Surah Sad

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
صۤ ۗوَالْقُرْاٰنِ ذِى الذِّكْرِۗ١
Ṣād, wal-qur'āni żiż-żikr(i).
[1] Ṣād, Demi Al-Qur’an hang duwe keagungan.

بَلِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فِيْ عِزَّةٍ وَّشِقَاقٍ٢
Balil-lażīna kafarū fī ‘izzatiw wa syiqāq(in).
[2] Sebenere wong-wong kafir iku tetep angkuh lan tetep ngelakoni eker ekeran hang sengit.

كَمْ اَهْلَكْنَا مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنْ قَرْنٍ فَنَادَوْا وَّلَاتَ حِيْنَ مَنَاصٍ٣
Kam ahlaknā min qablihim min qarnin fanādaw wa lāta ḥīna manāṣ(in).
[3] Kari akeh umat hang sakdurunge wong-wong iku hang wes isun ajuraken, terus wong-wong iku njaluk tolong padahal (wektu iku) dhudhu wektu kanggo melayu ngelepas awak dewek.

وَعَجِبُوْٓا اَنْ جَاۤءَهُمْ مُّنْذِرٌ مِّنْهُمْ ۖوَقَالَ الْكٰفِرُوْنَ هٰذَا سٰحِرٌ كَذَّابٌۚ٤
Wa ‘ajibū an jā'ahum munżirum minhum, wa qālal-kāfirūna hāżā sāḥirun każżāb(un).
[4] Lan Wong-wong iku heran kerana wong wong iku ketekanan siji wong hang nguweni pepenget (Rasul) teka kalangane wong wong iku. Lan wong-wong kafir ngomong:” iki siji wong ahli sihir hang akeh gorohe.

اَجَعَلَ الْاٰلِهَةَ اِلٰهًا وَّاحِدًا ۖاِنَّ هٰذَا لَشَيْءٌ عُجَابٌ٥
Aja‘alal-ālihata ilāhaw wāḥidā(n), inna hāżā lasyai'un ‘ujāb(un).
[5] Apuwo iyane ndadekaken Pengeran-pengeran iku Pengeran mong siji baen ? setemene iki bener bener sewiji hal hang nggawokaken.

وَانْطَلَقَ الْمَلَاُ مِنْهُمْ اَنِ امْشُوْا وَاصْبِرُوْا عَلٰٓى اٰلِهَتِكُمْ ۖاِنَّ هٰذَا لَشَيْءٌ يُّرَادُ ۖ٦
Wanṭalaqal-mala'u minhum animsyū waṣbirū ‘alā ālihatikum, inna hāżā lasyai'uy yurād(u).
[6] Lan menango para pengarepe wong-wong iku (seraya ngomong) menango rika lan tetepa (nyembah) Pengeran Pengeranira, setemene iki bener bener perkara hal hang dikarepaken 777
777) Maksude : mungguh wong wong kafir setemene nyembah Pengeran Pengeran ikulah hang sebenere dikarepaken Gusti Alloh

مَا سَمِعْنَا بِهٰذَا فِى الْمِلَّةِ الْاٰخِرَةِ ۖاِنْ هٰذَآ اِلَّا اخْتِلَاقٌۚ٧
Mā sami‘nā bihāżā fil-millatil-ākhirah(ti), in hāżā illakhtilāq(un).
[7] Isun seng tau kerungu hal iki reng Agama hang pungkasan 778 . hal iki (Meng esakan Gusti Alloh), heng ana liya mung (dunya) hang digawe-gawe.
778) Hang dimaksud wong wong kafir Quraisy kambi agama hang terahir yaiku agama Nasrani

اَؤُنْزِلَ عَلَيْهِ الذِّكْرُ مِنْۢ بَيْنِنَا ۗبَلْ هُمْ فِيْ شَكٍّ مِّنْ ذِكْرِيْۚ بَلْ لَّمَّا يَذُوْقُوْا عَذَابِ ۗ٨
A'unzila ‘alaihiż-żikru mim baininā, bal hum fī syakkim min żikrī, bal lammā yażūqū ‘ażāb(i).
[8] Apuwo Al-Qur’an iku di dunaken nang iyane antara kita? setemene wong-wong iku mamang ambi Al-Qur’an isun. Lan setemene wong wong iku durung ngerasakaken seksanisun.

اَمْ عِنْدَهُمْ خَزَاۤىِٕنُ رَحْمَةِ رَبِّكَ الْعَزِيْزِ الْوَهَّابِۚ٩
Am ‘indahum khazā'inu raḥmati rabbikal-‘azīzil-wahhāb(i).
[9] Utawa apa wong-wong iku nduwe celengan Rahmat Pengeraniro hang Maha Perkasa lan Maha nguweni.

اَمْ لَهُمْ مُّلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۗفَلْيَرْتَقُوْا فِى الْاَسْبَابِ١٠
Am lahum mulkus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, falyartaqū fil-asbāb(i).
[10] Utawa apa wong-wong iku duwek kerajaan langi lan bumi lan hang ana antarane karone? (kadung ana), mangka kudune wong wong iku munggah ondho (nang langit).

جُنْدٌ مَّا هُنَالِكَ مَهْزُوْمٌ مِّنَ الْاَحْزَابِ١١
Jundum mā hunālika mahzūmum minal-aḥzāb(i).
[11] Sijine tentara hang gedhe hang ana ning kana teka golongan golongan hang berserikat, pesti arep dikalahaken.

كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوْحٍ وَّعَادٌ وَّفِرْعَوْنُ ذُو الْاَوْتَادِۙ١٢
Każżabat qablahum qaumu nūḥiw wa ‘āduw wa fir‘aunu żul-autād(i).
[12] Wes digorohaken (Rasul-rasul pisan) sedurunge wong-wong iku kaum Nabi Nuh, kaum Ad lan firaun hang duwe bala tentara hang akeh.

وَثَمُوْدُ وَقَوْمُ لُوْطٍ وَّاَصْحٰبُ لْـَٔيْكَةِ ۗ اُولٰۤىِٕكَ الْاَحْزَابُ١٣
Wa ṡamūdu wa qaumu lūṭiw wa aṣḥābul-aikah(ti), ulā'ikal-aḥzāb(u).
[13] Lan Tsamud, kaum Luth lan kampong Aikah 779 , kabeh iku golongan golongan hang bareng bareng (nentang para rasul).
779) Penduduk Aikah yaiku penduduk Madyan yaiku kaume Nabi Syueb as

اِنْ كُلٌّ اِلَّا كَذَّبَ الرُّسُلَ فَحَقَّ عِقَابِ ࣖ١٤
In kullun illā każżabar-rusula faḥaqqa ‘iqāb(i).
[14] kabeh wong wong iku, heng ana liya mung gharahaken rasul rasul, mangka pestine siksanisun (kanggo wong wong iku)

وَمَا يَنْظُرُ هٰٓؤُلَاۤءِ اِلَّا صَيْحَةً وَّاحِدَةً مَّا لَهَا مِنْ فَوَاقٍ١٥
Wa mā yanẓuru hā'ulā'i illā ṣaiḥataw wāḥidatam mā lahā min fawāq(in).
[15] Wong wong iku heng ngenteni kejaba mung siji kaokan bain, hang sing ana kanggone saat selane 780 ).
780) Siji kaokan iku kanggo tandha dina kiyamat lan kaokan iki kari anter lan cepet

وَقَالُوْا رَبَّنَا عَجِّلْ لَّنَا قِطَّنَا قَبْلَ يَوْمِ الْحِسَابِ١٦
Wa qālū rabbanā ‘ajjil lanā qiṭṭanā qabla yaumil-ḥisāb(i).
[16] Lan Wong-wong iku ngomong : “He Pengeranisun, gancangna kanggo isun seksa hang dikanggokaken kanggo isun, sedurunge dina peritungan.

اِصْبِرْ عَلٰى مَا يَقُوْلُوْنَ وَاذْكُرْ عَبْدَنَا دَاوٗدَ ذَا الْاَيْدِۚ اِنَّهٗٓ اَوَّابٌ١٧
Iṣbir ‘alā mā yaqūlūna ważkur ‘abdanā dāwūda żal-aid(i), innahū awwāb(un).
[17] Sabaro nang paran bain hang diomongaken wong-wong iku, lan engeto batur isun Daud hang duwe kekuatan. setemene Daud iku wong hang sanget taat (nang Pengeran)

اِنَّا سَخَّرْنَا الْجِبَالَ مَعَهٗ يُسَبِّحْنَ بِالْعَشِيِّ وَالْاِشْرَاقِۙ١٨
Innā sakhkharnal-jibāla ma‘ahū yusabbiḥna bil-‘asyiyyi wal-isyrāq(i).
[18] setemene isun hang ndhungklukaken gunung-gunung myakne maca tasbih bareng-bareng iyane (Daud) nang wektu soren lan isuk.

وَالطَّيْرَمَحْشُوْرَةً ۗ كُلٌّ لَّهٗٓ اَوَّابٌ١٩
Waṭ-ṭaira maḥsyūrah(tan), kullul lahū awwāb(un).
[19] Lan (isun ndhungklukaken pisan) manuk-manuk ning kahanan kumpul. Kabeh iku padha ta’at nang Gusti Alloh.

وَشَدَدْنَا مُلْكَهٗ وَاٰتَيْنٰهُ الْحِكْمَةَ وَفَصْلَ الْخِطَابِ٢٠
Wa syadadnā mulkahū wa ātaināhul-ḥikmata wa faṣlal-khiṭāb(i).
[20] Lan isun kuwataken kerajaane lan isun uweni nang iyane (Daud) hikmah 781 Lan Wicaksana ngatasi eker ekeran perkara.
781) Hang dimaksud Hikmah ning kene yaiku kenabian, kesempurnaan ilmu lan ketelitian amal

۞ وَهَلْ اَتٰىكَ نَبَؤُا الْخَصْمِۘ اِذْ تَسَوَّرُوا الْمِحْرَابَۙ٢١
Wa hal atāka naba'ul-khaṣm(i), iż tasawwarul-miḥrāb(a).
[21] Lan Apa wes gadug nang rika berita wong wong hang eker ekeran saat wong wong iku menek pager.?

اِذْ دَخَلُوْا عَلٰى دَاوٗدَ فَفَزِعَ مِنْهُمْ قَالُوْا لَا تَخَفْۚ خَصْمٰنِ بَغٰى بَعْضُنَا عَلٰى بَعْضٍ فَاحْكُمْ بَيْنَنَا بِالْحَقِّ وَلَا تُشْطِطْ وَاهْدِنَآ اِلٰى سَوَاۤءِ الصِّرَاطِ٢٢
Iż dakhalū ‘alā dāwūda fafazi‘a minhum qālū lā takhaf, khaṣmāni bagā ba‘ḍunā ‘alā ba‘ḍin faḥkum bainanā bil-ḥaqqi wa lā tusyṭiṭ wahdinā ilā sawā'iṣ-ṣirāṭ(i).
[22] wektu wong-wong iku melebu (nemui) Dawud, terus iyane kaget kerana (ketekanan) wong wong iku. Wong-wong iku ngomong: “Rika aja wedi !” (isun) yaiku wong loro hang eker ekeran, hang salah siji teka isun iki gawe dolim nang sijine, mangka putusna hukum hang adil antaranisun, lan aja sampek rika nyeliwah teka kebenaran, lan dhudhuhna isun nang dalan hang kenceng

اِنَّ هٰذَآ اَخِيْ ۗ لَهٗ تِسْعٌ وَّتِسْعُوْنَ نَعْجَةً وَّلِيَ نَعْجَةٌ وَّاحِدَةٌ ۗفَقَالَ اَكْفِلْنِيْهَا وَعَزَّنِيْ فِى الْخِطَابِ٢٣
Inna hāżā akhī, lahū tis‘uw wa tis‘ūna na‘jataw wa liya na‘jatuw wāḥidah(tun), faqāla aqfilnīhā wa ‘azzanī fil-khiṭāb(i).
[23] Setemene dulur isun iki duwe sangang puluh sanga ekor wedus babon, lan isun duwe wedus siji bain, mangka iyane ngomong: serahna wedus sira iku nang isun, lan iyane iku ngalahaken isun nang talar-talaran.

قَالَ لَقَدْ ظَلَمَكَ بِسُؤَالِ نَعْجَتِكَ اِلٰى نِعَاجِهٖۗ وَاِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ الْخُلَطَاۤءِ لَيَبْغِيْ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَقَلِيْلٌ مَّا هُمْۗ وَظَنَّ دَاوٗدُ اَنَّمَا فَتَنّٰهُ فَاسْتَغْفَرَ رَبَّهٗ وَخَرَّ رَاكِعًا وَّاَنَابَ ۩٢٤
Qāla laqad ẓalamaka bisu'āli na‘jatika ilā ni‘ājih(ī), wa inna kaṡīram minal-khulaṭā'i layabgī ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍin illal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa qalīlum mā hum, wa ẓanna dāwūdu annamā fatannāhu fastagfara rabbahū wa kharra rāki‘aw wa anāb(a).
[24] Nabi Dawud ngomong: setemene iyane wes ngelakoni dolim nang rika yaiku ngerebut wedus rika iku, kanggo ditambahaken nang wedus iyane, lan setemene akeh akehe teka wong wong hang sekongkolan iku separone wong wong iku gawe dolim nang separo liyane, kejaba wong-wong hang iman lan ngelakoni amal soleh. Lan mong sithik wong wong hang ngelakoni kaya iku. Lan Dawud ngira setemene Gusti Alloh nguji nang iyane, mangkane iyane njaluk sepuro nang Pengerane terus njungkel sujud lan tobat.

فَغَفَرْنَا لَهٗ ذٰلِكَۗ وَاِنَّ لَهٗ عِنْدَنَا لَزُلْفٰى وَحُسْنَ مَاٰبٍ٢٥
Fa gafarnā lahū żālik(a), wa inna lahū ‘indanā lazulfā wa ḥusna ma'āb(in).
[25] Mangka isun nyepuro kanggo keluputane iku, lan setemene deweke duweni panggonan hang parek temenan nang sisi isun lan panggonan balek hang apik.

يٰدَاوٗدُ اِنَّا جَعَلْنٰكَ خَلِيْفَةً فِى الْاَرْضِ فَاحْكُمْ بَيْنَ النَّاسِ بِالْحَقِّ وَلَا تَتَّبِعِ الْهَوٰى فَيُضِلَّكَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ يَضِلُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ ۢبِمَا نَسُوْا يَوْمَ الْحِسَابِ ࣖ٢٦
Yā dāwūdu innā ja‘alnāka khalīfatan fil-arḍi faḥkum bainan nāsi bil-ḥaqqi wa lā tattabi‘il-hawā fa yuḍillaka ‘an sabīlillāh(i), innal-lażīna yaḍillūna ‘an sabīlillāhi lahum ‘ażābun syadīdum bimā nasū yaumal-ḥisāb(i).
[26] He Dawud setemene isun dadikaken rika kholifa (raja) reng bumi iki, mangka iku putusna (perkara) antara menungsa hang bener. Lan aja sira nuruti hawa nafsu, kerana iku arep nyesataken rika teka dalane Gusti Alloh. setemene wong-wong hang kesasar-sasar teka dalane Gusti Alloh iku arep oleh seksa hang abot. kerana wong wong iku ngelalekaken dina Peritungan.

وَمَا خَلَقْنَا السَّمَاۤءَ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا بَاطِلًا ۗذٰلِكَ ظَنُّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنَ النَّارِۗ٢٧
Wa mā khalaqnas-samā'a wal-arḍa wa mā bainahumā bāṭilā(n), żālika ẓannul-lażīna kafarū, fawailul lil-lażīna kafarū minan-nār(i).
[27] Lan isun seng ndadekaken langit lan bumi lan paren baen hang ana antarane karone tanpa hikmah. Hang gedigu iku anggepane wong wong kafir, mangka iku cilaka wong-wong kafir iku kerana wong wong iku arep melebu neraka.

اَمْ نَجْعَلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ كَالْمُفْسِدِيْنَ فِى الْاَرْضِۖ اَمْ نَجْعَلُ الْمُتَّقِيْنَ كَالْفُجَّارِ٢٨
Am naj‘alul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti kal-mufsidīna fil-arḍ(i), am naj‘alul-muttaqīna kal-fujjār(i).
[28] Apa pantes tah isun nganggep wong wong hang iman lan ngelakoni amal soleh iku pada kambi wong wong hang gawe kerusakan reng bumi? Apa ya pantes isun nganggep wong-wong hang taqwa padha ambi wong-wong hang ngelakoni maksiat.

كِتٰبٌ اَنْزَلْنٰهُ اِلَيْكَ مُبٰرَكٌ لِّيَدَّبَّرُوْٓا اٰيٰتِهٖ وَلِيَتَذَكَّرَ اُولُوا الْاَلْبَابِ٢٩
Kitābun anzalnāhu ilaika mubārakul liyaddabbarū āyātihī wa liyatażakkara ulul-albāb(i).
[29] Yaiku siji Kitab hang isun dunaken nang rika, kebek ambi berkah, myakne wong-wong iku ngangen-ngangen isine ayat-ayate lan myakne oleh pelajaran wong wong hang duwe pikiran.

وَوَهَبْنَا لِدَاوٗدَ سُلَيْمٰنَۗ نِعْمَ الْعَبْدُ ۗاِنَّهٗٓ اَوَّابٌۗ٣٠
Wa wahabnā lidāwūda wa sulaimān(a), ni‘mal-‘abd(u), innahū awwāb(un).
[30] Lan wes isun uweni anugrah nang Dawud, Sulaiman yaiku sak api-apike batur. setemene deweke iku sanget taat (nang Pengerane).

اِذْ عُرِضَ عَلَيْهِ بِالْعَشِيِّ الصّٰفِنٰتُ الْجِيَادُۙ٣١
Iż ‘uriḍa ‘alaihi bil-‘asyiyyiṣ-ṣāfinātul-jiyād(u).
[31] (Engeto) !! nalika didhudhuhaken nang iyane jaran-jaran hang tenang reng wektu mandeg lan cepet wektu melayu reng wektu sore.

فَقَالَ اِنِّيْٓ اَحْبَبْتُ حُبَّ الْخَيْرِ عَنْ ذِكْرِ رَبِّيْۚ حَتّٰى تَوَارَتْ بِالْحِجَابِۗ٣٢
Fa qāla innī aḥbabtu ḥubbal-khairi ‘an żikri rabbī, ḥattā tawārat bil-ḥijāb(i).
[32] Mangka iyane ngomong: setemene isun demen kesenengan nang barang hang apik (jaran), hingga isun kethungkul ngenget Pengeranisun sampek jaran iku ilang teka pendeleng.

رُدُّوْهَا عَلَيَّ ۚفَطَفِقَ مَسْحًا ۢبِالسُّوْقِ وَالْاَعْنَاقِ٣٣
Ruddūhā ‘alayy(a), faṭafiqa masḥam bis-sūqi wal-a‘nāq(i).
[33] gawanen kabeh jaran-jaran iku balek nang isun, terus deweke nugel sikile lan gulune jaran iku.

وَلَقَدْ فَتَنَّا سُلَيْمٰنَ وَاَلْقَيْنَا عَلٰى كُرْسِيِّهٖ جَسَدًا ثُمَّ اَنَابَ٣٤
Wa laqad fatannā sulaimāna wa alqainā ‘alā kursiyyihī jasadan ṡumma anāb(a).
[34] Lan setemene isun wes nyuba nang Sulaiman lan isun uncalaken deweke nang kursine kaya awak hang lemes kerana lara, terus deweke iku tobat 782 .
782) Separo ahli Tafsir ngomong setemene hang dimaksud ujian yaiku keberantakan kerajaane Sulaiman hingga wong liya lungguh reng duwur singasanane

قَالَ رَبِّ اغْفِرْ لِيْ وَهَبْ لِيْ مُلْكًا لَّا يَنْۢبَغِيْ لِاَحَدٍ مِّنْۢ بَعْدِيْۚ اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ٣٥
Qāla rabbigfir lī wa hab lī mulkal lā yambagī li'aḥadim mim ba‘dī, innaka antal-wahhāb(u).
[35] iyane ngomong: “duh Pengeran kula sepuranen kula, lan wenehana kula kerajaan hang mboten digadani tiyang liya sinten mawon sakwise kulo. Setemene ndika hang Maha nguweni.

فَسَخَّرْنَا لَهُ الرِّيْحَ تَجْرِيْ بِاَمْرِهٖ رُخَاۤءً حَيْثُ اَصَابَۙ٣٦
Fasakhkharnā lahur-rīḥa tajrī bi'amrihī rukhā'an ḥaiṡu aṣāb(a).
[36] Terus isun ndhungklukaken nang iyane angin hang semilir apik hang nurut nang endi bain paren jare hang dikarepaken.

وَالشَّيٰطِيْنَ كُلَّ بَنَّاۤءٍ وَّغَوَّاصٍۙ٣٧
Wasy-syayāṭīna kulla bannā'iw wa gawwāṣ(in).
[37] Lan (isun ndhungklukaken pisan nang iyane), syetan-syetan kabeh ahli bangunan lan ahli nyilem.

وَّاٰخَرِيْنَ مُقَرَّنِيْنَ فِى الْاَصْفَادِ٣٨
Wa ākharīna muqarranīna fil-aṣfād(i).
[38] Lan syetan hang liya hang terikat njerone belenggu.

هٰذَا عَطَاۤؤُنَا فَامْنُنْ اَوْ اَمْسِكْ بِغَيْرِ حِسَابٍ٣٩
Hāżā ‘aṭā'unā famnun au amsik bigairi ḥisāb(in).
[39] Iki anugrah isun, mangka iku uwekna (nang wong liya) utawa empeten (kanggo dewek rika) tanpa perhitungan.

وَاِنَّ لَهٗ عِنْدَنَا لَزُلْفٰى وَحُسْنَ مَاٰبٍ ࣖ٤٠
Wa inna lahū ‘indanā lazulfā wa ḥusna ma'āb(in).
[40] Lan setemene iyane duwe pangkat hang parek nang sisi isun lan panggonan moleh hang apik.

وَاذْكُرْ عَبْدَنَآ اَيُّوْبَۘ اِذْ نَادٰى رَبَّهٗٓ اَنِّيْ مَسَّنِيَ الشَّيْطٰنُ بِنُصْبٍ وَّعَذَابٍۗ٤١
Ważkur ‘abdanā ayyūb(a), iż nādā rabbahū annī massaniyasy-syaiṭānu binuṣbiw wa ‘ażāb(in).
[41] Lan engeto ambi batur isun Ayyub nalika iyane nyeluk nang Pengerane “setemene kulo diganggu syetan kambi kepayahan lan seksoan.

اُرْكُضْ بِرِجْلِكَۚ هٰذَا مُغْتَسَلٌۢ بَارِدٌ وَّشَرَابٌ٤٢
Urkuḍ birijlik(a), hāżā mugtasalum bāriduw wa syarāb(un).
[42] (Gusti Alloh Dawuh): antemna sikilira! iki banyu hang adem kanggo adus lan ngombe.

وَوَهَبْنَا لَهٗٓ اَهْلَهٗ وَمِثْلَهُمْ مَّعَهُمْ رَحْمَةً مِّنَّا وَذِكْرٰى لِاُولِى الْاَلْبَابِ٤٣
Wa wahabnā lahū ahlahū wa miṡlahum ma‘ahum raḥmatam minnā wa żikrā li'ulil-albāb(i).
[43] Lan isun anugrahi iyane (kambi ngumpulaken balek) keluargane lan (isun tambahaken) nang wong wong iku sak akehe wong wong iku pisan minangka rahmat teka isun lan pelajaran kanggo wong wong hang nduweni pikiran.

وَخُذْ بِيَدِكَ ضِغْثًا فَاضْرِبْ بِّهٖ وَلَا تَحْنَثْ ۗاِنَّا وَجَدْنٰهُ صَابِرًا ۗنِعْمَ الْعَبْدُ ۗاِنَّهٗٓ اَوَّابٌ٤٤
Wa khuż biyadika ḍigṡan faḍrib bihī wa lā taḥnaṡ, innā wajadnāhu ṣābirā(n), ni‘mal-‘abd(u), innahū awwāb(un).
[44] Lan juwuten nganggo tanganira sak iket (suket ), mangka antemen nganggo iku lan aja sira nulayani sampah, setemene isun nemu iyane (Ayyub) siji wong hang sabar, iyane iki sak apik-apike batur, setemene iyane sanget taat (nang Pengerane) 783 .
783) Nabi Ayyub as lara penyakit kulit pirang pirang wektu suwine lan iyane njaluk pitulungan nang Gusti Alloh swt. Gusti Alloh terus ngabulaken penjaluke lan merintah supaya iyane ngantemaken sikile nang bumi. Ayyub patuh nang perintahe pengerane mangka metu banyu teka bekas sikile minangka pituduhe Gusti Alloh. Ayyub ados lan ngombe teka banyu iku, hingga mari iyane teka penyakite, lan iyane bisa kumpul balek nang keluargane.mangka wong wong iku terus berekembang biak sampek jumlah wong wong iku rong tikelan teka jumlah sedurunge. Reng siji mangsa Ayyuba enget kambi sumpahe, setemene iyane arep ngantem rayate nalika larane mari disebabaken rayate pernai sembrana ngurusi iyane wektu iyane mageh lara. Taping muncul ning atine rasa iba lan welas nang rayate, hingga iyane heng oleh ngelakoni sumpahe. Mangka mudun perintah Gusti Alloh kaya hang ana ning ayat 44. Supaya iyane bisa ngelaksanakaken sumpahe kambi heng ngelarani rayate yaiku ngantem kambi seiket suket.

وَاذْكُرْ عِبٰدَنَآ اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ اُولِى الْاَيْدِيْ وَالْاَبْصَارِ٤٥
Ważkur ‘ibādanā ibrāhīma wa isḥāqa wa ya‘qūba ulil-aidī wal-abṣār(i).
[45] Lan engeto para batur isun, Ibrahom, Ishaq lan Ya’kub hang nduweni penggawean penggawean hang gedhe lan ilmu ilmu hang duwur.

اِنَّآ اَخْلَصْنٰهُمْ بِخَالِصَةٍ ذِكْرَى الدَّارِۚ٤٦
Innā akhlaṣnāhum bikhāliṣatin żikrad-dār(i).
[46] Setemene isun wes nyuciaken wong-wong iku ambi (nganugrahaken nang wong wong iku) akhlak hang duwur yaiku selalu ngelingaken (menungsa) nang negeri Akherat.

وَاِنَّهُمْ عِنْدَنَا لَمِنَ الْمُصْطَفَيْنَ الْاَخْيَارِۗ٤٧
Wa innahum ‘indanā laminal-muṣṭafainal-akhyār(i).
[47] Lan setemene wong-wong iku reng sisi isun bener bener kelebu wong-wong pilihan hang paling apik.

وَاذْكُرْ اِسْمٰعِيْلَ وَالْيَسَعَ وَذَا الْكِفْلِ ۗوَكُلٌّ مِّنَ الْاَخْيَارِۗ٤٨
Ważkur ismā‘īla wal-yasa‘a wa żal-kifl(i), wa kullum minal-akhyār(i).
[48] Lan engeto nang Ismail, Ilyasa’, Zulkifli kabeh-kabeh iku kelebu wong wong hang paling apik.

هٰذَا ذِكْرٌ ۗوَاِنَّ لِلْمُتَّقِيْنَ لَحُسْنَ مَاٰبٍۙ٤٩
Hāżā żikr(un), wa inna lil-muttaqīna laḥusna ma'āb(in).
[49] Iki yaiku kehormatan (kanggo wong-wong iku) lan setemene kanggo wong wong hang taqwa bener bener (disediani) panggonan balek hang apik.

جَنّٰتِ عَدْنٍ مُّفَتَّحَةً لَّهُمُ الْاَبْوَابُۚ٥٠
Jannāti ‘adnim mufattaḥatal lahumul-abwāb(u).
[50] (Yaiku) suwarga `Aden hang lawang-lawange kebuka kanggo wong hang iku.

مُتَّكِـِٕيْنَ فِيْهَا يَدْعُوْنَ فِيْهَا بِفَاكِهَةٍ كَثِيْرَةٍ وَّشَرَابٍ٥١
Muttaki'īna fīhā yad‘ūna fīhā bifākihatin kaṡīratiw wa syarāb(in).
[51] Reng jerone, wong-wong iku semendhe (nduwure pelanca pelanca) ambi njaluk woh-wohan hang akeh lan umbenan reng suwarga iku.

۞ وَعِنْدَهُمْ قٰصِرٰتُ الطَّرْفِ اَتْرَابٌ٥٢
Wa ‘indahum qāṣirātuṭ-ṭarfi atrāb(un).
[52] Lan reng sisi wong-wong iku (ana widadari widadari) hang pendelenge heng liar lan sak pantaran umure.

هٰذَا مَا تُوْعَدُوْنَ لِيَوْمِ الْحِسَابِ٥٣
Hāżā mā tū‘adūna liyaumil-ḥisāb(i).
[53] Iki paran hang dijanjiaken nang sira reng dina peritungan.

اِنَّ هٰذَا لَرِزْقُنَا مَا لَهٗ مِنْ نَّفَادٍۚ٥٤
Ina hāżā larizqunā mā lahū min nafād(in).
[54] setemene iki bener-bener rizeki teka isun hang heng ana entek-enteke.

هٰذَا ۗوَاِنَّ لِلطّٰغِيْنَ لَشَرَّ مَاٰبٍۙ٥٥
Hāżā, wa inna liṭ-ṭāgīna lasyarra ma'āb(in).
[55] Gedigi iki (anane wong wong iku) lan setemene kanggo wong-wong hang duraka, bener bener ( disediani) panggonan moleh hang elek

جَهَنَّمَۚ يَصْلَوْنَهَاۚ فَبِئْسَ الْمِهَادُ٥٦
Jahannam(a), yaṣlaunahā, fabi'sal-mihād(u).
[56] (Yaiku) neraka jahanam, hang wong-wong iku melebu nang jerone, mangka amat elek jahannam iku minangka pangonan manggon.

هٰذَاۙ فَلْيَذُوْقُوْهُ حَمِيْمٌ وَّغَسَّاقٌۙ٥٧
Hāżā, falyażūqūhu ḥamīmuw wa gassāq(un).
[57] Iki (Siksa neraka), myakne wes wong wong iku ngrasakna (ombenane wong wong iku) banyu hang kari panas lan banyu kari adem.

وَّاٰخَرُ مِنْ شَكْلِهٖٓ اَزْوَاجٌۗ٥٨
Wa ākharu min syaklihī azwāj(un).
[58] Lan seksa hang liya hang padha iku macem macem.

هٰذَا فَوْجٌ مُّقْتَحِمٌ مَّعَكُمْۚ لَا مَرْحَبًا ۢبِهِمْ ۗ اِنَّهُمْ صَالُوا النَّارِ٥٩
Hāżā faujum muqtaḥimum ma‘akum, lā marḥabam bihim, innahum ṣālun-nār(i).
[59] (diomongaken nang wong wong iku): Iki sewiji rombongan (pengikut pengikut sira) hang melebu eseg esegan bareng bareng sira (nang neraka), (ngomong pengarep pengarep wong wong iku hang duraka) heng ana ucapan “Selamat teka”nang wong wong iku, kerana setemene wong-wong iku melebu neraka.

قَالُوْا بَلْ اَنْتُمْ لَا مَرْحَبًاۢ بِكُمْ ۗ اَنْتُمْ قَدَّمْتُمُوْهُ لَنَاۚ فَبِئْسَ الْقَرَارُ٦٠
Qālū bal antum lā marḥabam bikum, antum qaddamtumūhu lanā, fabi'sal-qarār(u).
[60] Pengikut pengikut wong wong iku njawab : sebenere sira, heng ana ucapan selamat teka kanggo sira , kerana sira hang njerumusaken isun nang njero siksa. Mangka kari elek jahannam iku minongka panggonan manggon .

قَالُوْا رَبَّنَا مَنْ قَدَّمَ لَنَا هٰذَا فَزِدْهُ عَذَابًا ضِعْفًا فِى النَّارِ٦١
Qālū rabbanā man qaddama lanā hāżā fazidhu ‘ażāban ḍi‘fan fin-nār(i).
[61] Wong wong iku ngomong (maning) : he pengeran isun sapa bain hang nyemplungaken isun nang njerone siksa iki, mangka tambahna siksa nang iyane kambi siksa hang tikel-tikelan reng neraka.

وَقَالُوْا مَا لَنَا لَا نَرٰى رِجَالًا كُنَّا نَعُدُّهُمْ مِّنَ الْاَشْرَارِ٦٢
Wa qālū mā lanā lā narā rijālan kunnā na‘udduhum minal-asyrār(i).
[62] Lan (wong-wong duraka) ngomong : Apuwo isun seng ndeleng wong-wong bengen reng dunya) isun anggep minangka wong wong jahat (ina).

اَتَّخَذْنٰهُمْ سِخْرِيًّا اَمْ زَاغَتْ عَنْهُمُ الْاَبْصَارُ٦٣
Attakhażnāhum sikhriyyan am zāgat ‘anhumul-abṣār(u).
[63] Apa isun bengen ndadakaken wong wong iku lok-lokan, utawa karena matane isun heng bisa ndeleng wong wong iku?

اِنَّ ذٰلِكَ لَحَقٌّ تَخَاصُمُ اَهْلِ النَّارِ ࣖ٦٤
Inna żālika laḥaqqun takhāṣumu ahlin-nār(i).
[64] Setemene hang gedigu iku, mesti kedaden, (yaiku) tukaran wong wong ahli neraka.

قُلْ اِنَّمَآ اَنَا۠ مُنْذِرٌ ۖوَّمَا مِنْ اِلٰهٍ اِلَّا اللّٰهُ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ٦٥
Qul innamā ana munżir(un), wa mā min ilāhin illallāhul-wāḥidul-qahhār(u).
[65] Ngomongo (he Muhammad) : Setemene isun mung sijiwong hang nguweni pepenget, pisan pisan seng ana pengeran (hang nduwe hak disembah ) kejaba Gusti Alloh hang Maha Esa lan Maha ngalahaken.

رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا الْعَزِيْزُ الْغَفَّارُ٦٦
Rabbus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumal-‘azīzul-gaffār(u).
[66] Pengeran langit lan bumi lan paran bain hang ana reng antarane karone hang maha perkasa lan Maha ngampuni.

قُلْ هُوَ نَبَؤٌا عَظِيْمٌۙ٦٧
Qul huwa naba'un ‘aẓīm(un).
[67] Ngomongo : berita iku berita hang gedhe.

اَنْتُمْ عَنْهُ مُعْرِضُوْنَ٦٨
Antum ‘anhu mu‘riḍūn(a).
[68] Hang rika mlengos teka nang iyane.

مَا كَانَ لِيَ مِنْ عِلْمٍۢ بِالْمَلَاِ الْاَعْلٰٓى اِذْ يَخْتَصِمُوْنَ٦٩
Mā kāna liya min ‘ilmim bil-mala'il-a‘lā iż yakhtaṣimūn(a).
[69] Isun heng nduwe ilmu babar pisan perkara al mala`ul `al a`la (Malaikat) iku nalika wong-wong iku padha eker ekeran.

اِنْ يُّوْحٰىٓ اِلَيَّ اِلَّآ اَنَّمَآ اَنَا۠ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ٧٠
Iy yūḥā ilayya illā annamā ana nażīrum mubīn(un).
[70] Heng diwahyuaken nang isun, kejaba setemene isun mung dadi wong hang nguweni pepenget hang jelas.

اِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنِّيْ خَالِقٌۢ بَشَرًا مِّنْ طِيْنٍ٧١
Iż qāla rabbuka lil-malā'ikati innī khāliqum basyaram min ṭīn(in).
[71] (engeto) Nalika Pengeranira dawuh nang Malaikat; setemene isun arep ndadikaken menungsa teka lemah.

فَاِذَا سَوَّيْتُهٗ وَنَفَخْتُ فِيْهِ مِنْ رُّوْحِيْ فَقَعُوْا لَهٗ سٰجِدِيْنَ٧٢
Fa'iżā sawwaituhū wa nafakhtu fīhi mir rūḥī faqa‘ū lahū sājidīn(a).
[72] Mangka kadung wes isun sempurnakaken kedadenane lan isun sebulaken nang iyane Ruh (cipta ane ) isun, mangka iku sira kudune ndungkluk sungkur ambi sujud nang iyane (Gusti Alloh).

فَسَجَدَ الْمَلٰۤىِٕكَةُ كُلُّهُمْ اَجْمَعُوْنَۙ٧٣
Fasajadal-malā'ikatu kulluhum ajma‘ūn(a).
[73] Terus kabeh Malaikat iku padha sujud.

اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ اِسْتَكْبَرَ وَكَانَ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ٧٤
Illā iblīs(a), istakbara wa kāna minal-kafirīn(a).
[74] Kejobo mung Iblis, iyane anggak lan iyane kelebu wong wong hang kafir.

قَالَ يٰٓاِبْلِيْسُ مَا مَنَعَكَ اَنْ تَسْجُدَ لِمَا خَلَقْتُ بِيَدَيَّ ۗ اَسْتَكْبَرْتَ اَمْ كُنْتَ مِنَ الْعَالِيْنَ٧٥
Qāla yā iblīsu mā mana‘aka an tasjuda limā khalaqtu biyadayy(a), astakbarta am kunta minal-‘ālīn(a).
[75] Gusti Alloh dawuh; he iblis, paren hang ngalangi sira sujud nang hang wes isun dadeaken ambi tanganisun loro. apa sira tetep anggak utawa sira (rumangsa) kelebu wong wong hang (lebih) duwur?

قَالَ اَنَا۠ خَيْرٌ مِّنْهُ خَلَقْتَنِيْ مِنْ نَّارٍ وَّخَلَقْتَهٗ مِنْ طِيْنٍ٧٦
Qāla ana khairum minhu khalaqtanī min nāriw wa khalaqtahū min ṭīn(in).
[76] Iblis ngomong: isun lebih apik ketimbang iyane, kerana ndika ndadeaken kula dugi geni lan ndika ndadosaken Adam dugi lemah.

قَالَ فَاخْرُجْ مِنْهَا فَاِنَّكَ رَجِيْمٌۖ٧٧
Qāla fakhruj minhā fa'innaka rajīm(un).
[77] Gusti Alloh dawuh: kadung gedigu metuwo sira teka suwarga. Setemene sira iku mahluk hang kebendhu.

وَّاِنَّ عَلَيْكَ لَعْنَتِيْٓ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ٧٨
Wa inna ‘alaika la‘natī ilā yaumid-dīn(i).
[78] Lan setemene bendhu isun tetep kelakon nang sira sampe dina kiamat.

قَالَ رَبِّ فَاَنْظِرْنِيْٓ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ٧٩
Qāla rabbi fa'anẓirnī ilā yaumi yub‘aṡūn(a).
[79] Iblis ngomong; duh Pengeran kulo, ndika tangguhaken kulo sampek dina wong wong iku dibangkitaken.

قَالَ فَاِنَّكَ مِنَ الْمُنْظَرِيْنَۙ٨٠
Qāla fa'innaka minal-munẓarīn(a).
[80] Gusti Alloh dawuh; setemene sira kelebu wong wong hang di uweni penangguhan.

اِلٰى يَوْمِ الْوَقْتِ الْمَعْلُوْمِ٨١
Ilā yaumil-waqtil-ma‘lūm(i).
[81] Sampek nang dina hang wes ditentukaken wektune (dina kiyamat).

قَالَ فَبِعِزَّتِكَ لَاُغْوِيَنَّهُمْ اَجْمَعِيْنَۙ٨٢
Qāla fabi‘izzatika la'ugwiyannahum ajma‘īn(a).
[82] Iblis njawab; demi kekuasaane ndika, kulo ajenge nyasaraken tiang-tiang niku sedaya.

اِلَّا عِبَادَكَ مِنْهُمُ الْمُخْلَصِيْنَ٨٣
Illā ‘ibādaka minhumul-mukhlaṣīn(a).
[83] Kejaba batur batur ndika hang kelebu wong wong mukhlis 784 .
784) Hang dimaksud ambi “mukhlis” yaiku wong wong hang wes diuweni taufiq kanggo matuhi kabeh pituduhe lan perintahe Gusti Alloh swt.

قَالَ فَالْحَقُّۖ وَالْحَقَّ اَقُوْلُۚ٨٤
Qāla fal-ḥaqq(u), wal-ḥaqqa aqūl(u).
[84] Gusti Alloh dawuh “mangka hang bener (yaiku sumpah isun) lan mung hang bener iku bain hang isun ucapaken”.

لَاَمْلَـَٔنَّ جَهَنَّمَ مِنْكَ وَمِمَّنْ تَبِعَكَ مِنْهُمْ اَجْمَعِيْنَ٨٥
La'amla'anna jahannama minka wa mimman tabi‘aka minhum ajma‘īn(a).
[85] Setemene isun mesti arep ngebeki neraka jahanam teka jenis sira lan teka wongwong hang melu nang sira reng antarane wong wong iku kabeh.

قُلْ مَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍ وَّمَآ اَنَا۠ مِنَ الْمُتَكَلِّفِيْنَ٨٦
Qul mā as'alukum ‘alaihi min ajriw wa mā ana minal-mutakallifīn(a).
[86] Ngomongo (he Muhammad) “isun heng arep njaluk upah babar pisan nang rika nang dakwah isun, lan isun dhudhuk kelebu wong wong hang gawe-gawe.

اِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعٰلَمِيْنَ٨٧
In huwa illā żikrul lil-‘ālamīn(a).
[87] Al-Qur’an iki heng ana liya, mung nguweni pepenget kanggo alam kabeh.

وَلَتَعْلَمُنَّ نَبَاَهٗ بَعْدَ حِيْنٍ ࣖ٨٨
Wa lata‘lamunna naba'ahū ba‘da ḥīn(in).
[88] Lan setemene sira arep weruh (kebenerane) berita Al-Qur’an sakwise pirang pirang wektu maning 785 .
785) Kebeneran berita berita Al-Qur’an iku ana hang kedaden nyata reng dunya lan ana pisan hang kedaden nyata reng akhirat. Hang kedaden nyata reng dunya kaya kebeneran janji Gusti Alloh nang wong wong mukmin setemene wong wong iku arep menang reng peperangan ngelawan kaum musyrikin, lan hang kedaden nyata reng akhirat kaya kebenaran janji Alloh perkara walesan utawa peritungan hang arep dilaksanaken nang manugsa