Surah As-Saffat
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالصّٰۤفّٰتِ صَفًّاۙ١
Waṣ-ṣāffāti ṣaffā(n).
[1]
Demi (Rombongan) hang jejer-jejer ambi sebener benere.
فَالزّٰجِرٰتِ زَجْرًاۙ٢
Faz-zājirāti zajrā(n).
[2]
Lan demi (Rombongan) hang ngelarang ambi sebener benere (teka kelakoan kelakoan maksiat ).
فَالتّٰلِيٰتِ ذِكْرًاۙ٣
Fat-tāliyāti żikrā(n).
[3]
Lan demi (Rombongan) hang mocokaken pelajaran
اِنَّ اِلٰهَكُمْ لَوَاحِدٌۗ٤
Inna ilāhakum lawāḥid(un).
[4]
Saktemene pengeran rika bener bener Esa.
رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا وَرَبُّ الْمَشَارِقِۗ٥
Rabbus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā wa rabbul-masyāriq(i).
[5]
Pengerane langit lan bumi lan paran baen hang ana antarane karone lan pengerane panggonan panggonan melecire sergenge.
اِنَّا زَيَّنَّا السَّمَاۤءَ الدُّنْيَا بِزِيْنَةِ ِۨالْكَوَاكِبِۙ٦
Innā zayyannas-samā'ad-dun-yā bizīnatinil-kawākib(i).
[6]
Saktemene isun wes majangi langit hang parek kambi pajangan, Yaiku lintang-lintang.
وَحِفْظًا مِّنْ كُلِّ شَيْطٰنٍ مَّارِدٍۚ٧
Wa ḥifẓam min kulli syaiṭānim mārid(in).
[7]
Lan wes njaga (ambi sebener benere) teka syetan hang dhuraka.
لَا يَسَّمَّعُوْنَ اِلَى الْمَلَاِ الْاَعْلٰى وَيُقْذَفُوْنَ مِنْ كُلِّ جَانِبٍۖ٨
Lā yassammā‘ūna ilal-mala'il-a‘lā wa yuqżafūna min kulli jānib(in).
[8]
Syetan iku heng bisa ngerungok ngrungokaken (omongane) para Malaikat lan wong wong iku dibentuki teka kabeh arah.
دُحُوْرًا وَّلَهُمْ عَذَابٌ وَّاصِبٌ٩
Duḥūraw wa lahum ‘ażābuw wāṣib(un).
[9]
kanggo nguser wong wong iku lan ambi wong wong iku siksa hang langgeng.
اِلَّا مَنْ خَطِفَ الْخَطْفَةَ فَاَتْبَعَهٗ شِهَابٌ ثَاقِبٌ١٠
Illā man khaṭifal-khaṭfata fa'atba‘ahū syihābun ṡāqib(un).
[10]
Taping sapa bain ( antara wong wong iku ) hang nyolong nyolong ( pajar ); mangka iyane dikejar kambi suluh geni hang mumbal-mumbal.
فَاسْتَفْتِهِمْ اَهُمْ اَشَدُّ خَلْقًا اَمْ مَّنْ خَلَقْنَا ۗاِنَّا خَلَقْنٰهُمْ مِّنْ طِيْنٍ لَّازِبٍ١١
Fastaftihim ahum asyaddu khalqan am man khalaqnā, innā khalaqnāhum min ṭīnil lāzib(in).
[11]
Mangka takono nang wong wong iku (musrik Mekkah); “apa iyane hang lebih kuat kedadenane utawa paran 759 hang wes isun dadekaken iku? Saktemene isun wes dadekaken wong-wong iku teka lemah lempung.
759) Maksude : Malaikat, langit, bumi, lan liya liyane
بَلْ عَجِبْتَ وَيَسْخَرُوْنَ ۖ١٢
Bal ‘ajibta wa yaskharūn(a).
[12]
Paran maning, rika dadi heran (nang keingkaran wong wong iku) lan wong wong iku ngina rika.
وَاِذَا ذُكِّرُوْا لَا يَذْكُرُوْنَ ۖ١٣
Wa iżā żukkirū lā yażkurūn(a).
[13]
Lan kadung wong wong iku diuweni pelajaran mangka wong wong iku heng gelem ngengetaken.
وَاِذَا رَاَوْا اٰيَةً يَّسْتَسْخِرُوْنَۖ١٤
Wa iżā ra'au āyatay yastaskhirūn(a).
[14]
Lan kadung wong wong iku ndeleng sijine tanda kuasane Gusti Alloh, wong wong iku kari nginoaken.
وَقَالُوْٓا اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ ۚ١٥
Wa qālū in hāżā illā siḥrum mubīn(un).
[15]
Lan wong wong iku ngomong “iki heng ana liya kejaba mung sihir hang nyata.
ءَاِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَّعِظَامًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَۙ١٦
A'iżā mitnā wa kunnā turābaw wa ‘iẓāman a'innā lamab‘ūṡūn(a).
[16]
apa kadung isun wes mati lan wes dadi lemah serta dadi rongkong, apa bener bener isun arep ditangekaken (maneng)?
اَوَاٰبَاۤؤُنَا الْاَوَّلُوْنَۗ١٧
Awa ābā'unal-awwalūn(a).
[17]
Lan apa bapak-bapak isun hang luweh solong arep ditangekaken pisan?
قُلْ نَعَمْ وَاَنْتُمْ دٰخِرُوْنَۚ١٨
Qul na‘am wa antum dākhirūn(a).
[18]
Ngomongo: “ya” rika arep dadi ina
فَاِنَّمَا هِيَ زَجْرَةٌ وَّاحِدَةٌ فَاِذَا هُمْ يَنْظُرُوْنَ١٩
Fa'innamā hiya zajratuw wāḥidatun fa'iżā hum yanẓurūn(a).
[19]
Mangka saktemene tangi teka kuburan iku mung sak kaokan : mangka jemedhul wong-wong iku bisa ndeleng.
وَقَالُوْا يٰوَيْلَنَا هٰذَا يَوْمُ الدِّيْنِ٢٠
Wa qālū yā wailanā hāżā yaumud-dīn(i).
[20]
Lan wong-wong iku ngomong; “He celaka isun !” ikilah dina pewalesan.
هٰذَا يَوْمُ الْفَصْلِ الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تُكَذِّبُوْنَ ࣖ٢١
Hāżā yaumul-faṣlil-lażī kuntum bihī tukażżibūn(a).
[21]
Iki dina keputusan 760 hang rika sering nggorohaken 761 .
760) Dina putusan maksude hari Gusti Alloh swt nguweni keputusan lan walesan nang bature
761) Ayat 20 yaiku omong omongan hang ana reng padane wong wong kafir
اُحْشُرُوا الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا وَاَزْوَاجَهُمْ وَمَا كَانُوْا يَعْبُدُوْنَ ۙ٢٢
Uḥsyurul-lażīna ẓalamū wa azwājahum wa mā kānū ya‘budūn(a).
[22]
(Nang Malaikat dikongkon) : ngumpulno wong- wong hang hang dolim ambi kanca kanthet wog wong iku lan sembah sembahan hang selalu wong wong iku sembah.
مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ فَاهْدُوْهُمْ اِلٰى صِرَاطِ الْجَحِيْمِ٢٣
Min dūnillāhi fahdūhum ilā ṣirāṭil-jaḥīm(i).
[23]
Sakliyane Gusti Alloh, mangka dhudhuhno nang wong-wong iku dalan nang neraka.
وَقِفُوْهُمْ اِنَّهُمْ مَّسْـُٔوْلُوْنَ ۙ٢٤
Waqifūhum innahum mas'ūlūn(a).
[24]
Lan tahanen wong-wong iku (nang panggonan mandeg) saktemene wong-wong iku arep ditakoni.
مَا لَكُمْ لَا تَنَاصَرُوْنَ٢٥
Mā lakum lā tanāṣarūn(a).
[25]
“Apuwo rika heng tulung-tulungan ?”
بَلْ هُمُ الْيَوْمَ مُسْتَسْلِمُوْنَ٢٦
Bal humul-yauma mustaslimūn(a).
[26]
Parang maning wong-wong iku, nang dina iku nyerah dewek.
وَاَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ يَّتَسَاۤءَلُوْنَ٢٧
Wa aqbala ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍiy yatasā'alūn(a).
[27]
Separo teka wong-wong iku ngadep nang separo hang liyane ambi bantah-bantahan
قَالُوْٓا اِنَّكُمْ كُنْتُمْ تَأْتُوْنَنَا عَنِ الْيَمِيْنِ٢٨
Qālū innakum kuntum ta'tūnanā ‘anil-yamīn(i).
[28]
Pengikut wong-wong iku ngomong: (nang para pengarep wong wong iku); “saktemene rika hang teka neng isun teka tengen. 762
762) Maksude: Para pengarep iku nekani pengikut-pengikute ambi ngapusi hang biso naleni atin
قَالُوْا بَلْ لَّمْ تَكُوْنُوْا مُؤْمِنِيْنَۚ٢٩
Qālū bal lam takūnū mu'minīn(a).
[29]
Para pengarep wong wong iku njawab: “Saktemene rika hang heng iman”
وَمَا كَانَ لَنَا عَلَيْكُمْ مِّنْ سُلْطٰنٍۚ بَلْ كُنْتُمْ قَوْمًا طٰغِيْنَ٣٠
Wa mā kāna lanā ‘alaikum min sulṭān(in), bal kuntum qauman ṭāgīn(a).
[30]
Lan pisan pisan isun heng kuwasa nang rika, parang maning rika iku kaum hang ngelewati wates.
فَحَقَّ عَلَيْنَا قَوْلُ رَبِّنَآ ۖاِنَّا لَذَاۤىِٕقُوْنَ٣١
Fa ḥaqqa ‘alainā qaulu rabbinā, innā lażā'iqūn(a).
[31]
Mangka mesti putusan (siksa) pengeran isun nimpa nang isun; saktemene isun arep ngerasakaken (seksa iku)
فَاَغْوَيْنٰكُمْ اِنَّا كُنَّا غٰوِيْنَ٣٢
Fa agwainākum innā kunnā gāwīn(a).
[32]
Mangka isun wes njerumusaken riko, saktemene isun yaiku wong-wong hang kesasar.
فَاِنَّهُمْ يَوْمَىِٕذٍ فِى الْعَذَابِ مُشْتَرِكُوْنَ٣٣
Fa innahum yauma'iżin fil-‘ażābi musytarikūn(a).
[33]
Mangka saktemene wong-wong iku nang dina iku pada bareng bareng reng njero siksa.
اِنَّا كَذٰلِكَ نَفْعَلُ بِالْمُجْرِمِيْنَ٣٤
Innā każālika naf‘alu bil-mujrimīn(a).
[34]
Saktemene gediku iku isun ngelakoni nang wong-wong hang ngelakoni jahat
اِنَّهُمْ كَانُوْٓا اِذَا قِيْلَ لَهُمْ لَآ اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ يَسْتَكْبِرُوْنَ ۙ٣٥
Innahum kānū iżā qīla lahum lā ilāha illallāhu yastakbirūn(a).
[35]
Saktemene wong-wong iku bengen kadung diomongaken nang wong wong iku “laailaaha illalloh” (heng ana pengeran hang berhak disembah kejaba mung Gusti Alloh), wong-wong iku nyombongaken dewek.
وَيَقُوْلُوْنَ اَىِٕنَّا لَتَارِكُوْٓا اٰلِهَتِنَا لِشَاعِرٍ مَّجْنُوْنٍ ۗ٣٦
Wa yaqūlūna a'innā latārikū ālihatinā lisyā‘irim majnūn(in).
[36]
Lan wong-wong iku ngomong; “apa saktemene isun kudu ninggalaken sembahan sembahan isun kerana siji penyair edan?”
بَلْ جَاۤءَ بِالْحَقِّ وَصَدَّقَ الْمُرْسَلِيْنَ٣٧
Bal jā'a bil-ḥaqqi wa ṣaddaqal-mursalīn(a).
[37]
Saktemene iyane (Muhammad) wes teka nggawa kebeneran lan mbeneraken rasul-rasul (sedurunge).
اِنَّكُمْ لَذَاۤىِٕقُوا الْعَذَابِ الْاَلِيْمِ ۚ٣٨
Innakum lażā'iqul-‘ażābil-alīm(i).
[38]
Saktemene rika mesti arep ngerasakaken siksa hang ngeres.
وَمَا تُجْزَوْنَ اِلَّا مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَۙ٣٩
Wa mā tujzauna illā mā kuntum ta‘malūn(a).
[39]
Lan rika heng diuweni walesan kejaba nang ke elekan hang wes rika lakoni.
اِلَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ٤٠
Illā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[40]
Taping para bature Gusti Alloh hang dirijigaken (Teka doso).
اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ رِزْقٌ مَّعْلُوْمٌۙ٤١
Ulā'ika lahum rizqum ma‘lūm(un).
[41]
Wong-wong iku oleh rizki hang di tentokaken.
فَوَاكِهُ ۚوَهُمْ مُّكْرَمُوْنَۙ٤٢
Fawākihu wa hum mukramūn(a).
[42]
Yaiku uwoh-owohan, lan wong-wong iku Yaiku wong-wong hang di mulyokaken.
فِيْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِۙ٤٣
Fī jannātin na‘īm(i).
[43]
Ning jerone suwargo-suwargo hang kebek ni’mat.
عَلٰى سُرُرٍ مُّتَقٰبِلِيْنَ٤٤
‘Alā sururim mutaqābilīn(a).
[44]
Nang duwure puri puri kehormatan pada adep-adepan.
يُطَافُ عَلَيْهِمْ بِكَأْسٍ مِّنْ مَّعِيْنٍۢ ۙ٤٥
Yuṭāfu ‘alaihim bika'sim mim ma‘īn(in).
[45]
Diedaraken nang wong-wong iku gelas hang isine khomer teka kalen hang mili.
بَيْضَاۤءَ لَذَّةٍ لِّلشّٰرِبِيْنَۚ٤٦
Baiḍā'a lażżatil lisy-syāribīn(a).
[46]
(Wernane) putih rijik, enak rasane kanggo wong-wong hang ngombe.
لَا فِيْهَا غَوْلٌ وَّلَا هُمْ عَنْهَا يُنْزَفُوْنَ٤٧
Lā fīhā gauluw wa lā hum ‘anhā yunzafūn(a).
[47]
Heng ana nang jerone khomer iku alkhohol lan wog-wong iku heng mabuk mergo khomer.
وَعِنْدَهُمْ قٰصِرٰتُ الطَّرْفِ عِيْنٌ ۙ٤٨
Wa ‘indahum qāṣirātuṭ-ṭarfi ‘īn(un).
[48]
Nang sandinge wong-wong iku ana widodari-widodari heng belingar pendelangane lan apik motone.
كَاَنَّهُنَّ بَيْضٌ مَّكْنُوْنٌ٤٩
Ka'annahum baiḍum maknūn(un).
[49]
Kaya kaya wong-wong iku yaiku endog (manuk unta) hang kesimpen apik.
فَاَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ يَّتَسَاۤءَلُوْنَ٥٠
Fa'aqbala ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍiy yatasā'alūn(a).
[50]
Terus separo wong-wong iku madep nang separo hang liya ambi omong-omongan.
قَالَ قَاۤىِٕلٌ مِّنْهُمْ اِنِّيْ كَانَ لِيْ قَرِيْنٌۙ٥١
Qāla qā'ilum minhum innī kāna lī qarīn(un).
[51]
Salah sijine wong-wong iku ngomong; saktemene isun bengen (nang dunya duweni kanca).
يَّقُوْلُ اَءِنَّكَ لَمِنَ الْمُصَدِّقِيْنَ٥٢
Yaqūlu a'innaka laminal-muṣaddiqīn(a).
[52]
Hang ngomong: “apa rika temenanan kelebu wong-wong hang mbeneraken” (dina jenggirat tangi)
ءَاِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَّعِظَامًا ءَاِنَّا لَمَدِيْنُوْنَ٥٣
A'iżā mitnā wa kunnā turāban a'innā lamadīnūn(a).
[53]
Opo kadung isun wes mati lan isun wes dadi lemah lan rongkong, apa saktemene isun bener bener (arep ditangikaken) kanggo diuweni walesan?
قَالَ هَلْ اَنْتُمْ مُّطَّلِعُوْنَ٥٤
Qāla hal antum muṭṭali‘ūn(a).
[54]
Ngomong pisan iyane iku: “apa rika gelem nyambang (kancane isun iku)”.
فَاطَّلَعَ فَرَاٰهُ فِيْ سَوَاۤءِ الْجَحِيْمِ٥٥
Faṭṭala‘a fa ra'āhu fī sawā'il-jaḥīm(i).
[55]
Mangka iyane nyambangi (Kancane iku), terus iyane ndeleng kancane iku nang tengah-tengahe neraka hang mumbal-mumbal.
قَالَ تَاللّٰهِ اِنْ كِدْتَّ لَتُرْدِيْنِ ۙ٥٦
Qāla tallāhi in kitta laturdīn(i).
[56]
Iyane ngomong (Pisan) : “Demi Gusti Alloh saktemene rika bener bener meh gawe celaka nang isun.
وَلَوْلَا نِعْمَةُ رَبِّيْ لَكُنْتُ مِنَ الْمُحْضَرِيْنَ٥٧
Wa lau lā ni‘matu rabbī lakuntu minal-muḥḍarīn(a).
[57]
Kadung heng kerana nikmat pengeran isun, mesti isun kelebu golongane wong-wong hang di seret (Nang neraka).
اَفَمَا نَحْنُ بِمَيِّتِيْنَۙ٥٨
Afamā naḥnu bimayyitīn(a).
[58]
Mangka apa isun heng arep mati.
اِلَّا مَوْتَتَنَا الْاُوْلٰى وَمَا نَحْنُ بِمُعَذَّبِيْنَ٥٩
Illā mautatunal-ūlā wa mā naḥnu bimu‘ażżabīn(a).
[59]
Kejaba mung matine isun hang pertama bain (neng dunya), lan isun heng arep diseksa (nang akherat iki)
اِنَّ هٰذَا لَهُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ٦٠
Inna hāżā lahuwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[60]
Saktemene iki bener-bener kemenangan hang gede.
لِمِثْلِ هٰذَا فَلْيَعْمَلِ الْعٰمِلُوْنَ٦١
Limiṡli hāżā falya‘malil-‘āmilūn(a).
[61]
kanggo kemenangan hang pada iki kudune ana usaha wong-wong hang megawe.
اَذٰلِكَ خَيْرٌ نُّزُلًا اَمْ شَجَرَةُ الزَّقُّوْمِ٦٢
Ażālika khairun nuzulan am syajaratuz-zaqqūm(i).
[62]
(Panganan suwargo) iku suguhan hang langkung apik Utawa wit zaqqum 763 .
763) Zaqqum yaiku jenis wit hang tumbuh neng neraka
اِنَّا جَعَلْنٰهَا فِتْنَةً لِّلظّٰلِمِيْنَ٦٣
Innā ja‘alnāhā fitnatal liẓ-ẓālimīn(a).
[63]
Saktemen isun dadekaken wit zaqum iku kanggo mingka dadi seksoan kanggo wong-wong hang dlolim
اِنَّهَا شَجَرَةٌ تَخْرُجُ فِيْٓ اَصْلِ الْجَحِيْمِۙ٦٤
Innahā syajaratun takhruju fī aṣlil-jaḥīm(i).
[64]
Saktemene uwet zaqum Yaiku sebatang wit hang metu teka serasab neraka jahim.
طَلْعُهَا كَاَنَّهٗ رُءُوْسُ الشَّيٰطِيْنِ٦٥
Ṭal‘uhā ka'annahū ru'ūsusy-syayāṭīn(i).
[65]
Mayange kaya endase syetan-syetan
فَاِنَّهُمْ لَاٰكِلُوْنَ مِنْهَا فَمَالِـُٔوْنَ مِنْهَا الْبُطُوْنَۗ٦٦
Fa innahum la'ākilūna minhā fa māli'ūna minhal-buṭūn(a).
[66]
Mangka saktemene wong-wong iku bener bener mangan separo uwoh wit iku, Mangka wong-wong iku ngebeki wetenge ambi uwoh Zaqqum iku.
ثُمَّ اِنَّ لَهُمْ عَلَيْهَا لَشَوْبًا مِّنْ حَمِيْمٍۚ٦٧
Ṡumma inna lahum ‘alaihā lasyaubam min ḥamīm(in).
[67]
Terus sakwise mangan uwoh-uwoh Zaqqum iku, mesti wong wong iku oleh ombenan hang campur ambi banyu hang panas.
ثُمَّ اِنَّ مَرْجِعَهُمْ لَاِلَى الْجَحِيْمِ٦٨
Ṡumma inna marji‘ahum la'ilal-jaḥīm(i).
[68]
Terus saktemene panggonan balike wong-wong iku bener bener nang neraka jahim.
اِنَّهُمْ اَلْفَوْا اٰبَاۤءَهُمْ ضَاۤلِّيْنَۙ٦٩
Innahum alfau ābā'ahum ḍāllīn(a).
[69]
Karana Saktemene wong-wong iku nemukaken bapak-bapake nang jerune kesesatan.
فَهُمْ عَلٰٓى اٰثٰرِهِمْ يُهْرَعُوْنَ٧٠
Fahum ‘alā āṡārihim yuhra‘ūn(a).
[70]
Terus wong wong iku kari gancang gancang ngikuti pecake wong-wong tuweke.
وَلَقَدْ ضَلَّ قَبْلَهُمْ اَكْثَرُ الْاَوَّلِيْنَۙ٧١
Wa laqad ḍalla qablahum akṡarul-awwalīn(a).
[71]
Lan saktemene wes kesasar sakdurunge wong wong iku (Quraisy) paling gedhe teka wong-wong hang bengen.
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا فِيْهِمْ مُّنْذِرِيْنَ٧٢
Wa laqad arsalnā fīhim munżirīn(a).
[72]
Lan saktemene wes isun kongkon wong-wong hang aweh pepenget (Rasul-Rasul) nang kalangane wong wong iku
فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُنْذَرِيْنَۙ٧٣
Fanẓur kaifa kāna ‘āqibatul-munżarīn(a).
[73]
Mangka delengen, Kelendi Nasibe wong wong hang di weni pepenget iku.
اِلَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ ࣖ٧٤
Illā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[74]
Kejaba para bature Gusti Alloh Hang wes dirijigaken (Teka Duso heng arep disekso)
وَلَقَدْ نَادٰىنَا نُوْحٌ فَلَنِعْمَ الْمُجِيْبُوْنَۖ٧٥
Wa laqad nādānā nūḥun falani‘mal-mujībūn(a).
[75]
Saktemene Nuh wes ngundang isun; mangka saktemene apik-apike hang nyembadani (Yaiku isun).
وَنَجَّيْنٰهُ وَاَهْلَهٗ مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيْمِۖ٧٦
Wa najjaināhu wa ahlahū minal-karbil-‘aẓīm(i).
[76]
Lan isun wes nyelametaken Nuh lan pengikute teka bencana hang gedhe.
وَجَعَلْنَا ذُرِّيَّتَهٗ هُمُ الْبَاقِيْنَ٧٧
Wa ja‘alnā żurriyyatahū humul-bāqīn(a).
[77]
Lan isun dadikaken anak putune wong-wong hang nerusaken keturunan.
وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِى الْاٰخِرِيْنَ ۖ٧٨
Wa taraknā ‘alaihi fil-ākhirīn(a).
[78]
Lan isun langgengaken kanggo Nuh iku (alem hang apik) nang golongane wong-wong hang teka sakmarine;
سَلٰمٌ عَلٰى نُوْحٍ فِى الْعٰلَمِيْنَ٧٩
Salāmun ‘alā nūḥin fil-‘ālamīn(a).
[79]
“Selamet kanggone Nuh nang sedaya alam”.
اِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ٨٠
Innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[80]
Saktemene gedigu isun nguweni walesan nang wong-wong hang ngelakoni apik.
اِنَّهٗ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِيْنَ٨١
Innahū min ‘ibādinal-mu'minīn(a).
[81]
Saktemene iyane kelebu antarane batur batur isun hang iman.
ثُمَّ اَغْرَقْنَا الْاٰخَرِيْنَ٨٢
Ṡumma agraqnal-ākharīn(a).
[82]
Terus isun ndelepaken wong-wong hang liya.
۞ وَاِنَّ مِنْ شِيْعَتِهٖ لَاِبْرٰهِيْمَ ۘ٨٣
Wa inna min syī‘atihī la'ibrāhīm(a).
[83]
Lan saktemene Ibrohim bener bener kelebu golongane (Nuh) 764 .
764) Maksude: Ibrohim kelebu golongane Nuh a.s nang masalah ke imanan nang Gusti Alloh lan dasar ajaran agomo
اِذْ جَاۤءَ رَبَّهٗ بِقَلْبٍ سَلِيْمٍۙ٨٤
Iż jā'a rabbahū biqalbin salīm(in).
[84]
(Engeto) Nalika iyane teka nang pangerane ambi ati hang suci. 765
765) Maksude: teka nang pengerane” yaiku ngeklasaken atine mung nang Gusti Alloh”.
اِذْ قَالَ لِاَبِيْهِ وَقَوْمِهٖ مَاذَا تَعْبُدُوْنَ ۚ٨٥
Iż qāla li'abīhi wa qaumihī māżā ta‘budūn(a).
[85]
(Engeto) Nalika iyane ngomong nang bapake Lan kaume “Paran hang rika sembah iku”.
اَىِٕفْكًا اٰلِهَةً دُوْنَ اللّٰهِ تُرِيْدُوْنَۗ٨٦
A'ifkan ālihatan dūnallāhi turīdūn(a).
[86]
Apa rika ngarepaken sembahan sembahan sakliyane Gusti Alloh ambi cara ngapusi?
فَمَا ظَنُّكُمْ بِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٨٧
Famā ẓannukum birabbil-‘ālamīn(a).
[87]
Mangka apa anggepan rika nang pengerane sedaya alam.
فَنَظَرَ نَظْرَةً فِى النُّجُوْمِۙ٨٨
Fa naẓara naẓratan fin-nujūm(i).
[88]
Terus iyane ndeleng sak delengan nang lintang lintang iku
فَقَالَ اِنِّيْ سَقِيْمٌ٨٩
Fa qāla innī saqīm(un).
[89]
Terus iyane ngomong “Saktemene isun lara”.
فَتَوَلَّوْا عَنْهُ مُدْبِرِيْنَ٩٠
Fa tawallau ‘anhu mudbirīn(a).
[90]
Terus wong-wong iku pada melengos teka Nabi Ibrohim ambi ngungkuri.
فَرَاغَ اِلٰٓى اٰلِهَتِهِمْ فَقَالَ اَلَا تَأْكُلُوْنَۚ٩١
Farāga ilā ālihatihim faqāla alā ta'kulūn(a).
[91]
Terus iyane nyelindut nang berhala berhala sesembahane; trus iyane ngomong; “Apa rika heng mangan. 766
766) Maksude: Ibrahum ambi omongan iku yaiku ngelokna patung-patung iku karana akeh pangan nang sampinge sesajen
مَا لَكُمْ لَا تَنْطِقُوْنَ٩٢
Mā lakum lā tanṭiqūn(a).
[92]
Apuwa riko seng njawab?
فَرَاغَ عَلَيْهِمْ ضَرْبًا ۢبِالْيَمِيْنِ٩٣
Farāga ‘alaihim ḍarbam bil-yamīn(i).
[93]
Terus diadepi berhala berhala iku ambi di mentungi nganggo tangan kanane (ambi kuat ).
فَاَقْبَلُوْٓا اِلَيْهِ يَزِفُّوْنَ٩٤
Fa aqbalū ilaihi yaziffūn(a).
[94]
Terus kaume marani iyane ambi keposong-posong.
قَالَ اَتَعْبُدُوْنَ مَا تَنْحِتُوْنَۙ٩٥
Qāla ata‘budūna mā tanḥitūn(a).
[95]
Ibrohim ngomong; “Apa rika nyembah nang patung patung hang rika gawe dewek”.
وَاللّٰهُ خَلَقَكُمْ وَمَا تَعْمَلُوْنَ٩٦
Wallāhu khalaqakum wa mā ta‘malūn(a).
[96]
Padahal Gusti Alloh hang dadikaken rika lan paran baen hang rika gawe.
قَالُوا ابْنُوْا لَهٗ بُنْيَانًا فَاَلْقُوْهُ فِى الْجَحِيْمِ٩٧
Qālubnū lahū bun-yānan fa'alqūhu fil-jaḥīm(i).
[97]
Wong-wong pada ngomong: dhegna siji bangunan kanggo (ngobong) Ibrohim: terus uncalna iyane nang jero geni hang mubal-mubal iku
فَاَرَادُوْا بِهٖ كَيْدًا فَجَعَلْنٰهُمُ الْاَسْفَلِيْنَ٩٨
Fa arādū bihī kaidan faja‘alnāhumul-asfalīn(a).
[98]
Wong-wong arep ngelakoni paeka nang Ibrohim, Mangka isun dadekaken wong-wong iku wong hang ina. 767
767) Maksude: Pengeran nggagalaken paeka wong-wong kabeh
وَقَالَ اِنِّيْ ذَاهِبٌ اِلٰى رَبِّيْ سَيَهْدِيْنِ٩٩
Wa qāla innī żāhibun ilā rabbī sayahdīn(i).
[99]
Lan Ibrohim ngomong: saktemene isun menyang ngadep nang pengeran isun, lan pengeran arep nguweni pituduh nang isun. 768
768) Maksude: Ibrahum menyang sijine negara kanggo nyembah nang Gusti Alloh lan dakwah
رَبِّ هَبْ لِيْ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ١٠٠
Rabbi hab lī minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[100]
He Pengeran isun, Mugi weweho rika nang kulo (siji bocah) hang kelebu wong-wong hang sholeh.
فَبَشَّرْنٰهُ بِغُلٰمٍ حَلِيْمٍ١٠١
Fa basysyarnāhu bigulāmin ḥalīm(in).
[101]
Mangka isun nguweni kabar seneng ambi (lahire) iji lare hang kari sabar 769 .
769) Maksude: You Nabi Ism’il a.s
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يٰبُنَيَّ اِنِّيْٓ اَرٰى فِى الْمَنَامِ اَنِّيْٓ اَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرٰىۗ قَالَ يٰٓاَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُۖ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ مِنَ الصّٰبِرِيْنَ١٠٢
Falammā balaga ma‘ahus-sa‘ya qāla yā bunayya innī arā fil-manāmi annī ażbaḥuka fanẓur māżā tarā, qāla yā abatif‘al mā tu'mar(u), satajidunī in syā'allāhu minaṣ-ṣābirīn(a).
[102]
Mangka nalika lare iku nyampe (nang umur sanggup) bisa gawe usaha bareng bareng Ibrohim, Ibrohim ngomong; “Hee anak isun saktemene isun ngimpi arep mbeleh rika, mangka pikiren kelendi penapat rika!” Ismail njawab: “He bapak isun, Lakonono paran hang di perintahna nang rika: Insya Alloh Gusti Alloh arep nemu isun kelebu wong-wong hang sabar”.
فَلَمَّآ اَسْلَمَا وَتَلَّهٗ لِلْجَبِيْنِۚ١٠٣
Falammā aslamā wa tallahū lil-jabīn(i).
[103]
Nalikane karone wes pasrah lan Ibrohim nurukaken anake nduwure pelipise. (Katon kesabarane karone).
وَنَادَيْنٰهُ اَنْ يّٰٓاِبْرٰهِيْمُ ۙ١٠٤
Wa nādaināhu ay yā ibrāhīm(u).
[104]
Lan isun celok Ibrohim! “He Ibrohim”.
قَدْ صَدَّقْتَ الرُّءْيَا ۚاِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١٠٥
Qad ṣaddaqtar-ru'yā, innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[105]
Saktemene rika wes mbeneraken ngimpi iku. 770 Saktemene gedigu iku Isun nguweni walesan nang wong wong hang ngelakoni apik.
770) Hang dimaksud ambi mbeneraken impen yaiku percaya setemene ngimpi iku bener teka Gusti Alloh lan wajib ngelakoni
اِنَّ هٰذَا لَهُوَ الْبَلٰۤؤُا الْمُبِيْنُ١٠٦
Inna hāżā lahuwal-balā'ul-mubīn(u).
[106]
Saktemene iki bener bener ujian hang nyata.
وَفَدَيْنٰهُ بِذِبْحٍ عَظِيْمٍ١٠٧
Wa fadaināhu biżibḥin ‘aẓīm(in).
[107]
Lan isun tebus anak iku ambi sijin belehan hang gedhe. 771
771) Sakwise nyata kesabaran lan ketaatan Nabi Ibrohim a.s lan Ismail as mangka Gusti Alloh ngelarang mebleh Ismail, lan kanggo nerusaken korban, Gusti Alloh ngganti ambi siji belehan (kambing). Peristiwa iki dad dasar disyareataken qurban kang dilaksanakaken nag dina Riyaya haji.
وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِى الْاٰخِرِيْنَ ۖ١٠٨
Wa taraknā ‘alaihi fil-ākhirīn(a).
[108]
Isun langgengaken kanggo Ibrohim iku (aleman hang apik) neng kalangan wong wong hang teko berikute.
سَلٰمٌ عَلٰٓى اِبْرٰهِيْمَ١٠٩
Salāmun ‘alā ibrāhīm(a).
[109]
Yaiku keselametan dilimpahaken nang Ibrohim.
كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١١٠
Każālika najzil-muḥsinīn(a).
[110]
Gedigu iku isun nguweni walesan nang wong-wong hang ngelakoni apik.
اِنَّهٗ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِيْنَ١١١
Innahū min ‘ibādinal-mu'minīn(a).
[111]
Saktemene Ibrohim kelebu batur bature isun hang iman.
وَبَشَّرْنٰهُ بِاِسْحٰقَ نَبِيًّا مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ١١٢
Wa basysyarnāhu bi'isḥāqa nabiyyam minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[112]
Lan isun nguweni weruh hang seneng ambi (lahire) Ishaq dadi nabi lan kelebu wong-wong hang sholeh
وَبٰرَكْنَا عَلَيْهِ وَعَلٰٓى اِسْحٰقَۗ وَمِنْ ذُرِّيَّتِهِمَا مُحْسِنٌ وَّظَالِمٌ لِّنَفْسِهٖ مُبِيْنٌ ࣖ١١٣
Wa bāraknā ‘alaihi wa ‘alā isḥāq(a), wa min żurriyyatihimā muḥsinuw wa ẓālimul linafsihī mubīn(un).
[113]
Lan isun limpahaken keberkahan nang iyane ambi Ishaq lan ning antarane anak putune, ana hang ngelakoni apik lan ana (pisan) hang dzalim nang awake dewek ambi terang-terangan.
وَلَقَدْ مَنَنَّا عَلٰى مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ ۚ١١٤
Wa laqad manannā ‘alā mūsā wa hārūn(a).
[114]
Lan saktemene isun wes ngelimpahaken nikmat nang Musa lan Harun.
وَنَجَّيْنٰهُمَا وَقَوْمَهُمَا مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيْمِۚ١١٥
Wa najjaināhumā wa qaumahumā minal-karbil-‘aẓīm(i).
[115]
Lan isun nyelametaken karone lan kaume pisan teka belahi hang ghedhe
وَنَصَرْنٰهُمْ فَكَانُوْا هُمُ الْغٰلِبِيْنَۚ١١٦
Wa naṣarnāhum fakānū humul-gālibīn(a).
[116]
Lan isun tolong wong wong iku, mangka dadi wong wong hang menang.
وَاٰتَيْنٰهُمَا الْكِتٰبَ الْمُسْتَبِيْنَ ۚ١١٧
Wa ātaināhumal-kitābal-mustabīn(a).
[117]
Lan isun uweni nang karone kitab hang jelas.
وَهَدَيْنٰهُمَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيْمَۚ١١٨
Wa hadaināhumaṣ-ṣirāṭal-mustaqīm(a).
[118]
Lan isun dhudhuhi karone dalan hang kenceng.
وَتَرَكْنَا عَلَيْهِمَا فِى الْاٰخِرِيْنَ ۖ١١٩
Wa taraknā ‘alaihimā fil-ākhirīn(a).
[119]
Lan isun abadikaken kanggo karone (eleman hang apik) kanggo kalangane wong wong hang sakmarine.
سَلٰمٌ عَلٰى مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ١٢٠
Salāmun ‘alā mūsā wa hārūn(a).
[120]
(Yaiku) Selamet dilimpahaken kanggo Musa lan Harun.
اِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١٢١
Innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[121]
Saktemene gedigu iku isun nguweni walesan nang wong-wong hang ngelakoni apik.
اِنَّهُمَا مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِيْنَ١٢٢
Innahumā min ‘ibādinal-mu'minīn(a).
[122]
Lan saktemen karo-karone kelebu golongane batur bature isun hang iman.
وَاِنَّ اِلْيَاسَ لَمِنَ الْمُرْسَلِيْنَۗ١٢٣
Wa inna ilyāsa laminal-mursalīn(a).
[123]
Lan saktemene Ilyas iku bener bener kelebu salah sijine para utusan.
اِذْ قَالَ لِقَوْمِهٖٓ اَلَا تَتَّقُوْنَ١٢٤
Iż qāla liqaumihī alā tattaqūn(a).
[124]
(Engeto) nalika iyane ngomong nang kaume apuwo rika heng Taqwa.
اَتَدْعُوْنَ بَعْلًا وَّتَذَرُوْنَ اَحْسَنَ الْخٰلِقِيْنَۙ١٢٥
Atad‘ūna ba‘law wa tażarūna aḥsanal-khāliqīn(a).
[125]
Apa pantes tah, sira nyembah berhala lan sira tinggalaken se apik apike Dzat hang Maha nyiptakaken.
اللّٰهَ رَبَّكُمْ وَرَبَّ اٰبَاۤىِٕكُمُ الْاَوَّلِيْنَ١٢٦
Allāha rabbakum wa rabba ābā'ikumul-awwalīn(a).
[126]
(Yaiku) gusti Gusti Alloh pengeran rika lan pengeran bapak-bapak rka hang wes nyulungi.
فَكَذَّبُوْهُ فَاِنَّهُمْ لَمُحْضَرُوْنَۙ١٢٧
Fakażżabūhu fa'innahum lamuḥḍarūn(a).
[127]
Mangka wong-wong iku ngapusi. Kerana iku wong-wong iku arep diseret (nang neraka.)
اِلَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ١٢٨
Illā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[128]
Kejaba Mung batur bature Gusti Alloh hang disucikaken (teka dosa).
وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِى الْاٰخِرِيْنَ ۙ١٢٩
Wa taraknā ‘alaihi fil-ākhirīn(a).
[129]
Lan isun abadikaken kanggo Ilyas (Pujian hang apik) kanggo kalangan wong-wong sak burine.
سَلٰمٌ عَلٰٓى اِلْ يَاسِيْنَ١٣٠
Salāmun ‘alā ilyāsīn(a).
[130]
(Yaiku); “keselamatan dilimpahaken kanggo Ilyas”
اِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١٣١
Innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[131]
Saktemene gediku iku isun nguweni Walesan nang wong-wong hang ngelakoni apik.
اِنَّهٗ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِيْنَ١٣٢
Innahū min ‘ibādinal-mu'minīn(a).
[132]
Saktemene iyane iku batur bature isun hang iman.
وَاِنَّ لُوْطًا لَّمِنَ الْمُرْسَلِيْنَۗ١٣٣
Wa inna lūṭal laminal-mursalīn(a).
[133]
Saktemene Luth Iku bener benr kelebu salah sijine para rasul.
اِذْ نَجَّيْنٰهُ وَاَهْلَهٗٓ اَجْمَعِيْنَۙ١٣٤
Iż najjaināhu wa ahlahū ajma‘īn(a).
[134]
(Engeto) nalikane isun nyelametaken iyane lan keluargane (pengikut-pengukute) kabeh.
اِلَّا عَجُوْزًا فِى الْغٰبِرِيْنَ١٣٥
Illā ‘ajūzan fil-gābirīn(a).
[135]
Kejobo siji wong wadon tuwek (rayate hang ono) bareng bareng wong hang tinggal.
ثُمَّ دَمَّرْنَا الْاٰخَرِيْنَ١٣٦
Ṡumma dammarnal-ākharīn(a).
[136]
Terus isun ajuraken wong-wong liya.
وَاِنَّكُمْ لَتَمُرُّوْنَ عَلَيْهِمْ مُّصْبِحِيْنَۙ١٣٧
Wa innakum latamurrūna ‘alaihim muṣbiḥīn(a).
[137]
Lan saktemene isun (he penduduk Mekkah) bener bener arep lewat (bekas-bekas) Wong wong iku nang waktu isuk.
وَبِالَّيْلِۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ ࣖ١٣٨
Wa bil-lail(i), afalā ta‘qilūn(a).
[138]
Lan nang waktu bengi, mangka apa rika heng mikiraken?
وَاِنَّ يُوْنُسَ لَمِنَ الْمُرْسَلِيْنَۗ١٣٩
Wa inna yūnusa laminal-mursalīn(a).
[139]
Saktemene Yunus iku bener bener salah sijine rasul.
اِذْ اَبَقَ اِلَى الْفُلْكِ الْمَشْحُوْنِۙ١٤٠
Iż abaqa ilal-fulkil-masyḥūn(i).
[140]
(engeto) nalika iyane melayu, 772 nang kapal hang kebek momotane.
772) Hang di maksud ambi melayu "yaiku ninggalaken kewajiban"
فَسَاهَمَ فَكَانَ مِنَ الْمُدْحَضِيْنَۚ١٤١
Fa sāhama fakāna minal-mudḥaḍīn(a).
[141]
Terus iyane melu diundi 773 lan iyane kelebu wong-wong hang kalah undian.
773) Undian iku di anakaken kerana momotan kapal kari kebek. kadung heng dikurangi kapal mungkin arep kerem manga dianakaken undian. sapa hang kalah undian diuncalaken nang laut lan nabi Yunus kalah sehingga diucalaken nang laut
فَالْتَقَمَهُ الْحُوْتُ وَهُوَ مُلِيْمٌ١٤٢
Faltaqamahul-ḥūtu wa huwa mulīm(un).
[142]
Terus iyane di untal iwak gedhe keadaan ina. 774
774) Yunus ina kerana melayu sangka kaume
فَلَوْلَآ اَنَّهٗ كَانَ مِنَ الْمُسَبِّحِيْنَ ۙ١٤٣
Falau lā annahū kāna minal-musabbiḥīn(a).
[143]
Mongko kadung sekirane iyane heng kelebu wong-wong hang akeh enget Gusti Alloh.
لَلَبِثَ فِيْ بَطْنِهٖٓ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَۚ١٤٤
Lalabiṡa fī baṭnihī ilā yaumi yub‘aṡūn(a).
[144]
Mestine, iyane arep Manggon nang wetenge iwak iku sampek dina kebangkitan.
۞ فَنَبَذْنٰهُ بِالْعَرَاۤءِ وَهُوَ سَقِيْمٌ ۚ١٤٥
Fa nabażnāhu bil-‘arā'i wa huwa saqīm(un).
[145]
Terus isun uncalaken iyane nang daerah hang tandus, sedeng iyane lara
وَاَنْۢبَتْنَا عَلَيْهِ شَجَرَةً مِّنْ يَّقْطِيْنٍۚ١٤٦
Wa ambatnā ‘alaihi syajaratam miy yaqṭīn(in).
[146]
Lan isun cukulaken kanggo iyane (Yunus) sebatang wit teka jenis labu.
وَاَرْسَلْنٰهُ اِلٰى مِائَةِ اَلْفٍ اَوْ يَزِيْدُوْنَۚ١٤٧
Wa arsalnāhu ilā mi'ati alfin au yazīdūn(a).
[147]
Lan isun utus iyane nang satus ewu wong utawa lebih.
فَاٰمَنُوْا فَمَتَّعْنٰهُمْ اِلٰى حِيْنٍ١٤٨
Fa'āmanū famatta‘nāhum ilā ḥīn(in).
[148]
Terus wong-wong iku iman, karana iku isun nguweni kenikmatan urep nang wong-wong iku tumeka waktu tertentu.
فَاسْتَفْتِهِمْ اَلِرَبِّكَ الْبَنَاتُ وَلَهُمُ الْبَنُوْنَۚ١٤٩
Fastaftihim alirabbikal-banātu wa lahumul-banūn(a).
[149]
Takono (He Muhammad) nang wong-wong iku (wong wong kafir Mekkah) “Apa kanggo pengeran sira anak-anak wadon lan kanggo wong-wong iku anak-anak lanang”. 775
775) Wong musrik ngomong setemene Gusti Alloh duwe anak wadon (malaikat) lan padahal wong wong iku nganggep ino lare lare wadon
اَمْ خَلَقْنَا الْمَلٰۤىِٕكَةَ اِنَاثًا وَّهُمْ شٰهِدُوْنَ١٥٠
Am khalaqnal-malā'ikata ināṡaw wa hum syāhidūn(a).
[150]
Utawa Apa isun dadekaken malaikat-malaikat teka wadon lan wong-wong iku nyaksekaken?
اَلَآ اِنَّهُمْ مِّنْ اِفْكِهِمْ لَيَقُوْلُوْنَۙ١٥١
Alā innahum min ifkihim layaqūlūn(a).
[151]
Weruho Saktemene wong-wong iku ambi kelakoan ngapusi bener bener ngomong.
وَلَدَ اللّٰهُ ۙوَاِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَۙ١٥٢
Waladallāh(u), wa innahum lakāżibūn(a).
[152]
“Gusti Alloh duwe anak “lan saktemene wong-wong iku bener bener wong hang duwe kelakoan ngapusi.
اَصْطَفَى الْبَنَاتِ عَلَى الْبَنِيْنَۗ١٥٣
Aṣṭafal-banāti ‘alal-banīn(a).
[153]
Opo tah Pengeran milih (ngutamaaken) lare-lare wadon ketimbang lare-lare lanang?
مَا لَكُمْۗ كَيْفَ تَحْكُمُوْنَ١٥٤
Mā lakum, kaifa taḥkumūn(a).
[154]
Apa hang dadi nang rika ? kelendi (carane) rika ngukumi.
اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَۚ١٥٥
Afalā tażakkarūn(a).
[155]
Apa riko heng mikiraken?
اَمْ لَكُمْ سُلْطٰنٌ مُّبِيْنٌۙ١٥٦
Am lakum sulṭānum mubīn(un).
[156]
Utawa apa riko duweni bukti hang nyata?
فَأْتُوْا بِكِتٰبِكُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٥٧
Fa'tū bikitābikum in kuntum ṣādiqīn(a).
[157]
Mangka gowonen kitab riko, kadung rika memang wong hang bener.
وَجَعَلُوْا بَيْنَهٗ وَبَيْنَ الْجِنَّةِ نَسَبًا ۗوَلَقَدْ عَلِمَتِ الْجِنَّةُ اِنَّهُمْ لَمُحْضَرُوْنَۙ١٥٨
Wa ja‘alū bainahū wa bainal-jinnati nasabā(n), wa laqad ‘alimatil-jinnatu innahum lamuḥḍarūn(a).
[158]
Lan wong-wong iku nganakaken (Hubungan) nasab antaran Gusti Alloh lan jim.lan saktemene jim weruh yaiku wong-wong iku bener bener arep diseret (nang neroko).
سُبْحٰنَ اللّٰهِ عَمَّا يَصِفُوْنَۙ١٥٩
Subḥānallāhi ‘ammā yaṣifūn(a).
[159]
Maha suci Gusti Alloh teka paran hang wong-wong sifataken.
اِلَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ١٦٠
Illā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[160]
Kejobo batur batur Gusti Alloh 776 hang dirijigi teka (Dosa).
776) Hang di maksud bature Gusti Alloh yaiku golongane jim hang iman
فَاِنَّكُمْ وَمَا تَعْبُدُوْنَۙ١٦١
Fa'innakum wa mā ta‘budūn(a).
[161]
Mangka Saktemene rika lan paran-paran hang rika sembah iku.
مَآ اَنْتُمْ عَلَيْهِ بِفٰتِنِيْنَۙ١٦٢
Mā antum ‘alaihi bifātinīn(a).
[162]
Pisan pisan heng bisa nyesataken (siji wong) nang Gusti Alloh.
اِلَّا مَنْ هُوَ صَالِ الْجَحِيْمِ١٦٣
Illā man huwa ṣālil-jaḥīm(i).
[163]
Kejaba wong wong hang arep melebu neraka hang mumbal-mumbal.
وَمَا مِنَّآ اِلَّا لَهٗ مَقَامٌ مَّعْلُوْمٌۙ١٦٤
Wa mā minnā illā lahū maqāmum ma‘lūm(un).
[164]
Heng ana wong siji babar pisan antara isun (malaikat) kejaba duweni pangkat hang tertentu.
وَّاِنَّا لَنَحْنُ الصَّۤافُّوْنَۖ١٦٥
Wa innā lanaḥnuṣ-ṣāffūn(a).
[165]
Lan saktemene isun bener bener jejer jejer (ngelakoni perintahe Gusti Alloh).
وَاِنَّا لَنَحْنُ الْمُسَبِّحُوْنَ١٦٦
Wa innā lanaḥnul-musabbiḥūn(a).
[166]
Lan saktemene isun bener bener maca tasbih (Nang Gusti Alloh)
وَاِنْ كَانُوْا لَيَقُوْلُوْنَۙ١٦٧
Wa in kānū layaqūlūn(a).
[167]
Saktemene wong wong iku bener bener arep ngomong:
لَوْ اَنَّ عِنْدَنَا ذِكْرًا مِّنَ الْاَوَّلِيْنَۙ١٦٨
Lau anna ‘indanā żikram minal-awwalīn(a).
[168]
“Kadung sekirane ning sisi isun ana siji kitab teka (Kitab-kitab hang wes di dunaken) nang wong-wong bengen”.
لَكُنَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ١٦٩
Lakunnā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[169]
Bener bener isun arep dadi bature Gusti Alloh hang dirijigaken (teka duso).
فَكَفَرُوْا بِهٖۚ فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ١٧٠
Fa kafarū bih(ī), fasaufa ya‘lamūn(a).
[170]
Taping wong-wong iku heng percaya (nang Al-Qur’an) Mangka mbesoke wong-wong iku arep weroh (Akibate).
وَلَقَدْ سَبَقَتْ كَلِمَتُنَا لِعِبَادِنَا الْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٧١
Wa laqad sabaqat kalimatunā li‘ibādinal-mursalīn(a).
[171]
Lan saktemene wes tetap janji isun nang batur batur isun hang dadi rasul.
اِنَّهُمْ لَهُمُ الْمَنْصُوْرُوْنَۖ١٧٢
Innahum lahumul-manṣūrūn(a).
[172]
(Yaiku) saktemen wong-wong iku hang mesti oleh pitulung.
وَاِنَّ جُنْدَنَا لَهُمُ الْغٰلِبُوْنَ١٧٣
Wa inna jundanā lahumul-gālibūn(a).
[173]
Lan saktemene tentarane isun iku hang mesti menang.
فَتَوَلَّ عَنْهُمْ حَتّٰى حِيْنٍۙ١٧٤
Fatawalla ‘anhum ḥattā ḥīn(in).
[174]
Mangka melengosa rika (Muhammad) Teka wong-wong iku sampek siji mangsa
وَّاَبْصِرْهُمْۗ فَسَوْفَ يُبْصِرُوْنَ١٧٥
Wa abṣirhum, fa saufa yubṣirūn(a).
[175]
Lan delengen wong-wong iku, mangka mbesok-mbesoke wong-wong iku arep ndeleng (seksa iku).
اَفَبِعَذَابِنَا يَسْتَعْجِلُوْنَ١٧٦
Afabi‘ażābinā yasta‘jilūn(a).
[176]
Mangka apa wong-wong iku njaluk supaya siksa isun dicepetaken.
فَاِذَا نَزَلَ بِسَاحَتِهِمْ فَسَاۤءَ صَبَاحُ الْمُنْذَرِيْنَ١٧٧
Fa iżā nazala bisāḥatihim fa sā'a ṣabāḥul-munżarīn(a).
[177]
Mangka kadung seksa iku mudun nang pelatarane wong wong iku, mangka kari elek waktu isuk hang dialami kambi wong-wong hang di engetaken.
وَتَوَلَّ عَنْهُمْ حَتّٰى حِيْنٍۙ١٧٨
Wa tawalla ‘anhum ḥattā ḥīn(in).
[178]
Lan melengosa riko teka wong-wong iku sampek siji mangsa.
وَّاَبْصِرْۗ فَسَوْفَ يُبْصِرُوْنَ١٧٩
Wa abṣir, fasaufa yubṣirūn(a).
[179]
Lan delengen, mangka besok wong-wong iku pisan arep ndeleng.
سُبْحٰنَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَۚ١٨٠
Subḥāna rabbika rabbil-‘izzati ‘ammā yaṣifūn(a).
[180]
Maha suci pengeran rika hang duweni dzat hang Maha Perkasa teka paran hang wong-wong iku omongaken.
وَسَلٰمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَۚ١٨١
Wa salāmun ‘alal-mursalīn(a).
[181]
Lan Keselametan dilimpahaken nang para rasul.
وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ١٨٢
Wal-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[182]
Sekabehane puji kanggo Gusti Alloh. Pengeran sekabehane alam.