mu‘allaqah(ti), wa in tuṣliḥū wa tattaqū fa innallāha kāna gafūrar raḥīmā(n).
[129]
Lan ojo pisan-pisan riko sing adil nong rabirabi riko masio riko seru ngarepaken gedigu. Mulane riko ojo kari nemen (nong kang riko welasi) sampe liyane riko genengno. Lamun riko gawe apik lan ngadohi (nakalan), saktemene Gusti Alloh moho ngapuro lan moho welas.
وَاِنْ يَّتَفَرَّقَا يُغْنِ اللّٰهُ كُلًّا مِّنْ سَعَتِهٖۗ وَكَانَ اللّٰهُ وَاسِعًا حَكِيْمًا١٣٠
Wa iy yatafarraqā yugnillāhu kullam min sa‘atih(ī), wa kānallāhu wāsi‘an ḥakīmā(n).
[130]
Lamuno pegatan mongko Gusti Alloh bakal nguweni kecukupan kanggo karone saking ambere kanugrahane. Gusti Alloh moho wero (kanugrahane) ugo moho wicaksono
وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَلَقَدْ وَصَّيْنَا الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَاِيَّاكُمْ اَنِ اتَّقُوا اللّٰهَ ۗوَاِنْ تَكْفُرُوْا فَاِنَّ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَكَانَ اللّٰهُ غَنِيًّا حَمِيْدًا١٣١
Wa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa laqad waṣṣainal-lażīna ūtul-kitāba min qablikum wa iyyākum anittaqullāh(a), wa in takfurū fa inna lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa kānallāhu ganiyyan ḥamīdā(n).
[131]
Duwene Gusti Alloh iku paran-paran baen kang nong langit lan bumi. Isun wes merintah wong-wong kang wes diweni kitab sak durunge riko lan (ugo) nong riko “wedio nong Gusti Alloh”. Kadung riko kapir mongko saktemene paran baen kang nong langit lan nong bumi iku mung duwene Gusti Alloh. 181 Gusti Alloh moho sugih lan moho dialem.
181) Maksude: ulihe riko kafir iku sing nekakaken bilahi babar blas nong Gusti Alloh, mergo Gusti Alloh sing butuh nang riko
وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا١٣٢
Wa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa kafā billāhi wakīlā(n).
[132]
Lan iku kang duwene Gusti Alloh paran baen kang nong langit lan nong bumi. Cukup Gusti Alloh kang ngerekso.
اِنْ يَّشَأْ يُذْهِبْكُمْ اَيُّهَا النَّاسُ وَيَأْتِ بِاٰخَرِيْنَۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى ذٰلِكَ قَدِيْرًا١٣٣
Iy yasya' yużhibkum ayyuhan-nāsu wa ya'ti bi'ākharīn(a), wa kānallāhu ‘alā żālika qadīrā(n).
[133]
Lamuno Gusti Alloh karep, mongko riko disirnakaken, he poro menungso, lan diganti kambi bongso kang liyo (minongko kang ngganteni riko). Alloh moho kuoso gedigu iku.
مَنْ كَانَ يُرِيْدُ ثَوَابَ الدُّنْيَا فَعِنْدَ اللّٰهِ ثَوَابُ الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ ۗوَكَانَ اللّٰهُ سَمِيْعًاۢ بَصِيْرًا ࣖ١٣٤
Man kāna yurīdu ṡawābad-dun-yā fa ‘indallāhi ṡawābud-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa kānallāhu samī‘am baṣīrā(n).
[134]
Sopowonge ngarepaken ganjaran dunyo beloko (mongko iyane rugi), mergo nong ngarsane Gusti Alloh ono ganjaran dunyo lan akhirat. Gusti Alloh moho ngerungu lan moho ningali.
۞ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُوْنُوْا قَوَّامِيْنَ بِالْقِسْطِ شُهَدَاۤءَ لِلّٰهِ وَلَوْ عَلٰٓى اَنْفُسِكُمْ اَوِ الْوَالِدَيْنِ وَالْاَقْرَبِيْنَ ۚ اِنْ يَّكُنْ غَنِيًّا اَوْ فَقِيْرًا فَاللّٰهُ اَوْلٰى بِهِمَاۗ فَلَا تَتَّبِعُوا الْهَوٰٓى اَنْ تَعْدِلُوْا ۚ وَاِنْ تَلْوٗٓا اَوْ تُعْرِضُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًا١٣٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kūnū qawwāmīna bil-qisṭi syuhadā'a lillāhi wa lau ‘alā anfusikum awil-wālidaini wal-aqrabīn(a), iy yakun ganiyyan au faqīran fallāhu aulā bihimā, falā tattabi‘ul-hawā an ta‘dilū, wa in talwū au tu‘riḍū fa innallāha kāna bimā ta‘malūna khabīrā(n).
[135]
He wong-wong kang iman, riko dadio wong kang adil temenan naliko dadi saksi kerono Gusti Alloh, masio nong awak riko dewek, utowo bapak emak, utowo dulur riko. Lamun iyane 182 iku sugih utowo melarat, mongko Gusti Alloh luwih weruh kelendi apike. Mulane riko ojo nuruti nafsu nyimpang teko kang bener. Lamun riko mbolak-balik omongan utowo sungkan dadi saksi, mongko saktemene Gusti Alloh moho ngaweruhi paran kang riko tandangi.
182) Maksude: wong kang digugat utowo didakwo
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَالْكِتٰبِ الَّذِيْ نَزَّلَ عَلٰى رَسُوْلِهٖ وَالْكِتٰبِ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ مِنْ قَبْلُ ۗوَمَنْ يَّكْفُرْ بِاللّٰهِ وَمَلٰۤىِٕكَتِهٖ وَكُتُبِهٖ وَرُسُلِهٖ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ فَقَدْ ضَلَّ ضَلٰلًا ۢ بَعِيْدًا١٣٦
Yā ayyuhal-lażīna āmanū āminū billāhi wa rasūlihī wal-kitābil-lażī nazzala ‘alā rasūlihī wal-kitābil-lażī anzala min qabl(u), wa may yakfur billāhi wa malā'ikatihī wa kutubihī wa rusulihī wal-yaumil-ākhiri faqad ḍalla ḍalālam ba‘īdā(n).
[136]
He wong-wong kang iman, tetepo iman nong Gusti Alloh lan Rasule, lan nong Kitab kang didhunaken nong Rasule, lan kitab kang didhunaken sakdurunge. Sopowonge kang kapir nong Gusti Alloh, poro malaikate, poro rosule, kitab-kitabe, lan dino kiamat, mongko wong-wong iku seru kepaling sak adoh-adohe.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ثُمَّ كَفَرُوْا ثُمَّ اٰمَنُوْا ثُمَّ كَفَرُوْا ثُمَّ ازْدَادُوْا كُفْرًا لَّمْ يَكُنِ اللّٰهُ لِيَغْفِرَ لَهُمْ وَلَا لِيَهْدِيَهُمْ سَبِيْلًاۗ١٣٧
Innal-lażīna āmanū ṡumma kafarū ṡumma āmanū ṡumma kafarū ṡummazdādū kufral lam yakunillāhu liyagfira lahum wa lā liyahdiyahum sabīlā(n).
[137]
Saktemene wong-wong kang iman terus kapir, terus iman (maning) terus kapir (maning) lan tambah nemen ulihe kapir 183 , mongko Gusti Alloh sing kiro ngapuro lan sing bakal nuduhaken dalan kang kenceng.
183) Maksude: wis iyane kafir, ngino-ngino Islam pisan.
بَشِّرِ الْمُنٰفِقِيْنَ بِاَنَّ لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًاۙ١٣٨
Basysyiril-munāfiqīna bi'anna lahum ‘ażāban alīmā(n).
[138]
Warahen wong-wong munafiq iku, iyane bakal oleh sikso kang perih,
ۨالَّذِيْنَ يَتَّخِذُوْنَ الْكٰفِرِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِ الْمُؤْمِنِيْنَ ۗ اَيَبْتَغُوْنَ عِنْدَهُمُ الْعِزَّةَ فَاِنَّ الْعِزَّةَ لِلّٰهِ جَمِيْعًاۗ١٣٩
Al-lażīna yattakhiżūnal-kāfirīna auliyā'a min dūnil-mu'minīn(a), ayabtagūna ‘indahumul-‘izzata fa innal-‘izzata lillāhi jamī‘ā(n).
[139]
yoiku wong-wong kang nulungi nong wong kapir tapi genengno wong mukmin. Iyane golek joyo nong sandinge wong kapir iku? Saktemene sekabehe joyo iku duwene Gusti Alloh.
وَقَدْ نَزَّلَ عَلَيْكُمْ فِى الْكِتٰبِ اَنْ اِذَا سَمِعْتُمْ اٰيٰتِ اللّٰهِ يُكْفَرُ بِهَا وَيُسْتَهْزَاُ بِهَا فَلَا تَقْعُدُوْا مَعَهُمْ حَتّٰى يَخُوْضُوْا فِيْ حَدِيْثٍ غَيْرِهٖٓ ۖ اِنَّكُمْ اِذًا مِّثْلُهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ جَامِعُ الْمُنٰفِقِيْنَ وَالْكٰفِرِيْنَ فِيْ جَهَنَّمَ جَمِيْعًاۙ١٤٠
Wa qad nazzala ‘alaikum fil-kitābi an iżā sami‘tum āyātillāhi yukfaru bihā wa yustahza'u bihā falā taq‘udū ma‘ahum ḥattā yakhūḍū fī ḥadīṡin gairih(ī), innakum iżam miṡlahum, innallāha jāmi‘ul-munāfiqīna wal-kāfirīna fī jahannama jamī‘ā(n).
[140]
Gusti Alloh temen wes ngedhunaken nong jero Kitab lamun riko ngerungu ayat-ayate Gusti Alloh dipungkiri lan dienggo guyonan (kambi wong kapir), mongko ojo riko lungguh bareng sampe ngomongaken perkoro liyane. Mergo saktemene (kadung riko gedigu iku) yo riko podho baen kambi iyane. Saktemene Gusti Alloh bakal ngelumpukaken kabeh wong-wong munafiq lan wong-wong kafir nong jerone neroko Jahannam.
ۨالَّذِيْنَ يَتَرَبَّصُوْنَ بِكُمْۗ فَاِنْ كَانَ لَكُمْ فَتْحٌ مِّنَ اللّٰهِ قَالُوْٓا اَلَمْ نَكُنْ مَّعَكُمْ ۖ وَاِنْ كَانَ لِلْكٰفِرِيْنَ نَصِيْبٌ قَالُوْٓا اَلَمْ نَسْتَحْوِذْ عَلَيْكُمْ وَنَمْنَعْكُمْ مِّنَ الْمُؤْمِنِيْنَ ۗ فَاللّٰهُ يَحْكُمُ بَيْنَكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ وَلَنْ يَّجْعَلَ اللّٰهُ لِلْكٰفِرِيْنَ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ سَبِيْلًا ࣖ١٤١
Al-lażīna yatarabbaṣūna bikum, fa in kāna lakum fatḥum minallāhi qālū alam nakum ma‘akum, wa in kāna lil-kāfirīna naṣībun qālū alam nastaḥwiż ‘alaikum wa namna‘kum minal-mu'minīn(a), fallāhu yaḥkumu bainakum yaumal-qiyāmah(ti), wa lay yaj‘alallāhu lil-kāfirīna ‘alal-mu'minīna sabīlā(n).
[141]
(Yoiku) wong-wong kang ngenti-ngenti (kedadian) kang bakal tumibo nang riko (he wong-wong mukmin). Lamun riko menang mergo Gusti Alloh mongko iyane ngomong: “Opo isun uro (milu perang) kambi riko?” lan lamun wong-wong kafir kang menang mongko iyane ngomong: “Opo isun sing milu menangaken riko 184 lan mbelani riko teko wong mukmin?” Mongko Gusti Alloh bakal mutusi nong dino kiamat lan Gusti Alloh sing bakal nguweni dalan nong wong kapir kanggo ngalahaken wong mukmin
184) Yoiku kanthi dalan mbuka wadi-wadine wong mukmin lan nuduhaken piro-piro perkorone nong wong kafir, utowo kadung iyane miluperang bareng wong mukmin iyane perang sing temenanan
اِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ يُخٰدِعُوْنَ اللّٰهَ وَهُوَ خَادِعُهُمْۚ وَاِذَا قَامُوْٓا اِلَى الصَّلٰوةِ قَامُوْا كُسَالٰىۙ يُرَاۤءُوْنَ النَّاسَ وَلَا يَذْكُرُوْنَ اللّٰهَ اِلَّا قَلِيْلًاۖ١٤٢
Innal-munāfiqīna yukhādi‘ūnallāha wa huwa khādi‘uhum, wa iżā qāmū ilaṣ-ṣalāti qāmū kusālā, yurā'ūnan-nāsa wa lā yażkurūnallāha illā qalīlā(n).
[142]
Saktemene wong-wong munafik iku ngapusi Gusti Alloh, Gusti Alloh bakal mbales ulihe iyane ngapusi 185 . Lamun iyane ngadeg sembayang mongko iyane ngadeg kambi sungkan. Iyane mung arep pamer 186 (kambi sholat) nong ngarepe menungso. Lan iyane sithik seru ulihe eling nang Gusti Alloh 187 .
185) Maksude: Gusti Alloh nggenengaken iyane ngaku iman, mulane iyane diladeni koyo wong mukmin. Aliyo Gusti Alloh wis nyawisaken neroko kanggo iyane minongko piwales ulihe iyane ngapusi.
186) Riya’: agawe apik sing mergo golek lilone Gusti Alloh, tapi mung kanggo golek aleme menungso
187) Maksude: iyane sembayang mung kadang-kadang baen, yoiku kadung iyane ono nang antarane menungso
مُّذَبْذَبِيْنَ بَيْنَ ذٰلِكَۖ لَآ اِلٰى هٰٓؤُلَاۤءِ وَلَآ اِلٰى هٰٓؤُلَاۤءِ ۗ وَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهٗ سَبِيْلًا١٤٣
Mużabżabīna baina żālik(a), lā ilā ha'ulā'i wa lā ilā ha'ulā'(i), wa may yuḍlilillāhu falan tajida lahū sabīlā(n).
[143]
Iyane podo mamang antarane gedigu (iman ta kapir). Sing melbu mrene (wong-wong kang iman), sing mlebu mrono (wong-wong kapir). Sopo wonge disasaraken Gusti Alloh mongko sing kiro riko biso nduduhi dalan kanggo iyane.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوا الْكٰفِرِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِ الْمُؤْمِنِيْنَ ۚ اَتُرِيْدُوْنَ اَنْ تَجْعَلُوْا لِلّٰهِ عَلَيْكُمْ سُلْطٰنًا مُّبِيْنًا١٤٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattakhiżul-kāfirīna auliyā'a min dūnil-mu'minīn(a), aturīdūna an taj‘alū lillāhi ‘alaikum sulṭānam mubīnā(n).
[144]
He wong-wong kang iman, riko ojo nggawe wong kapir dadi wali 188 sedeng riko ninggalaken wong-wong mukmin. Opo riko arepe nggawe alasan kang nyoto kanggo Gusti Alloh (supoyo nyikso nong riko)?
188) Wali jamake auliyaa’: artine konco raket, ugo artine hang ngelindungi utowo hang nulungi.
اِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ فِى الدَّرْكِ الْاَسْفَلِ مِنَ النَّارِۚ وَلَنْ تَجِدَ لَهُمْ نَصِيْرًاۙ١٤٥
Innal-munāfiqīna fid-darkil-asfali minan-nār(i), wa lan tajida lahum naṣīrā(n).
[145]
Saktemene wong-wong munafik iku dilebokaken nong neroko paling ngisor. Riko sing bakal nemukaken wong kang nulungi kanggo iyane.
اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا وَاَصْلَحُوْا وَاعْتَصَمُوْا بِاللّٰهِ وَاَخْلَصُوْا دِيْنَهُمْ لِلّٰهِ فَاُولٰۤىِٕكَ مَعَ الْمُؤْمِنِيْنَۗ وَسَوْفَ يُؤْتِ اللّٰهُ الْمُؤْمِنِيْنَ اَجْرًا عَظِيْمًا١٤٦
Illal-lażīna tābū wa aṣlaḥū wa‘taṣamū billāhi wa akhlaṣū dīnahum lillāhi fa ulā'ika ma‘al-mu'minīn(a), wa saufa yu'tillāhul mu'minīna ajran ‘aẓīmā(n).
[146]
Kejobo wong kang tobat lan mbecikaken 189 lan kukuh cekelan nong (agamane) Gusti Alloh, lan tulus ikhlas (tumandang) agama kerono Gusti Alloh. Mongko iyane iku bareng wong-wong kang iman, lan mbesok Gusti Alloh bakal nguweni ganjaran kang gedhe.
189) Mbecikaken artine agawe piro-piro laku kang apik kanggo ngilangaken labet-labet kang elek lan piro-piro luput kang wis kelakon
مَا يَفْعَلُ اللّٰهُ بِعَذَابِكُمْ اِنْ شَكَرْتُمْ وَاٰمَنْتُمْۗ وَكَانَ اللّٰهُ شَاكِرًا عَلِيْمًا ۔١٤٧
Mā yaf‘alullāhu bi‘ażābikum in syakartum wa āmantum, wa kānallāhu syākiran ‘alīmā(n).
[147]
Opo yo Gusti Alloh nyikso riko sedeng riko syukur lan iman? Gusti Alloh moho kesuwun 190 lan moho ngaweruhi.
190) Gusti Alloh syukur nong kawulo-kawulone : nguweni ganjaran nong amal-amale kawulone, nyepuro lupute, lan nambahi ni’mate
۞ لَا يُحِبُّ اللّٰهُ الْجَهْرَ بِالسُّوْۤءِ مِنَ الْقَوْلِ اِلَّا مَنْ ظُلِمَ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ سَمِيْعًا عَلِيْمًا١٤٨
Lā yuḥibbullāhul-jahra bis-sū'i minal-qauli illā man ẓulim(a), wa kānallāhu samī‘an ‘alīmā(n).
[148]
Gusti Alloh sing dhemen omongan kang elek 191 , kang diucapaken kanthi anter (terang-terangan) kejobo wong kang dianioyo 192 . Gusti Alloh moho ngerungu lan moho ngaweruhi.
191) Omongan elek koyo ngenyek nong wong liyo, misuh, ngomongaken eleke wong liyo, nyenthok atine wong liyo lan sakpadhane.
192) Maksude: wong kang dianioyo oleh njelasaken nong hakim utowo wong kang kuoso ulihe agawe olo wong kang nganioyo iyane.
اِنْ تُبْدُوْا خَيْرًا اَوْ تُخْفُوْهُ اَوْ تَعْفُوْا عَنْ سُوْۤءٍ فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَفُوًّا قَدِيْرًا١٤٩
In tubdū khairan au tukhfūhu au ta‘fū ‘an sū'in fa innallāha kāna ‘afuwwan qadīrā(n).
[149]
Kadung riko ngetoroaken perkoro apik, utowo nyengidaken, utowo ngapuro salahe (wong liyo), mongko saktemene Gusti Alloh moho ngapuro lan ugo moho kuoso.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْفُرُوْنَ بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖ وَيُرِيْدُوْنَ اَنْ يُّفَرِّقُوْا بَيْنَ اللّٰهِ وَرُسُلِهٖ وَيَقُوْلُوْنَ نُؤْمِنُ بِبَعْضٍ وَّنَكْفُرُ بِبَعْضٍۙ وَّيُرِيْدُوْنَ اَنْ يَّتَّخِذُوْا بَيْنَ ذٰلِكَ سَبِيْلًاۙ١٥٠
Innal-lażīna yakfurūna billāhi wa rusulihī wa yurīdūna ay yufarriqū bainallāhi wa rusulihī wa yaqūlūna nu'minu biba‘ḍin wa nakfuru biba‘ḍ(in), wa yurīdūna ay yattakhiżū baina żālika sabīlā(n).
[150]
Saktemene wong-wong kang kafir nong Gusti Alloh lan rosul-rosule lan nyejo mbedo-mbedokaken 193 antarane imam nang Gusti Alloh lan rosul-rosule, kanthi ngucap: “Isun iman nong sebagian kang iki lan isun kafir nong sebagian (kang liyo)”, ugo nyejo (kambi ucapan iku) njuwut dalan (tengah) nong antarane iku (iman lan kafir),
193) Maksude: iman nong Gusti Alloh, tapi hing iman nong rosul-rosule.
اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْكٰفِرُوْنَ حَقًّا ۚوَاَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابًا مُّهِيْنًا١٥١
Ulā'ika humul-kāfirūna ḥaqqā(n), wa a‘tadnā lil-kāfirīna ‘ażābam muhīnā(n).
[151]
Iyane iku wong-wong kafir kang nyoto. Isun wis nyawisaken sikso kang nginoaken kanggo wong-wong kafir iku mau.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖ وَلَمْ يُفَرِّقُوْا بَيْنَ اَحَدٍ مِّنْهُمْ اُولٰۤىِٕكَ سَوْفَ يُؤْتِيْهِمْ اُجُوْرَهُمْ ۗوَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ࣖ١٥٢
Wal-lażīna āmanū billāhi wa rusulihī wa lam yufarriqū baina aḥadim minhum ulā'ika saufa nu'tīhim ujūrahum, wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[152]
Wong-wong kang iman nong Gusti Alloh lan rosul-rosule, lan sing mbedho-bedhoaken antarane poro utusan, mbesok Gusti Alloh bakal nguweni ganjarane. Lan Gusti Alloh moho ngapuro ugo moho welas.
يَسْـَٔلُكَ اَهْلُ الْكِتٰبِ اَنْ تُنَزِّلَ عَلَيْهِمْ كِتٰبًا مِّنَ السَّمَاۤءِ فَقَدْ سَاَلُوْا مُوْسٰٓى اَكْبَرَ مِنْ ذٰلِكَ فَقَالُوْٓا اَرِنَا اللّٰهَ جَهْرَةً فَاَخَذَتْهُمُ الصَّاعِقَةُ بِظُلْمِهِمْۚ ثُمَّ اتَّخَذُوا الْعِجْلَ مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُمُ الْبَيِّنٰتُ فَعَفَوْنَا عَنْ ذٰلِكَ ۚ وَاٰتَيْنَا مُوْسٰى سُلْطٰنًا مُّبِيْنًا١٥٣
Yas'aluka ahlul-kitābi an tunazzila ‘alaihim kitābam minas-samā'i faqad sa'alū mūsā akbara min żālika fa qālū arinallāha jahratan fa akhażathumuṣ-ṣā‘iqatu bi ẓulmihim, ṡummattakhażul-‘ijla mim ba‘di mā jā'athumul-bayyinātu fa ‘afaunā ‘an żālik(a), wa ātainā mūsā sulṭānam mubīnā(n).
[153]
Ahli Kitab ngongkon supoyo riko (Muhammad) ngedhunaken suwiji kitab teko langit nang iyane. Mongko saktemene iyane (kakek moyange) tau ngongkon nong Musa perkoro kang luwih gedhe teko iku. Iyane ngomong: “duduhno Gusti Alloh nong isun kanthi nyoto”. Mongko iyane disamber gludhug mergo ulihe nganioyo, lan iyane nyembah anake sapi 194 , sakwise ono bukti-bukti kang nyoto, nuli gedigu iku wes sun sepuro. Lan Isun wes nguweni Musa bukti kuoso kang nyoto.
194) Anak sapi iku digawe teko emas kanggo disembah
وَرَفَعْنَا فَوْقَهُمُ الطُّوْرَ بِمِيْثَاقِهِمْ وَقُلْنَا لَهُمُ ادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا وَّقُلْنَا لَهُمْ لَا تَعْدُوْا فِى السَّبْتِ وَاَخَذْنَا مِنْهُمْ مِّيْثَاقًا غَلِيْظًا١٥٤
Wa rafa‘nā fauqahumuṭ ṭūra bimīṡāqihim wa qulnā lahumudkhulul-bāba sujjadaw wa qulnā lahum lā ta‘dū fis-sabti wa akhażnā minhum mīṡāqan galīẓā(n).
[154]
Lan Isun wis ngangkat gumuk Thursina nong dhuwure (endhase iyane) kanggo (nerimo) semayane (kang wis Sun jaluk teko) iyane. Lan Isun wis ngongkon iyane: “Melbuho gapuro (Baitul maqdis) iku kanthi sujud 195 ”, lan Sun ngongkon (ugo): “Ojo riko nerak/ngelaradi aturan dino Sabtu 196 ”. Lan Isun wes njaluk nong iyane semayan kang kukuh.
195) Kang dimaksud kambi “gapuro iku” dilengen nong ayat 58 surat Al-Baqoroh lan “kanthi sujud” nong not 54
196) Dino Sabtu yoiku dino Sabbat kang khusus ibadah wong Yahudi
فَبِمَا نَقْضِهِمْ مِّيْثَاقَهُمْ وَكُفْرِهِمْ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَقَتْلِهِمُ الْاَنْۢبِيَاۤءَ بِغَيْرِ حَقٍّ وَّقَوْلِهِمْ قُلُوْبُنَا غُلْفٌ ۗ بَلْ طَبَعَ اللّٰهُ عَلَيْهَا بِكُفْرِهِمْ فَلَا يُؤْمِنُوْنَ اِلَّا قَلِيْلًاۖ١٥٥
Fabimā naqḍihim mīṡāqahum wa kufrihim bi'āyātillāhi wa qatlihimul-ambiyā'a bigairi ḥaqqiw wa qaulihim qulūbunā gulf(un), bal ṭaba‘allāhu ‘alaihā bikufrihim falā yu'minūna illā qalīlā(n).
[155]
Mongko (Isun natrapi iyane) 197 , mergo iyane nerak semayane iku, lan mergo ulihe iyane kafir nong piro-piro tengerane Gusti Alloh, lan iyane mateni nabi-nabi tanpo (sabab) kang bener, lan omonge: “Atinisun wis ketutup”. Aliyo Gusti Alloh wis ngancing atine iyane mergo ulihe kafir. Mulane iyane hing bakal iman kejobo sebagiane kang sithik.
197) Tatrapan iku rupo nemah iyane, iyane disamber gludhug, iyane disabdho dadi bojog, lan sak pinunggale
وَّبِكُفْرِهِمْ وَقَوْلِهِمْ عَلٰى مَرْيَمَ بُهْتَانًا عَظِيْمًاۙ١٥٦
Wa bikufrihim wa qaulihim ‘alā maryama buhtānan ‘aẓīmā(n).
[156]
Lan mergo ulihe kafir (nong Isa), lan ulihe iyane nudhuh Maryam nong gubaban kang gedhe (jino),
وَّقَوْلِهِمْ اِنَّا قَتَلْنَا الْمَسِيْحَ عِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ رَسُوْلَ اللّٰهِۚ وَمَا قَتَلُوْهُ وَمَا صَلَبُوْهُ وَلٰكِنْ شُبِّهَ لَهُمْ ۗوَاِنَّ الَّذِيْنَ اخْتَلَفُوْا فِيْهِ لَفِيْ شَكٍّ مِّنْهُ ۗمَا لَهُمْ بِهٖ مِنْ عِلْمٍ اِلَّا اتِّبَاعَ الظَّنِّ وَمَا قَتَلُوْهُ يَقِيْنًاۢ ۙ١٥٧
Wa qaulihim innā qatalnal-masīḥa ‘īsabna maryama rasūlallāh(i), wa mā qatalūhu wa mā ṣalabūhu wa lākin syubbiha lahum, wa innal-lażīnakhtalafū fīhi lafī syakkim minh(u), mā lahum bihī min ‘ilmin illattibā‘aẓ-ẓanni wa mā qatalūhu yaqīnā(n).
[157]
Lan mergo omonge: “Saktemene isun wis mateni Al Masiih, ‘Isa anake Maryam, Rasul Alloh 198 ”, aliyo iyane sing mateni lan (ugo) sing nyalib, tapi (kang dipateni yoiku) wong kang diserupokaken kambi ‘Isa. Saktemene wong-wong kang podo persulayan nong (ulihe mateni) ‘Isa, iku seru mamange. Iyane sing yakin sopo kang dipateni iku, mung ngetutaken sangkane, iyane (ugo) sing yakin gok kang dipateni iku ‘Isa.
198) Iyane ngarani ‘Isa anake Maryam iku Rasul Alloh mung kanggo madhani, mergo iyane dhewek sing percoyo gok ‘Isa iku rasul.
بَلْ رَّفَعَهُ اللّٰهُ اِلَيْهِ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَزِيْزًا حَكِيْمًا١٥٨
Bar rafa‘ahullāhu ilaih(i), wa kānallāhu ‘azīzan ḥakīmā(n).
[158]
Tapi (kang bener), Gusti Alloh wis ngunggahaken ‘Isa 199 . Lan Gusti Alloh moho joyo ugo moho wicaksono.
199) Ayat iki kanggo nalari nong sangkane wong Yahudi gok iyane wis mateni Nabi ‘Isa.
وَاِنْ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ اِلَّا لَيُؤْمِنَنَّ بِهٖ قَبْلَ مَوْتِهٖ ۚوَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ يَكُوْنُ عَلَيْهِمْ شَهِيْدًاۚ١٥٩
Wa im min ahlil-kitābi illā layu'minanna bihī qabla mautih(ī), wa yaumal-qiyāmati yakūnu ‘alaihim syahīdā(n).
[159]
Poro Ahli Kitab pasthi bakal iman nong (‘Isa) sakdurunge matine 200 . Lan nong dino kiamat ‘Isa bakal nyakseni.
200) Sakdurunge mati, saben-saben wong Yahudi lan Nasrani mesthi bakal iman nong ‘Isa, gok iyane iku Rasululloh, dudu anake Gusti Alloh. Miturut sebagian mufassirin, iyane iman iku sakdurunge mati.
فَبِظُلْمٍ مِّنَ الَّذِيْنَ هَادُوْا حَرَّمْنَا عَلَيْهِمْ طَيِّبٰتٍ اُحِلَّتْ لَهُمْ وَبِصَدِّهِمْ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ كَثِيْرًاۙ١٦٠
Fa biẓulmim minal-lażīna hādū ḥarramnā ‘alaihim ṭayyibātin uḥillat lahum wa biṣaddihim ‘an sabīlillāhi kaṡīrā(n).
[160]
Mongko mergo ulihe wong Yahudi nganioyo, Sun haramaken (mangan) panganan-panganan kang enak (kang bengen) dihalalaken, lan mergo iyane seru ulihe ngalangi (menungso) nong dalane Gusti Alloh.
وَّاَخْذِهِمُ الرِّبٰوا وَقَدْ نُهُوْا عَنْهُ وَاَكْلِهِمْ اَمْوَالَ النَّاسِ بِالْبَاطِلِ ۗوَاَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ مِنْهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا١٦١
Wa akhżihimur-ribā wa qad nuhū ‘anhu wa aklihim amwālan-nāsi bil-bāṭil(i), wa a‘tadnā lil-kāfirīna minhum ‘ażāban alīmā(n).
[161]
Lan mergo ulihe iyane mangan riba aliyo saktemene wes dipenging, lan mergo ulihe mangan bondhone uwong liyo kanthi olo (urosah/bathil). Isun wis nyawisaken sikso kang perih kanggo iyane kang kafir.
لٰكِنِ الرّٰسِخُوْنَ فِى الْعِلْمِ مِنْهُمْ وَالْمُؤْمِنُوْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ وَالْمُقِيْمِيْنَ الصَّلٰوةَ وَالْمُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَالْمُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ اُولٰۤىِٕكَ سَنُؤْتِيْهِمْ اَجْرًا عَظِيْمًا ࣖ١٦٢
Lākinir-rāsikhūna fil-‘ilmi minhum wal-mu'minūna yu'minūna bimā unzila ilaika wa mā unzila min qablika wal-muqīmīnaṣ-ṣalāta wal-mu'tūnaz-zakāta wal-mu'minūna billāhi wal-yaumil-ākhir(i), ulā'ika sanu'tīhim ajran ‘aẓīmā(n).
[162]
Tapi wong-wong kang kukuh (jeru) ilmune, lan wong mukmin kang iman nong paran kang didhunaken nong riko (Al-Qur’an), lan paran kang didhunaken sakdurunge riko, lan wong-wong kang ngadegaken sembayang, nuhoni zakat, lan iman nong Gusti Alloh lan dino kiyamat, iku mbesok bakal Sun weni ganjaran kang gedhe.
۞ اِنَّآ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ كَمَآ اَوْحَيْنَآ اِلٰى نُوْحٍ وَّالنَّبِيّٖنَ مِنْۢ بَعْدِهٖۚ وَاَوْحَيْنَآ اِلٰٓى اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَالْاَسْبَاطِ وَعِيْسٰى وَاَيُّوْبَ وَيُوْنُسَ وَهٰرُوْنَ وَسُلَيْمٰنَ ۚوَاٰتَيْنَا دَاوٗدَ زَبُوْرًاۚ١٦٣
Innā auḥainā ilaika kamā auḥainā ilā nūḥiw wan-nabiyyīna mim ba‘dih(ī), wa auḥainā ilā ibrāhīma wa ismā‘īla wa isḥāqa wa ya‘qūba wal-asbāṭi wa ‘īsā wa ayyūba wa yūnusa wa hārūna wa sulaimān(a), wa ātainā dāwūda zabūrā(n).
[163]
Saktemene Isun wes nguweni wahyu nong riko (Muhammad) koyo Isun nguweni wahyu nong Nuh lan nabi-nabi kang sakwise, Isun (ugo) nguweni wahyu nong Ibrohim, Isma’il, Ishaq, Ya’qub lan anak putune, ‘Isa, Ayyub, Yunus, Harun, Sulaiman, lan Isun nguweni Zabur nong Daud.
وَرُسُلًا قَدْ قَصَصْنٰهُمْ عَلَيْكَ مِنْ قَبْلُ وَرُسُلًا لَّمْ نَقْصُصْهُمْ عَلَيْكَ ۗوَكَلَّمَ اللّٰهُ مُوْسٰى تَكْلِيْمًاۚ١٦٤
Wa rusulan qad qaṣaṣnāhum ‘alaika wa rusulal lam naqṣuṣhum ‘alaik(a), wa kallamallāhu mūsā taklīmā(n).
[164]
Lan (Isun wis ngutus) rasul-rasul kang wis Sun ceritakaken nong riko bengen, lan rasul-rasul kang sing Sun ceritakaken nong riko. Lan Gusti Alloh wis ngomongi Musa kanthi langsung 201
201) Gusti Alloh ngomong kanthi langsung kambi Nabi Musa dadi kautamane Nabi Musa. Lan mergo Nabi Musa diarani “Kalimullah” sedeng rasul-rasul liyane merkulih wahyu teko Gusti Alloh kambi lantaran Jibril. Semono ugo Kanjeng Nabi Muhammad tau ngomong langsungkambi Gusti Alloh nalikane mi’raj.
رُسُلًا مُّبَشِّرِيْنَ وَمُنْذِرِيْنَ لِئَلَّا يَكُوْنَ لِلنَّاسِ عَلَى اللّٰهِ حُجَّةٌ ۢ بَعْدَ الرُّسُلِ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَزِيْزًا حَكِيْمًا١٦٥
Rusulam mubasysyirīna wa munżirīna li'allā yakūna lin-nāsi ‘alallāhi ḥujjatum ba‘dar-rusul(i), wa kānallāhu ‘azīzan ḥakīmā(n).
[165]
(Isun ngutus) rasul-rasul minongko wong kang gowo kabar bungah lan nguweni pangeling-eling (kabar meden-medeni) supoyo menungso sing duwe alasan nalari Gusti Alloh sakwise diutuse rasul-rasul iku. Gusti Alloh moho joyo ugo moho wicaksono.
لٰكِنِ اللّٰهُ يَشْهَدُ بِمَآ اَنْزَلَ اِلَيْكَ اَنْزَلَهٗ بِعِلْمِهٖ ۚوَالْمَلٰۤىِٕكَةُ يَشْهَدُوْنَ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًاۗ١٦٦
Lākinillāhu yasyhadu bimā anzala ilaika anzalahū bi‘ilmih(ī), wal-malā'ikatu yasyhadūn(a), wa kafā billāhi syahīdā(n).
[166]
(Iyane sing gelem ngakoni kang didhunaken nang riko) tapi Gusti Alloh dadi saksi nang Al-Qur’an kang didhunaken nong riko. Gusti Alloh ngedhunaken kambi ilmune. Malaikat-malaikat yo nyakseni (ugo). Cukup Gusti Alloh kang dadi saksi.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ قَدْ ضَلُّوْا ضَلٰلًا ۢ بَعِيْدًا١٦٧
Innal-lażīna kafarū wa ṣaddū ‘an sabīlillāhi qad ḍallū ḍalālam ba‘īdā(n).
[167]
Saktemene wong-wong kang kafir lan ngalangi (menungso) teko dalane Gusti Alloh, iku temenan wes kesasar seru sak adoh-adohe.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَظَلَمُوْا لَمْ يَكُنِ اللّٰهُ لِيَغْفِرَ لَهُمْ وَلَا لِيَهْدِيَهُمْ طَرِيْقًاۙ١٦٨
Innal-lażīna kafarū wa ẓalamū lam yakunillāhu liyagfira lahum wa lā liyahdiyahum ṭarīqā(n).
[168]
Saktemene wong-wong kang kafir lan nganioyo iku saktemene Gusti Alloh sing pisan-pisan bakal ngapuro lan sing bakal nuduhi iyane dalan kang bener.
اِلَّا طَرِيْقَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًا ۗوَكَانَ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرًا١٦٩
Illā ṭarīqa jahannama khālidīna fīhā abadā(n), wa kāna żālika ‘alallāhi yasīrā(n).
[169]
Kejobo dalan nong neroko Jahannam, iyane nong jerone langgeng saklawase. Kang gedigu iku gampang kanggo Gusti Alloh.
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاۤءَكُمُ الرَّسُوْلُ بِالْحَقِّ مِنْ رَّبِّكُمْ فَاٰمِنُوْا خَيْرًا لَّكُمْ ۗوَاِنْ تَكْفُرُوْا فَاِنَّ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا١٧٠
Yā ayyuhan-nāsu qad jā'akumur-rasūlu bil-ḥaqqi mir rabbikum fa āminū khairal lakum, wa in takfurū fa inna lillāhi mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[170]
He menungso, saktemene wis teko nong riko Rasul (Muhammad) kang (gowo) kebeneran teko Pangeran riko, mongko riko imano, iku kang luwih apik kanggo riko. Lan kadung riko kafir, (mongko Gusti Alloh sing tuno babar blas), mergo saktemene paran baen kang ono nong langit lan bumi iku duwene Gusti Alloh. 202 Gusti Alloh iku moho ngaweruhi ugo moho wicaksono.
202) Gusti Alloh kang nduweni kabeh kang nong langit lan bumi mesthi baen sing mbutuhaken sopo-sopo, mulane ulihe riko kafir sing bakal nekakaken tuno sithik-sithiko nong Gusti Alloh.
يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لَا تَغْلُوْا فِيْ دِيْنِكُمْ وَلَا تَقُوْلُوْا عَلَى اللّٰهِ اِلَّا الْحَقَّۗ اِنَّمَا الْمَسِيْحُ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ رَسُوْلُ اللّٰهِ وَكَلِمَتُهٗ ۚ اَلْقٰىهَآ اِلٰى مَرْيَمَ وَرُوْحٌ مِّنْهُ ۖفَاٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖۗ وَلَا تَقُوْلُوْا ثَلٰثَةٌ ۗاِنْتَهُوْا خَيْرًا لَّكُمْ ۗ اِنَّمَا اللّٰهُ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ ۗ سُبْحٰنَهٗٓ اَنْ يَّكُوْنَ لَهٗ وَلَدٌ ۘ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا ࣖ١٧١
Yā ahlal-kitābi lā taglū fī dīnikum wa lā taqūlū ‘alallāhi illal-ḥaqq(a), innamal-masīḥu ‘īsabnu maryama rasūlullāhi wa kalimatuh(ū), alqāhā ilā maryama wa rūḥum minh(u), fa āminū billāhi wa rusulih(ī), wa lā taqūlū ṡalāṡah(tun), inntahū khairal lakum innamallāhu ilāhuw wāḥid(un), subḥānahū ay yakūna lahū walad(un), lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa kafā billāhi wakīlā(n).
[171]
He Ahli Kitab, ojo riko kebacut (ngeliwati bates) nong agama riko 203 , lan ojo riko ngomong kang sing bener nong Gusti Alloh. Saktemene Al-Masih, ‘Isa anake Maryam, iku utusane Gusti Alloh lan (kang digawe kanthi) kalimate kang ditibakaken nong Maryam, lan (kambi disemprong) roh teko Iyane 204 . Mongko riko imano nong Gusti Alloh lan rasul-rasule. Lan ojo riko ngucap: “(Pangeran iku) telu”, mandhego (ngucap gedigu). (Iku) luwih apik kanggo riko. Saktemene Gusti Alloh iku Pangeran kang moho siji. Moho suci Gusti Alloh gok duwe anak. Sekabehe kang ono nong langit lan bumi iku duwene Iyane. Cukup Gusti Alloh kang ngerumat.
203) Maksude ojo riko ngomong gok Nabi ‘Isa iku Gusti Alloh, koyo kang diomongaken wong Nasrani.
204) Disebut semprongan teko Gusti Alloh mergo semprongan iku asale teko perintahe Gusti Alloh.
لَنْ يَّسْتَنْكِفَ الْمَسِيْحُ اَنْ يَّكُوْنَ عَبْدًا لِّلّٰهِ وَلَا الْمَلٰۤىِٕكَةُ الْمُقَرَّبُوْنَۗ وَمَنْ يَّسْتَنْكِفْ عَنْ عِبَادَتِهٖ وَيَسْتَكْبِرْ فَسَيَحْشُرُهُمْ اِلَيْهِ جَمِيْعًا١٧٢
Lay yastankifal-masīḥu ay yakūna ‘abdal lillāhi wa lal-malā'ikatul-muqarrabūn(a), wa may yastankif ‘an ‘ibādatihī wa yastakbir fa sayaḥsyuruhum ilaihi jamī‘ā(n).
[172]
Al-Masih sepisan-pisan hing wegah dadi kawulane Gusti Alloh, ugo poro Malaikat kang parek (nong Gusti Alloh). 205 Sopo wonge wegah nyembah Gusti Alloh lan gumede, mongko mbesok Gusti Alloh bakal nglumpukaken nang iyane.
205) Yoiku poro malaekat kang ono nong sak ubenge Arsy koyo Jibril, Mikail, Isrofil, lan poro malaekat kang sak tingkat
فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَيُوَفِّيْهِمْ اُجُوْرَهُمْ وَيَزِيْدُهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖۚ وَاَمَّا الَّذِيْنَ اسْتَنْكَفُوْا وَاسْتَكْبَرُوْا فَيُعَذِّبُهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًاۙ وَّلَا يَجِدُوْنَ لَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا١٧٣
Fa ammal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fa yuwaffīhim ujūrahum wa yazīduhum min faḍlih(ī), wa ammal-lażīnastankafū wastakbarū fa yu‘ażżibuhum ‘ażāban alīmā(n), wa lā yajidūna lahum min dūnillāhi waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[173]
Ono dene wong-wong kang iman lan agawe amal apik mongko Gusti Alloh bakal nyempurnakaken ganjarane lan Gusti Alloh nambahi kanugrahane. Ana dene wong-wong kang nulak lan ladak, mongko Gusti Alloh bakal nguweni sikso kang perih, lan iyane sing bakal nemu kang nulung lan kang pengayom kejobo Gusti Alloh.
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاۤءَكُمْ بُرْهَانٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَاَنْزَلْنَآ اِلَيْكُمْ نُوْرًا مُّبِيْنًا١٧٤
Yā ayyuhan-nāsu qad jā'akum burhānum mir rabbikum wa anzalnā ilaikum nūram mubīnā(n).
[174]
He menungso, saktemene wis teko nong riko bukti bebener teko Pangeran riko, (Muhammad lan mu’jizate) lan Isun wis mudhunaken nong riko sunar kang mencorong (Al-Qur’an).
فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَاعْتَصَمُوْا بِهٖ فَسَيُدْخِلُهُمْ فِيْ رَحْمَةٍ مِّنْهُ وَفَضْلٍۙ وَّيَهْدِيْهِمْ اِلَيْهِ صِرَاطًا مُّسْتَقِيْمًاۗ١٧٥
Fa ammal-lażīna āmanū billāhi wa‘taṣamū bihī fa sayudkhiluhum fī raḥmatim minhu wa faḍl(in), wa yahdīhim ilaihi ṣirāṭam mustaqīmā(n).
[175]
Ana dene wong kang iman nong Gusti Alloh lan cekelan kukuh nong (agama) Gusti Alloh, mongko mesthi Gusti Alloh bakal nglebokaken nong rohmat (swargo) lan kanugrahane. Lan nduduhi iyane nong dalan kang kenceng mane gadug nong Gusti Alloh.
يَسْتَفْتُوْنَكَۗ قُلِ اللّٰهُ يُفْتِيْكُمْ فِى الْكَلٰلَةِ ۗاِنِ امْرُؤٌا هَلَكَ لَيْسَ لَهٗ وَلَدٌ وَّلَهٗٓ اُخْتٌ فَلَهَا نِصْفُ مَا تَرَكَۚ وَهُوَ يَرِثُهَآ اِنْ لَّمْ يَكُنْ لَّهَا وَلَدٌ ۚ فَاِنْ كَانَتَا اثْنَتَيْنِ فَلَهُمَا الثُّلُثٰنِ مِمَّا تَرَكَ ۗوَاِنْ كَانُوْٓا اِخْوَةً رِّجَالًا وَّنِسَاۤءً فَلِلذَّكَرِ مِثْلُ حَظِّ الْاُنْثَيَيْنِۗ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اَنْ تَضِلُّوْا ۗ وَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ࣖ١٧٦
Yastaftūnak(a), qulillāhu yuftīkum fil-kalālah(ti), inimru'un halaka laisa lahū waladuw wa lahū ukhtun fa lahā niṣfu mā tarak(a), wa huwa yariṡuhā illam yakul lahā walad(un), fa in kānataṡnataini fa lahumaṡ-ṡuluṡāni mimmā tarak(a), wa in kānū ikhwatar rijālaw wa nisā'an fa liż-żakari miṡlu ḥaẓẓil-unṡayain(i), yubayyinullāhu lakum an taḍillū, wallāhu bikulli syai'in ‘alīm(un).
[176]
Wong-wong njaluk hukum nong riko perkoro kalalah 206 . Ngucapo: “Gusti Alloh nguweni hukum kanggo riko perkoro kalalah, yoiku: “kadung ono wong mati iyane sing duwe anak lan iyane duwe dulur wadon, mongko dulur wadon iku mau marisi separo teko bondho kang ditinggalaken. Dulur lanang marisi kabeh bondhone kadung iyane (dulur wadon kang mati) sing duwe anak. Lamun duwe dulur wadon loro, mongko dulur wadon loro iku mau oleh rong pertelu teko bondho kang ditinggalaken. Lan lamun dulure iku ono lanang ono wadon, mongko bagiane dulur lanang iku podo kambi bagiane dulurwadon loro. Gusti Alloh nerangaken (hukum iki) nong riko, mane riko sing bingung (sasar). Lan Gusti Alloh moho ngaweruhi sembarang kalir.
206) Kalalah yoiku wong kang mati sing ninggalaken bapak lan anak.